Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434694
Hari ini     :Hari ini :94
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :160
Bulan ini   :Bulan ini :3323
s/d hari ini   :s/d hari ini :434694
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16a) Kaca 232 – 248

 

( Nyi Randha Sêmbada sakalangkung rêmêning manah angsal tamu Jayèngraga )

2. Nyi Randha Sêmbada sakalangkung rêmêning manah angsal tamu Jayèngraga lan Kulawirya, sakalih-kalihipun bagus rupinipun. Sanalika sang randha kasmaran kapengin ngladosi kalih-kalihipun.

Randha Sêmbada punika sugih sangêt saking padamêlipun gadhe, ngijo lss. Anggènipun dados warandha wiwit ênèm watawis pantêsipun gadhah anak satunggal, nanging botên gadhah anak, wiwit alit kêdhi (botên anggarap-sari). Samangke umuripun sampun satêngah sêpuh, nanging sakalangkung drêmba ing tiyang jalêr. Siang dalu tansah ngawontênakên têtabuhan kalênengan ing griyanipun. Sadaya ingkang sami nabuh, malah sadaya tiyang jalêr ing dhusunipun sampun kacakan nyai randha. Ingkang kinasih kaum nama Duljaya jalaran sagêd suka pamarêm sang warandha, siang dalu tansah andon lulut, racak sabên siyang tiyang tiga, dalu tiyang tiga.

Kulawirya rumaos kabêtah, mila ngladosi nyi randha ing samarêmipun. Ing wêkdal kirang napsu, kabiyantu dening panggalak Biyang Kacêr ingkang tansah siyaga mituruti sadaya dhawuhipun sang nyai. Tumindaking maksiyatan sakalangkung rêsah. Kulawirya kacêkap bêtahipun, angsal pituwas sinjang, dhêsthar, dhuwun lss. Jayèngraga ndhumugèkakên anggènipun gêgêndhingan. Botên kadugi minangkani kajêngipun nyi randha, nanging nuruti napsunipun dhatêng Nyi Kacêr.

Saking sangêting kapenginipun dhatêng Jayèngraga, nyi randha pasaja dhatêng Kulawirya borong pangudinipun waton Jayèngraga purun nglanggati, sadaya kabêtahanipun Kulawirya dipun sagahi. Kulawirya nêrangakên kasênênganipun Jayèngraga botên sanès kajawi gêgêndhingan. Pramila nyi randha lajêng gadhah niyat badhe ngawontênakên tayuban ing dalunipun.


Kaca 232 – 250

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 232

480 Pocung

18.
Kang rong pandum pitrah puniku gumantung |
driyah lan sidhêkah |
dede wajibe ki kali |
yèn pinangan ing pangulu dadi riba ||

19.
yèn ta purun pepeka ingkang rong pandum |
sapêpadhaneka |
dadya suci kang binukti |
yèn pepeka ngalumpuk nandho duraka ||

20.
Langkung gêtun ki pangulu alon matur |
e lah ta punika |
dèrèng tate amara tri |
kula sêngguh kabèh dadya wajib-kula ||

21.
Tan sumurup yèn mawi pinara têlu |
kalal makruh karam |
sumêrêp sawêg samangkin |
kula dèrèng kanthi kitab kang santosa ||

481 Kinanthi

1.
Yata kang samya umêtu |
Jèngraga Kulawiryèki |
Nuripin sih ginujêngan |
baune mring Jayèngragi |
kinèn nêmbung panginêpan |
mring wismane randha sugih ||

2.
Sigra Nuripin lumaku |
Jèngraga nganti nèng kori |
Nuripin praptèng pandhapa |
tunggil lan niyaga linggih |
bibisik wus tinakonan |
ni randha Sêmbada mèksi ||

3.
Ngling tanya marang kang nabuh |
ku sapa rowangmu angling |
niyaga matur ni randha |
wontên utusan priyayi |
nulya kinèn majêng ngarsa |
Nuripin umatur aris ||

4.
Inggih kawula ingutus |
bêndara-kula kêkalih |
tinalètèhkên sadaya |
wit lawan wêkasanèki |
karênan myarsa gamêlan |
kêdah sumipêng ing riki ||

5.
Ni randha Sêmbada muwus |
lah inggih (n)dika aturi |
Nuripin mintar sing ngarsa |
matur mring bêndaranèki |
inggih paduka ngaturan |
lêga tyase Jayèngragi ||

6.
Nulya kairit malêbu |
Jèngraga Kulawiryèki |
nulya prapta ing pandhapa |
gêlaran sampun rinakit |
anèng ing bale watangan |
kang kêlasa alus putih ||

7.
Ni randha duk sirandulu |
marang tamune kêkalih |
kumênyat rêsêp tumingal |
alon dènnya ngancarani |
suwawi dalêm pinarak |
ing riki ing salu pranti ||

Jilid 8 - Kaca : 233

8.
Kang ingancaran alungguh |
ing bale watangan sami |
nêmbrama atur pambagya |
winangsulan sami-sami |
ni randha malih turira |
lah inggih ta ingkang pundi ||

9.
Arinya (n)jêng kyai guru |
ing Wanamarta pinundhi |
kang kalok ing rika-ngrika |
ginuron pra guru sami |
kêkalih pundi kang putra |
Kulawirya anauri ||

10.
Bibi pan inggih puniku |
putrane kakang (n)jêng kyai |
kula punika arinya |
kadang nèm kula wuragil |
sampun kirang pangaksama |
kula nêdya nunukêri ||

11.
Salu prantine sadalu |
ni randha nauri aris |
inggih sumangga kewala |
tan rumaos darbe panti |
yèn sudi tiyang maksiyat |
wontên gèsèhe sakêdhik ||

12.
Ingriki tan ahli kaum |
sami mêmanculan kapti |
royoman para neneman |
sawancine siyang ratri |
sapurune kalênengan |
anggêr maklumipun sami ||

13.
Ki Kulawirya amuwus |
mila wus kasêdya bibi |
Jayèngraga nulya mucang |
saking pamasakanèki |
lopak-lopake lus-lusan |
mas tuwa gilap sinangling ||

14.
Ni randha micarèng kalbu |
yêkti priyayi wong iki |
mendah nong karajanira |
ngalumpuk baguse sigid |
yèn ta kaparênga uga |
nginêpa têkan nêm ratri ||

15.
amuwus mring rewangipun |
mundhuta pawohan anglis |
ni randha malêbèng wisma |
gupuh nunuding angrukti |
prayogining pasugata |
-nira mring tamu priyayi ||

16.
Ni randha manahe wuyung |
marang tamune kêkalih |
tan èngèt lamun wus tuwa |
mêksih lir mêndhère nguni |
nulya ni randha Sêmbada |
ngangge-angge ambêsusi ||

17.
Asinjang cêlari wungu |
kêmbên plangèn têlon asri |
anyar kêmbangan Madura |
gêlung methok rambut thithik |
marêngkêl kadya kêpêlan |
asingsêt linthis lir bithi ||

18.
Kêsusu dènnira pupur |
rinêmbug sok kandêl tipis |
untune wus kèh kang rompang |
nging rambute mêksih langking |
kang malêtuk binubutan |
ngalêsir kari sathithik ||

Jilid 8 - Kaca : 234

19.
Acundhuk taluki wungu |
sinêling argulo putih |
winatês sêkar cêpaka |
akalpika kalih sisih |
konyoh jênar gêgêbêgan |
mêsês lir kênya birai ||

20.
Tilase wong bêrèt bêsus |
tuwa-tuwa mêskih licit |
kang wau dènnira randha |
wanci darbe anak siji |
ing mangkya wus luwas ing rah |
dhasare kêdhi ing nguni ||

21.
Durung wruh rasèng susunu |
mila wèt kulit kalimis |
wusnya dènnira busana |
pasugatan wus rinukti |
nulya ingirid kang nampa |
sugata anjrudêmungi ||

482 Jurudêmung

1.
Sira ni randha Sambada |
mijilkên sugata sêkul |
rampadan kèh ulamipun |
ni randha tata priyangga |
piring mega mêndhung |
sadaya datan salewah |
nèng panjang gêng tumpêngipun ||

2.
Sêduwa bau andhêngklang |
sarwi nata piring ngayun |
sasolahira dol ayu |
Jayèngraga Kulawirya |
kêlangkung ewa andulu |
samya micarèng tyasira |
tan amambu wong wus pikun ||

3.
Polahe salah kêdadyan |
dêstun wong kang nganggo nêbut |
nora pikir angon tuwuh |
wong kaya gogosèk kawak |
ngèwak-èwakkên kalbu |
wong wus gêrang nunjang-nunjang |
lêlewane lir kumêncur ||

4.
Lo prandene angujiwat |
amêmêdeni wong ngantuk |
nora ngon kosok wong iku |
ni randha wus dènnya tata |
umatur mring tamunipun |
kawula saos sugata |
sumapala tiyang gunung ||

5.
Katur sumangga ing karsa |
inggih paduka tuturuh |
kang ingancaran agupuh |
kalihnya awiwijikan |
Ki Kulawirya amuwus |
sêwawi bibi wasisan |
ni randha ature nuwun ||

6.
Adan lêkas samya nadhah |
sêmune sêmada tuwuk |
duk bukti wismèng pangulu |
adêdangon pangêpêlnya |
wus antara dangu tuwuk |
karone samya luwaran |
ambêng cinarik sampun ||

Jilid 8 - Kaca : 235

7.
Linorod marang ing ngandhap |
Nuripin pamanganipun |
arosa nêmên asêngkut |
kadya rong dina tan mangan |
kêpêle gêdhe krêp muluk |
Ki Kulawirya lingira |
dèn-alon yèn sêmpal wangmu ||

8.
Nauri sarwi amangan |
êng tiyang makatên mupung |
wontên rêjêki kang sinung |
bok kajêng sidhêkahira |
ni randha suka gumuyu |
bagus tutugna kang tanak |
Nuripin ngling (ng)gih-(ng)gihipun ||

9.
Kang sêkul sapanjang têlas |
ulame kêdhik kang kantun |
mung kari bêbalungipun |
pan uwis dènnira mangan |
ingundurkên ajangipun |
nulya dhadharan mangarsa |
wowohan simpar gumantung ||

10.
Miwah kang olah-olahan |
asangkêp sumajèng ngayun |
sarya tur sumanggèng kayun |
Jayèngraga Kulawirya |
mangsuli panrimanipun |
lèjême sarwa (n)jêjawat |
winor ngancarani wuwus ||

11.
Ki Kulawirya lingira |
marang niyaga amundhut |
rêbab lawan kêndhangipun |
gupuh ingaturkên ngarsa |
sanak niyaga sadarum |
sintên kang bêcik anggambang |
samya dèn-kaparèng ngayun ||

12.
Agêpah para niyaga |
Jayèngraga nyandhak gupuh |
rêbab sinênggrèng pinagut |
thêng thêng wus olèh nêmira |
sêndhon pathêt sanga bêsus |
jariji gêtêr lir pendah |
cêcak pêthit buntutipun ||

13.
Angikêl ngêlik mring barang |
ngês wilêtê awèh lulut |
nutug lih-ulihanipun |
nulya buka onang-onang |
niyaga nulya biyantu |
Ki Kulawirya angêndhang |
kosèkan banggèn angguguk ||

14.
Rara-ciblon asibêkan |
niyaga kang samya nabuh |
pênabuhe datan asru |
saking gawoke tumingal |
Jèngraga pangrêbabipun |
miwah ing pangêndhangira |
karone apik abêsus ||

15.
Sira ni randha Sêmbada |
rongèh dènnira alungguh |
tambuh-tambuh manahipun |
branta mring têtamunira |
maro paraning ngawuyung |
sêduwa andhangsor gawang |
timpuh uga sila panggung ||

16.
Solahe nora jatmika |
ni randha micarèng kalbu |
dhadhayohku roro iku |
yèn ta datan kalakona |
salah sawiji wor lulut |
baya edan turut dalan |
sokur karo pisan ayun ||

Jilid 8 - Kaca : 236

17.
Mendah lêganing tyas-ingwang |
suka rêna kinarubut |
roro-kongsiya sadalu |
sanadyan têlunga dina |
tinutugna karsanipun |
baguse ingkang angrêbab |
lan bagus kang ngêndhang iku ||

18.
Ragèngong mangsa oncata |
binut ro ing siyang dalu |
mring sang bagus kang mratamu |
sok uga kresaa mring wang |
salulut kalaning dalu |
manira tadhah sumarah |
apa bae kang pinundhut ||

19.
Kariya pinjung ngong têmah |
lae-lae wong abagus |
muga na-a karsanipun |
mêngkono ciptaning nala |
ni randha gung brangta wuyung |
wau kang samya gêndhingan |
wus niba anulya suwuk ||

20.
Ngaturan dhahar dhadharan |
myang niyaga pangananipun |
samya sêsambèn anyamuk |
ni randha malêbèng wisma |
sakêdhap anulya mêtu |
mlêbu mêtu tanpa karya |
kudhandbangan kadya bingung ||

483 Dhandhanggula

1.
Nyai randha tambuh polahnèki |
bêntayangan sangêt brangtanira |
mring kang mrêtamu karone |
ngundang randha-nomipun |
ingkang asring dadya pênangi |
-ning wong ingkang anggarap |
saluluting dalu |
malêndèk sinopak randha |
supayane bancolèng bisa-a tangi |
ngalih mring ni Sêmbada ||

2.
Randha Sêmbada wus karêmnèki |
andêlajah wong lanang nom tuwa |
tan pilih agêng alite |
anggêr kewala purun |
nanging arang ingkang nêdhasi |
yèn tan pancèn acêngan |
cuwa kalihipun |
mila sinopak ing randha |
mudha mêndèr ginarap jinajar guling |
amrih dadya pênggalak ||

3.
yèn tan mangkono tan bisa ngingkig |
êgag sabab dening sarwa bubar |
badan sakojur wus lungse |
tan ana kang kêpupu |
daging-daging têka satêmplik |
kari balung ngalêthak |
kulite ngêlulun |
untune wis kèh kang gigal |
susune lir pêpao kothong anglêmpir |
wus kêjabèng paprêman ||

Jilid 8 - Kaca : 237

4.
Nyai randha Sêmbada ngling aris |
biyang Kacêr priye karêpira |
rasane atiku kiye |
wulangunku mring tamu |
karo pisan pan dadi ati |
sawêngi ki supaya |
bisa-a salulut |
karo kang ngrêbab kang ngêndhang |
nora kêna sinayutan karêp-mami |
muga mêngko bisa-a ||

5.
Kang liningan inggih kados-pundi |
pandugi-kula purun kewala |
pinapanakên kang adèn |
ni randha lon amuwus |
lah tatanên paturon-mami |
wangunên kang prayoga |
ingkang sarwa arum |
kalawan sira dangdana |
kadya sabên mangsa bodhoa sirèki |
mêngko yèn wus diwayah ||

6.
Wusnya ngling ni randha nulya mijil |
marêg lênggah mring bale watangan |
wau kang sami sêsambèn |
Kulawirya amuwus |
owêl nora na kang nyindhèni |
ni randha ngling punapa |
kang paduka dangu |
(ng)gih bibi owêl gêndhingnya |
lamun datan gêndhing ginandhèngan èstri |
tan ulêt wilêtira ||

7.
Nyai randha mèsêm matur aris |
inggih wontên nanging bêbêtahan |
sagêd sindhèn dede ronggêng |
punika tiyangipun |
Biyang Kacêr asring nyindhèni |
sami agogonjakan |
lan kang sami nabuh |
bêrkat asring dalu siyang |
inggih sagêd kêdhik-kêdhik anyindhèni |
kang gampil gêndhingira ||

8.
Kulawirya gumujêng nauri |
inggih bibi lah bok dipun-coba |
Biyang Kacêr kinèn sindhèn |
nyai randha agupuh |
lah ya mêngko yèn muni gêndhing |
kinèn nyindhèni sora |
kang liningan saguh |
Ki Kulawirya ambranyak |
alon muwus payo muni Gambir-sawit |
Jèngraga mèsêm sigra ||

9.
Nyênggrèng ngèk wus pakolih nêmnèki |
nulya asasêndhon pathêt sanga |
anutug lih-ulihane |
lajêng agêndhing talu |
Gambir-sawit raras ngrarangin |
samya pakolihira |
wilête nênabuh |
arêmpêg padha kêrasa |
Biyang Kacêr kumêcêr sindhène ngêlik |
mamêthêt-mêthêt driya ||

10.
Bêning mêrit lir suling wrat sari |
mukêt wilête barungan rêbab |
apupunton ngês manise |
samya angungas bêsus |
lir pênjalin sinigar palih |
swara mot jroning kawat |
rêbab lan sindhen rum |
atungtum lungiding raras |
yatmakaning gêndhing gêndhèng (m)bêlèr ati |
rongèh Ki Kulawirya ||

Jilid 8 - Kaca : 238

11.
Ngêndhang bêsus latah sarwi angling |
nora jamak jare bubutuhan |
de iku mêtu mon-mone |
asor ronggèng kang komuk |
Biyang Kacêr ngêcêr lir cicir |
kang dadi ronggèng tandhak |
mangsa ta kadyèku |
mangkana dènnya kasukan |
rambah-rambah praptèng wanci têngah wêngi |
ni randha lon turira ||

12.
Sang abagus sakaliyan mugi |
sampun dalu prayogi lêlêswan |
nèng jro wisma sakalihe |
Ki Kulawirya muwus |
inggih sangêt panrima-mami |
bibi apalimarma |
prênahing alêsu |
mênawi dugi karipan |
pênêt ngriki kewala kêmit ing jawi |
ngiras myarsa gêndhingan ||

13.
Nyai randha mangsuk wismèng wingking |
Biyang Kacêr kinêjêpan sigra |
tut-wuri marang nyaine |
ni Sêmbada amuwus |
aturana kang tamu kalih |
malêbèng pasareyan |
ro pisan yèn ayun |
ya mangsa bodhowa sira |
yèn tan kêrsa sang ro mung salah sawiji |
poma aja tan ora ||

14.
Ngong nèng gêbêr andhisiki guling |
kang liningan mijil mring pandhapa |
ngaturi ngawirya age |
samya ngaturan masuk |
marang panti munggèng gêbêr mrik |
Kulawirya anabda |
[---] |
anakmas karêpirèki |
Jayèngraga anabda ||

15.
Puniku paman wontên punapi |
dene anggantêr kaya parênjak |
tan na ngêrti kadhuwête |
Ki Kulawirya muwus |
gampangane linakon bêcik |
kaprentah kang ngaomah |
ya payo tinurut |
ala bêcike karuwan |
Jayèngraga mèsêm nauri suwawi |
wong ro gya malbèng wisma ||

16.
Prapta jroning wisma linggih malih |
Kulawirya Biyang Kacêr ngandhap |
Ki Kulawirya wuwuse |
êndi kang ngundang mau |
dene ora katon alinggih |
Biyang Kacêr aturnya |
guguthitanipun |
brangtanira Ni Sêmbada |
datan kêna sinayutan drênging kapti |
yèn pinopo tan kêna ||

Jilid 8 - Kaca : 239

17.
Têmahipun ambeda prakawis |
anyênyangkol ing lampah-paduka |
yèn tan tinêkan kayune |
lamun parênging kalbu |
luhung linampahan prayogi |
pan sampun adatira |
ni randha puniku |
drêmba mring langêning priya |
datan kenging katowangan siyang ratri |
mung anggung gêgêcikan ||

18.
Lamun towong kewala sa-ari |
mèncrèt mêlinding turut bêdidang |
ngêlumpruk tan sagêd (n)jènggèl |
tiyang nèm-nèm puniku |
ingkang sami anabuh gêndhing |
giliran dalu siyang |
kalih tiga tan wun |
nanging inggih sinaludhah |
bêrkatipun tiyang sugih anyukupi |
dunya dadya sarana ||

19.
yèn tan sampun asugih pun nyai |
mangsa wontêna kang purun (ng)garap |
saking lungse sêdayane |
yèn wontên ingkang ambruk |
angêlumpruk têngahing kardi |
sring kula kinèn nyopak |
kang dados panuntun |
yèn sampun kêngkêng malèmbang |
mring ni randha yèn kêndho mring kula malih |
sawanci-wancinira ||

20.
Ririh aturira mring têtamu |
Biyang Kacêr ature bêlaka |
tan riringa carêmête |
Kulawirya gêgêtun |
Jayèngraga sidhakêp sêdhih |
pan dèn guguyu susah |
bisik-bisik muwus |
(ng)gih ta lah man Kulawirya |
ingkang lampah puniki sêmu bilai |
wirangronge ni randha ||

484 Wirangrong

1.
Ki Kulawirya anjondhil |
mèsêm anjêkêtêt (n)joto |
Jèngraga wuwusnya pan puniku |
kula tan kadugi |
lamun anglakonana |
mangsa boronga pun paman ||

2.
Kawula datan kadugi |
dhapure wus kaya bunglon |
dhuh ngong botên mêmpan langkung gigu |
dèn-apakkên mami |
kewala srah gêbugan |
kawula titik ragèngwang ||

Jilid 8 - Kaca : 240

3.
Kula paman nèh alimi |
ing riku dhuh mangsa borong |
kula amit mêdal arsa nabuh |
ngong-têngga nèng jawi |
mung puniku yèn dhangan |
Biyang Kacêr kula-bêkta ||

4.
Mring jawi kinèn nyindhèni |
kula angrêbab kemawon |
payo Cêr mring jaba alon matur |
paduka rumiyin |
Jayèngraga alon mentar |
mring pandhapa agamêlan ||

5.
Mangkana kang nèng wismèki |
Ki Kulawirya andongong |
tyasira dhêg-dhêgan lêngur-lêngur |
Bok Kacêr turnya ris |
sêwawi dèn enggal |
mring tilam rum pamêrêman ||

6.
Kadangon sêlak inganti |
sadaya-daya kalakon |
sira Kulawirya linging kalbu |
biyang priye iki |
yèn ora linakonan |
jarene asring ambeka ||

7.
Tumama mring gêbêr ririh |
Ki Kulawirya (ng)galoso |
ni randha gumregah gupuh-gupuh |
angrangkul tan wigih |
angririntih turira |
dhuh lae gus Kulawirya ||

8.
Mugi wêlasa mring mami |
tyas ngarang sangêt wirangrong |
bok inggiha uga ngong nunuwun |
paringa jêjampi |
tan sagêd nahên brangta |
mugya sung raosing karsa ||

9.
Kapencut rarasing kang sih |
adhuh lae-lae kenthol |
ya karsa-a sakêdhap ing lulut |
mring wong kawlas-asih |
sira Ki Kulawirya |
langkung rikuh manahira ||

10.
Tyase jêg têgêg jêg wigih |
enggal dangu kadho-kadho |
ni randha Sêmbada (ng)guntur muwus |
mring Kulawiryèki |
sarta pamulêtira |
kathah pangrêrêngihira ||

11.
Ki Kulawirya lir èstri |
ginuntur srênggara wirong |
Ki Wirya sêmpêlah jroning kalbu |
mupus dèn-tekadi |
engêt kalularatan |
melik sugihe mring randha ||

12.
Olèha dèn-jajaluki |
arta lan sandhang panganggo |
nulya tinandangan gigu-gigu |
kêburu ing melik |
Kulawirya tumumpang |
amêngkang wok tinrap mapan ||

13.
Anjathok bênêr tan nilip |
ingangsêgakên malendo |
tan tumamèng prana angêlumpruk |
pinêksa tan kenging |
nyai randha wawusira |
Biyang Kacêr priye mana ||

Jilid 8 - Kaca : 241

14.
Byang Kacêr gya marêpêki |
kinèn (n)dandani kang nglèntroh |
agupuh cinandhak kang ngêlelur |
pan ingulig-ulig |
inganggang tinêkêman |
guthule Ki Kulawirya ||

15.
Cinakêpan dèn nêd-nêdi |
kangêtan nulya (m)bêdodong |
kêng-kêng mêdhok mangkas gêng lir gabus |
ambêdhêdhêg gilig |
pinapankên ing wokan |
pinêtêlakên boyoknya ||

16.
Amblês sru panggêlurnèki |
lir ngrogoh lele anèng rong |
ni randha wuwusnya Kacêr uwus |
mêtuwa mring jawi |
kalamun parêng dhangan |
turana gus Jayèngraga ||

17.
Biyang Kacêr sigra mijil |
kang kantun anèng paturon |
ni randha kêpadhan ing alulut |
kêkèjèk malintir |
boyok egol-egolan |
anglawani solahira ||

18.
Arongèh amrih pakolih |
tan gonggang ingadon-adon |
tan kêndhat ni randha dhasar baut |
linukitèng gati |
angingkêt sru mêmadal |
mubêt ngogèk lir kekeyan ||

19.
Ki Kulawirya tan (n)dimpe |
pinolah sêmada gawok |
ciptanirèng driya (ng)guyu-guyu |
sêmada kêdugi |
pinolah mring ni randha |
jinêjêl kadya kêpinjal ||

20.
Dangu dènnira agati |
parêng karone mêngkorog |
kumêsar kalihnya amrêkungkung |
mrêkèngkong kang èstri |
angêsês ngulèt sambat |
dhuh kenthol Ki Kulawirya ||

21.
Ês prèhipun kula niki |
Ki Kulawirya ngêcêcêr |
anggêrêng mirasa ingapagut |
samya limputnèki |
antara dangunira |
wus tuntas wijiling rasa ||

485 Mijil

1.
Aluwaran kang samya aguling |
kalihe kalêson |
Kulawirya maring patirtane |
ni randha Sêmbada anggondhèli |
sarwi ngêdhih-êdhih |
dhuh-dhuh sampun mêtu ||

Jilid 8 - Kaca : 242

2.
Sêrareyan kewala lan mami |
amba tan sagêd doh |
Kulawirya (n)jêgrêg lon wuwuse |
e lah priye mêne kiye iki |
kasukêrên mami |
pupuku gêluprut ||

3.
Dudu-dudu gubrase mratani |
jarit ting dalêmok |
Nyai randha Sêmbada ature |
inggih kewala dipun kêsudi |
ing sinjang kang maksih |
aking karya kêsud ||

4.
Mangsa kiranga sinjang pêsalin |
kang kêbês winasoh |
sarwi ngêsut kang pating dalèwèr |
wêlakange pupu kontholnèki |
kayidan (ng)gêbibir |
mangkêrêd (n)jangkêrut ||

5.
Kinêsudan ing jarit barêsih |
ni randha adhokoh |
kinêsatan miwah guguthule |
ingkang (n)dhêpèl ing rawis wus rêsik |
kalihe wus aking |
kang ngêmbêr kinêsut ||

6.
Kulawirya maksih wuda sarwi |
andhodhok mêkongkong |
anèng kasur wangi ginêmatèn |
nyai randha tansah ngarih-arih |
sarwi ngampil nyamping |
dhêsthar lawan sabuk ||

7.
Nèng pênampan ingaturan aris |
lah punika kenthol |
pundi ingkang kinarsan sinjange |
bathik lurik tuwin ingkang kêling |
pundi kang prayogi |
rêrêmênanipun ||

8.
Sadaya tan ngraos andarbèni |
sumangga kemawon |
mung sok uga nuruti ngong purèh |
srêgêp nggarap kalangêning rêsmi |
tan etang barindhil |
kenthol kula lampu ||

9.
Kulawirya têka anuruti |
tan lêngganèng pakon |
melik marga dening panyrudhahe |
dhasar rada doyanan cak èstri |
gya salin nganyari |
dhêsthar nyamping sabuk ||

10.
Wusnya mèrèt sinawang asigit |
ni randha agupoh |
ngrangkul mring Kulawirya lambunge |
sarwi angrogoh guthul pinidih |
dèn-wêg-wêg nglilinthing |
dhogol sih ngêlelur ||

11.
Ingwêd-uwêd dèn-ambung-ambungi |
asru sengak-sengok |
sarwi niyungakên ing lambunge |
ginêledhagakên jinak guling |
Ki Kulawiryèki |
kewala anurut ||

12.
Dèn-olag-olig badanirèki |
winudan bêlojod |
ngathang-athang (n)jêpapang kakunge |
kang nglêlumpruk ngêlèmprak nglênggirik |
ingulig tan osik |
pan ingêlus-êlus ||

Jilid 8 - Kaca : 243

13.
Sarwi ngundang Biyang Kacêr aris |
kinèn malbèng kobong |
Biyang Kacêr ngêlik maksih sindhèn |
sigra jinawil rowange èstri |
matur mring Jèngragi |
inganthukan mundur ||

14.
Praptèng jroning gêbêr kinèn aglis |
anggêgotho dhogol |
rada cilik nanging kêncêng bae |
Biyang Kacêr angumpak mêmengin |
tur kapara alit |
ginunggung gêngipun ||

15.
Mrih gêmbirane kang anduwèni |
ngalêm ethok-ethok |
sarwi nêkêm crêmêdan (n)drêmèmèl |
mungguh rosane kang gêdhe cilik |
panjang cêndhaknèki |
miwah kang mucuk bung ||

16.
Kaya bandha kang sêmene iki |
njêbolakên bokong |
mendahneya anggiyêr rasane |
baya lir andhêplok rujak-wuni |
yèn lirêgan margi |
lir nyêprot galêpung ||

17.
Dhasar olèh pancèn wonge wasis |
lir lele anèng rong |
iba swarane klukuk-klukuke |
kang inguwêl krugêt-krugêt tangi |
(m)bêdêdêng (n)jêbibir |
mêdhok thothokipun ||

18.
Kulawirya malêngèh ngling aris |
akale mêngkono |
(n)dadak crêmêd ih ngêpenginake |
ni randha Sêmbada anggêligik |
sarwi angambungi |
gunthul manggut-manggut ||

19.
Sarwi angrêrintih ngêdhih-edhih |
adhuh lae kenthol |
wawi malih kenthol enak donne |
ingangsêgagên boyokirèki |
gumlebak nuruti |
tumumpang ing pupu ||

20.
Nyai randha amapan sarya ngling |
Biyang Kacêr kono |
lantaran jaganana kiye |
aja nganggo kêmbên miwah tapih |
wuda-a lir mami |
bèn pengin kentholmu ||

21.
Tinamakkên amblês sru swarèki |
kakothekan gêjog |
dhasar datan binanyu waune |
mila sangêt swabawaning rêsmi |
sinêrêg ing gati |
ni randha anutug ||

22.
Ngêsês-ngêsês ngulèt ngolang-aling |
rêm-rêm melat-melot |
kêtutugan ni randha karêpe |
matur jêngandika sunggar mami |
Ki Kulawirya glis |
mapanakên pupu ||

23.
Dèn-sidhêkusakên ingkang èstri |
dhêngkule pinakol |
cingklêk nyangkol ing sikut karone |
amênthèngkrèng mèndhak gamblang-nèki |
tan rubêd ing titih |
nutug pantogipun ||

Jilid 8 - Kaca : 244

24.
Ngêsak-êsak kang èstri pakolih |
ngêdên bêkah-bêkoh |
sarwi nawang dhogol panggêlure |
Kulawirya suka myating èstri |
Ni Kacêr pinidih |
-pidih susunipun ||

25.
Kêpengine mring Ni Kacêr dening |
mêksih mèntèr anom |
dadya mangkas bangkat sadangune |
sarêng mamprihirèng rasa gati |
ginêlak solahing |
parêng kalihipun ||

26.
Kagèt ngulèt ni randha anjêlih |
saking pyuhing raos |
angrêrêngih kiyêr ngrasakake |
Kulawirya ambêkuh dènnya wis |
gumaledhag guling |
lir kambang tumimbul ||

486 Maskumambang

1.
Aluwaran dènnya pulang untir |
ni randha ris nabda |
lah Biyang Kacêr dèn-aglis |
ngambila toyèng kobokan ||

2.
Kang tinuding tan adangu nulya prapti |
ni randha anyandhak |
dhogol tinuruh ing kêndhi |
kinumbah nglemprak lir lintah ||

3.
Pan kinumbah ing bokor kontholirèki |
nglelur tan (ng)gulawat |
ngalumpruk akolor-kalir |
Ni Kacêr milu anggrayang ||

4.
Dèn-(ng)gang-anggang guthule krasa gumriming |
kangêtaning tangan |
krugêt-krugêt rada tangi |
ni randha mèsêm turira ||

5.
E lah dalah dhuh kenthol nak-lune malih |
dene niji ngajak |
gugulêtan nantang wani |
Ki Kulawirya alatah ||

6.
Ethok-ethok bae manthuk-manthuk wani |
tur mangsa bejosa |
durung têkan lumpuh margi |
lah kiendang pira modar ||

7.
Payo bibi guling kewala ngong arip |
ni randha agêpah |
matur lah inggih suwawi |
nulya sarêng gumaledhag ||

8.
Kêkêp-kinêkêp timpah-tinimpah wêntis |
lajêng samya nendra |
Biyang Kacêr sigra mijil |
saryambêkta pasareyan ||

9.
Tinata ing bale watangan pandhapi |
kang nabuh gamêlan |
sadaya pan sami arip |
ngiras tunggu ing gamêlan ||

Jilid 8 - Kaca : 245

10.
Jayèngraga ngaturan sare ing lêmpir |
sigra sasareyan |
dhêdharan pinire aglis |
pinaringakên santrinnya ||

11.
Ki Nuripin turu ngêkêp panjang piring |
ngringkêl sore mula |
Jêngraga dènnira guling |
alingan ngundhuk ing pandam ||

12.
Biyang Kacêr sigra kinèn amêtêki |
amèpèt nèng dagan |
jêmpol jênthik dèn-jêthuti |
pinangku suku kalihnya ||

13.
Susunya cinêthot jêjêmpol sikil |
kêmbên linukaran |
agêmuh maksih ngatosi |
sukunira Jayèngraga ||

14.
Kang sawiji jinojohakên ing tapih |
praptêng pok wêlakang |
suku sawiji niwêli |
midih-midih payudara ||

15.
Puringisan Biyang Kacêr matur sakit |
kêbês nyunyungira |
lapake sangêt abrangti |
kedanan mring Jayèngraga ||

16.
Biyang Kacêr mêrambat dènnya mijêti |
tan saranta nyandhak |
ing guthul kang lagi mêsi |
dèn-gelo ingogak-ogak ||

17.
Sarwi ngêsês kalangkung dènnya kapengin |
lamun kinarsakna |
mèngkat-mèngkot bokongnèki |
gêmboke kang ginogohan ||

18.
Nyunyung susu dangu dèn-ucêl ing sikil |
Ni Kacêr lambungnya |
ginaledhagakên guling |
Byang Kacêr suka tyasira ||

19.
Tinimpahan Ni Kacêr kinèn ngêkêpi |
nyakêpi dhogolnya |
tangan ro dènnya nyakêpi |
dhogol sarya ingambungan ||

20.
Jayèngraga bisik-bisik ngandika ris |
manira tatanya |
duwèkingong gêdhe êndi |
lan si paman Kulawirya ||

21.
Biyang Kacêr matur sarwi anggêligik |
sarwi ngogak-ogak |
dede amput-amputnèki |
mung sapalihe punika ||

22.
Nanging inggih wontên têngènne sakêdhik |
mangsi mêkotêna |
tan limrah anglêlangkungi |
ambêjadakên pungkuran ||

487 Pangkur

1.
Gumujêng Ki Jèngraga |
carêmêde angalêm guthulnèki |
bungah tyasira ginunggung |
madhidhig ragi dhangan |
asih marang Biyang Kacêr crêmêdipun |
pinathakol lambungira |
kinêkêtakên ing wêntis ||

Jilid 8 - Kaca : 246

2.
Tan ucul panêkêmira |
tênggok thothok pan maksih dèn-têkêmi |
bathuk tumèmpèl ing kêmpung |
sarwi alon turira |
dhuh bêndara kenthol amba sangêt wuyung |
mugi paringa punika |
ta ês ta ês bok suwawi ||

3.
Sangêt kêpengin kawula |
lir punapa raose (ng)gih puniki |
bok inggiha sang abagus |
sablêsêkan kewala |
Jayèngraga alon dènnira amuwus |
lah ya ing mêngko kewala |
ambungana bae dhisik ||

4.
Biyang Kacêr marêm tyasnya |
sinanggupan ing mangkya dèn-karsani |
sakêlangkung bungahipun |
ngambungi asêngokan |
sarwi nêcêp ngêmut nucup ngamut-amut |
pinêt-nêt ing pipinira |
guthule saya amêsi ||

5.
Tan bênggang nèng irungira |
panêkême grêgêtên dèn-nêt-nêti |
anggêlur mring bongkot pucuk |
ingucêl sadangunya |
kêsangêtên karaos mêrkindingipun |
pan kumêsar angganira |
tandha mèh mrojol kang mani ||

6.
Sukunira Jayèngraga |
ingkang kanan jêmpole anggogohi |
ing gêmboke ngêmplok suku |
anggêrêng Jayèngraga |
ambadêdêng kadêdêr badan sakojur |
dhogole sru akêjotan |
mêcothot nyoroti rai ||

7.
Galêgêkan ngudal-udal |
kêkênthêlan gubras ngêbêki rai |
irung netrane gêlaprut |
kêbês kopoh ing kama |
mata karo alis irung lir dèn-ancur |
kêbês kêmèl dening kama |
wus tungtas wêdalirèki ||

8.
Kang sare tangi gumregah |
Jayèngraga gumujêng angling ririh |
o lah priye kowe iku |
raraimu gêluprut |
ujêr kêbangêtên têmên panêkêmmu |
anggêlur gelo angogak |
kasêlak jêbrol tan kongsi ||

9.
Anggarap marang ing sira |
Biyang Kacêr tangane kang sawiji |
ngucêk-ucêk netranipun |
kang têngên maksih nyandhak |
anêkêmi guthule ingkang ngalelur |
ingulig-ulig ngalèmprak |
sarwi ngoso matur ririh ||

Jilid 8 - Kaca : 247

10.
Dhasar akumet paduka |
bok inggiha wêlas mring wong ngrêrintih |
pancèn lècèt maninipun |
kur tinêkêm kewala |
mukok bulaeran pirang-pirang duduh |
nampêki netra kawula |
tan sagêd mêlèk puniki ||

11.
Jayèngraga angandika |
ya wus bênêr nging bisa krêp ngunggahi |
ah wis ta tanganmu iku |
uculna dèn-aenggal |
pan winêngkang umatur bok kajêngipun |
mêngkono ing wancinira |
bêdhug têlu bangun enjing ||

12.
Tuwu kolik sisikatan |
myang pangwuhing sata gumêrah asri |
Jayèngraga gupuh-gupuh |
pan arsa dus jinabad |
Niyang Kacêr nuduh ing patirtanipun |
Jèngraga siram nèng kulah |
Ni Kacêr malbèng wismèki ||

13.
Anggugah mring nyai randha |
pan wus tangi nging maksih nguli-uli |
anggêgotho dhogolipun |
go kêncêng uga nglèmprak |
myarsa Biyang Kacêr (ng)gugah nguwuh-uwuh |
sokur mreneya sêdhela |
kiye dadimène tangi ||

14.
Malbèng jroning pagêbêran |
Biyang Kacêr winudan tanpa jarit |
wong têtêlu ting baringkung |
samya wuda nèng tilam |
biyang Kacêr anggrayang guthul ngalelur |
lagya cêg nulya andhêngal |
ni randha suka kêpati ||

15.
Wawi kenthol Kulawirya |
eca lu pat ma nêm tu-nipun malih |
kang jinalukan gumuyu |
gèdhèg mêlongo nabda |
uwo èh ta tan (m)badêdêng mêngkonèku |
mêdhêdhêg ogrèk-ogrèkan |
mung thuh-thuh thok-ethok tangi ||

16.
Gumuyu randha Sêmbada |
adhuh lae-lae kenthol wong sigit |
suwawi malih pulang hyun |
inggih sapisan êngkas |
botên kêdah dangu mung satuwukipun |
gumuyu Ki Kulawirya |
angling o biyang si nyai ||

17.
Niki wayah wus tanggungan |
yèn pot wêktu kewala mangke malih |
kula tuwuki sakayun |
ngling ta kenthol sakêdhap |
ni randha Sêmbada sru panggujêngipun |
angrêringih aturira |
coba ingriku rumiyin ||

Jilid 8 - Kaca : 248

18.
Mring Biyang Kacêr supaya |
sagêd kêngkêng anuntên dhatêng mami |
wawi kenthol wong abagus |
yata Ki Kulawirya |
pan kêpopoh bote wong adarbe kayun |
mrih gampang sapênjaluknya |
nulya kêthèngkrèng anitih ||

19.
Adhangan dening nomira |
nora pati longgar kaot ngangêti |
angigig panggêluripun |
ni randha bêntayangan |
ngêsas-ngêsês acès-cèsan ilêripun |
myat ing Byang Kacêr sinunggar |
kalangkung dènnya kapengin ||

20.
Ês kenthol wawi mring kula |
dèn-aenggal kula sêlak kêpengin |
kang jinalukan anurut |
gumalempang malembang |
mring ni randha tinamakakên ngalèlur |
moprok malênthèt nèng wokan |
mupuk kewala nèng jawi ||

21.
Jinêjêlkên grèwèl mêdal |
nulya kinèn mring Biyang Kacêr malih |
singra malih manggung-manggung |
kêncêng amblês lur-luran |
Ni Sêmbada lir kekeyan akèn wangsul |
anyêdhak jèjèr malumah |
dhadhêsêkan adu cêthik ||

22.
Ingungkil Ki Kulawirya |
gumaledhag gumlebag angurêpi |
tindak tumanduk nglêmpuruk |
ngalentroh kadi lintah |
jinongkongakên ngalih mring Byang Kacêr sêngkut |
kyèh swarane balêkukan |
ni randha prêmbyeyan nangis ||

23.
Sabên ngalih mring ni randha |
datan bisa tumanduk angayati |
mung mring Biyang Kacêr sêngkut |
ajênak nèng pênggalak |
[---] |
gya rinêbut rasa |
sami nyangkêrunging kalih ||

24.
Mukok nèng Byang Kacêr (ng)gènnya |
Ni Sêmbada amuwus sarwi nangis |
e lah priye mêne iku |
ngong tan kaduman pisan |
kêbangêtên kenthol Kulawirya iku |
maring ngong nora tumama |
mung Byang Kacêr dèn-acungi ||

488 Pocung

1.
Yata wau luwar dènnira aundhung |
Ni randha Sêmbada |
maksih mèwèk mêrbês-mili |
Kulawirya sêmu (ng)guyu-guyu wêlas ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15) Kaca 219 – 231
  • (16b) Kaca 249 – 265 >