Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01) Kaca 01 – 06

 

( Tayuban ing dhusun Pulung )

09

I. Tayuban ing dhusun Pulung

1. Ing griyanipun mbok randha Sêmbada kawontênakên tayuban, ngurmati tamunipun, Ki Kulawirya tuwin Jayèngraga. Mbok randha wontên ing pandhapa ingkang kabladhah kadosdene gadhah damêl mantu. Ronggèng Nyi Madu dhatêng, kasusul para tamu lurah, dêmang, pêtinggi, bundhêl ing dhusun sakiwa-têngênipun sami mangangge warni-warni dipun kêtog sagadhahipun. Ing langgar Ki Kulawirya tuwin Jayèngraga kasusul Nyi Kacêr supados enggal lumêbêt ing griya, dipun sêdhiyani santun pangangge ingkang pilihan. Ki pangulu Jabalodin ugi dhatêng sakalihan semahipun.

Gamêlan wiwit kaungêlakên. Tiyang ningali sakalangkung kathah, sami pating jalêrit, suk-sukan sakajêng-kajêngipun, kapara wontên ingkang tumindak rêsah. Jayèngraga dados pangalêman bagusipun. Kaum Duljaya dados pangagênging sinoman, Nuripin tumut ngladosi tamu.


Kaca 01 - 06.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI IX

 

507 Jurudêmung

1.
Wis Madu mêlbèng wisma |
dandanna kang sarwa luhung |
ayu-ayunên warnamu |
sasênêngira busana |
pilihana ingkang mungguh |
ronggèng (m)Bok Madu turira |
inggih anulya umangsuk ||

2.
Yata kang pra tamu prapta |
pra pêtinggi bundhêl umbul |
pamèran panganggenipun |
saduwèk-duwèke samya |
mêtu pasimpênanipun |
berag sajak pêsamowan |
mèrèt-mèrèt saguh-saguh ||

3.
Bobote wong pêgunungan |
kathah kang prapta mrêtamu |
Ki Umbul Wiradikewuh |
Suradipa Suradrana |
Suradrêpa Surantanu |
Surakêrta Surarata |
Surantaka Suranêmpuh ||

4.
Jatruna Jayadirana |
Wirakarta Mêrga-ewuh |
Ja-mêrjaya Anggaranu |
Wangsapati Wirasraya |
Jagabaya Jagasatru |
Drêpajaya Bayuyuda |
Srang-mênggala Kalamêrcu ||

5.
Dhapur pêpêk rupa-rupa |
lêncir dhêdhamplak kang dhuwur |
ingkang untir gagah janggrung |
kang mêthêkêl bèkèl antar |
tan tinggal siguge kidhung |
kang kalung pêdhang myang klewang |
kalung bêstrong kêrbin masru ||

6.
Miwah dèn-irit talêmpak |
myang tamèng towok ing pungkur |
suligi granggang pring ampuh |
kang ngikal bandhol liligan |
prapticir pêndhapa lungguh |
asrigrak cara wong kutha |
samya berag langguk-langguk ||

7.
Tarap lilinggihanira |
ing saundha usukipun |
akapang pêndhapa têpung |
ni randha gapyak pêmbagyan |
kang liningan saur-manuk |
mangsuli ing kalujêngan |
dêmang pra pêtinggi umbul ||

8.
Sêdaya punika samya |
kang uwus cicipanipun |
ni randha pindho ping têlu |
ora-orane nyapisan |
warta tan ana kantun |
Ki Suradikewuh tanya |
wontên punapa têtarub ||

Jilid 9 - Kaca : 2

9.
Lir mêmantu traping karya |
ni randha nauri wuwus |
pan kula (m)botên mêmantu |
ngundang-ngundang mêngangguran |
namung ngormati têtamu |
prayayi namur tirakat |
cature putraning guru ||

10.
Prêdikan ing Wirasaba |
kang komuk ginuru-guru |
mring pra ngulama sêdarum |
miwah priyayi sudagar |
angalap janji mêriki |
Ki Gêdhe Bayu Panurta |
ing Wanamarta krajan gung ||

11.
Kang liningan amangrêngak |
ting garunêng samya muwus |
ingkang wus padha kêrungu |
durung wruh warnaning warta |
kadi putrane ki guru |
dene tan ana kêtingal |
ana ling yèn durung rawuh ||

12.
Wus pêpak kang ingulêman |
inganti tan ana kantun |
ni randha alon amuwus |
paran wus prapta sêdaya |
Duljaya matur (ng)gih sampun |
(ng)ling malih marang Duljaya |
mara wêtokna gembolmu ||

13.
Kang liningan ngrukti gêpah |
ngêtokkên pawohanipun |
gembolan sirih bokor wus |
wêrata kang linadènan |
ni randha (ng)ling mring sêdarum |
samya kantun jagongan |
kula mring wismarsa ewuh ||

14.
Sêdaya matur sumangga |
ni randha mundur umasuk |
samya (ng)ling mring rencangipun |
hèh Biyang Kacêr turana |
kang nèng langgar kenthol bagus |
gus Jèngraga Kulawirya |
karone turana kundur ||

15.
Kang liningan sigra mentar |
praptèng langgar aturipun |
paduka ngaturan masuk |
marang wisma sêkaliyan |
Jayèngraga lon amuwus |
dene lan aku dèn-undang |
Kacêr matur inggih pêrlu ||

16.
Kulawirya ngandikanya |
lah payo bêcik tinurut |
ngawirya karo gya mudhun |
mring wismèng pungkur wus prapta |
lênggah ing klasa lus |
ni randha lon aturira |
lah sumangga sang abagus ||

17.
Prayogi salin busana |
punapi sakêrsanipun |
sawontênipun nèng gunung |
mangke yèn sampun busana |
paduka manggihi tamu |
nèng pandhapa dadya sêkar |
sêkare kang samya lungguh ||

18.
Wus cinaosan busana |
rong pêtadhahan amunjung |
Ki Kulawirya amuwus |
payo ta kana anakmas |
ni randha pakurmatipun |
sungkusunge pamulenya |
punapa ana kinayun ||

Jilid 9 - Kaca : 3

19.
Kang putra alon ngandika |
makatên kewala sampun |
paman piyambak ing ngriku |
pênêt busana kang mobyar |
kang tutuk sakêrsanipun |
namung kula ngambil sinjang |
sêkaran kang jingga madu ||

20.
Kula-angge ririmongan |
gampil yèn mangke kula yun |
inggih pintên dangunipun |
kang paman mèsêm ris mojar |
ya ta sakêrsanirèki |
randha suka tumingal |
mring kang ngrimong jingga madu ||

21.
Mandah yèn kêrsa-a dandan |
baya lir mati kêpuyuh |
ni randha tan tanak lungguh |
(m)lêbu mêtu mring pêndhapa |
nuduh mring niyaganipun |
kinèn muni kang gêndhingan |
ing sadhengah talunipun ||

22.
Yata kang anèng Kauman |
Jayèngrêsmi lan pangulu |
Ki Jamaloddin lon matur |
kawula lamun kalilan |
parêng karsane sang bagus |
jasad kula ingulêman |
kinèn ajagong mêriku ||

23.
Mêngetan dhatêng kêrandhan |
Jayèngrêsmi lingira rum |
(ng)gih paman (n)dika mêriku |
ywa susah dening manira |
matur inggih nuwun maklum |
sarat angecani manah |
tiyang rumaos kêduwung ||

24.
Wus linilan nulya mentar |
lan nyaine datan kantun |
anake prawan tan tumut |
yata kang anèng pandhapa |
ni randha agandhang muwus |
dene pêngulu tan sranta |
ingkang rinasan mêncungul ||

25.
Ni randha (ng)ling pijêr apa |
suwe tan têka alungguh |
matur èwêd kêdhik pêrlu |
ni randha gumuyu mojar |
kèh têmên pawadanipun |
padune tan kêna pisah |
kanthètan lan bojonipun ||

508 Kinanthi

1.
Yata wau sang abagus |
Jèngraga Kulawiryèki |
kang samya lagya busana |
Ni Kacêr kang (ng)lêladèni |
marang kenthol Kulawirya |
nyamping kawung kêmplong mori ||

Jilid 9 - Kaca : 4

2.
Paningsêt cindhe jalinut |
ing prada bara rinawis |
dhêsthi cawat cêmukirang |
wiron têpèn tinap apik |
wida jênar gêgarutan |
dhadhan-dhadhan tapung manis ||

3.
Asumping krang mêlok mênur |
ron pacar tri pinrada sri |
kris tinatah gajah-singa |
kang warangka ladrang kêndhat |
kandêlan bunton mas-tuwa |
wawrat gangsal reyal ngunir ||

4.
Asêsêkar gombyok dhuwung |
Kulawirya anjêlandhir |
mèsêm kang putra sarya jar |
dubilah paman nêmêni |
pacak mangune amutra |
priye Cêr apa ya sigid ||

5.
Kang liningan mèsêm matur |
inggih malèpès ambênthing |
bêsuse jêjaka kalah |
Kulawirya gumuyu (ng)ling) |
mèlèpês mono kaya-pa |
Ni Kacêr matur wor liring ||

6.
Inggih sampun limrahipun |
bêbasane tiyang ngriki |
(m)lèpès mèrèt kêt-ikêtan |
(m)lirit kêrakêt ing kulit |
du-mancung mèpèt binêndha |
alatah Ki Jayèngragi ||

7.
Bisa parikan si Cêmput |
cèplês lan kang dèn-aranni |
gumuyu Ki Kulawirya |
guyune angumbar liring |
kang putra sangsaya latah |
e paran dene pikolih ||

8.
Adu liring lan si Madu |
kang lagya apêpaès alis |
kang paman mèsêm kacupan |
dènnira aningid liring |
yata Ni Randha Sambada |
malbèng wisma ngancarani ||

9.
Mring tamune kalihipun |
Ki Kulawirya (ng)ling aris |
payo anakmas umêdal |
kinèn nêmoni têtamu |
kang putra angling sumangga |
ni randha nguwuh Nuripin ||

10.
Lah ya Nuripin sirèku |
(ng)ladènana bae bêcik |
dadya lurahing sinoman |
sira kang dadya pangarsi |
lêladènana priyangga |
bêndaranira kêkalih ||

11.
Iki kulambi lan sabuk |
sêmbagi cindhe-raras brit |
anggonên iku bur-buran |
pèkên wus aja kuwatir |
ikêtmu bêbêt sêruwal |
prandèn iku mêksih bêcik ||

12.
Pawèwèh tinampan sampun |
ambêgènggèng Ki Nuripin |
yata wau Kulawirya |
lan kang putra Jayèngragi |
mijil mring pêndhapa lênggah |
nèng klasa alus aputih ||

Jilid 9 - Kaca : 5

13.
Mingsêr kang sami alungguh |
cingak sadaya ningali |
lir pêngantyan tinêmbayan |
abagus sêmu mriyayi |
Jayèngraga ngrimong jingga |
pasêmone ngusumani ||

14.
Tur ukur kewala kêmul |
suprandene angungkuli |
mring sakèh ingkang pameran |
wong nonton ujêl-apipit |
rarywa lit acêrèngèkan |
kadhêsêg pating jalêrit ||

15.
Gumêdêr arêbut aju |
tuwa ênom jalu èstri |
kang wus mapan arêrasan |
anggunggung mring Jayèngragi |
e kae kang kêmul jingga |
madu dene langkung sigid ||

16.
Abagus jadmika ruruh |
pêsaja andhêdhèwèki |
pasang lêkêre wêdana |
atopèng winulon rawis |
kadya gambar wêwangunan |
lir Andaga anèng kêlir ||

17.
Mendah yèn busana luhung |
iba baguse ngêbêki |
yata kang samya lungguhan |
tanya sarêng nêmbramani |
marang awirya kalihnya |
gumrêmêng atur pêmbagi ||

18.
Winangsulan sadaya wus |
Jèngraga suka ningali |
sajake wong pêgunungan |
andhèblèng ambêbanthèngi |
bênthung sigug kiwa kiwa |
anjêdhig sêmu (m)bêdhidhig ||

19.
Ki Jayèngraga amuwus |
lah unèkna Gènjong-goling |
niyaga sigra abuka |
gamêlan munya ngêrangin |
ronggèng wus dènnira dandan |
Ni Madu mijil ing jawi ||

20.
Wong nonton umrês kêmrusuk |
samya gumêdêr ngaruhi |
ting balêkèr pra jêjaka |
kuku angakak kêkêlik |
bêlik alok bilah-bilah |
Ni Madu lir widadari ||

21.
Ronggèng wor dènnira lungguh |
nèng panggonan amiranti |
anèng ngarêping niyaga |
sigra kinèn anyindhèni |
ngêlik Gènjong-goling laras |
lir mrak nguwuh nyangungongi ||

509 Sinom

1.
Yata kang ngrukti sugata |
Duljaya lawan Nuripin |
ngatak kasinomanira |
kinèn mêdalkên tumuli |
rampadan maring ngarsi |
miwah wêwantinganipun |
pratula wêr cêcêp-mas |
myang gogok Palembang Pathi |
kêndhi lênggèk gêronggol langking Jêpara ||

Jilid 9 - Kaca : 6

2.
Kawingking angering-nganan |
rampadan samya ngalihi |
wêtara tan ana malang |
sarêng ambuka tup saji |
kang ngulêg sambêl sami |
pan sarêng panyêpêngipun |
lêg-ulêg sinampyêngan |
sing kalindhing sêdayèki |
mangu ngantu-antu nganti ingabanan ||

3.
Nulya wau Ki Duljaya |
kêplok tangan saking jawi |
sigra kang ngulêg barêngan |
sampyong klinthing barêng muni |
tan arungwan mêlingi |
kumrumpyung samya ginuyu |
wor thuthuking (n)dhog kamal |
wuwuh ramyanya kapyarsi |
wus antara kinêplok kancêp sadaya ||

4.
Samya linadèkkên ngarsi |
wusnya samya mundur sami |
Kulawirya ngling sumangga |
ing ngriku samya awijik |
gupuh kang sinungan ngling |
sêdaya sami awisuh |
Jayèngraga ngandika |
lah payo muniya gêndhing |
Êla-êla kang alon padha kêrasa ||

5.
Niyaga matur sandika |
buka rêbab wiwit ngêlik |
kosok ngingkik cara desa |
nga nga ngi ngi dèn-barêngi |
parêng gong ricik muni |
imbal ngapinjal sêdarum |
sêdhêng sru ririhira |
ronggèng anututi ngêlik |
manis arum nganyut-anyut gêtas rênyah ||

6.
Ngrês kêrkêl gêtêring swara |
mêthit mêrit mulut rujit |
rêmêk tyase kang miyarsa |
kalèlèran (m)bêlèr ati |
yata kang lêkas bukti |
mêtênggêng sêmbari muluk |
mêngèngès sarwi mamah |
kabèh nolèh aningali |
mring Ni Madu kang mêdèni wong amangan ||

7.
Tan akaur mamah upa |
kècèr rêbatan pamikir |
kang kêcakot ilatira |
pinêlalah (m)brêbês-mili |
tan rinasa kang sakit |
lalu andulu Ni Madu |
Ki Kulawirya nabda |
marang pra umbul prêtinggi |
kakang Wiradikewuh kula têtanya ||

8.
Dhasar pênêt sindhènira |
Ni Madu amêmêdèni |
sêmbada lan warnanira |
sarwi sêdhêng aprak-ati |
Wiradikewuh angling |
pan inggih sayêktosipun |
ngriki tan wontên memba |
wangkit lampahan sa-ari |
mung punika pun Madu onjo piyambak ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 09
  • (02) Kaca 07 – 21 >