Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02) Kaca 07 – 21

 

( Gêndhing mungêl binarung swantêning waranggana )

092. Gêndhing mungêl binarung swantêning waranggana, tiyang ningali sangsaya nêsêg. Ladosan unjukan, pakinangan lan panganan mawarni-warni.

Duljaya ngêdalakên inuman arak. Ki Kulawirya botên kêrsa nginum. Sadaya tamu radin-radin sami anginum. Duljana miwiti nginum sagêlas kêbak, lajêng nyandra lêlageanipun tiyang nginum arak. Wiwit ngombe sagêlas cinandra: 'eka padma-sari' dumugi sadasa gêlas, candranipun: 'dasa buta mati''. Tamu-tamu rame umyung poyok-pinoyok ngatingalakên kêkêndêlanipun nginum, wasana wontên ingkang mêndêm balokekan.

Talèdhèk wiwit ngibing, Kulawirya miwiti bêksa, lajêng kasusul sanès-sanèsipun, sami tombok arta dhatêng ronggèng. Jayèngraga botên purun bêksa, namung tumut nabuh gamêlan, Kacêr ingkang sampun macak ronggèng ugi lajêng bêksa.

Tingkahipun para nayub katingal rêsah, tombokipun arta kasêsêlakên salêbêting kêmbên kalihan malintir payudara. Warni-warni solahipun tamu para nayub, sadaya ngumbar kêkajêngan amargi sampun sami kêkathahên nginum arak. Kathah tamu ingkang ngantos brindhil têlas-têlasan.

Nyi Randha lajêng lumêbêt, pêrlu ndumugèkakên nafsu sanggamanipun. Sasampunipun angsal tiyang tiga, lajêng wangsul dhatêng pandhapi


Kaca 07 - 21.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 7

509 Sinom

9.
Wontêna kang bag-ginêbag |
dhusun Kêmplêng nanging têbih |
lêlampahan tigang dina |
pun Gêndra wastaning ringgit |
rêbat sênêng amilih |
pun Gêndra lawan Ni Madu |
dhengah kaot sausap |
gumuyu Kulawiryèki |
Jayèngraga gumujêng sasmitèng paman ||

10.
Ngling bibisik sarwi nadhah |
tan jamak yêkti nglangkungi |
pun Gêndra dènnya kuncara |
lêlampahan tigang ari |
iba komuking ringgit |
tanah ngriki kongsi nyatur |
kang paman mèsêm lingnya |
ya layak jêr dhasar bêcik |
lan si Madu ya êmbuh durung karuhan ||

11.
Kang paman malih ngandika |
(m)Bok Madu majuwèng ngarsa |
wong akèh nundha angundang |
lho Madu kinèn mangarsi |
kang liningan mangarsi |
mèsêm anyangkut pêndulu |
wus prapta ngarsanira |
Jèngraga ngandika aris |
lah dèn-cêdhak lungguh lan man Kulawirya ||

12.
Nulya ngangsêg linggihira |
Ki Kulawirya anolih |
maspadakkên warnanira |
Ni Madu mèsêm angliring |
Kulawirya ngênêngi |
dènnya mamah kêpêl gantung |
anjingglêng mandêng muka |
-nira ni Madu mantêsi |
Kulawirya kongsi ngintip kêpêlira ||

13.
Jayèngraga galêgêsan |
paman dhahar lawuh liring |
dene tangkêp kamuktyannya |
kang paman kagyat ngèsêmi |
kongsi antara bukti |
adangu sêdaya tuwuk |
Ki Kulawirya gêpah |
mundhut lancaran kêkalih |
cinaoskên sêkul lan saulamira ||

14.
Sinungkên mring ronggèng sigra |
mangana (m)Bok Madu dhingin |
tinampan anulya nadhah |
tan pati kakèhan bukti |
Kulawirya mèsêm ling |
dene cicik pêmanganmu |
Ni Madu aturira |
pan inggih sampun dumugi |
Kulawirya angling mring sêdayanira ||

15.
Yèn sampun sami dumugya |
prayogi sami awijik |
matur kabèh kang liningan |
inggih suwawi umiring |
anulya sêdayèki |
luwaran samya tuturuh |
rampadan cinarikan |
mring wong kasinomanèki |
wus barêsih ingkang rêgêd tinêbahan ||

16.
Nulya wedange mangarsa |
wêrata samya ngalihi |
miwah pakinanganira |
myang pêpanganan mangarsi |
samya mangsêgan nyamik |
ni randha anulya mêtu |
alinggih wetanira |
Kulawirya angingsêdi |
sawarnine obah kabèh kang jagongan ||

Jilid 9 - Kaca : 8

17.
Mompyor ni randha Sêmbada |
lir lara-bonyo kapêncil |
tan wang wang moring akathah |
agandhang dènnira angling |
si anu mau êndi |
Duljaya mreneya gupuh |
kang inguwuh gya prapta |
balênthot kothot mêdèni |
kalung drêbos nyuriga kris nganggar pêdhang ||

18.
Nyangking sampluk anjungkelang |
panguthik asabuk bandhil |
sarigak mandhi talêmpak |
brêngose ranggah pinidih |
jènggotira pinuntir |
pinêlawang ngawêng gulu |
untu putih tan nginang |
bêbêt sarung cancut inggil |
egah cèkèh sruwal panjang sangkal abang ||

19.
Kadhêmêg sila nèng ngarsi |
gumuyu Kulawiryèki |
bilah ri sang Ngabduljaya |
lir wong usung-usung ngalih |
dhasar nyata mêdèni |
amêmpêng kongsi ambrangkut |
gumujêng Jayèngraga |
kèngêtan kadya Nuripin |
ngling bibisik paman punika Duljaya ||

20.
Ngêjori srigake paman |
dèn-kayang mêksa mêdèni |
lir wong mêntas mulih ngrayah |
jadhug-jadhuge wong ngriki |
kaum dhapur lir wêri |
wontên wangune ambêrung |
wandane kiwa-kawak |
(n)dhagêl tan ana kapilih |
mung kêpilih guthule kangge ing randha ||

21.
Kang paman gumuyu latah |
kêjaba-a dudu dharik |
sèjèn prêkaranning wanda |
gumuyu ujungan liring |
lan Ni Madu wong kalih |
yata ni randha amuwus |
lah ya sira Duljaya |
mêngko yèn ronggèng anjongkit |
sira ingkang aglis ngunèkna têngara ||

22.
Duljaya saguh asantak |
tampi parentahe nyai |
ni randha malih wuwusnya |
Duljaya sêdhênge iki |
lah wêtokna kang larih |
panginumaning anayub |
arak tampo wêragang |
sira dadiya pangirit |
nuli lêkas salin gagrak Lonthang-lonthang ||

510 Lonthang

1.
Ki Duljaya anggagrak dhadhag (m)bêdhadhag |
sigra mundur parentah ing kasinoman |
pinilihan kang mèbrèt-mèbrèt kewala ||

Jilid 9 - Kaca : 9

2.
Pra jêjaka kang wire kang antar-antar |
wus antuk wong anom wolu pilihan |
ingkang samya mèthèk mathênthêng dhèblèngan ||

3.
Ingkang sami abêbêt sarung lurik bang |
acancutan sruwal panji-panji pèthak |
samya ayon borèh pêthak gêgarutan ||

4.
Sêsumpingan krang mêlok asajak-sajak |
kang (m)bêkta gêlas nèng bèri myang kopinya |
kang cangkir nèng dhulang goci pangiringnya ||

5.
Wus samêkta ingatag majêng mangarsi |
Duljaya kang dadya pangirid sinoman |
anyaosi marang ing tamu kalihnya ||

6.
Kênthol Kulawirya ngling marang Duljaya |
manira tan nginum lajêngna kewala |
ingong durung wêruh rasaning inuman ||

7.
Aywa susah sadèrènge wus sun-trima |
ngling malih Nuripin dene tan-ana |
tinimbalan tan dangu prapta ing ngarsi ||

8.
Sira iku dene tan ngladèni ngarsa |
matur inggih ragi pakèwêt ing manah |
tingkah kidhung amawi arak-èrèkan ||

9.
Ki Wirya ngling lah ora têka mèluwa |
ngarah apa wong ngêladèni kewala |
ya sok aja mèlu-mèlu ngombe arak ||

10.
Sira dadya rakitane Ki Duljaya |
wis ta mara gawanên gêndul si arak |
ngêcurana kewala anglarihana ||

11.
Ki Nuripin pinêksa mring Kulawirya |
nulya nyandhak gêndul si arak wêragang |
Ki Duljaya têlas papat anèng talam ||

12.
Nora padha dhepok sikil gêlasira |
ni randha ngling banjurna bae Duljaya |
mring si Surakewuh ing sa-urutira ||

13.
Kang liningan anglarih angèring-nganan |
ingkang sami nginum berag ambabrag |
kang larih wus ambuwêng atêpung-gêlang ||

14.
Ni Randha ngling lan Duljaya mareneya |
prapta ngarsi mara Duljaya ngombeya |
ngarèni sagêlas kang sêmada kêbak ||

15.
Lawan sira nyandra-a wong num-inuman |
kang liningan saguh nulya nyandhak gêlas |
sarwi ngidung mêngkana pangidungira ||

16.
Eka padma sari eka mring satunggal |
padma kêmbang sari ambu pamaneka |
yèn wong ngombe arak olèh sadhêdhasar ||

Jilid 9 - Kaca : 10

17.
Lir kêmbang mêkar cahyane ambêngangang |
wusnya ngidung samya kêplok sarwi surak |
ni randha suka mojar marang niyaga ||

18.
Èh niyaga yèn wis nyandra ge muniya |
antara rolas gongan lan tibanira |
nuli suwuk ganti nayub kang anyandra ||

19.
Ladrang bae ingkang gêlis gong-gongannya |
Lara-nangis awya salin-salin ladrang |
nanging sabên candra gêndhingan mênênga ||

20.
Samangsane kêplok muni kang gamêlan |
lan si Madu ywa kèri anyindhènana |
ririh bae gêndhinge kang Dhandhanggula ||

511 Dhandhanggula

1.
Wong niyaga liningan nulya glis |
muni ladrang Rara-nangis raras |
sêdhêng gêndhing sru lirihe |
kang sindhèn anganyut-anyut |
Jayèngraga ngrasakkên gêndhing |
wong gêndhing awilêtan |
ngêse muthês kalbu |
mêndhêkêl karasèng nala |
kaèngêtan anèng Wanamarta nguni |
panggihe kakangira ||

2.
Wibawane kaugung minukti |
sakêrsanira nora kêpalang |
mangkya angruruh kadange |
kumêmbêng angêmu luh |
lir winuluh raosing galih |
kadya ginaledhahan |
sêngkêle sinamun |
wuwuh wingite pêsaja |
sumaringah kasêngkut ing gêndhing-gêndhing |
ambêbêsus polatan ||

3.
Wus antara rolas gongan larih |
Ki Duljaya ngirit kasinoman |
lir wau têpung gêlange |
kaum ngarèni nginum |
sarwi ngidung duwi martani |
duwi loro lirira |
martani pitutur |
wong nginum olih rong dhasar |
cêtha wuwusira rukêt ngêtrap krami |
liya ingakên kadang ||

4.
Wus gya kêplok prêk surak pra sami |
binarêngan Rara-nangis ladrang |
sarta ronggèng pangêlike |
wus rolas gonganipun |
nulya maju kang punang larih |
mubêng atêmu gêlang |
sigra kang angidung |
kang tri kawula-busana |
tri têtêlu kawula wus angarani |
busana kang panganggya ||

Jilid 9 - Kaca : 11

5.
Kaya ta wong anginginum awis |
yèn lagya olèh têlung dhêdhasar |
tan wang-wang dening pêngangge |
amoh kêlawan wutuh |
ingkang ngangge kêling sarwa-di |
kêlawan ingkang gombal |
samya jagragipun |
pêngirane nora beda |
wusnya ngidung nginum ciyu glênggêng nuli |
kêplok prêk samya surak ||

6.
Gya gamêlan ladrang Rara-nangis |
myang pangliking ronggèng awilêtan |
antara rolas gongane |
kang larih ciyu gupuh |
angayêngi larih wêradin |
samya asuka bungah |
nulya kang angidung |
catur wanara rukêm-nya |
catur papat wênara kêthèk akonyit |
rukêm kang pêpanganan ||

7.
Yèn wong nginum ciyu lagya olih |
patang dhasar lir-pendah wênara |
rêbut pangan wre aranne |
pating caruwèt ibut |
tinggah rucah ngènthèng-ènthèngi |
pêpeka pêpoyokan |
yakmakaning wuwus |
wus ngidung kêplok sinurak |
barung gêndhing-gêndhing sarêng dènnya ngêlik |
wor aloking asurak ||

8.
Rolas gongan suwuk gya kang larih |
midêr tan ana kêna nampika |
wus wêrata sêdayane |
wau ingkang angidung |
ngathungakên gêlas kang isi |
bak panca surapanggah |
lire kang pangidung |
kang basa panca lilima |
sura wani panggah tangguh mantêp pati |
tan ana kinajrihan ||

9.
Nora wêgah sakèhing piranti |
nadyan nyêngka gêdhe dhuwur rosa |
nora eram wani bae |
têkèng lampus-linampus |
ngadhêp sura lêgawèng pati |
wus ngidung kinêplokan |
gya surak gêr umyung |
kang ngidung anginum arak |
barung cêngkling gêndhing-gêndhing Lara-nangis |
anguyu rolas gongan ||

10.
Suwuk cêp nulya midêr kang larih |
kang angidung sad guna wêweka |
sad nêm guna bangkitane |
weka graitanipun |
salokane wong nginum awis |
yèn lagya (n)tuk nêm dhasar |
graitanya mancur |
wong sajroning panayuban |
ginraita kang rêrasan ririh bangkit |
manah asalah tampa ||

11.
Wusnya kêplok sinurak gora ngrik |
myang gamêlan ngrêrangin araras |
rolas gongan gya kang larèh |
warata samya nginum |
ingkang ngidung sru dènnya rawi |
sapta kukila wrêsa |
kang sapta pipitu |
kukila pêksi ocèhan |
wrêsa udan yèn wong nginum pitung larih |
lir pêksi karirisan ||

Jilid 9 - Kaca : 12

12.
Angathêthêr kawratan ing warih |
tanpantuk andon mangsèng wowohan |
mung swara mêksih angècèk |
kêplok sinurak umung |
myang gamêlan angrantêg muni |
antara rolas gongan |
nulya larih maju |
inginuman sadayanya |
wus wêrata sigra kang ngidung angawi |
astha kêcara-cara ||

13.
Astha wolu kêcara lirnèki |
polah tingkah ngling sawiyah-wiyah |
nora dadi ngapa kabèh |
nadyan pisuh-pinisuh |
wus tan ana kang miyatani |
sandhang wus samya owah |
bra-ebro tan dhapur |
wusnya nulya kêplok surak |
barung gêndhing gêndhèng rolas gongan larih |
midêr nginum kabèhnya ||

14.
Ingkang ngidung samya piniyarsi |
nawa wagra lapa têgêsira |
nawa sêsanga etunge |
wagra pan têksaka gung |
lupa lêsu wong nginum awis |
olèh sangang dhêdhasar |
sarwa cape lêsu |
lir sarpa mêntas mêmangsa |
barang karêp ras-arasên ika-iki |
enake mung ngalèmprak ||

15.
Kinêplokan surak lawan gêndhing |
rolas gongan nulya kang larihan |
wus mubêng warata kabèh |
wau ta kang angidung |
dasa buta mati anênggih |
wêkasan panginuman |
dasa pan sapuluh |
buta harda galak lirnya |
ngajrih-ajrihi basa mati ngaranni |
yèn wong anginum arak ||

16.
Olih sêpuluh dhasar puniki |
pilih kang tahan ujaring candra |
yèn ginêlak panginume |
yata kang samya nginum |
para umbul bundhêl pêtinggi |
kèh kang samya kêrasa |
linggihane rusuh |
timpuh jegang sila-tumpang |
myang wuwuse ting barêngok tanpa kering |
ambèngkrak cêlangkrakan ||

17.
Sumbar-sinumbar ngajak gênti kris |
siji sru mojar mara nyuduka |
blêdhèh ngêplèk-plèk wêtênge |
sinapih rowang lungguh |
Duljaya ngling sarwi nudingi |
apa mêndêm ta sira |
nauri sru muwus |
e biyang punapa cêcak |
botên mêndêm ontêna sagênthong malih |
mêksih do huèk mutah ||

Jilid 9 - Kaca : 13

18.
Jinaganan rowangira linggih |
pinijêt cêngêle balêkèkan |
ni randha ngling sapa kuwe |
e Ki Ja-mêrjayèku |
(n)dadak mêndêm wurung angibing |
de adate wêntala |
iku nuli ambruk |
nauri sih mutah-mutah |
èh ih biyang botên mêndêm kula nyai |
sawêg pintên tomboknya ||

19.
Nisthakake angisin-isini |
(m)bok aja jênêng Jaya-mêrjaya |
kari tombok lan wong akèh |
ênya kiye tombokku |
rong wang picis anyar milihi |
nya Madu tampanana |
sinêbar ing ngayun |
(ng)lêgèyèh sêsèndhèn cagak |
picis pinèt ing badhut sawênèh angling |
jangjèn sêtya supata ||

20.
Yèn sudi ngakên sudara-wèdi |
ngisor galêng dhuwur galêng kakang |
mangsa mlèsèda adhine |
kathah solahing wuwus |
ayo manèh arake êndi |
èh larih kang Duljaya |
kêsuwèn tan nginum |
ting barêngok carèwètan |
lah kang ngucap nyai têlèdhèke pundi |
sêdaya wirangrongan ||

512 Wirangrong

1.
Ni Randha nauri aris |
(ng)gih lêrês sêdhênge gambyong |
midêr Ni Sêmbada matur |
mring tamunirèki |
sumangga ing sakarsa |
luware nadar-kawula ||

2.
Prayogi paduka ngibing |
supaya tinut punang wong |
sintên papantêsnya kang rumuhun |
suwawi dèn-aglis |
Ki Kulawirya nabda |
lah payo kono anakmas ||

3.
Sumangga kêrsanirèki |
manira anut kemawon |
wau Jayèngraga alon wuwus |
sinamun aririh |
inggih sumangga paman |
kula ras-arasên (m)bêksa ||

4.
Mangke yèn kêpengin gampil |
paduka ngibing kang kinon |
kendhol Kulawirya wuwusipun |
mring ni randha aris |
kula mangke kewala |
yèn sampun para suruhan ||

Jilid 9 - Kaca : 14

5.
Sintên kang angibing kriyin |
nakmas Jèngraga ayun wruh |
pangibinge sanak-sanak tamu |
yèn wis sami ngibing |
têlungane kang emah |
têngah-têngahan kewala ||

6.
Ni randha nauri aris |
mangke uga têmah goroh |
ngling Ki Kulawirya botênipun |
(ng)gih mangke ngong ngibing |
sakêrsane Jèngraga |
pênêt tinurut kewala ||

7.
Ni randha wuwuse nguni |
yèn mangkya (n)dika anggambyong |
kula badhe bêksa ambêdhudhuk |
ngong sagêd angibing |
Ki Kulawirya latah |
punapa bibi wong Kalang ||

8.
Mawi bêdhudhuk angringgit |
ni randha mèsêm turnya lon |
(ng)gih uga kawula yêktosipun |
cêr Kalang sayêkti |
manthuk-manthuk Ki Wirya |
bibisik lon Jayèngraga ||

9.
Tan nyana iku si bibi |
jarwane wong Kalang kamplong |
layak dêrbala-a bandhanipun |
sasat duwe cicir |
sapolahe tan lumrah |
Kalang kalèng kêlanglangan ||

10.
Jèngraga angglêgês angling |
(ng)gih mangke man kula-dêngok |
ni randha dènnira ambêdhudhuk |
wong ro ting guligik |
alon dènnya ngandika |
Kulawirya mring ni randha ||

11.
Kêdangon inganti-anti |
mring sanak kang samya (n)jagong |
kula lan anakmas lah nèh tanggung |
kari-karèn ngibing |
gya Ni randha Sêmbada |
ngling ris mring tamu pangarsa ||

12.
Wawi pundi kang rumiyin |
angibing kêlawan gambyong |
kang liningan mojar pênêdipun |
sang abagus kalih |
kang angrumiyinana |
nuntên kula saurutnya ||

13.
Ki Kulawirya nambung ngling |
botên kang Wiradikewuh |
kakang rumiyina dadya ngayun |
sampun walang-ati |
kadho dening manira |
mangke kewala manira ||

14.
Kang liningan anuruti |
ni randha anuduh gupoh |
mring ronggèng lan panjak lah wis Madu |
ngadêga awiwit |
gêndhing Kabor janturan |
wus kêsusu ywa badhudan ||

15.
Mung jêjêr janturing ringgit |
yèn wis Kabor nuli Gondrong |
tibane ambondhan kang kayungyun |
togên ingkang apik |
lah wus mara niyaga |
buka-a Kabor kang raras ||

Jilid 9 - Kaca : 15

16.
Niyaga nulya angrawit |
tan rêbab gambang tan kromong |
riciknya lirihan kang pêngayun |
gêndèr lawan suling |
kêthuk kênong binêngkak |
kêndhang gêdhug bêm sêbahan ||

17.
Kêcèr ngêcêk angêcicir |
gong anggandhul ukur nyenggol |
pênêrus dèn-imbal lagunipun |
kadêmung kur jawil |
babag pênabuhira |
anganyut-anyut rum raras ||

18.
Nyênyêt yakmakaning gêndhing |
ronggèng jèngklèk aririmong |
tumênga rêm netra asta ngrajung |
kêjêr kang jariji |
kanan mênthang andhêngklang |
jari gêtêr mawiwilan ||

19.
Ngalênggak nênggah mamati |
tan mingsêt lamun tan êgong |
pamujaning tandhak angêngayuh |
mring kang mara-bumi |
sami anêkanana |
mêmanis waris larisan ||

20.
Kumêlun kutuk mawangi |
badhude anyabêt gupoh |
pênjalin ing klasa wit anjantur |
asru pangwuhnèki |
swuh rêp data pitana |
anênggih wau kocapa ||

21.
Kusuma rêtnaning bumi |
coplok ngêmbanan ngalih (ng)gon |
tibèng ngarcapada kawlas-ayun |
sakèh widadari |
anjujurungi sabda |
sakèh di-adining rupa ||

22.
Winongwong jawata adi |
angsung wimbuh ing kêlangon |
Ni Umi Ni Uma pahum-pahum |
thiri-thiri guthi |
hong hong ilahèng hong hyang |
nêkakkên sarining gampang ||

23.
Sakèhe kang aningali |
tuwa ênom lanang wadon |
runtuh trêsnanira têka kerut |
padha wêlas asih |
pan sinihan bêthara |
marang ing asmara tura ||

24.
Singa mara lulut asih |
cak byak pêk hêm hong hong manon |
gya badhut sasmita sabêtipun |
jêblès gitik lampit |
gêndhingira aniba |
sêsêg anjuru-dêmung ||

Jilid 9 - Kaca : 16

513 Jurudêmung

1.
Ronggèng lêkas mingsêr (ng)gènnya |
larap nilap kadya kupu |
sisirig mêdêd Ni Madu |
sakala asalin rupa |
kêdhanyangan imbuh ayu |
ambabar mayang mêrdapa |
sêmi sêmune rumucuh ||

2.
Kang tumingal gèdhèg mulat |
mring (m)Bok Madu dudu-dudu |
kang nonton usrêg gumuruh |
samya ngangsêg ing kalangan |
uyêl rêbut aju sukup |
papan jêmbar têmah rupak |
rarya-lit ting srêngèk umyung ||

3.
Wong nonton tan etang sêsak |
wor winor èstri myang jalu |
bungah kang olah calimut |
anyêlêr nyêbrot amilah |
tungkul-tinungkul arusuh |
kang kêna krise winilah |
kur alok nolèh gya muwus ||

4.
Kang konangan têtabokan |
jagur-jinagur tan tutuk |
saking dhêdhêsêkanipun |
pipit tan bisa alihan |
èstri kang kêna rinawuk |
anjrit karuna kewala |
tulung-tulung tan rinungu ||

5.
Kang kelangan slendhang sêngkang |
kroncong miwah gêlang kalung |
kathah tan krasa jinumput |
kang wruh mung lok am lah tiwas |
mupus tan bisa amburu |
mung ukur alok sêpisan |
milalu (n)dulu Ni Madu ||

6.
Mangkana Ni Madu (ng)gènnya |
narimpi bêdhayan nutug |
Kabor ngandhêlong gya suwuk |
ngaring-aring pra niyaga |
sinrudhah panganan sêkul |
lèrèn ngacêmil mêmangan |
kang nyêrèt nginang audud ||

7.
Lumrah wong sapêjagongan |
samya nyêrèt ting prêkungkung |
wusnya aso para cêngkung |
ni randha lon wuwusira |
yèn wus aso payo talu |
unèkna Gondrong kang raras |
lah payo kono (m)Bok Madu ||

8.
Agêpah ingkang liningan |
abuka gambang kumlunthung |
lan kêndhang gêdhug angguguk |
tinampan tibaning gongan |
umyung risik imbal barung |
saron bêbanggèn ngêpinjal |
rampak tan ana (m)barênjul ||

Jilid 9 - Kaca : 17

9.
Kang nabuh padha kêrasa |
sajanturing dhalang manggung |
sêdhêng sru lirih ambyantu |
rêbab ngèng ngèng nga nga ngi nga |
gambang klong-klong rik-thur rik-thur |
suling mêlingi thuthitan |
gêndèrnya myêng kumarumpyung ||

10.
Badhude wus lêlerongan |
êgonge lêkas anggambyung |
sarêng gong anggêndhèng ngungkung |
kinipat ing kêpêtira |
swara mêndat mêmbat mêntul |
lir pênjalin ingongotan |
mêthit mêrit manis arum ||

11.
Têtêlon sulingan rêbab |
wilêt ulêt nganyut-anyut |
lir winênyêd tyas kang ngrungu |
pêthot thêl gigal anganal |
kikinthil marang Ni Madu |
mêndhane anèng kalangan |
bisa ngirup karya ling-lung ||

12.
Rong gong pacake acikat |
kêsit mêsat mêsês bêsus |
sirig tungtungan anuntung |
parigêl ukêl cênthungan |
lêlathènan loilo jangkung |
ambakar kêpêt kampita |
nêngklèk nampèl-nampèl pupu ||

13.
Anilap larap wèh ulat |
kang sinung ulat gumuruh |
ting galêmbor samya kukuk |
(m)bêkik ngêrik dhèhèm jawat |
pra jajaka ngaju-aju |
yèn wus winèwèhan ulat |
atine tan ana kantun ||

14.
Tan ana duwèk tinisnan |
kudu sinungkên (m)Bok Madu |
liringe nangèkkên purus |
wong lanang yèn kinawêtan |
ambadêdêng guthulipun |
kathah ambrawuk sandhingnya |
wong èstri dinudul-dudul ||

15.
Gadul bokonge anjola |
ana nosotakên pisuh |
tangane nyêblèk anggarut |
kang wus tau nincing sinjang |
anjêngking siduwèng dhêngkul |
juwêt kèndêl uga ngangkat |
sabisane anunungkul ||

16.
Wênèh nlusur payudara |
pengin sami ngilêripun |
myang ngambung ling-aling undhuk |
ana têkêm-tinêkêman |
ngayuh siji nyênêng dudul |
kèh tingkahe wong rucahan |
pinindha lawan Ni Madu ||

Jilid 9 - Kaca : 18

17.
Kang mêdêd nèng ing kalangan |
ukêl sasrimpèn anutug |
nulya sêsêg gêndhingipun |
Gondrong niba Lela-lela |
Ni Madu anyandhak payung |
sinumpah mungsêr nèng têngah |
tangan (ng)glintir gagang payung ||

18.
Munyêt payung ingubêngan |
kêkicatan kêncètipun |
sarwi mingkis-mingkis sinjang |
kempol cingklok akêlaban |
anggonjang wijanganipun |
oyêg payudaranira |
angincang alis narutus ||

19.
Kang kêsangkut liringira |
samya angrik surak barung |
sami nglungkên darbèkipun |
ngêcring-cring arta gêgêman |
myang ngulungkên kêris sabuk |
wênèh kulambi ikêtnya |
kang ngêlungkên bêbêtipun ||

20.
Kari sruwal dhogol (n)dhêngal |
dèn-mêg tinawakkên Madu |
sarwi samya sru gumuyu |
latah-latah anjêjawat |
nya kiye Madu tombokku |
mangsa ta silih kuranga |
êntèk golèk ing dêlanggung ||

21.
Yèn ijih grêmis pêtêngan |
ngong-rêwangi anjangkrik gung |
nora kudu mèlik utang |
èsêmana bae trima |
Jèngraga suka gumuyu |
(ng)ling punika lan pun Gêndra |
pan kantun kanthèt pun Madu ||

514 Kinanthi

1.
Kang pamam mêthênthêng (ng)guguk |
ya iya bênêr sirèki |
kari sausap kabèhnya |
si Gêndra kang sarwa kari |
pasang tandange apacak |
panggambyonge baut iki ||

2.
Swarane manis si Madu |
wangune mêncês mantêsi |
pawakane mêntêr Ni Kilang |
sarwa lus kêngkêng aramping |
lan nom si Madu sausap |
Gêndra sabarange kari ||

3.
Ah dhasar bêcik si Madu |
kang putra gumuyu angling |
bilah nora jamak paman |
pêngpêngan pêngalêmnèki |
nauri Ki Kulawirya |
tan (ng)gunggung dhasar sayêkti ||

Jilid 9 - Kaca : 19

4.
Lah mara kae si Madu |
dulunên olèhe srisig |
kaya tan angambah lêmah |
bêlisèn thèthèkan cicir |
o layak Madu komuk-a |
nyata yèn ronggèng prêmati ||

5.
Kang ambondhan ngikal payung |
munyêt pinêlangkan wêntis |
sarta sindhène angalap |
kalulutan ing pangèksi |
ngêlêtêr mubêng kalangan |
ngêndhuyuk nyêk-nyêk sêrisik ||

6.
Mênthang payung mêgar mingkup |
nguntup-untup ngujiwati |
singa kang liniring giyak |
kumrusuk pating barêkik |
kukuk ngakak sumyak-sumyak |
samya kèdanan ningali ||

7.
Dènnya anggondrong Ni Madu |
ngêtog cêlor mrih mêmengin |
ambondhan lagon lampahan |
badhude kalih tut-wuri |
sênggake abêbanggènan |
badhude ingkang sawiji ||

8.
Kang minangka bapakipun |
ruruntungan atutwuri |
kang anggambyong riringgêkan |
sindhène kaya gulampit |
tindak bakul karainan |
mèh têkan gongan ing gêndhing ||

9.
Ngêlayang (n)dheprok sêluku |
sarêng gong cêp suwuk gêndhing |
ronggèng angêlik priyangga |
sêndhon Lasêm lir anangis |
mêngkana sasambatira |
bapa payo têrna mami ||

10.
Mring Tandhês nusul si biyung |
numpal-kèli sun-lakoni |
nèng kene nora kêrasan |
tan nyandhang tan bêras pari |
bapa-bapa payo lunga |
marang ing Tandhês Garêsik ||

11.
Bapakne anjêlih ngadhuh |
adhuh dhenok anak-mami |
ya payo saparannira |
kewala ingong tut wuri |
nulya (ng)gêndhing Lela-lela |
gya ricik sarêng gong muni ||

12.
Ni ` mêdêd anggambyung |
kêsit lir prênjak tinaji |
sindhèn kadya cala-pita |
ronggèng andheprok alinggih |
cêp mênêng gamêlanira |
ronggèng angêlik pribadi ||

13.
Sindhèn Lasêm tangisipun |
sambat ngêlih têmên mami |
tukokna ` janganan |
bapa tukokna dèn-aglis |
bapakne ngling dhuh nak-ingwang |
sêdawir tan duwe picis ||

14.
Kêjaba payungmu iku |
urupna manawa olih |
iya tak urupne bapa |
gêndhèng Lela-lela ngêlik |
tibèng ` gamêlan munya |
Ni Madu mungsêr sêsirig ||

Jilid 9 - Kaca : 20

15.
Sabên rong gongan sêluku |
nangis sêndhon sambat ngêlih |
èsthane sêdalan-dalan |
sabên warung dèn-ampiri |
anangis anjaluk sêga |
sêlendhang kêmbênne kari ||

16.
Têlas ingurupkên sêkul |
bêrkate lampahan têbih |
tapih liru sami sinjang |
lèh ciyut luwas paduni |
ingangge ubêt pinjungan |
kêkêmbên ngiras têtapih ||

17.
Jinggrang sadhuwuring dhêngkul |
butuhan tan ambrukuti |
sambat adoh têmên bapa |
lawas tan têkan ing Grêsik |
ya mung kari sadungkapan |
lah payo mangkat tumuli ||

18.
Anulya (ng)gêndhèng Ni Madu |
ngêlik Lela-lela nuli |
tinampan gêndhing araras |
Ni Madu ngadêg angibing |
kempol pupune anglela |
kuning lir gadhing kinêrik ||

19.
Poking payudaranipun |
mênthêg malèthèt pinidih |
ing pinjung kadya nyu wulan |
kèsisan tapas sêpalih |
miwah yèn mêngkang cangklaknya |
pangêsuke tingal kèksi ||

20.
Kang myat samya gêdrug-gêdrug |
kairup tyas wlas ningali |
kang nguncali kêmbên sinjang |
sêlendhang miwah kulambi |
wênèh sap-tangan kumbaya |
lan têlkême isi picis ||

21.
Pra bundhêl pêtinggi umbul |
jor-jinoran pawèhnèki |
kang cucul sabuk binucal |
myang bêbêt kongkonan mulih |
kon ngambil duwèking ngomah |
angungun ngawirya kalih ||

22.
Myat pigunane Ni Madu |
mèsêm sira Jayèngragi |
Ki Kulawirya anabda |
mring Wiryadikewuh aris |
punapa wus adatira |
Ni Madu lamun angringgit ||

23.
Matur Ki Wiradikewuh |
inggih sampun sabênèki |
lamun anggondrong kewala |
yèn tan gondrong tan kadyèki |
manahe wong kang tumingal |
dhuh wikana ingkang mawi ||

24.
Tan gêtun têmah bêrundhul |
anak rabi tan tinolih |
bobolèhing bapa biyang |
tan rinèwès dèn-gêbrèsi |
kang sugih tan eman-eman |
kudu andudukwuluhi ||

Jilid 9 - Kaca : 21

515 Mêgatruh

1.
Ni (m)Bok Madu andadak kadya duk wau |
sinambi kalih angibing |
pra sinjang pawèwèhipun |
wong nonton kang samya asih |
ginendhong sarya anggambyong ||

2.
Mangkul payung anglèngèk lir bakul untung |
ngrêgiyêg anggendhong jarit |
badhut ro bungah tut pungkur |
lir buruh lêgèn kikinthil |
sênggak bêbanggèn akêplok ||

3.
Wus anutug dènnya anggondrong Ni Madu |
sasmita suwuking gêndhing |
anêsêg gamêlanipun |
ricike rikat têrampil |
kêndhang bêm (ng)gandhul ngêndhêlong ||

4.
Nulya suwuk gêndhinge Ni Madu lungguh |
ni randha suka ningali |
angling mring niyaganipun |
padha mêmangana macit |
kêsêl sasuwene naboh ||

5.
Myang nyarakên dhadharan marang pra tamu |
sadaya samya nginggihi |
ngling malih marang Ni Madu |
dandana manèh kang bêcik |
lawan miliha pênganggo ||

6.
Matur inggih nulya ni randha umasuk |
mring wisma laju mring wingking |
kêmul kubut anênamun |
ana wong lanang sawiji |
mêntas nonton ngiwa nguyoh ||

7.
Thuring nguyuh kumrowok asru adangu |
ni randha mandhêg anolih |
ciptèng tyas sapa kang nguyuh |
abantêr thure kapyarsi |
bangêt unine kumrowok ||

8.
Adat gêdhe duwèke tandha yèn nguyuh |
kang nguyuh gya dèn-parani |
sapa kang ngrêgêmêng iku |
kagyat ngadêg kang sinung-ling |
nauri ngong tiyang dhukoh ||

9.
Nonton gambyong dènnya anggondrong Ni Madu |
mring kêbon mariki sêni |
ni randha anyandhak sabuk |
wong lanang wus wruh yèn nyai |
anggrayang prênahe dhogol ||

10.
Gênyol gêdhe nulya mèh cinêkêl kukuh |
ngling payo anunên mami |
ginèndèng marang kang lindhuk |
kur alingan gêdhèg siji |
gujêngan wit gêdhang jongok ||

11.
Dêg-adêgan ting karêsês kalihipun |
ginêjêg ni randha angling |
lo lo aja sêru-sêru |
mêngko barêng bae bêcik |
kang lanang kasêlak jêbrol ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 01 – 06
  • (03) Kaca 22 – 33 >