Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 34 – 45

 

( Jayèngraga mituruti panyuwunipun nyi randha, lajêng bêksa Panji )

09

4. Jayèngraga mituruti panyuwunipun nyi randha, lajêng bêksa Panji. Ngalela bagusing warni lan endahing bêksanipun, kinurmatan ungêling drèl dening para tamu ingkang sami mbêkta bêdhil. Nyi randha ugi bêksa lan nginum. Kulawirya ugi lajêng bêksa linarihan para ronggèng. Duljaya ewa ningali Kulawirya, lajêng binalang sela, kenging bathukipun saengga bênjut.

Jayèngraga nyasmitani wulanjar Tarijah supados ngrumiyini mantuk, lajêng kasusul. Ing griyanipun Nyi Tarijah. Jayèngraga nêdhêngipun karon sih katungka dhatêngipun Janawang bedhangipun Tarijah. Sukunipun Jayèngraga katarik lajêng katilar lumajêng kanthi sêsumbar. Jayèngraga sakalangkung kuciwa manahipun, nguman-uman ni wulanjar. Rasukan lan lopak-lopokipun mas kantun, manjing bêgjanipun Ni Tarijah.


Kaca 34 - 45.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 34

521 Sinom

1.
Wau ni randha Sêmbada |
matur mring Kulawiryèki |
punika sampun sumangga |
kawula aturi ngibing |
radi kêdangon kêdhik |
Jèngraga anjawil dhêngkul |
wawi ta ingaturan |
jumênêng paduka ngibing |
ingkang paman sigra ngadêg ing kalangan ||

2.
Sêdaya ingkang linggihan |
samya ngadêg anjênêngi |
jumênêng Ki Jayèngraga |
angrimong jingga rêspati |
anulya lêkas ngibing |
anyanguk thêk pacak-gulu |
bêksa rangin araras |
mêthènthèng lir Bima-kunthing |
pan katongton baguse kadya jajaka ||

3.
Mênthang asta anêmbirang |
ronggèng ro nindur mangarsi |
tumèplok ing wêntis malang |
barêng ngêlik Genjung-goling |
lir wulung ro kapipit |
mêrit anjêlirit runtut |
angêlik lêlantikan |
mêrit mêthêt mêthêt ati |
anêratas lir tinutus tyas kang myarsa ||

4.
Ni randha myat bêksanira |
pacake langkung rêspati |
sigra angrakiti pasang |
miwir sondhère kumitir |
tindak irama sami |
samêkta sasolahipun |
ababag kadi bang-bang |
Pujadewa Pujasêkti |
para umbul bubundhêl pêtinggi desa ||

5.
Sinasmitan ing randha |
sarêng surake gora ngrik |
(m)bêkik kukuk akakakan |
alon huse-huse sami |
kêploke wanti-wanti |
bêdhil brondongan kadya rug |
sapanti ajêdhotan |
ting barêngok pra pêtinggi |
nginum arak sasukane dêg-adêgan ||

6.
Myang kang larih mring ni randha |
atur pasihan agênti |
sarya sru dènnya samya jar |
dubilah dene rêspati |
pênêt kang tanah ngibing |
pinuput dèn-kongsi esuk |
pra jadhug sêdayanya |
tan ana dhapur dhong sami |
kèh kathokan anjêbobog reyab-reyab ||

7.
Kang udhêng-udhêng kewala |
ana mung ngangge kulambi |
kang sabuk-sabuk kewala |
kotang bae tanpa bênik |
kêt kacu kêtat gambir |
(m)bopong bêbêt kalung sarung |
amoh labêt têlêsan |
tinombokkên maring ringgit |
suprandene abungah tan etang wuda ||

Jilid 9 - Kaca : 35

8.
Dhapure wus lir lêlaran |
dèn-wêdalakên winilis |
ting gêluyur alan-alan |
kèh solah kèh swaranèki |
barêng surak ngrik-angrik |
kêplok sru bêdhil (n)dharudhul |
ni randha dènnya-mbêksa |
kêtara pacake èstri |
nanging bisa niru bêksa tan sêlaya ||

9.
Ronggèng ro apêpasangan |
kêsit lir prênjak tinaji |
sisirig tapèn ting-tingan |
ngênyêg mêdhi-kèngsêr ngringgit |
mênthang udhêt (n)dhêdhêti |
liru (ng)gon sarêng anindur |
mrêpêt kupu-tarungan |
sarwi ngêlik kumalinthing |
larap tèplêk nêngah lambung alilingan ||

10.
Lèngèh-lèngèh dalongèhan |
mêjang ngincang-ingcang alis |
ahebat kluwêng kumlepat |
ngêsot-ngêsut asêsirig |
nglêtêr pêncar aminggir |
kakunge mêgêg abêsus |
antara dangunira |
ngrantêg gêndhing Genjung-goling |
nulya niba Ginonjing sêsêg asantak ||

11.
Kêndhang kêmpyange angaplak |
anguguk gêdhug magaki |
bêm sêbah rara siblonan |
kosèkan ambêbanggèni |
saron imbal mincati |
bonangane ngênut-ênut |
gambang caruk walikan |
rêbab ngêcêk cêngkèngèng ngik |
kêcèr ngopyok kênong sungsun kêthuk ngêmprang ||

12.
Ambyantu panabuhira |
salin sajak kang angibing |
mirong kunca ing midhangan |
bêksa kêlana tinangkil |
aluwês dhèmês wasis |
oklak-oklikan sakojur |
nêlasakên rekanya |
lulungidaning pangibing |
nyai randha randhat tan pati anyandhak ||

13.
Ka-agag ing êndêmira |
kêconggah niru tan wigih |
sangsaya ramening surak |
sumyak-sumyak mènêngkêri |
kêplok tan kongsi sami |
grêjêgan otêr gumuruh |
miwah drèling sanjata |
lir gêrah myang ting jalêrit |
alok saking suka parisukanira ||

14.
Rare jalwèstri tan beda |
barung surakira atri |
ni randha ngênting sukanya |
salamine tan kadyèku |
nutug raosing kapti |
mêngkana wau sang bagus |
juwêt mêdal ing jaba |
milih nyenggoli pawèstri |
kang sinènggol megol jêbol rahsanira ||

15.
Nyuwêl nguyêl payudara |
mipil pipi ingkang kuning |
tan ana ingkang marêngkak |
malah ciptanira maning |
antara dangunèki |
dènnira ngibing anutug |
kumringêt babakannya |
nulya samya wus kang ngibing |
tinututan jênggung suwuk kang gamêlan ||

Jilid 9 - Kaca : 36

16.
Nulya samya lêlênggahan |
wêwedangan ngaring-aring |
sakêdhap nulya ni randha |
matur mring Kulawiryèki |
punika ingkang mugi |
putra-paduka sang bagus |
prayogi abêksa-a |
langkung kapanuwun-mami |
tan ketang jumênêng ambêksa sagongan ||

17.
Kulawirya mèsêm nabda |
mring kang putra abibisik |
iku anakmas ni randha |
kêpengin wruh sira ngibing |
kang muga tinuruti |
ketang sagongan bae wus |
kang putra aturira |
tan patos dhangan ing kapti |
adho ora têka bêksa-a sadhela ||

18.
Mandah kang para bênthètan |
pêthot kêkêndhite sami |
saking mêjêne tumingal |
marang anakmas dèn-aglis |
kang putra andhangani |
Ki Kulawirya gumuyu |
lah gêndhingane apa |
inggih paman ingkang gampil |
ya kêjaba Lompong-kèli ingkang gampang ||

19.
Inggih sumangga sakêdhap |
kang paman sasmitèng nyai |
randha mojar mring niyaga |
payo muni Lompong-kèli |
niyaga sigra muni |
ronggèng ro samya anggambyung |
jumênêng Jayèngraga |
sarwi ngrimong jingga manis |
ingkang jagong samya ngadêg sadayanya ||

20.
Ni randha lan Kulawirya |
wong ro nyêpêng coloknèki |
sarwi prentah kêplok surak |
Jayèngraga bêksa Panji |
jêjêr sajak rêspati |
sègêg pacak-gulu manglung |
mênthang asta andhêngklang |
jariji kêjêr kumitir |
wêntis malang tindak amidak irama ||

21.
Ahebat naga wangsulan |
ronggèng ro sarêng angêlik |
larap nindur angujiwat |
anglèlèngèk pongah-pangih |
sakèh wong jalu èstri |
cêp-rêp tan ana gumuruh |
kang kêplok tanganira |
maksih gathung tan nangkêpi |
ingkang surak cangkême mlongo kewala ||

22.
Kang ngungêlakên sanjata |
wus muni mlayu ningali |
kang tan kongsi muni sigra |
milalu samya ningali |
anjomblong tan cumuwit |
myang wong wadon sêdayèki |
samya cipta kedanan |
lir kênèng guna pêngasih |
mring Jèngraga kaya anubruk-nubruka ||

23.
Ngondhok-ondhok manahira |
(m)barêbêl luh myat wlasasih |
mring sang bagus Jayèngraga |
mêndhêkêl abuh kang ati |
kèh mingsêg-mingsêg nangis |
myang kang ngrimong jingga madu |
bêksa lir dewa (n)dharat |
patut nguyuni pawèstri |
Jayèngraga antara wus rolas gongan ||

Jilid 9 - Kaca : 37

24.
Aluwar dènnira (m)bêksa |
cuwa sakèh kang ningali |
pangrasa mung têlung gongan |
eman-eman nuli uwis |
nulya gumêdêr malih |
samya tata lênggah sampun |
wus aso sawêtara |
ni randha ngling mring niyagi |
unèkêna Pêtung-wulung sabêlabak ||

522 Balabak

1.
Nyai randha Sêmbada alon umatur |
wuwuse |
lah suwawi paduka angibing malih |
pênêde ||

2.
Owêl gêndhing Pêtung-wulungipun mêmbat |
rarase |
Kulawirya sigra umadêg ambêksa |
mathènthèng ||

3.
Ngadêg malih kang anjagong angurmati |
sakèhe |
surak kêplok barung lawan bêdhil muni |
arame ||

4.
Kulawirya ni randha ngrakiti ngibing |
jèngklèke |
kapat samya ngênjot-ênjot jogèdira |
sajake ||

5.
Ting kêrangkung tangan lir gogo mèk-mèkan |
njêbèbèh |
Kulawirya ni randha myang Madu Gêndam |
kapate ||

6.
Samya ngêtog cengkok cacahe ambêksa |
ronggènge |
ilo-ilo lêlathèn atêtasikan |
rekane ||

7.
Sêdhakêpan sangga wang (n)dhodhok cewokan |
kèpète |
luru-luru pipindèn atêtênunan |
pamane ||

8.
Asiluku dhidhisan antih-antihan |
tangane |
kêkiraban ukêl gêlung cêcênthungan |
ukêle ||

9.
Gêndhingira yèn kantun sakênong nuli |
êgonge |
ambarêngi kênong jinênggung ping sanga |
gongane ||

10.
Kulawirya anut gong pacak-gulunya |
jêglige |
gulêt-gulêt ronggèng ro padha wasise |
sindhène ||

11.
Kulawirya acapang dhêngkul unggahan |
tadhahe |
tinêrancag ing ronggèng nulya sinangga |
lambunge ||

Jilid 9 - Kaca : 38

12.
Ronggèng gambyong ngayang-ayang anèng wêntis |
anggêndhèng |
mung sagongan mudhun jog mungsêr sisirig |
anglètèr ||

13.
Wusnya Madu nulya Ni Gêndam narincig |
rikate |
mancat dhêngkul anggambyong anèng ing wêntis |
nglayange ||

14.
Sarwi pinêgolan ing asta sawiji |
boyoke |
sagongan gya mudhun sisirig ngêndhuyuk |
nyig-nyige ||

15.
Sabên kênong kagyat lir bahak anjingklak |
kruwêle |
loro larap lir bêdhès tinimbas tuna |
indhane ||

16.
Kikicatan ting salêndhuk angkêl-angkêl |
sikute |
Kulawirya sinêmbadan nèng kalangan |
lan ronggèng ||

17.
Gantya-gantya ronggèng ro dènnya naricig |
tinampèn |
nyai randha mèlu naricig ing wêntis |
lir ronggèng ||

18.
Madu Gêndam ni randha katri naricig |
gêgêntèn |
Kulawirya apanggah dèn-krubut têlu |
pupune ||

19.
Jayèngraga ningali kang sami (m)bêksa |
dangune |
pan dinuga laju sawêngi anatas |
esuke ||

20.
Asasmita mring Ni wulanjar Tarijah |
sêmune |
tinudingan kinèn (n)dhisikana mulih |
omahe ||

21.
Ni wulanjar ing manah sampun kaduga |
kêrsane |
sigra mêdal solahe datan kêtara |
wadine ||

22.
Tan antara Jayèngraga namur mêdal |
asêne |
lan Nuripin laju kinèn nuduhêna |
omahe ||

23.
Ni wulanjar wus tata paturonira |
cawise |
Jayèngraga prapta pinapag ing latar |
panggihe ||

24.
Ki Nuripin kinèn wangsul mring pêndhapa |
kalihe |
gya tumamèng wisma lawan Ni Wulanjar |
gulête ||

25.
Santrinira sigra wangsul mring pêndhapa |
kalihe |
gya tumamèng wisma lawan Ni Wulanjar |
gulête ||

26.
Santrinira sigra awangsul mengetan |
praptane |
nèng pêndhapa andulu kang samyambêksa |
gambyonge ||

27.
Datan ana bosênne ingkang ningali |
bungahe |
sêdayane tan ana lir Kulawirya |
jogède ||

Jilid 9 - Kaca : 39

28.
Kêplok surak huse bêdhil bêbrondongan |
jêdhète |
nginum arak aloke dèn suwak-suwak |
crawake ||

29.
Lingsir dalu wayahe kêpara bangun |
dangune |
pan kêdangon dènnira sami ambêksa |
gambyonge ||

30.
Ki Duljaya ewa myat mring Kulawirya |
atine |
nguntug-untug sasore mula agêthing |
polahe ||

31.
Ngling ing ati lèh kang jênêng konthol bêlang |
angkuhe |
kaya dêmang ngêdhangkrang kulambi abang |
ladake ||

32.
Wong nênêka mêrusul brundhul angunthul |
lakune |
dadak kudu rinêngga rinêngkuh bojo |
anggêpe ||

33.
Ki Duljaya panas ati muring-muring |
nêpsune |
golèk watu sakêpêl binalangake |
anglimpe ||

34.
Sêr kumaplok kêbênêran ingkang kêna |
bathuke |
Kenthol Kulawirya kagyat kênèng balang |
jumbule ||

35.
Walêr jamang kêbrabat pèsèk amèncèng |
ancêpe |
nyai randha anjêlih nêpsu mimisuh |
dilojèh ||

36.
Dadya kèndêl gamêlan ronggèng asuwuk |
unine |
berak-berak ni randha akon nggolèki |
uwonge ||

37.
Gumarubyuk ing kalangan lêng-ulêngan |
gêgêre |
samya ngubrês kang wani-wani ambalang |
tiyange ||

38.
Nyai randha sru mojar marang Duljaya |
ge-age |
pijêr ana sira tan wêruh kang (m)balang |
maune ||

39.
Ki Duljaya pi-api abriga-brigi |
gugupe |
sapa wonge kang ladak agawe rusak |
dilèngèng ||

40.
Karuhana bae dak-pêdhang dak-bêdhil |
wêtênge |
ni randha glis umatur mring Kulawirya |
wuwuse ||

41.
Punapinggih mêdal rahipun kang kenging |
balange |
Kulawirya mojar tan dadi ngapa-a |
rasane ||

42.
Ukur-ukur kewala wus datan lara |
sakiye |
samya tata malih lilinggihanira |
wong akèh ||

43.
Kawistara bathuke Ki Kulawirya |
bênjute |
amênyongnyong sagêgêm bêrêm abiru |
abuhe ||

Jilid 9 - Kaca : 40

44.
Ingaturan Ki Wirya malêbèng wisma |
ginandhèng |
mring ni randha wus kèring Ki Kulawirya |
undure ||

45.
Mêdal malih ni randha apêparentah |
sakèhe |
kinèn nutugkên ing sêdalu-a pisan |
banjure ||

46.
Ting galêmbor matur inggih bungah-bungah |
manahe |
gya ni randha mring wisma arsa asmara |
têmbunge ||

523 Asmaradana

1.
Yata Ki Kulawiryèki |
cucul dènnira busana |
lawan ni randha tan pae |
samya asalin busana |
lir saban sarwa anyar |
parabot sinimpênan wus |
nèng pêthi giwang (n)jêro mah ||

2.
Ki Kulawirya ngling aris |
manira bibi pamitan |
aran wus sami kalakon |
kuwatir lamun dinukan |
mring anakmas kang tuwa |
kang kari nèng wismanipun |
pêngulu ing Pakauman ||

3.
Popoyan amung sawêngi |
têmahan dadi rong dina |
punika sampun (m)bêlèndhèng |
pan dadya antèn-antènan |
yèn karya saking driya |
manira jrih ing sang bagus |
Jèngrêsmi kang nèng Kauman ||

4.
Randha mèsêm atur aris |
inggih kang paduka pajar |
de mêksih wontên tunggile |
bok inggih pênêd ngaturan |
mêriki ngong yun wikan |
Ki Wirya ngling amêcucu |
e biyang mangsa kêrsa-a ||

5.
Mêndhita ambêge wingit |
mundhak amuwuhi dosa |
mring kula rayi sêdène |
anom wus sun-anggêp tuwa |
ni randha malih turnya |
punika pan mêksih dalu |
pênêd byar enjing kewala ||

6.
Mangke kawula-aturi |
pêsangon rimat ing marga |
kalih-wêtas reyal mawon |
lan dhuwung sapêrantinya |
busana sakêrsanta |
kêling bathik lurikipun |
pundi kinêrsan sumangga ||

7.
Nanging atur-kula mugi |
lamun wus prapta ing paran |
wangsula kampiran malèh |
sampun tan botên jwa dora |
angling Ki Kulawirya |
kasaguhane abrubuk |
supata dobol sa-ancak ||

8.
Ni randha matur angungkih |
wawi ta Kenthol sakêdhap |
ngong nuwun tilaran kenthol |
lami tan pulang-asmara |
Ki Wirya mèsêm (n)jola |
dene wau sontên sampun |
jare lawas tan mut-mutan ||

Jilid 9 - Kaca : 41

9.
Pan durung longkang sawêngi |
ni randha gumuyu turnya |
sontên jêr sapriki dèrèng |
gèdhèg mèsêm Kulawirya |
ambakna tan kaopan |
inggih mangke kula-jidhul |
nanging ta kêrsa-manira ||

10.
Nadare bibi nyangoni |
mring manira rolas reyal |
sungna sapêniki bae |
bibi lêgane tyas-ingwang |
panêdha kula arta |
kang sadasa reyal wutuh |
picise bolong rong reyal ||

11.
Ni randha umatur inggih |
nulya mundhut arta rolas |
ingkang rong reyal bolonge |
ngaturkên mring tamunira |
arta gya tinampanan |
kinèn ngundang rencangipun |
Nuripin prapta ing wisma ||

12.
Angling gawanên Nuripin |
dhuwit rong reyal jaganya |
tuku banyu nèng dalanne |
Nuripin nampani arta |
matur maring ni randha |
(m)bok-ajêng kawula nyuwun |
pêsangon kula piyambak ||

13.
Iya ywa susah Nuripin |
iki mung têlung puluh wang |
tan duwe cêpakan manèh |
ênya Ki Nuripin gêpah |
nampèni artanira |
inggih nuwun nyai nuwun |
Nuripin wis kinèn mêdal ||

14.
Ni randha atur jêjampi |
kang bênjut gya pinarêman |
o o bangêt mênyonyonge |
ni randha ngungun wlas marma |
sawusnya pinarêman |
gupuh dènnya ngajak turu |
Ki Wirya nurut kewala ||

15.
Lajêng ulah pulang untir |
mandhak tan mawi sinopak |
tanak malak ing melike |
pinolah sadhengah-dhengah |
andêlajahi tingkah |
ting karêsês kalihipun |
golag-golig karêkuhan ||

16.
Kèh banènne ting kalêsik |
ngling bi paran kapenak ta |
kadi punaraose |
umatur inggih sakeca |
raose tan kantênan |
ting kalêlêr nyêr sakojur |
lir gatêl kinukur anggang ||

17.
Anggayêr kalihe sami |
tan wus kang lagya tumpukan |
yata kang samya anggambyong |
sangsaya ramening kathah |
katêmbèn ronggèng anyar |
kèh kang wongsal-wangsul mantuk |
mèt duwèk tomboking tandhak ||

18.
Yata ana wong sawiji |
bedhange lanjar Tarijah |
wus sêmayan duk sorene |
dhudha kêmbang ran Janawang |
sanggupe (m)bok wulanjar |
yèn wus nonton ngajak mantuk |
inganti tan ana ngajak ||

19.
Ingungak-ungak tan kèksi |
dinuga mulih ni lanjar |
nulya nusul mring ngomahe |
wau ta kang anèng wisma |
Jèngraga lan ni lanjar |
apênêd paturonipun |
kang kêkobong ginêbêran ||

Jilid 9 - Kaca : 42

20.
Kêkawal kasur gêng guling |
bantal êncit bang ngulêsan |
ni lanjar caos bobonyo |
Jèngraga ngulungkên asta |
kang kanan kinonyohan |
astane satunggilipun |
angudhar-udhar sêmêkan ||

21.
Ni wulanjar analibi |
rêjêngan lukar sinasab |
mêg payudara pinêlot |
malênthèt mênthêg ngêmanak |
jinêmpol pinêlangkan |
mundri tan pati mêndhukul |
mêntêr kuning anyu-dênta ||

22.
Kang pinidih gorèh linggih |
puringisan kajuwêtan |
ginarêgêd panguyêge |
matur hês mangke mangke ta |
asta lagi winida |
punika mangke tan tutug |
konyoh tan wradin sarira ||

23.
Mèsêm ngandika Jèngragi |
hêng sapuluh mêngkono-a |
jro bêngkêrmu mêksih atos |
kadya tan kambah ing tangan |
asêdhêngan tur jênar |
lir mundhon gadhing binubut |
andêmênakakên manah ||

24.
Umatur apasang liring |
e mbakna angandika |
botên tate kambah-kèmbèh |
sajêg kawula dumilah |
dèrèng nglampahi raras |
lanjar pangantèn tan atut |
kêlajêng pêgatan pêjah ||

25.
Gumujêng Ki Jayèngragi |
sasat sih bocah wêlaka |
pan kinayuh lungayane |
sinasmitèng pagalingan |
kulinèng pakasutan |
lêlêson jujur ing kasur |
kasor ni lanjar kumêsar ||

26.
Sarwi kinèn anêkêmi |
ing dêdêlêg kang amêlag |
kêngkêng dinuwatan bèngkong |
cinakêp satutup mangang |
api wigih ni lanjar |
batine mathêm ngatêplu |
mring kang nglênggarang gêng panjang ||

27.
Jèngraga anglingkap nyamping |
anglela kang titih antar |
ni lanjar mêjên karêpe |
ingêmbat-êmbat tan mêmbat |
myat kang lawung samoa |
narêthêg mênthêkan ayun |
bangêt pengine ni lanjar ||

28.
Akukuh panyêkêlnèki |
tan rênggang pangêmêngira |
ngênêt-nêt bongkot pucuke |
tan na sangkribe ni lanjar |
saking sangêt tyas dahat |
katêmbèn wruh gêng apêngkuh |
birawa abrêngga rowa ||

29.
Dèn-ukur lan lêngênnèki |
gumuyu cès ilêrira |
cipta ge ya tumamane |
panêkême sinungkêman |
ingambung asengokan |
cinêcêp mangang ingamut |
-amut pucuke kewala ||

Jilid 9 - Kaca : 43

30.
Ambathok thothoke ngêjring |
kilong mêlêng-mêlêng kelang |
lir paron parung guthok thèh |
yèn ginêpuk ananggulang |
wadal sêtangkêp pêcah |
mara rolas rêmuk sumyur |
atos wêwayang (m)bêngkayang ||

31.
Jèngraga ngling jroning galih |
mulat ni lanjar rêgêpnya |
wong iki gèsèh sanggupe |
jare tan kambah ing lanang |
dene ku polahira |
têka ninisani kayun |
kaya wus lanjah alanyah ||

32.
Mèsêm ngandika Jèngragi |
apa ya gêdhe iku ta |
ni lanjar gumuyu ture |
punika lan lêngên kula |
mêksih agêng kètênnya |
panjang cangklak dugi sikut |
gumujêng Ki Jayèngraga ||

33.
Ni Lanjar nulya ginoling |
-akên ing kasur tinimpah |
linukar kêmbên sinjange |
ngalela lir lêlantakan |
gêgêmuking punton mas |
ingigarkên pupunipun |
sêg pinapan tinamama ||

34.
Sêndhêt ragi mangang kêdhik |
nanging mêrga wus kalênyan |
pananduk nêd pandêdêle |
makênêng blêng blês anjola |
suku ro garonjalan |
sinêrot lêrug mênjuluk |
bêbantal kawale kontal ||

35.
Jugrug ngalih ujurnèki |
ni lanjar apulintiran |
ah èh ah èh sêsambate |
adhuh pêjah gus kawula |
ingkang alon kewala |
ês ês sampun sêru-sêru |
tan kawawa mawalana ||

36.
Wlakang ngongkong dèn-ganjêli |
ing bantal kunthing satunggal |
anglela ngêglèh pakolèh |
wus rapèh juwèh ngêcapah |
ing gêgêlur lar-luran |
rêm-rêm liyêr lir wong ngantuk |
angantak-antak kêpenak ||

37.
Manjur warastra mangungkih |
kèh rekane ing pratingkah |
kang kinakahan tadhah bèh |
malah molahakên awak |
nglawèhi sasolahnya |
sinêngkut ni lanjar baut |
ngêkêti ngingkêt amadal ||

38.
Ngêtimang panggêgêtnya mrih |
misra rasaning asmara |
nuju ajuning jon-ajon |
jinajah nut ajonjitan |
akêjêt jakêkêtan |
Jèngraga karênaning hyun |
ni lanjar anjurung kêrsa ||

Jilid 9 - Kaca : 44

39.
Samya ulah mrih pakolih |
kalihe akajênêkan |
ingampêt wêdharing raos |
nêlaskên tyas parisuka |
sumalin tingkah runcah |
tanpa cacah angrurucah |
swaranya kèh banènneka ||

40.
Tan wus nêlaskên kang kapti |
bedhange lanjar Janawang |
kang nusul prapta ngomahe |
laju maring taritikan |
lampahe adingkikan |
prênahe paturonipun |
nêthêk gêdhèg yun anggugah ||

41.
Ngrungu swara ting kalêsik |
antol ambèn agêrètan |
lan banènne crak-crok kak-kok |
Janawang kumêpyur nyana |
yèn kalêbon wong lanang |
prêmpêng atine lir (n)jêblug |
panas muntap nguntar-untar ||

42.
Pringutên tan wêdi mati |
toh gêtih rêbut bênthètan |
tan bêtah ngrungu swarane |
sigra nêmpuh malbèng lawang |
lawang tan kinancingan |
gêradag ngêngakkên pintu |
wruh kang lagya tutumpukan ||

43.
Kêtanggungan nyêr-nyêr mijil |
satêngahing rasa gatya |
Janawang nêrajang age |
nyandhak sukune Jèngraga |
ginèrèt sru sinêndhal |
uwal timpal kang aundhung |
mêksih ngagêr tibèng jogan ||

44.
Mak blêg anggronjal Jèngragi |
tangi saking pangkosêban |
bramantya sru pandhupake |
kontal krèngkangan Janawang |
kaot gêng Jayèngraga |
Jênawang lajêng lumayu |
tinututan tan kacandhak ||

45.
Susumbar sarwi lumaris |
mêtuwa yèn sira lanang |
nututana padha ijèn |
Jayèngraga tan saranta |
binujung kang susumbar |
nilap nalimpêt lumayu |
Jayèngraga wangsul ing wisma ||

46.
Sangêt duka muring-muring |
ni wulanjar binothokan |
edan taun sundêl lanjèn |
tan tutur duwe lodokan |
(n)dadak agawe beka |
prandene cangkême umuk |
thok-ethok kênthang-kênthingan ||

47.
(m)Bok aja ngaku kumêncing |
têmah agawe prêkara |
awèh satru si Di-gowok |
mara bedhangmu kumpulna |
kon ngayoni maring wang |
kêna sibat nora patut |
tan tutur duwe gaglagan ||

48.
Ni lanjar ambrêbês-mili |
binêndon mring Jayèngraga |
matur jrih inggih kasupèn |
saking manah tan kantênan |
Jèngraga mêksih duka |
kasupèn priye jawamu |
dhasar wong edan-edanan ||

Jilid 9 - Kaca : 45

49.
Rinasa mèsêm jro ati |
kèngêtan lagya satêngah |
durung tuntas gya linorod |
blêge duk dhawah jêrambah |
kang (ng)gèrèt wani-angas |
ginuyu sariranipun |
piyambak ing kêbatinan ||

50.
Sinamun duka mawêngis |
mara sira bêlaka-a |
pira èmbèlmu kabèhe |
matur jrih kumbi mung tiga |
Jèngraga ewa mojar |
dèh têlu ya têlung-puluh |
sarwi ni lanjar dhinupak ||

51.
Sigra mentar Jayèngragi |
maksih garunêngan duka |
tan kèngêtan kagungane |
kulambi lan lopak-lopak |
kantun datan binêkta |
saking sangêt tyase rêngu |
lajêng kewala mring sêndhang ||

52.
Ni lanjar wruh lamun kèri |
kulambi lopak-lopak mas |
gumuyu iki bêgjèngong |
ingambil binêkta lunga |
singidan mring têtangga |
yata kang lagya aundhung |
ni randha lan Kulawirya ||

53.
Kathah tingkahing auntir |
cipta ge-ageya ludhang |
anutug ing sakarêpe |
tinut ing sapênjalukira |
miring (n)jêngking lumumah |
amungkur mêngkrêng sidhêkus |
ngagir ingkungan sinunggar ||

54.
Pinangku (n)dhodhok alinggih |
ngingkrang mênthang nganja-anja |
anyongok linakokake |
agantya tumpang-tinumpang |
rêh-rinèh ing pratingkah |
gêmêt ulêt tan na kantun |
tèk solah sadhengah-dhengah ||

55.
Singsêt ni randha ngêkêpi |
sru mênêtkên ing kodhokan |
dhêdhêngkul amulêt jingklok |
kempol dêlamakan nampar |
pupu amanggang ayam |
kang lanang ambalung kungsul |
ula-ula ngulêr kilan ||

56.
Sikute anyikil dhingklik |
tangan pèk-èpèk kukupan |
mêtêkên bun-êmbunane |
dhadha amidak pinasang |
wêtêng lampin dinoman |
bobokong nyalang binandul |
warastra rara anggêntang ||

57.
Samya pakolihe kalih |
sarêng kat-angkating rasa |
samya kêsar-kumênyare |
anggêgêt untu kêrotan |
ginêlak panrêgira |
anggatêr kadi pêlatuk |
(ng)gêdêdêr pêpagutan ||

58.
Èh èh êng dèngkèng ngênggêngi |
ni randha ngrajêg anjola |
pyuh ing rasa byat ambêngok |
adhuh biyung lah e bilah |
rasane nora lumrah |
ngêsês ngêrot (ng)gêgêt untu |
yung yung yung yung bilah enak ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 22 – 33
  • (05) Kaca 46 – 48 >