Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07b) Kaca 80 – 83

 

( Kaelokan wringin lan sanès-sanèsipun sami awoh nangka )

09

2. Mampir ing griyanipun Ki Sinduraga angsal katrangan, bilih kaelokan wringin lan sanès-sanèsipun sami awoh nangka punika pratandha pikantuk idayat.

Ki Wisma nyariyosakên bab dhusun Wêngkêr ingkang ugi kasêbut pura Katongan, punika ing nguni kadhatonipun Bathara Katong, kajlèntrèhakên sil-silahipun Bathara Katong ngantos dados adipati ing Pranaraga lan sumare ing ngriku.

Ki Sinduraga nyariyosakên lêlampahanipun nalika jêjaka, gadhah mitra wolu, sanga piyambakipun sami tunggil tekad, kalêbêt Ki Bayi Panurta. Mila lajêng sami akrab.

Ki Wisma lan tamunipun sami salat Luhur ing masjid Tajug, punika yasanipun Kyai Tajug ngulama saking Giri. Salajêngipun sami rêrêmbagan bab babaring kasidan ing dalêm iktikad, kasing salat, tataran mukmin dumugi mukmin mukib (tataran 9). Bakda Ngisa kasêgah nêdha, ingkang ngladosi anakipun Ki Sinduraga kalih: 1. wulanjar Ni Wasita; 2. adhinipun, prawan Warsiti. Kêkalihipun sami gadhah krêntêg dhatêng Jayèngraga nanging kapêpêr jalaran sampun kasadhèrèkakên dening bapakipun. Dalunipun sami akrab têrbangan singiran.


Kaca 80 - 83.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 80

536 Dhandhanggula

8.
Wus wêrata dènnya ganti-ganti |
narêbang singir maca ruwiya |
wanci wus bangun akire |
Sinduraga amuwus |
marang anakira kêkalih |
dhenok sira liwêtna |
sêdhela kakangmu |
manawa laju lêlampah |
dimèn karya asarapan mupung enjing |
prayoga ngêt-angêtan ||

9.
Ni Wasita Warsiti nulya glis |
mundur mring pawon samya lah-olah |
Ki Sinduraga lon ture |
wus dawêgipun wêktu |
Subuh mupung awal utami |
gêpah dera ngaturan |
sêdaya umêt |
mring sêndhang kang binalumbang |
Ki Nuripin anggembol panganirèki |
amèk sisênêngira ||

10.
Wusnya samya ngambil toyastuti |
minggah mring masjid Jèngraga adan |
tumlawong landhung swarane |
asalatu kaerun |
minanomi sampunirèki |
sêdaya sampun sunat |
pupujiyanipun |
lêlagon amal-amalan |
manjing wêktu ing pajar gidib mèh sidik |
anulya kinamatan ||

11.
Jayèngrêsmi kinèn angimami |
gupuh ngangkat pêrlu niyatira |
usali praptèng takbire |
wusing Patekahipun |
apan surat Sujada nênggih |
andhêge sinujudan |
rêkangat liripun |
surat sawusing Patekah |
surat Kasar wêwacan rêkangat akir |
adêge kinunutan ||

12.
Praptèng ayat salam bakda nuli |
pupujiyan dhikire asantak |
paragad donga wêktune |
sêsalaman kumrubut |
sarwa lagon sêlawat Nabi |
sêsampunipun purna |
Ki Sinduragèku |
ngaturi kundur mring wisma |
Jayèngrêsmi angling andika rumiyin |
kula mangke sakêdhap ||

13.
Sinduraga mudhun ngrumiyini |
angrukti sugata sêsèmèkan |
kang lah-olah kinèn age |
ramut sêdayanipun |
yata ingkang wontên ing masjid |
Nuripin ngudhar-udhar |
bubuntêlanipun |
Ki Wirya ngling iku apa |
matur inggih ambêrkat nyamikan kêdhik |
puniki gajêg eca ||

Jilid 9 - Kaca : 81

14.
Kulawirya gumuyu ambêkis |
apa kapiran sira tan mangan |
durung wruh rasane kuwe |
kang dablog sapa mau |
dene cangkême kaya gunting |
tan pijêr sêlawatan |
pêrlu ngulu-ulu |
samangsa sun-tolèh mangan |
mung mangan thok tan ana banènne muni |
lèrèn ngantuk lan mamah ||

15.
Cangkême isih anyokot pipis |
cokore (ng)gêgêm juwadah jênang |
sejene anèng pangkone |
prandene jugug umuk |
nora pisan olèh ngacêmik |
samangsa sun-dhudhaha |
wêtêngmu bok munjung |
Nuripin gumuyu mangan |
èh hêm milu miluwa thim sing priyayi |
rencang angsale napa ||

16.
Legèk arêp ngêmplok durung (ng)gigit |
(ng)gèn-ningali ngawêti maring wang |
sarwi (n)damoni bithine |
têmahan wande muluk |
ajêng kula sikokênêna jrih |
têmah lir wong bedhangan |
muluk yèn kêtungkul |
Ki Kulawirya alatah |
jèh kêrêpên pêmbadhogmu aku sêngit |
tan mênêng mamah-mamah ||

17.
Suka gumuyu kang putra kalih |
Jayèngraga angling sarwi latah |
gajêge padha bênêre |
Ki Nuripin umatur |
kêparêg pèh kêpopoh pinrih |
mring kang apês parannya |
kêtibanan dhênggung |
wontên wangsiting sasmita |
ting kêduwêt akoyok bêburon liring |
kêsit abalêdigan ||

18.
Kang sêtunggal kêcopètan liring |
kêthul bêngkul tan kêsamèng nala |
sêlèk sinangkut karone |
ramya bênturan sêmu |
sruwang-sruwêng srawungan lungit |
gulêt balangan ulat |
wontên kang tan payu |
têmahe akarya tiban |
kintênipun kados winada kêripik |
kirang pêrkis piliyan ||

19.
Kulawirya latah nyandhak gitik |
Nuripin lumayu karèngkangan |
tan tinolih panganane |
juwadah jênang kimpul |
linemparkên marang Nuripin |
ênting kinarya (m)balang |
sing kêna gêlaprut |
ing pipis kêlawan bikang |
Jayèngraga ngling modar kowe Nuripin |
tambamu wong sêmbrana ||

20.
Jayèngrêsmi mèsêm dènnira ngling |
jêr sok salah gawe popoyokan |
tan kongsi lèh pêmangane |
yata antara dangu |
Ni Warsiti prapta turnya ris |
paduka ingaturan |
mring wisma sadarum |
Jèngrêsmyangling lah ya rara |
rumiyinna manira mêngko ing wuri |
Ni Warsiti gya mentar ||

Jilid 9 - Kaca : 82

21.
Nulya samya mudhun saking masjid |
praptèng wisma Sinduraga gêpah |
amêrnahakên lungguhe |
wus tata anèng salu |
Sinduraga nuduh mring siwi |
lah wus ge wêtokêna |
sêgamu senanjung |
sutane roro agêpah |
mêdalakên sêkul rampadan ing ngarsi |
ni rara salasiran ||

537 Salisir

1.
Ki Sinduraga turira |
sumangga sami wantingan |
kang ingancaran agêpah |
parêng atuturuh asta ||

2.
Adan lêkas kêmbul nadhah |
pikantuk samya kaecan |
ulam-ulaman mawarna |
ingolah sarwa anyaran ||

3.
Antara dangu dènnira |
anadhah gya aluwaran |
nulya-mbênge cinarikan |
Nuripin tan kinurangan ||

4.
Anutug tuwuk tan turah |
sêdaya wus linorodan |
ing ngarsa wus tinêbahan |
gantya dhêdharan mangarsa ||

5.
Olahan ènjing-ènjingan |
cinarakakên sumangga |
punika kang mêmangsêgan |
nulya samya nyênyamikan ||

6.
Ukur sapikantukira |
sawab wus wrat sasarapan |
mêne dhêdharan amucang |
êsês kêlobot minênyan ||

7.
Nuripin wus linadènan |
panganan sarwa prok-prokan |
tan kaot lan kang rinampad |
prandene gêmpur mèh têlas ||

8.
Mung kari kang anggrah-anggrah |
wus samya mêmangsêgan |
Jayèngrêsmi alon nabda |
lah ta paman Sinduraga ||

9.
Puniki wus kêlampahan |
mrih mulane mring apapa |
sangêt panrima-kawula |
tan sagêd amangsulana ||

10.
Aprêsasat sihing bapa |
kang ayoga tan prabeda |
lamun parêng kawularsa |
apamit madal pasilan ||

11.
Laju marang Padhangeyan |
kang (n)dika pajar punika |
mitrane rakanta rama |
kang wasta Ki Wargasastra ||

Jilid 9 - Kaca : 83

12.
Kawula sêdya angrarah |
labêt mitrane jêng bapa |
angirasi takon warta |
sananya Sèh Amongraga ||

13.
Mênawi kawula prapta |
ing karajan Wanamarta |
yèn wontên tanyaning rama |
wontên sun-karya sal-angsal ||

14.
Wau ta Ki Sinduraga |
myarsa prasabêning sabda |
lir suta gring mèh prêlaya |
ngrês tyas cipta kapugutan ||

15.
Èsmu rêndhêt dènnira jar |
kêlangkung cuwa pun bapa |
pêpanggih mung satilapan |
tan jênêk (ng)gyan-sun tumingal ||

16.
Langkung kêraosing driya |
mulat ing andika samya |
kèngêtan mring kang pêputra |
ramanta kang Arundaya ||

17.
Ing dangu akêkandhangan |
tan wontên rasa-rinasa |
kula mèksi ing anakmas |
sasat panggya kang Rundaya ||

18.
Lamun parêng sêdayanya |
rêrêba saking sêpasar |
wontên marême tyas-kula |
ngawirya samya nor-raga ||

19.
Langkung lênggana minarma |
ngling malih Ki Sinduraga |
mênggah anakmas ngupaya |
kadange ingkang lêlana ||

20.
Kang wasta Sèh Amongraga |
tan kêna ginalaling tyas |
wus tan samèng janma jamak |
anèng jaman kahênêngan ||

21.
Yèn sirnane botên sirna |
kados sampun kinêwasa |
wus praptèng piyambêkira |
namung punika anakmas ||

22.
Dede pêthèk dede gati |
grunêging manah kewala |
mênawi mèmpêr ing benjang |
tinitèn won pêngangguran ||

23.
Jèngrêsmi lon angandika |
yèn parêng Ki Sinduraga |
wontêna pitulungira |
sawiji anguntapêna ||

24.
Maring dhepok Padhangeyan |
Ki Sindu langkung lêgawa |
anuduh magêr-sarinya |
kang aran Ki Wanalela ||

25.
Jayèngrêsmi asung salam |
Ki Sinduraga agêpah |
arêgêp ing patêkêman |
sarya lon pamuwusira ||

26.
Wêling ingong mring anakmas |
mung salam bêkti-kawula |
katura rama-andika |
Jêng Kyai Bayi Panurta ||

27.
Sun-umiringkên raharja |
mugi panggya kang sinêdya |
Jèngrêsmi langkung nor-raga |
gya Jèngraga Kulawirya ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07a) Kaca 63 – 79
  • (08) Kaca 84 – 91 >