Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07a) Kaca 63 – 79

 

( Kaelokan wringin lan sanès-sanèsipun sami awoh nangka )

09

2. Mampir ing griyanipun Ki Sinduraga angsal katrangan, bilih kaelokan wringin lan sanès-sanèsipun sami awoh nangka punika pratandha pikantuk idayat.

Ki Wisma nyariyosakên bab dhusun Wêngkêr ingkang ugi kasêbut pura Katongan, punika ing nguni kadhatonipun Bathara Katong, kajlèntrèhakên sil-silahipun Bathara Katong ngantos dados adipati ing Pranaraga lan sumare ing ngriku.

Ki Sinduraga nyariyosakên lêlampahanipun nalika jêjaka, gadhah mitra wolu, sanga piyambakipun sami tunggil tekad, kalêbêt Ki Bayi Panurta. Mila lajêng sami akrab.

Ki Wisma lan tamunipun sami salat Luhur ing masjid Tajug, punika yasanipun Kyai Tajug ngulama saking Giri. Salajêngipun sami rêrêmbagan bab babaring kasidan ing dalêm iktikad, kasing salat, tataran mukmin dumugi mukmin mukib (tataran 9). Bakda Ngisa kasêgah nêdha, ingkang ngladosi anakipun Ki Sinduraga kalih: 1. wulanjar Ni Wasita; 2. adhinipun, prawan Warsiti. Kêkalihipun sami gadhah krêntêg dhatêng Jayèngraga nanging kapêpêr jalaran sampun kasadhèrèkakên dening bapakipun. Dalunipun sami akrab têrbangan singiran.


Kaca 63 - 79.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 63

529 Kinanthi

15.
Mangkana samya atêmu |
saking ing guwa Pêdhali |
Sinduraga anèng ngarsa |
nuduhkên marginirèki |
nabrang kali nètèr jurang |
ngampat pèpèrènging kali ||

16.
Tan adangu lampahipun |
nampak têrataban kêdhik |
praptèng Tajug punthuk arga |
Sinduraga glis nudingi |
mring rabi nak-putunira |
kinèn ngrukti suguhnèki ||

17.
Ngaturan lajêng mring salu |
mêngkana tata alinggih |
kapang nèng bale-watangan |
Ki Sinduraga anuding |
anak karoro wanodya |
prawan wêlanjar sawiji ||

18.
Sêmune mêsês abêsus |
kang prawan mêpêg birai |
dhasar karone sêmbada |
katêngên rupane rêsik |
lanjar wastane Wasita |
kang rara aran Warsiti ||

19.
(n)Dha-usuk nom tuwanipun |
kang dèrèng wruh tan kêtawis |
katon pêrawan kalihnya |
busana sinjang sarwa-di |
tasik wida lêlamatan |
gêlung sinêkar ganda mrik ||

20.
Kang tuwa kêkêmbên pêlung |
sinjang jambe copot mori |
ni Warsiti kêmbên jingga |
tapih anyar tambal miring |
samya naoskên pawohan |
mring tamu amêgat liring ||

530 Mêgatruh

1.
Ni Wasita tapsirih kuningan sampun |
sinaoskên Jayèngrêsmi |
mundur gya Warsiti maju |
tapsirih mring Jayèngragi |
dènnya ngajokkên kesêron ||

2.
Kumarompyang tapsirih ambênthuk dhêngkul |
dhêngkule Ki Jayèngragi |
maksih babak duk rinawud |
tanggor lingiring tapsirih |
sakit dhêngkule kêraos ||

3.
Kagyat ngêsês samya mêsêm kalihipun |
kawistarèng ing alinggih |
sinamun pasêmonipun |
ni rara mundur glis-aglis |
pêlayune srèmpang srèmpong ||

4.
Ni Warsiti ginuyu mring bakyunipun |
jorogan angisin-isin |
ni rara angling gumuyu |
lèhku anyuguh tapsirih |
ambênthuk dhêngkuling dhayoh ||

Jilid 9 - Kaca : 64

5.
Patute bae rada lara anjumbul |
mak pyur tyasku wêdi isin |
mandêng mring ngong sun gya mundur |
têrataban ati-mami |
samya cêthotan gêguyon ||

6.
Apan pacok-pinacokkên mring têtamu |
ya patut sira Warsiti |
kae bojomu angrangkung |
ingong kang ora (n)duwèni |
ni rara mèncêp malerok ||

7.
Ih sa-ugèk akèwês têmên ujarmu |
kae bojomu kang sigid |
patut padha antêngipun |
ni Wasita gumuywa ngling |
sijine kae kang jagong ||

8.
Kang (n)duwèni bojo pantêse sirèku |
Warsiti ngoso dènnya ngling |
lah (m)bok kowe dhewe patut |
olèh wong tuwa kêmaki |
wangunane rada bancol ||

9.
Ingaruhan kang guyon mring biyangipun |
(m)bok aja pating guligik |
kadulu ing dhayoh saru |
jamak kang antêng abêcik |
malah padha nganggo-anggo ||

10.
Mêngko lamun manèh ngladèni mring ngayun |
kang rada mriyayi thithik |
ywa kaya anaking jagul |
bapamu dèn-kyai-kyai |
mring wong pirang-pirang dhukoh ||

11.
Kang sinêndhu samya jrih mring biyangipun |
nulya ngadi-adi warni |
awake pinatut-patut |
anggêmpung waja kinêsik |
karone salin panganggo ||

12.
Ni Wasita asinjang rambutan wungu |
kêkêmbên pêlangi wilis |
pupur tipis tan rinêmbung |
awiwida buratsari |
pantês agêlung kêkêndhon ||

13.
Ni Warsiti sinjang kêling tuluh-watu |
tinêlpok Banyumas kuning |
rininggit tutumpalipun |
akêmbên jingga tinêpi |
agêlung sinêkar methok ||

14.
Wida jênar tipis gêbêgan arêmu |
pupur rinêmbug arêsik |
biyange mèsêm andulu |
marang anake kêkalih |
ngling ya jamake mêngkono ||

15.
Ana dhayuh ingkang prayogi dinulu |
sêmune padha priyayi |
ati-atinên mangayun |
mantrap-silamu bêcik |
ywa sira sêmbrana karo ||

Jilid 9 - Kaca : 65

16.
Sutarnira manut pituturing biyung |
yata kang sami alinggih |
anèng ing pêndhapanipun |
sami rênaning apanggih |
Ki Sinduraga anudoh ||

17.
Kinèn mêdalakên pasugatanipun |
sigra nyaine angirid |
sutanya kakalih samya yu |
miwah rencange pawèstri |
rampadan bucu sumaos ||

18.
Anèng ngarsa wus tinata piringipun |
Wasita lawan Warsiti |
tumiyung gulune manglung |
anjongkok siduwa siji |
susune sasisih pèthot ||

19.
Amênjutu kêduwèng siduwanipun |
poke wonga-wonga pipit |
dadya siji sewang (ng)gandhul |
Jèngraga Kulawiryèki |
mandêng tan liyan jinênthot ||

20.
Mung brêngkêring kang mintêr samya dinulu |
lir woh binarongsong kengis |
Ripin wruh paraning dulu |
ngampêt watuk kêpêntut thit |
ngawirya ro kagyat mengo ||

21.
Sru gumuyu Kulawirya ngling hus buntung |
Nuripin anggigil mijil |
mêksih kêpêntut (n)dharudhut |
sadaya (ng)guguyu sami |
Wasita Warsiti anon ||

22.
Kacêmutan karone angampêt guyu |
wusnya dènnira ngladèni |
samya (ng)guyu jroning kalbu |
mundur glis pating kulikik |
kapucungan ing dhêdhayoh ||

531 Pocung

1.
Alon matur Ki Sinduraga mring tamu |
sumangga punika |
kawula turi wêwanting |
maklum dalêm nênaosi sumapala ||

2.
Samya gupuh pra tamu samya tuturuh |
(n)dan lêkas anadhah |
pikantuk dènnira bukti |
wus antara dangu luwar wiwijikan ||

Jilid 9 - Kaca : 66

3.
Gya mangayun kang angladèni angundur |
cinarik mangandhap |
tinimbalan Ki Nuripin |
praptèng ngarsa samêkta kinèn anadhah ||

4.
Langkung tuwuk matêngkuk muluk athêkul |
kinèhan tan kirang |
ajange tipis kalimis |
Kulawirya gumuyu sasêmon ujar ||

5.
Bisa ngukur lèmpèr panjang piring lurung |
lir bathuk pêngantyan |
barêsih amincih-mincih |
andêlêna yèn mênang kêlawan ajang ||

6.
Kang ginuyu nak-enak angob ak-èk-uk |
gumoh ingêlêdan |
cukil untu sêbal-sêbil |
ingkang têbèng ing lêmah malih pinamah ||

7.
Grundêl muwus nora kêna mangan tuwuk |
ingurah-urahan |
sarta srêngên mêmoyoki |
milu-miluwa dhèwèke wong bêndara ||

8.
Maring batur tan nglumuhi balung usus |
Ki Wirya tumingal |
gumuyu anon Nuripin |
ih ih bilah Ripin angkuhe lir dêmang ||

9.
Munyung-munyung marang wong nora angingus |
yèn wis mamah-mamah |
warêg wadhuke malênthi |
kaya kundhi kêlarisan adol grabah ||

10.
Lo dang bêrung nora andêlok maring sun |
Ki Nuripin obah |
mèsêm nolih mring Ki Ragil |
mak kêcêmut Ki Kulawirya alatah ||

11.
Oh si Cêmput kur obah janggude iku |
lir wong kêsurupan |
mêngko ngong-sêmbur ing kêndhi |
Ki Nuripin kumrengkang mêdal ing jaba ||

12.
Pan ginuyu marang kang samya alungguh |
Ki Sinduraga gya |
ngatak marang kang ngladèni |
kinèn mêdalakên nyamikan dhadharan ||

13.
Anakipun karo pangirid ing ngayun |
tinata ing ngarsa |
tompa brêm anyaran manis |
têtêl antêp kêtan uran lawan kilang ||

14.
Pisang gabu nangka wi gêmbili kimpul |
gêdhang raja-tawa |
gula rèn lêgèn sumaji |
sabun putih bêrondong sêle kêtela ||

15.
Alon mundur Wasita Warsiti runtung |
solahe kinarya |
samya brangti mring têtami |
Sinduraga anyarakkên pasugata ||

Jilid 9 - Kaca : 67

16.
Lah punika mêmangsêg sawontênipun |
nanging sumapala |
namung sarating kêlantih |
kang cinaran ngling inggih ngangkah punapa ||

17.
Samya mundhut nyamikan sasênêngipun |
aroyom karênan |
Jayèngrêsmi ngandika ris |
minggah guwa Pêdhali puniku paman ||

18.
Sajronipun wontên malih guwa têlu |
kang wetan satunggal |
kidul myang kilèn sawiji |
langkung nyurêng sumingêb pêtêng tiningal ||

19.
Alon matur inggih kang ngalor puniku |
kang ngidul lajêngnya |
trus ing guwa Bayang-kaki |
ingkang wetan trus guwardi Padhangeyan ||

20.
Kang ngilèn trus guwa ardi Wijil nêngguh |
tanah ing Pepedan |
yèn wontên ingkang nglampahi |
têmtu inggih ing ngriku têrusanira ||

21.
Pan puniku dadya ing pangungsènipun |
yèn wontên pêrkara |
gègèr wong kutha angili |
mring Pêdhali sapintên kamot kewala ||

22.
Pandugèngsun dumugi sêlaminipun |
ing Pêdhali guwa |
mupangat guwa Pêdhali |
samya rêsêp sang anom myarsa kandhanya ||

532 Sinom

1.
Jayèngrêsmi lon ngandika |
paman ngong têtanya malih |
punapa wus adatira |
guwa Pêdhali puniki |
waringin woh gori |
babal madu kucing arum |
manira ngalap nangka |
lan Jèngraga angsal niji |
ingong bubak nangka kandêle sacêngkang ||

2.
Barêsih kêsêd ajênar |
tanpa bêton tanpa dami |
pipit nyamplungan kewala |
kumocor madu sinuwir |
raose langkung manis |
tan mantug atuntung arum |
têlas sawiji sowang |
manira lan Jayèngragi |
gawok mulat waringin têka woh nangka ||

Jilid 9 - Kaca : 68

3.
Datan ngêmungakên gurda |
dalah sarupaning kitri |
pan sadaya awoh nangka |
sêdene kang nangka yêkti |
Sinduraga turnya ris |
kêlangkung prayoginipun |
punika pan idayat |
sakadaripun dumugi |
pan wus adatipun ing Pêdhali guwa ||

4.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
lêjar tyasira jinarwi |
marang Kae Sinduraga |
Jèngraga têtanya aris |
pundi kang dèn-wastani |
dhusun ing Wêngkêr puniku |
kang liningan turira |
inggih ing Kêdhaton lami |
sapunika karan Katongan kewala ||

5.
Mangkya dadya pamakaman |
pêsareyanipun gusti |
Bathara Katong minulya |
gotèkipun duk ing nguni |
jaman Dipati Panji |
Pranaraga puranipun |
pura Wêngkêr namanya |
pangayaping para putri |
yèn wus maring Wêngkêr mantuk sowang-sowang ||

6.
Tumêkèng alama-lama |
[---] |
pura Wêngkêr ing Pranaraga |
ing Pawêngkêr adipati |
tan wontên kang nêlani |
dipati sêlajêngipun |
dipati Wêngkêr pura |
tumuntên wontên kang judhi |
inggih Gusti Bêthara Katong ambêdhah ||

7.
Pinopor prêp pinrêsing prang |
dipati Wêngkêr pinatin |
putri Wêngkêr binarêkan |
Bêthara Katong mandhiri |
misèsêng Pranaragi |
punggawandêl wus sumuyut |
puniku icalira |
namaning pura Wêngkêr wit |
saking gusti Bêthara Katong punika ||

8.
Pan aran pura Katongan |
ing alami gusti lalis |
sinêkar sajroning pura |
dadya astana miwiti |
putra wayahirèki |
gumantya kamuktyanipun |
Jayèngrêsmi ngandika |
Bêthara Katong puniki |
saking pundi kawijilane waunya ||

9.
Ki Sinduraga turira |
Bêthara sêjarahnèki |
saking nêgari Bintara |
warti putrane sang aji |
dhukuh nèng lèpèn Tangi |
ing Katong wastaning dhusun |
kawit alit binucal |
mring sultan nèng lèpèn Tangi |
inggih asring Bêthara mring Pranaraga ||

10.
Mimitra mring Kyagêng Mirah |
Ki Agêng Mirah puniki |
kang miwiti gama Islam |
santrinipun misih kêdhik |
Bêthara Katong kait |
lan Kyagêng Mirah ing dangu |
arsa angrisak kitha |
nalini agamanèki |
Pranaraga mêksih gama Buda kawak ||

11.
Wus piadrêng kêrsanira |
Kyagêng Mirah anjurungi |
katrimu pêndonganira |
bêdhahipun Pranaragi |
kados wau puniki |
mêkatên gogotèkipun |
Ki Kulawirya lingnya |
mêngkono jawane iki |
lah kêpriye kêpatèn lacaking warta ||

Jilid 9 - Kaca : 69

12.
Kang putra kêkalih nabda |
pan inggih botên kêpanggih |
Sinduraga aturira |
punapa kang sinamya ngling |
Ki Wirya anauri |
e bab ngupaya kêkaruh |
karuhipun kang rama |
ngawirya kalih puniki |
inggih kakang kula kang sêpuh piyambak ||

13.
Jêng Kyai Bayi Panurta |
guru gêng tan ana nyami |
madhêkah ing Wanamarta |
minardikakakên dening |
Wirasaba dipati |
masuk guru amumunjung |
sapadhukuhanira |
minuktèkkên ing jêng kyai |
datan kêna sêkêdhik karyaning praja ||

14.
Ginuron para ngulama |
miwah bupati pêsisir |
langkung gêng mamulanira |
kang samya angalap janji |
priyayi myang wong sugih |
cêlak têbih samya mriku |
kang wau angandika |
maring ngong lan putra kalih |
awêwarti Jêng Kyai Bayi Panurta ||

15.
Anutur duk mêksih jaka |
kalane ngêlaya ngaji |
pinajar kèh mitranira |
kang sami saeka-kapti |
jêng kyai duk ing nguni |
Mas Arundaya rannipun |
gadhah mitra satunggal |
ing Wêngkêr sangêt wong kapti |
nanging kula kêsupèn lêng namanira ||

16.
Lan malih ing Lêmbuasta |
samya kêsupèn rannèki |
mêngkana Ki Sinduraga |
gêgêtun èngêt ing galih |
dènnira tutur mawi |
Mas Arundaya puniku |
Sinduraga lon mojar |
inggih kalingane ugi |
Mas Rundaya wasta Ki Bayu Panurta ||

17.
Kadya wus kêrsaning Allah |
sêsambungane pinanggih |
kawula botên nyupêna |
paduka pajar puniki |
tamiyan kang siniwi |
wong tan nyana yèn sang bagus |
putrane Mas Rundaya |
kongsi gêng prapta mêriki |
inggih kula mitrane Mas Arundaya ||

18.
Agupuh pangrangkulira |
anggrathul wuwusira sih |
katongton rumakêtira |
gapyuk-gapyak dènnira ngling |
datan nyana sayêkti |
adhuh mas sutèngsun bagus |
putrane Kang Rundaya |
dene padha sigid-sigid |
wiratama susila anitikrama ||

19.
Tata dènnira lênggahan |
pêpajar Ki Sinduragi |
duk maksih sami jêjaka |
kang sami saeka-kapti |
lawan ramanta nguni |
èngêt-kawula ing dangu |
kasanga rama-ndika |
kasupèn ingkang kêkalih |
èngêt jula Carik-Sutra Carik-mudha ||

Jilid 9 - Kaca : 70

20.
Lan pun Kidangwiracapa |
Wargasastra Arsèng-budi |
kawula ran Malarsipta |
kang tansah sapurug tunggil |
kang Rundaya rumiyin |
gadhah santri ran pun Bawuk |
angêsèd yèn dinuta |
ing mangke punapa têksih |
ngawirya tri asuka gambuh ing driya ||

533 Gambuh

1.
Sarêng dènnya gumuyu |
Ki Kulawirya latah amuwus |
jêbulane kang pêngulu Basarrodin |
kang putra samya gumuyu |
wuwuh tyasira cumêplong ||

2.
Ngawirya katrinipun |
sêkala samya pênganggêpipun |
asrêping tyas lir dhatêng (n)Jêng Kyai Bayi |
mring Ki Sinduraga ing hyun |
ambapa-bapa sayêktos ||

3.
Ki Kulawirya muwus |
botên nyana kêlamun kang Sindu |
yêkti mitranipun kakang (n)Jêng Kiyai |
acêtha mawi pun Bawuk |
inggih mêksih ambêgogok ||

4.
Mangke dados pêngulu |
mêngkoni sakèh ngibadahipun |
dhusun kang kêbawah rakanta (n)Jêng Kyai |
pan inggih sêwawratipun |
cukup tan susah rinaos ||

5.
Kinulit-daging tuhu |
tan beda lan sêdhêrêk sêdarum |
sinung aran pun pêngulu Basarodin |
èngêt (ng)gyannipun pitutur |
(n)Jêng Kyai tan wontên sèyos ||

6.
Malarsipta sang Sindu |
êngêt mèmpêr Malarsih bok-ayu |
ibunipun puniki anak mas kalih |
Sinduraga manthuk-manthuk |
karênan myat ing dhêdhayoh ||

7.
Ki Wirya malih muwus |
ing Lêmbuasta sintên kang Sindu |
namanipun lan dhusunipun ing pundi |
ngling inggih pnika wau |
Kidangwiracapa kang wong ||

8.
Akêndêl ing pakewuh |
ing prakara tinuduh glis rampung |
ingkang dadya wat-wate sakèhing santri |
mung Kidangwiracapèku |
priyangga ingkang pitados ||

9.
Nglêmbuasta puniku |
tanah ing Kalangbrèt dhusunipun |
Jayèngrêsmi anambung wuwusira ris |
Ki Wargasastra puniku |
ing pundi sananing dhukoh ||

Jilid 9 - Kaca : 71

10.
Ki Sinduraga matur |
inggih tunggil sami ngrikinipun |
tiyang Wêngkêr ingkang adhepok nèng ardi |
Padhangeyan pucakipun |
sing ngriki tan pati adoh ||

11.
Ing mangke namanipun |
pan anama Ke Sèk Sidalaku |
ginuron mring Pangeran Rangga Pranaragi |
bab sastra prama-kawèku |
kasujanan kang kinaot ||

12.
Kalêrêsan ing kalbu |
lulungiding trus sujana nung |
pratisthaning sastra bijaksanèng budi |
sudibya prawirèng wuwus |
wasis rampunging wiraos ||

13.
Langkung kulinanipun |
Pangeran Rangga sasêntananipun |
ingkang samya mêmasah ing prama-kawit |
kawi rêjaning sastra gung |
kasusilan utamèng don ||

14.
Jayèngrêsmi kayungyun |
myang kang rayi Jayèngraga nêngguh |
langkung rêsêp pitutur tumulya angling |
yèn parêng samya mêriku |
mring Padhangeyan patêmon ||

15.
Paman untapna laku |
Ki Sinduraga mèsêm umatur |
inggih sêlotipun pênêd benjing-enjing |
sarèh nèng ngriki sêdalu |
dèrèng marêm tyas-ngong anon ||

16.
Samya rèrèh ing kalbu |
sinambi dhêdharan anèng ngayun |
wus siyang Hyang Surya lingsir wancinèki |
pan amanjing wêktu Luhur |
Ki Sinduraga nabda lon ||

17.
Suwawi samya wêktu |
maring mêsjid sêdhêng salat Luhur |
tan antara sadaya prapta ing mêsjid |
sarêng ngambil toya wulu |
Nuripin gya adan gupoh ||

18.
Samya sunat sêdarum |
wusnya sunat kamat ngangkat parlu |
Sinduraga nyarakkên akèn ngimami |
ngawirya samya tan purun |
Sinduraga majêng gupoh ||

19.
Angimami ing ngayun |
wus antara bakda salatipun |
pragat pupujiyan dhikir donganèki |
sêsalamèn sunat rampung |
kasmaran nèng masjid manggon ||

Jilid 9 - Kaca : 72

534 Asmaradana

1.
Eca dènnira alinggih |
nèng masjid pucaking arga |
isis awangwang wangune |
Jayèngrêsmi angandika |
(ng)gih paman Sinduraga |
sintên kang yasa duk wau |
mêsjid ing Tajug punika ||

2.
Acèkli nèng pucak wukir |
wukir pupunthuk sêdhêngan |
kang wisma nèng gunung kabèh |
wêwah pênêda ngadesa |
Ki Sinduraga turnya |
kang karya tilas ing Tajug |
(ng)gih Kyagêng Tajug kang yasa ||

3.
Ngulama saking trah Giri |
nèng ngriki lajêng pruwita |
nging Kyagêng tan darbe tuwoh |
musabat kang kulawarga |
pinitaya rèh makam |
inggih luwure wong Tajug |
atangkar dadya sadesa ||

4.
Kula puniki nèng ngriki |
inggih mambêt brayat kadang |
katut wong tuwa kêtêmpoh |
kula kang tinuwa-tuwa |
kang wontên marsudia |
angalap raosing ngilmu |
srengat tarekat kakekat ||

5.
Makripat walhu-alami |
kadhang Jêng Pangeran Rangga |
asring tinimbalan ingong |
sihipun rahab ambapa |
andangu babing kitab |
Pangran Rangga tyas linuhung |
ngèlmu Jawa-Rab ginulang ||

6.
Priyayi gêng langkung lantip |
graitaning kaluhuran |
asih mring pêkir miskine |
mardikakakên ngulama |
nêtêpakên ngibadah |
kurmat ing agama Rasul |
mrih tangkar ngèlmi sarengat ||

7.
Jayèngrêsmi ngandika ris |
ngong tanya man Sinduraga |
mênggah ingagêsang mangke |
wêkasaning ing kasidan |
lantaran saking punapa |
kang liningan lon umatur |
sumanggèng kêrsa anakmas ||

8.
Paningaling kula ngriki |
kados sang bagus wus tama |
tan kalêmpit liring raos |
wus tan kenging sinarêman |
yèn mênggaha bêngawan |
sampun nyungab samodra gung |
kalaban nugrahaning Hyang ||

9.
Bisa mor tawa mring asin |
mangsa si tawa wangsula |
mring kali murih tawane |
kawistara raosing tyas |
sindhêt kaol kawula |
Jayèngrêsmi mèsêm muwus |
mindhak wèh têkabur mring wang ||

10.
Tiyang mêkatên tan kenging |
kathah mênthèking pêthèkan |
apês mupangat ing kaol |
kawula tanya pêsaja |
saking rumaos ngaral |
supaya indhaking kawruh |
rèhning ngam kêdah ihtiar ||

Jilid 9 - Kaca : 73

11.
Ki Sinduraga ngling aris |
ingkang kêpanggih tyas-kula |
babaring kasidan rêke |
wontên ing dalêm iktekat |
ingkang êkas ing salat |
tangat sunat lawan parlu |
panarikaning uliya ||

12.
Rêrambatan saking mukmin |
mukmin ngam kang bangsa riyah |
salate ngaral kemawon |
mêksih nganggo jamak kala |
lawan ingkang pinangan |
mêksih kalabêtan mêkruh |
punika mukmin bangsa ngam ||

13.
Inggihipun mukmin ngabid |
anucèkkên kang pinangan |
kang kalal makruh karame |
wong kang karya kathah-kathah |
nglampahi pêrlu sunat |
munggah mukmin salih nêngguh |
wong karya pakêrti tama ||

14.
Bênêr patut anglakoni |
wajib parlu lawan sunat |
sêdaya yèn wus kêlakon |
gya munggah mukmin jahada |
têgêse ahli tapa |
yèn wus kêlampahanipun |
ing wajib pêrlu lan sunat ||

15.
Nulya munggah mukmin salik |
têgêse wong kang lumampah |
dêdalan maring Hyang Manon |
pon wajib pêrlu lan sunat |
anulya malih minggah |
mukmin supi wastanipun |
wong kang wêning manahira ||

16.
Laku sunat pêrlu wajib |
minggah mukmin ngarip ika |
wong kang amandêng tingale |
marang ing Allah bêlaka |
pon wajib pêrlu sunat |
nulya malih minggahipun |
mukmin ngasik wastanira ||

17.
Wong kang brangti ing Hyang Widi |
kewala namung Pangeran |
ing Allah bêlaka dene |
wus tan mangro kanikmatan |
anulya inggahira |
mukmin mukib wastanipun |
muhung asih maring Allah ||

18.
Bêlaka datan upami |
sih-sinihan ing Hyang Suksma |
rambah ping sanga urute |
minggah aoliya Allah |
sèstu ingkang kinêrsan |
kula punika sang bagus |
sagêd miraos kewala ||

19.
Dèrèng sagêd anglampahi |
pan amung awirayatan |
yèn wontên ingkang kêcangkol |
Jèngrêsmi karênan ing tyas |
myarsa wirayatira |
Jèngrêsmi nauri wuwus |
pangkating mukmin punika ||

20.
Kados tan kenging kinardi |
kêdah kêlawan idayat |
yèn tan winahyu titahe |
tan kenging ingangas-angas |
nanging kêdah ihtiyar |
manawi parêng winahyu |
mungayan pra bangsa ngaral ||

Jilid 9 - Kaca : 74

21.
Ki Sinduraga nauri |
inggih nakmas kasinggihan |
ing sêmu sami kêraos |
tan susah winêdhar basa |
sami sampun muk-ulam |
sêdangunira Ki Sindu |
-raga pan sami karênan ||

22.
Têkèng wanci Ngasar iki |
dènnira sami rêrasan |
nulya Ki Sinduraga-ne |
angajak marang patirtan |
sêndhang kang binalumbang |
binotrawi lining banyu |
kêlangkung wêning toyanya ||

23.
Wusnya ngambil toyastuti |
samya salat wêktu Ngasar |
antara bakda pêrlune |
pêragat puji dhikirnya |
nulya asêsalaman |
tata malih dènnya lungguh |
Ki Sinduraga lingira ||

24.
Ngandika kantun alinggih |
kawula mantuk sakêdhap |
ngawirya sumangga ture |
sapraptanira ing wisma |
anuduh rabinira |
ngrakita suguh kang mungguh |
dhayohmu padha ngulama ||

25.
Kang èstri nauri inggih |
Ki Sindu mring pêkarangan |
angundhuh têtandurane |
ana tinuduh mring têgal |
miwah kinèn mèt ulam |
yata kang sami alungguh |
nèng masjid arêrasanan ||

26.
Jayèngrêsmi ngandika ris |
ora-orane wong tuwa |
mêtu pituture gambèn |
kênyamipun ngangkah-angkah |
gêlar sucining sarak |
urut-urute tinutur |
pangkat angkating mukmin kas ||

27.
Kang rayi umatur aris |
inggih paman Sinduraga |
kados yèn lamun ginuron |
eca pinikir wong tuwa |
tekat sarak utama |
mituhu sarengat Rasul |
dèrèng mèngèng saking kitab ||

28.
Ki Kulawirya nauri |
iya bênêr sojarira |
pêsaja kèh prasèndene |
bêrkate wong rada kuna |
akathah kawruhira |
patute rada mêdhukun |
kêtara prèjènganira ||

29.
Yata ing wanci wus Mahrib |
samya ngambil toya kadas |
Nuripin gya adan age |
asunat sêdayanira |
angamal pupujiyan |
samya ngêntyani Ki Sindu |
-raga gya prapta asunat ||

30.
Wusnya nulya dèn-kamati |
Jèngrêsmi kinèn dadi man |
majêng angangkat pêrlune |
antara Mahrib bakdanya |
laju manjing ing Isa |
Jèngrêsmi wêwacanipun |
dèn apti pasekatira ||

Jilid 9 - Kaca : 75

31.
Sawuse Patekah-nèki |
surat Jumungah awalnya |
surat Munapèk akire |
antara Ngisa abakda |
pêragat witira |
sawusnya ngaturan mudhun |
mring wisma angraras-driya ||

535 Mijil

1.
Sadaya wus mudhun saking masjid |
(n)dulur lampahnya lon |
praptèng wisma salu pinêrantèn |
ginêlaran kêlasa-lus putih |
wus samya alinggih |
tata anèng salu ||

2.
Sutanira kalih angladèni |
naosakên gembol |
saya mêsês bêsus andêlèrèng |
Ni Wasita Warsiti angliring |
siji sewang mêndir |
anancang pandulu ||

3.
Ni Wasita lan nimbok Warsiti |
sarêng mundur alon |
Ki Sinduraga nuduh siwine |
dhenok karo sira dèn-agêlis |
ladèkêna nini |
sêgamu sênanjung ||

4.
Lèhira ngliwêt sidhat apa wis |
wêtokêna dhenok |
ni rara ro mêndhak mèsêm ture |
lumaku ting garubyug kang tapih |
lampahira ririh |
mipit magêr-timun ||

5.
Usap susur tangane kang siji |
ngrêmêt-ngrêmêt suroh |
praptèng wisma wingking nuduh age |
mring baturirèstri angladèni |
wus samêkta sami |
gya ingirit mêtu ||

6.
Biyungira lêgèh anèng ngarsi |
sutanira karo |
nampa kêndhi patula cêcêpe |
kang nèng wuri sêga pulên putih |
anèng panjang lintrik |
kêlawan bubucu ||

7.
Liwêt sidhat mêncir gajih biri |
kinyih-kinyih tinon |
kadya kêna pinêrês lêngane |
myang rampadan nèng dhulang tup sari |
ulamnya mawarni |
wus sumadyèng ngayun ||

8.
Ni Wasita kêlawan Warsiti |
tata rampadan lon |
lam-ulaman ngandhèrkên rasane |
opor bèbèk lawan bêsngèk pitik |
anjenan lumungsir |
age pal-puk duduh ||

Jilid 9 - Kaca : 76

9.
Srêgan babad limpa lawan ati |
dhèndhèng-ragi abon |
sambêl miri rajangan lalabe |
ayêm tuwa pinêdhês rinawis |
ing jruk pêcêl kulit |
rêmpah lan kêrupuk ||

10.
Ni Warsiti dènnira ngladèni |
siduwa anjongok |
kawistara salêkok lêkêre |
Jayèngraga tyase ragi mikir |
watuk ngampêt ririh |
ni rara kumênyut ||

11.
Têrataban tyase sênag-sênig |
lêngên andhêrodhog |
amaruntus kringêtên githoke |
ngêlêd-êlêd idu gondhang salit |
sora napasnèki |
ngorong mêtu ngirung ||

12.
Ingangsêgên piring gumalêthik |
gêmpil prêl kêtanggor |
biyangnya ngling (m)bok dèn-alon bae |
Ni Warsiti angacêmut isin |
wus tata mundur ris |
Ki Sindu umatur ||

13.
Sumangga paduka samya wanting |
krana Lah kemawon |
nuwun maklum sawontên-wontêne |
kang ingancaran samya wiwijik |
sarya ngling lah bibi |
wasisan akêmbul ||

14.
Nyai Sindu nuwun aturnèki |
Ki Sindu nglingnya lon |
kajêngipun kewala ing mangke |
adan lêkas dènnya samya bukti |
suka rênèng galih |
anadhah pikantuk ||

15.
Ayêm tuwa kang samya kinapti |
malah lali lawoh |
amung ayêm mênjangane bae |
Jayèngraga nyarub mêratani |
adhokoh tan wigih |
kaecan anutug ||

16.
Aluwaran wus samya wêwanting |
ambêng gya linorod |
mring Nuripin kinepan kabèhe |
kadhuwêtan dènnira nguculi |
sabukanirèki |
kinêndhon rumuhun ||

17.
Ambêgêgêg saguh dènnya linggih |
pêmangane cekoh |
pupuk gêng mangap mele ilate |
mata mablak kêlip angêdhapi |
dhêluk uga tangi |
tumênga tumungkul ||

18.
Ki Kulawirya gumuyu angling |
Ripin lè(h) ambadhog |
kathik mele mangap lan matane |
sabên muluk bokong nganggo njondhil |
lir endha binandhil |
tandhane aibut ||

19.
Wusnya têtêbah ingkang ngladèni |
nyamikan sinaos |
woh-wohan nyang olah-olahane |
Ki Sinduraga angancarani |
suwawi won kèksi |
tinadhah ingriku ||

Jilid 9 - Kaca : 77

20.
Samya nyamik sasênêngirèki |
sinambi miraos |
Sinduraga atutur waune |
kala nème ramanta duk nguni |
tirakatan sami |
mring ardi Sêmèru ||

21.
Anèng guwa Dhasar pitung ari |
siyam angêlowong |
wong nêm samya ambungkah pasane |
namung ramanta kuwat pribadi |
nglowong pati-gêni |
bêtah pitung dalu ||

22.
Nèng sajroning guwa Dhasar wingit |
kaidayat kaot |
mas Rundaya nèng riku angsale |
wahyu-tama nèng Sêmèru wukir |
baya wus pinasthi |
dadine ngaluhung ||

23.
Jèngrêsmi lan kang rayi Jèngragi |
Ki Kulawirya non |
samya ngungun karênan pajare |
Sinduraga ngundang siwi kalih |
prapta kang dèn-sèngi |
pra samya nèng ngayun ||

24.
Ngling punika rayinta samyèstri |
ywa wigih pangangkoh |
wajib manjing sêdulur yêktine |
kang liningan amangsuli inggih |
kêlangkung utami |
sami ngawu-ngawu ||

25.
Jayèngraga angling jroning galih |
o ah kang mêngkono |
dene gêla têmên tyas ngong mangke |
kurang thithik bae mêngko lingsir |
ing wêngi amêsthi |
karone kêbrawuk ||

26.
Têka dèn-srahakên ing atunggil |
cuwa têmên ingong |
tan prabeda ni rara batine |
kogêl sinêdulurkên ing tami |
liyan têmah dadi |
asanak sêdulur ||

27.
Yata Sinduraga ngling mring siwi |
lah rara dèn-gupoh |
pundhutên ge trêbangku si Garèng |
padha slawatan dhèwèkan sami |
lan kakangirèki |
lèk-lèkan wong nganggur ||

28.
Ni Warsiti gupuh dènnya ngambil |
tarêbang sawiyos |
prapta ingaturkên tarêbange |
wawi anakmas gêgêntènan singir |
lan gêntyan nêrbangi |
kula lan nak bagus ||

29.
Kang sinung ling samya anglêgani |
rumahab ing pakon |
nulya sinêntak wau trêbange |
ginêmbrang kumrampyang têrbangnèki |
Ki Sindu ngling aris |
mring ro anakingsun ||

30.
Miluwa ambyong sauran singir |
ngarah apa dhenok |
lah wong lawan kakangira dhewe |
tan ana lyan aja wigah-wigih |
suta ro ngèsêmi |
tan lêngganèng kayun ||

Jilid 9 - Kaca : 78

31.
Nulya abawa kataman Nabi |
Rasululloh rêko |
kataman Nabi iya Muhamade |
ngajam Ngarbi wa Rasulullahi |
kataman nabiyi |
swarane Ki Sindu ||

32.
Mèmpêr swarane Ki Bayi |
karêkêling ulon |
datan pati asora swarane |
grathul-grathul magak angunani |
mulut rêmên manis |
êmpuk ngêntal-êntul ||

33.
Sinauran kapat Ki Nuripin |
kanêm ni rara ro |
rêmpêg asring tan srênti sajake |
lir saron barung dèn-panêrusi |
raras anyundari |
ngalêp nganyut-anyut ||

34.
Singir pakam-lahu pi-ayatin |
mashuratin rêko |
nasal kitabu bi hagadane |
mashura lajêng bawa nampèni |
swara rum jalwèstri |
asari rinungu ||

35.
Wong kang cêlak-cêlak samya tangi |
mêriku anonton |
ting gêrobyak mêngakkên-lawange |
tarap nèng jogan dènnya ningali |
Ki Sindu akapti |
slawatan lan tamu ||

36.
Sinduraga panrêbangirèki |
lêlamban kemawon |
pangiwane ngêpipir kêmpyange |
têtampèlan lan gêmbrungirèki |
gagliwangan goling |
pinangku ing dhêngkul ||

37.
Dèn-ngêr-ingêr têrbange dèn-lingling |
sinru uga alon |
manut lagon sangêt lan lirihe |
mêksih labêting baut kêtawis |
ping pêk tong gring tong ting |
pong bêng pong bêng pong brung ||

38.
Langkung rahab tamunira sami |
bantu dènnyambyong |
samya micarèng jro wêrdayane |
dene swara mèmpêr sadayèki |
kêlawan jêng kyai |
layak tunggal guru ||

39.
Wus antara nutug dènnya singir |
tamat suwuk alon |
maca sêlawat sêsaurane |
Jayèngrêsmi nulya maca rawi |
kir-ate patitis |
swara manis arum ||

536 Dhandhanggula

1.
Sinduraga ngalêm jroning ati |
myarsa dènnira maca ruwiya |
tan nilip kandêl tipise |
ngling sumangga nak bagus |
asêsambèn angaring-aring |
dhahara nyênyamikan |
sapikantukipun |
yèn wus aso gêgêntènan |
anarêbang ingriku aganti-ganti |
kawula yun uninga ||

Jilid 9 - Kaca : 79

2.
Kang liningan samya anginggihi |
sarwi sêsambèn dhahar nyamikan |
royoman kêmbulan bae |
suta ro sinadulur |
(n)dulurakên marang têtami |
samya rahab nyamikan |
Ni Warsiti lamun |
mangan sinambi liringan |
lan Jèngraga sisinglon iriban liring |
samur nyakot panganan ||

3.
Ingkêmira ngiras angèsêmi |
Jayèngraga angling jroning nala |
gampang mana bocah kuwe |
kaya untu mèh runtuh |
tênagane wus gowal-gawil |
sêmangsa ginêpoka |
ngatut lir dinudut |
wusnya aso sawêtara |
Sinduraga ngulungkên têrbangirèki |
mring Jayèngrêsmi sigra ||

4.
Wawi anakmas andika singir |
kang liningan anampani têrbang |
nulya maca sêlawate |
sajak Yaman Allahu |
Allahu Allahu ya rabi |
Muhamad Rasullulah |
sinauran barung |
têrbange tiniru lamban |
singir ngêlik tanakaltu biaslapi |
arbadi sahodadya ||

5.
Kadas sampung pingli abrahatin |
tanakalu mêntul swaranira |
mêksih dèn-unthêt ulone |
ulêm angglêndêm êmpuk |
Ni Wasita sat-ingsêt linggih |
apasang-pasang tingal |
tan kêsamèng dulu |
tyase iya uga ora |
Ni Warsiti olèh paguting pangèksi |
asêsangkutan ulat ||

6.
Lamun ngêlik iriban mêndêlik |
elok lèjême nora kêjamak |
galak anglarak lirihe |
ting kadhuwêt pikantuk |
bapane wus wruhing pangèksi |
inguja jêjawatan |
juwêtan rinêngu |
mêngkana sadangunira |
dènnya samya rahab sêlawatan singir |
gantya-gantya narêbang ||

7.
Lamun Jayèngraga nrêbang singir |
Ni Warsiti tambuh solahira |
angêtarani pamrihe |
saking kadrênging wuyung |
yèn ta sampun sompok kèh mèksi |
kaya nubruk-nubruka |
anglêthuk angrêmus |
mring baguse Jayèngraga |
ingkang dhe-gus alus bêsus mêsês sigid |
gut-gutên ni-mbok lara ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06) Kaca 49 – 62
  • (07b) Kaca 80 – 83 >