Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10b) Kaca 135 - 143

 

( Nglajêngakên lampahipun dumugi ing rêdi Bajangkaki )

09

IV. Para andon lampah nglajêngakên lampahipun dumugi ing rêdi Bajangkaki, kapanggih Ki Dhatuk, kawêjang bab liring kadonyan lan akerat.

1. Bakda Subuh para andon lampah nglajêngakên lampah kadhèrèkakên Ki Pakuwaja. Miturut Ki Pakuwaja rêdi Bajangkaki punika wingit, ndadak Nuripin nyênyamah wujudipun rêdi wau kados kaki-kaki wungkuk watuk-watuk.

Sanalika sami kataman pancabaya, pêtêng ndhêdhêt kasusul jawah dêrês campur prahara, blêdhèg sêsambêran. Sadaya botên sagêd minggah ing rêdi, sami kaplorot ngantos dhawah kuwalik-walik. Nuripin kacêpit ing kayu-urip. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sami mêsu-budi nyuwun pitulunging Pangeran, wasana pancabaya sirêp saking sakêdhik; sadaya lajêng kèndêl sangandhaping wit, katungka dhatêngipun tiyang sêpuh ingkang mangangge sarwi lungsêt, punika Ki Dhatuk, ngampirakên dhatêng griyanipun ing dhusun Prantèn, sami kasêgah nêdha. Lajêng mangkat ngêtutakên Ki Dhatuk, kèndêl ing guwa Sangsangan, kalajêngakên andêdêr dumugi papaning andha dêling kangge minggah rêdi. Dumugi ing nginggil lêrêm sawatawis, katungka dhatêngipun sabatipun Ki Dhatuk sami ambêkta clupak tuwin sêgahan. Sasampunipun sami nêdha, Ki Dhatuk sawêg andangu para andon lampah wau, nama, pinangka lan sêdyanipun. Sadaya matur barès saengga Ki Dhatuk (Danumaya) sakalangkung kapranan kapanggih putra lan adhining mitranipun duk nèm-nèmanipun. Mas Arundaya, inggih Ki Bayi Panurta.

Ki Dhatuk paring wêjangan bab sampurnaning iman ing kasidan. Dhawuhipun, Sèh Amongraga botên sagêd ginêlak sagêdipun kêpanggih kêjawi ngêntosi saatipun. Lajêng mêjang bab kêkêraning dunya lan akerat, sarta bab tokit sampun ngantos salah wèwèng. Sinambêt wawan rêmbag bab ngèlmi, muyêg, gayêng lan nêngsêmakên.


Kaca 135 - 143.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 135

552 Dhandhanggula

5.
Ing pratingkah ngagêsang puniki |
sampurnaning iman ing kasidan |
kupuning gosul ngalame |
kêlawan malihipun |
ingkang sêdya kula-ulati |
Kae Sèh Amongraga |
lunga (n)don anglangut |
nis tan èstuning sêsana |
amba nuwun pitêdah ingkang sayêkti |
jênêke Sèh Amongraga ||

6.
Kae Dhatuk Danumaya angling |
pan puniku kang dera upaya |
tan kenging winêdhar ing rèh |
sabab wis ahli luhung |
ing pandugi reyang mênawi |
tan kêni dèn-ginêlak |
ing lampah mrih têmu |
wus kêkêr nèng jaman nujba |
tan bayinat tan sirna punika mêksih |
laya nimpar sêsana ||

7.
Ningit ahlinira krana lair |
ing batine wus jaman priyangga |
yèn tumrapa kali gêdhe |
wus nyungab samodra gung |
nanging lagya ambêbêg warih |
angêmbêng ing sawangan |
ambêbanjir ranu |
kadya angêntèni sangat |
mêncêp-mêncêp kantun sabawang sumilir |
manjur laut wilayat ||

8.
Pan ingriku purnaning kêjatin |
pamoring tawa lan asinnira |
tan tawa tan asin rêke |
tawa asin wus jumbuh |
datan kenging pinae budi |
wus sêmèntên kewala |
pêprèjènganipun |
namung kang sami (ng)graita |
tur ta anak bagus wus dèn-cêcawangi |
cêcaloning ahotad ||

9.
Puniku yèn pinarêng ing têkdir |
aywa wèng-wèng sumungkuwèng tekad |
mring utama jalarane |
titigasaning kawruh |
lamun ahli dadya tan kenging |
wèng-wèng kêrana dunya |
kêdah kang sumungku |
anokitakên ing dunya |
dunya pinrih kinarya sampurnèng pati |
pinangkaning kamulan ||

10.
Kaluhuran rahayu dunya-kir |
lamun kang ahli bangsa akerat |
aywa wèngwèng akerate |
kumêdah kang sumungku |
nokitakên akeratnèki |
akerat kang kinarya |
purwaning tumuwuh |
pinangkaning kamulyanya |
kaluhuran rahayu karatonèki |
ing dunya ing akerat ||

Jilid 9 - Kaca : 136

11.
Ingkang kasêbut ing Dalil Kadis |
Kadariyah lan Kajabariyah |
kang tekad puniku lire |
tunggil babaganipun |
nanging datan kenging wor tokit |
kusninira nalirah |
anèng ing têwajuh |
katitah kêdah tinetah |
ing wijajah supaya tumêkèng kusni |
muhamil kang sampurna ||

12.
Aywa tungkul kang kêkêl ing tokid |
tinekadkên kang tuwajuh ing tyas |
dadya tan kebere-bere |
lamun maksih kêburu |
ring têkabur kang niniwasi |
tan awas ing kasidan |
sida dadya kumprung |
pêcad pratandhaning iman |
datan ngeman ing badan budinirèki |
raganya nistha papa ||

13.
Jayèngrêsmi kêpasuk tyasnèki |
sangsaya lir landhêp sinêpuhan |
gumêgês atrap driyane |
Ki Kulawirya muwus |
yèn mêkatên kakang kiyai |
lampah puniki datan |
pangguh kang linuruh |
Dhatuk Danumaya ngling gya |
pan walahu'alam puniku dhi Ragil |
langkung kêrsane Sukma ||

14.
Yèn pinanggihakên ing Hyang Widhi |
pan kêpanggih ingkang ingulatan |
yèn dèrèng kinêrsan dèrèng |
datan kenging binastu |
sawêg lagya kinêrsèng Widi |
anging wajib ihtiyar |
mênawa kêpangguh |
rèhning sami dêdarahan |
lawan botên anikêlakên ing tuding |
sudarma pariminta ||

15.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
anor-raga Kulawirya mojar |
dene anggawok kêrsane |
kojahe kakang Dhatuk |
Danumaya dene amêncit |
datan kêna dinuga |
pêkewuh ing tangguh |
yèn kados mêkotên kakang |
kula nuwun palingringanipun kêdhik |
(ng)gyannipun Sèh Mongraga ||

16.
Lawan malihipun kakang kyai |
mênggah ingkang kal-dunya punika |
narik mring nêrakèng têmbe |
tan prayogi linulut |
apan dadya rubedèng pati |
duraka ing ngakerat |
anèng nêraka gung |
mêlarat sêkaratira |
kakang Dhatuk puniku kadi punêndi |
kawula tuduhêna ||

17.
Lamun wagêd kita anglampahi |
rèhning sampun ngumum ing wirayat |
para ngulama sakèhe |
tarekat kang cinatur |
kakekat myang makripat dening |
wêwalêr nyêgah dunya |
tan arus tinêmu |
tan bisa ahli suwarga |
sabab dening dunya punika kang mawi |
anggigisakên swarga ||

Jilid 9 - Kaca : 137

18.
Kae Dhatuk gumuyu sarya ngling |
ênggèh lêrês patakwan-andika |
nanging ewuh wangsulane |
sami kewala jumbuh |
kang takèn lan kang dèn-takèni |
pan dèrèng tau pêjah |
kalih-kalihipun |
dudugi awag-awagan |
tuna dungkap pêpajar sajroning pati |
lir lampah kamban jangkah ||

19.
Kaplêngkang-plêngkang wêlakangnèki |
rinasa pêgêl tan sidèng lampah |
mundur tan binacutake |
lir takon mring wong bingung |
apan sami dening tan uning |
Ki Kulawirya latah |
samya sru gumuyu |
Jayèngrêsmi laminira |
apan dèrèng kadyèku guyunirèki |
myang Jèngraga angakak ||

20.
Katrinira sami anuwuki |
dènnya gumuyu asuka-suka |
saking jatine banyole |
wus lumrah pra linuhung |
banyolane ngèlmu kakiki |
sor cucut wong andhalang |
tapuk la luludruk |
Kae Dhatuk Danumaya |
pangucape kang puniku adhi Ragil |
pakèwêding agêsang ||

21.
Upamane janma luwih sugih |
sandhang pangan datan kêkurangan |
malah kongsi luwih akèh |
suprandene puniku |
kang sinandhang ingkang binukti |
linampu utang-utang |
ninilih bubruwun |
tan bisa anandhang pangan |
yèn tan angsal utang nilih kang binukti |
pan pinêlalah lupa ||

22.
Wus kadyèka ngagêsang puniki |
sarwa wus darbe sêkalirira |
sinung kawruh mêrtabate |
wus wruh ing ala ayu |
suprandene tan dèn-kawruhi |
yèn ta tinokitêna |
kewala wus rampung |
kalurung dènnya têtanya |
wus têtakon takon malih saya sisip |
bingung êndi ginêga ||

23.
Kang tinakon saguhe wus mêsthi |
wani ananggung Dating Hyang Sukma |
kang sanyata gêlèthèke |
wujude kang salugu |
balêgêre ingkang sayêkti |
miwah nyataning kerat |
nutur jroning lampus |
wruh rasaning jroning pêjah |
saguh wani katêmpuhing dunya akir |
kang luput ing nêraka ||

Jilid 9 - Kaca : 138

24.
Gèsèh wong kang amuwus kadyèki |
kadya wong wus anglampahi pêjah |
myang piniji ing Hyang dhewe |
wong kang mêkotên niku |
pan kêsusu mrih olih pokil |
setan badan manungsa |
nganggêp ngaku-aku |
lumaku ginuronnana |
kang mêkotên sor-soring titahing Widi |
binabag lawan kawan ||

25.
Bangsa urakan tan sinung luwih |
Ki Kulawirya nyanthêng sarya jar |
dene gumriyêng kandhane |
sampun tanggêl kang Dhatuk |
ing liripan kadi-punêndi |
jarwane kang sanyata |
kaop tiyang busuk |
samya ginuywan kang putra |
kae Dhatuk Danumaya angling aris |
dhi Ragil Kulawirya ||

26.
Ing ngagêsang pangulahing ngilmi |
lir ngubak-ubak toya ing dhadha |
tan liyan saking dhèwèke |
nêgês kalawan uwuk |
asor luhur ala lan bêcik |
sami nyandhang martabat |
sangkêp tan na kantun |
wisesa ihtiyarira |
pamilihe nalar wurung lawan dadi |
dêdalan Dalilolah ||

27.
Bênêr luputing kita puniki |
anèng sajroning Kajabariyah |
lan anèng Kadariyahe |
kêdah botên ingriku |
awon pênêd lare lan sisip |
rong prakara nalirah |
tan pisah tan carup |
sami ugi prayoginya |
tan pae-pinae kêdadeyanèki |
dunya kêlawan akerat ||

28.
Lamun ahli-dunya dèn-abrangti |
marang dunya dèn-runtuh sihira |
kêrana dunya jatine |
kasidaning tumuwuh |
datan liyan saking donyèki |
kamurahaning Allah |
Kadariyah nêngguh |
gêng-agênge kang nugraha |
palaling Hyang ing dalêm dunya puniki |
paedahing ngagêsang ||

29.
Sinung sidik sampurnaning pati |
miwah kamulyanirèng ngakerat |
dunya brana pangatêre |
puniku imam-ratu |
sakèhing wong ahli donyèki |
yèn brana wus angrêda |
nir tan ana catur |
kasaru sawiyah-wiyah |
pan rinêksa kamulyanira dunya-kir |
minule ing sêsama ||

30.
Lamun ahli-akerat dèn-brangti |
marang Dalil akerat dèn-gigal |
sihing tyasira sungkême |
kêrana jatinipun |
ing kasidan sihing Hyang Widi |
anglimputi kal-dunya |
sihing Hyang Maha Gung |
kang wus man Kajabariyah |
gêgêdhèning nugraha ing dalêm akir |
paedah ing dêlahan ||

Jilid 9 - Kaca : 139

31.
Sinung ilham sidik ing dumadi |
tuwin manpangat ing dalêm dunya |
Dalil akerat asline |
imam pêndhita luhung |
sakèh wong kang ahli kèrati |
kang wus mukmin ing dunya |
nir tan ana wuwus |
pangina-inaning janma |
pan rinêksa pancabaya ing dunya-kir |
sinihan ing sêsama ||

32.
Kalihe tan wontên prabedanèki |
Kadariyah lan Kajabariyah |
kewala sami kusnine |
puniku dhaupipun |
kadya siyang kalawan ratri |
dangune tan prabeda |
namung kaotipun |
apêtêng kalawan padhang |
samya saking nuring rahman lawan rakim |
wilayating Pangeran ||

33.
Wong kang tuna ing kalih prakawis |
tan Kadariyah tan Kajabariyah |
kapir sabab nora tèyèng |
kathah durakanipun |
manggung gajêg-gajêg tyasnèki |
têmahan nora pisan |
mandhok manahipun |
tan duwe tabiyat iman |
mung tabiyat kumprung wurung maring bêcik |
têmahe nistha papa ||

34.
Tênèh ngambah ing kalih prakawis |
Kadariyah lan Kajabariyah |
angaku uga prasèndhè |
ngalap ro pêksa lubung |
pikir kapir amonyar-manyir |
carup nora nalirah |
kawruhira bingung |
tan duwe tabiyat iman |
têmahannya sudra papa sor ing budi |
beda lan kang aiman ||

35.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
myarsa linging Dhatuk Danumaya |
sangsaya têrang driyane |
kêluhuran ing wuwus |
wêwatêsing ahlining tokit |
tan sagêd mangsulana |
sarèh ing pamuwus |
katri lan Ki Kulawirya |
samya ngungun kalêrêsan tyasirèki |
samya awirangrongan ||

553 Wirangrong

1.
Kadya tuwuk tanpa bukti |
myarsa saliring wiraos |
tan ana suma mar kaolipun |
amranani kapti |
tan ana bedanira |
lan kang samya wus man ing tyas ||

Jilid 9 - Kaca : 140

2.
Ki Wuragil mèsêm angling |
sasmita ring putra karo |
de langkung nyata pun kakang Dhatuk |
Danumaya iki |
padhang têmên tyasingwang |
myarsa riwayat pratela ||

3.
Kakang Dhatuk Danumayèki |
kaole dene gumacos |
anglêjarkên manah muradipun |
sêdhêngan pêsagi |
tan ewuh surupannya |
tan inang padhang agampang ||

4.
Bêbêgjan bisa nglampahi |
nanging ing manah sumrowong |
kang putra ro nabda inggih sèstu |
tan sumêlang kapti |
Ki Dhatuk Danumaya |
aris dènnira anabda ||

5.
Kang puniku adhi Ragil |
sawêg sêlamba kemawon |
pan dèrèng kantênan têmtunipun |
sabab têksih sami |
reyang riki lan rika |
dèrèng wus man ring utama ||

6.
Nanging ta namung mênawi |
kêdugi samya linakon |
ywa age anggege ing pitutur |
rinasa kariyin |
kêlamun wus kadriya |
dadya tan kêtêlanjukan ||

7.
Yèn ta kadyèka dhi Ragil |
anggunggung marang kang omong |
puniku sangsaya wêwah luput |
tan surub ing ilmi |
apan tuna ing tampa |
tur ta kang tutur tan bisa ||

8.
Mathêm ginunggung (n)jêngginik |
guru geroh nora ènjoh |
sira pra ngawirya sru gumuyu |
myarsa dènnira ngling |
Ki Kulawirya latah |
ngling bilah saya tan jamak ||

9.
Ngawruhi kang lukak-lukik |
saking padhange nêrontong |
amudhoni rasa tan katlisud |
kalêthêking ngati |
tan ana kang kadyèka |
lir Ki Dhatuk Danumaya ||

10.
Kang rinasan mèsêm angling |
lah apa andhang mêngkono |
wau wis anduga yèn kadyèku |
Ki Kulawirya ngling |
krana lahe kewala |
tan anggungung ing paduka ||

11.
Tan pati sambèn nyênyamik |
Ki Dhatuk lingira alon |
paran ing kêrsanta anak bagus |
kêrsaning ing mangkin |
yèn pinarêng ing kêrsa |
rêrêm ing sêpasar êngkas ||

Jilid 9 - Kaca : 141

12.
Jèngrêsmi turira aris |
maklum paduka kemawon |
wus lami nèng paran yèn panuju |
kawula pa-amit |
sapikantuk nèng mêrga |
tirakat lawan pitêdah ||

13.
Sudarma kinèn ngulati |
kadang tuwa kang lunga-ndon |
mênawi kapadhêk anèng purug |
Ki Dhatuk lingnya ris |
inggih langkung prayoga |
lamun sêmbada ing lampah ||

14.
Luhung lajênga mring Rawi |
kalamun angsal pawartos |
ing kiwa têngênnya tanah ngriku |
ing Kalangbrèt tuwin |
Trênggalèk Lêmbuasta |
(ng)gyanning Kidang Wiracapa ||

15.
Wartine dadi priyayi |
nèng Lêmbuasta bêndhoyot |
wiyar polatannya aywa tanggung |
patirakatnèki |
Ki Kidang Wiracapa |
tan prabeda lawan reyang ||

16.
Mitrane ramanirèki |
kang reyang pajar duk anom |
pra ngawirya suka myarsèng wuwus |
samya matur aris |
inggih sèstu punika |
malaju mring Lêmbuasta ||

17.
Ki Dhatuk Danumaya ngling |
suwawi sami a-Suboh |
luhung mupung awal wêktu Subuh |
nulya samya mijil |
akadas mring kucuran |
sawusnya wulu sêdaya ||

18.
Ki Ragil Kulawiryèki |
dènnya adan tumêlawong |
wuse samya sunat Kae Dhatuk |
ngling mring Jayèngrêsmi |
ingancaran mangarsa |
angimami ing asalat ||

19.
Kang liningan gya mangarsi |
ngangkat usalinira lon |
praptèng takbirira sêdaya wus |
niyat praptèng têkbir |
ibtitah laju wajah |
wus wajah maos Patekah ||

20.
Langkung pasèkatirèki |
kir'ate patitis aos |
sawusing Patekah suratipun |
Sujada inapti |
nuju lapal Yasjuda |
adêgira sinujudan ||

21.
Wangsul adêgira malih |
rêkangat akir wiraos |
sawusèng Patekah suratipun |
Kasar sarèh apik |
dangu rêkangatira |
adêgira Kinunutan ||

Jilid 9 - Kaca : 142

22.
Wus prapta tahyatira-kir |
salam bakda salat Suboh |
nutuk pupujiyan dhikiripun |
pêndonganirèki |
Ki Dhatuk Danumaya |
kêlangkung panggunggungira ||

23.
Cadhangan aolia di |
aotad bangsa kinaot |
Ki Dhatuk tan samar ing susungut |
sêmining aluwih |
ngawirya ro ngalamat |
nujba aotad kutuban ||

24.
Jèngrêsmi lan Jayèngragi |
kadi-kadi tan kêladhok |
wusira pêragat wêktunipun |
sêsalaman sami |
gya kundur maring wisma |
mèh anjurudêmung enjang ||

554 Jurudêmung

1.
Lênggah ing bale watangan |
bubucu wus anèng ngayun |
angêt-angêtan sêdarum |
Kae Dhatuk Danumaya |
angancarani tuturuh |
suwawi samya anadhah |
ngêt-angêtan mupung esuk ||

2.
Agupuh ingkang liningan |
dènnya nadhah Kae Dhatuk |
intip kang ginugut-gugut |
tan pati ngambil lawuhan |
namung anyarati kalbu |
antara dangu dènnira |
bukti gya samya tuturuh ||

3.
Ambêng nulya cinarikan |
pinaringkên santrinipun |
wong roro lawan Ki Paku |
wong roro samya amangan |
anutug sakarêpipun |
warêg kongsi nora têlas |
luwaran linorod mundur ||

4.
Sampun dènnya samya nadhah |
Ki Kulawirya turipun |
ing lampah prayoginipun |
wontên grêmaning lampah |
pitulungipun kang Dhatuk |
kang kadya Ki Padhangeyan |
sira Ki Sèh Sidalaku ||

5.
Inggih kae Wargasastra |
sung tuduh mring santrinipun |
punika santri kang tumut |
mariki atêdah marga |
Ki Dhatuk mèsêm amuwus |
puniku kirang utama |
nglong-nglongi kangèlanipun ||

6.
Suda pèdahing tirakat |
yèn mawi wontên kang tuduh |
kaecan ing lampahipun |
pênêd kang asring kêsasar |
-sasar kêparung kêlurung |
prayogi ingkang kêsrakat |
dadya kathah susahipun ||

Jilid 9 - Kaca : 143

7.
Tirakat ingkang manpangat |
kang ngêmu kuwatir kalbu |
rêkasèng lupa milalu |
puniku ingkang utama |
samya asuka gumuyu |
Ki Kulawirya alatah |
bilah dene sarwa unggul ||

8.
Ngluhuri kojahing lampah |
ngong tan bisa nusul wuwus |
kang putra samya gumuyu |
inggih sèstu kasinggihan |
lir uwa pamuwusipun |
lah inggih suwawi paman |
apamit sêdhênge laju ||

9.
Amaruput mupung enjang |
dèrèng wêdharing surya-suk |
wus samya magud pandulu |
Jayèngrêsmi ris manabda |
mring Dhatuk Danumayèku |
lamun parêng ingkang kêrsa |
kawula nuwun pangèstu ||

10.
Kae Dhatuk Danumaya |
aruruh dènnira muwus |
inggih sumangga ing kayun |
benjang yèn prapta kêrajan |
Wanamarta pêmbagyèngsun |
salam reyang ing ramanta |
yayi Bayi Panurtèku ||

11.
Myang mring kulawarganira |
Jèngrêsmi turira nuwun |
sarwi naos salamipun |
Ki Dhatuk gupuh asalam |
sarta abibisik muwus |
wêkas-reyang ing anakmas |
aywa wèngwèng ing pandulu ||

12.
Benjang andika kinêrsan |
maring Hyang Ingkang Maha Gung |
lan rinta Jayèngragèku |
ing solah pratingkah rucah |
nanging wus takdir tar wurung |
kewala ugungên rinta |
yèn mangsa nalikanipun ||

13.
Benjang ywaning Wanantaka |
ingriku babarirèku |
mênawa lamun saèstu |
ing panarike kakanta |
Sèh Mongraga kang linuhung |
malah mêksiha gagatra |
kang samya pinulung luhung ||

14.
Wêdharing bangsa oliya |
dede saking tapa ngèlmu |
pan saking sêntosèng kalbu |
êninge cipta bêlaka |
kang puniku anak bagus |
pèdahe pangguh lan reyang |
reyang pintên bangginipun ||

15.
Yèn sagêd kapuwèng tama |
rèhning tuwa apitutur |
supaya ywa wèngwèng kalbu |
wuse poma wêwêkas-reyang |
Ki Jayèngrêsmi adhingkluk |
asanggêm liring pitungkas |
dangu têkêman astèku ||

16.
Luwar têtangkêbing asta |
nêmbah anuwun pangèstu |
nulya Jèngraga mangayun |
atur salam rinaharja |
anuwun wus nulya mundur |
Ki Kulawirya mangarsa |
salam-sinalaman gupuh ||

17.
Wus samya asêsalaman |
myang santrinira angujung |
ngawirya tri samya matur |
pamit mêdal pasilan |
Ki Dhatuk Danumayèku |
arum wijiling wêcana |
lah inggih anakmas bagus ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10a) Kaca 125 - 134
  • (11) Kaca 144 - 151 >