Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 144 - 151

 

( Pamit dhatêng ing Kalangbrèt, Trênggalèk lan Lêmbuasta )

09

2. Bakda Subuh para andon lampah pamit, kaprayogèkakên dhatêng ing Kalangbrèt, Trênggalèk lan Lêmbuasta panggenanipun Kidang Wiracapa, ugi mitranipun Ki Bayi Panurta.

Ing têngah margi ki Pakujiwa kadhawuhan wangsul, lajêng pêpisahan. Lajênging lampah rêkaos jalaran marginipun bêntèr ngênthak-ênthak, lajêng ngaso ing ngandhaping wit kosambi. Mangkat malih, wanci sêrap ngajêngakên Mahrib ngênêr padhusunan.


Kaca 144 - 151.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 144

554 Jurudêmung

18.
Reyang umiring raharja |
mugi basukiyèng purug |
kêdhatêngana ing kayun |
wusnya samya kinalilan |
sarêng dènnira amundur |
Ki Dhatuk gupuh tumêdhak |
nguntap ing pêlataripun ||

19.
Ngawirya matur nor-raga |
ingriki kewala sampun |
Ki Dhatuk lingira rum |
laju tumurun mêngandhap |
ngidul-ngetan nut lulungur |
(n)jog dhusun ing Dringo ngandhap |
kathah kanthining lêlaku ||

555 Kinanthi

1.
Kang liningan lon umatur |
nuwun umangkat lumaris |
pan anut pitudingira |
Ki Dhatuk Danumayèki |
saking Parantèn mêngandhap |
lêlêngkèh tunggangan kêndhit ||

2.
Lulungur wasta ing Griguh |
sela wêlaka amagir |
kêwilis ing katèpan |
walêd nampu kajar angkrik |
lulumut lunyu kêbunan |
ngacêm ing padanira tis ||

3.
Rêpêt saput-lêmah pêdhut |
limut lumalating enjing |
mijang kang mawèng sêsela |
silo ampak anampêki |
tar kawistara tang mêrga |
gêrago garap maririh ||

4.
Ruruntungan rangu-rangu |
karêngon rêmêng mêksènjing |
ima masinjang bangun bang |
lulusiran ngawiyati |
sumirat pajar sidik byar |
ambabar nêrantang wukir ||

5.
Mèh rahinèsmu mabangun |
Hyang Aruna duk umingib |
-mingib ing udayèng ngarga |
lir laraping dyah ma-èksi |
andhingkik têkèng mahawan |
awawan mimilih mêrgi ||

6.
Swabawèng pêksi narawung |
ngocèh kacakswuh kapyarsi |
sata-wana pêpêtukan |
kêluruk ramyèng pang garing |
mrak nyêngungong ing abahan |
beyo bayan lawan nori ||

7.
Prêkutut anduduk layu |
manggung cumêngklung sênggani |
asri swaranira rungwan |
kumringsing jangkrik bêbêring |
kungkung kongkang ing pangrongan |
ngumandhang ing jurang trêbis ||

Jilid 9 - Kaca : 145

8.
Kasulak silak tan siluk |
kasirat kênyaring rawi |
drawela Hyang Andakara |
mrabani sèsining bumi |
acitra kawining patra |
katrapan dipèng suryènjing ||

9.
Kadya wadining asinglu |
ningid kacacadanèki |
jrih kawistarèng narendra |
andhar pangungsèn ri ratri |
wusana wus kacênthikan |
pangadilaning nrêpati ||

10.
Tan kenging ngumpêt sawêgung |
tang roning kitri duk ratri |
mangsènjing katrangan ingkang |
Hyang Raditya ngujwalani |
mêngkana umapanèka |
rêsmining langêning wukir ||

11.
Yata wau lampahipun |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri lan Ki Kulawirya |
Pakujiwa lan Nuripin |
Ki Paku lumakèng ngarsa |
ing Griguh malipir tambing ||

12.
Tumurun saking lulungur |
mêrgi ngêrakal arumpil |
asingub silak luk-lukan |
jurang parang ngrong kapering |
anètèr ing pangungangan |
nêrampat rumput ngêbêsi ||

13.
Ing lampah sêngkan tumurun |
pèpèrèng sukuning wukir |
tugaran tinêgal gaga |
gaganing wong ing Balimbing |
pinagêr wuluh risigan |
lanjaran kacang kêcipir ||

14.
Kêkara kêrai timun |
kêtela katès gêmbili |
lombok terong jarak kapas |
jagung ontong canthèl jali |
suwêg gadhung walur kacang |
têgal têtêbakan sami ||

15.
Banjêngan tanêmanipun |
sasukanira mijèni |
kang lumampah anut dhadhah |
mudhun nabrang lèpèn alit |
minggah tètèring cêlangap |
nampak pasabinan radin ||

16.
Mêlipir pinggiring dhusun |
ing sawo asri kaèksi |
raryan sor bulu mêmucang |
Jèngrêsmi ngandika aris |
lah wus paman Pakujiwa |
kewala nimpang nèng riki ||

17.
Nulya sinalaman gupuh |
Ki Pakujiwa amundhi |
nuwun-nuwun aturira |
liningan andum basuki |
salam pangabêktiningwang |
rika aturna kiyai ||

18.
Dhangeyan Sèh Sidalaku |
Ki Pakujiwa turnya ris |
amba andhèrèk raharja |
sinauran sami-sami |
gantya wus samya salaman |
Pakujiwa lèngsèr ngarsi ||

Jilid 9 - Kaca : 146

19.
Gupuh kang lumampah mantuk |
umangkat ngawirya katri |
laju mêrgèng pagalêngan |
mêngidul dènnya lumaris |
ing dhusun Pakêm pangkalan |
ngidul ngetan lorog sabin ||

20.
Ing lampah anjog mêrga gung |
amanjat gêgênêng inggil |
sumêngka sangêt anênggak |
ing Bubuk wastanirèki |
wana bubulak tar wrêksa |
lungur gêng mênggêr amagir ||

21.
Anggênggêng galagah rayung |
situn ri tanjang kêlampis |
sisir usit sêrut maja |
rurumbut gêrumbul kingking |
kêlangkung rêkasèng lampah |
anduduk nênggêl mênginggil ||

556 Mêgatruh

1.
Yata ingkang mahanjat mêrgi ing Bubuk |
kabêntèr surya tumiling |
kêlangkung rêkasèng laku |
tan ana payomanèki |
Nuripin agrigah-grigoh ||

2.
Gêrundêlan dêlanggung apa kêlangkung |
anênggak dene atêbih |
sapa kang gawe dêlanggung |
niaya mring wong lumaris |
(m)bok menggok sing êndhèk kono ||

3.
Ki Wirya ngling lho Nuripin lêkas muwus |
anutuh wong gawe mêrgi |
lah (m)bok aywa rêp lumaku |
bêcik nimpanga pribadi |
sasênêngira amenggok ||

4.
Ki Nuripin akesotan sarwi muwus |
(ng)gènnipun menggok mring pundi |
jurangipun nyamut-nyamut |
kanan kering samya trêbis |
Ki Wirya muwus lho êmbuh ||

5.
Anêmplunga ing kono jurang kang trêjung |
pilihên sadhengahnèki |
apa êlor apa kidul |
lèhmu angglundhung nimpangi |
iya mrih bisane aso ||

6.
Lon umatur dede pabênan puniku |
aso-aso apan posit |
mangsi umura sabêdhug |
ngling jabakna positnèki |
nanging pêsthi bisa aso ||

7.
Ginaguyu mring kang putra kalihipun |
anamur rêkasèng mêrgi |
sakêdhap tansah ngrêrapuh |
kèndêl ing lampah tan linggih |
jumênêng kewala ngaso ||

Jilid 9 - Kaca : 147

8.
Ngantak-antak dènnira samya lêlaku |
panasing surya nêngahi |
mêksih anêngka mêndhuwur |
sinampyêng pamanjatnèki |
santri Nuripin angrèmpong ||

9.
Lingsir kulon campêde inggahanipun |
praptèng tutungganganèki |
mênggêr agiring lalungur |
wontên wrêksa gung sawiji |
kusambi ngêrongkob ayom ||

10.
Samya kang katoran anèng ngriku |
munggul kaididan angin |
kang rèrèh rasa pikantuk |
sêgêr kemarutan isis |
lêlêson sêsèndhèn kayon ||

11.
Ki Nuripin anggloso sarwi amuwus |
e lah olèh gawe iki |
kangian anèng sêsèdhum |
dudu rasaning kang mêrgi |
esuk kongsi lingsir kulon ||

12.
Nora wêruh rasane kayèn kang seyup |
lagyèki nêmua aring |
aras-arasên lumaku |
kongsiya sêpasar bêcik |
nèng kene kêpenak aso ||

13.
Kae Kulawirya gumujêng amuwus |
iya kariya pribadi |
mêngko kariya sirèku |
ing kono witing kusambi |
dimène pinangan potho ||

14.
Ki Nuripin sarwi turon mungkur matur |
kados tiyang dosa pati |
dene mawi dipun-êrut |
puniku ta botên jangji |
tiyang ngraosakên aso ||

15.
Pan sanès pêrkawis dede sambungipun |
sawêg sakeca aisis |
garundêlan ririh muwus |
ingong bae dèn-wanèni |
bok karo putrane keyok ||

16.
Kulawirya gumuyu asru amuwus |
lho dene edan Nuripin |
cêlathu sêmbari mungkur |
nora ngrèmèsi wong angling |
jawane madhakkên bokong ||

17.
Samangsa dèn-bandhêma cêngêle ngrajuk |
Nuripin nolih atangi |
gumuyu sila umatur |
bangêtên bêndara kyai |
wong kêsêl-kêsêl binêndon ||

Jilid 9 - Kaca : 148

18.
Anèng wana (m)bok inggiha ingkang maklum |
Ki Wirya gumuyu angling |
lah ya wus turonna bagus |
matur ah botên ajrih jim |
yèn dosa malih awêdos ||

19.
Lho bandhole Nuripin angot ambêrung |
lèhmu ngewuhake ati |
mêngko tak lempar lambemu |
yèn dèn-kon kaya dèn-pênging |
yèn pinênging kaya dèn-kon ||

20.
Glela-glele Nuripin tyase pakewuh |
jêg nora jêg dèn-lakoni |
Ki Wirya kèngêtan lamun |
gêgilanane Nuripin |
tumingal ana têmbêlong ||

21.
Dèn-uncalkên ing wêtêngira kumapluk |
kandhêg nèng kandhutanèki |
Nuripin (m)bêngok anjêpluk |
biyung bêlah setan-rojim |
aniba blêg sru mimisoh ||

22.
Kêna sibat têmên dudu wong si Jidu |
sarwi mundêlik tan eling |
kêjot gumêtêr sakojur |
mata dhipêt (m)brêbês-mili |
ngawirya ro kagyat gupoh ||

23.
Anulungi mring Nuripin kang tan emut |
têmbêlong binuwang aglis |
Jèngrêsmi wêlas andulu |
ngusapi luhe Nuripin |
Jèngraga anguwoh-uwoh ||

24.
Jroning driya Jèngraga angampêt guyu |
dènnya (n)jangkar mring ki Ragil |
Ki Kulawirya gêgêtun |
dinalih tan klêngêr yêkti |
jro tyas gumuyu wlas anon ||

25.
Pan ginugah-gugah mring Jèngraga dangu |
dènnya kêlêngêr Nuripin |
nulya-ling gragapan gugup |
lir wong tindhihên dènnya ngling |
hèh hèh hèh hèh angruruntoh ||

26.
Jayèngrêsmi pa wus waras sira iku |
sarwi tinangèkkên aglis |
matur inggih sampun emut |
mêksih mèwèk (m)brêbês-mili |
lir pinucung dhêlog-dhêlog ||

557 Pocung

1.
Ginaguyu Nuripin alêngar-lêngur |
Jèngraga ngling latah |
mêtu pamère Nuripin |
anggêgancar sêjarah duk jan-munijan ||

Jilid 9 - Kaca : 149

2.
Sru gumuyu Ki Kulawirya amuwus |
ambakna wong gila |
têmbêlong kang dèn-wêdèni |
tan matèni nglaranana bae nora ||

3.
Kêjabèku jrih mring ula macan patut |
yèn dèn-gilanana |
sababe ambilaèni |
nora patut wruh têmbêlong bae gila ||

4.
Sêtun-sêtun mring ulêr nglarani bidhur |
patut winêdènan |
luwih gêdhe bae wêdi |
Ki Nuripin mêksih ngoso aturira ||

5.
(n)Dika niku mring cindhil kewala kagum |
dospundi wawi ta |
cindhil nglarani punapi |
Jayèngrêsmi Jèngraga gumuyu suka ||

6.
Mèsêm muwus Ki Wirya sarwi gumuyu |
jêr ngong wruh rupanya |
kinyir-kinyir (ng)gigilani |
Ki Nuripin ngêcêmut matur plorokan ||

7.
Prandenipun tan têpa-têpa puniku |
èh e (m)bok paduka |
dèn-uncalana lir mami |
Ki Wirya ngling (m)bok jajalên uncalana ||

8.
Pêsthi nêmu bilai sira sun-pênthung |
cêngêlmu bèn modar |
Nuripin grundêlan angling |
andêlêna mring wong bae waninira ||

9.
Dèn-wus-uwus ngawirya ro sru gumuyu |
myat mring kang paguywan |
wus tata alênggah sami |
Kulawirya angling marang putranira ||

10.
Lah ya iku wong gila-gila andulu |
paran kang amawa |
dene sabên wong tan sami |
lah apane kang amawa mêngkonowa ||

11.
Mèsêm muwus Jèngrêsmi inggih puniku |
pêngraos kawula |
pan ing ngagêsang puniki |
wus pininta linging Kadis Rasulolah ||

12.
Wong puniku pinanjingan wus têrtamtu |
apan ginantungan |
ing wolung prêkawis pêsthi |
kêndêl jrih asih lan sêngit punika ||

13.
Pintêr blilu tan kenging botên puniku |
sipat janma gêsang |
têmtu kang kalih prêkawis |
ingkang dèn-karêmi lan sinêngitan ||

14.
Apan uwus ing dalêm titah puniku |
pan tan ketang pêcat |
kang tinampik kang pinilih |
kang mawi puniku panjingane titah ||

15.
Kang puniku kenging tinarik lan wuruk |
saking ginaluta |
yèn pinrih saking sakêdhik |
dintên têkèng saban-saban tahan tuman ||

16.
Nambung wuwus Jèngraga mring pamanipun |
yèn kadyèka paman |
paduka gila mring cindhil |
ginulanga lami-lami mantun gila ||

Jilid 9 - Kaca : 150

17.
Mèsêm muwus lah iya iku ta êmbuh |
pêngraos-manira |
kaya nora bisa mari |
matur inggih sawêg prangaos-paduka ||

18.
Sru gumuyu priye ing kono sirèku |
Nuripin ya padha |
duwe gigilan lir mami |
paran bisa ginulang mrih mari gila ||

19.
Aturipun ah kula pilalah lampus |
pinurih puruna |
mring têmbêlong langkung ajrih |
(ng)gih sêdasa-dasa tiyang kêdah gila ||

20.
Lingira rum Jayèngrêsmi iya iku |
saking atinira |
tan kudu (ng)gugulang wani |
pênggulangmu namung maring dhandhanggula ||

558 Dhandhanggula

1.
Yata wau ingkang ngaring-aring |
mêngnginggiling lulungur tunggangan |
ing Bubuk langkung kasêngne(?) |
Jèngrêsmi lon amuwus |
wawi paman umangkat aglis |
mutawatir ing wayah |
poting wêktu Luhur |
yèn kalularatan toya |
Ki Wirya ngling ya bêbêgjan bae mangkin |
yèn êpot mêngko jamak ||

2.
Ngalap wênang jamak anèng mêrgi |
nulya umangkat saking agiran |
ngetan tumurun lungure |
andêrojog ngêlantur |
angêrakal mêrginya rumpil |
kêrikil awiwalan |
kêsandhung ing suku |
Ki Nuripin gêriguhan |
gêrundêlan dêlanggung êmbuh pinilih |
kang mudhun lan kang manjat ||

3.
Sarwa nora kuwagah nglampahi |
dening rasane laraning ngawak |
dêlanggung padha kêsuwèn |
anglulu wong lumaku |
boyok cingklak polok lir pêthil |
tungkak kadya cêpola |
kapancal ing watu |
Nuripin sangêt dènnira |
angrêrêmpong kantun nèng wuri atêbih |
bot thukul bubulira ||

4.
Bubul mundul grigah-griguh wigih |
kagriyul kêrikil anjêngat |
andheprok asru larane |
kadhiglagan lumaku |
parêmbèhan ambrêbês-mili |
datan nututi lampah |
angantun sang bagus |
rêrèndhonan lampahira |
praptèng jurang sampun wontên lèpèn alit |
kali Sêmpu wastannya ||

Jilid 9 - Kaca : 151

5.
Dangu-dangu anganti Nuripin |
nulya prapta linggih sila-tumpang |
anguwik-uwik bubule |
sarwi dinamu-damu |
pan kinukur-kukur ing pinggir |
ngêdên ngrasakkên lara |
nyêdhak dènnya lungguh |
lah Ki Ragil Kulawirya |
lagya turon rêm-rêm ayam ngaring-aring |
Ki Wirya kagyat mulat ||

6.
Mojar e e bandholên Nuripin |
apa dhasare sira ko(k) jarag |
dene abênêr prênahe |
irungku lan tungkakmu |
cêdhak têmên lèhira-linggih |
nèng ulon-uloningwang |
bangêt dêgsuramu |
Nuripin mèsêm ngrêrêpa |
inggih nuwun apuntên (n)dara kiyai |
rèhning sakit kêsêsa ||

7.
Angot bubulên duk wingi ratri |
sarêng tumurun wau punika |
kang bubul mundhak malênte |
asring kagriyul-griyul |
ing kêrikil (n)dheprok ing mêrgi |
mila kantun atêbah |
repot dening bubul |
Ki Wirya mèsêm lingira |
yèn mêngkono têgêse manira iki |
kon ngambung bubulira ||

8.
Nuripin mêngkêrêt gulunèki |
matur nuwun lah botên amokal |
lamun mêkotên artine |
sêlak botên kadyèku |
kala panggih pintên prakawis |
Ki Kulawirya mojar |
êmbuh jarmu iku |
dhasar wus wong sira-jarag |
cocokormu kaungkulkên rai-mami |
nora idhêp ing tata ||

9.
Sarwi binalang bubulirêki |
Ki Nuripin anjêlèh kumrengkang |
bilah bangêtên kenthole |
ngalih (ng)gon dènnya lungguh |
(ng)gêrêng ngêsês (m)barêbês-mili |
Ki Wirya latah-latah |
mojar karêpamu |
tambane wong cêlangkrakan |
jêr (m)bêdadhok durèn nora nganggo eling |
kêponggene dèn-untal ||

10.
Jayèngrêsmi mèsêm ngandika ris |
iya ta lah e Nuripin sira |
nèng paran repot sikile |
mêsakakên sirèku |
apa ingkang kinarya jampi |
Jayèngraga lingira |
(m)bok lir man pêngulu |
kinojahan Jamil Jamal |
biyèn kae apa ora wus mangêrti |
tambaning bubul bêlak ||

11.
Matur inggih kèngêtan kang jampi |
Ki Kulawirya gumuyu mojar |
tamba bubul mono kae |
nora kaya bêluluk |
dèn-bênêm kang panas anuli |
pinidak nèng bubulnya |
dèn-kongsi asêru |
yèn kadi iku wêsi bang |
linodokkên Ki Nuripin kirig-kirig |
mêlorok gêrundêlan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10b) Kaca 135 - 143
  • (12a) Kaca 152 - 168 >