Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 40

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 215 – 231

 

( Têngah dalu sami bibaran, Jayèngrêsmi ngaso ing langgar )

09

2. Têngah dalu sami bibaran, Jayèngrêsmi ngaso ing langgar, Kulawirya lan Nuripin ing paningrat. Namung Jayèngraga ingkang tilêm ing griya. Ki Nurbayin lan semahipun lumêbêt ing sênthong têrus tilêm.

Anak-anakipun Ki Nurbayin prawan têtiga sami gêgujêngan. Ingkang karêmbag anggènipun sami nginjên bapak-êmbokipun sami salulut.

Saking adrêngipun manah kêpengin pulang asmara, mila lajêng nêmpuh byat gêntos-gêntos paripaksa nusul tilêm Jayèngraga. Kalampahan sami andon asmara kanthi solah-tingkah niru bapak-êmbokipun.

Enjingipun bakda Subuh, para andon lampah mangkat dhatêng Trênggalèk Lêmbuasta, kadhèrèkakên pêtinggi Raga-mênggala.


Kaca 215 - 231.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 215

582 Dhandhanggula

2.
Jayèngrêsmi anauri aris |
inggih paman prayogi ginantya |
ilmine sarat têtanèn |
utami yèn tiniru |
kojah mring sêlamête pingil |
kasab kasiling sawah |
sangêt lothungipun |
benjing yèn prapta ing wisma |
wong ing Wanamarta kang samyolah sabin |
winulangan supaya ||

3.
Kawêdalan dènnira sêsabin |
kang paman manthuk mèsêm ngandika |
iya yèn besuk wus mulèh |
wong ing kana winuruk |
yata wau wancining ratri |
lingsir wêngi anggagat |
mra-têlu wit bangun |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
kakang Raga-mênggala lan man Nurbayin |
prayogi ta luwaran ||

4.
Kula nêdha sarèh anèng mêsjid |
sèmèk lêlayapan munggwing langgar |
Nurbayin lan pêtinggine |
samya lon nor umatur |
yèn sêwawi kewala ngriki |
ing jrambah pasênthongan |
kawula atunggu |
nèng jawi samya lèk-lèkan |
Jèngrêsmyang-ngling mugi sami amaklumi |
mring wang katoran lampah ||

5.
Raga Mênggala lawan Nurbayin |
samya umatur sumanggèng kêrsa |
gupuh ngrakit gêlarane |
Jayèngrêsmi umêtu |
mudhun bubar kang samya linggih |
amulih sowang-sowang |
wau sang abagus |
laju tangat anèng langgar |
Kulawirya nèng paningrat lan Nuripin |
sinaosan gêlaran ||

6.
Tuwin pêsareyannya Jèngragi |
anèng wisma priyangga pimrênah |
nèng salu alit (m)bing kilèn |
Ki Nurbayin wus masuk |
mring jêro mah lan rayatnèki |
lajêng samya anendra |
mêngkana kang sunu |
Banêm Banikêm Baniyah |
wong têtêlu nèng salu sami alinggih |
rêrasan guligikan ||

7.
Guguyon ririh pating barisik |
saking dahat mêpêk birainya |
malah sêmada kêlungsèn |
sami pêrawan jêbug |
ting gadêbug durung alaki |
dèrèng wruh rasèng priya |
nanging sring andulu |
bapane yèn gêgarapan |
lan biyange lêt rong bêngi têlung bêngi |
anginjên ing bapanya ||

8.
Dènnya pulangyun kalaning ratri |
ni rara tri pan ajak-ajakan |
rêbutan sami anginte |
sabên-sabên andulu |
mring biyunge kang anèng nginggil |
bapane lininggihan |
ngêthêngkrêng amangku |
jumbul-jumbul kêtingalan |
mring anake kang anginjên gênti-gênti |
nyanane wus lumrahnya ||

Jilid 9 - Kaca : 216

9.
Wong wadone ingkang anèng nginggil |
wong lanange ingkang ngadhag-adhag |
mêngkana ing pênyanane |
saking dèrèng sumurup |
brêkating wong durung nglakoni |
tan wêruh ingkang mawa |
bapane wus sêpuh |
tan pati gurnan ngêrengkang |
plaur mlumah kang tan sasah kongkah-kangkih |
kang uthi nyainira ||

10.
Wong wus tuwa repot Ki Nurbayin |
bojonira pan mêksih nom berag |
dadya biyung kawalonne |
marang ni rara têlu |
sabên wêruh dènnya anginte |
anuju kabênêran |
biyunge nèng luhur |
bapane ingkang malumah |
lamun nuju salumrahe wong sênggami |
ni rara tan uninga ||

11.
Yata ni rara katêlu sami |
ting gadhêgês sami galênikan |
nèng ngambèn sami bêbraèn |
sami kalêthêkipun |
pêngarahe mring Jayèngragi |
bisa-a sacumbana |
ni rara katêlu |
ni Banêm lon wuwusnya |
mèsêm-mèsêm mring rine ni rara kalih |
aririh bibisikan ||

12.
Sainggane dhêdhayohmu iki |
ya kemase bagus Jayèngraga |
apa gêlêma kirane |
jinak sapulanging hyun |
lir sibiyung kalane ratri |
anumpang mring si rama |
apa ta ya ayun |
priye Banikêm Baniyah |
tyasku iki nora kêna dèn-sayuti |
sru brangta mring Jèngraga ||

13.
Ni rara ro anauri ririh |
iya êmbuh kono (m)bok cinoba |
gêlêm ora kêruane |
kiraku bae ayun |
wong kêpêncil tan ana janmi |
diyane pinatènan |
pêtêng nora na wruh |
sarasane atinira |
padha nora beda wong têtêlu iki |
kedanan mring Jèngraga ||

14.
Mêdhar wadi tan ana sin-isin |
saking padha karêpe ni rara |
jaragan tunggal karêpe |
ni Banêm lon amuwus |
lah (m)bok sira Banikêm dhisik |
salah siji sadhengah |
-neya wong ro iku |
Banikêm Baniyah mojar |
kowe bae kang Banêm dhisika bêcik |
prayogane wong tuwa ||

15.
Banêm jiniyat kinèn (n)dhisiki |
nglêsêd anguh kêtêge dhêg-dhêgan |
angorong salit gondhange |
clêgukan ngulu idu |
gajêg mara gajêge suthik |
pinêksa mring rinira |
rara kalihipun |
gage ta payo sadhela |
ngarah apa nora nana wong liyaning |
wong wis padha kewala ||

Jilid 9 - Kaca : 217

16.
Nulya mangkat Banêm wadhag-widhig |
maring gyanning kenthol Jayèngraga |
Jèngraga pan dèrèng sare |
sapolahira wêruh |
ni rara tri dènnya ting klêsik |
Banêm mara Jèngraga |
api-api turu |
diyane wus pinatènan |
praptèng gyannya sêg kêdhêkês mèlu guling |
angêkêp lambungira ||

17.
Jayèngraga pi kagyat ngling aris |
sapa iki ngêkêti maring wang |
ni Banêm alon ature |
dhuh kawula sang bagus |
sangêt wiyang moyang tyas mami |
rongèh tan pandak lênggah |
saking byat tyas wuyung |
nunuwun jampyaning brangta |
mugi sang abagus paringa jêjampi |
bêndara mring kawula ||

18.
Kadya pêjah sakala puniki |
yèn tanpa-sung kêrsa ring kawula |
dhuh kadipundi kemase |
wawi ta sang abagus |
kadipundi kula puniki |
èstu-èstu bêndara |
sakêdhap nuwun sung |
raose kados punapa |
saking dèrèng kawula nate nglampahi |
anunan lan wong lanang ||

19.
Jayèngraga gumujêng jro galih |
ngunandika e lah iki beka |
anukup wong turu ijèn |
têmbunge dene aku |
mêndhalungan tan wasis ing ling |
kêburu karêpira |
layak durung tau |
linge gêrok pêgat-pêgat |
nglêd-lêd idu rênggosan ambêganèki |
mêtu ngirung kumrangsang ||

20.
Pênggujêge jag-jagan agujih |
mêtu ngirèng kumrangsang |
cêlathune bêlaka tan pakra |
rupane tan menginake |
têmbung lawunge kidhung |
datan ana ingkang prak-ati |
pêrawan kongsi tuwa |
nora na angingus |
lah priye mono kiye ta |
yèn sun lawanana wong tan angrênani |
yèn tan ayun niaya ||

21.
Alon muwus sira Jayèngragi |
apa sira adrêng karêpira |
ni rara inggih ature |
Jèngraga ris amuwus |
lah ya wis juputên pribadi |
sira kang wèha akal |
ya wus sêkarêpmu |
ni rara wusnya liningan |
têrataban atine anulya tangi |
alungguh gurayangan ||

22.
Amimiyak nyamping mêk nêkêmi |
gêng antar ngêlekar bêlotira |
ukur-ukur madêdênge |
ni rara kagyat matur |
kula niki kadipunêndi |
Jayèngraga lingira |
lo iku ta êmbuh |
sakarêp-karêpmu dhawak |
iya kono mangsa bodhoa sirèki |
kang duwe karêp ngajak ||

Jilid 9 - Kaca : 218

23.
Rara Banêm kèngêtan ing ati |
niru biyunge yèn gêgarapan |
gupuh aninding tapihe |
srèwat-srèwot arikuh |
ingunggahan Ki Jayèngragi |
sêg sru gumèrêng awrat |
dhêngkule sidhêkus |
makèngkèng lir nunggang gajah |
ambênêri bibire nèng gigir sathim |
sathime kaangêtan ||

24.
Nêng-nêng manggut-manggut saya wani |
anglêgarang kêngkêng nèng wêlakang |
lir ginanjêl gêganjile |
Banêm ngrarêngih matur |
kadospundi bagus Jèngragi |
nikine ambêlasar |
maring pungkur nat-nut |
Jêngraga ngêdên saurnya |
kêbangêtên sirèku lèhmu nindhihi |
abote nora lumrah ||

25.
Bokongmu iku junjungên kêdhik |
bèn bisa mêsat kang sira arah |
yata mara kono age |
ni rara sigra (n)junjung |
pan angongkang mêkongkong nyênthing |
tangan jongok siduwa |
ambêgane ngangsur |
andharêdêg karêngkuhan |
matur lah bagus kadospundi puniki |
nulya dhogol andhêngal ||

26.
Kadya sènggot kapêdhotan tali |
Jèngraga angling kono bênakna |
wong akal-akalmu dhewe |
Banêm adrêng ing kayun |
guthul mêsi kêpara ngarsi |
winuntatkên akêbat |
binênak mak bluru |
jêbul ing wuri nglêgarang |
tholang-tholang thothok githok gigir alis |
kaidwan kailêran ||

27.
Banêm tansah matur kadospundi |
Jèngraga ngling ya têlatènana |
yèn kabênêran ênggonne |
Jayèngraga tyasipun |
kaangêtan dening nyêmimik |
angaji ngarah apa |
lothung ala nganggur |
duk guthul mlotro amblasar |
lêr kumêsar Jayèngraga ragi apti |
anrêka yèn sih prawan ||

28.
Nanging pupu wêntise Jèngragi |
sru katindhih sat-ingsêt kawratan |
ni rara rikuh dènnya mrèh |
apan sêdangunipun |
binênakkên wus amatitis |
pinênêt pakênêngan |
amlere mak bluju |
mrucut mring ngarêp andhêngal |
binalèkkên ing bênêre bola-bali |
mêksa tan kabênêran ||

29.
Plèsat-plèsèt marang ngarsa wuri |
kêsêl angungsêlakên ing wokan |
andrêrèwès kaprès umès |
tansah nêrècès ngilu |
angyiyiti guthul wêradin |
prandene tan lèthèh gupak |
saking gênging guthul |
kur-ukur malêm kewala |
dangu tan tumama nadyan tuwa sunthi |
mêksih dèrèng antara ||

Jilid 9 - Kaca : 219

30.
Jayèngraga èsmu wlas ing ati |
mring ni rara sangêt kêthêkêran |
tan bisa ambênakake |
sang bagus ling ing kalbu |
mêsakake dene ngêthikir |
sunat ajrih utama |
muruki wong busuk |
lan tan bêtah abotira |
Jayèngraga anglawe astanya kalih |
anjêjêgakên dakar ||

31.
Ingkang kanan agujêngan cêthik |
guthul ingungsêlakên ing prana |
sarwi alon andikane |
mara ta wus dèn-gupuh |
pêtêlêna aja ko[k]wahi |
ngong numbang repotira |
bangêt kangèlanmu |
lan aku sêlak kabotan |
wus ta gage sêlak mlêthêt ko[k] tindhihi |
ni rara nulya ngangkat ||

32.
Cêcêthike pan wus dèn-gujêngi |
cêmèmèke uwus kaungsêlan |
Jèngraga malih dêlinge |
ngrewangana tanganmu |
kiwa têngên panthêngên iki |
dimên tan pêrucutan |
ni rara ngupuh |
tan lêngganèng saparentah |
nulya mêtêlakên madal ngandhap nginggil |
makênêng barêbêtan ||

33.
Lagya nêsêl ni rara ngrongèni |
mak sut plere lêr nurut wêlakang |
Jèngraga ngling èh jêr rongèh |
wong dikon sing agupuh |
Banêm matur ragi asakit |
bok sampun punapa-a |
nauri lo durung |
lah sing akon mau sapa |
wis mêngkene tanggung arêp ngajak uwis |
mara ta balèkêna ||

34.
Ngong bênakne payo ta dèn-aglis |
matur inggih malih ingangkatan |
pinapankên lir waune |
Jèngraga ngêmbong idu |
cinêkothok ing tangan kalih |
kinalumutkên dakar |
supaya mrih lunyu |
wus bênêr anèng bundêran |
nulya tanganira kalih Jayèngragi |
anyakub boyokira ||

35.
Sarya ngling wis mara-ta dèn-aglis |
angsêgêna bokongmu ywa owah |
mêngko ga mak plere manèh |
ni rara ngangsêg gupuh |
mêtêl sarwi dipun-jagani |
ring tangan nging Jèngraga |
pitaya akukuh |
dhogol dhêkêt nèng cêlangap |
pan angêkêp angape nora ngakêpi |
pinêksa pinênêtan ||

36.
Amandhêlong dhêkok nganan ngering |
pesok kêsompok pêmadalira |
mêkênêng buwêng wêkane |
grêgêl blês blotong anglud |
ni rara sru pênjumbulnèki |
bêntayangan asambat |
yung-yung adhuh biyung |
ah ês êh ês lah êmpun mas |
dene sakit têmên raose puniki |
yung tan bêtah sakitnya ||

Jilid 9 - Kaca : 220

37.
Jayèngraga astanya ngukuhi |
tinêtêpkên ancêpe camplêngan |
gronjalan pinêksa bae |
pinênêt nganjung ganjung |
pinrih rapih mêndhaning pêrih |
lir nyêlumbat kêlapa |
piyake sêpêt sru |
kapêksa winasa-wasa |
kadya kandhi ingisèn kathahên isi |
nyênyêng pinggiranira ||

38.
Gudabigan ni rara ngajak wis |
Jèngraga nauri lo mêngko ta |
yèn wus suwe penak bae |
titènana ujurku |
lara thithik bêtahna dhisik |
liwatan lara pisan |
wong lagèk bêlusuk |
mara ko bêdhêk kapenak |
Banêm sih ngrêsah-êsah kêrasa sakit |
ngêdên-ngêdên prêmbèhan ||

39.
Antara rada suwe sathithik |
linaweyan ancang ancêpira |
winuruk nurut prigêle |
mayar raosing pyuh-pyuh |
saya padhang dêlênganèki |
ngilir liru rasa |
seje ada mahyun |
lar-lêre rada kaecan |
Banêm sêngkut pêngangsêgira têrampil |
agampil tan kêpangkal ||

40.
Mêngkul sikut Banêm mring Jèngraga |
tan sêmbada lan wiwitanira |
mêringis mangke mêrèngès |
ngrasa pakolih ing yun |
wus tan mawi dipun-jagani |
anglawèhi priyangga |
Jèngraga amuwus |
lèhmu ngancangi kêrosan |
nèk mak plere manèh dadi gawe mangkin |
sing kêrêp lon kewala ||

41.
Ya mêngkono wis sêdhêngan iki |
karo rasakna ngêsês-ngêsêsa |
apa ra penak ta kiye |
Banêm gumuyu matur |
ihi ês (ng)gih keca sakniki |
lah ya sinèh mara ta |
kono sing krêp baut |
ni rara Banêm glis bisa |
don-adone lèthèh cêthat-thêthêt muni |
klêcêkan kalicikan ||

42.
Jayèngraga sinêntor pakolih |
kaogêk rongèh ing tingkah |
anggadhêdhêr sakojure |
guthul (m)badênêng kaku |
tan sêranta rasanya mijil |
angglêgêg ngudal-udal |
yiyit lubèr wangsul |
dlèwèr mring rawis landhungan |
Jayèngraga gêrêng-gêrêng angling ririh |
lah uwis glis mudhuna ||

Jilid 9 - Kaca : 221

43.
Matur taksih ajêng kula niki |
mangke mawon kula gèk pakènak |
kula raose kang suwe |
Jèngraga ngling ambêkus |
èh anggayêr nora rêp uwis |
kowe sing tan bêngkayang |
mêngkono ujarmu |
mung tadhah hèh bae sira |
ngong adate yèn wis mêtu iya uwis |
ngur mêngko manèh ngangkat ||

44.
Matur mêtu montên kados pundi |
nauri èh wong dhêglo mono ta |
iya ning mêlopor kuwe |
Banêm malih umatur |
lo de kêndho niki dospundi |
nauri kêndho pisan |
wong wis mukok mêtu |
ni rara ingsad-ingsêdan |
kokodhoke ngangkak ngangkêk anjêrindhit |
dhêt-dhêtan raosira ||

45.
Nora dhêngêr lamun mêtu mani |
sru kumêsar mêrkiding mêngkarag |
anjingkat sru pangêsêse |
mêrkurung niba ambruk |
ngêdên mak hêk dènnya ngrungkêbi |
gumrèwèl guthulira |
gêmbok mring kêkêmpung |
kêmpunge Jèngraga gubras |
lèthèh kêprèh kêyiyidan amratani |
Jèngraga kêsukêran ||

46.
Bêkah-bêkuh sêdhih angling (m)bêkis |
èh èh i biyang wong wis kabotan |
(n)dadak ngêbruki Di-lèngèng |
ta wis mêngko dèn-gupuh |
aja kono ngêbot-êboti |
dèn-glimpangkên gumlebag |
awake sih kaku |
ngêdêr-êdêr pangkêrêdan |
sabab dèrèng tate kawêdalan mani |
tanbuh-tanbuh rasanya ||

47.
Durung dhêngêr yèn nganggo mêtoni |
namung kèn mêngkarag anjêgrak |
wulu mêrinding anyabe |
mêksih dhêt-dhêtan mêtu |
wusnya tungtas pyuh badanèki |
kêmpus unjal-ambêgan |
theklok tulang kêju |
anggarêsan lungkrah payah |
Jèngraga ngling hus banjur dhêrok wong iki |
lah kiye usapana ||

48.
Kang mêlèdrak nèng kêmpungku iki |
gage kêsutên ing jaritira |
ni rara ngusapi age |
ayit plikêt lir ancur |
dèn-kêsuti ing kêmbênèki |
kêmpung rawis landhungan |
wêlakang myang pupu |
guthul kang klumut kinêsat |
wus samya king kêkêmbên lir dèn-sêkuli |
Banêm mathêm abungah ||

49.
Nêkêm guthul tansah dèn-ambungi |
ni rara Banikêm Baniyah |
sasuwene ngrungokake |
swarane ting balêkuk |
myang krêngkiting ambèn ngramèni |
samya ngilêr cas-cèsan |
ngilu ngisor(n)dhuwur |
Banikêm ngling èh Baniyah |
dene mênêng swarane kang klêcat-klêcit |
pa wis apa durunga ||

Jilid 9 - Kaca : 222

50.
Yo Baniyah padha dèn-paranni |
layak gêlêm dèn-jak non-anonan |
lir mangan kêcap ramene |
nauri ya yo gupuh |
sêlak yèn (n)tèk dèn-dhèdhèwèki |
anulya samya mara |
rarih barêng nguwuh |
kang Banêm priye kowe ta |
aku mèlu warahana wong ro iki |
to kang Banêm priye ta ||

51.
Banêm nauri asêntak ririh |
lo lo hus èh ja mrene tan kêrsa |
dèn-dukani mring kemase |
adhine karo muwus |
ih saugêk nganggo dukani |
sirèku dene nora |
bêcik bae iku |
dhasare wong rada-rada |
ês ta mara priye maune sirèki |
ta priye ta priye ta ||

52.
Ngling (m)buh mau wiwitane lali |
bingung tan eling nora karuwan |
êm biyang kathik kêlalèn |
ngong mêngko mundhak nêsu |
Jayèngraga mèsêm ing ati |
myarsa kang rêrêbatan |
angling jroning kalbu |
e lah rada kabêncanan |
dèn-abyag ing prawan arsa andhodhosi |
dhoso-dhoso tingkahnya ||

53.
Prawan jêbug ting gêdêbug iki |
gêdhêm-gêdhêm arahe angarah |
Jèngraga kèngêtan tyase |
yèn mêksih sami kêncur |
ragi dhangan melik kumêncing |
mêksih rêkasèng mêrga |
Jèngraga amuwus |
iki kang dèn-padu apa |
wong wis êntèk tan kêna pinikir malih |
wa-mêngkono mara ta ||

54.
Grayangên yèn sih kêna pinikir |
ni rara ro samya ngling gligikan |
kathik êntèk iku priye |
kakang Banêm tanganmu |
iku apa sing ko[k] cêkêli |
tak lênge êndi kakang |
angling hèh aja thuh |
tangan winêngkang tan kêna |
rêrêjêngan kakange dèn-krubut kalih |
rêbutan guthul nglèmprak ||

55.
Jayèngraga ngling gêligik ririh |
hus sing tuwa iku (m)bok ya ngalah |
kêdheha kudu rêp dhewe |
ta gêntèn lan adhimu |
sêdaya-daya krêbèn uwis |
sakarêpmu priyangga |
kono ala nganggur |
kang liningan bungah-bungah |
mojar e lah dhèkku kemase nglilani |
ta mêngko sun sêdhela ||

Jilid 9 - Kaca : 223

56.
Banikêm Baniyah rêbut dhingin |
Banêm mojar Banikêm dhisika |
Baniyah nom mêngko bae |
sêdhêng ngêrti adhimu |
lan wus Nikêm munggaha aglis |
cincingên tapihira |
konokan dhêngkulmu |
gèk anune ampêlêna |
nèng bênêre undêamu dèn-amidih |
pênêtana dèn-kêna ||

57.
Nulya angêthêngkrêng anèng nginggil |
aniru lir kakange waunya |
dènnya ngakahi mêkèkèh |
guthul mêksih ngêlelur |
dèn-adêgkên mêksih ngêndhoni |
bênêr prênahing prana |
pênjathoke mupuk |
ka-angêtan ing cèwèknya |
sêntuk-sêntuk ambêbêdêng kêngkêng malih |
anunggak lir sêlumbat ||

58.
Anyundhul dhêl kombul kang nindhihi |
kadya êmpyak kacuwak ing cagak |
angling e lo priye kiye |
nyêngkal têmên lir kayu |
kathik pêgêl rasane iki |
Jèngraga lon lingira |
lah Banêm adhimu |
durung tau bênêrêna |
aja kongsi mêlèrè mindho-gawèni |
mumpung bisa bêngkayang ||

59.
Mangsa bodho sira kang nuwani |
sarwi niwêl-niwêl payudara |
mring wong ro kiwa têngêne |
kakag sih kiyal gêmuh |
mangkah sengah ta panti mundri |
dadi jalar pênggagas |
ring tyasira ayun |
kang cinêthot pêngkêrêdan |
ngêmu kringêt sumuk panas awaknèki |
Jèngraga sukèng driya ||

60.
Dèn-têtangi guthul saya mêsi |
mêdhok bulêde lir paron gangsa |
tinumpangan cêpuk sêlèn |
ngrêrêngih kang mrih ing yun |
wus tan mèngèng bênêring puki |
tangane Jayèngraga |
mêtêlkên pok pupu |
Banêm mênêt bokongira |
sarwi mojar lah wis tangan asru aglis |
têtêpêna priyangga ||

61.
Nulya mênêt sarwi dèn-jagani |
boyok pupu pinêtêl rêkasa |
pinêksa ancêp anjinge |
guthul nyundhul pêpênthul |
amêkênêng brêbêt mêrkinting |
Banikêm ngrengang ngêsah |
sambat athuh yung yung |
kang Banêm dene ku lara |
ah yang uwis wis aja kang Banêm wis wis |
lara têmên tan bêtah ||

Jilid 9 - Kaca : 224

62.
Pinêksa sru grêgêl blês anjondhil |
anggronjal-gronjal pan kinukuhan |
Banêm ngling bêtahna bae |
lumrah lagèk lara sru |
mêngko suwe thithik ya mari |
mara ko rasakêna |
dhèk penak trèmbèlmu |
nauri sing tutur sapa |
dene kiye larane kêpati-pati |
ah wis ah wis ta aja ||

63.
Ginêlurkên alon pinêkolih |
rada rapih lar-lur lakêtêpan |
ting palêthèt cêthat-cêthèt |
Banêm ngling guyu-guyu |
lah dang pira dene ta iki |
unine acêthitan |
wis nora lara sru |
(m)badhèk rasane kapenak |
Banikêm nauri êng èh penak thithik |
ijèh kur-ukur lara ||

64.
Wis kang aku aja ko[k] jagani |
tanganmu karo wis lungakêna |
ya tak arah-arah dhewe |
Banêm ngling èh hus kêpruk |
ngrasakake pênak wong iki |
andhene mau (n)dadak |
dol ayu si Dhatuk |
Banikêm mangkag gagêgan |
sêlot krasan ras-arasên lumuh uwis |
krêkêsan nyêrot napas ||

65.
Saya lèthèh drês ilêrirèki |
lir wong lumaku nèng balêthokan |
bisa mrênahkên rorongèh |
Jèngraga siking kalbu |
yèn tutugêna wong iki |
kaya sawêngi bêtah |
bae nora uwus |
lamun kongsi ngong wêtokna |
kuwi mêngko sijine anggujêg wani |
kene ta nora kongang ||

66.
Dèn-kêkêndho ethok mijil mani |
anggêdêdêr lir amêtu rasa |
binangêtkên panêtêpe |
nulya guthul gêlèlur |
ingangkêgan nora ngêncêngi |
ikut ngatut kewala |
Banikêm amuwus |
lo lah priye kiye kakang |
dene seje dhèk mau karo saiki |
têka êmpuk kewala ||

67.
Banêm nauri nèkne wis mijil |
kowe priye apa wis mêtu ta |
ngling mêtu mono ta priye |
ya apane kang mêtu |
ngling tan dhèngêr mono ya uwis |
iki kêtaranira |
wus êmpuk ngêlumpruk |
Jayèngraga mèsêm myarsa |
dènnya rasan balilu durung mangêrti |
yêkti kênya wêlaka ||

Jilid 9 - Kaca : 225

68.
Guthul rada nut-nut arêp tangi |
saking dènnya rêrasan cêrmêdan |
kêdut mogèl bêbogèle |
Banikêm ngling gumuyu |
e kang Banêm lo dene iki |
kènèke nganggo obah |
Jèngraga amuwus |
wus ta digage mudhuna |
ni Banikêm mudhun sangêt cuwanèki |
bibisik mring kakangnya ||

69.
De si biyung kae yèn kadyèki |
suwe lèhe nunggangi si bapa |
kiyi sadhela ya gene |
angling ih dêlahamu |
seje wonge ko[k] ranni sami |
Baniyah nambung ujar |
aku priye iku |
kang Banêm aku ta mara |
lah dèn-age sêlak penginku kêpati |
his ta kang wurukana ||

70.
Banêm angling e biyang wong iki |
tênagane kèrogan lir jarau |
cangkême kumrêsêg bae |
wis ta mara dèn-gupuh |
munggah sarya cincinga tapih |
Baniyah sigra nyèngklak |
dhêngkule sidhêkus |
mak srêg linggih nora tata |
Jayèngraga kagyat abot dèn-tindhihi |
sarya nglinggi i biyang ||

71.
Bocah kiye guthul dèn-tindhihi |
Banêm adhimu iki bênêrna |
wong têtêlu abot dhewe |
Banêm Banikêm gupuh |
ting guligik wong roro sami |
(m)bênêrkên adhinira |
adhine kêsusu |
kidhung solahe krikuhan |
tapihira kêbêthêng ing dhêngkulnèki |
rêkètèk tapih suwak ||

72.
Ginuyu mring kakangnya kêkalih |
kang duwe tapih ora anyana |
suwèk sakilan tapihe |
Baniyah pupunipun |
jinaganan ing kanan kèri |
Jèngraga ngadhag-ngadhag |
kinarubut têlu |
guthule kang katindhihan |
wus binênggang bokonge jinunjung inggil |
dhogole tinêkêman ||

73.
Dinumuk-dumukkên ing cêmimik |
karugêtan sumuke wêlakang |
ambêdhêdhêg guguthule |
akadung gondhal-gandhul |
ing prênahe undêranèki |
ngêt lir toya sumawah |
tap-têp maring guthul |
guthule andhêngal cêngkal |
tinêkêm rong têkêm langkung thothoknèki |
pinapankên ing wokan ||

Jilid 9 - Kaca : 226

74.
Jayèngraga mèsêm jroning ati |
kandêl mêmêle lêlawehira |
sirku rada onjo dhewe |
durung bris mêksih alus |
beda lawan kakange kalih |
wus jumêbêng kuwêlan |
angrêrangka rungkud |
pêndugaku si Baniyah |
kaya bangêt ramening tingkahe pimrih |
mêksih wangkal kêkawal ||

75.
Dadya mêmpêng tyase Jayèngragi |
Baniyah arsa winalik dadah |
kinurêban ing mêngkone |
alon dènnira muwus |
lah ati-atinên kang bêcik |
ywa kongsi kasisipan |
bênêring prananduk |
Banêm Banikêm atanggap |
(m)bênakake bokong sikile sarya ngling |
tanganmu karo pisan ||

76.
Panthêngên kang sru ing kanan keri |
mara tak bênêrne kang mapan |
wus rinêjêng amêkèkèh |
tangane karo ngayut |
bibir kanan kering pinêndir |
amrih dhangan pinapan |
wawênganing pintu |
Banêm Banikêm anulya |
anjagani jêjêging guthul mring comris |
mupuk tan ka-angapan ||

77.
Nanging wus bênêr nora anilib |
nulya tinêtêpakên boyoknya |
Baniyah tan solah dhewe |
sarwi mrêmbèh amuwus |
e e lo lo mêngko ta dhisik |
rasane kathik lara |
pêdhês pêgêl asru |
kang Banêm Nikêm mêngko ah |
ora sida wis aja kok pêksa mami |
ah wis kang aja aja ||

78.
Kakange karo nauri ririh |
hus cangkême cêrèwèt gêmporan |
iki ya dèn-lon-lon bae |
mênênga bae busuk |
mêngko apa norandang mari |
mara ta titènana |
mêngko bêdhok êdhul |
kêliwatan lara pisan |
durung manjing kalêbu lagèk sathithik |
bêtahêna sadhela ||

79.
Aku mau ya kaya sirèki |
kongsi mêndêlik mêlirik kera |
kari-kari eca-ece |
Baniyah dhoso muwus |
(m)buh lah êmbuh aja cêriwis |
sing tutur penak sapa |
de kiye dhuh biyung |
larane tan lumrah-lumrah |
lo lo wis lo aja kok pêtêlkên mami |
wong tan sêdhêng pinêksa ||

80.
Aku wus tan kêduga nglakoni |
wong gêdhene saêndhoging banyak |
salêngênku myang dawane |
paran mêrgane mangsuk |
pênyanaku nora kadyèki |
dhuh wis nora kêconggah |
wis ta(ng)ko tak-mudhun |
ta kang tanganmu lapana |
lah sidakna nono sing kaduddi sami |
aku nora kêduga ||

Jilid 9 - Kaca : 227

81.
La gèk mêngkene lara kêpati |
mandah si kongsiya babar-pisan |
baya modar aku mêngke |
lir kêtunggak anuku |
kantèk lêkok wlakangku iki |
sih durung paja-paja |
sêdhênga mring nyunyung |
wis wis ta aja ko[k] pêksa |
lara-lara mundhak kowe tak-pisuhi |
maring wong siya-siya ||

82.
Jayèngraga saya drênging kapti |
ing crêmêde mamrih ing paprêman |
dadya pênggalaking gobèr |
guthul mênthêng mêthunthung |
mêdhok thothokira angêjring |
kêngkêng kêlang bêngkayang |
kaya pênthung ruyung |
Jèngraga awèh sasmita |
mring ni rara ro kinèn ngancêp tumuli |
ni rara wruh ing cipta ||

83.
Nulya ingangkah lajunirèki |
Banêm Banikêm kiwa têngênnya |
Baniyah akongah-kangèh |
anulya pinêksa sru |
pathênthêngan guthul mêngkuhi |
makênêng barêbêtan |
nyènyèng nyunyungipun |
malêthok rèh pinalêkah |
angaluwing buwêng wêwêngkoning pinggir |
rêkasa winisesa ||

84.
Kadya wakul pêsat jêjêtnèki |
wêlar wêngkune anam nêrancang |
kaya yèn cêpak jêbole |
dhogol garêgêl anglud |
sêrêt mak brêt rada kêtêmbing |
ngurêd-urêd blês tuk pok |
Baniyah anjêpluk |
sêsambat dhuh yung lah tobat |
sru anglumba gêronjal niba ngrubuhi |
ring kakange kalihnya ||

85.
Tan sita-sita dènnya ngoncati |
saking tan bêtah rasaning lara |
samya kagèt pêngrajuge |
guthul cêpot cumêpluk |
dènnya niba blêg sigra tangi |
lumayu karêngkêngan |
biyung numbuk-numbuk |
ambèn dèn-aranni lawang |
wêwatone ginèndèng sinêngguh kori |
lumayu golèk lawang ||

86.
Sarwi sambat dhuh yung aku mati |
Banêm Banikêm sat-sêt angundang |
e lo bocah apa kuwe |
Niyah mreneya kêpruk |
nglubuk kaya pitik digêdhig |
Jèngraga mèsêm mojar |
lo priye adhimu |
dene nganggo nunjang-nunjang |
mêsakake maningan wong lagi-lagi |
dèn-grêjêg winisesa ||

Jilid 9 - Kaca : 228

87.
Undangên ge sigra kinèn bali |
Baniyah ge dèn-mêngakakên lawang |
bug-bug mlayu mring tanggane |
kakang roro gumuyu |
kênèng sibat dadak alari |
Jèngraga kadung ing tyas |
alon dènnya muwus |
layak dhimu yèn jêpata |
kae mau rada kêsusu sirèki |
ajune kasisipan ||

88.
Wong anêmbe kêpêlak anêmbing |
tujune tan klêngêr pira-pira |
kêdêdêl dudu bênêre |
lah priye mono iku |
dene cuwa rasaning ati |
arêp dak walik dadah |
(n)dadak kawus mlayu |
Banêm Banikêm turira |
walik dadah mêkatên kadi punêndi |
ngling sing lanang nungganga ||

89.
Samya matur bok inggih suwawi |
kawula niki nèk walik dadah |
sarwi nêkêm guguthule |
wong ro arêbut pucuk |
dhogol mêksih jonggol amêsi |
Jèngragane adhangan |
dhêp-idhêp la nganggur |
angling lah ya wis mara ta |
kono padha wuda-a aja na tapih |
sing jèjèr dhadhêkêtan ||

90.
Gya ni rara ro acucul tapih |
ambalêjêd mlumah ngadhag-adhag |
Jèngraga tangi nulya ge |
andhêkêtkên kang mujur |
dhêdhêsêkan wus adu cêthik |
Jayèngraga asinggah |
mapanakên pupu |
jèngkèng tandange agagah |
pupune Banêm tumumpang poking wêntis |
patute nyuthang walang ||

91.
Tangan mêngakakên kanan kèring |
wus samêkta rakiting atadhah |
gya tumanduk ring wokane |
mêksih dêdêl kadudul |
blusuk pantog manjing tan luwih |
Banêm mêksih gêronjal |
labête akudhup |
kinêsut pangêlurira |
Banêm (m)bêkuh ngling bah biyang sundhul ati |
mundhak gêdhe adawa ||

92.
Wus saonjot cinopot angalih |
mring Banikêm winêngkang sinunggar |
blêbêg blês sru pênggronjale |
guthul mêksih alumut |
datan pati gêmbok nyêrêti |
mangang-mangang pinêksa |
pêngakêpe kukuh |
(m)bêthêthêng tan ana gonggang |
pan ginêlur ginêjêg lar-lur pêkolih |
Banikêm karêkêtan ||

Jilid 9 - Kaca : 229

93.
Jayèngraga wiraga prayogi |
prawira kinaro maring rara |
lincak gagak pamlèmbange |
suka bonangan susu |
irung gosok rêbaban pipi |
kêthuk wudêl dhêkêtan |
kêcèr slèng-wèr gupruk |
sêkala kalangkung suka |
yèn malembang ginondhèlan tan wèh ngalih |
wong ro arêbut enak ||

94.
Kang tuwa wus ngêrti pratingkahing |
kat-angkatane wêtuning rasa |
panuju anèng dhèwèke |
wau sêdangunipun |
ngaping pitu edhang ginanti |
Jèngraga rêna marang |
Banêm ingkang sêpuh |
awèt kêncênge ginarap |
sinrêg kêrêp Banêm nimbangi nglawèhi |
kêkèjèk lir kêpinjal ||

95.
Samya anggantêr kalihe sami |
pêngkêrêdan kumêsar |
gringgingên balung sumsume |
solahira samya sru |
mèh cumêprol wijiling gati |
nulya adhine nyandhak |
mring Jèngraga gupuh |
kêsuwèn pêngrasanira |
lagya ngangkah ngacêcêng sinêndhal wani |
brol mukok sok nèng (n)jaba ||

96.
Andêlèwèr kècèr ngocar-acir |
pupu papat kêcipratan kama |
samya mêtu dhewe-dhewe |
kalihe ting barêkuh |
hi hi hu hêm lah priye iki |
blaèran anèng (n)jaba |
yung sukêr akêthuh |
Banikêm iku wong apa |
durung idhêp ing tata grewal nunggangi |
dadi padha kapiran ||

97.
Banêm mrasa-masru murang-muring |
sarwi ngêsês ngrasakkên yêr-yêrnya |
kênèng sibat si-dilojèh |
ngrusuhi si di-kêpruk |
lagèk penak ngêgol-êgoli |
cuwa têmên tyas-ingwang |
(n)dadak dludar dludur |
Banikêm nauri ujar |
gene mau aku ya kok sêndhal wani |
kathik srêngên geneya ||

98.
Wong wus padha dene anglakoni |
sasuwene ya gêntèn kewala |
Jèngraga mèsêm wuwuse |
lah wis aja na padu |
wong wus nora nana (n)duwèni |
aku dhewe sing tuna |
(n)tèk kabèh wutah byuk |
tan kêna kagarap pisan |
si Banikêm matur kawula dos-pundi |
wawi ta maring kula ||

99.
Lêrêsipun kula kang ngantuni |
tibanipun wisan anèng kula |
kawon toh kathah-kêdhike |
Jayèngraga amuwus |
mau mula ingong-tuturi |
wis êntong babar-pisan |
lo kiye anglêlur |
Banikêm nangis prêmbèyan |
yata wanci ing ratri wus bangun enjing |
Jèngraga nulya mêdal ||

Jilid 9 - Kaca : 230

100.
Maring sêndhang sêdyanya anganti |
jinabad laju ing wêktu salat |
jênêk nèng sêndhang pupujèn |
kang tinilar sru wuyung |
taksih padha pating barêkis |
yata kang anèng langgar |
dènnya nendra wungu |
laju ngambil toya kadas |
Kulawirya Nuripin wus samya tangi |
laju marang paheran ||

101.
Ngambil toya wulu myang Nurbayin |
wusnya kadas Ki Nuripin adan |
wusnya sunat pupujine |
anulya ngangkat pêrlu |
Jayèngrêsmi ingkang ngimami |
surat wusing Patekah |
Sujada asujud |
rêkangat lir surat Kasar |
iktidale abêngal wus dèn-Kunuti |
antara nulya bakda ||

102.
Pragat pupujiyanira sami |
sêsalaman Jèngrêsmi ris nabda |
paman Nurbayin ngong mangke |
arsa laju lêlaku |
rêbut mangkat mupung aenjing |
mung kang Raga-mênggala |
punapi saèstu |
tumuturing lakuningwang |
Ki Nurbayin umatur lamun marêngi |
mangke kêdhik yèn siyang ||

103.
Kawularsa saos sarap ènjing |
Jayèngrêsmi aris saurira |
paman wus sun têdha sihe |
Jèngrêsmi dugèng kalbu |
wruh lêgêde ri Jayèngragi |
malih andikanira |
paman lamun sèstu |
putranta Raga-mênggala |
tumut ring sun lah sêngganana dèn-aglis |
Ki Nurbayin asigra ||

104.
Andhatêngkên marang ki pêtinggi |
Raga-mênggala anulya gêpah |
marêk prapta ing ngarsane |
Jèngrêsmi ris amuwus |
kakang Raga-mênggala mangkin |
kularsa lumajuwa |
mring Lêmbuastèku |
mênawa dhangan kang Raga |
manira yun umangkat mupung sih enjing |
Raga-mênggala turnya ||

105.
Punapinggih botêna ngêntosi |
pasugata sêsèmèkan enjang |
Jayèngrêsmi lon dêlinge |
baya kang mupung esuk |
langkung bêgja mangke ing margi |
matur inggih sakêdhap |
ngong mantuk karuhun |
lèngsèr prapta wismanira |
angrêrukti bubucu wus amiranti |
sinarang tapak-dara ||

Jilid 9 - Kaca : 231

106.
Dandan mrabot wanan kotang silir |
sruwal kombor bêbêd jijigrangan |
bênting sarwa lingsêt kabèh |
kalung klewang abênthu |
srigak kokok jadhug (n)dèsèki |
wus rumat sêdayanya |
nuduh wong têtêlu |
ambêkta sêsangunira |
kang sawiji mandhi talêmpakirèki |
nulya marêk ing ngarsa ||

107.
Maksih rêmêng-rêmêng saput siti |
Jayèngrêsmi myat Raga-mênggala |
tan mèngèng kasaguhane |
ngalêmbanèng jro kalbu |
angandika marang Nurbayin |
wus man ngong madal pasilan |
pasilan lumaju |
andum basuki kewala |
nulya sêsalaman Nurbayin turnya ris |
andhèrèkkên raharja ||

108.
Jayèngrêsmi Ki Kulawiryèki |
sawusira samya sêsalaman |
adan umangkat lampahe |
Raga-mênggala gupuh |
amêncalang anèng ing ngarsi |
kang tinilar sungkawa |
cuwa manahipun |
yata kang samya lumampah |
turut dhadhah wau ta Ki Jayèngragi |
nèng sêndhang maskumambang ||

583 Maskumambang

1.
Mêthuk marga wus tundhuk lampahira ris |
nut ing pagalêngan |
asri kang pêksi munyènjing |
cingcing-goling branjangannya ||

2.
Myang pangwuhing sawung kêluruk kapyarsi |
kang mêthoki kêndhang |
banène rarywa ngon tangi |
wênèh kang masang rakitan ||

3.
Mèh raina Hyang Aruna mamêdhari |
sumirat bang wetan |
ima mawêr anglulungsir |
pulas pulasing awiyat ||

4.
Lir manjêthi raras kumitir sumampir |
tirah tuturutan |
seta rêkta pita wilis |
dadu paul kapuranta ||

5.
Byar Hyang Andakara ujwala marmani |
sèsining kanangrat |
mulêlêng kadi netraning |
Hyang Kala-bintulu raja ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13b) Kaca 205 - 214
  • (15a) Kaca 232 - 242 >