Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 28

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13b) Kaca 205 - 214

 

( Dumugi ing dhuwun )

09

VI. Dumugi ing dhuwun

Longsor, para andon lampah sipêng ing griyanipun Kaum Ki Nurbayin ingkang gadhah anak tiga, prawan kasèp, sumêngka ing asmara sami nubruk Jayèngraga.

1. Dumugi ing dhusun Longsor, para andon lampah sipêng ing griyanipun Kaum Nurbayin. Dhusun Longsor punika kineringan dening sakiwa-têngênipun jalaran pêtingginipun nama Raga-mênggala sagêd srawung ing ngakathah, manahipun sae, budinipun santosa.

Dalunipun kasêgah nêdha dipun ladosi Nyi Nurbayin lan anakipun têtiga prawan kasèp, rupinipun kuciwa, nama Banêm, Banikêm lan Baniyah. Solah-tingkahipun dinamêl-damêl murih kinasihana. Pêtinggi Raga-mênggala kalihan tiyang sawatawis sami dhatêng pêrlu ngurmati tamunipun Ki Nurbayin. Para tamu dipun aturi lêrêm ing griyanipun pêtinggi, nanging sami milih ing griyanipun Nurbayin. Ki pêtinggi atur pasêgah sakalangkung pêpak.

Jayèngrêsmi nyariyosakên anggènipun kêsasar, sipêng ing griyanipun benggoling durjana, sami dipun kroyok, nanging wilujêng.

Mirêng cariyos wau, ki pêtinggi lajêng kèngêtan bilih ing ngriku wontên tiyang tiga saking Têgarèn, lajêng sami dipun takèni. Aturipun, para durjana sami anukup têtamu awit saking pangajakipun Brajalamatan, Brajalintang lan Dhadhungawuk. Sanèsipun namung tumut kemawon. Tiyang tiga wau sami nandhang tatu, mila sakalangkung ajrihipun. Kulawirya paring arta tigang reyal dhatêng para durjana ingkang sami nandhang tatu kangge tumbas jampi.

Ki pêtinggi atur katrangan bilih dhusun Longsor punika kalêbêt talatah Trênggalèk Lêmbuasta. Mila tindakipun para andon lampah badhe kadhèrèkakên ki pêtinggi piyambak. Lajêng rêrêmbagan bab têtanèn mawi petang tuwin sarat sarana wiwit panggaraping sabin murih wilujêng kalis ing ama. Sadaya wau miturut tuntunanipun Ki Nurbayin.


Kaca 205 - 214.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 205

578 Sinom

12.
Ingancaran ngangsêk kapang |
Nuripin kinèn alinggih |
ing salu royom anadhah |
tan ayun Jèngraga angling |
nuruta mèlu linggih |
konjalan kono ing salu |
Nuripin sigra minggah |
mring salu nêpungi linggih |
adan lêkas samya kêmbulan anadhah ||

13.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèki |
samya micarèng ing nala |
owêl rahabing pêtinggi |
kêpalang kaduk bukti |
namung animbangi tanduk |
dangu dènnira nadhah |
pikantuk anutuk bukti |
aluwaran samya wijik turuh asta ||

14.
Ambêngira cinarikan |
abikut ni rara katri |
Banêm Banikêm Baniyah |
samya angundurkên piring |
Baniyah sikutnèki |
pan anjarag ngêsuk dhêngkul |
dhêngkule Jayèngraga |
Jèngraga mêncêrêng galih |
hêng hêng dene andruwêng tênaganira ||

15.
Ni rara bungah jro nala |
munyung-munyung ambêdhidhig |
mandah si yèn linawana |
kêbêg atine glis mati |
sêmono bae dening |
tyase lir ambêdhah lambung |
mêngkana sawusira |
ambêng linorod ing wuri |
namung kantun saênggèn kang ingantosan ||

16.
Nuripin dènnira mangan |
nênggih dangu angarèni |
rewange kêmbulan mojar |
wawi gus ywa isin-isin |
prayogi kang dumugi |
Nuripin ngling (ng)gih-(ng)gihipun |
mangsi dadak isina |
pan wus griya ngong pribadi |
samya muwus lah inggih lêrês punika ||

17.
Jayèngraga mèsêm mulat |
Ki Wirya gumuyu angling |
hi hi bilah nora jamak |
kèh jujuluke Nuripin |
omah kobong lan malih |
ajujuluk kartêk rubuh |
murade nora beda |
sêsaka kari sawiji |
matur tanggêl kantun sakêdhap wasisan ||

18.
Wus lêpas sêkul ing ajang |
ngling kula sampun dumugi |
ginuyu rowangnya mangan |
mènthèk-mènthèk Ki Nuripin |
Ki Wirya ngling nudingi |
wis kaya bagor auntu |
ambêng wus ingunduran |
gumanti dhêdharan ngarsi |
pan cinarakakên mêmangsêganira ||

19.
Jèngrêsmi mèsêm ngêndika |
alon marang ki pêtinggi |
punapi sun-walêsêna |
mring kakang myang man Nurbayin |
dene ta ginêmatin |
tan mantra têmbene tundhuk |
langkung rahab maring wang |
sêmune tan wigih-wigih |
ki pêtinggi gumuyu anor turira ||

Jilid 9 - Kaca : 206

20.
Kang botên-botên sinabda |
tan rumaos katrimèng sih |
kêtang kumêdah kawula |
ngalap bêrkah wit kêpanggih |
wus têtela kang warti |
yèn paduka putranipun |
guru ing Wanamarta |
komuk ngulama linuwih |
tan wontên lir (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

21.
Ginuron para ngulama |
tuwin bupati pêsisir |
masuk nêcêp samya nyabat |
mring ramanta (n)jêng kiyai |
kawula tumut mundhi |
-mundi ing barêkahipun |
ing mangkaya (n)jêng paduka |
sumasar kêrsanta kampir |
sakêlangkung kawula asuka rêna ||

22.
Lamun kêparêng ing karsa |
paduka kula-aturi |
rèrèh nèng ngriki sêpasar |
sakêrsanta ngong-ladosi |
kados tan walang kapti |
Jayèngrêsmi lingira rum |
kêlangkung pênrimèngwang |
sih mulane kang pêtinggi |
angrahabi mring wong mêntas kabêncana ||

23.
Nanging tan dadya punapa |
rinêksa dera Hyang Widi |
atanggap Raga-mênggala |
umatur mring Jayèngrêsmi |
kabêncana dospundi |
kawula nuwun sumurup |
Jèngrêsmi kaduwung tyas |
pitutur kang wus kawuri |
tanpa misil anênangi têkaburan ||

24.
Anolih mring arinira |
Jèngraga sumambung angling |
mêkatên lire kang Raga |
ing lampah duk winginèki |
kampir dhusun Têgarin |
sasar nèng wismaning pêthut |
kèh wastaning durjana |
benggole ran Candragêni |
samya kumpul wêtara wong satus ana ||

25.
Ing dalu niyat misesa |
angècu ngrêpês ing mami |
ingêbyuk durjana kathah |
anocog gêgaman wani |
kakang-mas lawan mami |
anjêjêr kewala (n)jêtung |
mung paman Kulawirya |
kang ngrampungi ing prêkawis |
dur balêdug linawan tangan kewala ||

26.
Katuju rinêksèng Suksma |
kang ngècu gusis tan kèri |
byar enjing nulya umangkat |
nênanggung kampir ing ngriki |
wus rahayu lêstari |
kang myarsa samya angungun |
nyênthe Raga-mênggala |
ngling dhasar (ng)gonnê wong baring |
wong Têgarèn gambuhane gêgêmblungan ||

Jilid 9 - Kaca : 207

579 Gambuh

1.
Raga-mênggala matur |
ambêg umbak prawiraning wuwus |
yèn cêcêmplon Têgarèn sami kêpadhil |
ancog-ancogên sêdarum |
sêdhusun pisan wong bandhol ||

2.
Dursila gêcul kumpul |
wus damêle mêjahi dêlanggung |
ki pêtinggi anjêngèngèk angling malih |
jêgge manira andulu |
wong Têgarèn anèng kono ||

3.
Sapa jênênge mau |
gupuh bature asru umatur |
wong titiga kang mriki duk wau enjing |
Jarangas lan Prêti-yuyu |
kalawan pun Mêrak-jamprong ||

4.
Raga-mênggala wuwus |
lah undangên marene dèn-gupuh |
gya ingundang tan dangu wong tiga prapti |
kêmul bêbêd ting bêdhêgus |
Raga-mênggala têtakon ||

5.
Sira jare anukup |
santri anginêp anèng desamu |
kang tinakon wus mangêrti langkung ajrih |
kang lênggah singgun-suminggun |
kèlingan prawiraning (n)don ||

6.
Matur sarwi tumungkul |
botên nêdya kawula anukup |
akalipun Braja-lamatan tyang kalih |
Braja-lintang Dhadhung-awuk |
kawula katut kemawon ||

7.
Botên tumut angrubut |
kula kewala lajêng lumayu |
mila tan kêdrawasan tiga puniki |
sêdaya pating garuruh |
kèh kacurnan kèh kang pekoh ||

8.
Dede sêwadosipun |
kados-kados kang winastan ji-tus |
mirêng kula sambate kang sami kanin |
sajêg tan kadya puniku |
lagi puniki kêtanggor ||

9.
Raga-mênggala muwus |
yèn ta sira mèlua angêbyuk |
nora wurung sira ngong bubuh saiki |
iku kaya pêngrasamu |
ko(k) kira-kira wong rèncog ||

10.
Tuju sira tan mèlu |
yèn mèlua yêkti pêcah (n)dhasmu |
kang liningan kêlangkung dènnira ajrih |
Ki Kulawirya gumuyu |
sarwi mulat ing Mrak-jamprong ||

11.
Kang dinulu tumungkul |
Mrak-jamprong Jarangas Prêti-yuyu |
kalimputan lir tikus pagut lan kucing |
tan kêwawa salang dulu |
Ki Kulawirya ngling alon ||

Jilid 9 - Kaca : 208

12.
(ng)Gih ta lah yèn sun-gugu |
dhi pêtinggi ngong duk winginipun |
datan nêdya amêrjaya ing-ajurit |
mung nangkis braja tumêmpuh |
anjorogakên sakèh wong ||

13.
Kècu asru anggrêgud |
riwut blarut tambuh rowang mungsuh |
pênthung-pinênthung lan rowange pribadi |
kêjagur tapuk-tinapuk |
ting kalêpruk kèh mêlopor ||

14.
Dadya tyasingong kondur |
tan bramantya dening salang gumun |
wong kang udrêg-udrêgan lan rowangnèki |
tan wontên ngênani ring sun |
Raga-mênggala anjomblong ||

15.
Myang sakèh kang alungguh |
gawok myarsa sèstu janma luhung |
dhasar warti putraning guru linuwih |
mangkya mêntas anrang kewuh |
atatas prawira tanggon ||

16.
Sangsaya jrih kêlangkung |
kang samya myat mring sang katrinipun |
Ki Nuripin sumambung kandha duk nguni |
sarwi anggaruti jagung |
sinambi lan jênang dodol ||

17.
Wuwuse nyamuk-nyamuk |
kula yèn kèngêtan wingi dalu |
duk bêndara kenthol rinêbut ing jurit |
sore tyas kula wus pyar-pyur |
myat wong kongsi wêdi nguyoh ||

18.
Myarsakkên kang cinatur |
dènnya ngampak ambegal mêmandung |
linggih têpung sor jagongan duwe bayi |
tan ana liyan cinatur |
namung dènnya bêndhog nyolong ||

19.
Ngapalkên jaya èsmu |
ting barisik guthite anukup |
têndho wanci lingsir wêngi ngêprès wani |
wong sadesa sarêng ambyuk |
tujune bêndara jarot ||

20.
Lir ngidak-idak tandur |
lêbur tumpur kang ngrêbut byur mawur |
satêngahing gawe ngong tan duwe ati |
ngungsi mring longan amblusuk |
ngambèn dèn-grêjak sakèh wong ||

21.
Dêlika antol (n)jêpluk |
ambèn ambyuk nindhihi maring sun |
lir linakar amipit ing awak-mami |
tan bisa obah sakojur |
ngong sêsambat gêmbar-gêmbor ||

Jilid 9 - Kaca : 209

22.
Tujun glis balêdug |
binirat mring bêndara gya mawut |
datan ana siji ingkang mangga-pulih |
kula tinimbalan gupuh |
ngong matur sru bêngak-bêngok ||

23.
Nulya bêndara gupuh |
abrengkal galar dêlikanipun |
kinèn tangi manira tan bisa osik |
kewala tinarik asru |
ngong gya rêngkêng-rêngkêng lunggoh ||

24.
Sêkojur badan rapuh |
kongsi sêpriki ing sakitipun |
angrêmpiyêg ting garêgês raosnèki |
kang myarsa samya gumuyu |
anduduk dadi guguyon ||

580 Mêgatruh

1.
Ki pêtinggi Raga-mênggala gêgêtun |
myarsa kandhane Nuripin |
dènnya amanggih pêkewuh |
anèng dhusun ing Têgarin |
rahayu prawiraning (n)don ||

2.
Myang sakèhe kang jagongan samya ngungun |
micarèng sajroning ati |
tan wingwang putraning guru |
putra kadange linuwih |
sabdaning rama kinaot ||

3.
Apan iku kaote trahing aluhung |
sèjèn pancène wong gombrik |
yèn kêtêmpuh tombok umur |
saking apêse tan yuni |
wong awon nora winongwong ||

4.
Kang mêngkana osike pra sêpuh-sêpuh |
pupuji sokur ing ati |
wah jrih asihirandulu |
Ki Wirya mèsêm dènnya ngling |
atêtanya mring Mrak-jamprong ||

5.
Hèh kisanak ngong tanya marang sirèku |
rika ngaku aywa kumbi |
duk sira padha anukup |
apamu kang tiwas kanin |
wong tri tutura maring ngong ||

6.
Samya matur wong têlu inggih sang bagus |
yêktose kula puniki |
tiyang tiga sami tatu |
kang sirah sami anggêtih |
kados kenging pênthung bandhol ||

7.
Ki Nuripin mêtênggêng sarwi amuwus |
dene kathik têdhas wêsi |
lah aji-(n)dika si Lêmbu |
-sêkilan kadi-punêndi |
kongsi anandhang kêtaton ||

Jilid 9 - Kaca : 210

8.
Nauri dandosan mêkatên puniku |
tan kenging kêdah bilai |
kawula wus niyat mantun |
tobat-kula yèn nglampahi |
inggih ing pêndamêl awon ||

9.
Ki Nuripin nauri sarwi gumuyu |
layak yèn (n)dika marèni |
marine mari kabutuh |
tuju-tujune marèni |
wong wus kapêngkok kêpokoh ||

10.
Gêr gumuyu sêdaya rowangnya lungguh |
Kulawirya mèsêm angling |
(ng)gêguyu mring ulatipun |
wong têtêlu pucat isin |
Ki Kulawirya agupoh ||

11.
Ngrogoh kanthong mundhut têlung reyal wutuh |
lo niki (n)dika tampani |
nyêreyal edhang wong têlu |
ngong asung patiba jampi |
rika marèni kemawon ||

12.
Polah pala-cidra dursila cêlimut |
Mrak-jamprong sigra nampèni |
sarwi matur nuwun-nuwun |
sêdaya ingkang alinggih |
dènnya andêlêng malongo ||

13.
Jayèngrêsmi Jèngraga mèsêm andulu |
samya sokur tyasirèki |
mring paman asung sih maklum |
Nuripin ngaruh-aruhi |
lo mêngko uga angglèmbos ||

14.
Ethok-ethok marèni durjananipun |
kêjaba andika salin |
jêjênêng rika punika |
tan lumrah nganèh-anèhi |
lan jênêng salumrahing wong ||

15.
Jênêng Mrak-jamprong Jarangas Prêti-yuyu |
apa jênêng Kêndhil-wêsi |
Lutung-mènglèng Tumbak-ladhu |
Sambang-ngèrèng Candra-gêni |
Kêthèk-mingkar Klunthung-waloh ||

16.
Jêjênêngan kabèh kang mêngkono iku |
bangsa brêkasakan bêlis |
thèthèkan setan lêlêmbut |
(m)bok jênêng sing lumrah janmi |
ywa rika jênêng mêngkono ||

17.
Nauri wong tri o o inggih kêlangkung |
sêndika angalih nami |
jênênging tani kang patut |
Nuripin angling (ng)gih bêcik |
lan malih bênêre nganggo ||

18.
Pituwase surup dadya arta ngusur |
têlung wang edhang wong katri |
sababe aku ya mèlu |
lara babaganing kanin |
ngong kêtindhihan ambèn bot ||

Jilid 9 - Kaca : 211

19.
Kang miyarsa sêdaya sami gumuyu |
Ki Wirya ambêkus angling |
kakèhan amèt si Cêblung |
wong ngêmis (n)dadak andruwis |
ya mara wis ta ing kono ||

20.
Ki Ripin amung wus pundi ta ing riku |
abêgja rika pinaring |
wong têlu mèsêm sumaur |
inggih (m)bok sampun akawi |
mundhut ujuran kemawon ||

21.
Inggih kula sami ngaturi nyêtangsul |
anggrisipun dinol dhingin |
benjing-enjing pênêdipun |
Nuripin anolih angling |
lo niku (n)dika pun goroh ||

22.
Sinaguhan wong têlu Nuripin manthuk |
ginuyu sakèh kang mèksi |
Ki Kulawirya amuwus |
dhusun niki dhi pêtinggi |
kêbawah pundi ing Longsor ||

23.
Desa gêdhe wiyar pêsabinanipun |
Raga-mênggala turnya ris |
ing Longsor cacah sangang jung |
pan inggih tumut nêgari |
Tabon Panaragi katong ||

24.
Nging kalêbak wukir mring Trênggalèk ngriku |
Trênggalèk-wulan ngabèi |
apan cacah kalih-atus |
dèn-dêgi dêmang kêkalih |
Trênggalèk-wulan sawiyos ||

25.
Ing Trênggalèk Lêmbuasta wastanipun |
ngabèine kang sawiji |
sami dêmang lênggah nyatus |
mas dêmang ingkang sawiji |
Kidang Wiracapa jarot ||

26.
Sisih lan mas dêmang Wiracana nêngguh |
sêntana ing Pranaragi |
pan sami sêntosanipun |
wontên kaote sakêdhik |
bèr Wiracapa maring wong ||

27.
Esmu kagyat Kulawirya myarsa wuwus |
angling sêsambèn ing kapti |
puniki mungguh ing laku |
rayinta anakmas kalih |
tinuding sudarma karo ||

28.
Inggih kaka kawula (n)jêng kyai guru |
kon ngulati kang (n)don anis |
Sèh Amongraga linuhung |
ran dèrèng parêng pinanggih |
samêrga kalungsèn wêrtos ||

29.
Lan angluruh karuhe (n)jêng kyai guru |
salong ingkang wus pinanggih |
mung kantun kang (n)dika tutur |
ran Kidang Wiracapèki |
manira ayun pêpanggoh ||

Jilid 9 - Kaca : 212

30.
Yèn sêmbada si adhi mugi tutulung |
yèn èstu anakmas kalih |
umangkat ing besuk-besuk |
ngong nêdha rencang sawiji |
nuduh mring Lêmbyasta mêngko ||

31.
Jayèngrêsmi Jayèngraga nunggil wuwus |
lah inggih kakang pêtinggi |
prayoga asung pitulung |
Raga-mênggala turnya ris |
inggih sêndika kemawon ||

32.
Pan kawula priyangga kang atut pungkur |
marang ing Lêmbuastèki |
mangsa ngong wratna ing laku |
pra ngawirya suka myarsi |
mring Raga-mênggala sagoh ||

33.
Ki Wuragil Kulawirya malih muwus |
lah sokur adhi pêtinggi |
kalawan sanès cinatur |
pênêd bab ngrasani tani |
sami pucungan angomong ||

581 Pocung

1.
Tanêm-tuwuh ngilmune barang tinandur |
mrih tulusing sawah |
sêlamêt dadining wiji |
wong tani kang tinêmu tanêmanira ||

2.
Wawi ngriku paman-paman para sêpuh |
wong nganggur jagongan |
pênêd caturan kang misil |
supayane anarik budi raharja ||

3.
Alon matur Raga-mênggala pra sêpuh |
nuwun jasad kula |
sêdaya yèn tiyang ngriki |
datan wontên kang nalar mung mrih lèlèran ||

4.
Babing ngilmu gugunêman sami busuk |
myang kang tuwa-tuwa |
samya bodho sadayèki |
barang kêdah tansah têtakèn kewala ||

5.
Mring puniku Ki Nurbayin kang mumuruk |
sêkathahe ingkang |
pitakèn marang Nurbayin |
pan sêdhêngan kewala tinakokêna ||

6.
Ananêmbur pitutur miwah nênandur |
sami atêtanya |
Ki Nurbayin mituturi |
inggih mangsa borong ing ngriku kewala ||

7.
Sêmu (ng)guyu Ki Kulawirya amuwus |
kalingane kakang |
Nurbyin tunggul desèki |
kang dadya pêngangson ing nak-putu kathah ||

Jilid 9 - Kaca : 213

8.
Mèsêm matur ing botên pantês kawuwus |
namung tambêl-bêtah |
kêtêmpuh sêpuh pribadi |
ilmi awèl-awèl prandene ginêga ||

9.
Lingira rum Ki Wirya sami ginuyu |
sêkadar wong tuwa |
kados pundinipun malih |
inggih pantês kêjibah rèh kêwajiban ||

10.
Babing kawruh maesa won pênêdipun |
ingkang pinilala |
myang mangsa tanduring wiji |
saking pundi titike ingkang prayoga ||

11.
Ris umatur yèn maesa titikipun |
ingkang pancal-buntal |
wulu pandhês kang anunggu |
ingkang kêngkêng kawête bang gantangannya ||

12.
Gêgêr wusu kang kiyat bubuntutipun |
kandêl lêng-lêngira |
kuping kang jamur krêna brit |
kang tan kalung kang mêmêl andhêmanira ||

13.
Kulit alus kang ngêmbêr bubunguripun |
kang manggak pathaknya |
ilat kang mobit nêlasih |
wadhuk bandhur kang ngupih landhung iganya ||

14.
Tracak sungu kang mêlês utawa dhungkul |
punika winastan |
dhoyok sinom raja pèni |
kalis ngama asrêp lacake tulusan ||

15.
Lingira rum Ki Wirya sami gumuyu |
lah niku prayoga |
kêduga têmên tyas-mami |
pênêd linajêngkên kang Raga-mênggala ||

16.
Saratipun têtanèn utaminipun |
supaya ywa ana |
Raga-mênggala turnya ris |
kang kêlampah tanah ing riki saratnya ||

17.
Yèn ta lamun taun Alip wit mêluku |
ing dina Jumungah |
saking kidul-wetan wiwit |
pêmlukune winêkasana ing têngah ||

18.
Nêbaripun ing wiji tancêbing tandur |
kalêrês ing dina |
apênêd Jumungah Lêgi |
amanipun punika apan bang-bangan ||

19.
Saratipun ampo lawan jêruk gulung |
pinêndhêm tulakan |
lamun taun Ehe wiwit |
mluku dintên Arbo saking lèr lêkasnya ||

20.
Wêkasan wus ingkang lèr-kilèn puniku |
nêbar ing winihnya |
tancêbing tandur marêngi |
dintên Rêbo amane pêksi anêba ||

21.
Saratipun apan pisang saba nêngguh |
pinêndhêm tulakan |
yèn Jumawal wiwitnèki |
mluku dintên Sêptu winiwitan têngah ||

22.
Nêbaripun myang tancêbing wiji tandur |
Sêptu ama bugang |
lêri bungkak sambêl cabe |
jangan mênis sinajèkkên ing tulakan ||

Jilid 9 - Kaca : 214

23.
Lamun taun Je dènnya wiwit mêluku |
Kêmis ing lèr-wetan |
wêkasan kidul-kilèn wis |
nêbar winih tancêbing tandur Kêmisnya ||

24.
Amanipun cèlèng kang angungsir tandur |
sarat uncêt wadhang |
kêlawan têrasi abrit |
jagung saontong pinêndhêm ing tulakan ||

25.
Lamun taun Dal Nga-at wiwit mêluku |
kidul lêrês dènnya |
wêkasan lèr lêrês nênggih |
nêbar winih tandur nênggih dina Nga-at ||

26.
Amanipun ulêr sarat lutung |
timah budhêng apan |
pinêndhêm tulakanèki |
yèn taun Be wit mluku dintên Sênèn-nya ||

27.
Lêkasipun sing wetan wêkasanipun |
lèr kilèn yèn nêbar |
winih tandur Isnèn ugi |
amane sundêp pan saratènja jaran ||

28.
Pinêndhêm tulakan lamun taun Wawu |
wit mluku Sêlasa |
saking kidul-wetan nênggih |
wêkas kidul kilèn yèn nêbar Sêlasa ||

29.
Amanipun walang sarat lênga-taun |
pinêndhêm tulakan |
kêlamun taun Jimakir |
amêluku wiwit ing dintên Jumungah ||

30.
Saking kidul-wetan wêkasan têngah wus |
nêbar wiwinihan |
tandur ing Jumungah ugi |
amanipun tikus bêrit sarat jênang ||

31.
Baro-baro lan pêngaji sigar abu |
botên kênging nganyang |
lan salêmbar ronning wringin |
binuntêl ing ronning pisang pêronggolan ||

32.
Pan tinangsul lawe wênang ubêt têlu |
tamat gotèk sarat |
têtanèn angolah sabin |
Jayèngrêsmi mèsêm aris angandika ||

33.
Brêkatipun kaole kêtêmpuh sêpuh |
puniku manira |
nulat sarating têtanin |
eca lamun tinurua lir swarkara ||

582 Dhandhanggula

1.
Jayèngraga nambung mring raka ris |
inggih sèstu prayogi tinulad |
kang sarat ngilmi têtanèn |
tanah paduka dangu |
ing kêrajan Wanamartèki |
dèrèng mangêrti sarat |
mluku nêbar tandur |
kang paman sumambung mojar |
iya bênêr tan ana lir kang Nurbayin |
ilmu sarating sawah ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13a) Kaca 194 - 204
  • (14) Kaca 215 – 231 >