Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16a) Kaca 253 - 264

 

( Pêpisahan kalihan Ki Raga-mênggala tuwin Ki Jakêrti )

09

2. Enjingipun pêpisahan kalihan Ki Raga-mênggala tuwin Ki Jakêrti, lajêng sami nglajêngakên lampah dhatêng Lêmbuasta. Sowan Ki Dêmang Ngabèi Kidang Wiracapa, katampi saha semah, Ni Widaryati lan rayi-rayinipun Wirabancana, Wirangkara tuwin Wirabraja. Kidang Wiracapa nyariyosakên lêlampahanipun nalika nem-neman sêsarêngan Ki Bayi Panurta engga dados dêmang anut lampahing kapriyayèn. Anggènipun jêjodhoan kaparingan putra èstri satunggal nama Rêtna Ginubah, nanging botên salimrahing tiyang. Tansah saba ing wana, namung kala-kala kemawon mantuk. Katingal nggrantêsing manahipun Ni Wadaryati, mila kasigêg. Jayèngrêsmi ngaturakên kawontênan ing Wanamarta ngantos dumugi linggaripun Sèh Amongraga ingkang kaluru. Minangka pakurmatan dhatêng tamunipun, kawontênakên kalênengan.

Gangsa, niaga saubarampenipun mila sampun sumadhiya awit saking bêrkahing gêsang dados priyayi. Jayèngrêsmi sarayi lan pamanipun kadhawuhan tumut nabuh.

Kidang Wiracapa ngandharakên kuwajibanipun tiyang dados priyayi, nanging botên kêdah tilar agami, jêr ing ngagêsang wajib ngudi jumbuhing donya lan akerat. Katranganipun têrkadhang nyrèmpèt-nyrèmpèt carêmêdan.


aca 253 - 264.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 253

589 Dhandhanggula

3.
Mèh rahina wanci pajar sidik |
mabang silaking Hyang Arunèngjang |
masinjang ima awênge |
lulungsiran kadulu |
dadu pita rêkta arangdhi |
marêngga tuturutan |
mêrêm rêmu-rêmu |
lir tasiking dyah tipisan |
mega malang nêrantang ganthêng ngênthèngi |
angrêmuk ima krêsna ||

4.
Tap masungsung amêrdapèng wèni |
lir sisinoming dyah mincis anjrah |
linuding pipidih adèn |
kasilakan asuluh |
silih solah kasilo dening |
Hyang Suryarsa mamadhar |
duk amungup-mungup |
ngatirah praba majingga |
andhêpani salire sèsining bumi |
katrapèng adakara ||

5.
Sumaringah kabèh pra kirnaning |
kadya kagringan manggih usada |
duk ratri praptèng arine |
kakaywan yag lir mahyun |
suka kèngêl katubing angin |
antara kawistara |
baskara ring esuk |
tan wun langêning akirna |
kang mahawan anabrang kali Kêlampah |
ngidul-ngetan mèt mêrga ||

6.
Wus kêpungkur kang sêdya umiring |
nèng kêdhung Bagong wus asowangan |
samya mulih dhewe-dhewe |
yata ingkang lumaku |
padhadhahan dhusun ing Wadi |
anampak patêgalan |
pala sri dinulu |
gumantung pêndhêm kêsimpar |
kacang gudhe kêcipir kara kêrai |
timun lawan sêmangka ||

7.
Jagung jêwawut kêtela linjik |
lombok terong dhuku jarak kapas |
tompulu kasumba wijèn |
samya tulus tinandur |
pêsabinan tan anglêbari |
gaga miwah tadhahan |
sorotan tan uwun |
tan mangsa tigas ing gagang |
ana panèn mêrkatak amêmping kuning |
mapak mlêncut gumundha ||

8.
Ingkang lagya tandur myang anglilir |
nyêbar angurit kang lagya mêka |
nênampingi miwah anglèr |
ingkang (ng)garu mêluku |
malik ningkal lêbaring dami |
kêbone rupa-rupa |
kêbo jamur lamus |
dhari ngantih dhungkul ranggah |
ting balêkèr anggantêr pêcut ngabani |
bo o o hêr kya kiya ||

Jilid 9 - Kaca : 254

9.
Akanthêngan gêgalêng tinamping |
ngêmbong tulakan liraping toya |
sri kasêrêng ing srêngenge |
silaking ombak banyu |
de didan ing angin maringin |
nampèl galêng kaplikan |
ngapyuk ing lèng yuyu |
yuyune yayah asuka |
nèng panglèngan ayêm lir mangun kamuktin |
dening gyan kabêngbêngan ||

10.
Kaboloting rurumbut kang minggir |
ingadhêgan bango pêcak cangak |
balêkok kuntul trinile |
angrakêt anèng ranu |
kadya puspa mênur mênuhi |
panjrah nèng patilêman |
sumawur ing kasur |
tustha kang pêksi putihan |
mamrih mangsa ambêncèt bêncèt malêcit |
cat kêna kadhang tuna ||

11.
Pêcak caruk rêbut mucuk cacing |
sulambêran mencok pagalêngan |
miwah angacob ing warèh |
ngangsir canthuka cundhuk |
Ki Nuripin mèsêm ngaruhi |
kanca ing pacangakan |
bisa anênangguh |
yèn lagi wong anglèr sawah |
glis anjêproh sikuntul putih asuci |
anisil prêcil kongkang ||

12.
Tan sêmbada pasêmone putih |
Ki Wuragil Kulawirya mojar |
lo lah milua dèn-age |
sira bangsaning kuntul |
namung putih wulunirèki |
sira mung jènggodira |
kêlawan jênêngmu |
Nuripin jênêng putihan |
badhoganmu tan kêna balung kêmlithik |
mêntah-mêntah pinangan ||

13.
Tan etung mung (m)buru warêgnèki |
mungguh pasang sêmu santri kombang |
gêsêng lir matêng jabane |
jêrone mêntah lugu |
durung kambon gêni sapêlik |
mêntah sêkojur pisan |
iku yèn candramu |
Nuripin mlèngèh turira |
dene ngaya yèn kados kuntul nèng sabin |
sasat sagêd angingkrang ||

14.
Nèng pêpalang palon kandhang sapi |
Ki Kulawirya ambêkuh mojar |
hi bilah Ripin dilèngèng |
bangêt lèh edan taun |
anggêgarap wong si Pênyakit |
jinorogakên ing sawah |
mak jêgug gêlaprut |
Nuripin tibèng lèlèran |
mèh kêpacul doranne lagi ambabit |
marêngi gacrokira ||

Jilid 9 - Kaca : 255

15.
Kang macul kagèt sarya sru angling |
hi mèh bae kurang sêthithik kêna |
prèhipun niku baguse |
Ki Wirya sru gumuyu |
(ng)gih raine niku Nuripin |
kèn nampingi têng (n)dika |
rêgêd dimèn alus |
sing alus kaya galêngan |
tinampingan turene niku kêpengin |
lamun (n)dika pacula ||

16.
Kang macul (ng)guguyu mring Nuripin |
mlerok mèsêm Nuripin lon mojar |
ya talah awakku dhewe |
lah maha ngaru biru |
jare wong dènranni kêpengin |
tan kaprah ing wong kathah |
wong dhêmên dipacul |
sarwi mêntas mring galêngan |
Jayèngrêsmi Jèngraga gumujêng mèksi |
Ki Kulawirya latah ||

17.
Ngling hi Ripin lir wong-wongan glali |
jêg loro-boyo gawe kucingan |
gêlaprut êndhut janggude |
wis ta adusa gêmblung |
Ripin ngagag ngrangkul Ki Ragil |
Ki Wirya ngling ya iya |
tak-parung lambemu |
sêdaya suka tumingal |
ingkang dadi paguywan samêrgi-mêrgi |
Nuripin masuh sinjang ||

18.
Pine ngiras nganggo ing lumaris |
nut mêrga gung ngetan sring papagan |
wong sêpasaran mring (ng)Galèk |
jalu èstri asêlur |
ngawirya tri kêrasèng ati |
kèngêtan ing kêrajan |
ing Wanamartèku |
kêlangkung arjaning desa |
ing Trênggalèk dhusun dhêkêt adu sabin |
pêpasar kèh pinangka ||

19.
Wisan-gawe wayahirèng ari |
Ki Nuripin kinèn atêtanya |
dhusun ing Lêmbuastane |
kang liningan agupuh |
ngandhêg laku janma ing mêrgi |
têtanya pundi ingkang |
dhusun prênahipun |
kang winastan Lêmbuasta |
kang tinakèn nauri kidul puniki |
lêt rong dhusun kewala ||

20.
Kajêng rau agêng kang anganjir |
Ki Nuripin wus narimèng warah |
umatur mring bêndarane |
Ki Kulawirya muwus |
lah dhingina ngidul Nuripin |
sira atêtakona |
ing pawismanipun |
Kae Kidang Wiracapa |
iya mangsa-bodhoa sira Nuripin |
bêlabaka bêlaka ||

Jilid 9 - Kaca : 256

590 Balabak

1.
Kang liningan Nuripin matur sêndika |
nulya ge |
andhingini ing lampah kinèn têtakon |
wismane ||

2.
Mas Dêmang Kidang Wiracapa ing Lêmbu |
-astane |
Ki Nuripin wus prapta ing pêdhadhahan |
dhusune ||

3.
Langkung agêng anggênggêng karang kitrine |
kirnane |
kinubêngan ing pring ori têpung gêlang |
dhadhahe ||

4.
Mujur ngulon kêrajane Lêmbuasta |
banjênge |
tinuruting jagang jro wiyar atêpung |
-gêlange ||

5.
Ingkang prênah pêlawangane dèn-wodi |
jagange |
mêrgi agêng ngubêngi jagang mring kori |
jujuge ||

6.
Ki Nuripin praptèng lawang paregolan |
kandhêge |
ngadhang janma wêtu saking jro sawiji |
tinakèn ||

7.
Aturira kula jrih matur mas dêmang |
têmêne |
wontên malih tinanyan sami kewala |
saure ||

8.
Kang sawiji malih tinakèn mrayoga |
saure |
yèn prêkara mêkotên (n)dika kêpangguh |
lan lêbe ||

9.
Mring Kauman Ki Pêngulu Asradênta |
adate |
nika kang wus pinitayan mring mas dêmang |
sabêne ||

10.
Ki Nuripin manthuk-manthuk anauri |
arise |
lah kang pundi wismane Ki Asradênta |
prênahe ||

11.
Tinudingan la nika cêlaking mêsjid |
êlore |
nauri yèn mêkotên pênêd ngong panggih |
lan lêbe ||

12.
La (ng)gèh sampun ki sanak ngong têmonane |
kaume |
ingginggihan Nuripin nulya lumampah |
ge-age ||

13.
Tan antara prapta wismane pêngulu |
kêpanggih |
sêsalaman Nuripin lan Asradênta |
nèng ngèmpèr ||

14.
Rogok-rogok asradênta gêdhe dhuwur |
dêdêge |
gumapula kapara akèh kang putèh |
rambute ||

Jilid 9 - Kaca : 257

15.
Jenggot jêmrpok agabrès bruwès atêpung |
godhège |
netra kêdhop aloyop milulu lambe |
amdumble ||

16.
Awak irêng kurang daging kadhuwurên |
dêdêge |
gondhokira (ng)gendhol sagembol |
gêdhene ||

17.
Ki Nuripin mèsêm ngling sajroning ngati |
wong kuwe |
iba-iba bêndara lamun wêruha |
mring kowe ||

18.
Mendah (ng)gonne amoyok Ki Kulawirya |
(n)tèk amèk |
wong mêngkono (n)dadak ginawe pêngulu |
ya gene ||

19.
Amit têmbung Nuripin mring ki pêngulu |
sojare |
anjêjêrèh (n)jarwani kang mula-buka |
jatine ||

20.
Mugi kyai pêngulu anglarapêna |
kature |
mring bêndara mas-bèi ing Lêmbuasta |
nuntêne ||

21.
Ki Pêngulu Asradênta anaguhi |
têmbunge |
(ng)gèh nak-bagus yèn mekatên kula matur |
pênêde ||

22.
Lah suwawi lumêbêt kula kang ngirid |
lampahe |
Ki Nuripin nyauri inggih sumangga |
andhèrèk ||

23.
Nulya samya lumampah Nuripin wuri |
(ng)garêndhèl |
kacumêtan (ng)guguyu mring Asradênta |
batine ||

24.
gêdhe dhuwur andhoyok ngêthimil rindhik |
lakune |
tan antara praptèng jro kae pêngulu |
kêpanggèh ||

25.
Nèng pêndhapa Kidang Wiracapa tanya |
wuwuse |
ana paran Sradênta sira agati |
dêlênge ||

26.
Alon matur têlètèh katur sêdaya |
bukane |
manthuk-manthuk ki dêmang rada kèlingan |
dangune ||

27.
Alon mojar ki dêmang mring Ki Pêngulu |
wuwuse |
anèng ngêndi samêngko kang sira pojar |
ênggonne ||

28.
Asradênta anolih marang Nuripin |
tanggape |
Ki Nuripin umatur mêksih nèng wuri |
arèrèn ||

29.
Sangandhaping wrêksa gêng ranu anganjir |
katrine |
angling malihe hèh Asradênta sirèki |
dèn-age ||

30.
Aturana prayogi kang andon-langip |
lakune |
kang liningan lèngsèr Nuripin tan kari |
undure ||

31.
Angaturi marang kang sêdya mêrdhatêng |
gupuhe |
anèng ngarsa Nuripin ngirid pêngulu |
lakune ||

Jilid 9 - Kaca : 258

32.
Jayèngrêsmi Jayèngraga Kulawirya |
katrine |
dènnya rarywan anganti ingkang tinuduh |
wangsule ||

33.
Gya kêtingal Nuripin pan tinutwuri |
lakune |
ragi pêdhak Ki Kulawirya andulu |
karone ||

34.
Sapa kae rowange dene adhuwur |
dêdêge |
kêdhuwurên ngarêp kêndhèkên kêpara |
kêpère ||

35.
Hi hi gondhok agêdhe lambe andoblèh |
andomble |
kaya apa dene iku mêmêdèni |
dhapure ||

36.
Gêdhe têmên godhèke sak krungan gêmak |
gêdhene |
lir gantangan mlêngkung kabotên kurungan |
nyêngklunge ||

37.
Ingkang putra gumujêng myarsa kang paman |
wuwuse |
tan adangu Nuripin prapta ing ngarsa |
karone ||

38.
Asradênta ngadhêpêg matur angglêrêg |
swarane |
gêdhe nglokor gumrênggêng kadya barênggi |
grênggênge ||

39.
Punapinggih paduka ingkang mêrtamu |
badhene |
Ki Wuragil nauri ênggih mêkotên |
kyaine ||

40.
Inggih kula punika kinèn ngaturi |
lajênge |
maring rama ijêngandika bêndara |
kêrsane ||

41.
Lah sumangga sang bagus kula umiring |
ngiride |
Jayèngrêsmi alon dènnira ngandika |
mring lêbe ||

42.
Rika niku punapi ênggèh pêtinggi |
lungguhe |
utawa yèn mambu sêntananira mring |
dêmange ||

43.
Asradênta umatur kula punika |
yêktose |
awon-awon inggih dinamêl pêngulu |
ing mangke ||

44.
Jayèngrêsmi mèsêm angandika aris |
mring lêbe |
lah (n)dawêg ingriki sami sêsalaman |
ki lêbe ||

45.
Ki pêngulu gupuh nyakup astanipun |
salame |
nulya Jayèngraga Kulawirya gantya |
rahabe ||

46.
Ki Wuragil Kulawirya mèsêm (n)dulu |
mring lêbe |
sasmita ring kang putra myang mring Nuripin |
liringe ||

47.
Jayèngrêsmi ngandika suwawi pamun |
lumade |
nulya samya tyasira angraras driya |
katrine ||

Jilid 9 - Kaca : 259

591 Mijil

1.
Pra ngawirya katri wus kairid |
lampahira alon |
Asradênta lumakyèng ngarsane |
Kulawirya tansah abibisik |
marang Jayèngragi |
samya angguguyu ||

2.
Mring pêngulu Asradênta dening |
dhuwur kuru gondhok |
iya ta lah ki pêngulu kuwe |
wong mêngkono dèn-gawe mêngkoni |
pêngulu lir pêksi |
pêcuk gondhok susuh ||

3.
Jayèngraga mèsêm tutup lathi |
kang pinoyok munggoh |
Nuripin mèlêt-mèlêt èncêpe |
jêr iku apa bênêr pêthèk-mami |
kadya wong madadi |
nêmu tike candu ||

4.
Ki Wirya ngling apa kang dera ngling |
Nuripin acêlor |
inggih piyambakan anêlame |
tan antara lampahira prapti |
paregolanèki |
kèndêl samya ngantu ||

5.
Asradênta matur dalêm nganti |
nèng ngriki kemawon |
kula matur mring bêndara mangke |
ênggèh paman manira anganti |
sakêdhap nèng ngriki |
sigra ki pêngulu ||

6.
Tur uning mring bêndaranirèki |
Ki Wirya duk anon |
ngling ya ta lah pênguluning kene |
apa saking alime ing ngèlmi |
wong kaya mêmêdi |
digawe pêngulu ||

7.
Wong irêng blêng jenggod kèh kang putih |
angrongkop ing gondhok |
nurut uwang têpung ing godhège |
kaya kêndhil kêdlèwèran tajin |
lan êndhasirèki |
gêdhe gondhokipun ||

8.
Tan sêmbada dhuwure kru aking |
balung ting pêndhosol |
layak kabotan dening gondhoke |
gondhok mêdhok angingkuti daging |
nglumpuk dadi siji |
mring gondhok milulu ||

9.
Miyut-miyut lakune tênganging |
kabandhulan gondhok |
ginuyu mring kang putra kalihe |
Ki Nuripin angglêgês sarya ngling |
andêlna (n)Jêng Kyai |
kenthol yèn amangun ||

Jilid 9 - Kaca : 260

10.
Walah mêksih kurang papanèki |
isih luwih poyok |
Asradênta kang atur uninga |
kae Kidang Wiracapa angling |
(ng)gêgêlara aglis |
lampit kêlasa lus ||

11.
Sigra rinumatan wus miranti |
palinggihan dhayoh |
lon dènnya ngling lah turana age |
Asradênta gupuh angaturi |
marang sang tamu tri |
kang angantu ing pintu ||

12.
Turira ris paduka ngaturi |
mring ramanta gupoh |
kang ingaturan kerid lampahe |
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
Ki Kulawiryèki |
Nuripin tan kantun ||

13.
Kae Kidang Wiracapa mungging |
pêndhapa tambing lor |
ingadhêp dening kulawangsane |
sêntana kêlawan magêrsari |
tarap anèng wuri |
samya saguh-saguh ||

14.
Sangkêp supacaraning ngabèi |
epok lan paidon |
anèng lante lan pawong rencange |
samyambêkta pêdhang miwah tamsir |
têlêmpak myang bêdhil |
panguthik lan suduk ||

15.
Arinira katri anèng ngarsi |
(n)dêl-andêling kewoh |
Wiranjara lan Wirangjarane |
wuragile Ki Wirabrajèki |
samya angayumi |
bawah tabonipun ||

16.
Lêbak-wukir ing Lêmbuastèki |
anyapara-têlon |
pra kenthol tri dadya wat-awate |
kang raka wus angudanèni |
rampung rinira tri |
kinarya bêbau ||

17.
Yata wau ingkang amêrtami |
lampahira alon |
praptèng natar tritis pêndhapane |
Kidang Wiracapa duk ningali |
mring kang wau prapti |
sênênne sumunu ||

18.
Gupuh-gupuh mêthuk angadêgi |
sarya lingira lon |
lah sumangga anakmas alinggèh |
matur inggih nulya angabêki |
Wiracapa linggih |
lan pra arinipun ||

19.
Jayèngrêsmi Jèngraga Ki Ragil |
samya tata lunggoh |
Jèngrêsmi mangarsa tur salame |
Kae Kidang Wiracapa aglis |
pasalam ngrahabi |
wa barakal-lahu ||

20.
Sarwi anêmbrama ing pambagi |
karaharjèng lakon |
mangsuli basukiyèng kramine |
wusnya nulya manjing ganti-ganti |
sêsalaman sami |
gya mring pra rinipun ||

Jilid 9 - Kaca : 261

21.
Samya rahabira tundhuking sih |
-ira têmbe tumon |
wusnya sêsalaman sêdayane |
amrayogi dènnya samya linggih |
langkung among krami |
kajatmikanipun ||

22.
Kidang Wiracapa angabèi |
wijiling sabda lon |
punapinggih anakmas putrane |
kakang Kae Bayipanurtèki |
wastane ing nguni |
mas Arundayèku ||

23.
Ingkang pundi pêmbayuning siwi |
kang tuwa kang anom |
pintên sêdaya panunggilane |
sapa sintên kang sinambat ing sih |
anak-ingong katri |
pundi ingkang sêpuh ||

24.
Jayèngrêsmi aturira aris |
paduka tannèngko |
rakanta (n)Jêng Kyai susunune |
namung titiga pambayun èstri |
kang jalu kêkalih |
kawula kang sêpuh ||

25.
Ingkang anèm punika kang adhi |
wondene kang wadon |
Tambangraras (m)bok-ayu wastane |
kula sinungan pun Jayèngrêsmi |
punika ri mami |
Jèngraga rannipun ||

26.
Satunggil paman Kulawiryèki |
kang wuragil anom |
gangsal sêdaya panunggilane |
ingkang sêpuh rakanta (n)Jêng Kyai |
tumuntên rinèki |
Suwarja pêngulu ||

27.
Wiradhustha pêndhadhanirèki |
gya Panuksma rêke |
Panamar lan Ki Kulawiryane |
inggih punika kang muragili |
sêdhèrèk nêm nunggil |
sayayah saibu ||

28.
Kidang Wiracapa duk miyarsi |
nauri sabda lon |
yèn mêkotên anakmas kalihe |
putranipun (n)Jêng kakang Kiyai |
Ki Kulawiryèki |
wragile Ki Guru ||

29.
Inggih sokur alkamdulilahi |
karsaning Hyang Manon |
nakmas pêpanggih ing ingong rêke |
tuwin pun adhi Kulawiryèki |
prayogi dhi ragil |
kang kêparêng ngayun ||

30.
Cêcêlakan lan arinta katri |
supaya mrih pundhoh |
kang liningan lèngsèr gya nulya ge |
têpung dhêngkul lan Wirabrajèki |
pra kadang ngingsêri |
samya sukèng kalbu ||

31.
Kae Kidang Wiracapa angling |
pundhuha padha nom |
manira biyèn duk maksih anèm |
lan Ki Guru ing Wanamartèki |
wus saeka kapti |
tan sêlayèng kayun ||

Jilid 9 - Kaca : 262

32.
Arinira katri anor-ragi |
malih ngandika lon |
lah undangên rubiyah-ngong Nikèn |
Widaryati Asradênta aglis |
ngaturi (n)Jêng Nyai |
Widaryati gupuh ||

33.
Praptèng ngarsa kang raka ngling aris |
wruhanira rêko |
sira kêdhayohan ya sutane |
Kae Guru Bayi Panurtèki |
kang ro iku siwi |
siji ku sêdulur ||

34.
Kang sring ngong-tuturkên ing sirèki |
duk mêksih samya nom |
wong sêsanga iya panunggale |
mas Rundaya lawan |
miwah Ekawêrdi |
lan Wargasastrèku ||

35.
Malarsipta Carikputra tuwin |
Carikmudha kang wong |
Danumaya kêsangane dhèwèk |
mêngko tan ana panggih pinanggih |
bagèkna tumuli |
dhimu myang alomu ||

36.
Nikèn Widaryati nêmbramani |
arjaning apanggoh |
ingkang putra kalih nor-ragane |
myang kang Wuragil Kulawiryèki |
wêcananira ris |
amangsuli nuwun ||

37.
Kidang Wiracapa angling malih |
ing nguni ngong anon |
santrine mas Arundaya biyèn |
sawiji tan kêna sah kikinthil |
si Bawuk rannèki |
wus amulucumbu ||

38.
Jayèngrêsmi mèsêm matur aris |
sèstuning patakon |
inggih mêksih pun Bawuk ing mangke |
kinarya pêngulu angibahi |
ing Wanamartèki |
sawawêngkonipun ||

39.
Wasta Ki Pêngulu Basarodin |
gênging sih kinaot |
lan kang para kadang sêdayane |
Kidang Wiracapa gumuywangling |
mring Asradêntaki |
kancamu si Bawuk ||

40.
Jênênge saiki Basarodin |
mêngko ibahing wong |
Asradênta mêlongo winartèn |
angling malih niku adhi Ragil |
Asradênta niki |
ngong karya pêngulu ||

41.
Bêrkat milu lara lapa kinthil |
lit milya milyèng ngong |
baya wus binage ing takdire |
wusanèngsun tinitah ngabèi |
sêkadar malês sih |
mring Asradêntèku ||

42.
Sami lan pun Bawuk Basarodin |
niku ran si Dhogol |
gêr ginuyu marang sêdayane |
Kulawirya latah duk miyarsi |
mojar olèh tandhing |
kang Pêngulu Bawuk ||

Jilid 9 - Kaca : 263

43.
Lan kang Asradênta (m)buh pinilih |
kari angêtombol |
sangsaya gêr-gêran ing guyune |
Kulawirya tan wangwang maliring |
watak (m)bibisani |
yèn anjurudêmung ||

592 Jurudêmung

1.
Kae Kidang Wiracapa |
pangandikanira arum |
marang ing rubiyahipun |
Widaryati arakita |
pasugatane tamumu |
mumulenên sutanira |
saiki mupung apangguh ||

2.
Uwus manira tan bisa |
têtêmu lan ramanipun |
sutanta bae lan rimu |
prêsasat kakang Rundaya |
mêrene sinihan pangguh |
marêm dene pulunanta |
Nikèn Widaryati gupuh ||

3.
Alon lèngsèr maring wisma |
nuduh pawong rencangipun |
pawohan wedang panganan |
kinèn nyaoskên mangayun |
kang nênampa ngadi-warna |
sapênganggone pinatut ||

4.
Nikèn Widaryati agya |
ngirid pagulan mangayun |
kêpering raka alungguh |
sugata sumajèng ngarsa |
wusnya ngladèni gya mundur |
tap laku kadya wong kutha |
parigêl sasolahipun ||

5.
Kae Kidang Wiracapa |
nyarakkên sugatanipun |
sumanggèng kêrsa ing riki |
sami anadhah nyamikan |
ywa taha-taha ing kalbu |
utami kêrana Allah |
tan wêrana siku-siku ||

6.
Sarwi nyandhak pacawanan |
wedang ron balimbing-wuluh |
gula sakar arèn luhung |
mara ta ing kono sira |
Wiranjara lan adhimu |
Wirangkara Brajawira |
angrahabana sirèku ||

7.
Alomu manawa ringa |
kang liningan samya gupuh |
nêmbrama manis ing wuwus |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèku |
samya ngalap nginum wedang |
kang wedang balimbing-wuluh ||

8.
Lalabe gula-rèn sakar |
adhahar nyamikanipun |
sasênêngira amundhut |
wowohan myang lah-olahan |
Ki Wiracapa amuwus |
lamun kêparêng ring driya |
dhi Ragil nakmas puniku ||

9.
Prayogi kèndêl sêpasar |
supaya ing sih tyas nutug |
marêma marma andulu |
marang sang bagus katrinya |
Jèngrêsmi alon turipun |
pangandikanta kang dhawah |
inggih kêlangkung kasuhun ||

Jilid 9 - Kaca : 264

10.
Ingkang sih-marma paduka |
asangêt kawula nuwun |
sumanggèng kêrsa lumuntur |
marmanipun tur-kawula |
ri-paduka yêktosipun |
ing lampah katri punika |
dhapur ingutus angruruh ||

11.
Mring Kae Sèh Amongraga |
sah nis ing sêsaminipun |
jênaka dèrèng saèstu |
swami Nikèn Tambangraras |
kêlangkung kawêlas-ayun |
karya runah yayah rena |
myang kulawangsanipun ||

12.
Mila ing lampah-kawula |
kalunta andon anglangut |
aniti nitik tan antuk |
mahas wana pawukiran |
ing mangkya prapta ing ngayun |
kawula panggoh paduka |
pan punika wiyosipun ||

13.
Kae Kidang Wiracapa |
duk miyarsa aturipun |
kang putra angrês tyasipun |
kêgagas wlas sêmu waspa |
Widaryati nut wêtu luh |
myarsa ature kang putra |
anutur sêduluripun ||

14.
Angarang tinilar priya |
ing têpa sariranipun |
Kae Wiracapa muwus |
(ng)gih Allah kang pinapajar |
dene kabèh kawlas-ayun |
manira lawan bibinta |
puwara tumutur wuyung ||

15.
Saking kandhêhan miyarsa |
lapake datan susunu |
puniku bibinirèku |
myat mring anakmas kalihnya |
lir tan kêna sah andulu |
kula puniki anakmas |
pati branakan tuwuh ||

16.
Susuta èstri sajuga |
tankaprah limrah ing sunu |
Jayèngrêsmi lon umatur |
liripun kadya punapa |
de mawi tan limrahipun |
Ki Wiracapa lingira |
rinta wit duk jêbèng pinjung ||

17.
Tan kêna rinrèh ing karya |
akarêm saba wana gung |
sêpisan pindho ping têlu |
sabên lunga ginolèkan |
ibune milu angluruh |
kêpanggih têngahing wana |
tan jênêk nèng wismanipun ||

18.
Tita ing ngalama-lama |
pan dadi pêrawan jêbug |
wancine wayah mêmantu |
kêdurus tan karsa krama |
namung karêm ambuburu |
anundhung kidang mênjangan |
andaka jawi andanu ||

19.
Sumawana ngitêr sima |
solah bawane lir kakung |
sikêp prajuritanipun |
tan pisah turangganira |
parigêl angêmbat lawung |
kukuwu ing dalu siyang |
nèng wana tan mantuk mantuk ||

20.
Yèn purun mantuk mring wisma |
sring angsal ambêkta lawuh |
winot ing turangganipun |
nuwuki sampè sawulan |
bagine wus takdiripun |
kadhanyangan ing wanarga |
dadya grêma tuwalauru ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15b) Kaca 243 - 252
  • (16b) Kaca 265 - 278 >