Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434705
Hari ini     :Hari ini :105
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :171
Bulan ini   :Bulan ini :3334
s/d hari ini   :s/d hari ini :434705
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16b) Kaca 265 - 278

 

( Pêpisahan kalihan Ki Raga-mênggala tuwin Ki Jakêrti )

09

2. Enjingipun pêpisahan kalihan Ki Raga-mênggala tuwin Ki Jakêrti, lajêng sami nglajêngakên lampah dhatêng Lêmbuasta. Sowan Ki Dêmang Ngabèi Kidang Wiracapa, katampi saha semah, Ni Widaryati lan rayi-rayinipun Wirabancana, Wirangkara tuwin Wirabraja. Kidang Wiracapa nyariyosakên lêlampahanipun nalika nem-neman sêsarêngan Ki Bayi Panurta engga dados dêmang anut lampahing kapriyayèn. Anggènipun jêjodhoan kaparingan putra èstri satunggal nama Rêtna Ginubah, nanging botên salimrahing tiyang. Tansah saba ing wana, namung kala-kala kemawon mantuk. Katingal nggrantêsing manahipun Ni Wadaryati, mila kasigêg. Jayèngrêsmi ngaturakên kawontênan ing Wanamarta ngantos dumugi linggaripun Sèh Amongraga ingkang kaluru. Minangka pakurmatan dhatêng tamunipun, kawontênakên kalênengan.

Gangsa, niaga saubarampenipun mila sampun sumadhiya awit saking bêrkahing gêsang dados priyayi. Jayèngrêsmi sarayi lan pamanipun kadhawuhan tumut nabuh.

Kidang Wiracapa ngandharakên kuwajibanipun tiyang dados priyayi, nanging botên kêdah tilar agami, jêr ing ngagêsang wajib ngudi jumbuhing donya lan akerat. Katranganipun têrkadhang nyrèmpèt-nyrèmpèt carêmêdan.


aca 265 - 278.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 265

 

592 Jurudêmung

21.
Ni rara kêtnaginubah |
karya ran pribadinipun |
ngong bibinta tan wèh juluk |
wikan ingkang asung aran |
ngung wus narimèng tyas muwus |
bibinta myat ring anakmas |
prawirèng krama abagus ||

22.
Kêlangkung kêpenginira |
yèn bisa darbe susunu |
lamine panggih kramèngsun |
babêle namung sapisan |
sutrèstri punika wau |
prêsasat datan sêsuta |
tan kêwasa mêngku sunu ||

23.
Puniki wus pêndhak dina |
rinta tan kêdulu mantuk |
ênggèh tan kêna binastu |
ni rara Rêtna Ginubah |
wus kuwu nèng sêsananira |
wit anom tumêkèng sêpuh ||

593 Sinom

1.
Sêdangunira rêrasan |
Ki Kidang Wiracapèki |
sasmita ngungun mring garwa |
sira Nikèn Widaryati |
kêrasa inanèki |
tiwas tan na tuwasipun |
ngêmbêng waspa marwayan |
sinamun lêbu ngalilip |
tyas kepengin puputra lir tamunira ||

2.
Kae Kidang Wiracapa |
ngling mring garwa Widaryati |
wis aja kèh kang rinasa |
sêpuluh lagi pinasthi |
darbe suta sawiji |
tan kêna tinêkêm ucul |
kamanon anèng wana |
pinulung kang marabumi |
ya nakira ni rara Rêtna Ginubah ||

3.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèki |
myat maring kang darbe wisma |
sêmu sungkawa myang rabi |
sih-marma mring têtami |
katri samya nor tumungkul |
ngungun ring sojarira |
sutane èstri kadyèki |
sira Kae Dêmang Kidang Wiracapa ||

4.
Ngling aris mring garwanira |
lah wus sira Widaryati |
tata-tata-a madhangan |
sêdhênge têngange ari |
baya katoran mêrgi |
kêlantih pulunanamu |
Widaryati agêpah |
mring wisma nuduh parèstri |
kang rêrakit rampadan kinèn prayoga ||

5.
Kae Kidang Wiracapa |
ningali tamunira tri |
ragi sêlayèng wahana |
ing wangun pasêmonèki |
pan-samya amrayayi |
sawiji sêntosèng ngèlmu |
tyas mêrtyambêg ngumala |
kang kalih lugu mriyayi |
tyas ngumalambêg rêmên langêning praja ||

Jilid 9 - Kaca : 266

6.
Aris dènnira ngandika |
won nganggur inggih dhi Ragil |
pakurmat sunat lêlahan |
kêjibah bumi priyayi |
sacaraning nêgari |
pênêd wontên gong cumêngkung |
anglang gama sarak |
sêkêdhik cara priyayi |
kang liningan samya umatur sumangga ||

7.
Ngling malih mring arinira |
lah Wirabraja dèn-aglis |
pêpêkên niyaganira |
wêtokna gamêlan-mami |
sêlendro si Bèr-manis |
ing kono bae (m)burimu |
Wirabraja agêpah |
manggil niyaga kèn ngambil |
gamêlan si Bèr-manis tinatèng ngarsa ||

8.
Tan antara pra niyaga |
rumat sêkala miranti |
Kae Dêmang mèsêm mojar |
Camaya ngrêbaba bêcik |
sing anggambang si Prawit |
si Cakrêma kêndhangipun |
si Caguna ngromonga |
si Cawèya kang anyuling |
si Calêngki prayoga angêndèrana ||

9.
Iya bênêr Wirabraja |
(m)bok ngundang têlèdhèk siji |
kang abêcik swaranira |
ing Bèndha si Grèpèt bêcik |
undangên sêdhela glis |
Ki Wirabraja anuduh |
ngundang ronggèng mring Bèndha |
Ki Wiracapa ngling aris |
wis sênggrèngên rêbabmu pathêt sêsanga ||

10.
Nuli lêkas unèkêna |
Rondhon kang sêmada ririh |
agupuh ingkang liningan |
sêmênggrèng ngèg wus pêkolih |
nême sasêndhon apti |
akêjêr tutupanipun |
samya sajak nêgara |
pêthikan ing Pranaragi |
kang sasêndhon pathêt sanga rum araras ||

11.
Nutug lih-ulihanira |
gya laju talu anggêndhing |
munya Rondhon sèsènggolan |
pênabuhe ukur (n)jawil |
satangkêping aringgit |
kalanya durung anjantur |
rampak imbal ngêpinjal |
ngêmanak bêkakanèki |
nganyut-anyut Bèr-manis arum araras ||

12.
Sêdhêng lêganing irama |
Jèngraga mèsêm miyarsi |
asasmita ring kang paman |
Kulawirya amangguti |
tansah nolih ningali |
mring niyaga kang nênabuh |
cèngkoke tan sêlnya |
Bèrmanis ngrantêg ngrêrangin |
srining dhusun kadêmangan Lêmbuasta ||

13.
Ni Widaryati mangarsa |
matur ing rakanirèki |
paduka kèn-angruktiya |
sêsaji sugata tami |
kang raka ngling ko thithik |
sêdhêng têka ronggèngipun |
Jèngraga Kulawirya |
mèsêm kêduga ing ati |
wus antara kang (ng)gêndhing Rondhon aminggah ||

Jilid 9 - Kaca : 267

14.
Yata wau kang ingundang |
têlèdhèk si Grèpèt prapti |
anèng ngarêping niyaga |
anêsêg unggahing gêndhing |
ngêndhêlong dèn-salahi |
asuwuk gamêlanipun |
Ke Kidang Wiracapa |
ngandika mring garwanèki |
lah wus mara ladèkna lêladènira ||

15.
Kang garwa lèngsèr sing ngarsi |
anuduh padhêke èstri |
agupuh kang inujaran |
nampambêng dhulang tup-saji |
kobokan lan kêndhi |
pinere dhêdharanipun |
sêkul ulam rampadan |
akupêng tinatèng ngarsi |
ing ambêngan kabèh priyangga-priyangga ||

16.
Ngling wawi ngriku anakmas |
prayogi sami wêwanting |
gupuh kang sami cinaran |
tuturuh sarya ngling malih |
mring niyaganirèki |
unèkna gamêlanamu |
La-êla lon kewala |
padha krasa ukur (n)jawil |
gupuh para niyaga anulya buka ||

17.
Cumêngkling arum araras |
rarase angraras ati |
angapti panabuhira |
baud rêbut mrih kaèksi |
adan lêkas abukti |
kang sami nadhah pikantuk |
kasumyar ing gamêlan |
La-êla alon angêlik |
binarungan ingkang gêndhing ginêndhèngan ||

18.
Mêthit mêrit muluh rêmak |
pupunton rêbab lan suling |
tungtung ngês lan wilêtira |
rêbut yakmakaning gêndhing |
ambyantu ririh ricik |
munya rum anganyut-anyut |
Jèngraga Kulawirya |
rongèh sring alihan linggih |
Kidang Wiracapa mèsêm langkung suka ||

19.
Tumingal mring tamunira |
Jèngraga Kulawiryèki |
ki dêmang aris wêcana |
mring kang putra Jayèngrêsmi |
(ng)gih anakmas puniki |
pakurmatan warninipun |
sajaking maksiyatan |
tan mupangat ing agami |
sêdaya wus tatanira alyèng praja ||

20.
Kula kêlawan ramanta |
bagi wus ganjaranèki |
kakang Rundaya tinitah |
ngulamèng ngilmu linêwih |
sun tinitah ngabèi |
pan beda ganjaranipun |
maklumipun anakmas |
sarèhning sukur ing kapti |
tan nyupêna anakmas panggih pun bapa ||

21.
Myang dhi Ragil Kulawirya |
tumungkul kang sinung angling |
wus antara dènnya nadhah |
luwaran samya wêwanting |
ambêng nulya cinarik |
sinungkên pêmburinipun |
Nuripin Asradênta |
wong roro samya abukti |
angrêrantêg gêndhing La-êla aniba ||

Jilid 9 - Kaca : 268

22.
Rêbut bêsus sêdayanya |
ngungalkên ngês wilêtnèki |
antara babakanira |
ngêndhêlong suwuk kang gêndhing |
nulya sinungan bukti |
niyaga kapang atêpung |
amangan ting kucapah |
Asradênta lan Nuripin |
Asradênta wus dangu pangantinira ||

23.
Andulu pêmulukira |
nut nênga tumungkul mèksi |
Nuripin mêksih amangan |
Ki Kulawirya anolih |
sarwi muwus ambêkis |
tawêkal têmên si Buntung |
dhèk gêndhing durung niba |
kongsi suwuk mêksih ngêmil |
olèh gawe tirah lambe anèng paran ||

24.
Ambêrung lir wêdhus saba |
ing pakacangan ngrêmusi |
nora miris binênturan |
ya kêjaba dipênthungi |
sing muncrat polonèki |
ingkang kaya uwong iku |
gumuyu Asradênta |
anglêrêg lir têkèk muni |
anèng gawok anggogok sru agêrokan ||

25.
Nuripin jrih nulya wisan |
takêre lagi nêngahi |
cuwa tan tutug amangan |
wêdi dinukan Ki Ragil |
wusnya wisuh Ki Ripin |
Ki Asradênta agupuh |
sisane sêkul ulam |
rampadan misih kèh kèri |
binrêkatan mring Asradênta sêdaya ||

26.
Binuntêl kacune amba |
anuli ginawa mulih |
ambêntoyong (ng)gawa brêkat |
lajêng sininggahkên aglis |
anjêngèk Ki Nuripin |
gêrundêlan amarêngguk |
pêngulu kênèng lara |
wruha yèn dibrêkat mulih |
tak êntèkna mau tur warêg amangan ||

27.
Ki Wirya mèsêm têtanya |
ririh anolih mring wingking |
apa Pin dene grundêlan |
Nuripin umatur ririh |
sawêg cilaka mami |
puniku kyai pêngulu |
tan nyana lamun (m)brêkat |
sêdaya binêkta mulih |
binuntêlan ing kacu wiyar plipitan ||

28.
Ambêntoyong gulunira |
(m)bêntoyong tanganirèki |
uninga yèn mêkatêna |
ngong têlaskên sêdayèki |
jêr (n)dadak dèn-dukani |
wong amangan durung tutug |
lêrês (ng)gèn-kula nyêngka |
inggih dêlênge acicik |
Asradênta pêmbrêkate dadi drêmba ||

29.
Wong nadhah sawêg satêngah |
sêlak sampeyan-dukani |
Ki Kulawirya asuka |
anggligik gumuyu ririh |
sarwi atuding-tuding |
Jèngraga mèsêm andulu |
mêngkana wus luwaran |
nyamikan sumadyèng ngarsi |
Kae Dêmang Wiracapa nulya mojar ||

Jilid 9 - Kaca : 269

30.
Prayogi sêsangat salat |
wancine wêktu umanjing |
Jèngrêsmi gêpah turira |
nulya samya maring masjid |
Kidang Wiracapèki |
mring pahèran samya wulu |
sawusira akadas |
ki dêmang kang angimami |
wus antara ing wêktu Luhur bakdanya ||

31.
Pragat puji dhikirira |
sêlawat salaman sami |
mudhun saking pêlanggaran |
kang putra ari ingirid |
langkung dening ngrêsêpi |
Ki Kidang Wiracapèku |
tamu kêtiga pisan |
wangsul mring pêndhapa malih |
wus satata dènnira alêlênggahan ||

32.
Dhadharan asri nèng ngarsa |
ki dêmang angancarani |
sumanggèng riku anakmas |
won kèndêl sêsambèn bukti |
paran kang dèn-kêrsani |
kang putra samya tur nuwun |
malih alon wêcana |
kula puniki dhi Ragil |
mung kêcanthèl wêktu tan pitaya tilar ||

33.
Sinambi mêngku parentah |
cèwèng caraning agami |
baya wus ganjaraning Hyang |
mungguh ahlining ulami |
bibar sêdaya kêndhih |
dening langêning acêngkung |
kêburu kêbèragan |
sapraboting kaprayayin |
ragi bênggang cacêgah pakoning Allah ||

34.
Wrating wong lumakyèng karya |
sêdasa-dasa dospundi |
brêkate mêngku wong kathah |
akathah ingkang pinikir |
Jèngraga lan Ki Ragil |
umatur sarwi gumuyu |
punika kasinggihan |
inggih kadospundi malih |
tiyang dados priyayi mêngku prakara ||

35.
Myang langên tataning praja |
ngangge sêcaraning nagri |
solah-bawaning kamuktyan |
wus sasat bangsa priyayi |
ki dêmang anganthuki |
inggih mêkatên dhi Wruju |
inggih botên ambucal |
ing sarak sarengat Nabi |
inggih burêt katimpah tingkah maksiyat ||

36.
Wahyu cathêting wardaya |
gampilanipun dhi Ragil |
ngèlmi gêgeyonganing tyas |
mungguh ngagêsang puniki |
[.
.
.
] |
anggêr pênêd batosipun |
lamun pênêd nèng donya |
(ng)gih pênêt akeratnèki |
ing agêsang mung ambujêng kapênêdan ||

37.
Ki wuragil Kulawirya |
anêsêg dènnya alinggih |
myang kang putra sakalihnya |
sukèng driya miyarsa ngling |
Ki Ragil nambung aris |
inggih kadospundi wau |
mênggah pênêd punika |
liripun kadi-punêndi |
basa pênêd apênêd dhatêng punapa ||

Jilid 9 - Kaca : 270

38.
Kae Kidang Wiracapa |
gumuyu anggêdhêg wêntis |
dhi Wuragil Kulawirya |
mung pênêd kalih prakawis |
mênêdi sapucuking |
ilat lan pucuking guthul |
Ki Kulawirya latah |
gêr gumuyu sêdayèki |
Jayèngrêsmi tumungkul Jèngraga suka ||

39.
Kae dêmang malih mojar |
bangsa punika dhi Ragil |
kêlangkung dening dêksura |
balêjêd ngisin-isini |
nanging puniku wiji |
wijiling ilmi binrukut |
lêring nalar tar wêntar |
minangka urating ilmi |
milanipun dakar ingaranan urat ||

40.
Pasênêtanning duryat |
ayat martabating jinis |
janase sampun kaênas |
tamjis lan najis pan jais |
kadi ta lapal kadis |
dhikir lan dakar puniku |
mungguh makna tan beda |
sami kasuciyanèki |
pon kang sipat ajali abadi tunggal ||

41.
Mungguh murat cara jawa |
têpunging lapal lan jawi |
dakar ingaranan kalam |
kalam maknanipun angling |
kêlawan ilat tratil |
puniku paworing pucuk |
pucuking kalam dakar |
lan pucuking kalam uni |
namung ngriku gêgeyonganing ngagêsang ||

42.
Anèng enak lan pakenak |
enake nandhang abukti |
pakenak layaping nendra |
lan ruruning rasa jati |
yèn sampun anyukupi |
kalih prakawis puniku |
tan kirang sandhang tadhah |
tan kirang rahabing rabi |
(ng)gih puniku kang wus prayogi ing titah ||

43.
Sampurnaning dalêm dunya |
sampurna ing dalêm akir |
punapa pulasing dunya |
inggih pupulasing akir |
dunya wit nganamnami |
ngakerat dadining wakul |
tumbu tampah tampira |
puniku ingkang supami |
malah tikêl sêdasa tikêl atusan ||

44.
Barang tabyate nèng donya |
tabyat ala tabyat bêcik |
sarwa tikêl samadaya |
nut dhorènge nèng donyèki |
lamun nèng donya miskin |
tikêl satus miskinipun |
yèn sarwa sarwi donya |
tikêl satus sarwa-sarwi |
pêrtandhaning bab pênêd wontên sêksinya ||

45.
Sêksine pênêd punika |
dhi Ragil tigang prakawis |
bênêr wuwuse tan gothang |
pêrcaya datan kêwatir |
angandêlan ngèmêngi |
nirnakkên tri pêrkarèku |
tan labêt dora-cara |
tan pitênah ing sêsami |
datan ngumpêt mêpêt panggawe raharja ||

46.
Arjanèng wong ahli donya |
angèsthi kalih prakawis |
kalam dhikir kalam dakar |
wus sampurna uripnèki |
wah mêkatên dhi Ragil |
kaelokaning Hyang Agung |
kang tan kêrana donya |
anrangbaya ing arungsit |
tan kaduli ing sandhang kalawan pangan ||

Jilid 9 - Kaca : 271

47.
Tan sotah ing rajah tamah |
puniku ahli otadi |
tan pae lan ahli donya |
lir têlêng lawan jêladri |
alun ahli donyèki |
têlêng ahli akiripun |
tan beda jatinira |
alun lan têlêng jêladri |
ahli donya ahli akerat wus timbang ||

48.
Ahli donya ya wus bisa |
nyamuti dhirinirèki |
ing enak lawan pakenak |
kang ahli akerut yèn wis |
enak datan abukti |
pakenak datan aturu |
lir kudhuping puspita |
tan ana gatraning rujit |
saking dening wungkule pinguling dênta ||

49.
Kang ahli donya upama |
puspa wigar angganda mrik |
saking ambabar ihtiyar |
mêkar angambar tulya-sri |
kang puniku dhi Ragil |
sadhengah ingkang pinupu |
gampil angèle datan |
prabeda lamun inapti |
Jayèngrêsmi Jayèngraga Kulawirya ||

50.
Kajuming driya wiyoga |
kaparas rasan hakiki |
kikise nora kikiban |
sami micarèng ing kapti |
labêt randhan ngulami |
muradi basa kang saru |
tan ana rubedanya |
nora sêmbada witnèki |
wêkasannya murade awirangrongan ||

594 Wirangrong

1.
Ki Ragil Kulawiryèki |
raosing tyasira condhong |
liningane gampang gathak-gathuk |
galêthêking ngilmi |
tan ngêkahkên upama |
apêsaja cara Jawa ||

2.
Ke Kidang Wiracapèki |
gumuyu sarya ngling alon |
adhi Kulawirya kintênipun |
badhèk wignyèng gêndhing |
Ki Wirya ris turira |
sarwi gumuyu alatah ||

3.
Anjawi putranya niki |
anakmas kang sampun gamboh |
tan kèwêdan raras ing kêlangun |
anggêndhing rêspati |
mèsêm ingkang liningan |
tan pati sagêd turira ||

4.
Ki dêmang suka ing galih |
lir punagi tyasnya tumon |
ngling mring arinira kang wêruju |
hèh Wirabrajèki |
ngundanga têtanggapan |
kang êndi prayoganira ||

Jilid 9 - Kaca : 272

5.
Têtanggapan mêngko bêngi |
apa wayang apa gambyong |
apa bêbagoran têlu iku |
êndi kang prayogi |
salah siji sêdhengah |
Ki Wirabraja turira ||

6.
Inggih sumangga (n)Jêng Kyai |
kêrsa kang pundi siniyos |
kang raka linigira mungguh aku |
bagor bae bêcik |
lakonne Narawangsa |
yèn ora Jayakusuma ||

7.
Dha-padha wong kene iki |
dhêmênane kang tinonton |
amung totopèngan kèh wong (n)dulu |
tinimbang lan ringgit |
tlèdhèk karucil purwa |
topèng gêdhening tontonan ||

8.
Dospundi ngriku dhi Ragil |
kêrsane ingkang tinonton |
Ki Wirya turira sumanggèng yun |
kang dipun-kêrsani |
Ke Kidang Wiracapa |
nuduh mring ari katrinya ||

9.
Lah Wiranjara sirèki |
ngong patah gawening wadon |
sira tuturana (m)bok-ayumu |
lah-olahan ngratêngi |
kudur kudu wadonan |
dadakan bae kang rumat ||

10.
Ya sira kang ngêpalani |
sakèh pênggawening wadon |
de si Wirangkara ya sun-tuduh |
mêragata sapi |
gudèl kêlawan menda |
samawana bèbèk ayam ||

11.
Mangsa bodhoa sirèki |
cukup kurange ing mêngko |
de sira Wirabraja pakaryamu |
ngong-tuduh sirèki |
angulêm-ulêmana |
nakmu dêmang Wirancana ||

12.
Ing (ng)Galèk kulon dèn-brêsih |
manca-pat kidul wetan lor |
para bundhêl desa goco umbul |
jêjênggul pêtinggi |
bêkêl pandhêsêl gêbrag |
konên rakit pêsamowan ||

13.
Undangên si Nayakênthi |
lan sarowange pra bagor |
pêpakên sêdaya wong atapuk |
aywa na kang kèri |
sigra ingkang liningan |
para kêtiga pisan ||

14.
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri Kulawirya non |
marang Kae Dêmang krasèng kalbu |
samya ngling ing galih |
kèngêtan ingkang rama |
jêng kyai Bayi Panurta ||

15.
Duk-kala wit darbe kardi |
mêmatah kadang tuwa nom |
kumênyut tyasira duk ing dangu |
panggihe rakèstri |
(m)bok Nikèn Tambangraras |
lawan Ki Sèh Amongraga ||

Jilid 9 - Kaca : 273

16.
Puwara nis sah lan swami |
ing mangke dadya lêlakon |
pangupayèng paran angrururuh |
rèh kapugutan sih |
kumêmbêng ngêmu waspa |
sinamun iribanira ||

17.
Ke Kidang Wiracapèki |
mulat mring kang putra karo |
sêmune sungkawa wus kawêngku |
saraosing galih |
nglêlêjar wuwusira |
dhi Wuragil Kulawirya ||

18.
(m)Bok swawi adhi anggêndhing |
lan anakmas ingkang anom |
punapa winignyan langênipun |
Ki Kulawiryèki |
gumuyu naur sabda |
prayogi lawan paduka ||

19.
Lan jêngandika jarwani |
sampurnaning wong angêngong |
sabab wontên kojah kaolipun |
sami amastani |
makruh gêng malah karam |
tunggal babagan lan wayang ||

20.
Liripun kadi-punêndi |
kawula angalap kawroh |
ki dêmang anjola sru gumuyu |
hi bilah dhi Ragil |
angêgol anggêrewal |
ngajak barak bèbèrèkan ||

21.
Latah Ki Kulawiryèki |
botên ta mêkatên ngêgol |
ngong ngalap barêkah ingkang mungguh |
botên muta-watir |
galate wong lêlahan |
ngling Ke Kidang Wiracapa ||

22.
(ng)Gih-inggih mangke dhi Ragil |
kula jarwani kang gathok |
sampurnaning cêgah karamipun |
wong gêndhèngan gêndhing |
sarat kêdah cinoba |
jarwa purwa-kanthinira ||

595 Kinanthi

1.
Wiwita sami anabuh |
mangkya dhi kula jarwani |
Ki Kulawirya anggagrag |
ngling mèsêm mring Jayèngragi |
lah ta wis payo nak-êmas |
ngrêbaba ingong kêndhangi ||

2.
Kae dêmang sru gumuyu |
mring niyaga ngandika ris |
êndi rêbabmu Camaya |
turnèng anakmas Jèngragi |
kêndhangmu Cakrêma turna |
mring adhi Kulawiryèki ||

3.
Êndi mrènèkna dêmungmu |
manira mèlu anggêndhing |
dêmunge imbal lêlamban |
barung panrus imbal Pathi |
agupuh ingkang liningan |
tur rêbab kêndhangirèki ||

Jilid 9 - Kaca : 274

4.
Nulya tinampanan sampun |
Jèngraga Kulawiryèki |
Ki Kidang Wiracapojar |
wawi anakmas anggêndhing |
dimèn tinelad niyaga |
wilêting Jêpara Pathi ||

5.
Ki Jayèngraga agupuh |
anggamêl rêbab rêspati |
rêbabe langkung prayoga |
watangan pinonthang gadhing |
kosok pinatra pinrada |
bathok jamangan balênggin ||

6.
Kawat tinênthêng nêmipun |
sinênggrèng ngèk wus pêkolih |
lan nêming gêndèr myang gambang |
ênêming suling nyamlêngi |
Jèngraga miranggèng rêbab |
pacêt jatmika amanjing ||

7.
Angangkang kinosèr muput |
santêne akarya uni |
kêngkêng wêwangkisanira |
sêdayanipun sarwa-pik |
gya sasêndhon pathêt sanga |
jarinya gêtêr awiwil ||

8.
Lir kêtonggèng masang antup |
tumèmbèl tutupanèki |
angingat angêmbat kawat |
mèt wilêt cengkok pinipil |
angêntul pangêlusira |
mègo raras ngrês mrih manis ||

9.
Anglela pênunggulipun |
pênuduh amupus pakis |
jênthik nyikiling gang-anggang |
klilinganira têrampil |
kosok muput anglêr lomba |
yèn rangkêp alus lêstari ||

10.
Ngêcêg ngikik ngêlik ngungkung |
barung gêndèr gambang suling |
tapis rarasing yakmaka |
wilête anglulut ati |
tutupe awiwilahan |
acêtha rata amathis ||

11.
Ingapti pangrêbabipun |
amêsês bêsus awasis |
wêntise akalêsêdan |
sad-ingsêd saradanèki |
lamining tan lir punika |
tinungtungakên angênting ||

12.
Êntong atine kang nabuh |
sitong tan ana maoni |
anjomblong para niyaga |
mlompong mulat ing Jèngragi |
andongong pan kêgawokan |
ngêtonggong mitênggêng mèksi ||

13.
Dènnira sêsêndhon nutug |
wali lih-ulihanèki |
gya Sarayuda sabêman |
êgong nglêgakakên ati |
Sawusira pêpathêtan |
rêbabe dèn-ling-ilingi ||

Jilid 9 - Kaca : 275

14.
Ki Kidang Wiracapèku |
suka gumuyu sarya ngling |
dubilah dene kêpenak |
amarasakên wong gêring |
wong sêmene mêjên mulat |
mring anakmas Jayèngragi ||

15.
Kang inunjaran nor lungguh |
Ki Kulawirya ngèsêmi |
Kae Kidang Wiracapa |
nolih mring niyaga angling |
jamak mêngkono Camaya |
wong ngrêbab enak pinyarsi ||

16.
Mara ta tirunên iku |
tutupe kosokanèki |
arêsik nora sêlaya |
wiwilahane amêsthi |
camplêng tan salir samêndhang |
cènthênge tutup pakolih ||

17.
Wiwilêtane asurup |
dadi ngês kabèh amanis |
pra niyaga nor turira |
inggih kêlangkung dènnyawig |
niyaga tan mêkotêna |
kadya putranta awasis ||

18.
Lah iya tirunên busuk |
samya tumungkul sinung ling |
ngling malih mring Kulawirya |
mungguh surasaning gêndhing |
wus têlas nèng pêpathêtan |
sêsêndhon yakmakèng gêndhing ||

19.
Widayakaning atêmbung |
têmbung têmbinging agêndhing |
gandhang gêdhuging kokondhang |
sêsêndhon kang mawa wingit |
pantês langêning kusuma |
mêmangun langên kamuktin ||

20.
Umatur inggih saèstu |
makètên kakang ngabèi |
kang kadi pangrêbabira |
putranta Ki Jayèngragi |
anglêjarakên tyas susah |
anggagas kamuktyan singgih ||

21.
Adi-adining langên rum |
tan wontên liyaning gêndhing |
sumêrêp lan ginêndhèngan |
Ke Kidang Wiracapèki |
gumuyu suka sarya jar |
wawi anakmas anggêndhing ||

22.
Wawi anakmas kang sêpuh |
prayogi kêrsa anggêndhing |
matur tan patos wagêdan |
tan kados yayi Jèngragi |
kawula dêmung kewala |
anurut gênhing kang gampil ||

23.
Jroning tyas tan pati kudu |
namung sarat angecani |
rèhning tamu kawisesa |
maring kang darbe wismèki |
lamun datan mêngkonoa |
kuciwa tan bisa mor-sih ||

24.
Kae dêmang sukèng kalbu |
naoskên kêdêmungnèki |
ngandika marang niyaga |
êndi gêndèrmu Calêngki |
anggriming mênawa bisa |
gêndèr ingaturkên aglis ||

Jilid 9 - Kaca : 276

25.
Nulya Ki Jayèngragèku |
anyênggrèng rêbabira glis |
angapti sêndhon pathêtan |
laju buka Gambirsawit |
tibaning nêm dhêming kêndhang |
tibaning lima dèn-gongi ||

26.
Gya ricik ambyong biyantu |
rêmpêg panabuhe ririh |
sajanturaning awayang |
ukur (n)jawil angrêrangin |
nulya gêndhing ronggèngira |
anjêririt muluh rujit ||

27.
Soring sêrêng barung arum |
pupunton gêndhèng lan gêndhing |
tan ana sêlayèng raras |
awilêtan ing amanis |
atungtum padha rêkasa |
rarase ngrês-rêsi ati ||

28.
Angêlulut nganyut-nganyut |
sêmbada parikanèki |
puspa citra munggèng wastra |
ambabagi ing abranti |
kêdhung alit panuratan |
angot moyang wong kêkalih ||

29.
Baskara kang mêdhar dalu |
mung (n)dika sun-kawulani |
patêmbayan manggis jênar |
aja mêleca ing janji |
balung jagung kakang lurah |
namung (n)dika kang (n)janggêli ||

30.
Kathok widhe wong abagus |
kêna-a ngong pèk-êpèki |
kang sela pênglawêt ganda |
nunuwun sêpisan iki |
pitik bontit bantal dawa |
guguling sun wolak-walik ||

31.
Mamrih pintêr cêngkir wungu |
sun sinau amawali |
kawuk citra pêlêm ganda |
sarira sapa (n)duwèni |
busana rinênggèng basa |
wong bagus angadi-adi ||

32.
Mêjên kang samya nênabuh |
kècan myarsa gêndhing gêndhing |
atangkêb mulêt wilêtnya |
lumakêt iramèng gêndhing |
kêndhang kinosèk walikan |
aniba risik nêsêgi ||

33.
Sangsaya angikal bêsus |
olah yakmakaning gêndhing |
wong nonton asalang tunjang |
jalwèstri myang rare alit |
wong pawon kang olah-olah |
ting (n)dêdongok tilar kardi ||

Jilid 9 - Kaca : 277

34.
Kèh gosong gorènganipun |
katungkul myat kang anggêndhing |
wong akèh mung Jayèngraga |
kang samya dèn-titingali |
abagus bisa angrêbab |
ngik-ingik anganyut ati ||

35.
Singa kang liniring wuyung |
ngowahi kêmbênirèki |
ulate gègèr tan gênah |
manike akocak-kacik |
pêngrasane wus sêmayan |
lan sang bagus Jayèngragi ||

36.
Ing antaranira dangu |
ntutug pangolahing gêndhing |
wilêting sindhèn nut rêbab |
cengkoking rêbab ngênthêngi |
misah ngumpuling irama |
kosok kêsit tutup trampil ||

37.
Kêkêndhangane angguguk |
bêm sêbah kêmpyang ngêpipik |
kosèkan raras ciblonan |
akipyah dènnya ngêndhangi |
ke dêmang panggêndèrira |
gêmbyangan tan pati wasis ||

38.
Nanging wus rêmênanipun |
anggêndèr sabên anggêndhing |
Ki Jayèngrêsmi dènnira |
ngadêmung lêlamban ririh |
wus antara dangunira |
gya nêsêg iramanèki ||

39.
Kinandhêlongakên suwuk |
laju sêsêndhon angêlik |
nutuk lih-ulihanira |
Sarayuda sabêman wis |
Kae Dêmang Wiracapa |
gumuyu anggêdhêg wêntis ||

40.
Ya telah têmênan bagus |
nyata prênjana ing gêndhing |
wasis lungiting yatmaka |
ngênorkên wong juru-gêndhing |
tan mambu putrèng ngulama |
wignya langêning pakêrti ||

41.
Nanging dhi Ragil puniku |
mungguh wong kang olah rawit |
dadya cêgah ing agama |
ing têmah amêmalati |
mêlarat donya akerat |
tanpa iman ing agami ||

42.
Sabab wong gêndhing puniku |
atine mangeran gêndhing |
tan ana liyan kacipta |
namung rasaning ing gêndhing |
sinungku sajroning nala |
nalika lakuning gêndhing ||

43.
Kodhêng andhêndhêng gumêndhêng |
kang dèn-dhêng-êdhêng mung gêndhing |
sarta ginêndhèngan gandhang |
tinondheya tanpa tandhing |
tan duwe eling samêndhang |
kang sinandhang kang sinandhing ||

44.
Mung gêndhing dèn-undhung-undhung |
kêkandhangan nora dhong-dhing |
raina wêngi angadhang |
-adhang wong anangap gêndhing |
mring agama nora dhangan |
katêndhang tundhunging gêndhing ||

Jilid 9 - Kaca : 278

45.
Lir duwe kumêndhung-kêndhung |
yèn nuju lagi anggêndhing |
puniku dhi Kulawirya |
halate wong olah gêndhing |
tan eling marang Pangeran |
kang karya pati lan urip ||

46.
Angganjar aniksa iku |
ing dunya prapta ing akir |
mulane para niyaga |
dadya sor-soring pakêrti |
sêdaya wong nambut-karya |
kasabe lawan prihatin ||

47.
Nanêdha maring Hyang Agung |
untunge anambut-kardi |
sinêntor lawan ngibadah |
mumuji marang Hyang Widhi |
mayare saking kangèlan |
ngupaya sandhang lan bukti ||

48.
Yèn niyaga tan kadyèku |
angêgungkên maring gêndhing |
dadya kandhuhan gêndhila |
anggêgondhèl ngodhal-adhil |
luludrug gêndhèng lan dhalang |
andhulêng mêlênging gêndhing ||

49.
Puniku pangkating lacut |
mêrucut maring agami |
gumampang animpang sarak |
kêsarik tan wruh ing bêcik |
bacêg-bacêg tan utama |
mung mumucung-mucung gêndhing ||

596 Pocung

1.
Kang puniku dhi Ragil Kulawiryèku |
mungguh gêgêndhingan |
mrih sampurnaning awaril |
kêdah (n)dunungakên ing ngilmu rasanya ||

2.
Ungêlipun gamêlan srancak puniku |
pan unining gangsa |
tan dadya wrêdining ngèlmi |
mung gêndhinge dhi Ragil kang dadya rasa ||

3.
Yèn tinabuh siji kewala tan patut |
gong êgong kewala |
kênong kewala tan bêcik |
miwah saron sawilah datan prayoga ||

4.
Myang sêdarum makatên sêsaminipun |
dèrèng kapanjingan |
kaklimahaning kang gêndhing |
gêndhing yèn wus manjing ricik wiwilahan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16a) Kaca 253 - 264
  • (17) Kaca 279 – 294 >