Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 19

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17) Kaca 279 – 294

 

( Nêrangakên dunungipun ngèlmu rasa anut surasaning gêndhing )

09

3. Kidang Wiracapa nêrangakên dunungipun ngèlmu rasa anut surasaning gêndhing. Ki Kulawirya dalah para putra sakalangkung kapranan dhatêng katranganipun Kidang Wiracapa. Lajêng sami salat dhatêng ing langgar. Kasambêt Kidang Wiracapa nêrangakên filsafatipun topèng, gangsa, gêndhing, wayang tuwin dhalang cundhukipun kalihan panêmbah dhatêng Kang Maha Kawasa. Sasampunipun salat Mahrib dumugi Ngisa, lajêng wangsul dhatêng griya, sadaya sampun samapta badhe wontênipun bêbagoran minangka pakurmatan dhatêng para tamu.


Kaca 279 - 294.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 279

596 Pocung

5.
Ênêmipun gangsal lan têngah pênggulu |
barang wêkasannya |
saron nêm wilah marmèki |
amraboti ing gêndhing gêng alitira ||

6.
Rarasipun ing gêndhing ingkang tinurut |
dadining irama |
yakmaka ukêling gêndhing |
pinrih nyamlêng ricike sêrancak pisan ||

7.
Purwanipun wontên gamêlan puniku |
saking widayaka |
anawung rawiting gêndhing |
têgêsipun widayaka wong anêmbang ||

8.
Têmbang lagu têmbung pêparikanipun |
rarasing gamêlan |
têgêse gamêl nyêkêli |
gêndhing muni tinabuh kêlawan tangan ||

9.
Dadya dhaup gêndhèng lawan gêndhingipun |
asmaraning raras |
sakèng swara kan murwani |
[.
.
.
] ||

10.
De punika dhaupe marang ing ngilmu |
unining gamêlan |
sami lan unining lambe |
gêndhingane puniku jatining niyat ||

11.
Paminipun nglinging dhikir pujinipun |
lir cêngklinging gangsa |
kang dèrèng kêlawan gêndhing |
muji dhikir lamun tan kêlawan niyat ||

12.
Pujinipun sami lan unining kêthuk |
tinabuh dhèwèkan |
unine tan dadi gêndhing |
muji dhikir ngêtèprès lir kêcèr pêcah ||

13.
Kumarusuk (n)brêbêgi kuping rinungu |
lir suwak-suwaka |
dèn-kongsi sêmpal uwangi |
muji dhikir ukur cangkême kewala ||

14.
Nyananipun kêtrima barang jinaluk |
jlêg padha sêdhela |
de-kongsi êrak (ng)gondhangi |
kari-kari inganti tan ana prapta ||

15.
Sababipun tan nganggo gêndhinging kalbu |
unine krak-okrak |
yèn ta nganggoa agêndhing |
pasthi nyamlêng kadya gêndhing pathêt sanga ||

16.
Ingkang uwus dhaup lawan niyatipun |
akralirèng lesan |
tansaya unining puji |
pan digawa babagan kêlawan tapa ||

17.
Watêsipun karya onjotaning laku |
kang kadya niyaga |
êndême marang ing gêndhing |
munthêr manthêr mungsêr tan kèngsêr ing raras ||

Jilid 9 - Kaca : 280

18.
Cêngèngipun tan ana ketang lyanipun |
cathêting wêrdaya |
namung surasaning gêndhing |
dadya gêndhèng majênun mring Onang-onang ||

19.
Gêr gumuyu sêdaya kang myarsa tutur |
pralêbdaning basa |
atutuk nyênyêt dera ngling |
banyol nyenggol ing agama lan gamêlan ||

20.
Ngêntrog pupu Ki Kulawirya angguguk |
asasmitèng putra |
Jèngraga mèsêm mangguti |
angling malih Kae Kidang Wiracapa ||

21.
(ng)Gih puniku wong niyaga bangsa wuru |
sênadyan wurua |
yèn wuru wuruking ngilmi |
wuru nyêngêng èkrame mikrad munajad ||

22.
Tubadilu ing dhikir myang dhikiripun |
kêplênge kang munggah |
sapocapan angêntèni |
tan katimpah solah sêjabaning niyat ||

23.
Ya kadyèku niyaga nyêngèng mring cêngkung |
cêngkènging ing tandhak |
ingêndhak undhaking bêcik |
bacêg bae bocok uripe niyaga ||

24.
Kang saèstu mrih nyamlêng gêndhing lan ngilmu |
rarasing gamêlan |
gêndhing ginêndhong ing kalbi |
ngês wilête dadya tangising] ing niyat ||

25.
Wiyat luhung kang nungge mring Hyang Maha Gung |
têtêsing kasidan |
ginambar ing Gambir-sawit |
sawatgata nalikèng kono akrêsa ||

26.
Ungêlipun sêdaya ingkang tinabuh |
kêndhang kênong gangsa |
gambang gêndèr rêbab suling |
bonang sasaron cèr kêthuk rik sêrancak ||

27.
Tan karungu gamêlan nang nong gungipun |
thè-thè thè-tho-nira |
sêdaya datan kapyarsi |
mung rarasing gêndhing kang nganyut ing driya ||

Jilid 9 - Kaca : 281

28.
Campuhipun lawan niyat kang nulya nung |
anungge ing kanang |
kinêngan kunênging ati |
ati ingati-ati kêlawan niyat ||

29.
Aywa korup mring gêndhing surupanipun |
surasaning raras |
kinarya pangrêsing kapti |
kang minangka pangatêre tyasing gagas ||

30.
Nganyut-anyut paluyuting yuning kalbu |
kasaban subrangta |
-nira marang ing Hyang Widhi |
dadya gêndhing kêndhang datan kumalêndhang ||

31.
Kang kadyèku dhi Ragil pamuntunipun |
swaraning gamêlan |
gêndhing-gêndhèng swaranèki |
ingulihkên swara ring kang duwe swara ||

32.
Mring kang asung swara unining parunggu |
gangsa kang rinêngga |
sar-sore titahing uni |
ing sauni-unining babagan lêmah ||

33.
Datan mêtu saking rasaning roh kudus |
mangka pinangèran |
puniku kang mawa sirik |
langkung ina mangèran unining gangsa ||

34.
Yêkti gangsul marusul dadi wong gêcul |
kacangkol ing cêla |
mulane wong karêm gêndhing |
gêndhing gêndhèng gêndhung gêndhêng dadinira ||

35.
Sababipun kêliru budinirèku |
kadi ta niyaga |
karêm mangeran ing gêndhing |
wignya ulah rawit tan duwe gamêlan ||

36.
Pan linampu dadi niyaga anyêngkung |
wus kablusuk bisa |
anggêndhing ambêg ngêdhangkring |
kêdhangkrange ambonang wis kaya dêmang ||

37.
Tur ta niku kêpatuh tan nyandhang wutuh |
puniku kang mawa |
tiyang mêngeran ing gêndhing |
wus kaundhang undhe-undhenèng agêsang ||

38.
Wus saèstu wong olah gêndhing gumêndhung |
gêndhila katula |
budi kacrêman nyrêmêdi |
dadi meda dêdalan adol asmara ||

Jilid 9 - Kaca : 282

597 Asmaradana

1.
Puniku adhi Wuragil |
wong karêm marang gêndhingan |
lamun tan wêruh surupe |
anggugurakên agama |
gêndhing gêndhèng rasanya |
kêplantrang katrucut lacut |
pêcat niyate kang tama ||

2.
Lapake lali ing Widhi |
kêliru kêlara-lara |
kêlurung marang sêpele |
palane mung paprênèsan |
têmahe kêmlaratan |
tan kabuka olèh ngèlmu |
mumuji marang Pangeran ||

3.
Yèn wus wruh rasaning gêndhing |
lan sasurasaning niyat |
gêndhing dadya pangatêre |
marang sêjatining niyat |
tumêkaning kasidan |
sidaning kayun kang mojud |
ingkang tan kêlawan majad ||

4.
Liring pênggayuhing ati |
tinêkan lawan nugraha |
ing jaman bangsa kamuktèn |
dadya kamulyèng ngakerat |
pon tan paèng wusana |
milèlmi kêdah dumunung |
supaya sampurnèng cêgah ||

5.
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri lan Ki Kulawirya |
kêlangkung sukur driyane |
miyarsa wirayatira |
Ke Kidang Wiracapa |
brêkah ngulama ing dangu |
dhêmên susurupanira ||

6.
Sami amicarèng galih |
mitrane (n)jêng kyai bapa |
tan ana bodho ahline |
padha punjul ing sêsama |
mêngkana Kae Kidang |
Wiracapa lon amuwus |
mring kang putra myang rinira ||

7.
Wawi anakmas dhi Ragil |
puniki wus wêktu Ngasar |
sami sêmbahyang ecane |
pra tamu matur sumangga |
malah alon lingira |
lah mara niyaga gupuh |
unèkna sêkarêpira ||

8.
Kang aenak dèn-sindhèni |
niyaga matur sêndika |
nulya muni gamêlane |
têlèdhèk sindhèn araras |
Ke Kidang Wiracapa |
mring langgar lan para tamu |
mèt hèr-astuti sawusnya ||

9.
Manjing langgar salat Ngasari |
yata kang anèng pandhapa |
para ri tri pandhegane |
pan sami andadak karya |
rakite tatamuwan |
tutuwuhan pasang tarub |
miwah natar rinêsikan ||

10.
Ramya kang anambut-kardi |
jalu èstri mawurahan |
samya ngukus anèng pawon |
kang rêrajang mupuh ulam |
kang karya kêmbar mayang |
ing karya sêkala rampung |
rinayap ing pawong kathah ||

Jilid 9 - Kaca : 283

11.
Sakèhing wong nambut-kardi |
ngrungu swaraning gamêlan |
pangliking sindhèning ronggèng |
ting balêkèr bungah-bungah |
sinambi patrap karya |
rakite lir wong mêmantu |
tan ana ingkang kuciwa ||

12.
Kawêntar pirang desèki |
pêrapat manca limanya |
lamun mas dêmang ing mangke |
ropyan-ropyan kêtamuan |
bakale bêbagoran |
wong akèh sêdya dudulu |
mring kêrajan Lêmbuasta ||

13.
Kèh wong kang anglon-ngloni |
manca sanganing adesa |
andulur sami praptane |
krajan kadêmangan wetan |
miwah kang sinuruhan |
salong kang prapta rumuhun |
lan sa-anak rabinira ||

14.
Yata kang salat ing masjid |
wus dangu dènnira bakda |
rèrèh nèng pêlanggarane |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawirya |
angudi rêrasan ngèlmu |
purnane cêgah ing tingal ||

15.
Jayèngrêsmi matur aris |
mring Ke Kidang Wiracapa |
kawula nuwun wulang rèh |
mênggah purnaning pangiksa |
kang cêgah tiningalan |
kadi ta tiyang atapuk |
angludrug andhalang crêma ||

16.
Acêgah muni inèksi |
purnane kadi punapa |
kawula nuwun jinarwe |
Kae Kidang Wiracapa |
mèsêm alon ngandika |
dhuh sutèngsun anak bagus |
mungguh kang basa punika ||

17.
Puniku pasêmonèki |
lungiding wong ahli tingal |
tingale kang tan kumêdhèp |
raga kitèki upama |
lir tapuk anèng muka |
mulêlêng mamak pandulu |
dudi pandhulyèng wistara ||

18.
Kita tingal tan ningali |
tingal kalingan paningal |
kang ningali tingaling roh |
kêlawan kawasaning Hyang |
Suksma Yang Maha Mulya |
raga kita paminipun |
roh sastra nugrahaning Hyang ||

19.
Jêjêr Jênggala Kêdhiri |
dhauping Panji Kirana |
sasolah bawaning topèng |
topèng wrananing roh mukdhas |
wrananing Hyang wêrana |
Hyang wrana pribadinipun |
wêrana tanpa kêrana ||

20.
Sêkathahe kang ningali |
tan anggugu maring raga |
kang ginugu mung topènge |
laku pralêbdaning basa |
ucaping jêjanturan |
caritane amlas-ayun |
yèn nuju lakon wêlasan ||

Jilid 9 - Kaca : 284

21.
Kang cinging kèh sami nangis |
pêngrasa lir ya-iya-a |
wignyane kang karya lakon |
pandêlênge wong akathah |
(n)dêlêng topèng kewala |
kang nopèng datan kinalbu |
tur ta iku kang amawa ||

22.
Kadi ta kita puniki |
lakuning jiwa priyangga |
ngagêsang awon pênêde |
tinutuh myang ginunggunga |
datan anutuh Sukma |
myang tan gunggung Sukmanipun |
cinacad kang ingalêma ||

23.
Tan liya rêraganèki |
inane panginanira |
pangalême ing lêmbahe |
ing kale kita punika |
obah osiking Sukma |
Sukmane datan kêdulu |
kang kêdulu mung rêraga ||

24.
Lir topèng mêksih nampèki |
anèng mukane Ki Lêbda |
yèn wus tutug wêwatone |
tapuk sah saking wêdana |
tan ana gunanira |
gumlethak mulih kayu |
mung kari gatraning rupa ||

25.
Sininggahkên ing (ng)gyannèki |
mari ginunggung cinacad |
wus tan ana pocapane |
mêkotên niku anakmas |
kang ginawe nor-raga |
Jèngraga Kulawiryèku |
tyas samya suka pirêna ||

26.
Suruping surat pêtitis |
Kae Kidang Wiracapa |
malih angandika alon |
puniku nakmas kalihnya |
purnane kang cinêgah |
lan malih mungguh luludrug |
wong lacut cêgah tiningal ||

27.
Purnaning lacut pinêthik |
angludrug pêngupa-jiwa |
mimikan banyol lulucon |
lèjême wong ahli brangta |
karêm maring (n)dêluya |
murang krama diksura dur |
dora-dora cacah-cacah ||

28.
Kang dadi pangambil bukti |
amasang dora sêmbada |
nêrima dadya paguyon |
awake dèn-ala-ala |
mrih sukane sêsama |
pangulah badhat ambadhut |
amêdhot tingkah tan lumrah ||

29.
Tan wangwang ing wirang isin |
cacad-cinacad ing kathah |
bungah dèn-ranni sêgawon |
eman ki ludrug tekadnya |
toh-jiwa soring tingkah |
angrêbut têlêsing gulu |
gula sacuwil tan misra ||

30.
Palênthinging wadhuknèki |
tan etang dora duraka |
kasor mung olèh anocor |
pêcat tabyating agama |
lali maring Pangeran |
kêtungkul mêrusul gêcul |
tan idhêp cêla cilaka ||

31.
Kacêluk babaran baring |
paribara yèn luwara |
uripe aberong-berong |
nyêkêl corong ambêbarang |
datan wirang sinarang |
asru sinêrtu ing ngèlmu |
sarengat wêwalêr murtat ||

Jilid 9 - Kaca : 285

32.
Pêthikanipun mring ngèlmi |
tekade wong kang ahli kak |
angludrug marang Hyang Manon |
tan riringa ingakathah |
mung karêpe priyangga |
majênun marang Hyang Agung |
tan jamak limrah ing kathah ||

33.
Nikmat ngala-ala dhiri |
ingkang mokal kinarêpan |
kabèhe kang elok-elok |
tan sudi angudi pangan |
myang sandhang tinambuhan |
yèn ayun turu sinêrtu |
tan solah ing rajah tamah ||

34.
Kabèh satingkahing urip |
kinirigakên sêdaya |
andulêng mêlêng tingale |
maring Hyang kang murbèng jagad |
kang sipat pribadinya |
andhêdhewe dhèwèkipun |
anungge nunggal Pangeran ||

35.
Puniku saminirèki |
wong ngludrug pêngalapira |
tekade kang nora rikoh |
wus têkèng panarimanya |
arègèl regol tangan |
bot-bote wong nêlês gulu |
(m)buru pangan sak-êlêdan ||

36.
Dene mêjênun puniku |
lepyane nadhah lan nendra |
bot-bote nêlês Hyang Manon |
(m)buru rahmating kasidan |
amanting-manting jiwa |
kang kongsi dèn-kadi badhud |
wirang isin tan rinasa ||

37.
Puniku nakmas Jèngrêsmi |
alaping tingal kang cêgah |
ngalap tekading cêmporèt |
dadya tingal tan kiparat |
maklum mring makluking Hyang |
takdir asya-a asnapun |
pêpêt rupaning kang titah ||

38.
Cêgahe pribadinèki |
ywa korup maring paningal |
ningali wong angrêregol |
bêbanyol ègoling badan |
cêgahe yèn kadyèku |
aywa nacad wong angludrug |
tandhaning gaweyaning Hyang ||

39.
Nor lungguh kang putra kalih |
Ki Kulawirya alatah |
kêduga susurupane |
sarya ngling li bilah kakang |
amrajak muratira |
kêduga têmên atiku |
acêtha rata apurna ||

40.
Lah malih kakang ngabèi |
purnane wong nonton wayang |
brahala cêgah tinonton |
lawan gorohe ki dhalang |
Ke Kidang Wiracapa |
mojar sarwi sru gumuyu |
(ng)gih dhi Ragil Kulawirya ||

41.
Dene dhalanging aringgit |
pasêmoning janma tama |
mungguh mring Hyang tanasube |
kang ahli bantala kasa |
marmane dhalang crêma |
acêgah lamun dinulu |
mangeran lyan gama sarak ||

Jilid 9 - Kaca : 286

42.
Angingkêt carita sirik |
dadakan angayawara |
wus têtêp ahline goroh |
anggorohakên ing kathah |
ngirup ariping tingal |
anyinthung mrih kusung-kusung |
andulu dhalang ngawayang ||

43.
Kawuyungan jalu èstri |
korup pangiruping dhalang |
pralêbda karya lêlakon |
nyêp-nyêp pangêmbaning raras |
acucut mèt banyolan |
tutuk popocapanipun |
kêrêng branyak lan jatmika ||

44.
Milane wong dhalang ringgit |
sarak nyêgah aniningal |
pangamêng-amêngan ngomong |
ngarat-arat dora-cara |
ngarat-arat winitara |
carêmêde anglud kalbu |
kalaban labêting raras ||

45.
Ngurus pangirising ngati |
angrês tyase samadaya |
myang bêrag abungah-bungoh |
angingus ngêsing bèngèsan |
sêngsême nalar samar |
margèng sasar sinêlusur |
tyase kêndhang mring dhêdhalang ||

46.
Dhêglêng dhêglo lalu lali |
kalulun alun dhêdhalang |
andhulêng mêlêng mêlongo |
mring pangomonge ki dhalang |
dhalange kang andhalang |
amumulut maring luput |
sakèh wong sapênontonan ||

47.
Ki dhalang ambêge dhiri |
amêdhar mudhari kandha |
kang tinandho dadakane |
dhadhag madhidhig sêbodhag |
blêg-blêgan kumabisa |
sapa sira sapa ingsun |
sun pintêr karya carita ||

48.
Rêp-sirêp tanna maoni |
kèdhêp angidhêp maring wong |
kabèh cingire wong nonton |
mêkatên ambêge dhalang |
lir prabu siniwaka |
anggêpe mring wong (n)dudulu |
wong core bêcore rucah ||

49.
Mila wong andhalang ringgit |
tanpa imaning agama |
gumêndhung ethe gumêdhe |
têtês sor-soring apêngal |
tan duwe ngamal aplal |
(ng)gih dènnya kêmratu-ratu |
dêgsura êdak andadra ||

50.
Lêngar lêngus tan ngingusi |
angungasakên kabisan |
lonyot ngalunyut lir monyèt |
wong crêma mung carêmêdan |
kêdhara dhirinira |
tur ta dhêrakalan lamun |
ingundang kinèn amayang ||

Jilid 9 - Kaca : 287

51.
Lir dhirine kang ngêdhingkring |
lir sona sinung baksana |
suka anggaèng anyêngkèng |
mêthèngkrèng lamun kumrèngkang |
ingundang kinèn mayang |
mung mêkatên idhêpipun |
tan duwe polatan liya ||

52.
Uripe cêmêr sukêr jis |
jasmanine ina papa |
tan duwe iman kang mansoh |
sah saking sasanèng tama |
tumanêm angacêla |
sêlak cilakane muput |
mêpêti agama mulya ||

53.
Pan wus tan duwe mulyati |
kêtutuh patuh kêtula |
sêtata sato samine |
dadya sor soring atitah |
bêtah ngrarah ing rucah |
angèl (n)dungkaping aluhung |
lêhêng lêlahan kewala ||

54.
Uripe pating barêndhil |
dadya bubundhêling ala |
ngaluya ala uripe |
mêkotên Ki Kulawirya |
mungguh cêgahing crêma |
carême crêmêdan asru |
sêrupa lan kang madal pang ||

55.
Latah Ki Kulawiryèki |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
gumuyu asasmita non |
myarsa lohate Ke Kidang |
Wiracapa aprama |
jarwa kerataning têmbung |
têmbang mêgatruh ing ngarsa ||

598 Mêgatruh

1.
Ki Wuragil Kulawirya sru gumuyu |
pan sarwi aturira ris |
winor paguting pandulu |
dospundi kakang ngabèi |
pênêde ringgit tinonton ||

2.
Kae Kidang Wiracopa lon amuwus |
dhi Ragil Kulawiryèki |
mungguh purnaning pandulu |
susurupaning aringgit |
kakekate kang binatos ||

3.
Janma tama karya lèjêm mring pandulu |
sasmitaning Hyang sêjati |
dhalang lan wayang dinunung |
panganggone Hyang mawarni |
karya upamèng pandulon ||

4.
Kêlir jagad gumêlar wayang pinanggung |
asnapun makluking Widi |
gêdêbog bantala rêgung |
balencong pandaming urip |
gamêlan gêndhinging lakon ||

Jilid 9 - Kaca : 288

5.
Titahing Hyang tanpa wilis ing tumuwuh |
kabèhe dadya ling-aling |
kang tan olih ing pituduh |
tan mulat ing Hyang sêjati |
kandhêg warna rupèng kono ||

6.
Tingalipun dadya bawur bingung lawung |
saking tan wruh ing kêjatin |
kêsasar ing mêrga ewuh |
tan wrin sampurnèng pangèksi |
purnaning katon tinonton ||

7.
Karya lêng-lêng warnaning tulis puniku |
tulising tyas wisesaning |
kêrsa tan lyan dhirinipun |
mêngidul ngetan lumaris |
ngalor atanapi ngulon ||

8.
Ngawiyat lan ngandhap têngah tan kadunung |
dunung panuksmaning jati |
suksmanên sasmitanipun |
lawan asmaning Hyang Widi |
wangsiting kêrsa tan ewoh ||

9.
Kang tan owah saking Datipun Hyang Agung |
wênang murba Wisesèki |
pan lêstari purbanipun |
anunggal tan tinunggili |
kasucianing Hyang Manon ||

10.
Maha Suci têtêp kasuciyanipun |
urip mulyaning kêrsèki |
kêrsa tan kêlawan kalbu |
mangun èski dhalang luwih |
graita cipta ngon tinon ||

11.
Asasmita wadine pinarèng sêmu |
tan na lyan saking pribadi |
mulyaning sasmitèng kayun |
aibing Hyang kang hakiki |
lêsning tan kacambor-cambor ||

12.
Ingaranan kun idayat ajujuluk |
latakyun wiwinih dhiri |
saengga dhalang awuyung |
tanpa wayang linglung angling |
tan arsa (ng)garap lêlakon ||

13.
Rampung kang carita kêkawin aguru |
kang ngundang dèrèng lumaris |
wus tampi pangopahipun |
wus wisan durung mucuki |
alêkas tan bêdhol kayon ||

14.
Sakèhe kang myarsa miwah ingkang (n)dulu |
yèn kinira dhalang lungid |
wong padha rêrasan kanyut |
kawilut lêng-lêng ningali |
ki dhalang adi kinaot ||

15.
Suwunging pamayangan rame kêlangkung |
lir gêrah gamêlan muni |
tan ana rupaning kêthuk |
kêcèr gêndèr rêbab suling |
sron gambang kêndhang kênong gong ||

Jilid 9 - Kaca : 289

16.
Ingulatan ki dhalang tan na kadulu |
sarêng lêkas manggung ringgit |
wisantèk caritanipun |
ki dhalang anèng ing ngêndi |
karipan ingkang anonton ||

17.
Iya sapa kang ananggap duk ing dangu |
dhalang durung manggung ringgit |
jêjêr ing Jênggala Prabu |
ngêlaya ngidêri bumi |
Jênggalane nut tan adoh ||

18.
Puniku dhi Ragil lêlèjêming ngilmu |
panglêpasaning alungit |
ginraita jatinipun |
sêmuning dhalang lan ringgit |
ywa korup mring kang tinonton ||

19.
Liring basa dhi Ragil puniku wau |
mungguh Hyang Kang Maha Sukci |
kang minangka dhalang luhung |
karya titahing kitèki |
duk durung lair saking (m)bok ||

20.
Pan wus rampung takdire pêsthinirèku |
bêgja cilakanirèki |
lan dawa cêndhaking ngumur |
cabar tuwas wus binagi |
duk mêksih mêgêng nèng gêdhong ||

21.
Gêdhong limput paluyutaning alimut |
duk lagya wijiling wiji |
caritanira wus rampung |
samêndhang tan kurang tuwih |
bijaksananing Hyang Manon ||

22.
Hyang Maha Gung puniku dhalang linuhung |
pangkat lairing jasmani |
myang istidal kang maujud |
dadining ringgit nèng kêlir |
dhalang kang murbèng lêlakon ||

23.
Inggih dhalang sêjati puniku ratu |
kang murba solahing urip |
kang sinèrèn mring Hyang Agung |
nampèni ayating takdir |
tabiyat bawaning kang wong ||

24.
Ratu kang minangka wrananing Hyang Agung |
ratu nut takdiring Widi |
wus dadya nèng lokil-makpul |
sang ratu tan anduwèni |
drêma nyondhongi lêlakon ||

25.
Pocapane wus anèng pribadinipun |
sang ratu tan angowahi |
asor luhuring sêdarum |
kang siniksa kang sinung sih |
wawêngkon wadyaning katong ||

26.
Pan wus samya tinakdir kalaning dangu |
pinolah pribadyèng Widi |
wus dadya sadèrèngipun |
pinolah anèng ing kêlir |
tinurut dadya lêlakon ||

Jilid 9 - Kaca : 290

27.
Pêngajare lan pêniksane sang ratu |
kang tinampik kang pinilih |
kang sinaput kang sinêrtu |
kang rinikat kang linami |
pan wus kêrsane Hyang Manon ||

28.
Kêrsaning Hyang kikis nèng kalbuning ratu |
anungge nunggal pakarti |
titining wadya bala gung |
sang sri tan wuk ing pangèksi |
katon kêlawan Hyang Manon ||

29.
Paningaling ratu maring tantranipun |
lir dhêdhalang myat ing ringgit |
tan kalêmpit limputipun |
suka sikune sasiki |
gêng alit wus akatonton ||

30.
Pan ki dhalang sêjati jatining ratu |
sang ratu gêntyaning Nabi |
Nabi gêntyaning Hyang Agung |
Ratu Nabi prasasating |
Hyang Agung kang kadulon ||

31.
Kang puniku dhi ragil Kulawiryèku |
susurupaning ing ngilmu |
kang mungguh lairahipun |
sarak sarengating Nabi |
wondene tingkêsing batos ||

32.
Ing panganggêp anggêping piyambakipun |
dhêdhalang kalawan ringgit |
tanapi gamêlanipun |
kothak gêdêbogirèki |
myang kêlir kêlawan blèncong ||

33.
Pan wus pupul papal sawijining wujud |
dhêdhalang dhirining urip |
-urip kang latip puniku |
pa-anglinging urip budi |
budi nglinging dhalang manon ||

34.
Solah tingkah muna munining ragèku |
puniku jatining ringgit |
molah nèng kêlir jagad gung |
pinolah uriping budi |
rêraga nandhang lêlakon ||

35.
Kaelokan Hyang Maha Gung karya dunung |
panuksmaning rasa jati |
jatining rasa roh kudus |
nêlahi uriping ringgit |
gêndhing janturaning lakon ||

36.
Panukmaning suksma ring raga puniku |
nukmaning dhalang mring ringgit |
patêmbayaning amagut |
ing badan kêlawan budi |
tan kêna sêlayaning ro ||

Jilid 9 - Kaca : 291

37.
Osiking tyas katampèn lairing tutuk |
dadya rêraga kang angling |
sarêng sarèh ing pamuwus |
tar wistara linging budi |
mung rêraga kang miraos ||

38.
Ing atitah kita puniki kawêngku |
ring budi dhirining urip |
napa ta kang kita têmu |
puniku lakuning ringgit |
kita piyambak katongton ||

39.
Kang anonton dadya saksining tumuwuh |
awon pênêde ragèki |
suwur titining andulu |
nitèni solahing urip |
samya anandhang lêlakon ||

40.
Kang andulu tan andulu dhalangipun |
namung ngaèksi ring ringgit |
sasolah pocapanipun |
surup lir nglinge pribadi |
purbaning dhalang tan katon ||

41.
Pan mêkotên surup purnaning pandulu |
nor lungguh putra kang kalih |
sinung dununganing kawruh |
Ki Kulawirya (ng)gêligik |
myarsa panggirising raos ||

599 Girisa

1.
Yata wau wancinira |
surya lumaraping purwa |
anitih tirah ancala |
Kae Kidang Wiracapa |
anundha aris wacana |
mring ri putra kalihira |
ngong puniki ri anakmas |
kadya nyarêmi samudra ||

2.
Andhêdhêr jati nèng wana |
mêkotên supaminira |
anakmas wus anrang rasa |
lèjêm sêmuning aotad |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
samya nor lungguh sarya jar |
mugi saèstu ing sabda |
rumaos dèrèng kadyèka ||

3.
Kêlangkung mindha mimika |
magyuh panggayuh ing tama |
tumitah tan wrin satata |
kang para paramotama |
tur tumama ing surasa |
bêgyamba antuk tuduhan |
Ke Kidang Wiracapojar |
endah têmên pranèng basa ||

4.
Wêdharing ngling ngong pêsaja |
saking kêpasuking suka |
ingkang liningan nor-raga |
samya kaluhuran sabda |
wanci manjing candhik-ala |
ngling Ke Kidang Wiracapa |
sêwawi sami akadas |
manjing wêktuning asalat ||

Jilid 9 - Kaca : 292

5.
Kang liningan samya gêpah |
akadas marang pahèran |
sawusnya Jèngraga nulya |
adan ngalêp akêmandhang |
landhung luntas kang suwara |
pra santri ing Pakauman |
myang pêngulu Asradênta |
lumêbu dènnya sêmbahyang ||

6.
Samya wulu ring bêlumbang |
wusira laju ing langgar |
sami sunat sêdayanya |
kang wus ngamal pupujiyan |
arahab asri pinyarsa |
wus antara kinamatan |
Ke Kidang alon wêcana |
kang putra kinèn dadi man ||

7.
Jèngrêsmi myang Jèngraga |
amopo samya nor-raga |
Ki Dêmang Wiracapa gya |
umajêng ngimami salat |
usalinira paseat |
mikradje tibaning akbar |
sartane ibtitah wajah |
atarip lan tumaninah ||

8.
Gya usali sêdayanya |
sri sarênti takbirira |
imam amaca Patekah |
gragul-gragul awaranira |
trampil kir'ating kalimah |
nèlakkên mad kasarira |
wêwacan wusing Patekah |
kang surat Kulya-ayu-nya ||

9.
Akire wusing Patekah |
apan surat Idaja-a |
antara tahyat akirnya |
salam bakda pupujian |
dhikir donga tinasiban |
rampung sunat bakdiyatan |
laju mansohkên wabinnya |
nêm rêkangat tigang salam ||

10.
Gya pasang dhikir wiridan |
wusnya pêragad mupitnya |
sangat manjing wêktu Ngisa |
nulya kinèn ngadanana |
Ki Pêngulu Asradênta |
aglis ngadêg lêkas adan |
angglêrêg gêrok swaranya |
gumêrot lir têkèk munya ||

11.
Amêdhok gêgondhokira |
mèsêm sêdaya kang myarsa |
myat Asradênta dènnya dan |
swarane bêmbêng kewala |
tan angukêl gêng alitnya |
Nuripin ngacêmut mulat |
anggrundêl ririh lingira |
e e lah adan si Asra ||

12.
De kaya sènggod swaranya |
dhapure kudu ambrêkat |
(m)bêntoyong lir gulunira |
ambakna wong duwe swara |
wis wong angorok warasan |
pêngulu têluh ambêngan |
(m)brêkat tan ngomani rowang |
yata wus dènnya adan ||

Jilid 9 - Kaca : 293

13.
Iman nêthêk akèn kamat |
agupuh gya kinamatan |
Ke Kidang Wiracapojar |
nakmas kang sêpuh majênga |
andika ngimami salat |
pinêksa nulya kang putra |
majêng ngimami mangarsa |
angangkat usalinira ||

14.
Praptèng takbiratul ekram |
tubadil mikrad munajad |
kabirah wajah ibtitah |
tariparta tumaninah |
angapti maca Patekah |
apasekat kir'atira |
kalimahe sinêkatah |
made lajim lan jaisnya ||

15.
Kasar talak ismamira |
tan kalêmpit kurupira |
acêtha atela-tela |
swaranya sêdhêng ngumandhang |
ulon êmpuk rum araras |
tibaning lapal wa-lala |
ngandhêlong landhung amêmbat |
gawok jroning tyas kang myarsa ||

16.
Anggunggung alim ngulama |
kacihna wêwacanira |
samya kayungyun ing nala |
sawuse Patekahira |
surat Jumngah kang winaca |
akire wusing Patekah |
surat Munapèk pasekat |
antara wêktu wus bakda ||

17.
Pupuji myang dhikirira |
laju anunumpa donga |
tinasiban mring Jèngraga |
kang amin rahab ambalan |
amin aminu ya Allah |
nulya sêlawat salaman |
wusnya laju sunat bakda |
pêragat myang witirira ||

18.
Sawuse pasunatira |
ambèngatakên wiritnya |
jênêk suhulirèng Suksma |
tan kawuwus mupidira |
ing wanci wus bakda Ngisa |
yata kang anèng pêndhapa |
para kadang katrinira |
Wiranjara Wirangkara ||

19.
Waruju Ki Wirabraja |
wus dènnya trap tatakrama |
myang rakit wisma pinanjang |
lir pêpanggihing pêngantyan |
pandaming luwang rujitan |
kinêmbang wayang putêran |
têpung marik ing taruban |
myang pêndhapa ting pêluncar ||

Jilid 9 - Kaca : 294

20.
Joglo pêcak wolungdasa |
amagrong winêlit anyar |
tinratag tarub bêlarak |
ambanjêng langkung bawera |
ginêlaran lampit kasah |
pinggir kêlasa lajuran |
pinaryoga badhenira |
kang mrêdhatêng linggihira ||

21.
Urute wus winêtara |
para ri katri wus mapan |
dènnya lênggah nèng pêndhapa |
pra niyaga wus pinrênah |
kilèn pinggiring pêndhapa |
wurinira kinajangan |
praptane bagor busana |
tanpa dangu samya prapta ||

22.
Nayakênthi sarowangnya |
wong abagor sêlawe prah |
prapta sila nèng pêndhapa |
Ki Wirabraja agêpah |
matur mring (m)bok-ayunira |
anuwun busana endah |
wastra kêling jêbad sêkar |
sêrambuting maskumambang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16b) Kaca 265 - 278