Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

(01) Kaca 01 – 05

 

( Kidang Wiracapa ing Lêmbuasta ngurmati Jayèngrêsmi )

I. Kidang Wiracapa ing Lêmbuasta ngurmati tamunipun Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya kanthi nanggap bagor. Prawirancana ing Trênggalèkwulan dhatêng kalihan para rayi jalêr gangsal, semah dalah putranipun èstri Rara Widuri ingkang ayu endah. Jayèngraga dalah Rara Widuri sami lan kasmaranipun. Nalika Jayèngraga ambêksa Rara Widuri lumêbêt wani ing pandhapi nubruk Jayèngraga. Dados gègèr, tujunipun kasapih tening dhatêngipun Rêtna Ginubah.

1. Kidang Wiracapa sampun siyaga anggènipun badhe ngurmati tamunipun têtiga kanthi nanggap bagor, lampahan Panji Narawangsa. Tamu-tamu sampun sami dhatêng, kalêbêt Dêmang Prawirancana ing Trênggalèkwulan, kanthi sadhèrèkipun jalêr gangsal: Mancanaputra, Wiryabancana, Wirancana, Wiranjana tuwin Mangunjana. Semahipun nganthi putranipun èstri Rara Widuri ingkang ayu endah. Para tamu katêpangakên kalihan tamu têtiga ingkang kinurmatan. Panduking liring Jayèngraga kalihan Rara Widuri sanalika sami-sami kataman asmara.

Kaca 01 - 05

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI X

600 Maskumambang

1.
Mèsêm angling sira Nikèn Widaryati |
marang Wirabajra |
wong pira bagor kang prapti |
matur inggih salawe prah ||

2.
Gya anuduh marang ing rewangirèki |
angambil busana |
wastradi kang kêling-kêling |
miwah sêkar konyohira ||

3.
Oncèn-oncèn krang mêlok gambir mêlathi |
pan gangsal panampan |
sinungkên marang kang rayi |
wus tinampan sadayanya ||

4.
Wus ginawa sinungkên mring Nayakênthi |
panampan tinampan |
cinacahakên kèhnèki |
wus sangkêp saramudira ||

5.
Yata wau kang bakda salat nèng mêsjid |
mudhun saking langgar |
mangsuk ing wismanirèki |
lênggah anèng pajrambahan ||

6.
Sinaosan wedang dhadharanirèki |
nèng piring lancaran |
andhèr nèng ngarsa mawarni |
wowohan lan lah-olahan ||

7.
Kae Kidang Wiracapa ngancarani |
mring putra rinira |
won kèndêl sami binukti |
pasunggatane bibinta ||

8.
Kang liningan sami anuwun turnèki |
nulya samya ngalap |
sasênêngira nyanyamik |
Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

9.
Katri lawan Ki Ragil Kulawiryèki |
samya linging nala |
tan mamak kabuwan iki |
ala nganggure kewala ||

10.
Kongsi kaya mangkene rakêting kardi |
lir wong mantu rowa |
ukur dadakan kadyèki |
mendah yèn aduwe karya ||

11.
Baya patang mene oleh ngêluwihi |
pasamuwanira |
barkate ambêg priyayi |
sakarsanira tan cuwa ||

12.
Kang mangkara linging driya ngawirya tri |
yata ingkang prapta |
sa-anak rabinirèki |
Ngabèi ing Galèk-wulan ||

13.
Wasta Kae Mas Dêmang Wirancanèki |
lan sakadangira |
ingiring wong magêrsari |
saupacaraning dêmang ||

Jilid 10 - Kaca : 2

14.
Pra niyaga wus pranti yèn tamu prapti |
muni laladrangan |
anguyu-uyu ngrarangin |
agupuh Ki Wirabajra ||

15.
Tur uninga mring raka Kyai Ngabèi |
yèn kang putra prapta |
Mas Dêmang enggal ngGalèk-sasi |
ngling Ke Kidang Wiracapa ||

16.
Aturana laju kewala mariki |
lan rowange sapa |
umatur Wirabajrèki |
inggih kadange sadaya ||

17.
Gangsal pisan putra sampeyan kang prapti |
Mas Mancanapura |
Singabancana lan malih |
Wirancana Wiranjana ||

18.
Mangunjana kanêm putranta Ngabèi |
lah ta Wirabajra |
anakmu bae si-bèi |
aturana malbèng wisma ||

19.
Tur sandika Wirabajra angaturi |
mring Kae Mas Dêmang |
ingkang ingacaran linggih |
ngling Ke Kidang Wiracapa ||

20.
Lah ing ngriki cêlakan sami alinggih |
Mas Prawirancana |
agêpah dènnya wor linggih |
kanthi garwa putranira ||

601 Kinanthi

1.
Èstri maksih kênya ayu |
sutane Wirancanèki |
sajuga dinama-dama |
namane Rara Widuri |
ajênar suluh wadana |
sêdhêng mêpêking birai ||

2.
Asêhdêng pawakanipun |
asengêh pêngajêngnèki |
netrane balerah muncar |
angganthêng maèmba lungit |
amêmak sêsinomira |
micis rimbag angrênuki ||

3.
Wang winangwang nangkal putung |
thi-athi angudhup-turi |
lathine manggis-karêngat |
larapan nyèla cêndhani |
gêrana rungih araras |
idêp tumênggèng wiyati ||

4.
Pilingan napaking palu |
linamat ing otot wilis |
jangga nglung gawung alaras |
siduwa gandhewa gadhing |
busananira sarwèndah |
barkat sutaning priyayi ||

5.
Ingugung sakayun-kayun |
sira Ni Rara Widuri |
asinjang cangkring kapanjyan |
kêmbên solok turun-tangis |
kulambi sêmbagi seta |
corak marutu sakêthi ||

Jilid 10 - Kaca : 3

6.
Kancinge sanga sisih rus |
kalpika intên mirah brit |
sampir kumbaya kusta bang |
agêlung sèntêg sundari |
titih cêpaka lan ronnya |
anunggal linggih samyèstri ||

7.
Alon dènnira amuwus |
Ke Kidang Wiracapèki |
mring Kae Mas Wirancana |
puniki têtamu-mami |
sutane Mas Arundaya |
Kae Bayi Panurtèki ||

8.
Ngulama ginuru-guru |
pradikan Wirasabèki |
ing karajan Wanamarta |
keh ngulama ngalap ngèlmi |
maring Ki Bayi Panurta |
nadyan bupati pasisir ||

9.
Anêcêp sami (ng)guguru |
mring Ki Bayi Panurtèki |
niki putrane kalihnya |
wasta Kae Jayèngrêsmi |
kang taruna Jayèngraga |
dene Ki Kulawiryèki ||

10.
Punika wuragilipun |
samya lalana nis kampir |
mariki dadya ngong nadar |
sawawrat dhêsêl desèki |
prayoga samya rahaban |
Ki Wirancana turnya ris ||

11.
Kawula turi awanuh |
-akên sarèhning kêpanggih |
lamun sudi ananampar |
mring anistha dama miskin |
kang sinambrama nor-raga |
mangsuli wacana manis ||

12.
Tan sagêd mangsuli atur |
rèhning bangsa dama santri |
asintru tan wrin ing krama |
andhèdhèpè ing asinggih |
kang agung maklum andika |
pangaksamanirèng kami ||

13.
Wirancana lingira rum |
kang botên-botên ingangling |
sangêt kumêdah kawula |
sampurna tekading kapti |
kang mugi dadya jalaran |
lulusa wit apapanggih ||

14.
Samya sêsambèn anginum |
wedang dhadharanirèki |
jalwèstri anyanyamikan |
Jèngraga tansah nglud liring |
sadhengah sabên dhinahar |
nyarêngi Rara Widuri ||

15.
Yèn nginum milya anginum |
sabarang (m)barêngi ngambil |
sarwi liringe iriban |
pagut manising pangèksi |
Jayèngraga kaguguran |
ring kênya Rara Widuri ||

16.
Pyuh kalihe ing pandulu |
Ni Rara rongèh alinggih |
kalêsêdan krêp aliyan |
kêbut saptangan ngring-aring |
gêrahuyang angganira |
kabajong ujungan liring ||

Jilid 10 - Kaca : 4

17.
Adangu mangun pandulu |
yata tatamu kèh prapti |
pra umbul bubundhêl desa |
bêkêl pandhisil patinggi |
gaco gêbrag okrak-okrak |
parapat manca-limèki ||

18.
Saluwak taboning dhusun |
ing Trênggalèk têpis wiring |
dalah kang tan sinuruhan |
akathah kang sami prapti |
nênonton mring Lêmbuasta |
dènnya kasukaning ratri ||

19.
Pra tamu kapang alungguh |
jèjèr pinggiring pandhapi |
dhapur sapanganggenira |
rupa-rupa kèh warnèki |
jadhug-jadhuging wong desa |
analangguk andik-andik ||

20.
Tan dhèmês kidhung amringkung |
sajake cara priyayi |
samakta gagamanira |
akêtêp pênuh ing wuri |
para ri ing Lêmbuasta |
ingkang manggihi pra tani ||

21.
Kang lungguh atêpung dhêngkul |
longkang piranti (ng)gènnèki |
kang raka Kae Mas Kidang |
Wiracapa lan têtami |
ing mangkya maksih nèng wisma |
dèrèng lênggah ing pandhapi ||

22.
Kang lagya samyèca lungguh |
Ke Kidang Wiracapèki |
lan Kae Mas Wirancana |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
myang Ki Ragil Kulawirya |
Sradênta Ripin nèng wuri ||

23.
Mèsêm dènnira andulu |
Ke Kidang Wiracapèki |
pra tamu kang nèng pandhapa |
wong ambagor wus miranti |
busana awida sêkar |
kang andhalang Nayakênthi ||

24.
Wus atap sadayanipun |
nging durung lêkas angrawit |
anganti dhawuhing karsa |
Ke Kidang Wiracapa ngling |
Sasmitane widadatan |
lah inggih ta lah dhi Ragil ||

25.
Sami-sami wong atapuk |
tan kadi tapuk pasisir |
pra prigêlaning babêksan |
tan kadi dhalang pasisir |
ing Sidayu Surapringga |
paguroning wong angrawit ||

26.
Pantês-pantêse wong bagus |
anakmas Ki Jayèngragi |
dhi Ragil sun-pêthèk wignya |
mor ambagor ukêl rangin |
Ki Wirya gumuyu latah |
alêpat kakang Ngabèi ||

27.
Kawula pinêthèk gambuh |
yêkti tan sagêd angrangin |
kajawi putranta nakmas |
ingkang asarwa rêspati |
Jèngraga gumujêng suka |
salah-gawe paman niki ||

Jilid 10 - Kaca : 5

28.
Kula wong langkung mogèl-kul |
botên nate nika-niki |
sadaya gumuyu suka |
sira si Rara Widuri |
tansah paguting paningal |
ajuwêd marang Jèngragi ||

29.
Sinêmbadan liringipun |
candhak kacundhuk ing manik |
lir wêsi bang pinalu kras |
sumyur muncrating pangèksi |
sang anom gambirèng driya |
ningêt tingalira mamrih ||

602 Sinom

1.
Kae Kidang Wiracapa |
ing karsa wus andungkapi |
alon wijiling wacana |
dhi Ragil Kulawiryèki |
ywa taha-tahèng galih |
kewala pasajanipun |
manira yun uninga |
pangigêle dhi Wuragil |
yèn pinarêng lan anakmas Yajèngraga ||

2.
Supayane tiniruwa |
rangine marang wong riki |
paedah marang wiraga |
wong abagor juru-rangin |
bisa ukêl pasisir |
wignya wèh wignya kang busuk |
Ki Ragil myang anakmas |
myarsa linge Ki Ngabèi |
maksiyate tan tilar ngulamanira ||

3.
Rampung rampinge ngagama |
ngulama bangsa priyayi |
tan ewuh muradi basa |
anglêjarkên ing akingkin |
Jèngrêsmi mèsêm mèksi |
mring Jèngraga linging kalbu |
ya ta lah Jayèngraga |
lir bêndung wus mêmbik-mêmbik |
binobol brol jêbol lajêre gumantar ||

4.
Tyase banjir anggaladhag |
mrih angalap rara kèntir |
datan kêna sinayutan |
gumêrjêg kudu angibing |
Jèngraga Ki Wuragil |
samya sasmita ing guyu |
Kulawirya ris mojar |
prayogi kumambang tuding |
ywa riringa ing walang-ati ilangna ||

5.
Kaparentah kang aomah |
dhasar winantah tan kêlir |
kapindho pangrêngkuhira |
tan kuciwa nglêgawani |
winêngku suta sami |
memalês ing sih tinurut |
Jèngraga lon wacana |
matur-ing paman Ngabèi |
inggih mangke kawula anglènggèr wayang ||

6.
Kang paman Kae Mas Kidang |
Wiracapa sukèng galih |
sinandikan karsanira |
ngling mring putra Ki Ngabèi |
Wirancana aniling |
punika rinta nak-bagus |
winahyu ing kabisan |
sakalir sarwa winasis |
trange ngèlmu wruhing lair batinira ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 10
  • (02) Kaca 06 - 09 >