Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02) Kaca 06 - 09

 

( Kulawirya ambêksa dados ratu ing Jênggala )

2. Kulawirya minangkani panêdhanipun Kidang Wiracapa ambêksa dados ratu ing Jênggala, Jayèngraga dados Panji Inu Kêrtapati. Kasaru dhatêngipun Rêtna Ginubah anakipun èstri Kidang Wiracapa ingkang wiwit alit tansah ngasrama ing wana.

Katêpangakên kalihan tamu têtiga, pitakèn wigatosing lampah anggènipun sami prihatos, kawangsulan sami ngupadosi linggaripun Sèh Amongraga. Rêtna Ginubah anggambarakên dêdêg-piadêgipun Sèh Amongraga dalah pandhèrèkipun santri kalih. Kadhêsêg samangke wontên ing pundi dunungipun Sèh Amongraga, wangsulanipun dèrèng kenging winêdhar jalaran sinêngkêr dening ratu ing Tunjungbang


Kaca 06 – 09

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 6

602 Sinom

7.
Punika rinta ing benjang |
kadi-kadi angungkuli |
anung angungkuli bapa |
Kae Bayi Panurtèki |
Wirancana Ngabèi |
nor lungguh sarwa umatur |
inggih kados kadyèka |
pasang sêmu nora wingit |
tyas ngulama wangun rimbaging nagara ||

8.
Angusuma sêmunira |
kawula karênan mèksi |
wawrat samya ka-anyaran |
lir wus pundhuh nguni-uni |
Kidang Wiracapa ngling |
mring Widaryati anuduh |
kinèn ngambil busana |
kampuh prantining aringgit |
kang liningan sigra angambil busana ||

9.
Tan adangu praptèng ngarsa |
anèng panampan sumaji |
sarwa kêling sadayanya |
sarta sêkar burat-wangi |
angling Kae Ngabèi |
sumangga anakmas-bagus |
ngong ngaturi busana |
lan pamanta adhi Ragil |
kang liningan amatur datan lênggana ||

10.
Eca imbalan wacana |
kasaru wau kang prapti |
Ni Rara Rêtna Ginubah |
sing pangumbaran wanadri |
kagèt kang nèng pandhapi |
anarka ni rara rawuh |
praptanè palataran |
maksih manggung nèng turanggi |
prajuritan nyangking panguthik cancingan ||

11.
Towok sinalondhok kanan |
srênggalanira sasiki |
kêpuh ing ngarsa winotan |
sirahing sangsam kakalih |
kang wuri sirah jawi |
samya ranggah singatipun |
praptèng tarub sih nunggang |
jaran gya kang paman katri |
gupuh nyandhak marang ing turangganira ||

12.
Agêpah kang anèng wisma |
rama ibu amêrpêki |
ngawirya tri maksih lênggah |
nolèh kewala umèksi |
Rêtna Ginubah aglis |
mêdhun sing turangganipun |
sarwi angling ring paman |
iku tampanana aglis |
ala nganggur sapele ngong olèh jangan ||

13.
Nulya kang ngiring ambêkta |
gêmbunging sangsam lan jawi |
anèng wurine Ni Rara |
agupuh kang paman katri |
samya nampèni daging |
Ni Rara sal-angsalipun |
Wirabajra anyandhak |
turangga pinire aglis |
Wirancana Wirangkara ngrumat ulam ||

Jilid 10 - Kaca : 7

14.
Sawusira rinumatan |
kang (ng)gawa mulih tan pamit |
sayêktine kang anggawa |
samya gadhungan wanadri |
sawuse samya mulih |
Rara Ginubah amuwus |
lah mara sun-tatanya |
mring sira iki ing wingi |
ana apa dene amamajang wulan ||

15.
Ibune alon saurnya |
ya Rara wruhanirèki |
ramanira kadhayohan |
ngawirya katêlu saking |
krajan Wanamartèki |
jare putrane Ki Guru |
Kae Bayi Panurta |
ramanira langkung asih |
mring dhadhayoh kang mêntas andon lalana ||

16.
Ngling Rara Rêtna Ginubah |
kang êndi dhayohmu sami |
kang rama aris saurnya |
iyèku kang lungguh katri |
payo padha-a linggih |
sun-tuturi wruhanamu |
nulya manjing ing wisma |
atata dènnira linggih |
angandika Kae Kidang Wiracapa ||

17.
Iku karo kakangira |
kang siji pamanirèki |
wuragile uwakira |
Kae Bayi Panurtèki |
kakangira Jèngrêsmi |
Jayèngraga arinipun |
putrane uwakira |
kakang Rundaya ing nguni |
apan dadi sadulurku mulaningwang ||

18.
Tunggal guru panêcêpan |
sabaya saeka-kapti |
tan ana rasa rumangsa |
donya ngakerat anunggil |
praptèng siwi sisiwi |
wong tuwa awu-ingawu |
lah iya sira rara |
bagyakna kakangirèki |
kawlas-ayun mêntas saking andon lampah ||

19.
Lampah pokoning sudarma |
kon lêlana angulati |
Sadulur Sèh Mongraga |
jodhone bakyunirèki |
Tambangraras makingkin |
marma rakanta anglangut |
angruruh kadang tuwa |
saparan tan (n)tuk pawarti |
mèsêm angling sang Rara Rêtna Ginubah ||

20.
Lah kakangmas karo pisan |
bageya padha basuki |
kowe bageya mas Wirya |
têkane kang padha mampir |
anèng Lêmbuastèki |
kaslamêtan ing lakumu |
Ke Kidang Wiracapa |
nambungi wacana aris |
lah puniku rinta Ni Rara Ginubah ||

21.
Dêksura tan bisa basa |
sabên wong tan dèn-basani |
rêmên yèn ngoko kewala |
dèn-koko tan walang-ati |
pan wus karêmanèki |
kasami tan kramèng wuwus |
maklumipun anakmas |
sampun tina-a ing galih |
saking wana rinta Ni Rara Ginugah ||

22.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèki |
samya gumuyu nor-raga |
mangsuli wacana aris |
mring kang nambramèng aris |
ya yayi palakramamu |
kang tumêka manira |
wus bangêt tarima-mami |
kapêtêking jaja lumèbèr papangkyan ||

Jilid 10 - Kaca : 8

23.
Kacadhang anèng ing asta |
kacancang kulunging ati |
wangsul palakramaningwang |
karaharjanira yayi |
Ni Rara angling aris |
lah iya kakang rahayu |
pra ngawirya katrinya |
samya angungun ningali |
marang sira Ni Rara Rêtna Ginubah ||

24.
Tan lumrah marang wong kathah |
sasolah tingkahing èstri |
sikêpe lir wong wawanan |
prajuritan siyang ratri |
lancingan panji-panji |
klambi singsêt kuthung wulung |
sinukup sinap-tangan |
panguthêk cinèngklèk kering |
towokira tinumpang gigir srênggala ||

25.
Ki Wuragil Kulawirya |
mèsêm wuwusira aris |
ya ta lah yayimas Rêtna |
karêm (m)babêdhag wanadri |
tan rêna nèng wismèki |
kuwu jênêk nèng wana gung |
sapa kang asung tadhah |
mring sira ing siyang ratri |
dene nora duwe bagondhal sajuga ||

26.
Wong lanang tan mangkonoa |
kang padha karêm ninitik |
sagrêma-grêma naneya |
mangsa kongsiya kadyèki |
panganggomu nganèhi |
salukup akudhung kacu |
lir wong usuk-usuk ika |
sun tan nyana yèn sirèstri |
sadakira sarigak kaya wong lanang ||

27.
Mèsêm sang Rara Ginubah |
nauri wacana manis |
hèh kalingane ya Mas Wirya |
agawok marang ing kami |
wruhanamu ngong iki |
wus luwih muktyèng wana gung |
salasih sining wana |
dagingan kang dadya bukti |
nadyan nyandhang kadhang walulanging kewan ||

28.
Sajêg manira tumitah |
tan wruh rasane woh dami |
kinukus mung lah-olahan |
mung pala kang matêng ing wit |
iku kang ingong-bukti |
tan yun kang sarwa kinukus |
pan namung dadagingan |
iku kêlawan ginêni |
tarkadhangan sataun mangan sapisan ||

29.
Baya wus bagining titah |
Mas Wirya kang kaya mami |
lan malih manira tanya |
mring sira ingkang sayêkti |
ingkang dadya rudatin |
rèhira padha ngêlangut |
Jèngrêsmi lon lingira |
iya kawruhana yayi |
anglalaya saparan ngulati kadang ||

Jilid 10 - Kaca : 9

30.
Ipe aran Sèh Mongraga |
mêntar nis kalaning ratri |
ngong ruruh angayam-alas |
ing sakèhing guwa ardi |
tan antuk lacak warti |
ing patanyan kadung-kadung |
andungkap ing kayantyan |
kongsi pangguh sira yayi |
mèsêm angling sira Ni Rara Ginubah ||

31.
Patute kang sira paya |
dêdêge (n)dêdêling aking |
panganggone sarwa seta |
panakawane kêkalih |
panganggo sarwa langking |
rada tèngèng gulunipun |
bathuk sawijinira |
gumuyu ngawirya katri |
Jayèngrêsmi alon dènnira ngandika ||

32.
Dene yêkti pojarira |
paran wus wruh sira yayi |
Ki Wuragil Kulawirya |
nambungi wacana manis |
nanging gèsèh sakêdhik |
nganggo tèngèng gulunipun |
angling Rêtna Ginubah |
êmbuh yèn ancaran ciri |
iya lagi ngong-duga-duga kewala ||

33.
Jèngraga mèsêm ngandika |
aja katanggungan yayi |
jênêke Sèh Amongraga |
saiki anèng ing ngêndi |
tuduhêna saiki |
paedah sira tutulung |
marang wong kawlasarsa |
Rêtna Ginubah ngling aris |
durung kêna winêdhar (ng)gonne Mongraga ||

34.
Sinêngkêr ratu Tunjungbang |
jinurung sakarsanèki |
jinurung sasêdyanira |
anggigirang anèng Giri |
gagaring anèng Giri |
pasangarane ngalimut |
maladkung ing maladan |
manganti sêlor sor pati |
pandungkape pangèksi nèng Ngèksiganda ||

35.
Kadya pamupusing jala |
ampyaking tampang ngingkudi |
ing kuping mataning jala |
si tampang tan kêna kari |
karikil amandhisil |
minane bubar larut byur |
siji tan kêna jala |
lir wong ambêdhol carang pring |
saka pucuk karangkut kèh kang karangkat ||

36.
Iku lire Sèh Mongraga |
graitanên ujar-mami |
iku Mas Wirya lan kakang |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
tan kêna kok-ganali |
kudu linêmbut kinêmput |
ngalamate ngalêmbut |
arêmpit lungit awingit |
pra ngawirya katri tan bisa wacana ||

37.
Akêthul graitanira |
pêgat tan ana maguti |
adhêlêg Ki Kulawirya |
tyasira tan andungkapi |
mêne sakala dèning |
pamuwusira sang Ayu |
Nuripin ararasan |
lan Asradênta aririh |
lan (ng)gih ta lah wakane Asra-asmara ||

38.
Bandara kula kasoran |
tyase jêblog anjêbimblik |
niku Ni Rara Ginubah |
yèn mojar mring Ki Wuragil |
basane anyêngkiwing |
sakêna-kênane wuwus |
Asradênta anjola |
sok ngêlih jênêng arani |
Asradènta ingelih Asra-asmara ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 02 – 05
  • (03) Kaca 10 - 17 >