Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (03) Kaca 10 - 17

 

( Rêtna Ginubah nata tumindaking bagoran )

3. Rêtna Ginubah nata tumindaking bagoran. Ni Widuri kadhawuhan mborèhi Jayèngraga, ronggèng Ni Gèpèt amborèhana Kulawirya. Dhalang ringgit Ki Nayakênthi. Pangulu Asradênta lan Nuripin sami dados Bancak Dhoyok, sakalangkung lucu. Jayèngrêsmi sumingkir dhatêng ing masjid.


Kaca 10 - 17

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 10

602 Sinom

39.
(m)Boten ilok sasêmbrangan |
Nuripin (ng)galigik ririh |
ngangkah punapa kang Asra |
tan ala lah inggih bêcik |
kang ginuyon ngegosi |
malêruk tan pati rêmbug |
Ki Wuragil miyarsa |
dènnya guguyon Nuripin |
guyunira maro sinamun wacana ||

40.
Kapriye kono anakmas |
abuntu têmên tyas-mami |
linge lingira sang Rêtna |
Rara Ginubah awadi |
dene pating talênik |
tan ngêrti sakuku-wulu |
Jèngrêsmi Jayèngraga |
mèsêm anauri aris |
kula inggih dèrèng atampi ing driya ||

41.
Paliringaning putranta |
Ni Rara Rêtna Rinujit |
kadya wuwusing supêna |
cat-cutan tampining kapti |
mèsêm sang Rara angling |
ya wus yèn durung sumurup |
larangan yèn binuka |
budinên bae ing ati |
angling malih Ni Rara Rêtna Ginubah ||

42.
Lah ibu ing karsa sira |
nganggo tatanggapan ringgit |
wong abagor durung lêkas |
samana kawêngèn thithik |
bok wis kinèn awiwit |
paran lalakon jinaluk |
nyukup mataning bocah |
wong kang kudu niningali |
kang rama ngling ya bênêr tumuli lêkas ||

43.
Ngling malih sira Ni Rara |
marang ramanira aris |
lah iki wastra rong nampan |
sapa kang dèn-busanani |
kang rama anauri |
saosane kakangamu |
Kae Mas Jayèngraga |
lan pamanmu dhi Wuragil |
sun-papêksa ambagor manawa bisa ||

44.
Mèsêm sang Rara ngandika |
lah ya sokur luwih bêcik |
arahab suka pasaja |
tan riringa nora rêgi |
Rara ngling mring Jèngragi |
apa wêtone dhêmênmu |
Jayèngraga lingira |
ya yayi rèhning tinuding |
kinèn nglènggèr wêton Kalana yèn bisa ||

45.
Sadhela sarat sandika |
lan paman padha angrangin |
angling lah ya busana-a |
kang prayoga lan Mas Ragil |
nulya amire ngering |
Jèngraga Kulawiryèku |
sawusira busana |
wangsul dènnira alinggih |
Ni Rêtna ngling sapa kang (m)borèhi sira ||

46.
Nauri borèh priyangga |
ah mêngko ngong anunuding |
kang (m)borèhi marang sira |
[---] |
si Widuri sirèki |
borèhana kakangamu |
Jayèngraga dèn-agya |
ingkang liningan awigih |
sêmu isin pinêksa marang Ni Rara ||

Jilid 10 - Kaca : 11

47.
Sarya ngling kang Wirancana |
anakmu sun-kon-(m)borèhi |
aywa sumêlang tyasira |
Ki Wirancana Ngabèi |
ngling sakarsanta yayi |
manira tan wancak-kalbu |
Ni Widuri agêpah |
amajêng kinèn (m)burati |
mring Jèngraga pagut manising paningal ||

603 Dhandhanggula

1.
Atandhingan limputing pangèksi |
kadya gêdhah-kantha panginuman |
singsal sing ngasta sanane |
tiba sela rêngkulu |
kumêpyuring tyas angranuhi |
lir pendah ru rinurah |
runah durung wanuh |
manahira haruhara |
ka-awêran ing kakung rang mawa kingkin |
ngênani ing wardaya ||

2.
Dadya gragapan panggarapnèki |
asta darijinira Jèngraga |
sinangga èpèk-èpèke |
sang Rara amburat rum |
panuduh sring kapênêd jênthik |
juwêt sasmitèng prana |
Ni Rara kumêpyur |
kêtêk rêbut-dhucung muntab |
angaringêt kumrangsang panas srumiwing |
mêtu ngirung kumrangsang ||

3.
Wus dènnira ambuburat wangi |
Ni Widuri wangsul unggyannira |
iriban sangkrip batine |
nanging wus muntup-muntup |
kari brênge cênthoting ati |
ngrukêti Jayèngraga |
tatokoning kalbu |
kadya tan kêna ingampah |
lir (ng)garbini mèh lair kang jabang bayi |
kantun ngêntèni sangat ||

4.
Ni Rêtna Ginubah angling malih |
sapa kang amborèhi Mas Wirya |
e bênêr ronggèng si Grèpèt |
age mreneya thuyul |
borèhana Mas Wirya aglis |
gupuh kang sinung ujar |
Ni Rara gya mundhut |
camara marang dhadhalang |
Nayakênthi ngong mundhut têkês kakalih |
katur sinungkên sigra ||

5.
Nulya ingangge mring Jayèngragi |
lawan kang paman Ki Kulawirya |
pinasang krang-mêlok oncèn |
miwah gagombyok dhuwung |
wus mangkana kang busanadi |
angling Rara Ginubah |
marang pamanipun |
wus mara mêtua (n)jaba |
mring pandhapa sing nopèng konên awiwit |
lakone Narawangsa ||

6.
Lan manira iki ayun mulih |
mring asramaningsun ing wanarga |
ngong wus padha apapanggoh |
kang rama ris amuwus |
Rara sira nora anganti |
jêjêre wong topèngan |
Ni Rara lingnya rum |
nora kêna tinamtua |
kadhang mêngko yèn dhangan ngong bali malih |
pra ngawirya samyojar ||

Jilid 10 - Kaca : 12

7.
Ing bêcike yayi aja mulih |
durung tutug (ng)goningsun papanggya |
ring sira tumulya mulèh |
sesuk bae riningsun |
mulih mring ngasramanirèki |
mangsa sabên dina-a |
mupung apapangguh |
Ni Rara Rêtna Ginubah |
muwus aris ya kakang mêngko ngong bali |
ingsun mulih sadhela ||

8.
Angling malih mring pamanirèki |
hèh man Wirabajra jaraningwang |
dèn-age ajokna kene |
Wirabajra agupuh |
anyêdhakkên turangganèki |
Ni Rara nyèngklak kuda |
nèng ngarêping pintu |
towok pinapan nèng kanan |
(n)dan umangkat srênggalanira tan kari |
lulang sasak dalir bang ||

9.
Kewala laju têngah pandhapi |
mire kang jagong gawok umiyat |
mring Ni Rêtna pang-Gubahe |
tan taha ing pangangkuh |
ing akathah ginalih usring |
wus kadhanyang kasmara |
bumi ing wana gung |
gya Ke Kidang Wiracapa |
ngancarani mring putra ri samya mijil |
lênggaha nèng pandhapa ||

10.
Wus tata dènnira alinggih |
kae Rangga Kidang Wiracapa |
binagyan kabèh dhayohe |
lah bageya sadarum |
anak putu kang padha linggih |
umatur sadayanya |
samya saur-manuk |
barêngan gêdêr gumêrah |
matur nuwun inggih-inggih ingkaringgih |
mangsuli kalujêngan ||

11.
Kae Kidang Wiracapa nuding |
kinèn ngêdalakên kang sugata |
Ki Wirabajra nulya ge |
nuduh sinomanipun |
wus miranti angladèni |
suguh wedang panganan |
rata sadaya wus |
miwah dhaharan nèng ngarsa |
linadènan parèstri saking ing wingking |
sêlire Kae Rangga ||

12.
Kae Wiracapa ngancarani |
sadaya sami kinèn wantingan |
nulya samya gupuh kabèh |
ngalap nyamikanipun |
wedang pangan samya kinêmil |
Ke Kidang Wiracapa |
lon dènnira muwus |
wis Nayakênthi lêkasa |
lalakone Narawangsa bae bêcik |
jêjêr ratu Jênggala ||

Jilid 10 - Kaca : 13

13.
Dhalang bagor sandika turnèki |
nulya niyaga tukang krawitan |
sêsêg ricik pangricike |
umyung pangrangin arum |
pra wong bagor samya miranti |
rolas ingkang samêkta |
samya ngrasuk tapuk |
dadya kang putra kang seba |
angalènggèr ing kalèngkrak samya ngrangin |
minangka kang kadeyan ||

14.
Saubêngan dènnira amiwir |
anglayang trapsila ngapurancang |
akapang pasewakane |
sakèh wong kang andulu |
èyêg uyêl rêbat (ng)gènnèki |
linggih jegang ajêgan |
jêjêl sêsêg sukup |
gumêdêr rare cêngèkan |
ting jalêrit rarya lit nangis kapipit |
dene wèng tumpak langak ||

15.
Kang parèstri kumpul samya èstri |
anèng kampung paningrat niningal |
kang nèng wisma panontone |
para (m)bokmas nèng pintu |
lan (m)bakajêng lan nyai-nyai |
atap nèng jrambah (ng)gènnya |
anênonton tapuk |
mangkana kang bêbagoran |
dhalang Nayakênthi ngêrêpakên gêndhing |
sru kothak cinampala ||

16.
Dènirarsa tanjak-turing ringgit |
sru sabawa rêp data pitana |
anênggih wau ta mangke |
kocapa kang cinatur |
wau sira rêkyana-patih Jênggala kang pinurwa |
dasa namanipun |
Ki Patih Kudanawarsa |
wicaksana bangkit tan ana madhani |
tadhah karsaning nata ||

17.
Dêdêg pidêksa pamulu manis |
lêpasing tyas waskitha wasistha |
amawas wadyanirojèng |
gabug aosing kalbu |
kawistara marang ki patih |
tyasing wadya sapraja |
winêngku kawêngku |
kaombèraning tyasira |
gêng alit wus kadum jinuming pakarti |
saking kêrtartanira ||

18.
Pamudya mrih arjaning nagari |
ambêg santa budi martotama |
andhap tan asor kulane |
luhure tan kalungsur |
pringganirèng wiyat kaèksi |
mudhari ing amudha |
anjêjêli wuruk |
nuwuki karya pirêna |
rumêksèng-rat kobètingrat tan pinilih |
anglar jajahan rowang ||

19.
Ngingkut jajahaning mungsuh kèksi |
kèh nungkul tanpa pinungkuling prang |
sumawita ing ratune |
tur bulu-bêktinipun |
saking kaprawiraning patih |
among para atmaja |
-nira sang aprabu |
pra rarya satus-slawe prah |
datan ana rinêngat binuja-krami |
sinaosan sakarsa ||

Jilid 10 - Kaca : 14

20.
Mukti ingugung marang ki patih |
patih brastha tyasira pra putra |
katrapan roh parimane |
mila Jênggala kukut |
parangmuka tan wani sêbit |
punggawa para putra |
rêmpêgsabiyantu |
anggêpe pan sumawita |
mring kang rama Prabu Jênggala samya jrih |
tan mantra-mantra putra ||

21.
Saking dening pangrèhirèng patih |
myang wadya gung alit tan suwala |
malah toh ing jiwanggane |
sumungkêm ambêg lampus |
cadhang nadhah karyaning aji |
kumurêb ing ayahan |
ayahaning ratu |
kacipta lalabuh lena |
tan prabeda gêng alit lulute sami |
rumêksa mrih prajarja ||

22.
Saking sudibyanira ki patih |
Kudanawarsa dêdêg pidêksa |
abêcik katuranggane |
pêthikaning pamulu |
-nira patih Kudanawarsi |
salêkêring wadana |
methok sarwa patut |
watake tadhah ing karya |
nora ingan ing pakarti angrampungi |
tan watak samudana ||

23.
Rema mêmak-sêngsêm ing utami |
tingal andik tajêm liringira |
andhodong arang kêdhèpe |
maya tlapukanipun |
lêng-lêng kandêl puputih ngarsi |
watak datan lèmèran |
bêtah lèking dulu |
alis mêlês ningat-sangsam |
watakira apanggah sabarang kardi |
mathis lathi arêta ||

24.
Tipis ombèr pranajanirèki |
watak bêtah micara kabisan |
untu bêlah kawatone |
watak tutuk pamuwus |
nadyan duka ngenaki ati |
atètèh ujar wantah |
rinêngon tan sêngu |
janggud mêmêt ngikis yatra |
watak tuhu tan ngakèhakên upami |
uwang pangluking sangkal ||

25.
Watak apik tan-pati angêmil |
tan saradan idu sisi riyak |
jangga nangsam-katapane |
abêcik swaranipun |
pamidhangan lèsèh apingwin |
watak sangkêping karya |
rikat tan kasusu |
sêsalang wêlar awijang |
jaja mungal sumengêh wêwêg agilig |
watake bèr paradhah ||

26.
Wani kelangan ngudankên wangi |
pamêthike mrih arjaning praja |
pra jalma pinrih lulute |
lambung lambang ngalandhung |
watake mêksa solahing ngling |
bokong tèpos wataknya |
bêtah yèn alungguh |
pupu anggangsir akakas |
watak rosa jêjêg olahing pakarti |
kèmpol kiyal ngêmanak ||

Jilid 10 - Kaca : 15

27.
Watak pandak ing gawe tan srênti |
dhêngkul cèkèh de kang watakira |
abêcik babasahane |
alêga jangkahipun |
tindak tungkak cumancêp siti |
watak jro panuduknya |
pidêksa pamulu |
sèbêtan pasagi pasang |
wanda endah mardawa andarèh wèni |
arêtna musthikèngrat ||

28.
Kang nèng kanan keringe ki patih |
sira Ki Tumênggung Pangancanan |
Ngabèi Wirancanane |
Wiramantri atêpung |
Pangalasan Rangga Ngabèi |
myang Arya Putranata |
andhèr kapang têpung |
satriya Panji ing ngarsa |
Panji-sutra Sutrana Panji Kumitir |
Panji Sutradiwangga ||

29.
Panji-wulung jajare para ri |
Radèn Kudapitana Pandhapa |
Risikan lan Simpangane |
Pambêrêg lan Pamêcut |
dyan Lambangan Layaran tuwin |
Jajahan Balajahan |
Pamêgat Pamutung |
Cawangan lawan Lautan |
Radèn Kudapanurat lawan Panulis |
Panonjok lan Panantang ||

30.
Jayèng-antaka lan Jayèng-gati |
Panjala myang Sandhatan Maringan |
Pangoyodan Pangarite |
Pamapag lan Pamêthuk |
dyan Pantaka lawan Kintèki |
Gadhingan lan Ingulan |
Kumutuk Kumukus |
Panakan miwah Panatas |
Sintanu lan Sêntanan Kadhapan-rangin |
Pangêrap lan Pandêngan ||

31.
Kathah namane para putra ji |
samya anganti marang apatya |
dèrèng prapta sadangune |
pasewakan asamun |
kadya kitri angêmbang wohi |
tuwin nora pradapa |
saupaminipun |
tan antara katingalan |
king ing ngarsa arsa risang adipanji |
Ino ing kasatriyan ||

32.
Datan pati kathah ingkang ngiring |
katarèng wingitira lir pendah |
pradapa sinêmpal sore |
angalêntrèh kadulu |
tanpa paès èsmu makingkin |
asongsong tan winêgar |
mingkup anèng pungkur |
wus tutug panjanturira |
Nayakênthi nyêmpala kothak dhog muni |
sru suluk gêndhing niba ||

33.
Nulya Kae Bagus Jayèngragi |
Ki Nuripin sigra pinarbotan |
kinarsan dadya kêdhoke |
Ki Ngabèi gumuyu |
myat Nuripin suka sarya ngling |
e lah ya bênêr sira |
wasisan pangulu |
Asradênta angregol-a |
lan Nuripin nulya binusanan aglis |
dinododan srombongan ||

Jilid 10 - Kaca : 16

34.
Tan adangu wus samêkta sami |
kinèn anglènggèr anunjèng raga |
Ke Kidang Wiracapane |
angling sumanggèng kayun |
Jèngraga tar lêngganèng kapti |
gya maring pakothakan |
gya asru atapuk |
angrakit Panji gêng branta |
aririmong midêr sondhère winiwir |
cindhe wilis pinrada ||

35.
Jayèngraga kalangkung rêspati |
(m)bêksa nêmbang Panji-among-branta |
wuri kadang kadeyane |
Panji-anom lan Wirun |
Kalanggada lan Benggol kaki |
Nuripin Asradênta |
dadya Dhoyokipun |
Nuripin Sadugawèlnya |
sakèhing wong anênonton rêbut ngarsi |
amêndêr ing Jèngraga ||

36.
Jalu èstri anandhang pangèksi |
samya rarasan ririh lan rowang |
e e kuwe dhadhayohe |
bilah dene abagus |
sigid bisa abêksa Panji |
apa dhasare dhalang |
myang wong bagor tapuk |
kang ngangsong-jar sinauran |
jare ajar-wawasi baut angringgit |
kampir ing Lêmbuasta ||

37.
Kèh rowange rarasan nauri |
sesuk yèn mulih marang ing arga |
ngong cêgat nèng dalan bae |
sun-jak mring wismaningsun |
pan kumrêsêg nauri sami |
e ah yèn kadhisikan |
mêngko yèn wus ucul |
sun-gondhèlane kewala |
mèn aja na ingkang bisa andhisiki |
rêbutan têmah tukar ||

38.
Kang nèng wisma gya mêdal nèng kori |
samya mapan ana ing paningrat |
amrih tawang pandulune |
Ni Widuri saya gung |
rimangira mring Jayèngragi |
miyarsa kang rarasan |
ngoso ririh muwus |
sapa wonge kang angomyang |
lah ta ora wani ngrêbut wong jêlanthir |
eman duwèkku dhawak ||

39.
Tan wus ucapên kang wawan-angling |
pangibingira Ki Jayèngraga |
angraras ukêl malinggèh |
mire byak kang andulu |
dyan Apanji tunggal apatih |
kapara ragi ngarsa |
mung kaot sadhêngkul |
dyan No ing kasatriyan |
maksih rimong sondhèr pamêdharing kingkin |
nising Candrakirana ||

Jilid 10 - Kaca : 17

40.
Gya Ki Wuragil Kulawiryèki |
sangkêp dhapuk rêraton Jênggala |
amiwir sondhèr anglènggèr |
wuri parêkanipun |
angasigêg jêjêring ringgit |
antara tigang gongan |
laras tanjak lungguh |
winalangkêrik ngadhangkrang |
kinêbuting parêkan ing kanan kering |
lir pendah nèng dhadhampar ||

41.
Pan anêsêg anibani gêndhing |
sinulukan pra bagor barungan |
yata kang samya alinggèh |
Jèngrêsmi amitêmbung |
arsa ningit marang ing masjid |
animpar ing pasilan |
nèng susuro tajug |
Ke Kidang Wiracapa gya |
pan rumojong ing karsanira kang siwi |
nuduh ing Wirabajra ||

42.
Kinèn mundhut pagêlaran lêmpir |
sarta sasaosan dhaharan |
kinèn rukti sêdayane |
Wirabajra agupuh |
angrumati saliring tuding |
wus ramut sadayanya |
gya umatur sampun |
Kae Kidang Wiracapa |
alon muwus anakmas kula-aturi |
animpar maring langgar ||

43.
Jayèngrêsmi nimpar maring masjid |
pra kadang tri samya atut-wuntat |
praptèng langgar pinarantèn |
Jayèngrêsmi lon muwus |
paman katri wangsuling ngriki |
kawula kajênêkan |
nèng tajug pikantuk |
sasambèn sunat palilah |
kang paman tri nulya wangsul ing pandhapi |
nuduh ingkang rumêksa ||

44.
Wong Kauman ingkang tuwa sami |
kinèn angladèni anèng langgar |
wus sami apakêmite |
yata ingkang anyêngkung |
dhalang bagor Ki Nayakênthi |
nglangak leyangan kothak |
kinêprakan suwuk |
jumênggung sêg asêndhonan |
sinulukan pathêt nêm angrêspatèni |
jêjêring rêratonan ||

45.
Nutug pocapanirèng aringgit |
Prabu Jênggala wusirèng tanya |
marang Kudanawarsane |
mangsa myang lamènipun |
murcanira putri Kêdhiri |
patih Kudanawarsa |
sawarsa turipun |
akire mangsa kasapta |
linging nata mring putra sang Adipanji |
dhuh kulup dhawuhingwang ||

46.
Aywa mangarang ruditèng ati |
mangantu-antu ngantiyèng garwa |
kang murca pagulingane |
wus tan kêna kinayun |
sun-pikramèkakên sirèki |
nis wiryaning satriya |
nal brangti dyah ayu |
karsaningsun marang sira |
adhaupa lan rinta putrane yayi |
yayi Ji ing Ngurawan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02) Kaca 06 - 09
  • (04) Kaca 18 - 24 >