Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 63 - 74

 

( Mawarni-warni ubarampenipun tiyang ngundhuh têmantèn )

2. Saking Trênggalèkwulan dhatêng watawis 200 pêpikul ambêkta mawarni-warni ubarampenipun tiyang ngundhuh têmantèn wujud: jêjanganan, wos, gêndhis, kêmiri, wowohan lan sanès-sanèsipun, dumugi pangangge sêmbêt tuwin êmas barleyan. Siyaganing damêl ing pawon umyung rame swantênipun tiyang olah-olah. Sêgahan dhêdhaharan dumugi inuman wuron pêpak botên badhe nguciwani. Sambèn kalênengan, Kulawirya tuwin Jayèngraga tumut nabuh sakalangkung wasisipun, dipun sindhèni ronggèng Ni Grèpèt, ingkang nggêndèr Ni Asêmsore langkung ing kasagêdanipun.


Kaca 63 – 74

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 63

610 Gambuh

34.
Katungka prapta wau |
Mas Mangunjana ngirit pipikul |
pan wong patangpuluh kang pinikul sami |
lênga myang arak nèng buyung |
miwah mikul arta bolong ||

35.
Sinrahkên kang (m)bokayu |
wus tinampan ing sadayanipun |
Wiryanjana Mangunjana gya mangarsi |
wus tata anunggal lungguh |
Ki Kulawirya ngling batos ||

36.
Dene santosa tuhu |
nora jamak kasaguhanipun |
sadulure Mas Wirancana Ngabèi |
padha angirit pipikul |
sêsêmutan praptaning wong ||

37.
Bobote ngunjal laku |
saking Galèk mring Lêmbuastèku |
iba ngêbrok ana ing kana pribadi |
baya patang mene langkung |
sangkule kasaguhing wong ||

38.
Mas Wirancana muwus |
mring pra ari paran sadaya wus |
samya matur sawêg samantên kang prapti |
gampil kakiranganipun |
ing wingking kawula rêtos ||

39.
Eman nora lêstantun |
dènnya rabi Ki Jayèngragèku |
rada bêgja rada singgih tur asugih |
ajarot bandha-abandhu |
sanake asagoh-sagoh ||

40.
Inggih sarampungipun |
Mas Wirancana alon umatur |
kang punika kawula sampun anuding |
punapa sarèhing tuduh |
kawula dhatêng lumados ||

41.
Dados botên arikuh |
Ke Kidang Wiracapa amuwus |
kang punika botên anakmas ngabèi |
malah andika anuduh |
mring paman anut sapakon ||

42.
Mangsa winot ing bau |
andhadhani nakmas karsanipun |
kula pan wus pasrah tan ngrasa darbèni |
papan pawisma sadarum |
sumangga ing rèh kemawon ||

43.
Wirancana umatur |
inggih sandika anuwun maklum |
Kae Kidang Wiracapa anêngahi |
mas dêmang malih amuwus |
mring kadangira lima lon ||

44.
Wus tandangana gupuh |
iya mangsa bodhoa sirèku |
wus kalilan sadaya karêpirèki |
pra kadang samya umatur |
sandika (n)dum karya gupoh ||

Jilid 10 - Kaca : 64

45.
Gya lèngsèr saking ngayun |
Mas Mancanapura mring wisma gung |
angirit wong undhagi pasang patani |
siningsun kewala ngayun |
pinatut rakiting krobong ||

46.
Sangkêp saisinipun |
angungkuli patani kang dangu |
nuduh karya kang kêmbar-mayang sarakit |
Mas Singabancana nyangkul |
anjêjêgi karyèng pawon ||

47.
Tapuking gawe umung |
abusêkan jalwèstri abikut |
swaraning wong (ng)gêlêpung mêcah kêrambil |
kang bêlandhong nyigar kayu |
mupuh ulam ting garaplok ||

48.
Srènging gorèngan asru |
pangupuhing wong nyêluk jinaluk |
tanpa rungyan arungan anambut-kardi |
yata kang lagya awêktu |
Jèngraga wus bakda Luhor ||

49.
Anèng surambi nuduh |
maring santri kèn-nimbali gupuh |
mring si Laba Wukir tan dangu gya prapti |
Jèngraga ngandika arum |
Laba Wukir sira karo ||

50.
Aja mulih sirèku |
sakalane sun maksih nèng Lêmbu |
-asta tugura raina-wêngi |
ywa lunga-lunga sirèku |
ana-a paningrat kono ||

51.
Kang liningan umatur |
sandika ing rèh kinarsan tugur |
Jayèngraga nulya mring paningrat linggih |
Laba Wukir datan kantun |
nèng wuri tan kêna adoh ||

52.
Mingsêr ingkang alungguh |
pinapantês anèng kananipun |
Kae Kidang Wiracapa ngandika ris |
wawi sasêmbèn ing ngriku |
punapa ingkang ginayoh ||

53.
Matur sadaya nuwun |
ngambil nyamikan sasênêngipun |
Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèki |
samya ngling sajroning kalbu |
myat patraping sakèhing wong ||

54.
Dinadak prandènipun |
tan ana kèthèr sadayanipun |
nora ana lyaning wong ing Galèk sasi |
sadaya santananipun |
angrampungi cèkoh-cèkoh ||

55.
Dadya kraosing kalbu |
èngêt nèng krajan Wanamartèku |
duk panggihe Tamabangraras lan Mongragi |
putra santana anyangkul |
karya dènnira mamanton ||

Jilid 10 - Kaca : 65

56.
Ngawirya tri ngêmu luh |
sinambi mucang sarwi (n)dudulu |
solahing wong kang samya anambut-kardi |
miwah amangun mamantu |
lir pangantèn dèrèng panggoh ||

57.
Sadaya kang alungguh |
angaring tamu samya ngêmu luh |
wus kadugi samya karaosing galih |
tan wikan wadining sêmu |
Dêmang Wirancana ngling lon ||

58.
Mojar ing arinipun |
mêngko yèn wus mayang gambyong Sêngul |
samangsane Ki Mênthak wus angalithik |
wong wiyaga konên talu |
gêndhing barang bae Rimong ||

59.
Dadya anguyu-uyu |
gamêlaku si Sêpêtmadu |
asauran lan salendro Si Bèrmanis |
para ri samya umatur |
pan inggih sampun mirantos ||

60.
Tuwin panggènannipun |
lamun wontên èstu kang pra tamu |
para rayi-rayi paduka nagari |
kilap kathah kêdhikipun |
kang punika mangsa borong ||

61.
Alon dènnira muwus |
anakmas dêmang hya mêlang kalbu |
hèh ya Bajra salu prantine wong cilik |
sèwangên suwunge iku |
karya pondhokaning dhayoh ||

62.
Wirabajra umatur |
inggih sandika punapa tuduh |
Wirancana sumambung umatur aris |
lah paman Wirabajrèku |
prayogi nuding kemawon ||

63.
Lah inggih anak sokur |
suwawi lèngsèr saking ing ngayun |
kula prênahakên wisma kang asêpi |
sigra mundur kalihipun |
Ke Kidang ngandika alon ||

64.
Mring Mas Wirancanèku |
sadhèrèk nagari lamun èstu |
sami dhatêng kang (n)dika ulêm-ulêmi |
anak ramèn adu-adu |
sawung kêmiri myang puyoh ||

65.
Wuron kasukanipun |
Mas Wirancana mèsêm umatur |
inggih kilap punapa andika mangkin |
santana sampeyan wau |
sêpuh anèm datan sèyos ||

66.
Makatên rêmênipun |
Ke Kidang Wiracapa amuwus |
nakmas Jayèngrêsmi miwah adhi Ragil |
sampun kakirangan maklum |
pangguh tamu ingkang rawoh ||

Jilid 10 - Kaca : 66

67.
Kang para ri umatur |
sumanggèng karsa kang kinayun |
ringgit Purwa myang talèdhèkipun mangkin |
pan sami prayoginipun |
karya tingalaning uwong ||

68.
Wirabajra sumambung |
yèn kula pyambak botên kadyèku |
mêntas ramèn luhung nimbalana santri |
salawat dhikir Maulud |
mupung dèrèng sangêt wuron ||

69.
Ngalap mapangatipun |
Ke Kidang Wiracapa gumuyu |
iya bênêr karêpe adhimu bêcik |
kadingarèn kaya kaum |
nganyar-anyari mancono ||

70.
Wirabajra tumungkul |
ginuyu ing sadaya kang lungguh |
Kae Kidang Wiracapa ngandika ris |
lah iya sira pangulu |
golèka santri kèh kono ||

71.
Padha dhikir Maulud |
utamane ana-a wong satus |
Ki Pangulu Asradênta matur aris |
kalêrêsan tujonipun |
wontên santri ingkang mondhok ||

72.
Nêmbung nèng masjid agung |
kathahipun tiyang sèkêt-wolu |
kados wontên pitungdasa santri ngriki |
sadayanya satus langkung |
lamun samantên kemawon ||

73.
Wirabajra gumuyu |
nyata santri kèh rêjêkinipun |
andang pira akèh santri padha mampir |
Ki Kulawirya amuwus |
Kang Wirabajra ambanyol ||

74.
Kang myarsa sukèng kalbu |
angling malih lah ya wis pangulu |
kumpulêna kabèh saolèhe santri |
agupuh kae pangulu |
umatur sandika sagoh ||

75.
Mangkana wancinipun |
waktu Ngasar Ke Kidang amuwus |
lah suwawi anakmas wêktu Ngasêri |
kang ingancaran agupuh |
samya salat maring suro ||

76.
Yata kang kari lungguh |
Mas Wirancana lingira arum |
hèh sagunge sanak-sanakingsun sami |
rèh wus wanci padha kukud |
dadya kèndêlan mungêl gong ||

77.
Ingkang wayang wus nutug |
lêlakone Damarwulanipun |
wus panggih lan Prabu-kênya Majapahit |
kacrita wêkasanipun |
Damarwulan madêg katong ||

Jilid 10 - Kaca : 67

78.
Karyèn-buh dhalangipun |
Ki Mênthak nyandhak golèkanipun |
ginambyongkên golèkan ringgit Kalithik |
thêngule nglêboni gandrung |
kongsi wuda dènnya tombok ||

79.
Wus bêdhol kayon tutug |
kang nonton bubar sadayanipun |
angandika Mas Wirancana Ngabèi |
wong wiyaga konên talu |
matur sandika gya naboh ||

80.
Muni gamêlanipun |
pelog rarase nyamlêng nêmipun |
nama gêndhing Rimong rêmpêg angrarangin |
wus sababak Sêpêtmadu |
gantya Bèrmanis salendro ||

611 Dhandhanggula

1.
Wusnya muni cumêngkling amanis |
raras miring antêp barang lima |
sumèntêg nyamlêng sêrênge |
karya gagaling kalbu |
anduling gong Nyêkar-gadhungi |
kênonge ngula-lanang |
kêthuke angêngkuk |
ricik sarancaknya lumak |
panabuhe jêjêg angapinjal Pathi |
imbale atilêpan ||

2.
Tan kasêron ririh ukur (n)jawil |
sêsènggolan kabèh tan sulaya |
Bèr-manis kêling arume |
rêbab gambang suling sru |
sing angrungu maring Bèr-manis |
samya ngowahi solah |
berag ambabêsus |
gêndhinge lagu prayoga |
mèsêm-mèsêm Mas Wirancana Ngabèi |
angling mring para kadang ||

3.
Iya ta lah si Bèr-manis iki |
yèn muni têka tanpa tandhingan |
sakèhe salèndro kabèh |
nora ana kadyèku |
nadyan kutha tan anamadhani |
para ri aturira |
pan inggih saèstu |
kawula dèrèng tumingal |
ungêlipun ing salendro lir Bèr-manis |
nyamlêng suruping raras ||

4.
Panabuhira ukur anjawil |
ting karênyit lir gamêlan dhanyang |
pinirsa langkung manise |
Wirancana gumuyu |
angling iya bênêr sirèki |
yèn mangkono dhawuhna |
niyaga kon-nabuh |
marang ing gamêlaningwang |
Sêpêtmadu panabuhe konên ririh |
lir Bèr-manis mangkana ||

Jilid 10 - Kaca : 68

5.
Mas Mancanapura matur aris |
sampun prayogi tinabuh sora |
kalamun tinabuh rirèh |
tan pikantuk srêngipun |
kêdah sêru panabuhnèki |
sabab kathah wawratnya |
kandêl wilahinipun |
kêdah antêping panatap |
robing ungêl pun Sêpêtmadu ngarangin |
ecaning katêbihan ||

6.
Kalih dening saunining gêndhing |
kang pelog sru sora gantya-gantya |
salendro kang ririh bae |
kapanggih ecanipun |
raosing tyas amêratani |
mara ing kono padha |
jêg bênêr aturmu |
kang pininton samya mojar |
inggih lêrês prayogi ingkang kadyèki |
nutug raosing manah ||

7.
Wirabajra anauri angling |
inggih kasinggihan atur (n)dika |
sami pikantuk kalihe |
srining panguyu-uyu |
Wirancana mèsêm dènnya gnling |
inggih Mas Wirabajra |
kula langkung tumut |
lah ta wis Mancanapura |
konên dèn-sru anabuh gamêlan-mami |
dimèn nuntung sêrêngnya ||

8.
Dhinawuhan ingkang nabuh sami |
yata ingkang salat nèng ngalanggar |
wus bakda wêktu Ngasare |
mudhun saking ing tajug |
myarsa ungêl rarasing gêndhing |
Jèngraga sasolahnya |
kèluning pandulu |
kadya bêksa salewanya |
kawigaran pangunyu-uyuning gêndhing |
kawistara ing tingkah ||

9.
Praptèng paningrat Kae Ngabèi |
Jayèngrêsmi miwah Jayèngraga |
Kulawirya Nuripine |
Asradênta Pangulu |
pra putra ri gupuh ngudhuni |
anulya tata lênggah |
anèng bale agung |
sadaya wangsul (ng)gyannira |
Kae Kidang Wiracapa ngandika ris |
maring Mas Wirancana ||

10.
Langkung asri gamêlan kang muni |
Sêpêtmadu lan Bèr-manis timbang |
salèndro lawan peloge |
bisa mrênah kang nabuh |
wusnya sora tinampan ririh |
gangsa pelog punika |
pancèn tinabuh sru |
alêga arum swaranya |
yèn salendro kudu tinabuh kang ririh |
sakeca piniyarsa ||

11.
Mas Wirancana umatur inggih |
kasinggihan ingkang pangandika |
gangsa sami prayogine |
Ke Kidang malih muwus |
tanah padhusunan dhi Ragil |
tan wontên ingkang mimba |
gangsa ro puniku |
adho sanadyan ing kitha |
datan wontên anjawi ingkang (n)darbèni |
kitha ing Pranaraga ||

Jilid 10 - Kaca : 69

12.
Kulawirya aturira aris |
inggih lêrês tan ana kang mèmba |
punapa (ng)gyan yasa dhewe |
gangsa kalih puniku |
Kae Kidang Wiracapa ngling |
daya dèyè sagêda |
yasa kang kadyèku |
punika sami bituwah |
kang pelog sing êmbah-buyut duking uni |
pun eyang Purbancana ||

13.
Kang (n)darbèni ing Galèk pribadi |
ingkang yasa gamêlan punika |
nanging têdhak-dalêm gonge |
gong padha yaning dangu |
pinaringkên eyang ing Galik |
kang salendro punika |
sih wêtah sadarum |
swargi eyang jêngandika |
Radèn Patih Wirabrata Pranaragi |
tumêrah ing kawula ||

14.
Dalah kêcèripun tan nyulami |
tuwin kula tan ngewahi raras |
pan maksih wêtah balènyèn |
Ki Wuragil gumuyu |
asasmita marang Jèngragi |
bibisik mring kang putra |
iya pangrasaku |
duwèke mratuwanira |
durung timbang lawan si Alun-jaladri |
kajaba salendronya ||

15.
Sanyata tan ana kang nimbangi |
kang putra mèsêm sinamun mucang |
inggih makatên gajêge |
Ke Kidang alon muwus |
punapi dhi Ragil ingangling |
matur Ke Kulawirya |
kang pelog puniku |
lan kagungane putranta |
Jayèngraga inggih pelog sami ugi |
timbang lawan punika ||

16.
Rarasipun nême kaot kêdhik |
gêng ngriku kaot sasigar wilah |
kang ngêrobi sangêt gonge |
ngriki sangêt gongipun |
nyamlêng saplak lan riciknèki |
sarwa sèbêt sadaya |
sumbang rarasipun |
anjawi gangsa-paduka |
pun Bèr-manis sêdhêng saulonirèki |
raras anglokananta ||

17.
Kae Wiracapa gumuywa ngling |
kadipundi basa nglokananta |
kula dèrèng surup lire |
prèhpun dhi Ragil ngriku |
Ki Wuragil gumuyu angling |
kawularsa tatanya |
ing kakang liripun |
ih dhi Ragil ardalepa |
wong tinakon (n)dadak malês anakoni |
rame dadya paguywan ||

18.
Niyaga dhalang ingkang ngalithik |
apan samya lagya ingingonan |
panggêndêr walanjar mêndêr |
tan mèlu mangan kêmbul |
isih tansah pinêndir liring |
marang Ki Kulawirya |
balangan pandulu |
apan wus sakesuk mula |
ting kathuwêt iriban balangan liring |
marang Ki Kulawirya ||

Jilid 10 - Kaca : 70

19.
Kula punika kakang ngabèi |
mirêngakên gamêlan sarancak |
mung rêmên myarsakkên gêndèr |
nadyan klênènganipun |
piniyarsa kalangkung asri |
tinimbang gambang rêbab |
pênêt gêndèripun |
sami-sami piyambakan |
Kae Kidang Wiracapa mèsêm angling |
lêrês Ki Kulawirya ||

20.
Kojah niyaga sêpuh pribadi |
gêndèr dadya bibitaning gangsa |
sarancak kang ugêr gêndèr |
sami sadayanipun |
gêndèr mawa tangguh pribadi |
Majapahit myang Tuban |
lan tangguh Sêdayu |
nènèman tangguh Mataram |
gêndèr apik dhasar kang anabuh wasis |
sakeca piniyarsa ||

21.
Ki Kulawirya gumuyu angling |
anolèh myat kang tan mèlu mangan |
kados puniku tyang (ng)gêndèr |
sampun kawilang baut |
ngapinjalnya jêjêl tarampil |
gumuyu Kae Kidang |
Wiracapa muwus |
dhasar komuk panggêndèrnya |
botên wontên ing ngriki ingkang nyamèni |
sring kula kèn gêndèran ||

22.
Kalênèngan piyambak nèng jawi |
sabên dintên awis anèng wisma |
punika pun Asêm-sore |
Ki Wuragil gumuyu |
athik Asêm-sore namèki |
mara sira mrenea |
dèn-kaparèng ngayun |
nèng kene sira (ng)gêndèra |
Kang Ngabèi ngling Asêm-sore sirèki |
tinimbalan mangarsa ||

23.
Kang liningan agupuh mangarsi |
angling malih hèh wong aniyaga |
gêndère Bèr-manis kuwe |
saosêna ing ngayun |
gêndèr nulya sumaos ngarsi |
keringe Kulawirya |
ni Sêm-sore laju |
antara suwuk pelognya |
Kae Kidang Wiracapa mèsêm angling |
prayogine punika ||

24.
Nakmas Jayèngraga kang ngrêbabi |
dhi Wuragil Kulawirya kêndhang |
kula nabuh kêtipunge |
sapa sing gambang iku |
lah majua lawan kang nyuling |
rêbab kêndhang aturna |
marang bêndaramu |
ingkang liningan agêpah |
pan wus katur kang gambang suling mangarsi |
Kang Ngabèi lingira ||

Jilid 10 - Kaca : 71

25.
Sumangga sinênggrèng rêbabnèki |
sêndhon pathêt manyura kewala |
Jèngraga nênthêng kawate |
wus pakolih nèmipun |
gya sasêndhon manyura wasis |
jariji anglir kala |
-jêngking masang ngantup |
tutup gêtêr mawiwilan |
lir wigaring ukêl pakis kang jariji |
kèsoke muput lamba ||

26.
Yèn rangkêp rikat kari lêstari |
wilêting tutup angêmbat kawat |
ngêlong surup pangêluse |
ngik-ingike angêntup |
lir pangrêrihing dyah kapilis |
katrêsan ing asmara |
panjritnya tan asru |
pangringiking pêgat-pêgat |
pan mangkana sarênging bêsus kaèksi |
yakmanyaring pangrêbab ||

27.
Biniyantu rêbab gêndèr suling |
amêlingi lir nglinging kumara |
wilêt barung rum-manise |
sakèhe kang angrungu |
samya mêne lalu niniling |
mruntus kakêdhokira |
awuyungan kalbu |
pawèstri kang samya nyanak |
panglintinge kuwalik ênjêd nèng jawi |
anon mèsêm binuwang ||

28.
Wau sira Ni Rara Widuri |
uningèng raka sagêd angrêbab |
agorèh dènnira linggèh |
wau pangrasanipun |
sah sakêdhap kadya sêsasi |
apungan jroning nala |
dènnya gêng wulangun |
lapake pangantèn anyar |
ngunyêr trêsnanya tan kêna sah ing laki |
uyang bênggang sadhela ||

29.
Kang sasêndhon nundhung awawasis |
nutug praptèng liyu-liyanira |
Sarayuda sabêmane |
papathêtanira wus |
Mas Prawirancana Ngabèi |
katêmbèn mring Jèngraga |
kalangkung angungun |
ambungah marwata-suta |
myating mantu wasis pangolahing gêndhing |
ngasorkên pra niyaga ||

30.
Miwah pra kadang sasêntananèki |
mulat mring Jèngraga suka-rêna |
sarwasis bagus warnane |
langkung panggung-gungipun |
Kae Kidang Wiracapa ngling |
wawi mungêl gêndhingan |
pênêt Kuwung-kuwung |
ya bênêr hèh Wukir Laba |
anggambanga si Wukir ingkang anyuling |
sigra ingkang liningan ||

Jilid 10 - Kaca : 72

31.
Jayèngraga mèsêm ambukani |
myat rare ro tarampil anggambang |
lan abêcik panyulinge |
anganyut Kuwung-kuwung |
sasènggolan ricik kur (n)jawil |
landhung iramanira |
rangkêping panabuh |
raras bancanging maruta |
maratani karanan tyasing kang myarsi |
puthis maring gamêlan ||

32.
Kae Kidang Wiracapa angling |
owêl têmên nora ginêndhèngan |
mara sindhènana Grèpèt |
ronggèng nulya nglik ngungkung |
wuwuh wilêt ulêting gêndhing |
ginêndhèngan adhamang |
paparikanipun |
gununge wong Kalisara |
sun-talawu lawan kang asikil gadhing |
anampar anèng paron ||

33.
Cangak luwak kae dhandang-wiring |
bayêm gatêl iya nora kalap |
bot-ènthèng sun-sandhang dhewe |
dhuh lae jênang-watu |
papathine toyèng jaladri |
kawula sampun sayah |
Ki Wirya gumuyu |
wong jèh tangèh têka sayah |
sarwi nolèh mring panggêndèr gya mring ringgit |
gumuyu kang tumingal ||

34.
Ni Widuri lir sata mèmèti |
lunga sadhela lungguh tan jênak |
lèjême ngundang kakunge |
kang kinêdhèp durung wruh |
maksih (ng)gêndhing nêlaskên wasis |
Kuwung-kuwung gya niba |
kêndhange angguguk |
kosèkan raras ciblonan |
gêdhug magak bêm rêbah kêmpyang ngêpipir |
mênjat ngêgèh irama ||

35.
Wus antara dènnira anggêndhing |
sêsêg gya ngandhêlong sêsalahan |
nulya suwuk gamêlane |
laju sêndhon nglêg arum |
nutug liyu-liyanirèki |
Sarayuda sabêman |
Ki Wirya amuwus |
tambuh kang sun-piyarsakna |
gajêg rêbab gajêg sindhèn rêbab suling |
abingung kang kapenak ||

36.
Bok Asêm-sore tansah ngèsêmi |
dhasar Ki Kulawirya wus pasang |
ngon iriban sasuwene |
iya ing wancinipun |
sore surya anuntung wukir |
Ke Kidang Wiracapa |
alon dènnya muwus |
ing bêcike Wirabajra |
mupung awal padha mamadhangan dhisik |
tan kasusu Mahribnya ||

37.
Mangunjana mundur sigra nuding |
kasinoman pawèstri pinatah |
saosan jaba jêrone |
pra samya sêliripun |
myang santana samya ngladèni |
pinatut panganggenya |
samya nyar yu-ayu |
sêlir santana pan beda |
panganggone bokmas kang mamantês sami |
tapih kakêmbênira ||

Jilid 10 - Kaca : 73

38.
Pasinoman pawèstri angrukti |
ingkang ngladèni marang paningrat |
kang ngladèni jro wismane |
nyamikannya ingundur |
rarampadan lumadyèng ngarsi |
lancaran wus tinata |
andhèr anèng ngayun |
wus mundur wong kasinoman |
kari ingkang nyambêl kalawan ngêbuti |
ngajokkên kang kinarsan ||

39.
Jayèngraga ingaturan maring |
wisma nadhah lawan ingkang garwa |
lan ibu lawan êmbahe |
Jèngraga gya umangsuk |
marang wisma nunggal alinggih |
Ke Kidang Wiracapa |
ngancarani turuh |
agêpah ingkang liningan |
sami wijik gamêlan pelog kang muni |
Bujangga-nom lirihan ||

40.
Ronggèng si Grèpèt ingkang nyindhèni |
apan samya kêmbul sami nadhah |
miwah kang anèng wismane |
samya bukti tan kantun |
Ni Widuri angling ngalêsik |
punika lam-ulaman |
jêjawat sadarum |
kang raka angling geneya |
matur kados kadangon botên ingambil |
sarwi akaca-kaca ||

41.
Jayèngraga mèsêm aningali |
mring kang garwa sasmita walaka |
saking sangêt wulangune |
ingkang raka gumuyu |
sarya ngliling sinawung bukti |
kang nadhah ing paningrat |
pikantuk anutug |
Ke Kidang Wiracapa jar |
mêne kêpêl inggih ta lah adhi Ragil |
badhe sampun mupakat ||

42.
Tiyang anèng ing pamanton sami |
lumrahipun ngungsèkakên awak |
kuwatir lamun kaluwèn |
tuwin panganggènipun |
awon-awon kêdaha rêsik |
kang darbe sarwa mubyar |
mrih dinêlêng patut |
niku wong ngungsèkkên awak |
yèn pangantèn amung ngungsèkakên ati |
tan watir prabot pangan ||

43.
Lamun tilik pangantèn yèn ratri |
sugih antuk angobe barisan |
lamun wus lunga dhayohe |
pan nora ngontak-ngantuk |
nora ongab-angob sawêngi |
kang samya myarsa kandha |
sadaya gumuyu |
Ki Kulawirya alatah |
angling malih tiyang sami anglampahi |
saya dadya paguywan ||

Jilid 10 - Kaca : 74

44.
Ki Wuragil suka gumuywa ngling |
de kobèt têmên murade kakang |
sadhengah kajaring kabèh |
datan ana kang wudhu |
wus kagarap kabèh kaèksi |
ngling botên ta anggarap |
mungguh liding ngèlmu |
tanajulira ing murad |
milanipun pangantèn ngungsèkkên ati |
sabab jêjêring rohyad ||

45.
Awiwinih ingkang bangsa ati |
tumurune rohyad amartabat |
tumêkèng insaniyahe |
maujud duking dangu |
apan lesan panjanging bukti |
pangungsène ing lesan |
pangan kang wus tamtu |
yèn sampun mangsa diwasa |
pan ihtiyar sasandhangan kang utami |
pangungsène ing badan ||

46.
Yèn tirkine kang wus kaki-kaki |
apan maksih tuwa rare jabang |
jabang kungkulan tuwane |
tuwa widhunganipun |
gêr gumuyu kang sadayèki |
Jèngrêsmi mèsêm suka |
aririh gumuyu |
Ki Wuragil Kulawirya |
sru angguguk ngling tan nyana yèn kadyèki |
dene nunjêm rasanya ||

47.
Dhasar mêdèni kakang ngabèi |
kongsi tan wruh rasane kang tadhah |
miwah gamêlan sêdene |
sanalika tan ngrungu |
anauri kang samya linggih |
kula inggih kadyèka |
lepyan rasèng puluk |
Kae Kidang Wiracapa |
asasambèn bukti awacana aris |
dhi Ragil Kulawirya ||

48.
Ingkang sinung bisa anindaki |
pamancade pananing panêmbah |
kang makatên pêr-èmpêre |
luyuding kang kadulu |
dadalan kang marang kajatin |
pan namung sanalika |
tingkahing pandulu |
amiwalakên Asya-a |
lêlèjêming ikral mirat munajati |
tubadil tan warana ||

49.
Nanging alantaran lawan puji |
ingkang sampun suhuling Hyang Suksma |
puniku linangkahake |
sakêdhik lothung-lothung |
ginantêr lan talatènèki |
prayoga ginraita |
lir puniku wau |
pinasah anèng ibadah |
paedahe sampurnaning sêmbah puji |
kang numpaking walikan ||

50.
Ingkang samya myarsa anor-ragi |
sami ngantu luwaring panadhah |
dangu pangonjot-onjote |
antara wus anutug |
turuh asta sadayanèki |
ambênge cinarikan |
mring sinoman mundur |
sawusira aluwaran |
akukurah wedang myang mangsêgannèki |
ing wanci suryancala ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08b) Kaca 51 - 62
  • (10) Kaca 75 - 82 >