Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10) Kaca 75 - 82

 

( Ngèlmu bab panêmbah tuwin sampurnaning panêmbah )

3. Sêsambèning dhahar kêmbul, Kidang Wiracapa ambèbèrakên ngèlmu bab panêmbah tuwin sampurnaning panêmbah. Bakda Mahrib kawontênakên dhikiran Maulud kanthi singiran dening santri watawis satus, kalajêngakên kêndhuri kakêpung radin sami nêdha tuwin bêrkatan. Jayèngrêsmi maos rawi, Jayèngraga sêsingiran swantên arum, damêl kayungyunipun para èstri. Wasana kêpungan kêndhuri.


Kaca 75 – 82

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 75

611 Dhandhanggula

51.
Ingancaran salat wêktu Mahrib |
Jayèngrêsmi sadaya mring langgar |
Jèngraga ngling mring garwane |
dhuh kariya wong ayu |
ingsun salat Mahrib mring masjid |
Widuri sêndhêt turnya |
sampun dangu-dangu |
pan kawula tan sagêd sah |
lah bok sampun sêmbahyang kala-ne mangkin |
benjing malih kewala ||

52.
Jayèngraga mèsêm angling malih |
sêmu ewa myarsa turing garwa |
cah iki luwih bêrète |
lir (m)Bok Sêmbada Pulung |
nora lajêr labêt utami |
tan pantês kinohana |
angajak baliwur |
mangkana osiking driya |
samudana wuwuse angarih-arih |
iya yayi sadhela ||

53.
Nulya nusul salat maring masjid |
wusnya kadas kantum sarêkangat |
anututi ing makmume |
antara bakdanipun |
Mahrib praptèng Ngisanirèki |
paragat wêktunira |
wusnya asusuhul |
rahap salawat salaman |
rampung salat nulya mudhun saking mêsjid |
wangsul lunggyèng paningrat ||

54.
Kang putra ri samya angudhuni |
ingancaran tata wangsul lênggah |
akapang têpung dhêngkule |
ladèn sumadyèng ngayun |
nyanyamikan mawarni asri |
Ke Kidang Wiracapa |
alon dènnya muwus |
lah (n)di santrimu Sradênta |
Ki Pangulu matur inggih mangke kêdhik |
sawêg dandos kang nuskah ||

55.
Tan antara santri sami prapti |
ambrubul lir salaba brubulan |
Ki Asradênta nulya ge |
amapanakên lungguh |
saurute kang gêdhe cilik |
sadaya cacahira |
satus wolungpuluh |
pinarnah kang para lurah |
Kae Kidang Wiracapa angling malih |
wawi lênggah pandhapa ||

56.
Kang liningan tar sawala kapti |
nulya samya lênggah ing pandhapa |
pinggir lèr wetan mangilèn |
mangunjana anuduh |
hèh wong kasinoman dèn-aglis |
sasaosan dhaharan |
ladèkna ing ngayun |
agupuh wong kasinoman |
nyaosakên dhaharan asri mawarni |
wowohan lah olahan ||

Jilid 10 - Kaca : 76

57.
Dhah pateyan gembolan tap-sirih |
wis samêkta mundur ingkang nampa |
Ke Kidang Wiracapane |
ngling marang ki pangulu |
hèh Sradênta sapa kang dadi |
pambatak salawatan |
pangulu umatur |
puniku Gus Kaplil-iman |
lurah santri sing Kalangbrèt alim dhikir |
Maulud salawatan ||

58.
Angling malih lah inggih Gus Santri |
kajat manira angalap barkah |
nuskah ruwira singire |
slawatan dhikir Molud |
wus Bismilah ngriku awiwit |
Gus Kaplil-iman turnya |
ngumumakên wuwus |
mring sadaya santri kathah |
saur manuk samya nginggihi ngèstrèni |
Gus Kaplil-iman nulya ||

59.
Maca tangawudira ingapti |
ambuka nuskah wiwit salawat |
sinauran ing wong akèh |
langkung ramya gumuruh |
kadya gêrah swaraning santri |
rêmpêg tan na salaya |
sru anganyut-anyut |
wus antara dangunira |
praptèng akir tamat salawat kang singir |
salallahu ngaleya ||

60.
Gya Gus Kaplil-iman maca rawi |
kir'at sêdhêng-sêdhêng pasèkatnya |
wusnya katam ruwiyane |
tinampan salallahu |
kaping tri lan wong akèh sami |
lurah Gus kapliliman |
nuduh santrinipun |
santri katri kinèn bawa |
kang tinuding angêlik singir Bêsahri |
swara sri abarungan ||

61.
Ababêsus sajake kinardi |
pangrasane tan na nimbangana |
ciptanira bêcik dhewe |
wong têlu rêbut unggul |
gya tinampan sauranèki |
gumêrah santri tathah |
ramene kalangkung |
wus akir tamat singirnya |
suwuk mawa salalahu ngalaihi |
lan wong kèh kaping tiga ||

62.
Jayèngrêsmi kinèn maca rawi |
sajak Yahman pemulan biyolah |
titis kir'at pasêkate |
ing mat lan kasaripun |
tan kaladuk lajim lan jais |
tratil mikrajwang sastra |
swara manis arum |
pra santri kang samya myarsa |
pamacane rawi bagus Jayèngrêsmi |
tan nyana yèn ngulama ||

63.
Miris rumaos boya kadugi |
angèmpèri sajak kang mangkana |
dadya wêlu sakabèhe |
Kidang Wiracapèku |
mèsêm anon mring Jayèngrêsmi |
miwah Mas Wirancana |
sadaya angungun |
lir tuwan wêdalan Ngarab |
pamacane ruwiya angluwihi kadi |
tan ana mangkana-a ||

Jilid 10 - Kaca : 77

64.
Santri kabèh tan ana cêmuwit |
rasan watu sêgu wae nora |
sangking kayungyun sajake |
tamat pamaosipun |
maca lan wong akèh kaping tri |
Ke Kidang Wiracapa |
mèsêm alon muwus |
wawi anak Jayèngraga |
prayogine andika kang bawa singir |
kang putra tan lênggana ||

65.
Mundhut kancuh santri têlu singir |
wus samakta santri pipilihan |
gya wiwit rawi singire |
singir tanga linuhung |
ngêlik ngungkung anglangkungi |
paribasan kang swara |
turut usuk-usuk |
buntas ulêm angumandhang |
muluk rêmak gêtas rênyah rum amanis |
ulone Jayèngraga ||

66.
Santri têlu bêcu tan (m)barêngi |
kèthèr puthêr ras-arasên mênga |
cangkêm tulus mênêng bae |
mlêngak sadayanipun |
myarsa swaranira Jèngragi |
praptèng ayating sik-ra |
tinampèn gumuruh |
sinauran ing akathah |
samya erak angantêp suwaranèki |
sangsaya sru wurahan ||

67.
Nora etung erak gondhangnèki |
saking suka myarsa kang abawa |
bungah-bungah sadayane |
dene swara kang luhung |
lamun gantya tampaning singir |
si Wukir lan si Laba |
kinèn barung niru |
nut landhung like kewala |
Laba Wukir sabab nora tau nyantri |
namung anurut swara ||

68.
Suwe-suwe surup ukêlnèki |
dadya tuntum saplak swaranira |
saukêl paprigêlane |
wêwah manisira rum |
Jayèngraga angêtog wasis |
ulone bêning mêmbat |
ulêm ngêntul-êntul |
gèdhèg Kidang Wiracapa |
langkung suka myarsa swarane Jèngragi |
anglangkungi akathah ||

69.
Miwah kang martamu angabèi |
Mas Wirancana sakadangira |
kalangkung ngalêmbanane |
akagum sarwa baut |
gêndhing bêksa alim angaji |
wong nonton èstri priya |
samya brangta wuyung |
wong pawon kang olah-olah |
gumarubyuk tinggal gawe aningali |
kang bawa salawatan ||

Jilid 10 - Kaca : 78

70.
Kang lah-olèh tan kongsi (m)bumboni |
lali kasusu panontonira |
padha kasuwèn anjêngglang |
gosong gorènganipun |
yèn santri kèh anaurani |
wangsul mring pawon sigra |
kèh gosong gagêtun |
parèstri kang anèng wisma |
arêg-rêgan tambuh rasane kang ati |
cipta sami kedanan ||

71.
Nyunyungnya pan calumak-calumik |
tan na aking samya kabanjiran |
ngandhap nguwêt kakowoke |
cêblokan (ng)guyu-(ng)guyu |
ting kalêsik ngalêm Jèngragi |
rarasan iya ta lah |
Ni Widuri ontung |
bênêr lèhe nunjang-palang |
nora etang gungan olèh wong jêlanthir |
jênthara sarwa bisa ||

72.
Mara ta dhèk wong samene iki |
jinawila marang Jayèngraga |
iba banjur ngèthèh-èthèh |
samya jorogan guyu |
tan wus solahirèng pawèstri |
kang lungguh nèng paningrat |
pra bokmas sadarum |
Ni Kèn Widaryati lawan |
(m)bokmas Wirancana lan Rara Widuri |
ki pinangantyan anyar ||

73.
Sakèh wanodya suka miyarsi |
marang swaranira Jayèngraga |
langkung pangalêmbanane |
Ni Widuri gung wuyung |
tambuh solahira alinggih |
ngêrêng ngunjal ambêgan |
krêkuwan arikuh |
tan bêtah pisah sadina |
kadya jêbol igane êdêning ati |
mêjên sadina-dina ||

74.
Wus antara dangu ingkang singir |
praptèng akir suwuk kang slawatan |
tinampan salam wong akèh |
gumuruh salallahu |
ngalahi wasalam kaping tri |
sigra Mas Mangunjana |
angabani gupuh |
marang wonge kasinoman |
kinèn mêdalakên nyamikaning santri |
gembol wedang panganan ||

75.
Kang tinuding sigra sami ngrukti |
mêdalakên ing laladènira |
panganan nèng ngancak gêdhe |
wedang srêbat sadarum |
wus pinêtak royomanèki |
lulurah lan arahan |
wus ramut gya mundur |
Kae Kidang Wiracapa |
ngancarakên wawi kanca santri-santri |
padha nyanyamikan anyanyamikan ||

76.
Kang liningan sigra sami ngambil |
wedang panganan sasênêngira |
ting krêpyêk rame swarane |
yata ingkang alungguh |
nèng paningrat kang para èstri |
Widaryati uninga |
kang wayah wulangun |
angling mring pawonganira |
kinèn matur mring kang raka Ke Ngabèi |
Jayèngraga taruna ||

Jilid 10 - Kaca : 79

77.
Maring wisma layap mring tilamrik |
gupuh kang tinuding mring pandhapa |
wus umatur kang kinèngkèn |
wangsul mundur (ng)gyannipun |
Kae Kidang Wiracapa ngling |
anakmas Jayèngraga |
ingaturan kondur |
mring wisma ibu-andika |
kang liningan Jèngraga umatur inggih |
rêndhêt tan pati dhangan ||

78.
Suwe dènnya salawatan dhikir |
sinasmitan mring Ki Kulawirya |
lan kang raka pangliringe |
Jèngraga sigra mundur |
nèng paningrat alon alinggih |
kinèn nadhah dhaharan |
samya amumundhut |
nyamikan sakarsanira |
Ni Kèn Widaryati angandika aris |
ring kang wayah pangantyan ||

79.
Lah wus sira turuwa Widuri |
marang tilam manawa karipan |
nèng (n)jaba ywa suwe-suwe |
prayoga nèng jinêmrum |
Widuri tan lêngganèng tuding |
dhasar wus sore mula |
tyasira yang-uyung |
mangkya pan kinèn alayap |
nulya lèngsèr kathuwêtan (n)jawil wêntis |
tumamèng pagêbêran ||

80.
Kang sinasmitan wa ing galih |
kalancangan lêlangêning karsa |
dadya asêmpug dhangane |
winatara wus dangu |
Ni Kèn Widaryati ngling aris |
anakmas Jayèngraga |
sareya wus dalu |
nèng jinêmrum lan garwanta |
Jayèngraga liningan lèngsèr sing ngarsi |
marang ing pasarean ||

81.
Karongron lan Ni rara Widuri |
myating raka praptèng pasarean |
tar sangkrip sru panggulêde |
karuna mrih cinatu |
ing asmara rarasing gati |
acipta ge-ageya |
pinurwakèng lulut |
Jèngraga ciptaning driya |
amung anêmbadani ngecani kapti |
batine wus sarwèwa ||

82.
Saparone driya sudaning sih |
prandene Widuri tan uninga |
saking sangêt wulangune |
tan ana kang kaetung |
namung nêlêng rarasing rêsmi |
kang raka anambrama |
panggawe kur-ukur |
Widuri saya amêksa |
panggujêge tan kêlir sangkribing èstri |
minta pulang-asmara ||

Jilid 10 - Kaca : 80

83.
Wus anglukar wastra Ni Widuri |
Jayèngraga ngunandikèng driya |
wong iki dudu baene |
mêrêm bae ngêthiwul |
yèn ta aja anak priyayi |
patut wong kabêdhalan |
saênggone bêngkung |
akathah sandeyanira |
Jayèngraga anamudana ing rabi |
kinuswa wirangrongan ||

612 Wirangrong

1.
Ginulingakên kang rayi |
pan pinelahakên ing (n)don |
priyanya lir pendah botoh sawung |
anantang toh wani |
angêpak ing kalangan |
bae unggul tinadhahan ||

2.
Awantêr kewala nanging |
jagone angucir keyok |
tan dadi tarungan nora dangu |
mung botohe wani |
mangkana pamènira |
warastra datan gulawat ||

3.
Amung pangungruming rabi |
ing rara ingkang wirangrong |
Ni Widuri kadya sata ayun |
nunucuk tan olih |
solahe lir kekeyan |
dènnya mring cadhang asmara ||

4.
Warastra tansah inguli |
-uli mêksa angalèntroh |
tan gulawat pisan ni rara sru |
dènnira kêpingin |
Ni Widuri karuna |
warastra kang tinangisan ||

5.
Matur punika dospundi |
anggung makatên kemawon |
tan wande kawula têkèng lampus |
lamun tan sinung sih |
adhuh lae bêndara |
mugi sung asih maring wang ||

6.
Jèngraga mulat ing rabi |
èsmu wêlas ing pandulon |
angupayèng driya kinarya sung |
marang kang mumurih |
lir cintaka angêrak |
minta rirising ngawiyat ||

7.
Kakunge karsa murwèng sih |
kang garwa nulya linêson |
tinumamèng prana ing alulut |
langêning arêsmi |
pinolah wardêng tingkah |
Widuri pongah-pangihan ||

8.
Sinêmbadan ing pulang sih |
kang binot dening kalangon |
Widuri ciptanya rarasing hyun |
kadya tan kêna wis |
nutug raosing driya |
tan wus kang andon asmara ||

Jilid 10 - Kaca : 81

9.
Tan ana lir Jayèngragi |
myang lêmbananing wong nonton |
samya kêmba miyat tan liyan wus |
Jèngraga asingir |
ngenani tyasing kathah |
kanyut dening swaranira ||

10.
Wus tutug kang lagon dhikir |
tamating nuskah ingaos |
salawat atasing Nabi Rasul |
sakulawarganing |
alêlagon wêkasan |
katam kang donga salawat ||

11.
Nulya donga katam singir |
dhikir Molud kang kinaot |
kang amaca donga Ki Pangulu |
Asradênta nênggih |
aplalu numpa donga |
ingkang nasib gantya-gantya ||

12.
Santri kèh sarêng dènnya min |
barung gumêrah swara wong |
tamat (ng)gènnya donga Ki Pangulu |
myang pra santri-santri |
wus salaman sadaya |
Kae Kidang Wiracapa ||

13.
Nak Mangunjana dèn-aglis |
ambênganira dèn-gupuh poh |
sigra kang liningan nuding gupuh |
mring sinomanèki |
ingkang tinuduh sigra |
amêdalakên asahan ||

14.
Gotong-pat ingkang kêndhuri |
salawe ambêng bot-abot |
miwah lêladosan kang nèng ngayun |
ambêng panjang giri |
rampadan lam-ulaman |
samakta sadayanira ||

15.
Nyamikan binarkat sami |
Ke Kidang wasana alon |
lah wus kamadana kajadipun |
anakmas ngabèi |
majêmuk kirim donga |
sung dhahar (n)Jêng Nabiyolah ||

16.
Lan salamêting pangantin |
tulusing oyod ngarondhon |
lah wus donganana gya pandulu |
santak andongani |
tinampan ing wong kathah |
amine ambata-rêbah ||

17.
Nutug dènnya andongani |
Ke Kidang Wiracapa lon |
ngling suwawi samya tuturuh |
hèh ngulu apa wis |
bênêr kêpunganira |
yèn wis warata Bismilah ||

18.
Matur sampun sadayèki |
sadaya sami tuturoh |
(n)dan samya lêkas nadhah pikantuk |
raosing pambukti |
dhasar mêntas singiran |
angêlih rosa amangan ||

19.
Arame swaraning santri |
kang kokoh jangan asèrob |
ting krêcap kumrapyak ting kariyuk |
kaecan abukti |
tan cuwa lawuh kathah |
anyamlêng panganira ||

Jilid 10 - Kaca : 82

20.
Tan pae para priyayi |
katêmbèn kêmbul sakèh wong |
dadya amirasa sakalangkung |
pikantuk abukti |
tutug dènnira nadhah |
luwaran samya wijikan ||

21.
Ambêng wus kinèn anyarik |
pra kasinoman agupoh |
ngundurakên caosan sadaya wus |
mundur kang ngladèni |
ambêng kêndhuri samya |
binarkat kèh pandumannya ||

22.
Gêdhe cilik wus waradin |
binuntêl anèng karoso |
sawusnya samêkta para kaum |
sadaya tur pamit |
linilan sigra bubar |
kumriyêg mulih barêngan ||

23.
Gumrêdêg lampahing santri |
nocol barêkat bareyot |
wus kêmput sadaya wancinipun |
pan wus lingsir wêngi |
Ke Kidang Wiracapa |
ngandika marang kang putra ||

24.
Mas Wirancana Ngabèi |
sêdhênge sami lêlêson |
aripan ing benjang-enjang lamun |
wontên tamu prapti |
pênêt sami bubaran |
samya umatur sumangga ||

25.
Ke Kidang Wiracapèki |
kundur marang gandhok kulon |
Mas Prawairancana mring (ng)gyannipun |
gandhok wetan nênggih |
Jèngrêsmi maring langgar |
Ki Wuragil Kulawirya ||

26.
Ring pondhok kang pinaranti |
lawan Nuripin tan adoh |
kang kantun lênggah para kadang nung |
maksih nèng pandhapi |
samya tan ana nendra |
mojar Mas Mancanapura ||

27.
Niku wong niyaga sami |
yèn wus padha mangan kang wong |
lah akonên lêkas gamêlanmu |
unèkna dèn-aglis |
kang eca piniyarsa |
anguyu jurudêmungan ||

613 Jurudêmung

1.
Ki Wuragil Kulawirya |
amiranti pondhokipun |
saji dhadaharan tan uwus |
Nuripin barkatira |
laju pinangan ngathêkul |
Ki Kulawirya ris mojar |
dudu wong Nuripin iku ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09) Kaca 63 - 74
  • (11) Kaca 83 - 86 >