Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 83 - 86

 

( Ki Kulawirya katrajang sêsakit rajasinga )

IV. Ki Kulawirya katrajang sêsakit rajasinga sakalangkung (ng)grantês ngantos supêna angsal pitêdahipun Jamal Jamil bab sarananipun sagêd waras kanthi lampah ingkang botên limrah, ewadene inggih katindakakên, wêkasan sagêd mayar lan mantun saking sakêdhik.

1. Ing pondhokanipun Ki Kulawirya nimbali Ni Asêmsore lajêng salulut, sakalangkung marêmipun, ngantos marambah-rambah. Sarampunging sarêsmi wêkdal tuntasing kama, Ki Kulawirya ngraosakên sakit, karaos sumêngkrang kumramyas dumugi ing walakang lan sakala abuh, wasana gêrêng-gêrêng gêgêtun. Ki Kulawirya kacandhak ing sakit rajasinga. Nuripin kadhawuhan damêl kêthokan dêling kapêndhêt lapis lêbêtipun ingkang tipis minangka lapising pajalêranipun ingkang ngilu.


Kaca 83 – 86

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 83

613 Jurudêmung

2.
Sira suwene amangan |
ukur mingkêt juju-juju |
dene tan ana warêgmu |
umatur sêmbari mangan |
mupung wontên rêjêki gung |
yèn lumampah ngalas |
sadintên tan gugut-gugut ||

3.
Niki wontên winarêgan |
parandene datan tuku |
Ki Wuragil mèsêm muwus |
dèn-age (ng)gènnira mangan |
arsa sun-kongkon sirèku |
matur yèn sampun anêdha |
ngling saiki bae uwus ||

4.
Kasuwèn lèhmu anggaglag |
mêngko yèn wus gawemu |
mangana manèh sirèku |
matur kautus punapa |
nauri undangan gupuh |
si Asêm-sore rannipun ||

5.
Nuripin lèrèn amangan |
sarya angrundêl gumuyu |
wong lagi mangan dèn-utus |
tan mikir ora ilokan |
wus praptèng panggènanipun |
angling (n)dika tinimbalan |
ing bêndara dènnya gupuh ||

6.
Kang tinimbalan gra mentar |
wus kerit prapta ing ngayun |
Ki Kulawirya amuwus |
mareneya dèn-mangarsa |
Ni Asêm-sore mangayun |
Ki Wuragil mèsêm nabda |
pijêtana sukuningsun ||

7.
Nuripin ngalih mring (n)jaba |
barkate ginawa mêtu |
nutugkên pamanganipun |
Ki Wuragil Kulawirya |
sisiwo nêkakkên kayun |
dhasar watak tan saranta |
anggarap wong kang kinayun ||

8.
Anutug sapolah tingkah |
sadhengah malang maegung |
nêlaskên sasukanipun |
sadalu tan kêna bênggang |
anjêntol tan kêna mudhun |
kalangkung dening mirasa |
rinasa salamènipun ||

9.
Anjajah wong pira-pira |
tan ana ingkang kadyèku |
ing ngrasa pangrasanipun |
Sêm-sore onjo priyangga |
mila anutug sakayun |
cipta pinèt bojo pisan |
niyat ginawa ing besuk ||

10.
Sêm-ssore dhasar nom nawang |
wulanjar rupane ayu |
pinanggih surasanipun |
mulane Ki Kulawirya |
anutug tan etung-etung |
saking karênaning rasa |
sadalu dènnira undhung ||

11.
Tan mêne panggêlakira |
lingsir kongsi wêktu Subuh |
dupi praptèng rasaning pyuh |
anggadêdêr kalihira |
bingung tambuh solahipun |
kang wadon abuntangan |
Ki Wirya kagèt anjumbul ||

Jilid 10 - Kaca : 84

12.
Tuntasing kama wêkasan |
sru sumêngkrang kraosipun |
kumramyas panas kalangkung |
ge-age pangluwarira |
wadonne tinundhung mêtu |
Ki Kulawirya jinabad |
angungun sangêt gêgêtun ||

13.
Kaborang dening walakang |
kapupuh sakala abuh |
mêrkotok pating palêmpuh |
gêrêng-gêrêng karêngkêngan |
nèng wisma kewala Subuh |
karipan tan antuk nendra |
dene guthul badhe pruthul ||

14.
Ki Kulawirya ris mojar |
Ripin mareneya gupuh |
kang tinimbalan mangayun |
umatur wontên punapa |
angling kablaèn wak-ingsun |
lara palananganingwang |
anggrèwèl wong kae mau ||

15.
Pan banjur abuh bêngkayang |
kiye dêlêngên laraku |
Nuripin sigra andulu |
ngling u u apa ta apa |
jarku apa yèn kadyèku |
akowak dening kowèkan |
jèh sampeyan awon nganggur ||

16.
Lah kajêgur ing jêmbêran |
têmahe bêngang abingung |
yèn angsung irung garuwung |
pundi kang katrajang ilang |
yèn dhatêng ing suku kuthung |
garumpung yèn dhatêng tangan |
yèn dhatêng guthul paruthul ||

17.
Lah niku sampun katara |
konthol guthul ting palêngthung |
sakite kados pinênthung |
kalunthang angathang-athang |
waune jêg lothung-lothung |
kabungahên mênthang suthang |
kacanthêng sakiting cênthung ||

18.
Puniku badhe sakênthang |
kênthang gêdhê plêntungipun |
Ki Kulawirya ambêkuh |
tus tus wong kapara edan |
(n)dakdak criwis nguwus-uwus |
wong dikon (n)dêlêng kewala |
anggigilani rinungu ||

19.
Nuripin akacêmutan |
Ki Wirya amuwus |
Nuripin priye budimu |
apa kang ginawe tamba |
abuhe saya gêng mêtu |
larane nora kêjamak |
ting pakênêng ting sarênut ||

20.
Ki Nuripin aturira |
kawula tan pati juntrung |
sakit makatên punika |
dèrèng nate kabêngangan |
duga-dalêm jampènipun |
kajawi kang damêl lara |
kinèn nambani yèn purun ||

Jilid 10 - Kaca : 85

21.
Tinêmpahkên jampènana |
aran sakit saking ngriku |
ajêng botên (ng)gih punika |
Sêm-sore kang angusada |
dimèn mantun sakitipun |
lah ya undangên sadhela |
nanging yèn ingsun andulu ||

22.
Marang kang anggawe lara |
kudu tumiba tanganku |
o lah puniku ta sampun |
sakit mênawi prakara |
toge sampeyan kang luput |
pênêt pinupus kewala |
sawêg ganjaran tinêmu ||

23.
Ki Nuripin nulya mèntar |
ngulati Sêm-sore gupuh |
tan nyana kene wis mantuk |
gya umatur tan kapanggya |
angling wis aja kêruruh |
mêngko yèn ana timbalan |
mangarsa manggihi tamu ||

24.
Ingong pêksane kewala |
ning sira hya tutur-tutur |
marang wong utawa matur |
Nuripin mèsêm turira |
inggih botên botênipun |
mangkana enjang wus siyang |
pêpak kang samya alungguh ||

25.
Nulya Wirabajra prapta |
mring (ng)gyanning Kulawiryèku |
ngirit patadhahan munjung |
matur ing Ki Kulawirya |
kula punika ingutus |
paduka ngaturan lênggah |
manawi wontên têtamu ||

26.
Lawan wastra sapanampan |
Kulawirya aris muwus |
inggih dhi Wirabajrèku |
andika matur sandika |
mangke kula maring ngayun |
Wirabajra sigra mentar |
nulya wong sinomanipun ||

27.
Mring ngarsane Kulawirya |
nyaoskên pateyanipun |
Ki Kulawirya agupuh |
adandan arsa mangarsa |
ngandika mring santrinipun |
Nuripin sira gaweya |
bumbung ingkang tipis alus ||

28.
Ngong gawe lapis planangan |
supaya bisa lumaku |
nulya ginawèkkên bumbung |
tipis kongsi miyar-miyar |
ing jro lapisaning pupus |
pupus pisang gya pinasang |
kinêluh kalawan lambung ||

Jilid 10 - Kaca : 86

29.
Wus mayar raosing lara |
dandan dhêsthar nyamping sabuk |
wus prayoga pamèripun |
lah payo Ripin mangarsa |
kang liningan atut pungkur |
mathênthêng Ki Kulawirya ||

614 Sinom

1.
Yata kang anèng pandhapa |
Kè Kidang Wiracapèki |
Mas Demang Prawirancana |
Jayèngraga Jayèngrêsmi |
lan Ki Kulawiryèki |
pra ari katri sumambung |
Pranjara Wirangkara |
waruju Wirabajrèki |
tinêpungan para ri ing Galèk-wulan ||

2.
Kae Mas Mancanapura |
Singabancana lan malih |
Wirancana Wiranjana |
Mas Mangunjana pamuncik |
atarap anèng ngarsi |
Ke Kidang Wiracapèku |
katongton wibawanya |
saupacaraning mantri |
anaroja ing puri samaktanira ||

3.
Tumbak tulup tamèng pêdhang |
sanjata panuwak kêrbin |
towok wargu winêgigan |
datan pae Mas Ngabèi |
Wirancana kadyèki |
muktine kadya tumênggung |
nèng Galèk tanpa sama |
samining desa ngabèi |
lir Ke Kidang Wiracapa Wirancana ||

4.
Suyude kadang santana |
pawonge myang magêrsari |
sumungkême abandara |
tan ana marêngkang siji |
yèn nuju darbe kardi |
aguyup panrayapipun |
acakut barang-karya |
lir sêmut anêmu manis |
sêdya pèndèng tan ana lumuhing karya ||

5.
Mas Dêmang Prawirancana |
dènnira amangun-kardi |
nèng karajan Lêmbuasta |
tan kapalang sakarsèki |
gamêlan siyang ratri |
rong rancak anguyu-uyu |
dhayohira sêluran |
wong cilik jalu lan èstri |
magêrsari parapat kalang sudagar ||

6.
Praptane samya nyunyumbang |
pangiring jodhangan asri |
mèt warnane papanganan |
wênèh lawan kêbo sapi |
miwah manjangan kambing |
bèbèk ayam lan ulam-luh |
sarta lan jodhangira |
samya nganggo-anggo sami |
apameran saduwèke wong andesa ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 75 - 82
  • (12) Kaca 87 - 91 >