Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15a) Kaca 114 - 128

 

( Pahargyan sakalangkung ngedab-edabi )

V. Pahargyan sakalangkung ngedab-edabi. Abên-abên sawung tuwin gêmak kasambêt tayuban.

1. Kidang Wiracapa nêpangakên Puspagati kaprênah wayahipun ingkang wuta-sastra, nanging kathah kasagêdanipun: bêksa, karawitan, ukir-ukiran, anam-anam lss. botên wontên padamêlan ingkang botên sagêd, mila pangawulanipun ing Pranaraga sakalangkung kinasihan dening Kangjêng Bupati. Ing sarambi mêsjid Kidang Wiracapa anggêlarakên pokokipun ngèlmu kakekat dumunung ing panrima kanthi katrangan miradipun, sarta conto-contoning agêsang têbih saking panarima lan suka nampi pawèwèh. Lajêng sami mandhap dhatêng pandhapi, tamu pêpak andhèr. Sêgahan mêdal ambanyu mili kalêbêt arak waragang. Siyangipun kawontênakên lêlangên abên sawung, abên gêmak. Sadaya mawi toh-tohan sakêlangkung ing ramenipun. Para botoh ngatingalakên kawêgiganipun murih sawungipun mênang. Totohan têtêmpilan andadosakên rame, wontên ingkang pasulayan. Kasaru dhatêngipun tiyang/mbarang Panglir, wontên tiyang sawidak lajêng katanggap sarta kadhawuhan wiwit, têtandhingan tiyang mawi sanjata. Kasêling dhahar kêmbul, Kidang Wiracapa rêraosan kalihan Kulawirya bab purwaning agêsang kadidene tiyang salat maos takdir murih wilujêng dumugi ing akhiripun. Sontên sami bibaran, sami marêm manahipun ingkang gadhah damêl.


Kaca 114 – 128

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 114

618 Dhandhanggula

10.
Abusana sarwa pinrayogi |
nyamping kawung-gêng bratayuda |
adhêstar parang-rusake |
sabuk cindhe bang mungguh |
arasukan sêmbagi putih |
mèpèt kadya jajaka |
ing wanci wus dalu |
Ki Wuragil Kulawirya |
wus busana ngandika marang Nuripin |
payo marang pandhapa ||

11.
Nulya lumampah lawan Nuripin |
praptèng pandhapa anunggil lênggah |
lan putra kang pinangantèn |
cingak kabèh kang tamu |
mulat marang Kulawiryèki |
Jèngrêsmi Jayèngraga |
mèsêm dènnya (n)dulu |
Kae Kidang Wiracapa |
langkung suka ningali marang Ki Ragil |
alon dènnya ngandika ||

12.
Punapa sampun sênggang dhi Ragil |
sokur tan kalajêng gêrahira |
Ki Kulawirya ature |
barkah paduka nêngguh |
anyawabi lêjaring sakit |
gumuyu Kaè Kidang |
Wiracapa muwus |
mring sakèhing tamunira |
(ng)gih punika kang kula-pajar duk wingi |
pênêd samya wanuha ||

13.
Matur inggih sakèhing têtami |
samya nambrama pambagyanira |
ing patêmon wilujênge |
winangsulan kramèng yun |
wiluyaning sih binasuki |
susila ing pasoran |
rahaping ngapagut |
pra tamu micarèng nala |
nora jamak santri sajake mriyayi |
padha awanda-wanda ||

14.
Kang sawiji iku nora pati |
karsa nganggo kang sarwa nyar-anyar |
nging cahyane sêmu dhewe |
tan kadya roro iku |
wus abagus paramèng kawi |
solahe awiraga |
amangun tumênggung |
Jèngraga sang pinangantyan |
mangkana ing pangalêmbananirèki |
marang Ki Jayèngraga ||

15.
Yata ing wanci wus têngah wêngi |
Mas Mangunjana sigra parentah |
marang wong kasinomane |
kinèn mêdalkên gupuh |
pangruktine saosan bukti |
jinodhangan rinampa |
linadèkkên sêlur |
wus pininta kêmbulira |
nyamikane cinarik sinung pêmburi |
tinadhah pawong rencang ||

16.
Wusnya ramut mundur kang ngladèni |
Ke Kidang Wiracapa ngandika |
nak Mangunjana pênêde |
dhalange kinèn suwuk |
dimèn rèrèn ênèh ngingoni |
sadhela ngong angalang |
niyagane niku |
kèn-muni gêndhing La-êla |
lawan gêndhingira kinèn anggêndhèngi |
enak padha arasa ||

Jilid 10 - Kaca : 115

17.
Tur sandika kang liningan aglis |
dhawah niyaga wus rinumatan |
sigra muni gamêlane |
lan ronggèng sindhèn ngungkung |
Kaè Kidang Wiracapa ngling |
suwawi wiwijikan |
kang liningan gupuh |
adan lêkas samya nadhah |
Mangunjana parigêl ngidêrkên larih |
arak-tape waragang ||

18.
Wus dinuga dawêg ing ngalarih |
madyaning atadhah ing inuman |
winantu-wantu larihe |
mi suka tadhah nginum |
pra ngabèi pikantuk bukti |
karasa winaragang |
samyènggaring kalbu |
rongèhing lalungguhira |
ingkang cêthèk amurwaka purwakanthi |
tur ta tar wruh ing kitha ||

19.
Puspagati gambira dera ngling |
adhi Mangunjana eman-eman |
nginum arak nora èrèk |
tan na kuciwanipun |
gêndhingane wus dèn-gêndhèngi |
kakondhanging wong lanang |
nèng kalangan agung |
anunggang ronggèng rinêngga |
(ng)gih makatên dhi Mangunjana kang bêcik |
gêr ginuyu ing kathah ||

20.
Kè Dêmang Kidang Wiracapa ngling |
nunggil sa-ambêng lan ingkang putra |
Jèngrêsmi Jayèngragane |
katri Kulawiryèku |
sadayane samya ngalihi |
Mas Dêmang Wirancana |
pakêmbulanipun |
dyan Ngabèri Mangunbrata |
lawan Radèn Wijangkangka Angabèi |
cêlak lan ingkang uwa ||

21.
Kaè Kidang Wiracapa angling |
puniku dhi Ragil Kulawirya |
kaelokaning Hyang lire |
Puspagati puniku |
prênah putu-misan lan mami |
kalangkung kinasihan |
ing pamagangipun |
marang (n)Jêng Pangeran Kutha |
sabab sarwa sagêd sabarang pakarti |
atatas ing wicara ||

22.
Tur ta datan sagêd maca ngaji |
nanging sabarang layange bisa |
paham satêmbung-têmbunge |
yèn muwus lir wong putus |
tur tan wruh ing aksara siji |
mulane kinasihan |
kèh pagunanipun |
ngundhagi mandhe ngêmasan |
andondomi mangun ukiran angukir |
anggêndhing bisa bêksa ||

Jilid 10 - Kaca : 116

23.
Andhalang purwa gêdhog karucil |
nganam-anam karya suri jungkat |
myang bathik anênun ngantèh |
karya jala ambubut |
amarangi miwah angundhi |
tuwin nanêgar kuda |
katurangganipun |
sabarang pakaryan bisa |
pinaringan pangan binlanja ing Gusti |
miwah sandhanganira ||

24.
Samajade puniku asugih |
suprandene tan bisa bêbêdan |
sugih gawe tanpa gawe |
tur niku tani yutun |
tan botohan datan madadi |
ngamungakên num-inuman |
ing sawawratipun |
duk anèm tumêkèng tuwa |
dènnya magang inggih Radèn Puspagati |
kalintang musakatnya ||

25.
Kang sinung-ling samya anor-ragi |
sarwi ngantu-antu ing atadhah |
dadya sami ngene-ene |
wus sabên adatipun |
lamun bukti sinambi angling |
pinrih kêdhik antara |
-nira atatuwuk |
wus tutug dènnira nadhah |
aluwaran ambêng cinarikan sami |
sinungkên pawong rencang ||

26.
Gantya dhaharan lumadyèng ngarsi |
samya sasambèn sasênêngira |
myang larih tan na anggo pe |
Jayèngrêsmi umatur |
ing liripun kadi-punêndi |
kaelokaning majad |
kang wau puniku |
kang rama alon ngandika |
wikan lêrês lêpate pamanggih-mami |
ingkang kadya punika ||

27.
Kasugiyaning Kang Maha Sukci |
jinaiskên marang kita sama |
kawan prakara dununge |
ingkang kinarsan sinung |
kasugiyan dera Hyang Widdi |
kang dhingin kasugiyan |
ngèlmuning Hyang Agung |
sinungkên mring kang kinarsan |
kaping kalih kasugiyan Hyang Malêwih |
kang muslim ing atapa ||

28.
Sinungkên mring kang kinarsèng Widdi |
kaping tiga kasugiyaning Hyang |
kal-donya rajabranane |
sinungkên kang kinayun |
ping pat kasugiyaning Widdi |
kabisaning pakaryan |
sinungkên kang kinayun |
tan pae sihing Hyang Sukma |
ngèlmu tapa donya kabisan pan sami |
sinungkên kang kinarsan ||

29.
Lamun ta maksih kita puniki |
sinung kasugiyan sapanduman |
saking salah sawijine |
sokur marang Hyang Agung |
maksih sinung pratandhaning sih |
pintên banggi dhaupe |
kasugiyanipun |
Jèngrêsmi alon turira |
dhaupipun kawula nyuwun jinarwi |
Kè Kidang Wiracapa ||

Jilid 10 - Kaca : 117

30.
Angling (ng)gih dhaupirèng kadadin |
kasugiyan kang kawan prakara |
ngèlmi dhaup lan tapane |
lir antiganing sawung |
antigan kang upami ngèlmi |
ingangrêm lawan tapa |
amrih têtêsipun |
kasidan marang kamulyan |
mêngku rahmad karamad mangsa utadi |
adi-adining titah ||

31.
Kang punika titising ngaluwih |
lir pamore têmbaga lawan mas |
tan kenging lamun pinae |
dadya suwasa mancur |
tunggal sorot tunggal galigin |
wusing saparipurna |
-nira ing ajumbuh |
saking kadhaupanira |
wus tan ngaran tapa tan ngaranni ngèlmi |
wus jumênêng karamat ||

32.
Ngudi atur saprakawis malih |
Kè Kidang Wiracapa lingira |
kang saprakawis dhaupe |
kal-dunya yèn wus dhaup |
angling agni dèn-babayuni |
agni pama kal-dunya |
kabisan lir bayu |
tuntume guna sarasa |
satètèsan tumamèng pupuk kaywaking |
ngobarakên wanarga ||

33.
Tan ana kang kaduga mamati |
pan dadine brama ingididan |
baywagni pangupayane |
ambrastha ing sawêgung |
purna pari warèng wanadri |
ngêningkên ing pinangka |
kalih-kalihipun |
wus tan ran guna sarana |
kasidane si sikara kang sisiwi |
santosa mêngku praja ||

34.
Lamun datan makatên dhi Ragil |
kang wus kawistarèng kanyata-an |
kawula ing ngambagine |
kang tapa datan ngèlmu |
ing ngèlmu datan dèn-tapani |
dadya karo kuciwa |
lamban kalihipun |
myang kang sarana tan guna |
kang aguna tan duwe dunya sadêmi |
wus ngamarat ing dunya ||

35.
Tinimbang lan wong kang tan binagi |
kasugiyan kang kawan prakara |
malarat tanpa ngèlmune |
lan tanpa tapanipun |
tanpa dunya tanpa gunèki |
angur kang binagiyan |
wontên lothungipun |
yèn sampun tan binagiyan |
kasugiyan ing dalêm salah sawiji |
sasat dèn wising Sukma ||

36.
Jayèngrêsmi gumujêng aririh |
miwah ingkang rayi Jayèngraga |
Ki Ragil latah guyune |
samya kapatuk kalbu |
saking sukanira myarsa ngling |
Kè Kidang Wiracapa |
ragya sru anguwuh |
maring kang mêntas rinasan |
e lah putu-putu Radèn Puspagati |
punapa ing samangkya ||

Jilid 10 - Kaca : 118

37.
Kang ginarap karsaning ing Gusti |
kang liningan santak aturira |
pun êmbah andangu mangke |
pakaryan kula wau |
karsanipun (n)jêngira Gusti |
mangkya karsa gamêlan |
salendro pinatut |
mêndhêt nêmipun Paradhah |
pelog lawan salendro nême sinami |
kula kinèn anglaras ||

38.
Lan andikakakên mangun ngukir |
landheyan gêng katrap ing curigan |
lan kinèn ngrapèhkên badhe |
titiyan saking Kêdhu |
pun Erawan dhawuk gêng inggil |
kalangkung kinasiyan |
ginêdhog nèng ngayun |
tinêdhakan dalu siyang |
dhawuhipun kinèn anggêlak tumuli |
kinarya miyos watang ||

39.
Liyanipun sasambening kardi |
êmbah inggih kathah kewala |
Kè Kidang mèsêm dêlinge |
punika babaripun |
ingkang putra umèsêm mèksi |
Ki Wuragil guyunya |
bisik-bisik muwus |
mring kang putra Jayèngraga |
yèku ingkang aran Radèn Puspagati |
tuwompong basa êmbah ||

40.
Mring kang Dêmang Jèngraga nauri |
sadasa tiyang wus awunira |
ya ta lah mulane kuwe |
dangu dènnira muwus |
wontên pawong èstri turnya ris |
ngaturi Jayèngraga |
kondur ing dalêm gung |
anulya lèngsèr sing ngarsa |
praptèng wisma Nikèn Widaryati angling |
marang Ki Jayèngraga ||

41.
Lah punika rayinta Widuri |
wontên sakite tan sagêd lênggah |
kula kèn-guling marmane |
karaos sakitipun |
sakitira Nikèn Widuri |
prayogi pinariksa |
anakmas sumusul |
myat ari nèng pagulingan |
Jayèngraga api gêpah matur inggih |
batine mèncêp ewa ||

42.
Gupuh lèngsèr maring jinêm-wangi |
praptanira ing pagulingan |
sinandhing kewala sare |
Widuri taksih ngukruk |
pangukruke atos kang ati |
dangu tan panggyèng raka |
tambuh raosipun |
abêbêg rêmêk tyasira |
kadya lara sèwu mêtêk anêkani |
wiyang puyang-payingan ||

Jilid 10 - Kaca : 119

43.
Dupi kang raka prapta aguling |
Ni Widuri lir wong kabêndana |
luwar saking pusarane |
cumêplong sukèng kalbu |
gumaregah ngrangkul ing laki |
kadhuwêtan gya-agya |
alukar pipinjung |
anggujêg minta asmara |
Jayèngraga mèsêm ewa ngliring rabi |
lah apa jêrku apa ||

44.
Lara kaèmêngan (ng)gigilani |
polahe lir wong kêna ing dalan |
andèlamèh nora lèrèh |
lir kucing nêmu tikus |
cêk-wêl bae tan wigah-wigih |
Ni Widuri ngrêrêpa |
paworing ngalulut |
Jèngraga jêlèh tumingal |
anggung gawe ginujêg raina wêngi |
ngorot-orot pinêksa ||

45.
Kêthêmplèng-kêthêmplong anuruti |
Jayèngraga salulut lan garwa |
nutug sapolah-tingkahe |
marambahi langkung yun |
tan cinatur kang andon rêsmi |
yata kang nèng pandhapa |
eca dènnya lungguh |
nginum sinambi kasukan |
miwah ingkang sasêrètan kèh winarni |
Kè Kidang Wiracapa ||

46.
Ngliring sakèhe kang sami linggih |
nak-putu-ngong tan mangêni karsa |
punapa ing sakarsane |
punapa sami mundur |
kula-turi lalangyan arip |
manira yun mawisma |
wêktuning aturu |
ingkang liningan turira |
pan sumangga ing prayoginira mangkin |
tan wontên kang sumêlang ||

47.
Jayèngrêsmi lan Kulawiryèki |
aprasabên mring pondhokanira |
rinojong lumèngsèr age |
Kidang Wiracapèku |
lan Mas Dêmang Wirancanèki |
samya mèlêbêng wisma |
miwah kang pra tamu |
kundur marang ing pondhokan |
salong maksih sinambi botohan sami |
anêningali wayang ||

48.
Tan winuwus tatasing aratri |
bêdhol kayon wisan kang awayang |
wus rinuktèn saopahe |
kang para ri agupuh |
nuding pawong rencangirèki |
mamangun ing pandhapa |
anyulami sapu |
latar nulya rinêsikan |
miwah kasah kang rêgêd dipun-salini |
lampit kalasanira ||

49.
Ramut sadaya dènnya mrayogi |
pulungguhan tan ana kuciwa |
Mas Dêmang Wirancanane |
anèng sabênne lungguh |
ingkang bakda salat pra sami |
anèng ing palanggaran |
pan eca alungguh |
Kè Kidang Wiracapa jar |
marang ingkang putra kalih malimpingi |
masalahing ngagêsang ||

Jilid 10 - Kaca : 120

50.
Kang cinatur gunêming aluwih |
kalêpasaning tyas mring kasidan |
poking ngèlmu kakekate |
anakmas kang binagus |
ing ngagêsang kêdah nunggèni |
angluluri kang wus man |
purwakaning dangu |
amung dununging panrima |
ingkang dadya têlêng lautira budi |
mèt marta parinpurna ||

51.
Jayêngrêsmi umatur angudi |
kadipundi inggih miradira |
liring panarima mangke |
kawula anunuwun |
ing wuwulang (n)Jêngira Kyai |
Kè Kidang Wiracapa |
alon dènnya muwus |
dununge ing panarima |
namung budi tinokitakên kang suci |
tan cambor ing Asya-a ||

52.
Wus anungge marang ing sawiji |
wijiling trang anggana musthika |
ngèsthi waskithèng papêsthèn |
kang pêtha kang tinêrus |
tan rambatan èndha upami |
tan minta tan pininta |
tan ayun-kinayun |
datan kanthi tan priyangga |
lire tanpa kanthi talêmpik tan milih |
tan angêntèni papan ||

53.
Liripun tan priyangga puniki |
tan mangeran marang niyatira |
amênampêg kaanane |
ènthèng kalawan wahyu |
tan piniyat kumambanging sih |
kang wus tanpa karana |
kawisisèng wahyu |
ingkang aran panarima |
inggih wahyu dyatmika kananing kadim |
asimpên ing kadadyan ||

54.
Jayèngrêsmi apagutan kapti |
ciptanya ge-age adungkapa |
ing makaming panrimane |
lir dhèdhère sinawung |
parèpèyan dèn-mamacaki |
miwah Ki Jayèngraga |
kapasèng tyas ngungun |
ngunandika jroning nala |
kapan baya têkèng panarima mami |
mimikaning pandaya ||

55.
Jayèngraga lir parawan sunthi |
anatmatèng ing crêmin winangwang |
branti myat wawayangane |
panggagasirèng kalbu |
kadya gèya praptèng birai |
Ki Wuragil tyasira |
kewala angungun |
tangèh (n)dungkap ing atampa |
lon turira punapi wontên bedaning |
trima lan panarima ||

Jilid 10 - Kaca : 121

56.
Kae Kidang Wiracapa angling |
tan pae ananging kinerata |
nanging beda bênikane |
mangisor lan mandhuwur |
panarima maring panginggil |
inggil wêkasanira |
kalamun panuju |
tarima maring mangandhap |
kandhap wêkasane yèn pinujunèki |
lire basa punika ||

57.
Kang wus kalampah limrahing janni |
winèwèyan sandhang lawan pangan |
kalangkung gêdhe trimane |
ciptane wus bêgjèku |
muga ana kang wèwèh malih |
dak-trima kongsi ngayang |
lêganing atiku |
makatên kaprahing janma |
kados kula ngarsa-arsa siyang ratri |
pawèwèhing sasama ||

58.
Lir wong cilik ngawula ing Gusti |
ngarsa-arsa mugi ginanjara |
arta sandhang lan pangane |
kang tanpa krana iku |
cipta tansah bruwun ing Gusti |
ngalamat wong cilaka |
pangawulanipun |
utawa kongsi matura |
nadyan canthèl atur anuwun paparing |
saking karepotannya ||

59.
Pangrasane wêlas gya sinung sih |
ing Gustine katon kinasihan |
têmah muwuhi repote |
nadyan pikantuk sinung |
gusti kucêm ewa ing galih |
kawangwang sajêgira |
kaêjising kalbu |
dinok sor-soring kawula |
panganggêpe Gusti lir ulêr (m)bungkêri |
tumingal wong mangkana ||

60.
Yèn kaplantrang tiwasing aurip |
wêkasane dadya pèndhèk tangan |
saking apês ihtiyare |
lothung têmahan kathung |
amba bathok ngathung nèng margi |
trima picis dawiran |
sak-êlêdan puluk |
sasuwèk sandhang momohan |
kacuthêlan mupus cipta canthing jali |
cibukna ing sagara ||

61.
Ya mung olèh saisining jali |
kang puniku dhi Ragil wong nrima |
jalar karêm ing pawèwèh |
bungah trimah yèn sinung |
yèn tan sinung tan wande ngêmis |
malarat salaminya |
tan têma-tinêmu |
prasèjèn tanpa narima |
datan arsa minta pawèwèh sasami |
wawadul karèpotan ||

62.
Kaplantrange ing panarimèki |
lamun darbe melik nambut-karya |
lamun winèhan awèwèh |
tan ngilang-ilang surup |
datan labêt watak nunani |
lamun ana pawèhan |
rob pamalêsipun |
lumuh kamalan lan cidra |
lalu wèwèh ngamal pinrih jaring tinggi |
tan arsa pèndhèk tangan ||

Jilid 10 - Kaca : 122

63.
Tiwasing panarima kadyèki |
maksih prawira traping agêsang |
patine plês abuburoh |
pinilalah mimikul |
lalu lampus tan sudi ngêmis |
muringis nèng ngarêp lawang |
yèn suwung balurut |
Ki Kalawirya alatah |
Jayèngrêsmi Jèngraga gumujêng wadi |
kawangwang marèng titah ||

64.
Kidang Wiracapa angling malih |
puniku dhi Ragil Kulawirya |
trima panrima dununge |
apan datan tartamtu |
dene gêdhe kalawan cilik |
lagi kang manirojar |
wawadhaganipun |
yèn wus watak pèndhèk tangan |
wong acilik dubruwun ngêmis ngêndhih sih |
yèn wus sinungan lunga ||

65.
Datan wontên trimaning sadêmi |
mring kang asung kang akarya pangan |
Pangeraning alam kabèh |
mung sok olèh aluwung |
kang mêkatên sukêring janmi |
rucah bangsa ibadah |
sanadyan wong agung |
karêm mundhut darbèk wadya |
saturute priyayi sêring mêndhêti |
darbèke pawong rencang ||

66.
Wus kabangsa lan jalma kang nisthilp |
ywan wong agung olah pèndhèk asta |
narik ing ka-apêsane |
tan na ngêmbani wahyu |
raga mukti ati sor juti |
kang watak sirlinapgang(?) |
puniku tan arus |
tinggal jênênging utama |
tan tinêmu eman sinêbut priyayi |
budine andêdilat ||

67.
Kang ngong-tuturkên kula pribadi |
datan wajat polèh ring utama |
mung-mung rèh rèmèh gêndhingkrèh |
batèh nêmpêg gêrèh wruh |
têlung glintir dèn-dhèh-dhèh kêni |
Ki Wirya saya latah |
myarsa banyolipun |
asor cucuting adhalang |
sarwi angling lo nyanggup Kenthol Nuripin |
gawemu milang lawang ||

68.
Iya inêndur-undurên thithik |
matur kantênane yèn tinimbang |
ngling timbang priye bacute |
matur kêsupèn wau |
sarwi mèsêm ulat nyêlori |
samya ginuyu kathah |
dènnya ngampêt atur |
Kae Kidang Wiracapa |
gujêngira sarya ngling angancarani |
lênggah marang pandhapa ||

69.
Samya kering mudhun saking masjid |
mring pandhapa tamu wus mèh prapta |
pan sadaya mudhun age |
ngancaran kinèn lungguh |
sigra wangsul mring (ng)gènnirèki |
tata samya alênggah |
pêpak sadaya wus |
wacinjang pênthèring surya |
Kae Kidang Wiracapa ngandika ris |
marang Mas Mangunjana ||

Jilid 10 - Kaca : 123

70.
Pênêde yèn wus ana miranti |
eca madhangan sarapan enjang |
kang sarwa ngêt anyarane |
Mas Mangunjana matur |
inggih sampun rimat sasaji |
kinèn angêdalêna |
Mangunjana gupuh |
anuduh wong kasinoman |
kang tinuding sigra naosakên aglis |
rampadan marang ngarsa ||

71.
Tan kalèru pangetangirèki |
langkung asri ulame mawarna |
samya angêt sadayane |
wus mundur kang mangayun |
Kae Kidang Wiracapa ngling |
suwawi wawantingan |
kang liningan gupuh |
adan lêkas samya nadhah |
datan ewah lir sabên kêmbulanèki |
pikantuking panadhah ||

72.
Gamêlanira munya ngrarangin |
gantya munya ngroras gongan sèwang |
salendro lawan peloge |
ronggèng Grèpèt lan Mênur |
kang (ng)gêndhèngi ladrangan ganti |
kang nabuh lêlirihan |
kalênyêt anganyut |
ing raras padha karasa |
karya imbuh kamyatan ingkang abukti |
tanak nora kasêlak ||

73.
Mangunjana tansah angidêri |
anglarihakên warak waragang |
mawantu-wantu larihe |
tan kêndhat idêripun |
Jayèngrêsmi lan Jayèngragi |
katri Ki Kulawirya |
salang gumun (n)dulu |
myat bangsa ing Panaragan |
doyan arak larih dèn-padhakkên warih |
tan wuru wurukanya ||

74.
Wus kinarya lalabing ngabukti |
arak api tampo lan waragang |
ginênti lawan ulame |
gantya wuwusira sru |
ana ingkang katlangso angling |
dyan Puspagati mojar |
kula kamipurun |
sumarwo nyuwun aksama |
dhumatêng ing Kae Mas Kulawiryèki |
(m)bok suwawi lariha ||

75.
Kewala sapindhah pratondhèng sih |
Ki Wuragil anjola sinabda |
Jèngraga mèsêm myarsane |
Jèngraga agumuyu |
winor angling sarwi anjawil |
tiwas blai (n)jêng paman |
dèn-jak uyup-uyup |
sami sasruputan edhang |
Ki Wuragil gumuyu gupuh nauri |
inggih putu ngong trima ||

Jilid 10 - Kaca : 124

76.
Pasihane kang dhatêng pun kaki |
kula amung tatênèh talangan |
nginum mring pun putu dhewe |
kang sainum pun putu |
kang sainum sumurup mami |
duduh kalih inuman |
sisan ngriku putu |
gêr ginuyu ing akathah |
Kae Kidang Wiracapa gumuywa ngling |
bisa nanduki basa ||

77.
Kang punika nak-mas Jayèngrêsmi |
pratingkahe wong kang mêndêm arak |
tan ringa suba-sitane |
wus nir kawatiripun |
manah wantah tan sangga-runggi |
kêndêl bae tan mamang |
barang kang winuwus |
tan ketang thêl tinugêla |
tan was-uwas saking wanèh wanuh wani |
tyase wong mêndêm wragang ||

78.
Ewêd lan anèng êndême dhikir |
kaot wong tidha-tidha dhikiran |
tulus gèla-gèlo bae |
tan tumêkèng (n)dêmipun |
kang têkèng (n)dêm êmoh sathithik |
kudu akèh kêtha-a |
ing pandhikiripun |
mêndêm arak (ng)gih kadyèka |
tan yun kêdhik kêdah kèh panginumnèki |
jatine (n)dêm panikram ||

79.
Putra kalih myarsa anor-ragi |
antara nutug kang samya nadhah |
wus samya turuh astane |
luwaran sadaya wus |
cinarikan ambêngira glis |
sinungkên pawong rencang |
-ngira kabèhipun |
wrata warêg malah (m)brêkat |
ting kalêncar mulih pondhok nganti gusis |
pyayi ye tanpa rowang ||

80.
Nulya dhadharan lumadyèng ngarsi |
wus samakta andhèr sri sarwa na |
sangkêp kang tinakokake |
cinarakkên ing tamu |
samya ngalap sasênêngnèki |
Kè Kidang Wiracapa |
alon dènnya muwus |
nakmas Dêmang Wirancana |
punapi kang kinarsan tanggapanèki |
sugatèng tamu mangkya ||

81.
Matur putranta pun adhi-adhi |
nanggap uju sabên siyangira |
dalu nayub prayogine |
sarwi nolih amuwus |
mring pra ari tanya kang ringgit |
sapa kang sira undang |
ronggènge kang mungguh |
matur Mas Mancanapura |
rinta Wirancaka wus utusan wingi |
ngundang ronggèng pun Gêndra ||

82.
Nèng Kalangbrèt lan utusan malih |
ngundang Madu nèng Pulung-lumba |
mung ro punika kang sae |
dyan Wiryabrata muwus |
sarwi mèsêm marang kang rayi |
adhi Mancanapura |
sun tutur sirèku |
pa kira dyan Puspagatya |
iya sangu talèdhèke apêrmati |
pun Teki wastanira ||

Jilid 10 - Kaca : 125

83.
Yèn aja-a pun anak Puspagati |
kang anggawa yêkti ora kêna |
rada katêngên gawene |
mara takokna gambuh |
Mas Mancanapura nulya ngling |
inggih nak Puspagatya |
sangu jontrot gupuh |
kang liningan gumuyojar |
inggih (m)bêkta awon-awon inggih Darmi |
Kyaine Wiryabrata ||

84.
Kang ngèbêki kula namung ngampil |
Kidang Wiracapa nambung sabda |
kewala mung padha duwe |
pênêd sami thok êmbul |
pan gumuyu sadayanèki |
ngling malih paran samya |
(m)bêkta sawung puyuh |
upami sami ambêkta |
sami ngirapakên lan nènèman mami |
ngong dèrèng wruh damêlnya ||

85.
Saur-manuk sadayanirèki |
inggih sami won-awon binêkta |
wawinèh pêndhêt marike |
kang kinèn samya gupuh |
nuduh rencang pating taruding |
tan dangu sami prapta |
puyuh lawan sawung |
Kè Kidang Wiracapa jar |
ngêndi unggyan kalangane kang prayogi |
matur Mas Wirancana ||

86.
Anjawi nèng tarub ingkang ngarsi |
sampeyan pinarak nèng undhakan |
sami nuduh pra arine |
lah tatanên dèn-gupuh |
kalangane glarana lampit |
para ri tur sandika |
tan dangu wus ramut |
Kae Kidang Wiracapa |
ngling suwawi anak-kula pra ngabèi |
angalih lilinggihan ||

87.
Kang liningan sigra mudhun sami |
amapan lungguh kêpung kalangan |
kang pra ari age-age |
anggêlar kalasa lus |
palênggahanira (n)Jêng Kyai |
anulya lènggar ing (ng)gyan |
-nira amangayun |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
Kulawirya sami tan lênggana rèhning |
nut kang ngadarbe wisma ||

88.
Narah rinèh tan lêngganing kapti |
wus samya lênggah papan kalangan |
Ke Kidang Wiracapane |
alon dènnira muwus |
Wirabajra pundhutên aglis |
jagowanku si Modang |
lan Gêmak di Balud |
lan kowe padha amèka |
jago gêmak mung dimèn padha ditandhing |
nèng kono ing kalangan ||

Jilid 10 - Kaca : 126

89.
Tur sandika Wirabajra aglis |
samya nuduh amêndhêt bombongan |
Wirabajra tan asuwe |
kang puyuh sawung katur |
ngling lah niku sami tinandhing |
sapa kang (m)botohana |
angadêg ingadu |
dyan Wiryabrata turira |
rencang-kula piyambak pun Amad Supi |
kang pitados anggarap ||

90.
Lan pun Alim-drêma kang prayogi |
rencangipun dhimas Wijakangka |
kalih punika jênggèse |
tan wontên liyanipun |
namung tiyang kalih puniki |
Mat Supi liyan Dêrma |
ingkang sampun komuk |
anjênggèsi ing kalangan |
Kae Kidang Wiracapa gumuywa ngling |
ya wus padha nêngaha ||

91.
Wong kalih kang liningan mangarsi |
anandhing sawung datan kuciwa |
prigêl nêkêm pambobote |
kinarya nandhing mathuk |
liring mathuk datan ngêboti |
tan kadhih ing sausap |
otot balungipun |
myang gring-warase tan inang |
pangiringing napas tan iwir mèlèdi |
wus anèng têkêmira ||

92.
Angling Dêrma lan Ki Amat Supi |
panandhingirèng sata satata |
mêdharakên pigunane |
panglamakira rampung |
sinaoskên mring pra priyayi |
tan wus sama ababag |
rinamèkkên sampun |
botoh kakalih turira |
kang punika sampun (ng)gèn-kawula nandhing |
sawung-dalêm pun Modang ||

93.
Lan sawungnya putranta Dyan Bèi |
Wiryabrata kang abrit pun Gramang |
kang samya dinadosake |
Ke Kidang mèsêm muwus |
si Lim Dêrma bae (m)botohi |
mring jagoku si Modang |
ya wus pitayèng sun |
nak Dyan Bèi Wiryabrata |
kêkêdhikan kewala pangajêngnèki |
sapantêsing kasukan ||

94.
Dyan Ngabèi aturira inggih |
amung gangsal èwu pangajêngnya |
ngling kathah têmên niku dèn |
umatur adatipun |
pan salêksa pangajêngnèki |
Dyan Bèi Wijakangka |
anambungi wuwus |
lah inggih kakang salêksa |
inggih adhi salêksa punapa malih |
mojar Mas Wirancana ||

95.
Inggih kalih-lêksa angladosi |
inggih adhi dados kalih-lêksa |
gya samya rinayap ngakèh |
kang sèwu kalih-ewu |
pan sadaya tan ana kari |
sami atêtêmpilan |
kang satus rongatus |
Kae Kidang Wiracapa |
gumuywa ngling lah ya satus bae mami |
mangsa bodhowèng kathah ||

Jilid 10 - Kaca : 127

96.
Babotohe abae pribadi |
limang èwu kèh pangarêpira |
Ki Kulawirya andowèh |
ngungun asru umatur |
inggih kalih lêksa punapi |
nauri kang tinanya |
dhi Ragil puniku |
inggih kalih lêksa kênthang |
lah puniki giyare sadhèrèk ngriki |
limrah rêmên totohan ||

97.
Matur inggih ta lah kang Ngabèi |
kados botoh kakalih punika |
tan sêmbada lan wujude |
purun toh gangsal èwu |
panganggone tan na majaji |
mèsêm angling Ki Kidang |
pan wus lagèhipun |
botohan lumuh totohan |
sarya nuduh mring Lim Dêrma lan Mat Supi |
lah wus mara kirapna ||

98.
Sigra sawung ingabarkên aglis |
patang abaran sami tinoya |
sawung pinakan karone |
kinèndhèrakên sampun |
ya kakirap kluruk salisik |
gya ingadu antara |
wus gulêt cul playu |
aloke asumyak-sumyak |
samya ajon-ajon bae Modang tuwin |
bae mèlu si Gramang ||

99.
Samya prêp-pinrêp gantya amilis |
Modang Gramang jago lig-uligan |
kêtanggor padha bêcike |
katotohan yang-uyung |
asor unggul amolak-malik |
sigra manangkal wadhak |
sru pamêrêpipun |
mabrêg si Modang (n)jêrbabah |
gêr gumuruh surake samya lok mati |
cinandhak dinandanan ||

100.
Samya binanyu jagonirèki |
mung sakêbêsing kopoh kewala |
rampung cukupan banyune |
beda botoh kur-ukur |
yèn ambanyu satimba ênting |
tan kadya Alim Dêrma |
lan Mad Supi punjul |
jajègèsè wong ing kitha |
bisa gawe tandhing kang tambuh pinilih |
(m)bingungkên wong botohan ||

101.
Wus tinêngga jagonira sami |
gumêtêr wonge tohira |
ngêtohake sor unggule |
bancang roro têtêlu |
ingkang dhompo pating karêkis |
sawung wusnya tinênggar |
nulya cul ingadu |
karone kanggonan polah |
Modang Gramang padha pangayêre miwir |
garot pêcroh kalihnya ||

102.
Pulêt pêluk gulu Modang pipil |
Gramang kêna bênggang gya sinangga |
mak-bêg kêna pok kupinge |
lajêng anjêngat ambruk |
sêg gulinting sinurak angrik |
alok yèn babar pisan |
sèmpal ngalih wangmu |
si Gramang sigra cinandhak |
dinandanan nulya samyating toyèki |
kinirap gêloyoran ||

Jilid 10 - Kaca : 128

103.
Kang totohan kumruwuk ting tuding |
gênti ngênêm molu anyadasa |
jênggèse nadhahi bae |
jago unggul aunggul |
yèn jagone asor dèn-sori |
Mad Supi Alim Dêrma |
karome kadyèku |
angrampêt wong sakalangan |
tan nampik toh sami tan nêdya ambalik |
tohira tan petungan ||

104.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
kadya wong nora bisa pinêksa |
buntu tan kabuka tyase |
myat botoh ngadu sawung |
kewala mung ngecani kapti |
narah mring kang aomah |
tan katarèng sêmu |
kang tohan tantang-tinantang |
jagonira wus takat ingêdu sami |
sampun rêmpu kalihnya ||

105.
Datan pati agitik-ginitik |
kothal kathèl têlas pêrêpira |
mung kari aloke bae |
surak asru gumuruh |
ting jarêlih wong ngucap sami |
mara ta age Modang |
elinga gawemu |
bangêtana sapisan kas |
bae nuli mak cêlulu ambalêjis |
loking mungsuh tan beda ||

106.
Mara Gramang kurang sathithik |
mungsuhmu iku wus arêp minggat |
bok sing sru pêrêpmu kuwe |
babotohe aibut |
dènnya (n)damu sarwi nêtêgi |
cawukên bae Modang |
mungsuhmu mèh mlayu |
Mad Supi ngling bilih Gramang |
tanggung têmên samplukên dimène posit |
mungsuhmu mèh rêp moda[---] ||

107.
Pan wus bucêg jagonira sami |
ukur sami gronjal pêrêpira |
tan bisa munggah sikile |
karone samya (n)jagur |
bênthuk cucuk tan ana gitik |
ngalêntruk tan (ng)galawat |
samya lok pupuk-pur |
Mat Supi anyipat tangan |
Alim Dêrma korèke binuwang siti |
samya jar nora nana ||

108.
Sadaya agêgêtun tan sipi |
Amad Supi lan Ki Alim Dêrma |
samya angundur jagone |
Dyan Wiryabrata ngungun |
ketang sawungira kaswasih |
Kè Kidang Wiracapa |
angling sru gumuyu |
o bakal nora wêkasan |
jago tarung yèn ijèh dèn-bobotohi |
Mad Supi Alim Dêrma ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 100 - 113
  • (15b) Kaca 129 - 139 >