Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434705
Hari ini     :Hari ini :105
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :171
Bulan ini   :Bulan ini :3334
s/d hari ini   :s/d hari ini :434705
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15b) Kaca 129 - 139

 

( Pahargyan sakalangkung ngedab-edabi )

V. Pahargyan sakalangkung ngedab-edabi. Abên-abên sawung tuwin gêmak kasambêt tayuban.

1. Kidang Wiracapa nêpangakên Puspagati kaprênah wayahipun ingkang wuta-sastra, nanging kathah kasagêdanipun: bêksa, karawitan, ukir-ukiran, anam-anam lss. botên wontên padamêlan ingkang botên sagêd, mila pangawulanipun ing Pranaraga sakalangkung kinasihan dening Kangjêng Bupati. Ing sarambi mêsjid Kidang Wiracapa anggêlarakên pokokipun ngèlmu kakekat dumunung ing panrima kanthi katrangan miradipun, sarta conto-contoning agêsang têbih saking panarima lan suka nampi pawèwèh. Lajêng sami mandhap dhatêng pandhapi, tamu pêpak andhèr. Sêgahan mêdal ambanyu mili kalêbêt arak waragang. Siyangipun kawontênakên lêlangên abên sawung, abên gêmak. Sadaya mawi toh-tohan sakêlangkung ing ramenipun. Para botoh ngatingalakên kawêgiganipun murih sawungipun mênang. Totohan têtêmpilan andadosakên rame, wontên ingkang pasulayan. Kasaru dhatêngipun tiyang/mbarang Panglir, wontên tiyang sawidak lajêng katanggap sarta kadhawuhan wiwit, têtandhingan tiyang mawi sanjata. Kasêling dhahar kêmbul, Kidang Wiracapa rêraosan kalihan Kulawirya bab purwaning agêsang kadidene tiyang salat maos takdir murih wilujêng dumugi ing akhiripun. Sontên sami bibaran, sami marêm manahipun ingkang gadhah damêl.


Kaca 129 – 139

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 129

618 Dhandhanggula

109.
Tan ana kang mênêng salah siji |
sabab kapintêran botohira |
botohe babotoh jênggès |
mundhuk nglêburi sawung |
tan ana kalah salah sawiji |
botoh padha jênggèsnya |
wus komuk pinunjul |
mara ta ing kowe padha |
atandhinga babusukan bae bêcik |
anulya tatandhingan ||

110.
Samya tandhing gya ingabèn aglis |
sakêmbaran aloke wurahan |
ramya kang toh sor unggule |
molak-maliking unggul |
Alim Dêrma lan Amad Supi |
nadhahi toh anyarah |
ing sor unggul purun |
nanging wong sapakalangan |
nora ana praduli nauri siji |
tinambuhan ing kathah ||

111.
Ana bocah sawiji kumaki |
ran si Blungkang andrêgil totohan |
ngêncring picis nèng kanthonge |
toh asor ngalor ngidul |
amrih ora kalah ing dhuwit |
singa jago kang mênang |
salah siji ngukup |
acalak ngabyak totohan |
nora kêna wong nantang toh dèn-sauri |
kang gêlêm kang tan arsa ||

112.
Dudu polahe kang bocah cilik |
kumarêcêg aba nora sora |
dak-apite dak-apite |
lah lima loro unggul |
dak têlune si Wiringkuning |
asor rong cèt di-patta |
ya kapatte unggul |
apan sinauran dhawak |
kasamuring kathah kang pating jalêrit |
tantangan tanpa rungyan ||

113.
Jagone Dyan Bèi Wangsapati |
si Racun lan jagone Rahadyan |
Wijangkangka pan si Sampe |
samya ingadu jalu |
sabêtane padha patitis |
si Sampe kèh polahnya |
mrapal bayar mundur |
nusup grit gumaywang ngampar |
Racun nganyêr marang cucuk ngêlap mipil |
bangêt nyundha gitiknya ||

114.
Yèn kacandhak si Sampe tan eling |
Racun kangèlan pan dinêrêsan |
tan kêna tutut suwene |
karone wus kèh tatu |
suwe-suwe si Sampe nikih |
Racun kêna ginampar |
bêt matane rênyuh |
si Racun lumayu kalah |
sru sinurak gumrah lir bêdhah dèsèki |
babotohè ambapang ||

Jilid 10 - Kaca : 130

115.
Sabab jagone krêp asornèki |
nora nyana yèn tumuli mênang |
gêdhigrahan kèh polahe |
suka sakèh kang mèlu |
surak banting ikêt angibing |
sumbar wênèh angucap |
mèh bae abrundhul |
kalahe nora dadiyan |
lèhku tohan malah bakal tombok jarit |
mèh bae mulih wuda ||

116.
Dak-pêng têmên nora molak-malik |
tomboka bojo kae kapakna |
jangji yèn tarung si Sampe |
kang balik unggul gêtun |
mojar jêbul kalah ngong iki |
aku mau geneya |
(n)dadak malik unggul |
yèn aja-a balik mênang |
Radèn Puspagati ngukup angêsoki |
bolak-balikanira ||

117.
Dèn-bêgajog mring bocah tinagih |
pundi bayarane pikawon-(n)dika |
wau angêpat limang cèt |
Puspagati nêntak sru |
hus dhèk kapan tan ngrasa mami |
nora pêrduli sira |
bocah edan taun |
amêksa panggujêgira |
nanging kait padha bocah anêksèni |
nganggo mêncir wong tuwa ||

118.
Ramya padu Radèn Puspagati |
bêngak binêngok padu lan bocah |
ngudêr nagih pundi Radèn |
kawon-dika dhèk wau |
pringas-pringis sarwi anangis |
bocah kalima tuwa |
barêng ngling gumuruh |
(ng)gih dèn wau (n)dika ngêpat |
kula ninga (n)dika ngêpat lan cah niki |
limang cèt (n)dika ngêpat ||

119.
Mêksa tan ngaku Dyan Puspagati |
gumêdêr padu anèng kalangan |
Ke Kidang Wiracapane |
ngandika sru gumuyu |
iku sapa bocah kang bêngkrik |
padu lawan wong tuwa |
ana kang umatur |
inggih lare pun Balungkang |
kang apabên anggujêg pamênangnèki |
gangsal cèt dipun êpat ||

120.
Dèn Puspagati datan ngakêni |
mila gumêdêr dèrèng wêkasan |
ngling bênêrana ing akèh |
pra ngabèi umatur |
lêrêsipun Dèn Puspagati |
kang kawon pabênira |
mring rare kang mrusul |
akanthi saking andiyat |
angling malih lah putu toh nèh kalahi |
ywa pabèn lawan bocah ||

121.
Matur inggih mandhêkêl kang ati |
nuli dèn-soki sapuluh uwang |
sarwi ngoso pambayare |
lah nya wis kiye asu |
bocah edan gêlabro nagih |
yèn ta nèng Pranaraga |
tak-pêrung kupingmu |
gêr ginuyu ing akathah |
kongsi kamisosolên Dyan Puspagati |
Ki Wirya latah-latah ||

Jilid 10 - Kaca : 131

122.
Mulat Puspagati dènnya bêngkrik |
kaduwêlan padu lawan bocah |
têmahe kinalahake |
Jayèngrêsmi gumuyu |
langkung ngungun ewa ing galih |
myat tingkahing maksiyat |
wirang jroning kalbu |
marang Hyang Kang Maha Mulya |
datan urup tan arus lir Puspagati |
cipta siniksèng donya ||

123.
Nora pati nom-tuwaning wanci |
wus cirine caraning ngarucah |
cacak tuwa kadi rare |
repot uripe korup |
karêp marang budi sarani |
mangkana osiking tyas |
sira sru têpakur |
tuwakup nalangsanira |
kawawang carêmin ing Ki Puspagati |
tuladha jalma tidha ||

124.
Kae Kidang Wiracapa angling |
têndhinga bancang têlung kêmbaran |
dimène glis tarung kabèh |
binandhung lawan puyuh |
têka têlung tulang ya bêcik |
mundhak ramyèng kalangan |
nutug sukanipun |
pundi rêmêne kinarsan |
sawung puyuh niki nèh Balut tandhingi |
yèn Lamak tandhingira ||

125.
Kêkêdhikan kewala tohnèki |
kang liningan gêpah tatandhingan |
sawung myang tandhing puyuhe |
Dyan Wiryabrata mundhut |
puyuhira aran si Sawit |
matur punika Lamak |
kalawan pun Balut |
ngling puyuh-kula anyêngka |
botên Lamak pan inggih agêng pun Sawit |
matur Lamak sangêtnya ||

126.
Inggih agêng nanging kaot inggil |
anggêr Lamak sangêtnya kewala |
dhengah ron gêlas inggile |
wus Lamak tandhingipun |
lah (ng)gih dawêg kêdhikan sami |
sapa nêmpil maring wang |
pra ari biyantu |
Wirancana sakadangnya |
Dyan Bèi Wijangkangka myang Wangsapati |
tumut Balut tohira ||

127.
Mangunjana Wiryawijayèki |
Mangunpura tumut Sawit tohnya |
dadya limang lêksa kabèh |
miwah papanthanipun |
puyuh sawung wus samya tandhing |
Ke Kidang Wiracapa |
angêculkên puyuh |
sigra tarung anèng tulang |
rame gulêt si Balut lawan si Sawit |
luwês kadya kitiran ||

Jilid 10 - Kaca : 132

128.
Jajah anunjêl notog si Sawit |
Balut mundur malanthong andhèyang |
sinaut Balut andhêngklèk |
tan pati olèh gulung |
yèn ginulungakên nglangkahi |
samya bangêt singsêt |
cacakotanipun |
Balut kinukuhan wangnya |
Sawit sinupit kinukuh anèng nginggil |
dangu tan wiwal-wiwal ||

129.
Tanpa rungyan gumuruh tulyasri |
loking janma dangu babandhungan |
lok gêmak lan lok jagone |
kalah sinurak umyung |
kanan kering wus salin tandhing |
Sawit Balut sih ramya |
sami atulipun |
tan ana asor unggulnya |
maksih bae-bae tohe kang ngajoni |
gênti ngêpat tinantang ||

130.
Yata wong (m)barang pangleran prapti |
Mangunjana umatur ing raka |
yèn wontên wong (m)barang teter |
Ke Kidang nambung wuwus |
wong pira kang ambarang panglir |
matur tiyang sawidak |
dados nigangpuluh |
lah (ng)gih anak Mangunjana |
binacutkên kewala kèn nuli wiwit |
kang ujung papanglèran ||

131.
Wirancana ngling lah wus dèn-aglis |
kêkêndhênga ing nglatar kang jêmbar |
Mas Mangunjana nulya ge |
nuduh kèn-ngênthêng sampun |
pinarantos samêktanèki |
nulya kinèn alêkas |
kang samya laujung |
bêksa penjalin kinênthang |
rong gêlanthe tatandhingan loro sisih |
asiring wêdhung pêdhang ||

132.
Samya ngrênggêp panjalin tinimbis |
kiwa kinèdhè panangkisannya |
sigra talu gamêlane |
kêndhang ro kênong kêmpul |
angklung gêntha sampyong gêng alit |
anulya wit malandang |
kang asiring wêdhung |
bêksa ngagar sisiringan |
ngèndha-èndha kadi kêndhêla cacawik |
maju mundur egêgan ||

133.
Lêt sadhêpa wêdhung nèng panjalin |
dadya patang wêdhung sakêcangnya |
wang-wêng mèh thithik kupinge |
kenging landhêping wêdhung |
parandene tan mutawatir |
nulya gamêlan santak |
surake gumuruh |
lor kidul agantya-gantya |
samya alok ce-ce-bu-ce sadayèki |
asiring sasabêtan ||

134.
Rikat malumpat kalih (ng)gyanneki |
ngetan ngulon liron siringira |
sabêt-asabêt arame |
tan ngênani ing pupuh |
samya katadhahan ing tangkis |
kêndhange dhungdhah-dhungdhah |
klungcir mong-jur mong-jur |
surake asasauran |
barung lan suraking wong adu gora-tri |
wurahan sumyak-sumyak ||

Jilid 10 - Kaca : 133

135.
Ingkang kêna kasabêting pêndir |
pêcah matane rênyêk irungnya |
kadhang kang dawir kupinge |
yèn umênang amupuh |
sor kacurnan salah sawiji |
ingundur sinalinan |
rambahe kang maju |
tan prabeda lan waunya |
tandhingira lor kidul limalas rakit |
lamun tan ana curna ||

136.
Patang ajon sabêtan tan kêni |
nulya gantya sinalinan rambah |
dadya limalas rambahe |
ana kang kongsi tatu |
kang salamêt rambahing panglir |
duk enjang praptèng siyang |
wus warata kukut |
Mas Mangunjana ambayar |
ingkang kalih suwang patukoning jampi |
kang mênang limang kênthang ||

137.
Wus samya mulih barêng pra panglir |
kang ngadu-adu jago lan gêmak |
kalangkung rame aloke |
bandhung-pat sawung puyuh |
kalah mênang salin-sumalin |
surake kang amênang |
gêr-gêran gumuruh |
ana jago rèmèh mênang |
patohane wus dèn-sadhuwit-satali |
arang wani asorra ||

138.
Kang unggul mlayu kalih anggitik |
botohe umbak bapang susumbar |
mangsa nangga-a si Gênje |
mara baliya munyuk |
(m)banting ikêt ngibing malêdhing |
kang mênang kèh polahnya |
ngece-ece cucut |
bocah si Balungkang mênang |
asor sakcèt pan sadhuwit di sêtali |
anjogèd cacêngkrongan ||

139.
Moyok ngisin-isin ngiwi-iwi |
mring jago kang kalah jêrku apa |
jago jaga binasêngèk |
ranne bae si Ruyung |
jêbul bingung mlayu mak clili |
mudani wong totohan |
brundhul kalah unggul |
baliya Ruyung dak-pindhang |
jêr ulatmu padhang jingglang ora isi |
mulane tinggal glanggang ||

140.
Ambalêjês nglêburakên picis |
samya ginuyu rowange mênang |
kang kalah sangêt isinne |
nêpsu asru amuwus |
nake sapa bocah kumaki |
samangsa dak-bêntura |
malopor polomu |
mênang nora tulus mênang |
calangkrakan nèng kalangan manas-ati |
bocah edan kêparat ||

Jilid 10 - Kaca : 134

141.
Kang samya kalah mèlu ngaruhi |
si Blungkang iku lunga ing kana |
aja anèng kalangane |
mêngko blai sirèku |
dèn-taboki wong akèh sami |
hèh taboki sapa-a |
wong wus lumrahipun |
sanajan (n)dika yèn mênang |
(ng)gih makatên brayang ngur kula sathithik |
wong padha nèng kalangan ||

142.
Nulya ngalih marang kulonèki |
cêdhak (ng)gonne Puspagati mojar |
bocah sing sok gabru kae |
lo sanak sadayèku |
ngong tan tohan kalih cah niki |
aja sandhing lan ingwang |
bilai sirèku |
lunga sarwi garundêlan |
wong padha nèng kalangan sasênêngnèki |
(n)dadak anyingkang-nyingkang ||

143.
Gya ngalih (ng)gon lagya mujurnèki |
sasuwene nora kalah-kalah |
kanthongan kêbak dhuwite |
mênang rong reyal langkung |
pawitane mung pitung dhuwit |
ingandêl totohan |
babotoh kumrubut |
satantange linadènan |
ingkang tarung si Badhut lawan si Gêndir |
Gêndir asor kewala ||

144.
Tan bisa malês sadangunèki |
kongsi têlung banyon gitikannya |
si Blungkang toh unggul bae |
mitu molu nyapuluh |
akèh wani samya ngêsori |
si Gêndir dangunira |
sor tansah sinambut |
botohe kêsêl anyandhak |
andadamu lah wis (m)bok malêsa Gêndir |
awakmu kongsi lara ||

145.
Gya si Gêndir mipil gombèl iring |
nangga adu arêp bêt (n)jêrbabah |
si Badhut putung gulune |
tangi gloyoran mlayu |
tinututan pinêrêp aglis |
jinujur gigirira |
mak-brug sru kumauk |
si Badhut kang unggul kalah |
jago asor nora kongsi molak-malik |
amalês laju mênang ||

146.
Kèh polahe si Blungkang amringis |
kêna sêbat jago nora pakra |
diwalêsa pisan mak-brèl |
sarya sok kalahipun |
tokoh loro anggabro nagih |
êndi kalahmu Blungkang |
ko(k) mau nyapuluh |
wong ro anggujêg barêngan |
aku suwang iki suwang ta êndi glis |
kalahmu rongpuluh wang ||

Jilid 10 - Kaca : 135

147.
Si Blungkang sru sumaur ambêkis |
dhèk napa kula tohan lan (n)dika |
wong kèh mojar nutuh kabèh |
dhasar bocah kêpaung |
mau gabrah saiki mukir |
kinalahakên kathah |
si Blungkang macucu |
asok sarwi parêmbeyan |
wong tan tohan andadak dèn-dakwa wani |
aja salamêt mana ||

148.
Wus dèn-soki nulya kang sayêkti |
mênang samya nagih mring si Blungkang |
dèn-sokkên têlas picise |
apan maksih wong têlu |
dèn-sapuluh dèrèng dèn-soki |
ginujêg bayarira |
tan bisa sumaur |
rêmbuge wong sakalangan |
ginêbugan bae si Blungkang anangis |
dene arsa pinala ||

149.
Nuju ana kang wêlas nêbusi |
Mas Dêmang Ranubaya ing Ngrawa |
kang ngêsoki sakalahe |
anyapuluh wong têlu |
nêlungpuluh dènnya ngêsori |
dadya sangangpuluh wang |
dènnya kalah unggul |
sawusira binayaran |
binêdêran wong akèh Blungkang ingambil |
mujang mring Dêmang Prawa ||

150.
Wus têngange surya wancinèki |
Ke Kidang Wiracapa andika |
mundhut saosan dhahare |
Mas Mangunjana gupuh |
nuduh mring kasinomanèki |
tan dangu wus samêkta |
tinata nèng ngayun |
ngancaran kèndêl sadaya |
pra ngabèi samya nadhah nèng pandhapi |
tansah midêr larihnya ||

151.
Puyuh kang tarung Balut lan Sawit |
maksih gulêt tan ana kasoran |
toh anggung bae suwene |
sadaya eram dulu |
ing bobote Balut lan Sawit |
barêngane akathah |
tandhing roro têlu |
Balut Sawit maksih ramya |
dènnya tarung dadya lêlawuhing bukti |
mulat gêmak tarungan ||

152.
Kae Kidang Wiracapa angling |
sasambèn nadhah dhi Kulawirya |
ing agêsang tartamtune |
sesa purwakanipun |
lamun pênêt wiwitanèki |
rahayu wêkasannya |
pênêt kang tinêmu |
pramilane wong asalat |
kêdah ingati-ati ing dalêm takbir |
betul ihkram pan ika ||

Jilid 10 - Kaca : 136

153.
Pinrih pana cêngênge ing takbir |
tibadil mirat munajad ekram |
kang parêng mukaranahe |
praptèng pandulu luhung |
pangikising nugrahèng Widdhi |
rahmat tanpa same-ka |
makatèn kang uwus |
yèn awon wiwitanira |
wêkasannya yêkti awon kang pinanggih |
sangsara sinikara ||

154.
Sabab nimpang saking Dating Widdhi |
titah satata lan satokewan |
janma kang tan pênêt wite |
papa pawingkingipun |
apan tikêl sadasa kingkin |
kadi ta si Balungkang |
bisa anggêgatru |
winalês ginabruhing lyan |
mênang satus kênthang nuli sinambulih |
sangangatus pinêksa ||

155.
Wit mula amblilu kaki-kaki |
mênang satak tombok awak mujang |
lire puniku warnane |
karya won purwanipun |
kang liningan samya nor-ragi |
kadi ta wong totohan |
kakandhanganipun |
lacut-lacute maksiyat |
pangambile melik sarupa lan maling |
anjujugil culika ||

156.
Barang tinon angêmpakkên silib |
wisa-wisaya akal pitênah |
tan ngêmpakkên sablakane |
tan ana kang kinalbu |
pêcat budinya kang utami |
tan duwe pangulatan |
rahayuning tuwuh |
budine mung rong prakara |
lamun mênang bungah tuman tohan malih |
mung katon nèng kalangan ||

157.
Lamun kalah tyase nginggit-inggit |
kudu buburu duwèk kang kalah |
tan mêndha bobotohane |
rinewang colong jupuk |
lamun gontor ati amêsthi |
cukule tyas culika |
cilaka tinêmu |
tumungkul kang ingujaran |
dadya ondhe-ondhene tyas lir tinangi |
antara dangunira ||

158.
Aluwaran dènnira abukti |
cinarikan sampun sadayanya |
sinungkên pawong bature |
waradin tan na kantun |
gya dhaharan lumadyèng ngarsi |
samya cinaran ngalap |
kang liningan gupuh |
anyamik sasênêngira |
sarwi mulat tarunge Balut lan Sawit |
kalangkung atulira ||

159.
Samya (n)jêtung ngungun pra ngabèi |
myat si Balut Sawit tarungira |
tan kalah salah sijine |
dadya samya angrubung |
tinggal jago kang dèn-êtohi |
sami ngampir totohan |
asor miwah unggul |
si Sawit asor apitan |
munggah bae unggul pati tibanèki |
angêt plikêt sautnya ||

Jilid 10 - Kaca : 137

160.
Yèn majahan si Sawit dèn-apit |
kari dhuwur si Balut andhèyang |
malanthong nyètèsi bae |
dangu-dangunya tarung |
kamlikikên pangrangsangnèki |
si Sawit saya sayah |
lumayu ambulus |
nora tahan pinètèsan |
Sawit (n)dhêkêm cucuk tumancêp ing siti |
sinupak kalihira ||

161.
Gya ingundur si Sawit tumuli |
bêthêm abuh sangêt bocokira |
kang myat wêlas sadayane |
Dyan Wiryabrata gupuh |
ambayari pikawonnèki |
limang-lêksa sadaya |
pan pangajêngipun |
kajawi jon-ajonnira |
apan kathah kawonne Radèn Ngabèi |
miwah kang samya kalah ||

162.
Pan dinum katêmpilannèki |
Ke Kidang Wiracapa ngandika |
puyuhe saking pundi Dèn |
kalangkung atulipun |
dèn-pilalah (n)dhêkêm (m)bêg pati |
nyata gêmak santosa |
nora gêlêm mêpluk |
Dyan Ngabèi Wiryabrata |
matur inggih puyuh (ng)gèn kula mêmêyi |
piyambak sing pulutan ||

163.
Kang rame ngling pun Balut puniki |
waune unthul wus wande gêmak |
nanging apênêt tanahe |
ayu sarwi pinangguh |
cacangkoke puyuh arêgi |
kula ngandêl pêthèk-pêthèknya |
milane ngong-ingu |
mangke kapênêt têmênan |
matur dhasaripun pun Balut prayogi |
yèn tumrap kula ngrika ||

164.
Ajêng ngurupi mèsa kabiri |
gangsal rakit rêgi ngênêm reyal |
Ke Kidang gumuyu linge |
yèn Dèn Bèi rêmên yun |
mring pun Balut kula-aturi |
mundhut andika bêkta |
sasêngkêranipun |
kula jumurung sumangga |
Dyan Ngabèi andhêku nuwun turnèki |
kalangkung sukèng driya ||

165.
Ciptanira tan sok-sokan picis |
saking dene lêga bungahira |
si Balut panaringake |
ing wanci wusing bêdhug |
Kae Kidang Wiracapèki |
ingkang sami sadaya |
kasukan anutug |
kula so ing palinggihan |
saur-manuk sadaya umatur inggih |
sumangga ing sakarsa ||

Jilid 10 - Kaca : 138

166.
Nulya linggar ing langgarirèki |
Jayèngrêsmi miwah Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryane |
samya awêktu Luhur |
sabakdanya Ki Jayèngragi |
ngaturan marang wisma |
dening garwanipun |
kang mêjên sadina-dina |
nora kêna longkang sadina panas-tis |
ngising tai mangkêlang ||

167.
Yèn kondur sing jawi mring jinêm-rik |
Ni Widuri tan kêna bêngganga |
athêmêl lir gula lèdèng |
tarlèn ingkang kaetung |
mung guthule Ki Jayèngragi |
Jèngraga kongsi (ng)gêrsah |
katêmbèn kinayun |
winasèng dyah ing asmara |
Jayèngraga tangèh misasèng ngrèh èstri |
jêlanah nampik ngêpah ||

168.
Datan ana kang nisani kapti |
sabên rakêt tyasira gung ewa |
nging Widuri nyrutu bae |
lir among rare dhawuh |
age-age panyandhaknèki |
tan wruh rênguning driya |
Jèngraga tyasipun |
gèsèh lan warastranira |
ati kêthul guthul tan kêna kajawil |
têngèn tan ngon iriban ||

169.
Rinasèng tyas gumuywa ngling kapti |
guthul bandhil tan anuting manah |
anganggo karêpe dhewe |
yèn ati kêndho wêlu |
jamak wêlu mèlu lir ati |
si kènèk iki nora |
sok calak cumungul |
andhangah tanpa parentah |
ngotot bêrot drêng kumudu dèn turuti |
ya mara karêpira ||

170.
Nulya samya karon pulang-rêsmi |
nging tyasira satêngu tan rêna |
mung nuruti guthul bae |
rambah-arambah tinut |
tan cinatur ingkang sarêsmi |
ingkang sami kasukan |
ngabên puyuh sawung |
lingsir kulon abubaran |
samya rèrèh ngaso mring panggenannèki |
sayah mêndêm kasukan ||

171.
Bakda Asar andhap wancinèki |
Mas Dêmang Wirancana alênggah |
nèng pandhapa lir sabênne |
pra paman ri nèng ngayun |
angandika Wirancana ris |
lah sira Wirancaka |
kongkonanirèku |
ngundang ronggèng pa wus têka |
matur sampun nèng wismane Nayakênthi |
pun Madu lan pun Gêndra ||

Jilid 10 - Kaca : 139

172.
Dadi têlu ta lèdhèkirèki |
matur inggih tiga saking kitha |
pun Tèki talèdhèk adèn |
duka-dalêm puniku |
mangke lamun têmpuking ratri |
bandhung lan Madu Gêndra |
dèn-adèning gunung |
sami gagambèn katrinya |
Wirabraja samambung nauri aris |
nakmas Mancanapura ||

173.
Ragi bêgja jroning karya iki |
barang pinilala pan prayoga |
satunggil tan duwe kosèk |
pênêt sadayanipun |
Mancanapura anauri |
inggih lêrês sampeyan |
dumadak sarwantuk |
Mas Wirancana lingira |
dhayoh iki sesuk dènnira yun mulih |
mulane dèn-samêkta ||

174.
Sakèh ladèn aywa nguciwani |
kang para ri umatur sandika |
kados tan anglingsêmake |
angrukti sadaya wus |
kono priye Mangunjanèki |
sira kang juru mriksa |
matur inggih sampun |
tan wontên ingkang kuciwa |
sadèrènge kinèn wus kula-ruktèni |
tan cinatur dangunya ||

175.
Bakda Ngisa wayahe kang wêngi |
Jayèngraga ngaturan busana |
kang samakta prayogine |
apan busana luhung |
Ni Widuri anglaladèni |
anyamping kawung branta |
-yuda agêng nêngguh |
paningsêt cindhe jo bara |
corak jlamprang linud ing parada adi |
èpèk rukmi wiwiran ||

176.
Sinungan pèdhi intên mirah brit |
kuluk kanigara wawêngkonan |
sumping ron pinrada adèn |
cundhuk mêntul intên byur |
pinalangkan suri rinukmi |
kalpika galigèn mas |
kalinglingan tajug |
gêgombyok dhuwung oncènan |
akakacu kumbaya kusta lus abrit |
wus dènnira busana ||

177.
Ni Widuri tumingaling laki |
mandêng tumênggong kamêdhèp têsmak |
lir durung tumon sajêge |
andulu wong abagus |
ingèsêman anubruk wêntis |
sarwi nêmbung asmara |
sakêdhap tan dangu |
mendah saraosing driya |
tamban-tamban kewala lir winginèki |
kadar pintên sadhela ||

178.
Jayèngraga samun rêngunèki |
mêngko bae yèn wis saking (n)jaba |
sun-tutugi ing karêsmèn |
lah wus payo amêtu |
ngong-nêmoni dhayoh priyayi |
èsmu rêndhêt ni rara |
wus kèring nèng ayun |
lunggwèng jrambah ngarsèng tilam |
kanan ingkang ibu Nikèn Widaryati |
lan ibu maratuwa ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15a) Kaca 114 - 128
  • (16) Kaca 140 - 153 >