Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (18) Kaca 166 - 174

 

( Ngayati lampah badhe mantuk dhatêng Wanamarta )

VI. Jayèngrêsmi, Jayèngraga lan Kulawirya ngayati lampah badhe mantuk dhatêng Wanamarta. Asradênta anêdahakên margi. Ing Lêmbuasta Rara Widuri kalajêng dados lan ewahipun, anjalari èmênging para sêpuh. Rêtna Ginubah dhatêng paring sarana lan usada saengga Rara Widuri waras. Prawirancana sakadang kadeyanipun lajêng sami boyong wangsul dhatêng Trênggalèkwulan.

1. Sabidhalipun Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya, ing Lêmbuasta Rara Widuri saya angranuhi. Solah tingkahipun botên siwah kalihan tiyang ewah. Para sêpuh sakalangkung prihatos, sarat sarana saking dhukun-dhukun tansah cabar. Dumadakan Rêtna Ginubah dhatêng, lajêng asung sarana lan usada, warni-warni jêjantoning usaha. Rara Widuri katêgakakên ginarujug toya kaping-kaping. Sasampunipun makatên dipun takèni dening Rêtna Ginubah, wangsulanipun Rara Widuri, raosing manah, botên karaos satata palakrama kanthi mirunggan. Raosipun namung kados supêna. Sanalika waras Rara Widuri. Demang Prawirancana saanak semah lan kadang kadeyanipun lajêng sami boyong mantuk dhatêng Trênggalèkwulan.


Kaca 166 – 174

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

618 Dhandhanggula

5.
Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèki |
Nuripin Sradênta |
pacalang panuduh margi |
dulur margèng pagalêngan ||

6.
Mandhadhar byar pracima ing mamadhangi |
lir rarasing wastra |
lulungsiran sri sumampir |
seta rêta dadu pita ||

Jilid 10 - Kaca : 166

7.
Apupulas tuturutan kang makingkin |
kaujulaning kang |
Hyang Kalandararsa mijil |
antara angawistara ||

8.
Bang sumunar majênar ngêningkên ratri |
ngênani kanangrat |
mahyas sing sèsining bumi |
citraning patra katrapan ||

9.
Rarambatan rumbut rurumput mahèr tis |
tilas katêlêsan |
liruntuning grana rungih |
dyah katrêsan nêng-asmara ||

10.
Ngidul wetan lampahe ngawirya katri |
gya anjog ing marga |
gêng taruntunan desaki |
kadhang bulak pasabinan ||

11.
Yata ingkang kèri Ni Rara Widuri |
mangaranging priya |
kamisasat sangêt agring |
dadya gring edan kedanan ||

12.
Andalêming gumuyu tumulya nangis |
kakangmas wawi ta |
mêngke ta uculna mami |
êndi lèhku kêlan mangan ||

13.
Ladèkêna angur matiya wak-mami |
wirang jruk Pacitan |
kang dangu sampun glis-aglis |
barênga lan si Dilabrak ||

14.
Botên sagêd kula pisah sawatawis |
pêcah dhasmu pisan |
bojo-bojoku pribadi |
punika burat lan sêkar ||

15.
Manggis duryan (m)bok mangke manggihi tami |
(ng)gih ayêm manjangan |
gêmanda-rasa kêpruki |
wong tri matur ngajak rangkat ||

16.
Ni Widuri nyat-nyatan arsa lumaris |
yèn ngadêg Ni Rara |
angkag-angkug bokongnèki |
ginrêdêg parèstri kathah ||

17.
Ta hês ta hês kang kêrêp aywa glis mijil |
sarêngan kewala |
lan kula wêdaling mani |
(m)bok sing dangu punapa-a ||

18.
Dene beda sêngkute kalih dhèk wingi |
kalangkung akêlang |
guthule kêncêng amêsi |
ambakna bandha mamala ||

19.
Dhuh dhokole cêlèk gobèr blotong sathim |
satutup nêt mangang |
rasane andubilahi |
yang iyang dene sakeca ||

20.
Sarta pakèkèyan Ni Rara Widuri |
anglulukar sinjang |
kudu wuda nora tapih |
rinêjêng sanake kathah ||

21.
Pan mangkana dènnya ngame andalêming |
wus gumyah ing kathah |
ewahe Rara Widuri |
rama ibune sungkawa ||

Jilid 10 - Kaca : 167

22.
Tumingal ing suta Ni Rara Widuri |
dhêngglêng mring Jèngraga |
wus kaocap sakathahing |
wong jalu èstri mangkana ||

23.
Ingkang rama Mas Dêmang Wirancanèki |
tan bisa umulat |
ring suta Rara Widuri |
ingkang linglung kalanglangan ||

24.
Dhinukunkên ganti-ganti nora mari |
sira Kemas Dêmang |
Wirancana langkung runtik |
nèng pandhapa sakadangnya ||

25.
Gangsul sêndhu matur ring paman (n)Jèng Kyai |
Kidang Wiracapa |
dospundi paman Kiyai |
prakawis wayah-andika ||

26.
Sakalangkung sangêt kawirangan mami |
Kae Jayèngraga |
adamêl tiwasing urip |
tate lagyannya majana ||

27.
Tan katon wong Wirancana katon pitik |
wau duk miyarsa |
Ke Kidang Wiracapèki |
kalangkung pangungunnira ||

28.
Lon lingira kula tan sagêd nauri |
kewala sumangga |
gadarenane pamikir |
sabab bêgjane priyangga ||

29.
Inggih dipun usadakna ingkang bêcik |
rèhning anak-anak |
anandhang sakit kadyèki |
wong tuwa abudidaya ||

30.
Kras umatur yèn makatên Man Ngabèi |
lilah jêngandiaka |
kula pikire pribadi |
sigra mojar mring renira ||

31.
Hèh lah sira Mancanapura dèn-aglis |
lan Singabancana |
Wisancaka Wiryanjani |
kalawan Si Mangunjana ||

32.
Lah susulên dhadhayoh kang minggat mulih |
Jèngrêsmi Jèngraga |
kabèh padha konên bali |
yèn tan gêlêm uwisana ||

33.
Lamun gêlêm iya sun-kon anambani |
marang putraningwang |
ngong-têmpuhkên mring Jèngragi |
amulya datan mulya-a ||

34.
Lamun durung mulya tan ngong wèhi mulih |
yèn tumêkèng pêjah |
Jèngraga ingsun-patèni |
kabèh wong samana ika ||

35.
Dene lamun murina paman sru runtik |
wus manira tekad |
paman congkrah lawan mami |
kudu dahuru lan sanak ||

Jilid 10 - Kaca : 168

36.
Kae Kidang Wiracapa tan kêna ngling |
sadhakêp kewala |
pra kadang ing Galèk-sasi |
sigra samya tur sandika ||

37.
Sarêng mundur dandan prajurittan sami |
matah pawong rencang |
kang tate nguwisi kardi |
olèh wong anglima endhang ||

38.
Wusnya samya dènnira ngrakit prajurit |
mara marang ngarsa |
anêrang têranging tuding |
punapa sampun rampunga ||

39.
Timbalanta kinèn nyêgat kang lumaris |
kang raka sru mojar |
lah iya uwis dèn-aglis |
tan dangu imbal-wacana ||

40.
Pan kasaru wau ingkang nêdya prapti |
Ni Rêtna Ginudah |
samakta nitih turanggi |
lan srênggalanya wayungyang ||

41.
Manggung kuda prapta tritising pandhapi |
para paman sigra |
Wirabajra nyandhak wajik |
Ni Rêtna mudhun sing kuda ||

42.
Alon andikanira Rara Rinujit |
yèki paran baya |
dulune padha aruntik |
kang rama aris ngandika ||

43.
Ing purwane madya wasananirèki |
hèh Wirancana |
wontên punapi puniki |
dene ta kadawa-dawa ||

44.
Kakang Wirancana sira sun-tuturi |
ya wêruhanira |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri paman Kulawirya ||

45.
Nora kêna ko(k) krokos ambêbayani |
dupèh sira rosa |
sugih kadang andêl jurit |
ko(k) kira tan gandra pira ||

46.
Nadyan budiya kae wong têlung glintir |
iku yêkti datan |
kêna sira mêjanani |
wong winongwong ing Hyang Sukma ||

47.
Lagi jitus bae kinarubut jurit |
mangsa kasorana |
maksih mênang kang sawiji |
tan watak giris ing baya ||

620 Girisa

1.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri lawan Kulawirya |
kapat lawan santrinira |
duk maksih ana ing paran |
kawêngèn nginêp ing desa |
Têgarèn omah durjana |
watara wong karo-bêlah |
anukup sêdya miala ||

Jilid 10 - Kaca : 169

2.
Wong karo-bêlah tan panggah |
dèn-ijèn mring Kulawirya |
daya yèn karo gêgaman |
linawan kalawan tangan |
suprandene nora nangga |
wong karo-bêlah pan kalah |
lumayu asalang-tunjang |
siji tan ana anglawan ||

3.
Turne padha wong dhug-dhèngan |
wudhu jadhug wanèng baya |
sakèhing jênggêr durjana |
kang dêmang sakadangira |
mangsa ta amadhanana |
wong dur Têgarèn digdaya |
prakosa benggol kabèhnya |
prandene mawur sarsaran ||

4.
Ingsun pemut marang sira |
pituhunên jar-manira |
nora wurung pindho papa |
wirang wuwuh katiwasan |
nuruti budi ruhara |
yèn sira nora pitaya |
mara coba ayonana |
mupung durung lêpas paran ||

5.
Maksih nèng wetaning Bendha |
têka nora mulih aran |
nora wurung sira lola |
yèn labuh sira palastra |
Kemas Dêmang Wirancana |
kalangkung pakèwuhira |
asêndhêt dènnira nabda |
priye yayi karsanira ||

6.
Rèhning ngong wrating susuta |
larane ngomyang mangarang |
tangane uga rayangan |
linglung marang ingkang lanang |
manira tan bisa nyawang |
Rêtna Ginubah lingira |
lah iya wus aja susah |
ing larane sutanira ||

7.
Ingsun kang angsung usada |
mulyane si Widuri ka |
aja sira walangdriya |
Wirancana saurira |
yèn mangkono karêpira |
kewala ngong nuting sira |
yayi apa sakarsanta |
mulyane pulunanira ||

8.
Ni Widuri kawlasarsa |
Wirancana sakadangnya |
wus lêjar tan ana susah |
anganta mring Jayèngraga |
myang Ke Kidang Wiracapa |
lêga tyasira tumingal |
marang kang arsa bramantya |
ing mangke wus tan dadya tyas ||

9.
Pinapas marang Ni Rêtna |
Ginubah kang kinajrihan |
Ni Rêtna aris ngandika |
lah payo kang Wirancana |
ngêndi (n)gonne anakira |
Ni Widuri ingkang lara |
mangarang marang kang lanang |
nulya samya malbèng wisma ||

10.
Nèng (ng)gonne Ni Widuri ka |
anèng pagêdhongan wetan |
kinêkêp mring ibunira |
jinagan pawong sanaknya |
parèstri rubung tan têbah |
angadhêp mring kang alara |
nulya Ni Rêtna Ginubah |
praptèng jroning pagêdhongan ||

Jilid 10 - Kaca : 170

11.
Ni Widuri ingusadan |
marang Ni Rêtna Ginubah |
alon dènnira ngandika |
lah mêngko (m)bakyu mireya |
sigra mire kang liningan |
kang (m)bakyu lan ibunira |
lukar bênggang pangêkêpnya |
sigra Ni Rêtna Ginubah ||

12.
Anyandhak marang Ni Rara |
ingudhar gêlunganira |
Widuri mèsêm saryojar |
adhuh kangmas Jayèngraga |
yèn mêdal dhatêng ing (n)jaba |
ywa dangu-dangu kewala |
nuli kundura ring wisma |
wêlasana dasihira ||

13.
Kawula tan sagêd pisah |
inggih kangmas inggih kangmas |
kang ibu êmbah duk myarsa |
Ni Rara pangomyangira |
kang ibu angling karuna |
adhuh anggèr sutaningwang |
katuwone sira rara |
têka mangkono laranta ||

14.
Rêtna Ginubah lingira |
wus-wus aywa na karuna |
ingsun kang angsung usada |
sira nudinga kon-ngalap |
sêmanggi gunung sayotnya |
kara lan kêmbang karandhang |
(m)bokmas Wirancana sigra |
anuding ngambil kang tamba ||

15.
Tan adangu nulya prapta |
sinungkên pan wus tinampan |
Mas Wirancana lingira |
ya mangsa bodhowa sira |
warase pulunanira |
nauri Rara Ginubah |
ya wus aja sira susah |
ing mulyane sutanira ||

16.
Ni Rêtna Ginubah sigra |
angambil jantuning tamba |
saking gagêlunganira |
ingkang sêkar gambir seta |
winênyêtan sêkar krandhang |
sêmanggi kinên nglawêta |
pinuh pan pinêt toyanya |
wus winor lan wawênyêtan ||

17.
Sêkar krandhang gambir-seta |
dèn têngakakên sirahnya |
sru pinuntir rambutira |
pucuking rambut kinarya |
lantaran anuruh pudya |
gya binènjèng netranira |
tinuruh ing pupuh tamba |
saking sapucuking rema ||

18.
Ing ngêlèk-lèk netranira |
kumêtèp pêdhês rasanya |
Ni Rara agêronjalan |
ngêrêng-ngêrêng ngêsah-êsah |
dangu-dangu gya Ni Rara |
Widuri anjrit karuna |
sigra Ni Rêtna Ginubah |
nuding kinèn mêndhêt toya ||

Jilid 10 - Kaca : 171

19.
Sak jun kinèn anggrujuga |
ingkang tinuduh agêpah |
(ng)grujug mukanya Ni Rara |
Widuri agulagêpan |
sarya sru dènnya karuna |
asasambat ibu rama |
pêgat-pêgat mêlararsa |
mulya nulya linuwaran ||

20.
Ni Rara Widuri mulya |
sabdaning Rêtna Ginubah |
arum wijiling wacana |
lah uwus kang Wirancana |
nakira pan wus waluya |
tan ana labêting lara |
ramèbu lêga tyasira |
kang putra mulya ngusadan ||

21.
Myang Ke Kidang Wiracapa |
Widaryati sukèng driya |
myat kang wayah wus waluya |
tan ana kang dadya manah |
Ni Rara malih ngandika |
lah ta wis Widuri sira |
apapasatana wastra |
Widuri matur anêmbah ||

22.
Lèngsèr saking ngarsanira |
rinangkul mring ibunira |
gya kang putra pinasatan |
wus angêjum remanira |
kang ibu marwatasuta |
ketang putranya waluya |
wus pinasat ingukêlan |
nulya umarêk ing ngarsa ||

23.
Ni Rara Ginubah Rêtna |
arum wijiling wacana |
Widuri ingsun tatanya |
priye rasane tyasira |
sajroning karya rinêngga |
ing satata palakrama |
kang putra alon turira |
tan wontên raosing driya ||

24.
Kados tinangi anendra |
dènnira apalakrama |
ing solah kadya supêna |
wus mangkana aturira |
Rêtna Ginubah lingira |
lah kakang Prawirancana |
ing mangkya wus linampahan |
ing mulyaning sutanira ||

25.
Ing mêngko priye ta sira |
aran wus lêbaring karya |
Kae Mas Prawirancana |
wacana mring arinira |
Ni Rara Rêtna Ginubah |
yèn parêng ramanta paman |
manira yun-kalènggaran |
mêmocung mring Galèkwulan ||

621 Pocung

1.
Lingira rum |
Ni Rara Rêtna rinêmpu |
lah ya sokur kakang |
tan ana kang dadi pikir |
pira bara ana sêmbulihe benjang ||

Jilid 10 - Kaca : 172

2.
Duwe mantu |
kang bagus priyayi lugu |
kang prawirèng praja |
manira numbang titilik |
aywa susah sun-rewang-rewangi sira ||

3.
Alon muwus |
Mas Dêmang Wirancanèku |
ya yayi Mas Rara |
abangêt tarima-mami |
sapa kang sun-arsa-arsa lyaning sira ||

4.
Sadaya wus |
kalangkung ing sukanipun |
tan ana woding tyas |
Ke Kidang Wiracapèki |
lon ling marang kang putra Mas Wirancana ||

5.
Lamun munggguh |
ing karsa prayoginipun |
luwaring sungkawa |
karya sasabing akingkin |
ing sadalu mangke pênêde kasukan ||

6.
Ana nayub |
lan sanak-sanak saumbul |
kang trêsna tumêka |
madhayoh sajroning kardi |
dèrèng kongsi tinayubakên kasukan ||

7.
Lawan sampun |
katingal ewahing wuyung |
cipta kawistara |
kucêma wangun priyayi |
pênêd kang suka-suka namur sungkawa ||

8.
Alon matur |
Mas Dêmang Wirancanèku |
pan inggih sumangga |
tar lênggana ing satuding |
yèn makatên luhung lajênga kewala ||

9.
Sami nayub |
sadintên lawan sadalu |
kang paman ris nabda |
inggih kalangkung prayogi |
nambung wuwus Ni Rara Rêtna Ginubah ||

10.
Lah ya sokur |
kakang kasukana nutug |
lan sanak pra mitra |
prapat bubundhêl desèki |
lah wus kakang yèn padha raharjèng nala ||

11.
Manira yun |
mulih mring asramaningsun |
Wirancana miwah |
ramèbu samya (n)jurungi |
Wirabajra gupuh naoskên turangga ||

12.
Sang Rêtna yu |
anitih turangganipun |
sigra lumaksana |
srênggala ngijig nèng ngarsi |
pan ingênêr ing wana kayanganira ||

13.
Ingkang kantun |
sami pagunêman rêmbug |
sira Kae Kidang |
Wiracapa Widaryati |
Wirancana sagarwa sakadangira ||

Jilid 10 - Kaca : 173

14.
Kang samya yun |
mangun kasukan anayub |
bokmas Wirancana |
mring kang raka matur ririh |
lamun parêng (ng)gonnira karsa kasukan ||

15.
Luhung dipun |
wandèkakên marmanipun |
manawi putranta |
nênggih Ni Rara Widuri |
(m)bokmanawi angot kèngêtan kang lanang ||

16.
Lagya tungtum |
manahnya sênggang mong wuyung |
uga kalakona |
sakit malih andalêming |
datan wande dados wode tyas-kawula ||

17.
Lingira rum |
Ke Kidang Wiracapèku |
gajêg bênêr sira |
rêmbug manawa manawi |
rèhne mutawatir pangêmonging putra ||

18.
Ambiyantu |
Nikèn Widaryati muwus |
bênêr rêmbugira |
yèn putuku Ni Widuri |
myat wong nayub babêksan agêgambyongan ||

19.
Abot wuyung |
pindho papa têmahipun |
angur winurungna |
pirabara ari malih |
yèn wus rapih pisan tan ana labêtnya ||

20.
Datan ewuh |
karya sukèng anak putu |
Dêmang Wirancana |
ngalulun kewala ngèli |
ing rêmbuge rabinira kang mangkana ||

21.
Alon matur |
mring Kidang Wiracapèku |
kawula punika |
sumanggêng karsa sarèhning |
tan lênggana darmi kumambang kewala ||

22.
Rêmbagipun |
putranta wande anayub |
lamun parêng paman |
kawula dalêm-lilani |
sapunika mantuk maring Galèk wulan ||

23.
Mapan sampun |
tan ana ingkang kinalbu |
ngaringakên karya |
manawi benjing (m)bèn malih |
angandika Kae Kidang Wiracapa ||

24.
Sumanggèng yun |
yèn karsa budhalan kundur |
Kemas Wirancana |
anuduh kang para ari |
hèh Mancanapura padha parentaha ||

25.
Mring wong batur |
kabèh konên usung-usung |
payo abubaran |
mulih marang Galèk-sasi |
budhalêna kabèh pawong baturira ||

Jilid 10 - Kaca : 174

26.
Pra ri gupuh |
sandika samêktèng tuduh |
lèngsèr saking ngarsa |
angrukti barang pakarti |
kathah angsale dènnya anambut karya ||

27.
Yata wau Mas Dêmang Wirancanèku |
pamit mring kang paman |
myang kang ibu Widaryati |
nuwun madal ing pasilan sanalika ||

28.
Linilan wus nêmbah lèngsèr saking ngayun |
sagarwa saputra |
kang karsa kundur rumiyin |
gumarudug jalwèstri ngiring bidhalan ||

29.
Ingkang kantun |
pra ari sadayanipun |
angirit gotongan |
bubuhan lir prapta nguni |
tan cinatur kang samya labêt kasmaran ||

622 Asmaradana

1.
Yata kang mahawèng margi |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryane |
Ki Nuripin Asradênta |
ing wanci wisan-karya |
rararyan sandhap asêm agung |
palegungan pinggir desa ||

2.
Dhusun ing Karang-kêlampis |
Ki Kulawirya ris mojar |
Nuripin ngupaya-a we |
dawêgan saking sajuga |
sigra Ki Asradênta |
muwus mangke ngong lumaku |
kang dhawuh wong ing padesan ||

3.
Nulya lumampah tumuli |
tan adangu nulya prapta |
Asradênta ing ngarsane |
ing ngawirya aturira |
naoskên we dawêgan |
ngawirya katri anginum |
dawêgan sawiji sèwang ||

4.
Asradênta lan Nuripin |
wus samya ngombe dawêgan |
pinalathokan dêgane |
winawar samya pinangan |
Jayènmgrêsmi ngandika |
man Asradênta Pangulu |
nulaka ngriki kewala ||

5.
Sêdhêng doh untaping margi |
lan malih manira tanya |
gunung ingkang katon kuwe |
bêcik patute inèksan |
Asradênta turira |
alit sangêt angkêripun |
tan wontên janma kang ngucak ||

6.
Wasta ardi Rajêgwêsi |
rumpil (n)dêdêr dêging ngarsa |
lan ana lungur kang rèpèh |
sêtun yèn janma tirakat |
praptèng kêndhit kewala |
tan dumugi puncakipun |
langkung nênggèking pancadan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 154 - 165
  • (19) Kaca 175 - 181 >