Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 38

Kontak Admin.

email-kidemang

 (19) Kaca 175 - 181

 

( Dumugi ing margi tumuju Kalangbrèt )

2. Kocap lampahipun para andon lêlana têtiga kadhèrèkakên santri Nuripin lan Asradênta. Dumugi ing margi tumuju Kalangbrèt, Asradênta pamit wangsul kanthi sêsalaman ndhèrèkakên basukining lampah. Lampahipun para andon lêlana tumuju dhatêng rêdi Rajêgwêsi ingkang inggil andêdêr. Ingkang sagêd minggah dumugi puncak namung Jayèngrêsmi lan Jayèngraga. Enjingipun sami mandhap kapanggih Kulawirya lan Nuripin sêsarêngan nglajêngakên lampahipun.


Kaca 175 -181

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 175

622 Asmaradana

7.
Lamun kinêncêng sing ngriki |
dede margine kang padha |
kajawi saking Kalangbrèt |
margi gêng kèh trusanira |
wong grami myang pêwanan |
Jayèngrêsmi lingira rum |
ênggèh ngong tanya kewala ||

8.
Lah uwus andum basuki |
namung salam bêktiningwang |
kalawan malih bêktine |
ri kaaturêna marang |
Ke Kidang Wiracapa |
[---] |
nulya samya sasalaman ||

9.
Miwah marang Jayèngragi |
Kulawirya sinalaman |
pan wus linilan pamite |
Asradênta lèngsèr sigra |
mulih mring Lêmbuasta |
pra ngawirya katri laju |
mring Kalangbrèt kang sinêdya ||

10.
Lêpas lampahirêng margi |
ngambah wana tarataban |
alèrèn pinggiring lèpèn |
katoran sami asiram |
ing wanci lingsir surya |
samya salat wêktu Luhur |
nèng têpi lambaran sela ||

11.
Wus bakda dènnira mupit |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
lamun kaparêng ing mangke |
suwawi amurang marga |
mring mara kang kaèksan |
kawula ragi kayungyun |
kêdah andhatêngi lampah ||

12.
Marang arga Rajêgwêsi |
dadosa misiling lampah |
ing tirakat kangelane |
inggih paman mrih supaya |
panggirahing kirapat |
ngrusuki maksiyatipun |
bidêngah ngêndhih ngibadah ||

13.
Winasuh kalawan budi |
pinèpètkên ring apapa |
walêsira sakamuktèn |
dadya panaure suka |
sukêre sumuruda |
pami bêndho wêdhung kêthul |
yèn sagêd lirip ing lampah ||

14.
Tumungkul Ki Jayèngragi |
karangsèng tyas kaluputan |
wong tingkah wèngwèng balèndhèng |
laminya lana (n)don paran |
akêlming ingkang raka |
nuding budi arubiru |
anggung kabèdhunging bedhang ||

15.
Ing mangkya ciptaning kapti |
dènnya sring nalar (m)balasar |
wus kinikis tanpa gawe |
pan sumêdya minarènan |
solah kang wus kalakyan |
badhe nut raka salir hyun |
nasoka sajroning nala ||

Jilid 10 - Kaca : 176

16.
Ki Kulawirya ngling aris |
mungguh binobot binabag |
iya ing lêlakon kiye |
agèsèh lamun rinasa |
tan sêmbada ing lampah |
lagi cilakaning laku |
tirakat ati rakotan ||

17.
Ambênêr karêpirèki |
bêcik sinêmbulih lara |
pinarakakên pakewoh |
pinasah lawan kangèlan |
pirabara yèn kaya |
Jaka-slèwah critanipun |
amoyang mêmati-raga ||

18.
Nanging Kulawirya nênggih |
amung bayari wacana |
batinne wêgah tan sagoh |
pan maksih karasa lara |
guthule andrêwawas |
sruwal ngêmbêr denning ilu |
akêkat kadi wawulang ||

19.
Ki Wirya ngling mring Nuripin |
lah kapriye kono sira |
rêmbug-rêmbuge wong akèh |
Nuripin sêgu turira |
e kajawi ta amba |
dhatêng pundi purugipun |
dhatênga ing awang-awang ||

20.
Malah sampun mampar-mampir |
mêdala ngarsa kewala |
kalangkung rêmit rumpile |
puniku yèn atur-kula |
dhangan dhèngèn kewala |
datan wontên ribêdipun |
yèn ta sampuna kapalang ||

21.
Dene sakit-kula kuping |
tan kenging damêl lumampah |
sawêg kopokên (n)dalèwèr |
blêbêgên myarsa gêndhèngan |
bêng-bêng sakit talingan |
yèn kenging kêdah midhukun |
sabên dhusun linèrènan ||

22.
Ki Kulawirya ambêkis |
wong edan cangkême ngomyang |
yèn lêkas muwus Di-lèngèng |
kêmêndara-kêmêndara |
marang sêmu sasmita |
(ng)gutuk êlor kêna kidul |
(ng)gutuk watu lèh (n)dhasira ||

23.
Binalang watu Nuripin |
mak sruwêng Nuripin endha |
ngling i i biyang mèh bae |
liyana (n)dhas priye mana |
tan nganggo kira-kira |
yèn aja-a èndha buncur |
binalang watu samaja ||

24.
Jèngrêsmi mèsêm ningali |
Jèngraga gumuyu nabda |
saiki Nuripin kiye |
atandho sugih paitan |
wêwadi kang winada |
nora kêna ngêntut sêru |
mangsa wurunga ginarap ||

25.
Nuripin ing dina iki |
budine ambêg wibawa |
bobote sugih kamuktèn |
duwe pangamêng-amêngan |
Ki Kulawirya nabda |
mulane sun-kudu mênthung |
mring ngong sok kêmèwat-kèwat ||

Jilid 10 - Kaca : 177

26.
Anggêgarap nyênyêmoni |
ulate kêmêpak-kêpak |
lir wong prênjana wuwuse |
awignya mamangun wanda |
wong dhapure lir kura |
suprandene kumalungkung |
si Di-pênthung alu lima ||

27.
Samya agumujêng myarsi |
marang kang samya paguywan |
Jèngrêsmi ngandika alon |
sumangga paman lumampah |
alon-lonan kewala |
gliyak sapikantukipun |
nauri ya payo uga ||

28.
Gya mangkat Ngawirya katri |
marang Rajêgwêsi ngarga |
nusup angayam-alase |
praptèng sukuning ancala |
nèng sêndhang salat Ngasar |
bakdane salat gya laju |
sumêngkèng ngarga gambuhan ||

623 Gambuh

1.
Kêlangkung writing gunung |
saking panjadan (m)balêgêr watu |
caruk curi paparang parung arumpil |
watu kumalasa lunyu |
lumut lamêdan anglèmot ||

2.
Nênggêl sasêngkanipun |
praptèng pênggik têngahaning gunung |
anèng watu damar samya ngaring-aring |
watu damar patutipun |
lir êndhog satugêl mongol ||

3.
Gênge patang pêrangkul |
sakêmbaran sami alusipun |
kadya wêsi waja sinangup sinangling |
kasoroting surya gêmpung |
mêlêng-mêlêng amêncorong ||

4.
Gumilat kadya murub |
kaujwalan nadyan siyang dalu |
tiningalan kilêng-kilêng lir madhangi |
minangka sakèthèngipun |
pangandhêg wong sêdya layon ||

5.
Ngawirya katrinipun |
kandhêg nèng watu damar ing ngriku |
datan bisa amucak bunciting wukir |
pênggiking arga anggulu |
tumiyung mayungnya godhong ||

6.
Jayèngraga angungun |
ngupaya marga kang mring mêndhuwur |
ingulatan kanan kering lambung wukir |
wontên sakêdhik dinulu |
marga kêlangkung pakewoh ||

Jilid 10 - Kaca : 178

7.
Angracak krikil watu |
agêng alit alur ting pêndhukul |
nulya Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
Nuripin Kulawiryèku |
kang samya arsa angonjot ||

8.
Anêngka inggahipun |
mangkat gocèkan watu mêndhukul |
Jayèngrêsmi lan kang rayi wus lastari |
dilalah bisa anuntung |
anganjat marga pakewoh ||

9.
Ki Kulawirya wau |
lan Nuripin tan bisa tut-pungkur |
dènnya munggah anggriguh manah kuwatir |
gujêngan watu mandhukul |
marucut ambyuk malorot ||

10.
Nuripin mèlu katut |
katundhung arêp tiba kaglundhung |
pan wus têlung landheyan inggilirèki |
krakal watu mèlu luntur |
rêgudug lorot mangisor ||

11.
Samya andhèprok timpuh |
wong ro kang kalorot ting karênguk |
Kulawirya ngungun angling mring Nuripin |
priye iki raganingsun |
rada kawaon kabêndon ||

12.
Majade rêmak rêmpu |
wong kaplorot katanggor ing watu |
kalunturan ing lungka wêdhi karikil |
nora nyana nêmu wutuh |
êndhasmu nora mêlopor ||

13.
Nuripin angêcêmut |
berkatipun mantuning pangulu |
donganipun Ki Asradênta kang mawi |
Ki Kulawirya asêndhu |
edan kobêre mêmoyok ||

14.
Priye kiye karêpmu |
apa munggah manèh mèlu nusul |
apa uwis nèng kene bae Nuripin |
kang liningan aturipun |
bok sampun ngriki kemawon ||

15.
Mangsi sagêda nuntung |
maring pucak punika mèh surup |
candhikala dhasar margine arumpil |
tan wande mangke kaglundhung |
mindhak repot têmah poso ||

16.
Yèn kula sampun mopo |
kirang priksa yèn sampeyan ayun |
Ki Wirya ngling nusula dhewe sirèki |
yèn wus munggah rada dhuwur |
sun-bandhêmi teka ngisor ||

17.
Ki Nuripin malêruk |
o ah dede pabênan puniku |
yata wau Jayèngrêsmi Jayèngragi |
kang nuntung puncaking gunung |
ing wêktu sêmada rikoh ||

Jilid 10 - Kaca : 179

18.
Apan tan ana ranu |
dadya kewala amèt tayamum |
lêbu sawusnya ngangkat salat Mahêrib |
nèng sela kumalasa lus |
kayoman ing kayu winong ||

19.
Gêng-agêng kayonipun |
kusambi trênggulun walikukun |
baga bibis têkik kroya jaha jati |
jêmpina lan sana sênu |
pêtêng ayom arongrongkop ||

20.
Ingkang samya awêktu |
praptèng bakda Ngisa Witiripun |
langkung dènnya angrahabi puji dhikir |
paragat pamupitipun |
luwar dènnya tata lunggoh ||

21.
Anèng soring trênggulun |
lambar sela kumalasa alus |
Jayèngrêsmi angandika mring kang rayi |
de paman Kulawiryèku |
Nuripin tan ana katon ||

22.
Paran tan mèlu nuntung |
Jayèngraga alon dènnya matur |
dugi-kula apan tan sagêd tutwuri |
karantên pan marginipun |
kalangkung nênggêl pakewoh ||

23.
Rumpil karakal watu |
kawula tan nyana sagêd nuntung |
ingkang raka mèsêm angandika aris |
layak iya yèn kadyèku |
sru sokur-sun mring Hyang Manon ||

24.
Rumangsa-a sirèku |
kinacèk pangrêksanira Hyang Agung |
pira-pira ginampangakên arumpil |
kudu anyêntor têpakur |
marang ing Hyang Maha Manon ||

25.
Mungguh ngaurip iku |
tinitah ing dalêm dènnya nêngguh |
upamane lir kitri tinandur pinrèh |
wohe kêna-a ingundhuh |
marang kang nandur mrih tuwoh ||

26.
Ana pamalêsipun |
si kitri mau marang kang nandur |
nora ngilangkên baune ki tani |
aja kaya kayu sêrut |
tinandur tan bisa awoh ||

27.
Ki tani tunanipun |
kang tinandur tan kolur wohipun |
ya wong nora bisa anêmbah ing Widdhi |
pinamakkên kayu sêrut |
sêtun gawene tinêgor ||

28.
Tiwas têmên tinuwuh |
nora wêruh marang kang anuwuh |
sira iku wus sêdhênge mêmarèni |
ing galat kang wus kabanjur |
sigêgên aja kêblaso ||

Jilid 10 - Kaca : 180

29.
Tanpa gawe dinarus |
wah mangkono ta kêna ing ngaru |
nora kêna ing urut dèn-bobolèhi |
ingalah kalawan wuruk |
lwih anggêpe anggon-anggon ||

30.
Jayèngraga tumungkul |
karaos tyasira kang wus luput |
lir ginirah jrênihira awiwinih |
barêsih galih tan guluh |
sinuluha wêktu êloh ||

31.
Ing wanci têngah dalu |
samya mapanakên anunungku |
kawiridanira salsilahing dhikir |
amupit marang Hyang Agung |
arahab dikir sinêntor ||

32.
Kongsi ing wanci bangun |
pajar gidib laju wêktu Subuh |
bakda salat pupuji kongsi byar enjing |
sunat Luka sawusipun |
Jayèngrêsmi ngandika lon ||

33.
Lah wus payo amudhun |
matur kang rayi sumanggèng kayun |
gya tumurun saking pupucuking wukir |
alon agujêngan watu |
lêstari mudhun praptèng sor ||

34.
Asasalaman gupuh |
lan kang paman Ki Kulawiryèku |
myang Nuripin salaman gupuh ngabêkti |
samya bagyanan rahayu |
Ki Jayèngrêsmi nabda lon ||

35.
Suwawi paman laju |
ngupaya kang anjok margi agung |
satibane kewala anuting margi |
Ki Kulawirya jumurung |
anjurudêmung saking (ng)gon ||

624 Jurudêmung

1.
Yata laju alêlampah |
anapak lêbak pupundhung |
anêtêr lunguring gunung |
anasak wana wulusan |
marga kèh dèrèyanipun |
tambuh kang tinut simpangan |
asring kalurung kapaung ||

2.
Katundhuk wong dhadhampalan |
jalwèstri mèt godhong kayu |
tumingal ring kang lêlaku |
anarka lamun kasasar |
dudu paraning dêlanggung |
wong dhadhampalan sru mojar |
baguse (n)dika puniku ||

Jilid 10 - Kaca : 181

3.
Jêng têng pundi pinaranan |
Ki Kulawirya amuwus |
ki sanak rika tutuduh |
manira tan pati dhamang |
dalan kang anjog marga gung |
mangetan ingkang ngabanar |
kang kambah kèh wong lumaku ||

4.
Kang tinanya saurira |
(n)dika bali malih ngidul |
joge kang dhatêng marga gung |
[---] |
[---] |
ngetan mring Kalangbrèt rawa |
ngawirya tri sarèng muwus ||

5.
Lah (ng)gèh kisanak manira |
katulung tuduh dêlanggung |
kalangkung tarimanipun |
wus paman andum waluya |
ngong wangsul ngênêring Kêpuh |
jinurung gya nulak lampah |
satêngah onjod dohipun ||

6.
Praptèng Kêpuh joging marga |
samya lêjar tyasira wus |
manggih marga gêng lastantun |
mangetan lampahira gya |
sring papaganing lêlaku |
kaoran bêntèring surya |
non dhusun pêdhak marga gung ||

7.
Nimpang raryyan soring nangka |
angèrêkkên suku rapuh |
ana wong mikul waluku |
mulat ring kang lagya raryyan |
amire sèlèh waluku |
mundhuk-mundhuk marêk ngarsa |
sarwi ngusap-usap bau ||

8.
Nêmbrama dalêm katuran |
ngawirya katri sumaur |
ênggèh sami-saminipun |
lah paman manira tanya |
kang pundi prênahipun |
krajaning Kalangbrèt rawa |
ingkang tinanya sumaur ||

9.
Inggih punika kewala |
ngalèr-ngetan jêbulipun |
Kalangbrèt karajan agung |
ananging kula pitêdah |
ing lampah prayoginipun |
kampir dhatêng padhêkahan |
kang winastan dhusun Gubug ||

10.
Padardi ngungkang bêngawan |
ardi Purwa namanipun |
pan wontên pandhitanipun |
èdi wruh dèrèng winarah |
Sèk Ekawêrdi rannipun |
pan dadya patakonan |
punapa sasêdyanipun ||

11.
Barang kang tinakèkêna |
jalwèstri tan ana wangsul |
wong pundi-pundi mariku |
Jèngrêsmi mèsêm andika |
sun-trima tuturirèku |
dhasar manira ngupaya |
pandhita ingkang linangkung ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (18) Kaca 166 - 174
  • (20) Kaca 182 - 197 >