Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434669
Hari ini     :Hari ini :69
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :135
Bulan ini   :Bulan ini :3298
s/d hari ini   :s/d hari ini :434669
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (22) Kaca 212 - 218

 

( Kyai lan Nyai Bayi Panurta sungkawa

dene kesahipun para putra )

VII. Ing Wanamarta Kyai lan Nyai Bayi Panurta sungkawa dene kesahipun para putra tuwin adhi tanpa wontên pawartos. Nikèn Tambangraras siyaga ngawontênakên kêndhuri mêmule Kangjêng Nabi Rasul murih wilujêng sadayanipun. Wêkdal punika Jayèngrêsmi, Jayèngraga lan Kulawirya sami dhatêng. Kadangu, ngaturakên lêlampahanipun kabar tanpa angsal kabar bab dunungipun Sèh Amongraga.

Kyai Bayi Panurta lan Nyi Malarsih sakalangkung sungkawa jalaran kesahipun putra kêkalih tuwin adhi tanpa wontên pawartosipun, Bakda Luhur Kyai lan Nyai tindak dhatêng griyanipun Nikèn Tambangraras. Kawontênanipun sangêt mêmêlas, tansah mangangge sarwa pêthak botên nate gantos labêt saking sêdhihipun tinilar ing kakung. Wêkdal samantên sawêg siyaga kêndhuri mêmule Kangjêng Nabi Rasul murih wilujêng sêdyanipun. Bakda Isa Pangulu Basarodin dhatêng angiringi Jayèngrêsmi, Jayèngraga ingkang nêmbe dhatêng, sami sarimbit, ugi kalihan Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin. Sami kabagèkakên Kyai ingkang ngêmbêng waspa. Saparipurnaning kêndhuri Ki Bayi andangu para putra. Aturipun, ing lampah tansah têtakèn dhatêng para ngulama ing padhepokan pundi-pundi bab linggaripun Sèh Amongraga, nanging botên angsal titik ingkang kenging kaajêng-ajêng. Ki Bayi tuwin Nyai ngungun sangêt sangsaya sungkawa. Mirêng aturipun para rayi, Nikèn Tambangraras sangêt karanta-ranta manahipun. Ciptanipun punapa Sèh Jayèngraga botên karênan dhatêng awakipun. Wêkasan sadaya santri bibaran.


Kaca 212 – 218

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 212

632 Mijil

37.
Sadaya tumungkul matur inggih |
maksih ngandika lon |
payo padha abubaran mulèh |
sarwi ngadêg geyongan têkên cis |
sigra santri Luci |
nyandhak slêpènipun ||

38.
Samya bubaran sadayanèki |
jalwèstri tuwa nom |
samya ngiring marang (n)Jêng Kyaine |
praptèng paregolan kandhêg sami |
nulak laju mulih |
mring pawismanipun ||

39.
Sowang-sowang simpangan ing margi |
sakèhe para wong |
para ari miwah pangulune |
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki |
uluk-salam nuli |
sinauran umyung ||

40.
Praptèng wisma (n)Jêng Kiyai Bayi |
sawusira Lohor |
gya mangetan myang garwa karsane |
maring wismanira ingkang siwi |
Tambangraras nênggih |
kang lagya monging kung ||

41.
Salaminya tinilar ing laki |
anandhang wirangrong |
Nikèn tan arsa lungsur wastrane |
nunggèng sinjang kakêmbênanèki |
rukuh tan asalin |
ing salaminipun ||

42.
Sarwa seta sauyun tar lyaning |
rupa kang inganggo |
busananira duk pangantyane |
citraning jalêngut pinrêmasi |
buncanging praja-di |
nglalamat alimut ||

43.
Kasaban ing lêbu anglungsêti |
martistang giniyon |
ring mastatur sawat pangrêmite |
rêngga pangun dayaning panuli |
sabaking ngawasis |
labête mangun-kung ||

44.
Duk amulat maring yayah wibi |
praptane kaloron |
angurmati Nikèn ing lênggahe |
wus satata nèng paningrat wingking |
mangkana Ki Bayi |
angandika arum ||

45.
Adhuh-adhuh sutaningsun Nini |
nyawaningsun yêktos |
dèn-tawêkal Nini ing-cobane |
ing Hyang Suksma sadaya puniki |
baya ta ing wuri |
pan ayu pinangguh ||

46.
Nikèn Tambangraras datan angling |
waspanggung drês miyos |
kadadaut karasa driyane |
ketang ingkang wus anis ing ratri |
Malarsih nambungi |
kang mangka pangrapu ||

Jilid 10 - Kaca : 213

47.
Adhuh Nini ywa daya kinapti |
pasrahna Hyang Manon |
gung lalakon iki sakabèhe |
nglaksanani karsaning Hyang Widdhi |
tan bisa sumingkir |
papasthèn Hyang Agung ||

48.
Ingkang putra tan pisan nauri |
ginêgêt ing batos |
mung tumungkul lan sêgu lênggahe |
dadya linggar wau (n)Jêng Kiyai |
wangsul maring panti |
sa-rubiyahipun ||

49.
Gantya ingkang cinaturing kawi |
kang gung lalana (n)don |
Jayèngrêsmi lan Jayèngragane |
Kulawirya kalawan Nuripin |
samana wus manjing |
Wanamarta dhusun ||

50.
Wanci Asar jumujug ing panti |
wau katri manggon |
wus prasabên ing bakda Isane |
dènnya arsa umarêg (n)Jêng Kyai |
wus gilig kang jangji |
Nuripin tan kantun ||

633 Pangkur

1.
Nahan wanci bakda Isa |
wau (n)Jêng Panurta Kyai Bayi |
mangetan lan nyainipun |
Ni Malarsih tut-wuntat |
Ni Sumbaling Ni Daya tansèng ing pungkur |
sapraptaning wisma wetan |
mulat Tambangraras lagi ||

2.
Anata ambênganira |
dènnya kajad arsa mumule maring |
nênggih Kangjêng Nabi Rasul |
sadasa kang ambêngan |
dhudhulange isi ingkang sêkul wuduk |
ayam sadasa lêmbaran |
ing ingkung sadaya sami ||

3.
Anèng ngêncèh dinuduhan |
aglar mungging pandhapa ambanjêngi |
Kyai Bayi duk andulu |
sumambrana wuwusnya |
lah bêgjane ingsun tutuwi panuju |
pamumalèn sukaningwang |
baya amungkasi kardi ||

4.
Dhuh êbèng paraning karsa |
de mumule makêndhung angêbêki |
sumêmbah putra turipun |
angsung dhahar kawula |
mring (n)Jêng Nabi Mustapa ingkang linuhung |
minta basuking samya |
kang anggung lalana anis ||

Jilid 10 - Kaca : 214

5.
Ki Bayi malih ngandika |
apa sira wus nuduh nyunyuruhi |
pamanira lan pangulu |
kula-wangsa sadaya |
aturira Ni Tambangraras (ng)gih sampun |
tan antara sami prapta |
pra kadangira Ki Bayi ||

6.
Paparêngan praptanira |
Jayèngrêsmi Jayèngraga sarimbit |
Kulawirya parêngipun |
Nuripin anèng wuntat |
Basarodin ingiring santrinipun |
samya angsung salamira |
wau ingkang lagya prapti ||

7.
Suka mulat asmu waspa |
Kae Bayi Panurta sarwi angling |
lah bageya satêkamu |
huwalahu-tangala |
dene laku karya sumêlanging kalbu |
ingkang sinungan pambagya |
mung andhêku tanpa angling ||

8.
Aris malih andikannya |
Kae Bayi Panurta lah ta aglis |
donganana Ki Pangulu |
kajatipun Ni Rara |
angsung dhahar Mustapa panutanipun |
pininta ing barkahira |
rahayune kang samya nis ||

9.
Basarodin tanggap sigra |
kang winaca tilapat minta amin |
sawusing tangawutipun |
salam (n)Jêng Nabi duta |
nulya maca donga swara rum anggalur |
aiyêg kang aminira |
kadya guyub anahidi ||

10.
Anêmênakên kang donga |
kèh paminta dadya nunggal panggusthi |
wus sampat donga tinutup |
lan Salamêt kabula |
gya ngidêran ambêng lan wawantingipun |
ngancaran samya lêkas-a |
(n)dan nadhah sarêng abukti ||

11.
Basarodin kokohira |
anèng dhuwok pinggan putih ngêbêki |
mêmblêg ingkang sêkul wuduk |
pinukang ingkungira |
saparo bêt rinucah daging angumbruk |
nèng godhong lalambarira |
Kulawirya mèsêm angling ||

12.
Nêmu bêgja raganingwang |
lagi prapta amarêngi kêndhuri |
parandene nora kaul |
beda kang Basar ika |
tandangira sabên ari ngaji pupung |
kêthaha wit cilik mula |
wimbuh tuwa angêpêngi ||

Jilid 10 - Kaca : 215

13.
Kinayang-kayang puluknya |
kacombaran kokohira umili |
puluke datanpa kantun |
tan kêna kinêpêla |
têmah buyar dening akakehan duduh |
kadya ingoning kambangan |
kuciwa kang Basarondin ||

14.
Tan wasis nocor lir banyak |
bok-wis nuli dèn-uyub bae gêlis |
apa kakang minta bantu |
ingsun arsa ngilinga |
Basarrodin malerok sih nyamuk-nyamuk |
jenggode tètès drèwèsan |
lubèring duduh naritis ||

15.
Sadaya kang sami mulat |
angèsêmi solahira Ki Rodin |
rada kanggêg asmu gigu |
tètèsaning tumiba |
wênèh jaja wênèh pangkon miwah tuwung |
tinututan pulukira |
lir gogo ucêng kang kêsit ||

16.
Tanduk imbuh ingêbyakan |
sêkul wuduk silêm duduh kang kanil |
nulya astanya angêbur |
nèng tuwung kacopakan |
saya sêngkut tandangira Ki Pangulu |
sadaya wus tutug samya |
rahab dènnya sami bukti ||

17.
Kukucur cuwo wantingan |
ambêngannya cinarikan mring wuri |
linorod pra-santri pungkur |
gya maju nyanyamikan |
pisang raja sadasa tangkêp susuluh |
pilihan kang tadhah udan |
sadaya wus ngalap sami ||

18.
Wau ta Ki Bayi nulya |
atatanya mring putra Jayèngrêsmi |
dhuh babo ta sutaningsun |
paran pawartanira |
sira lunga atêlu anis ngalangut |
tan mawa angsung pawarta |
maring raganingsun nguni ||

19.
Karya wimbuhing sungkawa |
dènnira nis kewala tanpa pamit |
bêgja praptanta rahayu |
lah kulup popojara |
kadiparan entarira angaluru |
marang ipenira ingkang |
lalana andon ngasêpi ||

20.
Tidhêm sadaya pra kadang |
kang nèng ngarsa bela arsa miyarsi |
wartane kang angêlangut |
mangkana kang tinanya |
Jayèngrêsmi manêmbah sarwi tumungkul |
aris mangkana turira |
ngalim paduka (n)Jêng Kyai ||

Jilid 10 - Kaca : 216

21.
Tuhu kawula kalepyan |
datan pamit maring paduka nguni |
saking kadêrênging kalbu |
ketang wêlasing kadang |
mung sajuga wanudya kataman wuyung |
nêdhêngira papasihan |
nulya kapisah ing laki ||

22.
Samana nuju rarasan |
tiyang katri gya kênthêl kang panggusthi |
denira arsa angluru |
maring Ki Amongraga |
mung dinadak sadalu agya lumaku |
angampiri mring Pagutan |
Nuripin ingkang kinanthi ||

634 Kinanthi

1.
Lampah kawula ing dangu |
tan ana tinujwèng kapti |
amung osiking wardaya |
nglalana aturut sêpi |
wana arga sinalasah |
tan etang pringganing margi ||

2.
Kalamun nuju kapranggul |
padhepokaning pra ngalim |
kampir amrih tatanya |
manawi bangkit anuding |
ingkang linuru ing lampah |
putranta kang nis ing wêngi ||

3.
Sinambi mèt warah wuruk |
saparan-paran inaling |
nanging ta lampah kawula |
kadya kinuncang ing Widdhi |
ngaladuk tan antuk warta |
unggyane kang dèn-ulari ||

4.
Mangidul pasisir jêdhug |
mangilèn prapta nagari |
ing Trênggalèk wangsulira |
kathah mitranta kapanggih |
ingkang anèng Lêmbuasta |
Wiracapa Ki Ngabèi ||

5.
Miwah ingkang anèng gunung |
purwa aran Tekawêrdi |
karantan maring andika |
ketang kumpul duk samya lit |
kathah ing wawarahira |
dhatêng ing kawula sami ||

6.
Sangsaraning lampah ulun |
titiga sami mêpêki |
nanging bêgjane sadaya |
dene rahayu pinanggih |
kongsi bangkit praptèng wisma |
umarêg paduka Kyai ||

Jilid 10 - Kaca : 217

7.
Kongsi sacandra ing laku |
mêksa datan antuk warti |
dununge nênggih putranta |
kang anis Sèh Amongragi |
kalangkung sungkawa-amba |
ketang kadang yayah wibi ||

8.
Marmanta anulya wangsul |
ngrasa jêdhuging panggusthi |
bok-manawa dèrèng mangsa |
karsane Sang Amongbrangti |
maksih sinamar unggyannya |
marmanira tan pinanggih ||

9.
Mangkana Ki Bayi ngrungu |
aturing putra tanapi |
garwa miwah kadang samya |
tarlèn sagung para santri |
kalangkung pangungunira |
kang waspa sami umijil ||

10.
Tambangraras duk angrungu |
aturing ri Jayèngrêsmi |
kararantaning wardaya |
karasa locitèng galih |
kadya mangkata priyangga |
nêmpuh ngulari mring laki ||

11.
Osiking driya ngalangut |
kararantan jroning ati |
mangkana locitanira |
katuwoning raga-mami |
tinitah dadya wanodya |
datan sinarjon ing laki ||

12.
Saking gêng cedaning kalbu |
tan layak ngong angabêkti |
maring priya kang utama |
kuciwa angaku luwih |
kumudu-kudu ngakênna |
rabining janma ngulami ||

13.
Dhuh kakang pupujaningsun |
apa ta tan tulus ing sih |
maring cèthinta kasmala |
apapa gung nandhang kingkin |
paran mendra tanpa warta |
rabine tinilar anis ||

14.
Baya tan sarju maring-sun |
luhung pulungên wak-mami |
kadadawa larasmara |
adangu manggung wiyadi |
dhuh gustiningsun priyangga |
lunasên ragèng puniki ||

15.
Tambangraras marêbêl luh |
tan kêna dipun-sayuti |
angêbêsi jajanira |
awlas kang samya umèksi |
Ki Bayi sagarwanira |
angrês mulat marang siwi ||

16.
Dadya ris andikanipun |
dhuh nini aywa kalantih |
anggugu limuting driya |
mangsa ta têmbe tan panggih |
kalawan ing lakinira |
manawa sampun pinasthi ||

17.
Saking karsaning Hyang Agung |
lagya cinoba sirèki |
tiniti kasêtyanira |
tan wurung bakal mangsuli |
lakinta tuhu utama |
mangsa niaya ing rabi ||

Jilid 10 - Kaca : 218

18.
Anging wataking aluhung |
tan kèrêm wibawa mukti |
sêngsêm anèng kahênêngan |
kulina sabèng asêpi |
lamun wus jumbuh ing karsa |
yêkti sira dèn-balèni ||

19.
Mangkana sang Mangonêng-kung |
Nikèn Tambangraras myarsi |
pangrapuning ramanira |
wontên lêjaring panggalih |
katon bingaring kang naya |
sumèndhè karsaning Widdhi ||

20.
Mangkana wus têngah dalu |
Ki Bayi dènnya nuguri |
nèng wismanira Ni Rara |
anèng lêrêm sawatawis |
anulya sami bubaran |
Ki Bayi kondur lan swami ||

21.
Para kadang miwah sunu |
miwah sagung para santri |
sadaya bubaran samya |
sewang-sewang maring panti |
nahên ta ing Wanamarta |
gantya kang andon pasisir ||

22.
Wau Ki Sèh Amongluhung |
anèng Mataram nagari |
Ardi-kidul kang jinajah |
angungkang urut pasisir |
dadya pangèdhêpanira |
sagung janma ing pasisir ||

23.
Anèng Kanigara dhusun |
dadya gununganing janmi |
gêng luhur ing masjidira |
kêbak ingkang para santri |
nanging tan tulus santrinya |
sarengate bosah-basih ||

24.
Tanpa tata salatipun |
saking kayungyun ningali |
kaelokan sukanira |
pakartine Jamal-Jamil |
akarya pangeram-eram |
dadya pangunguning janmi ||

25.
Atilar salating waktu |
sagunging wong tanpa budi |
kadya ginêndam ing kêmat |
bilulungan sabên-ari |
jalu kalawan wanita |
tanpa tata laki-rabi ||

26.
Lir sato pipindhanipun |
mangkana Ki Jamal-Jamil |
inguja sasolahira |
dene ri sang Amongragi |
langkung manungku ing puja |
tawakup marang Hyang Widdhi ||

27.
Amapan anèng ing tajug |
tan êsah ing siyang ratri |
cêgah nadhah lawan nendra |
ingkang ginusthi ing galih |
amung purnaning sarira |
sarana manjing utadi ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21) Kaca 198 - 211
  • (23) Kaca 219 - 225 >