Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (23) Kaca 219 - 225

 

( Sèh Amongraga sampun wontên Ardi Kidul talatah Mataram )

VIII. Kocap Sèh Amongraga sampun wontên Ardi Kidul talatah Mataram. Jamal Jamil tansah ngebarakên ngèlmu sikiripun saengga tiyang jalêr èstri tilar padamêlan lan suba-sita. Pawartos makatên katur Sinuhun Sultan Agung, lajêng utusan Tumênggung Wiraguna bêkta prajurit kinèn ngrampungi Sèh Amongraga. Kalampahan Sèh Amongraga kapidana, kabronjong kacêmplungakên sagantên kidul. Jamal Jamil lumajêng dhatêng Wanamarta.

1. Sèh Amongraga sampun sawatawis dumunung ing dhusun Sêmanu Ardi Kidul talatah Mataram. Sang Luhung tansah mêmpên manêkung ing krobongan salêbêting masjid. Jamal Jamil ngirup tiyang maèwu-èwu kanthi pangeram-eramipun ngèlmu sikir. Wêkasan kapirêng dening abdidalêm katur ing panjênênganipun nata. Kangjêng Sultan Agung animbali Tumênggung Wiraguna lan Tumênggung Wirajamba kadhawuhan ngrampungi wontênipun Sèh Amongraga, kaparêng nganthi prajurit sacêkapipun. Sèh Amongraga ngadhêp mabukuh ing ngarsanipun sang Tumênggung, botên suwala kapidana ing ratu. Sariranipun lajêng kabronjong, kabuncang ing alun, wêkasan wangsul ing dharatan tanpa isi. Ing ngantariksa kapyarsa uluk salam sarta suwantên: "Dhuh Kyai Wiraguna, aturna bêkti kawula dhatêng Kangjêng Sultan Agung. Sampun kalêksanan karsanipun, kawula uwal saking ing dunya'.


Kaca 219 – 225

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 219

634 Kinanthi

28.
Kèsthi sêrikirèng kalbu |
bêdhahing Giri ing nguni |
kasoring sudarmanira |
Sunan Giri ing ajurit |
binêdhah saking Mataram |
Pangran Pêkik kang nindhihi ||

29.
Dadya tyasira kalamun |
jinurung marang ing Widdhi |
arsa tandhing amalêsna |
mèranging rama ing nguni |
nênggih maring Kangjêng Sultan |
Agung ing nagri Mantawis ||

30.
Mangkana Sang Among Luhung |
kadya wus rucating dhiri |
alingga sarira Suksma |
anjajah panimparaning |
(n)Jêng Sultan nagri Mataram |
datan kasamaran yêkti ||

31.
Guwa Langse kang tinuju |
Song-pati têpining tasik |
miwah kawahing aldaka |
nênggih pucaking Mêrapi |
saparan wus kadhinginan |
dening Sultan ing Mantawis ||

32.
Atilar tatabêtipun |
dudubang nêmbe kawijil |
asru mèranging wardaya |
wau risang Amongraga |
dadya gung manungku puja |
anèng jro tajug tarêtib ||

33.
Tan liyan ingkang sinungku |
bangkita dènnya ngungkuli |
wahyunira Kangjêng Sultan |
nênggih nagari Mantawis |
kawuwusa duk samana |
wus mangsa dèn-asmarani ||

635 Asmaradana

1.
Kadya pamêkaring sari |
gandanya mêrbuk rum ngambar |
kasilir samiranane |
mangkana wahyuning janma |
ingkang wus tinarbuka |
kuncaranira manguntur |
kaswarèng sajagad raya ||

2.
Wau risang Amongragi |
nurbuwahira kabuka |
jinurung ing sakarsane |
ginugu saujarira |
saciptanira têka |
ana sagung kang kinayun |
mangkana kaswarèng praja ||

3.
Gumyahing kanang pawarti |
lidhah sinambung ing karna |
ujaring wong pasarane |
tumêka pangulu praja |
ingkang ngrêksa agama |
sarak andikaning Rasul |
winênang dening sang nata ||

Jilid 10 - Kaca : 220

4.
Wus tetela kang kapyarsa |
pangimpunira kang warta |
pangulu umarêg age |
atur wikan Sri Narendra |
Sultan Nyakrakusuma |
ing Mataram sang aprabu |
mangkana ing aturira ||

5.
Pukulun (n)jêng Narapati |
patikbra atur uninga |
kalamun ing wêktu mangke |
Ardi-kidul anèng janma |
ngaku santri utama |
mung kalih sasabatipun |
Jamal Jamil wastanira ||

6.
Saking wetan dènnya prapti |
sang wiku paparahira |
Amongraga wau Ki Sèh |
inguyun-uyun pra janma |
urut pasisir samya |
sirna kamanungsanipun |
tilar sarak (n)Jêng Mustapa ||

7.
Ambuka kijab ri-ratri |
ilmu sikir kang binabar |
rinêngkuh kanyatan kabèh |
salah-tonne sakèh janma |
kaelokaning Suksma |
tan ana kang singgun-singgun |
ngrasa praptèng kang sunyata ||

8.
Maèwu-èwu kang janmi |
wus katungkul pangidhêpnya |
tan mawi wirang isine |
jalu kalawan wanita |
lare miwah kang wrêddha |
lir sato upamanipun |
tan ana kang tatakrama ||

9.
Lumuh ing pakaryan nagri |
wus tilar kang bale-griya |
tan ngrasa marang ragane |
busana sakèh momohan |
rinobyong gêgêdhongan |
pangrasane sarwa luhung |
wus dunung sunyatanira ||

10.
Duk myarsa wau sang aji |
maring sakèh aturira |
pangulu lan ngulamane |
sigra nimbali sang pata |
tumênggung Wiraguna |
ingkang tinuju lumaku |
lan Ngabèi Wirajamba ||

11.
Kalih wus sumiwèng ngarsi |
aris pangandika nata |
wruhanta sira karone |
ingsun nampani turira |
iki para ngulama |
yèn mangke pasisir Kidul |
ana santri saka wetan ||

12.
Sèh Amongraga wêwangi |
sabate mung kalih samya |
karênan nguja sikire |
dadya sinungsung ing janma |
maèwu samya prapta |
murang-tata solahipun |
lali kamanungsanira ||

13.
Sira karo ingsun-tuding |
mulat ing kaananira |
kang nèng pasisir dununge |
kalamun nyata mangkana |
panggiha Amongraga |
karana pa kamipurun |
mangrurah tataning sarak ||

14.
Lamun datan angukiri |
nglênggana ing dosanira |
aywa tanggung sira age |
rampungana ing kukumnya |
linarung ing samodra |
nèng bronjong ywa bisa mêtu |
paripurnaning pidana ||

Jilid 10 - Kaca : 221

15.
Lakunira sun-kanthèni |
ngulama ing sawatara |
manawa ana ujare |
angrasa pamurung sarak |
adunên wuwusira |
lan ngulama ingkang mèlu |
lakunira anèng paran ||

16.
Têlas wijiling sabda ji |
Ki Tumênggung Wiraguna |
nêmbah sandika ature |
kalilan mijil sadaya |
lèngsèr saking ing ngarsa |
Ki Tumênggung lan pangulu |
sadaya sakanthinira ||

17.
Sapraptanira ing jawi |
nulya sanega ing lampah |
samapta lan panêkare |
mantrinira kawandasa |
samya sikêp ing yuda |
sadasa ngulamanipun |
pinilih ngèntasi karya ||

18.
Dupi wus samapta sami |
Ki Tumênggung Wiraguna |
anulya wau lampahe |
mangidul sabalanira |
datan winarnèng marga |
samana dènnira rawuh |
ing masjid agung rineka ||

19.
Anuju suruping rawi |
kapyarsa bêdhug tinatap |
kadi têngara mahribe |
dadya kèndêl lampahira |
anèng jawi wiwara |
pra ngulama ingkang laju |
anglugas busananira ||

20.
Mawor sakèhing kang janmi |
salat anèng masjidira |
sasêlingan ing lungguhe |
lan sakèhe santri desa |
mung ana sawatara |
kang sami salat awaktu |
anèng jroning masjidira ||

21.
Watara mung kawandèsi |
kang akèh nèng ara-ara |
miwah masjid ing natare |
jalu lawan wanita |
tan ana subasita |
samya undhung ganti tanduk |
lir raryya lit suka-suka ||

22.
Busana datan pinikir |
satêngah wuda kang kathah |
sarwa gêgombal jarike |
Ki Tumênggung Wiraguna |
lawan pra santrinira |
kalangkung pangungunipun |
mulat solahe kèh janma ||

23.
Kadi tan katon pra-mantri |
sakèh janma (n)dulurira |
tan siwah patraping sato |
mangkana sabubarira |
ing wanci bakda Isa |
Jamal Jamil kang kadulu |
pra ngulama mijil samya ||

24.
Ngumpul lawan para mantri |
singit tan mulad sing jaba |
mamrih waspada dulune |
sasolah sagung janma |
ingkang anèng jro sura |
pandhapaning masjid agung |
Jamal Jamil gya angatak ||

25.
Kinèn mijilna kêndhuri |
kumrubut janma lampahnya |
malbèng jro masjid agunge |
bali wus ngusung ambêngan |
gotongan pira-pira |
tumpêng janganan supênuh |
wak-iwakan rupa-rupa ||

Jilid 10 - Kaca : 222

26.
Kinêpung sagunging janmi |
warata sami anadhah |
jalu èstri apa dene |
pikun miwah kang sih raryya |
dinuman wus warata |
nutug dènnira akêmbul |
kadya pinasthi tèkira ||

27.
Wawadhah binuwang sami |
marang latar tanpa tata |
anulya surut arame |
Ki Tumênggung Wiraguna |
miwah sakancanira |
kalangkung ngunguning kalbu |
umulat sasolahira ||

28.
Tandya gumarubyug manjing |
maring masjid uluk-salam |
Jamal Jamil wangsulane |
kang salam pandulunira |
dahat ngunguning nala |
anduga yèn ingkang rawuh |
carakane Sri Narendra ||

29.
Dadya lumayu umanjing |
atur uninga bandara |
marang Sèh Amongragane |
kang anggung mupit kewala |
samana ingaturan |
kalamun ana priyagung |
kang rawuh saka ing praja ||

30.
Saksana dènnira mijil |
marang surambi atata |
ngancaran lênggah kabèhe |
nor-raga ing patrapira |
saryya tur manêmbrama |
wong praja dupi andulu |
wadananing Amongraga ||

31.
Ing netya lir naraputi |
mèh tan kawawa micara |
Ki Tumênggung ing driyane |
èngêt lamun ta dinuta |
dening (n)Jêng Sri Narendra |
sanalika srênging kalbu |
amêdharkên pangandika ||

32.
Gya umênyat anèng ngarsi |
arum manis wuwusira |
hèh rêngên ta sira mangke |
sabdane Sri Naranata |
dhumawuh pêkênira |
mangkana sang Amongluhung |
andhodhok lan ngapurancang ||

33.
Sarwi aturira aris |
lah nêdha mugi dhawuhna |
(n)Jêng Pamase ing sabdane |
gya Tumênggung Wiraguna |
andhawuhakên sabda |
yèku andikaning prabu |
salam mring sira tampa-a ||

34.
Tur-nuwun Sèh Amongragi |
kalingga murda kang salam |
saking sabda (n)Jêng Pamase |
anambung Ki Wiraguna |
dhawuhakên sabda nata |
mangkana dhawuhing prabu |
maring pakênira nyata ||

35.
Andangu paraning kapti |
pakênira kumawawa |
mangrurah tata-sarake |
miwah kurang tatapraja |
datan atur uninga |
anèng ngriki adudunung |
ngadêgakên masjidira ||

Jilid 10 - Kaca : 223

36.
Karya pêsantrèn baribin |
pangeram-eraming jana |
kayuyun kabèh limute |
kawasesa sikirira |
tan ngrasa lamun janma |
winêngku dening sang prabu |
ilang rurukuning desa ||

37.
Sang Nata arsa udani |
paran èsthining tyasira |
karya gêndra nagarane |
apa baya datan wikan |
jumênêngira Nata |
Sultan Kalipatullahu |
tuhu wakiling Pangeran ||

38.
Amêngku kukuming bumi |
warata jajahanira |
wijang-wijang ing kukume |
lah ta mara umatura |
kang kêna sun-piyarsa |
Wiraguna wangsul lungguh |
mangkana Sèh Amongraga ||

39.
Satata sila nèng ngarsi |
ngapurancang lênggahira |
sarwi tumungkul ature |
dhuh Kyai atur kawula |
datan adawa-dawa |
sadaya sampun kadulu |
andika pirsa priyangga ||

40.
Labêting kawula alit |
langkung cubluk balilunya |
tan wikan anggêr-anggêre |
tumanduk wus dadya dosa |
marang ing angga-amba |
ingkang atumpuk angundhung |
awrate among wong kathah ||

41.
Parandene ing samangkin |
Kiyai badan-kawula |
amung sumarah karsane |
anglampahi kukum praja |
tan mingsêt ing sarema |
jumurung karsa sang Prabu |
tumadhah ingkang pidana ||

42.
Nulya angandika malih |
Ki Tumênggung Wiraguna |
punapa andika mangke |
wus tan lênggana parentah |
dhawuhira Narendra |
kang manira êmban tuhu |
nindaki kukuming praja ||

43.
Mongraga aturira ris |
tuhu tan ana kawawa |
mring Nata malang karsane |
aprasasat ambalak-a |
dhawuhirèng Pangeran |
sintên ta ingkang sumaguh |
suminggah anggêring praja ||

44.
Wiraguna nolih wuri |
tanggap para mantrinira |
ngajokake baronjonge |
samana wus praptèng ngarsa |
Tumênggung Wiraguna |
lah ta andika lumêbu |
dhawuh kukume Narendra ||

45.
Tan sêgu sang Amongragi |
nulya umanjing bronjongnya |
mangkana pra santri kabèh |
dupi umulat mangkana |
gurune pinidana |
bubar sadaya lumayu |
salang-tunjang padha rowang ||

Jilid 10 - Kaca : 224

46.
Jamal Jamil ingkang kari |
arsa wikan wêkasannya |
sru sêtya maring gurune |
mangkana Ki Wiraguna |
wus prentah mêpêtana |
beronjongira tinutup |
nulya ginotong saksana ||

47.
Mangidul lampahe sami |
maring pasisir samudra |
ing Tunjungbang tinujune |
lalampah dalu duk prapta |
anèng têpi samudra |
ing wancine gagad bangun |
kang surya tinawêng ima ||

48.
Tis-tis diwangkara kingkin |
tidhêm sagunging dumadya |
sirêp tan ana bawane |
samodra lêrêp tan molah |
kang tirta anglir-gêdhah |
ngantariksa angêndhanu |
sirêm-sirêming Hyang Arka ||

49.
Ramyang-ramyang anyênêni |
kadya jumurung sungkawa |
kang arsa linarung mangke |
sèlèh wau bronjongira |
nèng gigisik asigra |
asru muwus Ki Tumênggung |
lah ing mêngko wêkasannya ||

50.
Pidananing Narapati |
tumanduk mring pêkênira |
sandhangên lêgawèng tyase |
bokmanawa pêkênira |
bisa munggah suwarga |
saking pambantuning Prabu |
amunah druhakanira ||

51.
Amongraga amangsuli |
dhuh Kyai sampun sandeya |
sampun kadhadha ing mangke |
kathahing dosa-manira |
anandhang kang pidana |
kawêngku adiling ratu |
dadya kamulyaning Suksma ||

52.
Tan antara andhatêngi |
robing alun sing samudra |
kadya prabata inggile |
manaut ing gisikira |
bronjong katarik sigra |
manêngah samudra silum |
wus musna tan kawistara ||

53.
Langkung gawok kang ningali |
Ki Tumênggung Wiraguna |
dadya ririh pangucape |
lah sun-sêngguh iku baya |
wus uliya sanyata |
de lêgawa nandhang kukum |
lir Pangran Panggung ing kuna ||

54.
Lêgawa alêbu gêni |
nanging tan bisa tumama |
rahayu jro pawaka-ne |
sinambi angarang sêt |
Suluk Malang-sumirang |
dene Mongraga puniku |
mina katubing samudra ||

Jilid 10 - Kaca : 225

55.
Tan antara kapiyarsi |
uluk salam ngantariksa |
dhuh salam-malaekume |
Ki Tumênggung Wiraguna |
gugup mangsuli sigra |
wasalamu alaekum |
mangkana ujaring swara ||

56.
Dhuh Wiraguna Kiyai |
aturna bêkti-kawula |
maring (n)Jêng Sultan ing mangke |
karsane Nata sadaya |
wus sami kalaksanan |
kasambadan karsaningsun |
waluwa saking ing dunya ||

57.
Eram sagung kang miyarsi |
èsmu atis ing wardaya |
dadya wangsul age-age |
katungka ing tibanira |
bronjong kothong binuwang |
maring kisma dening alun |
tuhu wus gambuhing janma ||

636 Gambuh

1.
Mangkana kang cinatur |
Jamal Jamil dènnira tutpungkur |
sisingitan lampahira praptèng gisik |
wikan sakèh kang tinutur |
dupi mêsat ingkang bronjong ||

2.
Kumêlap manahipun |
ingkang bronjong mangidul ngalangut |
nèng têlênging samudra datan kaèksi |
gidhuh ing tyas tanpa sêgu |
wong ro anggung dhêlog-dhêlog ||

3.
Dupi caraka mungkur |
pagisikan asêpi asamun |
mung swaraning tirta samudra kumrisik |
miwah ngin-angin krumusuk |
tan ana sabawaning wong ||

4.
Jamal Jamil ing kalbu |
jrih wangsula mring masjiding dangu |
ciptanira arsa sung wikan Ki Bayi |
Panurta lan garwanipun |
Ni Tambangraras sang sinom ||

5.
Sigra dènnya lumaku |
nasak wana mangaler wus laju |
sisiliban anut palunguran ardi |
datan anurut marga gung |
wus anjog desa Badhoyo ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (22) Kaca 212 - 218
  • (24) Kaca 226 - 228 >