Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02a) Kaca 05 – 13

 

( Ki Kudasrênggara ing Panataran utusan nglamar
Nikèn Tambangraras )

11

2. Ki Kudasrênggara ing Panataran utusan nglamar Nikèn Tambangraras badhe kajodhokakên kalihan adhinipun wasta Ki Sawojajar. Utusan mbêkta raja-kaya pitik-iwèn kathah sangêt, ewadene panglamaripun katampik jalaran Nikèn Tambangraras botên kêrsa emah-emah. Ki Kudasrênggara duka, lajêng badhe utusan mêjahi Ki Bayi Panurta, nanging sagêd kasabarakên.

Kaprayogèkakên damêl gambaripun Ki Sawojajar, lajêng kalêbêtna kanthi lampah sandi dhatêng Wanamarta saengga Nikèn Tambangraras sagêd nyumêrapi gambar wau. Gambar kadamêl dening juru sungging turun jaman Majapahit, Ki Dewangga. Utusan durjana Ranggajanur tuwin Gagakrimang sagêd lumêbêt ing dalêmipun Nikèn Tambangraras, nanging sarêng nyumêrapi rupinipun sang Nikèn, Ki Ranggajanur salin salaga, têmahan gandrung kapirangu. Sarêng jumangkah badhe mondhong sang wulanjar, dumadakan dhawah kantaka. Sasampunipun tobat, lajêng kaparingan ganjaran, wêkasan sami wangsul dhatêng Panataran.


 

Kaca 05 - 13

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 5

639 Sinom

24.
Ngandika Kudasrênggara |
agawe wirang sirèki |
iya marang awak-ingsun |
katon yèn nistha wak-mami |
sira wus gêdhe yayi |
katon yèn ora na ayun |
ingsun sinêbut nistha |
marang angganira yayi |
trêsnaningsun mring sira kaliwat-liwat ||

25.
Ki Sawojajar karuna |
pinêksa dènnira krami |
marang Ki Kudasrênggara |
dahat tan arsa akrami |
milane kinèn krami |
ming sira sadulur-ingsun |
yata Ki Sawojajar |
tumungkul asêmu isin |
Sawojajar sakêdhap pan ora ngucap ||

26.
Mênêng wêkasan ngandika |
Ki Sawojajar aririh |
inggih ing atur-kawula |
yèn sampeyan paksa krami |
kawula nyuwun pamit |
arsa andon angêlangut |
kumêmbêng ingkang raka |
waspanira adrês mijil |
ipe kalih asru dènnira karuna ||

27.
Ni Puspita (n)jrit kalara |
angrangkul marang kang rayi |
tolèhên ta kadangira |
aja lunga sira yayi |
tan wande kari brangti |
kabèh sanakira iku |
magêrsarine myarsa |
samya rawuh jalu èstri |
jêjêl anèng pandhapa samya ngrêrêpa ||

28.
Kaumira sami prapta |
Ki Nuriman Basarodin |
Ki Salèh lawan Ki Jamal |
Ki Mukim lan Talabodin |
Pangulu para kêtib |
modin marbot samya ngêjum |
mantri andhar ing latar |
santri pangumbaran prapti |
jêjêl ingkang atinjo Ki Sawojajar ||

29.
Panyanane kang tan myarsa |
anangisi wong ngêmasi |
mila ya tinjo sadaya |
arsa nyalatakên sami |
Ki Budiman Sêmbagi |
pra samya prapta sadarum |
Ki Budiman kang tuwa |
Ki Sêmbagi ingkang rayi |
kang puputra awasta Menak Pradêksa ||

30.
Ing mangke sampun pralena |
iku kakang kang sayêkti |
Pasagi lan Ki Budiman |
titilare Ki Pasagi |
putra jalu kakalih |
Kudasrênggara kang sêpuh |
ari Ki Sawojajar |
Ki Pradêksa asisiwi |
jalu karo samya brangti ing Pangeran ||

31.
Ki Budiman kang atuwa |
kang anom Kyai Sêmbagi |
kaprênah sanaking sanak |
lan Kudasrênggara nênggih |
tata sami alinggih |
Ki Budiman aris muwus |
inggih wontên punapa |
puniki sami anangis |
lon ngandika Kiyai Kudasrênggara ||

Jilid 11 - Kaca : 6

32.
Rayi-dika Sawojajar |
kêdah lunga andon wngit |
milane ta jinaganan |
marang kadangira sami |
ana ingkang anangis |
ana kang lagya angungrum |
punika arsa kesah |
kinèn krami datan apti |
datan kêna ginawe rahayu uga ||

33.
Ki Budiman aris ngucap |
(m)bok sakoluripun ugi |
mangsa kenginga pinêksa |
yèn dèrèng pasthi asulit |
pintên banggi ing benjing |
yèn wontêna jodhonipun |
inggih ing benjang-benjang |
lamun wontên ingkang sudi |
mangsa inggih botên lalawan-lawunna ||

34.
Inggih lêrês sabdanira |
Ki Sêmbagi anambungi |
kawula wingi tamuwan |
sanak santri mung kakalih |
saking Wanamartèki |
awèh warta marang ingsun |
yèn Ki Sèh Amongraga |
rabine dadi randha di |
kang puputra Kiyai Bayi Panurta ||

35.
Awasta Ni Tambangraras |
ayune tan na tumandhing |
pan dadi wulanjar sêkar |
Ki Sèh Amongraga mangkin |
ing warta wus ngêmasi |
linabuh ing samodra gung |
dosanipun amiyak |
tatèdhèngira sang aji |
Tambangraras tinilar angguladrawa ||

640 Dhandhanggula

1.
Apan kawula sampun udani |
langkung prayoga warna sêmbada |
tuhu pinunjul warnane |
Ki Budiman amuwus |
apan inggih ingsun-udani |
duk timure kang warna |
tuhu yèn pinunjul |
kang anama Tambangraras |
Wanamarta Panurta ingkang sisiwi |
atmajèstri pangarsa ||

2.
Inggih langkung panuju wak-mami |
yèn nyata lêgan Nyi Tambangraras |
santri kakalih wartine |
kala panglamaripun |
pan ki santri ingkang udani |
nging tan ana katampan |
Ki Budiman nêmbung |
kapangku lan ariningwang |
Sawojajar sêmbada anèm apêkik |
Ni Tambangraras endah ||

Jilid 11 - Kaca : 7

3.
Ki Mesangrênggara lingira ris |
adhuh yayi kaya ngapa sira |
yèn pêthuk sun dhatêngane |
nuli sun lamar iku |
anakipun Ki Panurtèki |
Ki Sawojajar ngucap |
manawa wak-ingsun |
katampana anglalamar |
sakalangkung inggih prayogi ing galih |
yèn tinampik mêmirang ||

4.
Mupung durung sampun têmah isin |
kula lamun tinampik wanita |
wirang ingsun satêmêne |
luhung kawula lampus |
Ki Srênggara wacana aris |
wus jamake wong lanang |
andhodhoga pintu |
yèn marêngi dhaupira |
Ki Budiman wacana sun durung myarsi |
wanita nampik sira ||

5.
Iya apa ingkang dadi ciri |
sira iku tinampik wanita |
wong pêkik tan na cacade |
dhasar bagus sirèku |
ibadahe datan asêpi |
limpat liring kawignyan |
sujana kawêngku |
bandhu asugih santana |
Sawojajar apa ta cacadirèki |
babo nuli krama-a ||

6.
Kudasrênggara ngandika malih |
amung sira prayogane kakang |
marêka dhatêng ramane |
dhasar kadange sêpuh |
mung andika langkung prayogi |
(m)bokmênawa tinampan |
aturira iku |
atur pakathik punika |
botên nêdya babesanan ingsun iki |
mring Ki Bayi Panurta ||

7.
Ingsun ngaturi uwos sakêdhik |
mung sakoyan pratandha kewala |
iya dadiya têngêre |
lan kêbo sèkêt iku |
kawandasa ingkang kêbiri |
sapi salawe kakang |
bèbèk ayam iku |
tan kaetung kathahipun |
kang awarni êmas amung kalih kati |
kalawan sèwu reyal ||

8.
Gya umangkat Budiman Sêmbagi |
dhatêng wismane Kyai Panurta |
(m)bêkta sakawan santrine |
tan kawarna ing ênu |
sipêng marga mung kalih ratri |
nèng marga gya kapapag |
wong andhangir jagung |
Budiman aris atanya |
samya andhèr rewange samya alinggih |
anèng têpining têgal ||

9.
Pundi margane inggih kiyai |
ingkang dhatêng dhukuh Wanamarta |
sung salam ingkang tinakèn |
pundi wismanirèku |
jêngandika kiyai |
Ki Budiman angucap |
inggih wismaningsun |
kang aran ing Panataran |
arsa dhatêng ing Wanamarta sun iki |
dinuta lampah-ingwang ||

Jilid 11 - Kaca : 8

10.
Ki Budiman nulya takèn malih |
pundi margane kang warata |
umatur ingkang tinakèn |
sintên ingkang jinujug |
inggih dhatêng Wanamartèki |
Ki Sêmbagi angucap |
ingkang kula jujug |
Kiyai Bayi Panurta |
nabda aris ingkang sami adhadhangir |
mangsa dèn-panggihana ||

11.
Ki Panurta ing mangke puniki |
lagya katamuwan wong anglamar |
nanging tinampikan kabèh |
mila tinampik iku |
Ki Panurta lagya prihatin |
ingkang dadya sungkawa |
nênggih mantunipun |
kang aran Sèh Amongraga |
(ng)gih punika samangke sampun ngêmasi |
mila dadya sungkawa ||

12.
Ki Budiman asru dènnira ngling |
tinakonan (n)dadak ngandhar-andhar |
kaya wong (n)dongèng basane |
darma ingong ingutus |
wirang isin ingsun-lampahi |
sira tinakèn marga |
(n)dadak anyalêbung |
aglis dènnya tuduh marga |
(ng)gih puniki mêdal dhukuh kidul mangkin |
ngilèn (n)jog Wanamarta ||

13.
Ki Budiman lan ari Sêmbagi |
nulya mangkat santrine tut-wuntat |
nèng marga alon lampahe |
ing marga tan winuwus |
lampahira Kyai Sêmbagi |
prapta ing Wanamarta |
kandhêg (n)jawi pintu |
tamune alunga têka |
Ki Panurta kêsêl anampik têtami |
alunga tamu nglamar ||

14.
Ki Budiman lawan Ki Sêmbagi |
mangu-mangu nèng kori kewala |
amikir jroning driyane |
Ki Sêmbagi amuwus |
inggih kakang ta kadipundi |
lêrês tuturing tiyang |
kang (n)dhadhangir jagung |
têmên dènnya awawarta |
nora sisip kalamun akèh têtami |
lunga têka kang nglamar ||

15.
Kakang suwawi lah dawêg mulih |
mangsa iya sun karawatana |
kaya mangkene pêthane |
Ki Budiman amuwus |
yèn mundura pasthi sun-isin |
ingsun lagya dinuta |
yèn muliha ingsun |
kaya ngapa saur-ingwang |
yèn tinakèn marang kang kongkon ing mami |
kaya pa sauringwang ||

Jilid 11 - Kaca : 9

16.
Tan adangu santri Luci prapti |
andheprok nèng ing têpining lawang |
kagèt dènnira atakèn |
ing pundi wismanipun |
Kiyai Bagus kang lagi prapti |
Ki Budiman ris mojar |
têbih wismaningsun |
kang wasta ing Panataran |
santri Luci angling sintên kang wawangi |
manira Ki Budiman ||

17.
Mila kula umarêk mariki |
maring Kiyai Bayi Panurta |
kula ingutus wiyose |
lah jêngandika matur |
glis lumampah Ki santri Luci |
angaturi uninga |
yèn wontên tatamu |
sapraptanira ing ngarsa |
matur alon punika wontên têtami |
saking ing Panataran ||

18.
Arsa marêk sampeyan Kiyai |
kathahipun amung tiyang sapta |
Bayi Panurta sru kagèt |
kumênyut driyanipun |
Ki Panurta lingira aris |
lah padha undangana |
dèn aglis lumêbu |
Ki santri Luci gya mêdal |
praptèng jawi Ki Luci ngaturi aris |
dawêg bagus katuran ||

19.
Ki Budiman lumampah agipih |
praptèng ngarsa nulya uluk salam |
Ki Bayi Panurta age |
nauri salamipun |
nulya tata sami alinggih |
Ki Panurta tatanya |
pundi wismanipun |
lan sintên wasta andika |
Ki Budiman alon ature aririh |
kawula Panataran ||

20.
Inggih lampah kawula puniki |
ingutus marang adhi Srênggara |
inggih yèn parêng rêmbage |
ngaturkên arinipun |
ing sampeyan arsa makathik |
kang aran Sawojajar |
ingkang asusunu |
Ki Pasagi arannira |
ing mangke Ki Pasagi sampun alalis |
puputra Sawojajar ||

21.
Yèn marêngi ing galih |
putra sampeyan Ni Tambangraras |
suwawi pinanggihake |
Ki Panurta amuwus |
iya liwat panrima mami |
nanging Ni Tambangraras |
akrama tan ayun |
witing ingsun iki uga |
liwat têmên (ng)gon-ingsun amituturi |
sun kèn krama tan arsa ||

22.
Iaya lêga-atiningsun iki |
nanging poyanna ring arinira |
mring ki Bayi Srênggarane |
yèn Tambangraras iku |
datan arsa krama tumuli |
nanging dèn-antèkêna |
sabarna ing kayun |
ing mangke tan arsa krama |
Ki Budiman sasampunira winêling |
undure palasaran ||

Jilid 11 - Kaca : 10

23.
Lampahira wus prapta ing (n)jawi |
tan winarna lampahnya ing marga |
wong pipitu rèntèng-rèntèng |
lampahira sinêru |
aglis prapta wismanirèki |
inggih ing Panataran |
gantya kang winuwus |
wau Ki Kudasrênggara |
lagya lênggah lawan garwane kakalih |
katiga Sawojajar ||

24.
Kasaru ingkang dinuta prapti |
Ki Sêmbagi lawan Ki Budiman |
Ki Mesasrênggara kagèt |
yèn kakangira rawuh |
gupuh-gupuh Srênggara angling |
lênggah ing ngriki kakang |
lèrènna rawuhmu |
ing mangke (n)dika wawarta |
yèn wus aso sami dhadharan rumiyin |
lan sanak-sanakira ||

25.
Sawusira dhadharan pra sami |
Kudasrênggara aris tatanya |
kadospundi ing lampahe |
angsal lan botênipun |
(n)dika pajar ingkang sayêkti |
Ki Budiman apajar |
yayi sampun tutuk |
padhusunan Wanamarta |
kang kekasih Ki Bayi Panurta yayi |
nuntên kula tinakyan ||

26.
Apa karsanira ingkang gati |
Ki Budiman marang wismaningwang |
apa ta ana karyane |
Ki Budiman amuwus |
lampah kula ingutus nênggih |
dhatêng Kudasrênggara |
ngêsrahkên rinipun |
makathik dhatêng sampeyan |
manakawan inggih kalamun prayogi |
kang wasta Sawojajar ||

27.
Andikane Ki Panurta Bayi |
iya bênêr iku karsanira |
ingsun iki (n)jurungake |
yèn jodhowa puniku |
nanging mangke Ni Tambangrêsmi |
datan arsa akrama |
sun-tari tan ayun |
Ki Budiman wus muliha |
aja sira suwe-suwe anèng ngriki |
apa ta gawenira ||

28.
Mung punika atur-kula yayi |
atur-kula mring Bayi Panurta |
Kudasrênggara sru kagèt |
kakang amung puniku |
andikane Ki Panurtèki |
iya ta bêcik mana |
wuwuse puniku |
iya ta padu punapa |
Ki Panurta ala ragane anampik |
sayêkti wani ingwang ||

Jilid 11 - Kaca : 11

29.
Ki Sawojajar sumambung aris |
ujar punapa puniku kakang |
mangsa adoha sebate |
kula rumiyin matur |
ing sampeyan yèn dipun-tampik |
wêkasan kawirangan |
luhung ingsun lampus |
Ki Mesasrênggara wêlas |
waspa mijil lan ningali ingkang rayi |
ne anggung mimirang ||

30.
Kudasrênggara anglir sinêbit |
talingane sakêdhap bramantya |
eling têdhak prajurite |
ngadêg suraning napsu |
wacanane asêmu runtik |
sêdhêng dèn-èmêngêna |
kang kaya wakingsun |
Cili kêbat kongkonana |
si Gunarsa Cili iya dèn-agêlis |
Puspita gya lumampah ||

31.
Lampahira sapraptaning (n)jawi |
Ki Gunarsa andika ngandikan |
Gunarsa kêbat tandange |
anyandhak wastra gupuh |
nyamping cangkring pinarada sri |
lus rêmbuti sabuknya |
dinulu apatut |
Ki Gunarsa awiraga |
nyothi dhuwung tinatah tinaturanggi |
rasukan cawên-indah ||

32.
Tasbèhira sinampirkên kêris |
dhêstar cawêni wungu gya mangkat |
sarwi anginang lampahe |
sapraptaning ing ngriku |
Ki Srênggara ngandika aris |
ing kene alinggiha |
dèn-parêk ing ngriku |
Gunarsa mila sun-undang |
ingsun duta maranga ing Wanagiri |
dèn kêbat lampahira ||

33.
Lah undangên Ranggajanur aglis |
lawan arine si Gagakrimang |
mangkata nuli dèn age |
kagawa-a lakumu |
nuli lèngsèr Gunarsa mijil |
enggaling lampahira |
Gunarsa wus rawuh |
ing wismane Gagakrimang |
Ranggajanur nulya angaturi linggih |
mring duta Ki Gunarsa ||

34.
Ranggajanur kang dipun-wismani |
salêbête ing wana kewala |
dhudhukuh asri wismane |
duta Gunarsa matur |
milanipun kawula prapti |
dhumatêng ing sampeyan |
kawula ingutus |
dhatêng Ki Kudasrênggara |
kula kinèn ngaturi dhatêng Kiyai |
marang ing Panataran ||

Jilid 11 - Kaca : 12

35.
Ranggajajar angandika aris |
apa gawene sun tinimbalan |
Gunarsa alon sabdane |
wontên karyane agung |
milanipun dipun-aturi |
Gagakrimang gya mangkat |
lan Ki Ranggajanur |
ing ênu datan winarna |
lampahira tan adangu nulya prapti |
nênggih ing Panataran ||

36.
Ranggajanur sapraptanirèki |
Kudasrênggara kapanggih lênggah |
anèng wisma sakarongron |
praptane Ranggajanur |
lawan Gagakrimang kang prapti |
nulya ngaturan lênggah |
Kyai Ranggajanur |
sawusira tata lênggah |
nulya mundhut dhadharan marang kang rayi |
nulya sami dhadharan ||

37.
Sawusira dhadharan pra sami |
Ki Kudasrênggara nulya mojar |
marang kang rayi kalihe |
milane ya sirèku |
sun-kongkoni padha mariki |
sun-jaluk karyanira |
yayi aja masgul |
maringa ing Wanamarta |
cidranana kang aran Ki Panurtèki |
poma dèn kongsi pêjah ||

38.
Yèn wus pêjah Bayi Panurtèki |
nuli anake sira gawa-a |
Ni Tambangraras aranne |
Gagakrimang sru muwus |
(ng)gih sandika kula nglampahi |
sampun walangdriya |
kula kang angamuk |
santana ing Wanamarta |
yèn wus pêjah kang aran Ki Panurtèki |
Tambangraras sun-gawa ||

39.
Ranggajanur sru dènnya nabda ris |
Gagakrimang sirèku wong lancang |
durung wruh mula bikane |
gampang wong goprak-gapruk |
mêngko takon warta rumiyin |
Ranggajanur tatanya |
ing prakawisipun |
punapa ta dosa pêjah |
Ki Panurta yèn wus pasthi dosa pati |
kantênane ing lampah ||

40.
Kudasrênggara wêkasan angling |
iya apa ora gêlêm sira |
dene akèh babasane |
yèn mêngkono sirèku |
ingsun dhewe lumaku yayi |
ora idhêp sun pêjah |
sun dhewe lumaku |
nora kudu anyênyambat |
lara wirang ingsun dhewe kang nglakoni |
yèn sira tan lumampah ||

41.
Ranggajanur sumaur aririh |
inggih kakang kawula lumampah |
wadon Puspita nulya ge |
(dènnya) lungguh tumurun |
ingkang sêdya dipun-paranni |
sanake kadang tuwa |
lan Srênggara iku |
wastanira Ki Dewangga |
inggih tiyang pinangkane Maospait |
maksih nom Ki Dewangga ||

Jilid 11 - Kaca : 13

641 Sinom

1.
Mangkana Kyai Dewangga |
awit sungging adi luwih |
kala alam Brawijaya |
punika dadya pênnyungging |
Puspita angling aris |
(n)dika ingaturan gupuh |
dhatêng ing Panataran |
wontên karyane kang yêkti |
angrèhêna warêngkênging pun Srênggara ||

2.
Warêngkênging putra (n)dika |
tan wontên yogyane malih |
ingkang amituturana |
Ki Dewangga angling aris |
tan kêna tinuturi |
lakimu tan kêna mundur |
karsanipun amêksa |
mêjahi Ki Panurtèki |
ingsun tutur wanti-wanti tan ginêga ||

3.
Sinèlèhakên samana |
wau dènnira nunungging |
nulya dandan Ki Dewangga |
rampung anulya lumaris |
wus lumêbêt ing kori |
kang linggih padha tumurun |
praptane Ki Dewangga |
piyak sami asung margi |
Ki Srênggara nuruti samya alênggah ||

4.
Pêpêk sanak pra sêntana |
Ki Dewangga aningali |
Ranggajanur Gagakrimang |
sêmune sampun andugi |
Ki Dewangga lingnya ris |
ingkang sinungan sabda rum |
Cili Kudasrênggara |
dene arinira kalih |
enjang parannya padha sira ingundang ||

5.
Ingsun batang karsanira |
baya ta arsa mêjahi |
marang Ki Bayi Panurta |
ingsun wong tuwanirèki |
yoga amituturi |
tuwa duwèke pitutur |
bapa Cili Srênggara |
bèbètira wong abêcik |
têka arsa nuruti ati gêmbira ||

6.
Sira lintang paripêksa |
dènnira arsa mêjahi |
marang Ki Bayi Panurta |
apa iku dosa pati |
pan ora dosa pati |
dosa wirang iku dudu |
sanadyan babo sira |
aduweya putra putri |
wus diwasa paran dènnya pari pêksa ||

7.
Lawan ingsun amiyarsa |
ramanira Ki Pêsagi |
tunggal guru lan Panurta |
ing mangke sêdyanirèki |
sêdyanira nyidrani |
apa ta kang sira têmu |
tumuli Ki Srênggara |
mênêng awêkasan angling |
kadya paran bapa karsa pakênira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01) Kaca 01 – 04
  • (02b) Kaca 14 – 24 >