Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (02b) Kaca 14 – 24

 

( Ki Kudasrênggara ing Panataran utusan

nglamar Nikèn Tambangraras )

11

2. Ki Kudasrênggara ing Panataran utusan nglamar Nikèn Tambangraras badhe kajodhokakên kalihan adhinipun wasta Ki Sawojajar. Utusan mbêkta raja-kaya pitik-iwèn kathah sangêt, ewadene panglamaripun katampik jalaran Nikèn Tambangraras botên kêrsa emah-emah. Ki Kudasrênggara duka, lajêng badhe utusan mêjahi Ki Bayi Panurta, nanging sagêd kasabarakên.

Kaprayogèkakên damêl gambaripun Ki Sawojajar, lajêng kalêbêtna kanthi lampah sandi dhatêng Wanamarta saengga Nikèn Tambangraras sagêd nyumêrapi gambar wau. Gambar kadamêl dening juru sungging turun jaman Majapahit, Ki Dewangga. Utusan durjana Ranggajanur tuwin Gagakrimang sagêd lumêbêt ing dalêmipun Nikèn Tambangraras, nanging sarêng nyumêrapi rupinipun sang Nikèn, Ki Ranggajanur salin salaga, têmahan gandrung kapirangu. Sarêng jumangkah badhe mondhong sang wulanjar, dumadakan dhawah kantaka. Sasampunipun tobat, lajêng kaparingan ganjaran, wêkasan sami wangsul dhatêng Panataran.


 

Kaca 14 - 24

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 14

641 Sinom

8.
Ki Dewangga aris mojar |
yèn anrima marang mami |
ywa kandhêg sawang-sawangan |
Ni Tambangraras puniki |
apan durung udani |
ing warnane anakingsun |
Ki Jaka Sawojajar |
maksih ujaring pawarti |
karsaningsun ing mangke akarya gambar ||

9.
Dene ingkang ngatêrêna |
iya arinira kalih |
Ranggajanur Gagakrimang |
alampah andhustha sandi |
anukma-a ing ratri |
gambar iki dipun-katur |
marang Ni Tambangraras |
iya karuhane benjing |
Tambangraras yèn wus uninga ing gambar ||

10.
Toggên karsanira pisan |
yèn arsa tawa anampik |
jatmikane Tambangraras |
lah priksanên dipun aglis |
lakuwa maling sakti |
anakingsun Ranggajanur |
lamun si Gagakrimang |
Ki Srênggara amanthuki |
pawong sanak sadaya (n)jurungi karsa ||

11.
Anulya mundhut dalancang |
Ki Dewangga angling aris |
lah ta sira parannana |
dandananingsun anyungging |
aglis dènnya maranni |
tan adangu nulya rawuh |
saksana linêkasan |
akarya gambar apêkik |
nora loro kalawan Ki Sawojajar ||

12.
Kadi bisa-a angucap |
saking prawignyaning sungging |
gambare Ki Sawojajar |
sênênnira anêlahi |
gawoke kang ningali |
dene tunggil warninipun |
lawan Ki Sawojajar |
pasêmonne angêntèni |
bagusipun tan ana kang tumandhinga ||

13.
Liringe gambar rinêngga |
kasmaran ingkang ningali |
anulya sungging Dewangga |
amundhut kalam lan mangsi |
saksana dipun-tulis |
wontên dene ungêlipun |
atur ujaring gambar |
kawula sêdya angabdi |
Sawojajar jajaka ing Panataran ||

14.
Wiyose amanakawan |
lamun kanggo andadasih |
mring sang ayu Tambangraras |
ngaturakên pati urip |
dhumatêng sang lir Ratih |
anjalma-a kaping sèwu |
ingsun kawulakêna |
tan adarbe tingal kalih |
(ng)gèn angabdi amung nini Tambangraras ||

15.
Kae Dewangga lingira |
lah nyawa gambar wus dadi |
Ranggajanur tampannana |
gambar gawanên di-bêcik |
anulya dèn-tampani |
mring Kiyai Ranggajanur |
Ki Dewangga lingira |
poma dèn-angati-ati |
kawruhana wantune wong Wanamarta ||

Jilid 11 - Kaca : 15

16.
Antigan sapatarangan |
sarêng rêmuk wus prajanji |
akanthi bau sêntana |
Ranggajanur saurnya ris |
inggih ta pintên banggi |
siyang dalune kasuwun |
sawab barkat wong tuwa |
yèn taksih rinêksèng Widdhi |
sapa sintên papan ingkang angrusaka ||

17.
Ranggajanur Gagakrimang |
wuwuse anuwun pamit |
marang Ki Kudasrênggara |
kula sampeyan lilani |
Ki Srênggara lingnya ris |
iya karo riningsun |
panggiha kang sinêdya |
dinulurana karsèki |
Ranggajanur nuwun lèngsèr sing ngajêngan ||

18.
Wus mêdal jawining lawang |
lêstari lampahira ris |
arine tansah tut-wuntat |
lampahe datan anolih |
datan lèrèn ing margi |
tumurun jurang atêrjung |
narajang wana pringga |
Panataran wus kawingking |
Ranggajanur angucap ring arinira ||

19.
Lah ta paran karsanira |
hèh iya manira ari |
apa nuli ambanjura |
marang Wanamarta nuli |
ewuh manahirèki |
Gagakrimang lon amuwus |
kakang awak-kawula |
dhumatênga lara pati |
inggih anut karsa andika kewala ||

20.
Ki Ranggajanur angucap |
sun angrungu ngarga Wilis |
yayi ana wong atapa |
misuwur wus dibya luwih |
iku sun sêdya dhingin |
sun aminta aminipun |
sanajan nrang babaya |
antuka idining tapi |
amrih sawab barkate wong mara-tapa ||

21.
Angucap Ki Gagakrimang |
inggih alêrês suwawi |
saksana minggah ing arga |
lampahira nut iringing |
jurang parang atrêbis |
ayom kaoban kukuwut |
sumêngka lampahira |
angambah parang arumpil |
dyan kawarna sira sang amangun tapa ||

22.
Pan tilasing wong awirya |
kang palênggah ardi Wilis |
sawêg angsal tigang warsa |
lamine dènnya palinggih |
têtêpe pangabêkti |
[---] |
atilar kawibawan |
anambang dhahar lan guling |
sakalang dènnira manting sarira ||

Jilid 11 - Kaca : 16

23.
Kakasih Gêdhongwacana |
sabate rare kakalih |
Ki Sabar lan Ki Darana |
punika kang angladèni |
Gêdhongwacana nênggih |
wus lali ing mangan turu |
karêm ing sipatolah |
ngèlmu rumêsêping batin |
siyang dalu sumarah sapakèning Hyang ||

24.
Mangkana sang apratapa |
dènnira ngandika aris |
Kae Sabar Ki Darana |
sira tatêbaha panti |
lan gêlarana lampit |
iki mêngko ana tamu |
rare ing Panataran |
roro sanak kakang adhi |
sabatira akêbat lir paksi nila ||

642 Dhandhanggula

1.
Tan adangu Ranggajanur prapti |
ingacaran dening sang atapa |
payo linggiha ing kene |
Ranggajanur tumanduk |
Gagakrimang samya tur bêkti |
sang atapa ngandika |
babo anakingsun |
lah padha sira linggiha |
awotsari saksana sami alinggih |
ngarsane sang atapa ||

2.
Sang awiku mangkya ngandika ris |
lah ing ngêndi kaki wismanira |
myang ngarsa paran sêdyane |
Ki Ranggajanur matur |
mangsa borong sang apalinggih |
angling Gêdhongwacana |
iya ingsun wêruh |
sira rare Panataran |
ingkang aran iya dhukuh Wanagiri |
iku pa wismanira ||

3.
Yata kadya konjêma ing siti |
Ranggajanur lawan Gagakrimang |
anulya nuhun ature |
kalangkung ajrihipun |
duk samana micarèng ati |
dene luwih waspada |
tingale sang wiku |
saosiking parimana |
kinawruhan tuhu pandhita linuwih |
mupakat karsaning Hyang ||

4.
Gêdhongwacana angandika aris || sira kaki munggah ing aldaka |
kinongkon dening kadange |
anêdha amin mring sun |
Ranggajanur matur wotsari |
inggih pan kalêrêsan |
panyêtha sang wiku |
Gêdhongwacana lingira |
angamini marang sira ingsun iki |
sêdyanira kang harja ||

Jilid 11 - Kaca : 17

5.
Sêdyanira ingkang nora bêcik |
ingsun ora ngamini mring sira |
atobata sadurunge |
kaya sira ingutus |
Ki Srênggara kinèn matèni |
marang Bayi Panurta |
iku dudu laku |
ana-dene Ki Dewangga |
anggawani gambar Sawojajar pêkik |
kinèn angaturêna ||

6.
Marang Nikèn Tambangraras nênggih |
iya sira têka aturêna |
sawab sira wong kinongkon |
nanging ta wêkasingsun |
marang sira dèn-ngati-ati |
coba rêncananing Hyang |
èstri ingkang ayu |
polahira kawruhana |
yèn sisipa dadalaning lara pati |
iku dèn-aprayitna ||

7.
Pan sadalu dènnya mituturi |
sang atapa marang Gagakrimang |
atanapi mring kadange |
kang aran Ranggajanur |
kawarna-a nalika enjing |
sang wiku nulya ngatag |
mangkat mupung esuk |
Ranggajanur Gagakrimang |
atur sêmbah kawula anuwun pamit |
lèngsèr saking ngajêngan ||

8.
Aris tumurun saking arga writ |
sampun anjog saking wana sraya |
tumurun ing jurang rèjèng |
ingkang saya anglangut |
anut iring-iringing wukir |
wayahira wus Ngasar |
mêndhungnya tumiyung |
guruh ing cala kumêlap |
aliwêran ing tawang kang lidhah thathit |
maring kang wau mara ||

9.
Sang Hyang Arka nitih anèng ardi |
umung swaraning pêksi wurahan |
cugarèrètnong arame |
walangkrèk munya umung |
pêksi jabêl akèh kang muni |
kèkèt jalak wurahan |
rêbutan (ng)gyan turu |
ethe-ethene barungan |
Ranggajanur Gagakrimang amiranti |
nirmalanning drigama ||

10.
Wus sumurup Hyang Pradanggapati |
surêm tejaning kang wawayangan |
angkup-angkupan arame |
guruhing cala asru |
kilat thathit mêndhung nungkêbi |
riris alit tumiba |
surêming sitangsu |
tatêngis têkak sauran |
titikusan kang tuwu bance kokolik |
ing tawang sasauran ||

Jilid 11 - Kaca : 18

11.
Jayèngraga anggraitèng ati |
kadingarèn pêksi awurahan |
baya ana apa kiye |
Ki Luwaran ingutus |
Ki Suwarja warahên aglis |
lan paman Kulawirya |
warahana gupuh |
lan si paman Wiradhustha |
man Panukma padha wangsitana mangkin |
bêngi konên asambang ||

12.
Ing sawêngi mêngko ana maling |
tur aguna kang alampah dhustha |
dèn-angati-ati kabèh |
sakèhing anakingsun |
wawarahana dipun-aririh |
kang wong anom sadaya |
dèn-padha anglumpuk |
nganglanga (n)jabaning karang |
Ki Luwaran mangkat gya ngondhang-ondhangi |
sarupaning sêntana ||

13.
Wus bakda Ngisa wayahing bêngi |
Kulawirya lawan Wiradhustha |
ingkang dados pangajênge |
kang anom-anom kumpul |
gagamane sampun rinakit |
wontên wong tigangdasa |
wau kathahipun |
sami santana sadaya |
wus arakit gagamane saba bêngi |
anut alampah dhustha ||

14.
Adhêsthar wulung samya pinuntir |
anêngên dhuwung anyothe pêdhang |
asta kiwa nyêpêng tamèng |
lêmbing tinêngên sampun |
wênèh waos wêrgu panjalin |
anyangkêlang bêngkolang |
sarta ngandhut watu |
wênèh angagêm gêranggang |
sampun mangkat midêr sajawining kawis |
samya nèm kang ajaga ||

15.
Kulawirya kang dadya titindhih |
Wiradhustha lawan Ki Panamar |
karo dadya pangiride |
tate nalikung pandung |
ijèn bae anyêkêl maling |
milanipun kèringan |
wong durjana takut |
angambah ing Wanamarta |
dene akathah ingkang anunggil kapti |
mila sayut ing karya ||

16.
Ki Mukit lawan Ki Talabbodin |
Ki Sukilan Kaki Pranaita |
wong papat padha rêmbuge |
padha gunêm amuwus |
padha konên olang pisahit(?) |
maling iki (ng)ko kêna |
Ki Mukit sumaur |
padha adhangana wetan |
adhi Talab Pranaita anauri |
lah nêdha barêng mara ||

17.
Wong papat aja pisah lumaris |
tuntun-tinuntun mênèk kasasar |
wong papat samya lamure |
dadya pakaning lêmut |
dadi gawe nora lèh maling |
tuwas sikile babak |
kêrêpe kasandhung |
wong papat ajajagongan |
kawarna-a wau kang alampah maling |
angrampit pakarangan ||

Jilid 11 - Kaca : 19

18.
Ki Suwarja wus angati-ati |
lawan Ki Panukma rewangira |
nganglangi jro bubuhane |
rewange wong sapuluh |
padha rare andêling wèsthi |
samya ngagêm talêmpak |
anyuriga suduk |
midêr angubêngi wisma |
Ki Panurta kagyat mulat ing para ri |
sadhiya sikêp watang ||

19.
Ki Panurta nulya atanya ris |
ana paran para ariningwang |
padha sadhiya tandange |
kaya wong jaga kewuh |
bêngi-bêngi ngagèt-agèti |
apa wartaning (n)jaba |
Ki Suwarja matur |
wontên pajaring kawula |
mangke dalu wontên maling dibya sêkti |
mila sami sadhiya ||

20.
Sêdyaning maling angarah pati |
jêngandika kalawan kawula |
ingkang pinrih mung patine |
Ki Panurta amuwus |
kaya rare para puniki |
kadar rèhing ngagêsang |
yèn kang among tuwuh |
maksih rumêksèng kawula |
sapa ngrusak yèn wus karsaning Hyang Widdhi |
mangsa sun-gumingsira ||

21.
Wis padha muliha sira yayi |
têka padha enak aturuwa |
êmboh sira gatèkake |
ana dene wong iku |
sêdya aniaya ing mami |
mangsa kêna cinêgah |
yèn wus takdiringsun |
patine kinaniaya |
nora bakal ngulati pati punapi |
sahid pêjah utama ||

22.
Padha tinundhung kang para ari |
sabubare mulih sowang-sowang |
wus madya ratri wayahe |
sirêp wong wayahipun |
kênèng bawaning maling sêkti |
sirêp wong Wanamarta |
camera tan (n)jujug |
jalu èstri eca nendra |
têkèng sato kewan turune lir mati |
kêna donga wisaya ||

23.
Ki Panukma ingkang sampun mulih |
lan Suwarja eca samya nendra |
kêpati lan sarowange |
ing wanci lingsir dalu |
têkak têngis akèn nambêri |
bênce kolik liwêran |
maling sêkti rawuh |
angrampit kikising desa |
Gagakrimang kakangira dèn-wangsiti |
kakang aja kagètan ||

Jilid 11 - Kaca : 20

24.
Wontên titiyang tiga ing (n)jawi |
angidêri anut pakarangan |
akathah dèrèng asare |
sumaur Ranggajanur |
mêngko ingsun papagne yayi |
anulya pinaranan |
nging dèrèng katêmu |
warnanên Ki Wiradhustha |
Kulawirya pan amor midêr ing (n)jawi |
mor rare kawandasa ||

25.
Kulawirya rare manthèlangi |
wuragile Ki Bayi Panurta |
rare awrat sasanggane |
manthèlang para suduk |
iya iku kang muragili |
iya Kyai Panurta |
kang pambajêngipun |
panggulune Ki Suwarja |
Ki Panukma punika ingkang sumêndhi |
wuragil Kulawirya ||

26.
Wiradhustha susumbar ngajrihi |
maling iki yèn kapangguhana |
sun-ujane padha ijèn |
Ki Panamar sumaur |
ingsun dhewe ingkang ngêmbari |
angling Ki Kulawirya |
aja guru-guru |
maling iki tan katingal |
pan wus matêng tapane si maling sêkti |
aja para nanantang ||

27.
Mêngko kêrismu dèn-dhèdhèli |
Wiradhustha asru dènnya ngucap |
têka dèn-cacaka bae |
samya rèrèn alungguh |
sabature nèng soring kawis |
lajêng sirêp sadaya |
prapta Ranggajanur |
lan ari Gagakrimang |
Wiradhustha kêrise pinèt rumiyin |
lawan tumbake pisan ||

28.
Babrèngose cinukur sapalih |
alisira sapalih pinaras |
jajènggot cinukur kabèh |
titiyang tigang puluh |
gêgamane wus dèn-ambili |
binongkok tinalènan |
binuwang ing lurung |
sakathahe kang anganglang |
têka eca aturu nèng ngisor kawis |
pan kapati sadaya ||

29.
Ranggajanur ngucap mring kang rayi |
payo yayi aja kalayatan |
sêlak raina wayahe |
Gagakrimang amuwus |
lah kawula kakang rumiyin |
risaksana lumampah |
sapraptaning pintu |
kunci dinamon malêsat |
sampun mênga mangkana tumanduk malih |
rawuh wijil ping tiga ||

30.
Ranggajanur nulya dèn-wangsuli |
dawêg kakang malêbu dèn-enggal |
anulya sarêng lêbune |
ing palataran rawuh |
samya munggèng ing sor kêmuning |
sirêp wong kang sadesa |
tan ana kang sêgu |
Gagakrimang ing lingira |
lah ta kakang andika kari ing ngriki |
kawula kang mariksa ||

Jilid 11 - Kaca : 21

31.
Inggih panggènanipun aguling |
Ni Tambangraras mangke rinarah |
saksana aris lampahe |
Gagakrimang gya rawuh |
ing babatur mêngakkên kori |
pandam pating palêncar |
akathah wong turu |
rare wadon pan agêlar |
pasarayan dinulu pating parêlik |
yayah-rena akathah ||

32.
Kyai Panurta sare ing kanthil |
akaliyan lawan ingkang garwa |
sakeca dènnira sare |
angling Ki Ranggajanur |
payo yayi ngulati malih |
mundur agya lumampah |
lawan arinipun |
ngalèr ngetan lampahira |
Tambangraras sampun awisma pribadi |
tinilar ingkang raka ||

33.
Ki Ranggajanur kandhêg ya dening |
amidhangêtakên wong mamaca |
arum amanis swarane |
lami tinilar kakung |
sang kusuma atinggal guling |
anglipur turida |
mamaca sang ayu |
têmbangira kalalangan |
kang winaca Suluk Adam rancang kawi |
duk nyawa manjing jasat ||

34.
Ranggajanur nulya marêpêki |
minggah babatur èsmu kagiwang |
andingkik alon lakune |
angintip sang rêtna yu |
pasareyanira alinggih |
pan sarwi amacana |
warnane kadulu |
kang anèng sajroning gubah |
dènnya maca sarwi leyangan guguling |
kasênênnan ing pandam ||

35.
Ranggajanur cêngêng dènniya ngintip |
têka kepyan ing purwa duksina |
sampun kagiwang manahe |
lali lamun ingutus |
sang juwita amung nèng ati |
Ranggajanur angucap |
dewa kang sinuwun |
kawulanira aseba |
anuwun sihing gusti kang pindha Ratih |
anuwun pangaksama ||

36.
Ni Tambangraras nggraitèng ati |
iki ta maling ragane baya |
anèng sajawining langse |
garênêge angungum |
baya wong aduwe kapti |
maring sariraningwang |
cuwa manahipun |
mulane alaku dhustha |
yèn sisipa si maling iki matèni |
angling ni Tambangraras ||

Jilid 11 - Kaca : 22

37.
Lah ing ngêndi omahira maling |
lawan sapa rannira ki dhustha |
sumaur ingkang tinakèn |
ya ingsun Ranggajanur |
Panataran ingkang nagari |
mênêng Ni Tambangraras |
anggraitèng kalbu |
nora ta lah cobaning Hyang |
akèh têmên kang tumêka awak mami |
muga ta rinêksa-a ||

38.
Gagakrimang asru dènnya angling |
kakang kadipundi karsa (n)dika |
têka anyimpang dadine |
purwa (n)dika ingutus |
awêkasan asalah kapti |
duwe karêp priyangga |
kagiwang ing ayu |
-nipun Nikèn Tambangraras |
lah ta kakang dèn-emut ing rêncananing |
eblis nukmèng wanita ||

39.
Sang juwita amicarèng ati |
maling iki pradondi ing karsa |
Ki Ranggajanur wuwuse |
lah (n)dawêg nimas ayu |
ingsun êmban sang pindha Ratih |
Gagakrimang angucap |
sampun kakang sampun |
asangêt pemut-kawula |
Tambangraras tumungkul waspa drês mijil |
karasa kang anilar ||

40.
Wuwusira sang dyah sêmu tangis |
maling sira yèn amriha dunya |
sira usungana kabèh |
yèn sira amrih lampus |
aja suwe dipun-lêstari |
sira dadiya marga |
matèni maringsun |
iya ki maling aguna |
ingsun uga nora wangwang lara pati |
Ranggajanur angucap ||

41.
Sarwi sabuke dipun uculi |
Tambangraras payo ingsun êmban |
mirah (ng)gèningsun angèngèr |
sampun nyatur kang lampus |
ingsun mirah dadi gêgênti |
ya ingsun Panataran |
aran Ranggajanur |
abagus dhasar prawira |
arsa ngêmban angadêg tiba kabanting |
kongsêp wadanasmara ||

643 Asmaradana

1.
Ki Ranggajanur kabanting |
tibane akulèsèdan |
tanpa bayu sarirane |
saputing tyas tan bisa bah |
arinira sinambat |
yayi tulungana ingsun |
kagyat myarsa Gagakrimang ||

2.
Aglis dènnya amalayoni |
kapanggih akulèsèdan |
aglis dènnya nangèkakên |
Gagakrimang aris ngucap |
tinutuh kakangira |
kakang tan linyok wuwusku |
wau mila sun-wawarah ||

Jilid 11 - Kaca : 23

3.
Ranggajanur ngucap aris |
adhi ingsun patènana |
wus pasthine awakingong |
aja andadawa wirang |
mendah ucaping kathah |
Gagakrimang lon amuwus |
adhuh kakang kadangingwang ||

4.
Paran polahingsun iki |
apisah kalawan sira |
mati wong loro janjine |
lah kakang tuwan tur tobat |
dhatêng Ni Tambangraras |
minta apuranipun |
halat gangsul mring kusuma ||

5.
Sang dyah alon miyak samir |
samya alon atatanya |
pa-gene ta sira kuwe |
mulane ta kalèsèdan |
Ranggajanur lon ngucap |
Ni Tambangraras pukulun |
kula ngaturakên tobat ||

6.
Apura-(n)dika sang Ratih |
dèn akathah dhatêng amba |
adalat lawan gangsule |
nuwun apuntên kawula |
dhumatêng paduka |
atur atobat pakulun |
datan purun amindhowa ||

7.
Tambangraras lingira ris |
alah iya sun-tarima |
tobatira marang ingong |
mandiya ujarmu dhawak |
tan dangu dènnya ngucap |
sakala Ki Ranggajanur |
wus waluya bisa lênggah ||

8.
Sang dyah awacana aris |
aja dadi manahira |
ingsun arsa atatakon |
sapa ingkang angutusa |
marang ing lakunira |
dene maring wismaningsun |
tutura sayêkti sira ||

9.
Ranggajanur turira ris |
kinèngkèn lampah-kawula |
Kudasrênggara wastane |
kang arsa mikramèkêna |
mring ari Sawojajar |
Tambangraras mèsêm muwus |
sapa kang aran Srênggara ||

10.
Ranggajanur matur aris |
wismanipun Panataran |
Ki Sawojajar arine |
kang arsa amanakawan |
maring kusumaningdyah |
kula (m)bêkta gambaripun |
kang aran Ki Sawojajar ||

11.
Winêdalkên kang palupi |
ingaturkên Tambangraras |
yata kang gambar tinampèn |
sarta binabar kang gambar |
wus karsaning Hyang Sukma |
dumadi kang gambaripun |
têka asalin warnanya ||

12.
Sang ayu ngandika aris |
awasêna gambarira |
Ki Ranggajanur sru kagèt |
ningali warnaning gambar |
agêsêng tulisira |
tiningalan têka bawur |
Ni Tambangraras angucap ||

Jilid 11 - Kaca : 24

13.
Gambar apa ya ki maling |
tan karuwan tulisira |
iya iku pratandhane |
yèn kêna musibating Hyang |
yèku adiling Allah |
lah wis muliha dèn-gupuh |
yèn konangan Jayèngraga ||

14.
Sarya angungkapi pêthi |
mêndhêt kampuh lan lancingan |
rasukan lawan artane |
pinaringan kalihdasa |
sarta sabuke pisan |
gya ginanjar ingkang pandung |
kampuhe satunggal sewang ||

15.
Paningsêt cawèni wilis |
taluki rasukanira |
sarya jênar calanane |
lan reyale anyadasa |
ri sampunnya mangkana |
sarêng angrêrêpa matur |
kapundhi sih sang kusuma ||

16.
Sampun anggèr kawula mit |
kantuna suka awirya |
Tambangraras lon wuwuse |
iya padha salamêta |
ing lakunira paman |
nulya lèngsèr awotsantun |
Ranggajanur Gagakrimang ||

17.
Sapraptanira ing (n)jawi |
wayahira bêdhug tiga |
agagancangan ulihe |
dhatêng wismèng Panataran |
ing ênu tan winarna |
lampahe Ki Ranggajanur |
lan ari Ki Gagakrimang ||

18.
Dyan warnanên ingkang kari |
sira Nikèn Tambangraras |
sangsaya sangêt brangtane |
amikir jroning wardaya |
paran wêkasanira |
awèt mangkene wakingsun |
dadi pocapan kewala ||

19.
Yèn sisipa (m)bilaèni |
maring sanak wong atuwa |
angrarèndèng ing wong akèh |
apa kang sun-têmu benjang |
angrurusak wong tuwa |
nora kaya awakingsun |
durung tutug lakon-ingwang ||

20.
Sang dyah alara prihatin |
karaos kang atitilar |
sangsaya putêk manahe |
sira Nikèn Tambangraras |
tansah anggung sungkawa |
alon minggah tilam-santun |
aniba ing pagulingan ||

21.
Sakeca (ng)gènnira guling |
sira Nikèn Tambangraras |
dèn-kapithing gugulinge |
amujung kampuh ajingga |
pinanthêng lir pêdhota |
tan adangu gya tumurun |
sang dyah saking pagulingan ||

22.
Anglir sata amèmèti |
sira Nikèn Tambangraras |
dèn-sawang patilêmane |
lir swargan tiningalan |
tansah dèn-wawas-wawas |
papajangane kumêndhung |
kanginan gandane ngambar ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02a) Kaca 05 – 13
  • (03) Kaca 25 - 38 >