Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 39 - 48

 

( Sual-jawab Cênthini kalihan santri Monthèl )

11

4. Dumados sual-jawab Cênthini kalihan santri Monthèl bab agami, kadosta: Islam lan iman lss, kasambêt sual-jawabipun Nikèn Tambangraras kalihan Sèh Mangunarsa lan Ki Anggungrimang. Sarêng rêmbagipun dumugi bab tokid, Sèh Mangunarsa karaos nunggil-piwulang kalihan Ni Selabrangti, mila lajêng pitakèn, sintên gurunipun. Wangsulanipun Ni Selabrangti gurunipun Sèh Amongraga, ing timuripun asma Jayèngrêsmi, i.p. gurulakinipun ingkang lêlanabrata ngupadosi adinipun nama Jayèngsari lan Rancangkapti, dumugi ing Mataram kadakwa ngrisak sarak lajêng kaukum larung ing samodra kidul. Sèh Mangunarsa sanalika botên sagêd ngucap, wêkasan blaka, bilih Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga) punika kakangipun ingkang dipun-padosi. Sèh Mangunarsa ing ngajêng wasta Jayèngsari, dene adhinipun, Rancangkapti, dados semahipun Anggungrimang.


 

Kaca 39 – 48

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 39

644 Dhandhanggula

38.
Sarwi angangge rasukan |
sinulam sêrban sultani |
sarwi amangku tarêbang |
swarane arum amanis |
kala taksih taruni |
kênya Kadhiri kèh kènyut |
dèn-ênthêt-ênthêt mana |
campur bawur suluknèki |
swaranira anyênyêt arum arênyah ||

39.
Cênthini anggung tighapar |
miyarsa caritanèki |
miwah polahe narêbang |
sadaya gumuyu sami |
tarêbang angrarangin |
apatut lan swaranipun |
Ki Monthèl ngidung agya |
singire Usul ginupit |
tingkahira wong wulu batal lan karam ||

40.
Mangunarsa anarêbang |
swaranira rum amanis |
Ni Selabranta kacaryan |
dènnira amara-tami |
Cênthini dèn-wangsiti |
iya takonana iku |
cobanên patakonan |
Ki Santri Monthèl puniki |
Ni Cênthini aris dènnira tatanya ||

41.
Ki Santri kula tatanya |
maring andika kiyai |
ana pangucap mangkana |
Iman lan Islam kiyai |
kaya pa bedanèki |
yèn tunggila ta puniku |
paran ingaran tunggal |
kang Iman lawan Islami |
bedanipun lan tunggale ucapêna ||

42.
Ki Monthèl alon lingira |
marang Ni (m)bok Selabranti |
lah puniku botên bisa |
kajawi (m)bok Selabranti |
mundur ngisin-isini |
Ni Rubiyah awakingsun |
kula andika wulang |
wong punung atungkul dhangir |
pintên banggi uninga Iman lan Islam ||

43.
Ki Santri Monthèl pinêksa |
kinèn ngucapakên nuli |
bedane Iman lan Islam |
kadipundi rukunèki |
ucapna salah siji |
aja ta kumlamar kayun |
lamun nora wikanna |
nora êsah iku kyai |
nora êsah yèn sira anganggo dhêstar ||

44.
Santri Monthèl aris angucap |
Ni Rubiyah myarsa-mami |
Iman lan Islam bedanya |
anênggih lair lan batin |
Islam puniku lair |
iya Iman batinipun |
malih Cênthini ngucap |
rukunipun kadipundi |
ingkang aran iya Iman lawan Islam ||

45.
Pira kèhe rukunira |
lan têgêse rukun êndi |
Santri Monthèl aris ngucap |
inggih ing pamyarsa-mami |
têgêse rukun singgih |
iya wak-awakan iku |
Iman nênêm prakara |
iku kawruhana ugi |
Islam itu kèhe mung limang prakara ||

Jilid 11 - Kaca : 40

46.
Kang dhingin ngandêl ing Allah |
sipat purba tanpa sami |
kapindho malekatira |
ping tiga kitabirèki |
ping pat utusan nênggih |
lan dina kiyamat besuk |
punika kaping lima |
jangkêpe nênêm prakawis |
untung ala untung bêcik pasthining Hyang ||

47.
Wontên dene rukun Islam |
puniku gangsal prakawis |
sahadad kalih kalimah |
asêmbahyang kaping kalih |
apuwasa kaping tri |
ing wulan Ramêlan iku |
ping sakawane jakat |
jangkêpe gangsal prakawis |
yèn kuwata minggah kaji marang Mêkah ||

48.
Nanging ta pamyarsaningwang |
Ni Rubiyah Selabranti |
salah siji yèn tininggal |
dadi dhêndhaning Hyang Widdhi |
papa ingkang pinanggih |
yèn kalampahan iku |
pan ginanjar dening Hyang |
pan wus ubayaning Widdhi |
mung puniku Ni Rubiyah pamyarsèngwang ||

49.
Cênthini malih atanya |
paran karsane kiyai |
sahadat kalih kalimah |
Ki Monthèl sumaur aris |
sahadat kang kariyin |
anging Allah ingkang Agung |
pindho Nabi Muhammad |
kalane ingutus yayi |
anèksèni marang wong Islam sadaya ||

50.
Mujêmale kaya ngapa |
ingkang aran sadat kalih |
dene kang aran mujêmal |
musapale ingkang pundi |
Ki Monthèl anabda ris |
musapale ta punika |
makripat Tokid Iman |
Islam kang amêngku yayi |
ingkang aran sahadat kalih sarkara ||

646 Dhandhanggula

1.
Ni Cênthini pinardi wangsit |
(m)bok Rubiyah manira atanya |
dusing wong wadon kathahe |
kang pinarlokkên iku |
pira kèhe dusing wong èstri |
ing karan pakênira |
puniku dèn-ketung |
akèh wong kang pêksa bisa |
ting janunup yèn tinari angulati |
dèn-tog akulintiran ||

Jilid 11 - Kaca : 41

2.
Ucapêna rêke kang sayêkti |
manira iki ayun uninga |
kang pinêrlokakên mangke |
yèn ta wêruha iku |
sing karyane nora lêstari |
lir satata sambawa |
polahe wong iku |
kaya martabating nata |
lir maesa sarupa yèn wong liniling |
tan liwat saking kewan ||

3.
Ni Cênthini rêngu anauri |
kae Santri manira miyarsa |
duse wong wadon kathahe |
kang pinarlokkên iku |
pan lêlima rêke wong èstri |
kakalihing wong lanang |
puniku kang pêrlu |
kayapa ing pakênira |
Kaki Monthèl wusira amrih asinggih |
lah iku ucapêna ||

4.
Kang kariyin kèl araning iki |
ping kalihe yèn adus jinabad |
wiladah kaping tigane |
nipas kaping patipun |
ping limane rêke yèn mati |
mayit iku dinusan |
puniku kang pêrlu |
kakalih iya wong lanang |
iya iku jinabad kalawan mayit |
iku pangrunguningwang ||

5.
Santri Monthèl amardi ing wangsit |
(m)bok Rubiyah manira tatanya |
parlu punapa têgêse |
myang asunat puniku |
kaya ngapa bedane nyai |
Ni Cênthini angucap |
kang pêrlu puniku |
sawab lamun linampahan |
yèn tinilar pêrlu iku andosani |
puniku tur siniksa ||

6.
Ingkang sunat ta kadi punapi |
(m)bok Rubiyah manira tatanya |
punika paran têgêse |
Ni Cênthini amuwus |
ingkang sunat rêke puniki |
sawab yèn linampahan |
pakarti puniku |
ginanjar dening Pangeran |
yèn tininggal iku pan ora (n)dosani |
iku têgêse sunat ||

7.
Ingkang karam lan makêruhnèki |
punapa rêke ing karsanira |
punika paran têgêse |
Ni Cênthini amuwus |
ingkang karam puniku Kyai |
sêbab yèn sininggahan |
pan pakantuk agung |
ginanjar maring Pangeran |
yèn angambah karam iku andosani |
puniku tur siniksa ||

8.
Ingkang makruh ta kadi-punapi |
Ni Rubiyah karsa pakênira |
kaya ngapa ta têgêse |
Ni Cênthini amuwus |
kang makêruh inggih Kiyai |
sawab yèn sininggahan |
pakarti puniku |
ginanjar munggèng Pangeran |
yèn ingambah makruh nora ambayani |
manira amiyarsa ||

Jilid 11 - Kaca : 42

9.
Kang mubah ika kadi punêndi |
Ni Rubiyah mangko ucapêna |
punika paran têgêse |
Ni Cênthini amuwus |
ingkang mubah rêke puniki |
nora amawi fala |
jaij arannipun |
yèn tinilar pan mangkana |
nora sawab lawan nora andosani |
iku pamyarsaningwang ||

10.
Kae Santri sun-atakèn malih |
kang jinabad lawan junubira |
punika paran bedane |
yèn atunggala iku |
kaya ngapa rêke puniki |
Santri Monthèl lingira |
ingkang junub iku |
yêktinè abeda-beda |
junub iku adoh ing lilima iki |
jinabad asusucya ||

11.
Ingkang pundi pandohe puniki |
kang junub iku limang prakara |
Ki Monthèl alon ature |
pandohe kang rumuhun |
nora wênang asalat iki |
lan anggarap musakap |
kaping tiganipun |
nora wênang atilawat |
sakawane tan wênang munggah ing masjid |
midêr-midêra karam ||

12.
Wênang salat yèn wus dèn-êdusi |
jinabadake wastane ika |
junub puniku pandohe |
mangkane toya wulu |
pan titiga karanirèki |
nora awênang salat |
lan atawab iku |
tan wênang garap musakap |
nora wênang mangke yèn amunggah kaji |
midêr ing kakbatollah ||

13.
Kadas punapa wastanirèki |
ing jinabad lawan wulu ika |
kang dus punapa wastane |
Santri Monthèl amuwus |
kang jinabad puniku nênggih |
ingaran kadas akbar |
ingkang toya wulu |
ingaran kadas asêhar |
kang asêhar puniku nora nyukupi |
marang kadas akêbar ||

14.
Kang asêhar nora anyukupi |
marang wong adus rêke jinabad |
dèn-sêrtakakên niyate |
kalawan toya wulu |
nora wênang iya nyukupi |
cihnane kacukupan |
ingkang toya wulu |
dèn-sartakkên jijinabad |
toya wulu cihnane nora nyukupi |
marang kadas akêbar ||

15.
Kaya ngapa ika Kyai Santri |
ing jinabad kang parlu dinusan |
punika pira kathahe |
Santri Monthèl sumaur |
Ni Rubiyah manira manggih |
ingkang parlu dinusan |
ing masalah iku |
anane tigang prakara |
Ni Cênthini wuwusira amrih singgih |
punika ucapêna ||

Jilid 11 - Kaca : 43

16.
Kariyin iku kurujul mani |
lamun mêtune tanpa karana |
ping kalih nênggih Islame |
yèn angimpi wong iku |
anêkakkên supênanèki |
iku parlu dinusan |
kaping tiganipun |
acampuh asmaragama |
lamun têkèng kasapah ika dèn-dusi |
yèn ora tan dinusan ||

17.
Niyatipun ta kadi punapi |
Kae Santri manira tatanya |
kang niyat paran jatine |
mapan akèh kalurung |
kadi pêcuk kang saba rawi |
dènnya adus jinabad |
polahe wong iku |
anduwèni walêr ingwang |
Santri Monthèl alon anauri aris |
manira amiyarsa ||

18.
Niyatipun kang kalampah iki |
umum lan wênang limang prakara |
amrih êsah sêmbahyange |
punika sêdayanipun |
dadya mijil rêke ing jawi |
ingaran juru-basa |
kang niyat puniku |
tansah ingalapatollah |
niyat iku dudu basa swara nênggih |
iku jatining niyat ||

19.
Kaya ngapa ing karsanirèki |
ing jinabad rêke pinasthika |
punika paran têgêse |
lan manira angrungu |
ing istikna sinarawèdi |
iku kadi punapa |
ing karsanirèki |
punika lah ucapêna |
Santri Monthèl aris sira anauri |
manira amiyarsa ||

20.
Amèt wulu yèn sampun barêsih |
wong iku dènnya adus jinabad |
asêdya sêmbahyang mangke |
iku ingsun angrungu |
ing istikna sinarawèdi |
ing sêmbahyang kiparat |
bolu wastanipun |
rumangsa lamun wiwirang |
Ni Cênthini wuwusira amrih singgih |
mangke manira tanya ||

21.
Apa karane tinja susuci |
duk mêtokakên najis punika |
bolu punika wastane |
bênduning Hyang dèn-ketung |
Adam iku pusakanèki |
duk kênèng pangrêncana |
adhahar kuldèku |
rumangsa lamun wiwirang |
dipun madhêp ing wawasuh lair batin |
iku marga sampurna ||

22.
Najis punapa wastanirèki |
ing wong lanang yèn adus jinabad |
apa rupane najise |
pan sukci mani iku |
ing wanita kalal lan kawin |
anging parlu dinusan |
kaya pa puniku |
Kae Santri yèn tan-wruha |
upamane adol lênga kari busik |
mèsêm Ni Selasmara ||

Jilid 11 - Kaca : 44

23.
Punika aranne mustakirid |
mani ing sir sah saking sasana |
acampuh parêng karone |
sipat kalihe iku |
mapan tunggal pusakanèki |
jinabad lan isjinja |
Adam purwanipun |
iku angsale lênggana |
jinanjèkkên dening Hyang dusira iki |
dadi parlu dinusan ||

24.
Yèn tan nastitèkêna puniki |
dèrèng antuk jênênging manungsa |
kêbo sapi papadhane |
wênèh ingsun angrungu |
wong pawèstri nora nglampahi |
wus dening uwong lanang |
wuruke wong bingung |
ika karyanên paèsan |
kang ingaran Patimah putraning Nabi |
parandene jinabad ||

25.
Toya wulu akadi punapi |
najis punapa kang winasuhan |
êndi rupane najise |
pan suci angganipun |
wus dèn-dusi dipun-lisahi |
myang adi agaganda |
kaya pa puniku |
tan wênang têka sêmbahyang |
Santri Monthèl alon dènnira nauri |
manira amiyarsa ||

26.
Lulmat najise kang dèn-wasuhi |
iya iku kang saking lênggana |
mari sumuk wêdanane |
pan tunggal purwanipun |
ing istinja lan toyastuti |
mangkana ing jinabad |
sing wruh ngèlmu iku |
iya ingaran duriyat |
jujuluke sosotya kang dèn-sunduki |
manira amiyarsa ||

27.
Kae Santri sun-atakon malih |
pira kèhe parlune janajah |
kang wajib linakon kuwe |
Santri Monthèl lon muwus |
nênggih rêke sakawan iki |
kariyin adus ika |
kaping kalihipun |
angaranni wajib ika |
kaping tiga ayun amêtêk sirèki |
ping pat sêmbahyang ika ||

28.
Pira kèhe parlune puniki |
anêmbahyangakên mayit ika |
ucapêna iku mangke |
Santri Monthèl amuwus |
nênggih rêke pipitu iki |
angadêg kang kawasa |
iku kang karuhun |
kaping kalihipun niyat |
sarta takbir kaping tigane puniki |
manira amiyarsa ||

29.
Patekah iku kaping patnèki |
kaping lima salawat puniku |
maca donga kaping nême |
nênggih pipitunipun |
salam awal rêke punika |
sarta lan tartibira |
manira angrungu |
kaya pa ing pakênira |
Ni Cênthini wuwusira amrih singgih |
mangke manira tanya ||

Jilid 11 - Kaca : 45

30.
Ing wong Islam ta kadi punapi |
ing nalikane pati punika |
êndi sartane imane |
kadipundi puniku |
ingkang nyawa utawa jisim |
kadipundi puniku |
Ki Santri amuwus |
kalihe datan prabeda |
ing ukume ta rêke Islam puniki |
sarta badan sanyawa ||

31.
Lamun mangkene puniku malih |
nora beda wong kapir punika |
ing nalikane patine |
pan ingkang swarga iku |
myang kang anèng jroning yomani |
sarta badan sanyawa |
anênggih puniku |
ing pamiyarsa-kawula |
Ni Cênthini tumungkul anukmèng ati |
mandah Ki Mangunarsa ||

32.
Ni Selabranta amuwus aris |
Mangunarsa nulya tinakènan |
kiyai manira takèn |
ingkang Iman puniku |
kaya ngapa ingucap dhingin |
gumanti tokitira |
makripate pungkur |
ingkang Islam tan dèn-ucap |
kaol kilèn makripat ingucap dhingin |
gumanti tokitira ||

33.
Iman Islam puniku nèng wuri |
punika punapa karsa tuwan |
kaol loro ing karanne |
Mangunarsa amuwus |
Anggungrimang kang dipun-tari |
jawabên patakonan |
dèn aris amuwus |
dipun nêdya mutaladah |
tan lênggana Anggungrimang anauri |
wuwuse Selabranta ||

34.
Kaol kilèn anênggih puniki |
makripat dhingin rêke ingucap |
gumanti ingkang tokite |
ayun wikan rumuhun |
tunggaling Hyang nora kakalih |
sampun nyatane tunggal |
tokit arannipun |
tinêngguhakên ing nala |
ingaranan Iman aranne puniki |
manira amiyarsa ||

35.
Ingkang Islam winuwus ing wuri |
sampunira rêke nandhang Iman |
tan lênggana ing pakonne |
asalat siyam iku |
ing Ramêlan lan munggah kaji |
ajakat saka wênang |
anglampahi iku |
punika ingaran Islam |
Selabranta wuwusira amrih singgih |
mangke manira tanya ||

36.
Kaol wetan ta kadi-punapi |
kang Imani kang dhingin ingucap |
gumanti marang tokite |
makripat kang ing pungkur |
Anggungrimang ingkang nauri |
manira amiyarsa |
kaol wetan iku |
undhak-undhaking lumampah |
alul Iman iku dèn-ucapa dhingin |
manira amiyarsa ||

Jilid 11 - Kaca : 46

37.
Iku marmane dèn-ucap dhingin |
mapan lampahing wong alul Iman |
sarengat iku lampahe |
lampah sarengat iku |
rukun rêke puniki |
marmane tau dèn-ucap |
kang Islam puniku |
wus lampahe ahul Iman |
iya iku karsane kang ati alim |
etang sawab ganjaran ||

38.
Yèn sampun iku lampah aradin |
lampahe sarengat wus rinêksa |
sakathahing pakewuhe |
tumindak lampahipun |
prapta mangke ing alul tokit |
kakekat lampahnèka |
ya anunggal kayun |
nora etang jiwa raga |
iya iku karsane wong ati mukmin |
nora etang ganjaran ||

39.
Kadipundi pakewuhe iki |
lampahing sarengat ucapêna |
sakathahe pakewuhe |
Anggungrimang amuwus |
pakewuhe nênggih puniki |
yèn karsa ingurmatan |
ngagungakên ngèlmu |
lampahe amrih kuncara |
riya kibir ngèlmune kinarya kasil |
iku wisaning lampah ||

40.
Inggih rêke lampahing wong luwih |
tansah angenakakên sarira |
tan dèn-mumule awake |
punika kang kaetung |
lamun sakir tirta satitis |
dènnya norrakên raga |
ing pralambinipun |
wimbaning windu manila |
tiningalan ing warih katon jro bumi |
kakekate nèng wiyat ||

41.
Kadipundi ing karsanirèki |
lintang ngaranan windu manila |
sodama paran têgêse |
Anggungrimang amuwus |
nênggih lintang kalingan warih |
ingaranan sodama |
de ngarka sumunu |
ingaranan diwangkara |
lintang iku panalikane sitangsi |
iku mas tan kumambang ||

647 Maskumambang

1.
Ni Cênthini angalêm sajroning galih |
mring Ki Anggungrimang |
putus ing aksara lantip |
wong pintêr têka katara ||

Jilid 11 - Kaca : 47

2.
Ni Cênthini tyasira rêmên kêpati |
mring Ki Anggungrimang |
dhasare anom apêkik |
rêspati sasolahira ||

3.
Tan adangu sakêdhap anjawab malih |
ingsun atatanya |
kang andon lumampah prapti |
Ki Anggungrimang gya mojar ||

4.
Iya Ki Sèh Mangunarsa kang tinari |
kakang sami tampa |
ing wuwus puniku kyai |
angucap Ki Mangunarsa ||

5.
Selabranta patakone dèn-wangsuli |
manira miyarsa |
nênggih wong kang alul tokit |
wus karêm ing Sipatolah ||

6.
Brastha luluh ing paningal iku yayi |
ingaran sêrikan |
tingale wong alul tokit |
dening wong alul makripat ||

7.
Tanpa tingal kawruhira mring Hyang Widdhi |
yèku ati wahab |
akarêm mring Datolahi |
mung titiga kinasiyan ||

8.
Amung iku nabi wali lawan mukmin |
sênès palayaran |
nora beda kang pinanggih |
nabi karêm mring ing Dat ||

9.
Ingkang karêm ing Sipat iku ya wali |
wong mukmin punika |
karêm Apêngallolahi |
brastha luluh tingalira ||

10.
Lah puniku kadipundi karsanèki |
ing wong ngarip nora |
amangeran kadipundi |
punapa suwunga pisan ||

11.
Mila akèh wong kang kadalurung ugi |
lali ing paugêran |
elinge atapi-tapi |
gumuyu Ki Mangunarsa ||

12.
Sabda kawruh dèn-samya sawiji-wiji |
sor ing tata krama |
Rubiyah winêrdi wangsit |
(m)bok Rubiyah kula tanya ||

13.
Turunning wong luhung tan padha lan bêkti |
wong bodho punika |
mila atakèn sayêkti |
alon mèsêm Selabranta ||

14.
Selabranta wuwuse arum amanis |
ing kina miyarsa |
sajroning turu atangi |
sajroning mênêng angucap ||

15.
Turunning wong ngarip mikrat turunèki |
munajad tanginya |
Sèh Mangunarsa nauri |
tan kêna tinirokêna ||

16.
Lir anangga toya ing kamumu nyai |
manira miyarsa |
paranne winastan sirik |
de maksih jênêng paningal ||

17.
Pana iku minangka pandoherèki |
jatining kang tingal |
ingaran ijab nurani |
uga tatèbènging cahya ||

Jilid 11 - Kaca : 48

18.
Wontên malih masakèh ingkang ginupit |
Bayajid wastanya |
kalangkung tapanirèki |
desane nênggih ing Bustam ||

19.
Ajujuluk wau jêng Sultan Ngaripin |
kalanya apana |
sira Kyai Sèh Balajid |
ingaran amurang-sarak ||

20.
Saemute têtêp dènnya angabêkti |
yèku caning lampah |
Mangunarsa muwus aris |
Rubiyah manira tanya ||

21.
Sapa baya ta sanakira si nyai |
banggi wus miyarsa |
ing sêmon tunggal pamanggih |
alon mèsêm sarya ngucap ||

22.
Pirabara angsal kanugrahan Widdhi |
kang kawula têdha |
tinuduhna marga radin |
ya anunuwiyèng lampah ||

23.
Ya ing kina rêke manira alaki |
aran Amongraga |
duk rarene Jayèngrêsmi |
lintang paramartanira ||

24.
Pan mangkana tutuwi sanake èstri |
têkèng Nayaganda |
kalêbêt ing kukum sami |
ingaran angrusak lampah ||

25.
Lampahipun tanpa tut sarengat Nabi |
linabuh Tunjungbang |
tri sanak ujare dhingin |
jalu kalih dyah satunggal ||

26.
Ingkang èstri awasta Ni Rancangkapti |
kang jalu punika |
awasta Ki Jayèngsari |
samya lit tinilar kesah ||

27.
Duk rusake Sotyaganda iku dhingin |
tinuwi ing sanak |
tan ana ingkang pinanggih |
malah atêkèng antaka ||

28.
Karane manira lunga andêrpati |
saking tan abêtah |
mêgêng trêsnaningsun iki |
tan ketang ing lara pêjah ||

29.
Mangunarsa sakêdhap kaya anangis |
myarsa ing wartanya |
polahe ing nguni-uni |
Ki Mangunarsa gya ngucap ||

30.
(Ng)gih puniku Nyai ingkang sun-ulati |
pan ta sanakingwang |
ing mangke dèrèng pinanggih |
anangis Ni Selabranta ||

31.
Mangunarsa age dènnira nabda ris |
lah ta Anggungrimang |
sira muliha dèn-aglis |
padha sira wartanana ||

32.
Yèn wus lami pêjahe Ki Amongragi |
kesah Anggungrimang |
akêbat dènnya lumaris |
sapraptanira ing wisma ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03) Kaca 25 - 38
  • (05) Kaca 49 - 54 >