Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (03) Kaca 25 - 38

 

( Nikèn Tambangraras sangsaya nggrantês manahipun )

11

3. Sapêngkêripun durjana, Nikèn Tambangraras sangsaya nggrantês manahipun. Ing cipta namung kapengin pêjah. Lês katilêman sakêclapan, wasana nglindur bêngok-bêngok, kagigah dening Cênthini. Rumaosipun Sèh Amongraga dhatêng nyandhing tilêmipun. Cênthini angrêrapu, nanging Nikèn adrêng badhe kesah nglampus. Kataros, Cênthini ndhèrèk sapurug-purug, lajêng mangkat kanthi anamur-lampah, mangangge sarwi têtambalan sêsinglon Ni Selabrangta, Cênthini têtêp nama aslinipun. Lampahipun lumêbêt wana pagrêngan. Ing samargi-margi mêmucal Cênthini bab agami dalah jêjêr-paugêraning salat lan sanès-sanèsipun. Lajêng lêrêm ing salêbêting guwa ngantos sumêrap lamat-lamat dhusun Wanataka, padhepokanipun Ki Mangunarsa, ngulama wadat kanthi santri wasta Monthèl. Sarèng Nikèn Tambangraras abên-ajêng kalihan Sèh Mangunarsa sakalangkung kagèt, jalaran saparipolah sarta ucapanipun botên têbih kados Sèh Amongraga. Nikèn ngakên tiyang duraka prihatos katilar ing laki. Santri Monthèl kautus murugi Ki Anggungrimang ing tanggi dhusun, kinèn ambêkta têrbang. Dalunipun têrbangan kanthi singiran.


 

Kaca 25 – 38

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 25

643 Asmaradana

23.
Tan adangu wangsul malih |
sira sang dyah Tambangraras |
amujung dènnira sare |
ulêse jingga maruta |
tan adangu supêna |
katingal kang raka rawuh |
têka sumandhing anendra ||

24.
Lajêng angungrum sang Ratih |
sarya ambantali asta |
sang dyah sajroning pangimpèn |
tyasnya lir karagan-ragan |
tan mantra yèn supêna |
kasaru supênanipun |
kagèt dening wong anggêntang ||

25.
Sang ayu aglis anglilir |
alênggah sarya karuna |
anyungkêmi gugulinge |
anglir wulung kapipitan |
sambate Tambangraras |
adhuh kakang lumuh kantun |
kawula andika gawa ||

26.
Kagèt sira Ni Cênthini |
myarsa gustine karuna |
nulya marêk ing daganne |
Cênthini matur wotsêkar |
gusti dene karuna |
punapa-a purwanipun |
kawula ayun uninga ||

27.
Cênthini mila sun-nangis |
ingsun wau asupêna |
gustimu têka marene |
têka sumandhing anendra |
sarya (m)bantali asta |
suwe-suwe têka ngungrum |
kaya mèh apulangraras ||

28.
Ni Cênthini matur aris |
sampun jamake wong nendra |
supêna iku sêkare |
sang rêtna sampun karuna |
mokal ta gustiningwang |
wong wus lena têka rawuh |
sampun gusti amèndêla ||

29.
Mênêng dènnira anangis |
sira Nikèn Tambangraras |
myarsa Cênthini ature |
sangsaya sangêt brangtanya |
aris wijiling sabda |
yèn awèt mangkene ingsun |
angur ingsun malono-a ||

30.
Arsa anglampus sang Ratih |
sêdya tilar kawibawan |
tan atolèh ing donyane |
yayah ibu wong sakadang |
tan katolèh sadaya |
kang kacipta mung Hyang Agung |
abranti marang Pangeran ||

31.
Wus angrasuk wastra wilis |
punika tinambal-tambal |
limar katangi tambale |
sarta ngangge sêbe pita |
sira Ni Tambangraras |
saklangkung kawêlas-yun |
dènnira arsa lêlana ||

32.
Nulya akarya rêrêpi |
sêrat pamit ibu rama |
lininting sinèlèhake |
munggèng karang ulunira |
sinandhingkên ing sinjang |
tinumpangkên gulingipun |
Tambangraras sigra dandan ||

Jilid 11 - Kaca : 26

33.
Kalawan Ni-mbok Cênthini |
tinantun ing antêpira |
pêjah gêsanga ature |
matiya têngahing wana |
datan anêdya pisah |
Ni Tambangraras amuwus |
sokur yèn mêngkono sira ||

34.
Kudu mèlu lara pati |
ya payo nuli dandana |
mêngko bêngi lunganingong |
tan matur ing yayah-rena |
sêdhêng sirêp wong kathah |
a lah mara dèn-agupuh |
babo Cênthini dandana ||

35.
Dene karsongong Cênthini |
milanipun tilar wisma |
taki-taki lampahingong |
supayane katabêtan |
wuwulange kang swarga |
niskara rasaning ngèlmu |
lan ingsun salin paparab ||

36.
Ni rubiyah Selabranti |
payo pangkat anglalana |
adan mangkat sirêp ing wong |
dènnya mingkis majar wulan |
tanggal ping kawanwêlas |
dina Sênèn kesahipun |
kalawan palunganira ||

37.
Kang nama wadon Cênthini |
lampahe awirandhungan |
datan wistara lampahe |
anyangking kaskul lan jungkat |
Cênthini anèng wuntat |
samarga-marga pitutur |
lêpas wau lampahira ||

38.
Karagan-ragan ing margi |
(dènnira) among turida |
liyêp matrênyuh driyane |
kapungkur ing Wanamarta |
angambah pasabinan |
pagagan sampun kapungkur |
mawantah wana sarkara ||

644 Dhandhanggula

1.
Ngambah tarataban iring-iring |
jurang pèrèng paparung aparang |
tumawing kang têpining we |
tumêkèng suku-suku |
sikarane kang wukir alit |
cumênung mêndêng datan |
anuting paran gung |
anêrang amurang-murang |
sinjang ajur pipinggir dening ri bandhil |
kasrimpêt ing ri tanjang ||

2.
Ngilèn bênêr anênggêl wanadri |
durgama kèsthi tan kinabayan |
niring tyas mawor wirage |
tan mèngêt ing panglangut |
mêrak muni lir asung margi |
dul kulon lamat-lamat |
kadya nguwuh-uwuh |
anulak akèn wangsula |
kêpyur-kêpyur tyasira Ni Selabranti |
datan arsa wangsula ||

Jilid 11 - Kaca : 27

3.
Lampahira dadya murang margi |
akathah swara kang kapiyarsa |
kumara teyang arame |
rêming tawang sitèngsu |
kalamukan nging mamênuhi |
anut ing tiranghing lwah |
ngatmaka asamun |
kidang amangsit ing jurang |
asri tinon kênyaring sudama ngalih |
kadi atuduh marga ||

4.
Kidul ngilèn papagan waradin |
sumyak swaraning tunggu tanduran |
kang mangrèng manca sulinge |
ramya sinung ing winung |
tan pantara kukulan muni |
barung kalawan luwak |
swaranya kumrusuk |
kèwuhan Ni Selabranti |
kang kaèsthi amung surasaning pati |
tan angèsthi durgama ||

5.
Jurang sêngkan tan minagèng margi |
cêmara gêng-gêng sumyak kanginan |
kongkang muni ing rong rame |
mèh raina sumunu |
Hyang Aruna nalikanèki |
mega abang sumirat |
alangên dinulu |
ana kadi motiyara |
kang sawênèh asawang wastra macêthi |
rinêngga ing kanaka ||

6.
Sakamantyan sang Aruma mijil |
warna bangun rarase tumingal |
manahe tansah wirage |
angimbu ing astanu |
rarasing tyas agêng akingkin |
baya upamakêna |
warnane dinulu |
wijilira Hyang Aruna |
kadi netyaning dyan anèng tilam-sari |
kataman dening priya ||

7.
Sawijilira ing desa tani |
anuju rêke ing mangsa kapat |
tanggaling wulan Kartine |
sinungsung dening tanu |
pinamandra warnaning sasi |
mêkar maduning lirang |
gandanya mrik arum |
rinubung dening jarahan |
amrik minging gandaning jangga kasturi |
manguni selasmara ||

8.
Antya nalikanira nèng margi |
panjrahing puspita pinggir marga |
trikancu abra sêkare |
tanjung cêpaka wungu |
mungging kering sêkar têngguli |
bakung tatara warsa |
anjrah sêkaripun |
angrok lawan mandhalika |
sungsung guyu amilid lawan wewadi |
tinon yayah ring surat ||

Jilid 11 - Kaca : 28

9.
Araryan asri tulya angrawit |
sasoring angsana abra-sinang |
tandya sumawur sêkare |
awor lan sêkar wungu |
lan kang jênar asri mênuhi |
lir laca-laca ing dyah |
ing awulang lyangut(?) |
sata dènnya aliwêran |
mangrêngihe kadi sambating arêsmi |
sajroning pakasutan ||

10.
Ni Cênthini alon marêpêki |
arsa matur marang gustinira |
dhuh gusti nêdha arèrèn |
arsa ngrêmakên suku |
Ni Cênthini angasih-asih |
arsa anginum toya |
angganira lêsu |
baya têmbene lumampah |
tanpa turu sawêngi angèsthi pati |
mèsêm Ni Selasmara ||

11.
Alon raryan nira Selabranti |
alinggih ing sela sumayana |
mênggêp sapari-polahe |
sarwi angucup gêlung |
wastra lungsur kang dèn-waoni |
asiduwa ing sela |
saya wimbuh ayu |
pawongane atur sêkar |
ing ngarsane caraka panamur brangti |
sang dyah asusumpinga ||

12.
Nulya asumping sêkar taluki |
gambir inganggit kalawan noja |
wiraga munggèng gêlunge |
tumurun dhatêng ranu |
duk kawawas citra nèng warih |
mangu Ni Selabranta |
sêkare dèn-racut |
ayu emane tan dêrman |
tanpa ngrasa sarira awèta urip |
angur baya matiya ||

13.
Alinggih mangke têpining bèji |
mina mijil asri aliwêran |
lir panapa pangidhêpe |
ramya asri asêlur |
asrang-srangan kang manjing mijil |
kadya wong anêmbrama |
ing pangidhêpipun |
cakul amarêki sela |
dêlêngnya nglung yèn wonga kadya ngaruhi |
marang sang wau prapta ||

14.
Aliliyangan ing parang wèsthi |
rêspati sarya angronce sêkar |
yèn tinon tan na timbange |
tênggêgnya nglunging gadhung |
madya anglèh amatrêm kèngis |
kang pambayun nyu dênta |
pantês agawe kung |
asèngêh agawe rimang |
kang kapapag sakèh wong kataman branti |
marang Ni Selabranta ||

Jilid 11 - Kaca : 29

15.
Kalêswan mangke Ni Selabranti |
asare ing sela sumayana |
eca dènnira asare |
kasongan dening andul |
tirta muncar ilinya wêning |
mijil saking pratala |
swarane kumrusuk |
ririsira anèng tawang |
pangrêngihe sadpada angingsêp sari |
kadya amriyêmbada ||

16.
Ambarung ponang kitiran muni |
dêrkuku munya ing pang sauran |
kukila rame asèng-sèng |
kapodhang munya cilung |
mencok ing pang ataru rêsmi |
cocak amangsa wohan |
polahe kayungyun |
padha talisik ing êpang |
sajalwèstri sajakira ngasih-asih |
lir wong akrama anyar ||

17.
Umyung gumuruh kang pêksi (ng)gêndhing |
kapodhang kadya anabuh kêndhang |
kang canggèrèt lir kakangsèn |
kukila kadya ngidung |
pêksi miyak kadya nyulingi |
cocak kadya ngamanak |
cabak kadya ngêtur |
ingigêlan ing manyura |
pêksi jabêl angakak kadya (ng)guyoni |
caciya latah-latah ||

18.
Awurahan swaraning kang paksi |
srigunting kadya adarbe karya |
polahe kadya kakare |
ramya asrang asêlur |
lir kondangan kang lagya prapti |
lunga angundang-undang |
pêcuk wus alungguh |
palatuk asewa-raga |
kadya pemut sulindhit kadya ngadèni |
gêrba anopèng bangsa ||

19.
Asri kuthilang galathik kuning |
kadya suwara wala lan besan |
murina kurang tukonne |
jalak lan paksi siyung |
mencok ing pang kadya (n)jaksani |
lir akèn agadheya |
babêluk marêngut |
lir kasor palinggihannya |
paksi jowan nibêr kadya wong apurik |
lir amadal pasilan ||

20.
Kagèt awungu Ni Selabranti |
amiyarsa pêksi awurahan |
pupungan lêng-lêng driyane |
pan wus wasis ing ngèlmu |
paksi ika kadya ngaruhi |
polahe brangtaningwang |
têkan (n)don aturu |
angur aja anglalana |
têkèngal nêpsune dèn-kuratèni |
angur aja lung-a ||

21.
Tumurun aris Ni Selabranti |
arsa ngambila toya sêmbahyang |
asalat Ngasar karsane |
Ni Cênthini pan tumut |
wus angambil hèr pangastuti |
arsa tumuta salat |
mangkya karsanipun |
sampun ambabar musêla |
dipun-rakit ing sela dènnya ngastuti |
sampun angangkat salat ||

Jilid 11 - Kaca : 30

22.
Anjênêng mangke andum pangêsthi |
madhêp ing lyan ingkang sinukartan |
tan mèngèng ing lyan ciptane |
apti anunggal kayun |
wus ambênêr pangadêgnèki |
madhêp marang ing keblat |
tatakraminipun |
kalbune madhêp ing darma |
wus rumangsa yèn kinèn nêmbah amuji |
pujinira wangsulan ||

23.
Angikêt niyat Ni Selabrangti |
kasdu takrul takyin wus kawangwang |
ing jro lêkase sêmbahe |
parêng lan takbiripun |
aksarastha kang dèn-parêngi |
cipta madhêp ing nawa |
yèn Allah Kang Agung |
ikram marang kang sinêmbah |
sampun mikrat sêmbahe ingkang kalingling |
anging kang sêdya murba ||

24.
Mujanat rêke ingucap iki |
sakèhing puji kawilang-wilang |
iku minangka ature |
lesaning dasih iku |
pan kinarya larapanèki |
anêbuting priyangga |
kak-ing ngèsthinipun |
iku nêmbah kang siniyan |
lir pawana amarga tulupanèki |
dènnya muji anêmbah ||

25.
Dadya tan jênêng rêke tubadil |
apa tubadil têgêse ika |
kagantyan kandhêh sêmbahe |
kalimput ing sih iku |
dadya sirna pujining dasih |
lir sodama lan surya |
ing pralambinipun |
apandulon lawan arka |
ing ulême sodama andadi rawi |
iku sêmbah utama ||

26.
Sampun kaèsthi wiyosing takbir |
amaca wajah Ni Selabranta |
dèn-adhêpakên kalbune |
ing Pangeran Kang Agung |
kang akarya bumi lan langit |
sunat amaca wajah |
Patekah kang pêrlu |
amiwiti nêbut nama |
ingkang murah ing donya asih ing mukmin |
ing têmbe ing ngakerat ||

27.
Alkhamdulilah sampun kaèsthi |
sakèhing puji katur ing Allah |
Pangeraning alam kabèh |
kang murah ing donyèku |
ingkang asih sakèhing mukmin |
têmbene ing ngakerat |
iya iku ratu |
ing têmbe dina kiyamat |
kang sinêmbah kang rina lampahan nênggih |
sakèhe kang siniyan ||

Jilid 11 - Kaca : 31

28.
Liwatêna dadalan kang rungsit |
tuduhêna dadalan kang padhang |
dèn kadi ing dadalane |
kakasih tuwan iku |
para salèh lan para wali |
miwah para ambiya |
aja kang kayèku |
kawula kang pinurikan |
wong wilalat katulak Tuwan (m)bêndoni |
amin Tuwan trima-a ||

29.
Wiyose Patekah wus kaèsthi |
amaca ayat Ni Selabranta |
sunat punika ayate |
arukuk ika parlu |
mangkya rukuk Ni Selabranti |
angapêsakên angga |
sêmune anuhun |
asal palaling Pangeran |
yèn tan tulus apuranira puniki |
mangkya tadhah mustaka ||

30.
Angangkat sirah Ni Selabranti |
lah Tuwan ika ingkang miyarsa |
dasih punika ature |
asujud tan na santun |
anrahakên anggaotèki |
ingkang pitung prakara |
dèn-sorakên iku |
anggaota kang minulya |
dèn-sorakên lir tirta saking ing ardi |
mili maring sagara ||

31.
Angangkat sirah mangkya alinggih |
tumaninah ing linggihe ika |
rêna sukur satitahe |
kang murah ing donyèku |
kang asipat pangapurèki |
pindho sujud punika |
kadi kang rumuhun |
anjênêng mati rêkangat |
sampun jangkêp rêkangat kang kaping kalih |
mangkya atahyat sunat ||

32.
Apêngal rêke jênêngirèki |
tahyat awal rêke kawruhana |
titiga rêke cacahe |
sunat apêngal iku |
yèn kalalèn asujud sarwi |
kocap ing dalêm surat |
dèn-wruh jatinipun |
lungguh tahyat lan salawat |
sapunika jênênge apêngal singgih |
jangkêp tigang prakara ||

33.
Anjênêng malih mangkya miwiti |
rêkangat rêke kang akir ika |
kalih rêkangat kathahe |
pan salat Asar iku |
pan sakawan rêkangatnèki |
sampun jangkêp sakawan |
mangkya tahyat parlu |
nêm prakara pêrlunèka |
lungguh tahyat salawat kalayan tartib |
niyat kalawan salam ||

34.
Antuka salat Ni Selabranti |
salam minangka pambuka salat |
parlu kang munggèng karsane |
ngalekum wangênipun |
sunat rêke salam kang kèri |
sampun dènnira salam |
amuji kang mangsud |
amaca tasbèh andonga |
tan asêru dongane osiking ati |
iku sêmbah utama ||

Jilid 11 - Kaca : 32

35.
Angandika rêke sang Utadi |
amiyarsa swarane kang pudya |
kang asangêt ing swarane |
sang duta agya muwus |
aja asru dènnira muji |
apan Pangeranira |
wus sêdya angrungu |
wruh osiking parimana |
nora kilap pan asipat samak basir |
marmane kadya ika ||

36.
Ni Cênthini kalanira takbir |
tyasnya limut dening pancadriya |
katon sasolah-bawane |
adan angangkat wuru |
usaline dèn wali-wali |
dènnya angangkat tahyat |
ing patitisipun |
sarêng tibaning aksara |
ing ikrame suwe mijêt wohing ranti |
iku sêmbah kang madya ||

37.
Kang sawênèh sêmbah tan wrin wèsthi |
akèh mijil ing lesan kewala |
tan wruh ing ngambêng-ambênge |
lesane sasar-susur |
tata lapal lan dèn-rasani |
sunat parlu punika |
mapan ora wêruh |
tan arsa atatakona |
nora wikan yèn akèh sêmbah nampalih |
akèh wong kang mangkana ||

38.
Wênèh ana wong kang angabêkti |
wong sêmbahyang sapisan kewala |
nora wikan ing wêktune |
rêkangate tan wêruh |
nir kayane kaciptèng ati |
katon gawang-gawangan |
ing jro bêktinipun |
kaya ge-age wusana |
karsanipun angayun-ayun kêndhuri |
sêmbahe ngayawara ||

39.
Dyan warnanên polahe kang brangti |
Ni Selabrangta anganyut karsa |
tan dèn-mumule awake |
lumêbêt ing wana gung |
tan atêbih Nikèn Cênthini |
minangka rewangira |
tansah atut pungkur |
anganyuta pêgat trisna |
amatèkkên raga sadurunge mati |
mung amulating tunggal ||

40.
Wratmaka jurang wana atrêbis |
sela gung ika katundha-tundha |
toyanyanjog gumarènjèng |
tibèng parang sumêmbur |
toya wêning lumut awilis |
kasongan wrêksa mala |
mambak pacar banyu |
pakis angudhaèng toya |
jangga lumung ing têpi lawan amiji |
anjawar lagya (m)babar ||

Jilid 11 - Kaca : 33

41.
Wrêksa gung gurda ngungkuli margi |
wre mawurahan mangsa wowohan |
wut lutung ing pang arame |
akathah alahipun |
kang sawênèh anèng pa linggih |
amangsiti rowangnya |
yèn ana wong rawuh |
rewangnya samya wurahan |
Ni Cênthini tumingal mèsêm ing ati |
sato idhêp ing jalma ||

42.
Alinggih mangke sela tumawing |
Ni Selabranta amantun êtal |
ing guwa dènnira rèrèn |
tanpa guling yèn dalu |
yèn raina tan arsa bukti |
asru matèkkên raga |
angilangi nêpsu |
wus lali ing jiwa-raga |
saya lêsah salirane dèn-larani |
wus amindha kunarpa ||

43.
Lêsahing raga anirna kapti |
warnanira apindha kunarpa |
amung kari kêkêtêge |
Ni Cênthini andulu |
dahat sira langkung prihatin |
gusti matèkkên raga |
tan wrin polahipun |
kari katêtêg kewala |
Ni Cênthini gustinira dèn-sungkêmi |
asru dènnya karuna ||

44.
Ni Selabranti amuwus aris |
babo Cênthini sira muliya |
mring Wanamarta dèn-age |
warahên sanakingsun |
miwah rama kalawan bibi |
lamun ingsun wus pêjah |
anèng ing wana gung |
lawan sira mardika-a |
dene mèlu lara marang ingsun bibi |
poma matur ring rama ||

45.
Panjalukingsun mring sira bibi |
lamun ana babo halatingwang |
ingsun jaluk apurane |
mangka malih sirèku |
lamun ana alpanirèki |
ingsun suka ing sira |
ewuhing tumuwuh |
manawi kalangan pêjah |
dèn karuwan ijab kalbuning kang lathi |
padha alal-bahalal ||

46.
Ni Cênthini alon matur aris |
wijiling sabda awor karuna |
dene tan kèdhêp ature |
punapa pênêdipun |
yèn mantuka kawula gusti |
pan sêdya angawula |
paran marmanipun |
nyaine dupèh punapa |
gusti asih amamarahi ing ngèlmi |
tur sinung pamardikan ||

Jilid 11 - Kaca : 34

47.
Nadyan lêbura dèn-kadi siti |
mangsa tilara dhatêng andika |
tan arsa pisaha mangke |
tinuting satya tuhu |
kang amuruk rêke ing ngèlmi |
ing aksara wus wikan |
pamulang sang ayu |
kang mungkiri patakonan |
sinung jalal dening pan sakawanèki |
anèng jroning naraka ||

48.
Ni Cênthini sangsaya birai |
aptining driya amrih lêksana |
dèn lampusakên ragane |
midêr ing alas agung |
yèn alinggih tansah adhikir |
asru branti maring Hyang |
adoh parannipun |
lampahe kalunta-lunta |
Ni Cênthini saênggon-ênggonirèki |
sang dyah paksi taruna ||

645 Sinom

1.
Ênêngna Ni Selabranti |
kang nglampus raganirèki |
taksih anèng jroning guwa |
wontên kawuwusa malih |
dhukuh anyar tulyasri |
mung kakalih kang dhudhukuh |
awasta Mangunarsa |
santrine amung satunggil |
wastanipun Ki Santri Monthèl punika ||

2.
Tansah apitakèn salat |
Santri Monthèl siyang ratri |
masalah rukuning salat |
ing guru Mangunarsèki |
amba tuwan nuwun sih |
kêdah tuwan kula-suwun |
kawula dèrèng wikan |
ing agama kang sayêkti |
Mangunarsa alon mèsêm sarya ngucap ||

3.
Salat iku sun-arêngya |
sakawan rukunirèki |
rukun pingil kang pangarsa |
miwah mangko kaping kalih |
anyandhak rukun dhikir |
nênggih kaping tiganipun |
rukun kasir namanya |
kaping pate rukun tawil |
Santri Monthèl mung iku pamanggih-ingwang ||

4.
Ki Santri malih atanya |
panujune kadipundi |
Mangunarsa wuwusira |
rukun pingil iku nênggih |
rêke kawan prakawis |
ngadêg linggih rukuk sujud |
ing rukuk dhikir ika |
kèhe mung limang prakawis |
iya iku Ki Monthèl pamyarsaningwang ||

5.
Kang kariyin takbir ikram |
nênggih ingkang kaping kalih |
iya amaca Patekah |
kaping tiga tahyat nuli |
ping pat salawat nênggih |
kaping lima salamipun |
sarta pangadêgira |
rukun kasir iku nênggih |
tangi sujud ping kalih pangadêgira ||

Jilid 11 - Kaca : 35

6.
Lan rukunning tawil ika |
punika ta kadipundi |
manira arsa uninga |
Mangunarsa wacana ris |
ing panujune iki |
tangine rukukirèki |
rêkangating wêkasan |
maca donga Kunut nuli |
tanya malih Santri Monthèl amlasarsa ||

7.
Sunate kadi punapa |
ingkang anut rukun pingil |
Ki Mangunarsa angucap |
yèn angangkat asta kalih |
tatkalanira takbir |
-ikram mangkana rèhipun |
gagajihing talingan |
lan pucuk jêmpoling driji |
iya anèng poking tatalinganira ||

8.
Lan (n)jèjèrkên jarijinya |
iku sampun sangêt ugi |
mêngko yèn angangkat asta |
iku lêkas rukuknèki |
myang tangine anuli |
iya miwah yèn asujud |
ngêpêlakên jarijinya |
lan panuduh ing pucuking |
iya ambênêri gagajihing karna ||

9.
Lawan malih linggihira |
linggihing tahyat awalli |
Santri Monthèl alon mojar |
kang anut ing rukun dikir |
pundi panujunèki |
ing sunate lon amuwus |
sira Ki Mangunarsa |
sasanga kathahirèki |
wajah iku kang dhingin pangrunguningwang ||

10.
Lawan aminne Patekah |
sarta lan donganirèki |
ayat ingkang kaping tiga |
ping sakawan maca tasbih |
kaping limanirèki |
sami-allah ping nêmipun |
takbir rêke ing tingal |
miwah ping sapta Ki Santri |
tahyat awal salawat kang kaping astha ||

11.
Salam akhir kaping sanga |
Ki Santri Monthèl turnèki |
lah kadipundi punika |
(m)bok kalalèn salah siji |
Mangunarsa lingnèki |
ingkang sunat bedanipun |
drajade beda-beda |
ana kirang apa lêwih |
drajade punika samining sunat ||

12.
Ana kala ing kalanya |
tinambalan sujud sahwi |
ana miwah lawan ora |
Santri Monthèl matur malih |
paran karsanta mangkin |
pan sami sunat puniku |
Mangunarsa angucap |
karana mangkana nênggih |
yèn kalakon puniku sunat abêngal ||

13.
Sayêktine katingalan |
ora owah urutnèki |
puniku ing dalêm salat |
beda lawan ingkang dhingin |
yèn tilar salah siji |
saking sunat aslihipun |
atilar tan na ngangkat |
ing tatkalanira takbir |
-ikramira miwah myang ing rukunnira ||

Jilid 11 - Kaca : 36

14.
Saèstune tan katingal |
owah ing urutirèki |
Santri Monthèl lon turira |
anêdha ulun kiyai |
ing sawab barkat ugi |
ulun ing parlu puniku |
ingkang kalalèn punika |
yèn rinasuk kadospundi |
ngandika lon yèku tan pakolèh pisan ||

15.
Yèn saking kalalènira |
ing dalêm parlune nênggih |
ing rusake ta punika |
ana pakolèhe ugi |
tan ilang-ilang yêkti |
sakadare iya iku |
nanging yèn maha-maha |
sinung laknad de Hyang Widdhi |
binêndonan tur siniksa ing akerat ||

16.
Ênêngna dènnira bantah |
Mangunarsa lan Ki Santri |
yata ganti ingkang kocap |
Cênthini winuwus malih |
ingkang anggung mlasasih |
ragane tansah dèn-lampus |
asru brangti maring Hyang |
dhasar nêdhêng wus birahi |
amlasarsa lampahe katiwang-tiwang ||

17.
Cênthini kagyat tumingal |
amulat dhukuh tulya sri |
panggonane pinggir jurang |
kinubêng tanduran asri |
palipir kacang wilis |
awor lawan kapas taun |
têbu wulung ajajar |
terong kakara cicipir |
abra ingkang sasêkaran warna-warna ||

18.
Pagaganira tulyèndah |
lor wetan prênahe asri |
sangkêp tanduran mawarna |
jagung jawawud lan jali |
sinalisiran sami |
katak karundha angrayung |
talês katak bilungan |
jawawud palisir uwi |
warna-warna tanduran pinggiring jurang ||

19.
Masjide alit linepa |
nênggih ing sela cêndhani |
natare kèdêran toya |
sitine katingal rêsik |
pinagêran seta di |
kakarangan selanipun |
angongang sakalayang |
pinagêran pancaksuji |
tinanduran andong bang tinon asinang ||

20.
Ni Cênthini sakamantyan |
tumingal kang masjid alit |
papêthètan warna-warna |
jêmbangan rinajawardi |
umpakipun ingukir |
akayon mandèri andul |
kinubêng ing sêkaran |
sumarsana lan warsiki |
pacar banyu wongarumpak wongranaga ||

21.
Sèh Mangunarsa nèng langgar |
sêmbahyang lan santrinèki |
sampuning bakda umêdal |
alinggih anèng surambi |
amaca surat sami |
nulya Ki Monthèl tumurun |
anèng ing palataran |
tumingal wontên pawèstri |
Santri Monthèl sigra wau tinakènan ||

Jilid 11 - Kaca : 37

22.
Ki Santri kula atanya |
punika wastane pundi |
têmbene anyar tumingal |
lawan sintên kang palinggih |
dene endah tulya sri |
Ki Monthèl alon sumaur |
dhêkah ing Wanataka |
Mangunarsa kang palinggih |
bagus anom wahêdat masih taruna ||

23.
Sawusira atatanya |
Ni Cênthini nulya bali |
arsa tutur ing gustinya |
Ni Tambangraras ing mangkin |
sapraptane anuli |
tinutur ing solahipun |
yèn wontên dhukuh anyar |
nèng pinggir jurang tulya sri |
wastanipun padhêkahan Wanataka ||

24.
Awasta Ki Mangunarsa |
punika ingkang palinggih |
santrine amung satunggal |
masjide cilik arêsik |
lepa sela cêndhani |
kèdêran ing toya agung |
tanduran warna-warna |
woh-wohan kang adi-adi |
sakamantyan rêmêne manah-kawula ||

25.
Ki Mangunarsa punika |
kapanggih ngaji nèng masjid |
kitab swarane arênyah |
mèmpêr Ki Sèh Amongragi |
dinulu saking wuri |
miwah tindak-tandukipun |
mèmpêr raka-andika |
suwawi pinaran tami |
Selabranta ngecani manah mangkana ||

26.
Adandan Ni Selabranta |
wusnya lumampah aririh |
sarya angowahi sinjang |
kêskule tansah cinangking |
kulambining taluki |
anyangking sêbene wungu |
tuhu tingal ngawirya |
Ni Cênthini animbangi |
sinjangira tinambal-tambal ing sutra ||

27.
Ni Cênthini lon lampahnya |
kikinthil tansah nèng wuri |
sêmune kadya wus pasrah |
babandan marang Hyang Widdhi |
tansah agung prihatin |
pan sêmune wong aluhung |
datan angumbar tingal |
warna yu tuhu linuwih |
wadanane kadi sasi karainan ||

28.
Yata Ki Sèh Mangunarsa |
lagya ngaji anèng masjid |
wikan yèn ana dhatêngan |
Santri Monthèl andharidhit |
istipar wanti-wanti |
tumingal rubiyah ayu |
mangu Ni Selasmara |
tumingal Mangunarsèki |
ni rubiyah karasa kakunge tilar ||

29.
Mangkana laju lampahnya |
prapta palataran sami |
gupuh-gupuh Mangunarsa |
suwawi andika linggih |
sang dyah micarèng ati |
wong iki yèn ingsun-dulu |
têka alus pasaja |
kaya Ki Sèh Amongragi |
nora loro kalawan Ki Amongraga ||

Jilid 11 - Kaca : 38

30.
Sawusnya tata alênggah |
Mangunarsa tatanya ris |
baya kadhatêngan wirya |
kang kampir ing dhukuh-mami |
Rubiyah saurnya ris |
inggih wong awon pukulun |
duraka ing Pangeran |
tansah alara prihatin |
de tinilar ing laki Sèh Amongraga ||

31.
Ki Mangunarsa parentah |
Ni Darêman ta sirèki |
mentara marang pagagan |
amèta susuguh tami |
kacang gudhe kacipir |
talês uwi lawan kimpul |
Ni Sulastri adanga |
Santri Monthèl angrewangi |
gya lumampah ingkang kinèn asasêgah ||

32.
Tan adangu nulya prapta |
kang rampadan anèng ngarsi |
Ni Rubiyah micarèng tyas |
salamine sun tan bukti |
pijêr branta ing Widdhi |
tanpa dhahar tanpa turu |
mêngko amanggih sêga |
angecani tumut bukti |
Ni Rubiyah eca dènnira adhahar ||

33.
Wus surup Sang Hyang Pradangga |
angangkat salat Mahêrib |
Santri Monthèl anèng wantat |
sawuse asalat nuli |
angundang santrinèki |
Sira Monthèl ingsun-utus |
undangên Anggungrimang |
tutura yèn ana tami |
Anggungrimang konên anggawa tarêbang ||

34.
Kaki Monthèl gya lumampah |
tan adangu nulya prapti |
ing wismane Anggungrimang |
nulya-a lumampah aglis |
kula ingutus Kyai |
angundang marang sirèku |
lan kinèn (ng)gawa trêbang |
Ki Mangunarsa ing mangkin |
katamuan èstri saking Wanamarta ||

35.
Anggungrimang atatanya |
Ki Santri yèn mungguh mami |
tamuwan sanak wanodya |
pangrunguningsun rumiyin |
lampah dèn-kadi Nabi |
ya maksih ampungan iku |
Idajil nyurup ika |
Ki Monthèl alon turnèki |
mangsa borong rakanta Ki Mangunarsa ||

36.
Tan adangu nulya mangkat |
sarwi amêkas ing rabi |
mêngko acawisa boga |
sun kesah nêmoni tami |
lampahira agipih |
sapraptanira ing dhukuh |
ngandika Mangunarsa |
suwawi adhi alinggih |
nulya linggih Anggungrimang mangku trêbang ||

37.
Tan adangu nulya nêrbang |
singir Wali Ajal-urip |
suwarane anggaruntal |
pawèstri samya ningali |
Anggungrimang rêspati |
de alul wasis ing têmbung |
irama wus anêlas |
miwah santri Arab Jawi |
tuhu luwih kala jaka Anggungrimang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02b) Kaca 14 – 24
  • (04) Kaca 39 - 48 >