Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07) Kaca 70 - 76

 

( Jayèngrêsmi kalihan adhinipun dumugi ing rêdi Ujungan )

11

2. Lampahipun Jayèngrêsmi kalihan adhinipun dumugi ing rêdi Ujungan, dhusun Simpar isi tiyang sêpuh-sêpuh ingkang sampun kasupèn dhatêng tatakrama, nanging sugih kagunan, karawitan, dhalang, kêmasan, mranggi lss. Lajêng nêrusakên lampah dumugi Sidapaksa, kèndêl ing palerenan, wontên gamêlanipun jangkêp. Ugi wontên buku-buku kapurih maos Jayèngraga botên sagêd jalaran têmbangipun Palugangsa. Jayèngrêsmi suka tuladha swantênipun arum. Dumadakan wontên Kaki Tuwa mrêpêki lan pitakèn wigatosing lampahipun kêkalih. Jayèngrêsmi balaka. Ki Tuwa wau ahli sastra kapujangganipun Êmpu Yogiswara. Kajawi mangêrtos bab buku mawarni-warni, ugi ahli petang. Miturut petanganipun Ki Tuwa, lampahipun kadang kêkalih badhe angsal damêl. Kadang kêkalih sami angsal piwulang kasusastran lan petang warni-warni, lajêng sami nglajêngakên lampah dhatêng Ngardipala.


 

Kaca 70 – 76

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 70

652 Asmaradana

8.
Dasa-sila wastanèki |
sila lungguhing lumampah |
sadasa prakara kèhe |
nênggih rêke salokanya |
dhingin ika waweka |
santika dasa-silèku |
kaping pate munasika ||

9.
Ping lima gorastra yayi |
ping nêmipun parisuda |
ping pitu nir naya ranne |
kaping wolu lana ika |
kaping sangane iya |
karuna-murti rannipun |
jangkêpe kaping sadasa ||

10.
Paksa gumisa sun yayi |
apitutur marang sira |
kèwuhan ing lampah dhewe |
ingsun yayi durung wikan |
pindhaning rowang lumampah |
sira yayi lawan ingsun |
lah sami tuntun-tuntunan ||

11.
Lêpas lampahe lumaris |
prapta ing wukir Ujungan |
kapungkur ing Luraharo |
sumêngkèng gigir parwata |
akèh desa kamargan |
marga kèh simpanganipun |
marganya sunya asimpar ||

12.
Sumêngkèng gigir anolih |
mawungu lan kalênglêngan |
tumingal ing lurahane |
akèh desa kang kawuryan |
kongang ing Wanamarta |
Siluhung katon angunggul |
kadya akèn awangsula ||

13.
Ing Tani ika kaèksi |
aputih karêthap pelag |
pating paluncar kukuse |
sakèhing desa kawuryan |
nora tanpa kukusa |
ana anggaru maluku |
lumaris Ki Jayasmara ||

14.
Marga jro jurang arumpil |
anut têpining parangan |
siluk-siluk marga rèjèng |
sêlanya atundha-tundha |
ing parang sinarasah |
lumut awilis ing watu |
lir amêdhar ing kurimang ||

15.
Swaraning giri kumrisik |
hèr muncar saking ing parang |
angênani sigrong-sigrong |
kongkang munya babarêngan |
kadi wong sasêmayan |
ing benjang ngalêbu parung |
abela ing kakung pêjah ||

16.
Sela gêng angapit margi |
marang ginggang alêmpitan |
alikak-likuk margane |
anut têpining luh parang |
pacêt lir atitindha |
kadulu pating palêngkung |
anèng ron miwah ing sela ||

17.
Sumêngka lampahira ris |
sêmuning tyas muga-muga |
kalêson lampahira lon |
araryan lungguh tumingal |
dhukuh taruka anyar |
lagya wontên madya taun |
anglut ngajêngakên Simpar ||

Jilid 11 - Kaca : 71

18.
Kang adhukuh tuwa-tuwa |
wus lali ing tatakrama |
kaya duk anom polahe |
agung (m)bêdhèl palèngkèngan |
anggung agugujêngan |
bisa mamêtokkên guyu |
karamyaning bocah-bocah ||

19.
Sing gawe wus dèn-lakoni |
sêkaliring pagaweyan |
ing kina kala anome |
wisaya ring karawitan |
apandhe akêmasan |
asungging wisayanipun |
mêranggi miwah amayang ||

20.
Sing ringgitan dèn-kewuhi |
amayang purwa wus bisa |
kaya dhadhalang polahe |
miwah yèn wayang carita |
akèh wong kang angundang |
karucil wisayanipun |
miwah yèn andongèng bisa ||

21.
Nora na kang dèn-guroni |
angawula ing pandhita |
warêg sinung cipta mangke |
dèrèng angsal papagêran |
malah têkèng ngatuwa |
kaya duk walakanipun |
mulane manjing ing sunya ||

22.
Sing (m)bawani wong utami |
tinêpa kirang aksara |
kadhang-kadhang paksa rare |
kadhang paksa wong susila |
kadhang paksambêg tapa |
kadhang rêksa wruh ing laku |
kadhang pêksa amiweka ||

23.
Akèh desa kang dèn-(ng)gonni |
pan dèrèng gênêp sawarsa |
prawan asring amèt ênggèn |
akèh kang angayo ala |
kêdah anèng Ngasimpar |
karane angungsi (ng)gunung |
adhêkah ing Sidapaksa ||

24.
Saksana dènnya lumaris |
Jayasmara Jayèngraga |
sarya andulu desa kèh |
akathah desa kawuryan |
gaga-nya lurah-lurah |
kara-nya nut pinggir lurung |
anjujug ing Sidapaksa ||

25.
Tulakan tirah ing margi |
pararyanan wong adagang |
tan pêgat ponang wong rèrèn |
mandira nom tumaruna |
adus Ki Jayasmara |
lawan Ki Jayèngragèku |
sampun sami parêng mêntas ||

26.
Sampunnya busana kalih |
alinggih anèng mandira |
asêpi ponang wong rèrèn |
kêsêpèn Ki Jayasmara |
angling Ki Jayèngraga |
lah mampira kang mring dhukuh |
[---] ||

27.
Apênêt yayi puniki |
bilih wontên pararyanan |
tur awèh pangan ing mangko |
riris alit sampun niba |
lah yayi rumiyina |
prandene sun atut pungkur |
lumaris Ki Jayèngraga ||

Jilid 11 - Kaca : 72

28.
Nênggih parèrènan asri |
parèrènan wong dagang |
Ki Jayèngraga nabda lon |
punika ya papatanyan |
nêdha sami araryan |
tan wontên sisikunipun |
sarawuhira gya raryan ||

29.
Wong kalih samya alinggih |
anêpi kang parèrènan |
tan ana atunggal ênggon |
dangune mapan mangkana |
risaksana tumingal |
gamêlan akèh kadulu |
iki baya kang amantya ||

30.
Salung gambang rêbab suling |
gubar kêndhang lawan guntar |
calapita orong rame |
calêmpung anèng papaga |
bèndhêng lawan nuragan |
sanepa lawan balêdug |
kacaryan Ki Jayasmara ||

31.
Asuwe tan ana mijil |
miwah kang wong liwat (n)dalan |
kang aduwe pamarantèn |
saksana mangke tumingal |
layang Suluh Rêtna-ja |
Ki Jayèngraga ingutus |
lah yayi amamaca-a ||

32.
Layang ginayuh tumuli |
sinukma winacèng driya |
Ki Jayasmara dêlinge |
yayi dèn-asru amaca |
angling Ki Jayèngraga |
dèrèng sagêd ta pukulun |
kakang sêkar Palugangsa ||

33.
Lah kakang wurukên mami |
apan têmbang Palungangsa |
dèrèng tama ing têmbange |
lah kakang andika waca |
Jayasmara pratama |
ginangsul swaranira rum |
pindhane amikat swara ||

34.
(ng)Garjita tyasira tangi |
Ki Tuwa dènnira nendra |
pan awuru maju gênje |
tumurun maring patamyan |
Ki Jayasmara wikan |
Ki Tuwa alon amuwus |
ki putu samya linggiha ||

35.
Tumulya anyapa aris |
Ki Tuwa mring tamunira |
dhatêng pundi putu mangko |
miwah rêke wismanira |
anyar putu kawuryan |
Ki Jayasmara tumurun |
kula saking Wanamarta ||

36.
Wong umbaran ingsun Kaki |
kang kasêdya Ngardipala |
têbah baya saking kene |
Kaki Tuwa awawarah |
nora patiya têbah |
manawi ta tigang lauk |
kajujuging Ngardipala ||

37.
Sabênne saba ing ngriki |
siswane Ki Amongkarsa |
sampun salah tampi mangke |
ingsun atakon sajarwa |
putu apa sinêdya |
Ki Jayasmara amuwus |
inggih Ki Sèh Malangkarsa ||

38.
Awasna punapa kaki |
dènnira Sèh Malangkarsa |
sampun salah tampa mangke |
Ki Jayasmara angucap |
pawong sanake kuna |
duk angumbara ngalangut |
angaji (ng)gunung Pacira ||

Jilid 11 - Kaca : 73

39.
Ki Tuwa amardi angling |
punapa putu sinêdya |
sun-tingali putu mangke |
asêmu kaprihatinan |
Jayasmara sajarwa |
anglati sanakingsun |
èstri ilang lan cèthinya ||

40.
Sun-ulati tan kapanggih |
kèdêran ing nungswa Jawa |
anging tan ana wartane |
yèn mati utawa gêsang |
paran (ng)gèn ngulatana |
muksane sumêngkèng gunung |
bilih wontêna awarta ||

41.
Ki Tuwa awas ningali |
adhuh kaki putuningwang |
aja ge sira gung atèn |
lah iku sun-gugujêngan |
sun nuli kèn petangan |
saparanne dagingipun |
Ki Tuwa nulya winarah ||

42.
Tambangraras arannèki |
duk alit mila punika |
Ki Tuwa ametang age |
dèn-ruruh ing palintangan |
Jadi lintange ika |
bêcike iku anusul |
agêsanga manggih bagya ||

43.
Ki Jayèngraga ngyêktèni |
ing petangane Ki Tuwa |
Kaki Tuwa ingsun mangke |
lah pitungên araningwang |
Jayèngraga punika |
Ki Tuwa sigra angetung |
tumiba ing lintang ngamal ||

44.
Lintang iku gêni kaki |
amukti nora na lawan |
mung ing sagara rusake |
iku kêni ing naraka |
karane iku rusak |
tan kêna amungsuh banyu |
rusake anèng sagara ||

45.
Kakênan Ki Jayèngrêsmi |
ing petangane Ki Tuwa |
lah etungên ingsun mangke |
Jayasmara araningwang |
aglis sira ing petang |
nuju lintang Ngamal iku |
tunggal lawan arinira ||

46.
Angling anukma ing ati |
tuhu bisa Kaki Tuwa |
amanoara wuwuse |
manira kaki anêdha |
punapa lamat tuwan |
sanakingsun kang sun-ruruh |
kapanggihe lawan ora ||

47.
Aglis saure aririh |
Kiyai Tuwa mamarah |
sampun walang-galih mangke |
pan kapanggih ing petangan |
wus anèng Ngardipala |
duk lungane ingsun-wêruh |
birai marang ing priya ||

48.
Kadi winêlêgan mangkin |
lir siniram ing amarta |
dening warta jati kabèh |
Kaki manira pamitan |
age prapta ing sêdya |
Ki Tuwa angampah asru |
dening lagi sangêt na-as ||

49.
Yèn sampun nalika jati |
putu sawêg tumindaka |
Ki Jayasmara dêlinge |
ingsun Kaki warahana |
ing wilangane sangat |
Ki aglis atutur |
ing sangat catur prakara ||

Jilid 11 - Kaca : 74

50.
Sangat sakawan puniki |
lumampah dalu lan siyang |
èngêtêna ing lakune |
karuhun Mati punika |
Ebèn kaping kalihnya |
kaping tiga Rèhên iku |
kaping pat Ihrak wastanya ||

51.
Mangali Jaki puniki |
minulyakkên ing Pangeran |
rahayu tan na cacade |
barang-barang si pakaryan |
miwah kita yèn aprang |
syuh sirna mungsuhirèku |
raharja lir mas kumambang ||

653 Maskumambang

1.
Ing bêcike umarêk maring narpati |
lan marêk punggawa |
lamun anak mêtu bêcik |
ing sangat Jaki punika ||

2.
Lamat maratapa dhasaripun alim |
asabar ngulama |
iku pamanggihe ugi |
abêcik utawa ningkah ||

3.
Kang awasta Mangali ngêmbèn puniki |
bêcik iku ora |
ala iku ora ugi |
pakantuke mung satêngah ||

4.
Kaping tiga êrèhên puniku singgih |
sipat angin ika |
suwung pamanggihe ugi |
kang sipat gêni punika ||

5.
Yèn kalanira umarêk ing narpati |
tanpa bara-bara |
malah dadi sukanèki |
mênêng Ki Tuwa tan ngucap ||

6.
Jayèngraga nambungi anabda aris |
pan sami punika |
mêdhèl pranêsane ugi |
bisa-a mamêtu ajar ||

7.
Pan gawokan sabarang karya tan sisip |
pan sun-gawe mokal |
sawignyane wong puniki |
pasthi ana kang alêpat ||8.
Lah suwawi Kaki ajarwa-a malih |
ingsun warahana |
sabarang caritanèki |
Kaki pajarên sadaya ||

9.
Alon ngucap Ki Tuwa sambung aririh |
duk ingsun walaka |
tan na pilih barang kardi |
ing kina duk angumbara ||

10.
Anèng gunung Pacira puniku dhingin |
lami nèng Pacira |
usul ingkang kula aji |
tamat Tipèk ukummolah ||

11.
Lama-lama akèh wong ngaji maring mami |
Nahwu lawan Sarap |
miwah Usul-suluk sami |
akèh kang wong lunga têka ||

Jilid 11 - Kaca : 75

12.
Mung sawiji ingkang durung myarsa sami |
ngèlmu pipingitan |
basa kawi ingsun sugih |
kawi saking kapujanggan ||

13.
Wikaningsun kawulane iku nguni |
nênggih sangkanira |
saking êmpu iku nguni |
wasta Êmpu Yogiswara ||

14.
Kawi saking Bratayuda Udayani |
Arjunawijaya |
Wiwaha lan Boma-tèki |
lan praja Sambang-salukat ||

15.
Ing Madanasraya Asmaradanèki |
Canthaka Wijatya |
Ramayana Sastra-niti |
Santa-wacana rowangnya ||

16.
Candramuka mulanya Pustaka-adi |
Kalima-usada |
piturut ing Hyang puniki |
katurun ing Kawiradya ||

17.
Beno Suprasena Jiwatma sotani |
Nyapawitra tunggal |
lawan Kurawasrayèki |
miwah ta Sambang Lalana ||

18.
Gathotkaca Limananyana palabdi |
sikêp sirna ilang |
tingkahe wanggara ugi |
ing panah putus sastranya ||

19.
Danurwenda putus angolah turanggi |
putus limanira |
kaliotrane misani |
sugih kuda panêgaran ||

20.
Panggêritan lago siksa putu-mami |
pan sampun pratama |
ing karawitan wus wasis |
ing wayang ringgit gamêlan ||

21.
Nora luput prapta ponang boga bukti |
lêpas tiningalan |
anak putu sadayèki |
sisanira mawi boga ||

22.
Lêgèn têbu woh-wohan kèh warni-warni |
sêdhah wohan miwah |
toya ing cunthang sumandhing |
laladèn pêpak sadaya ||

23.
Kyai Tuwa pangandikanira aris |
lah padha linggiha |
Ki Tuwa nyugatèng tami |
lah putu sami dhahara ||

24.
Anak putu kabèh mareneya sami |
padha sogata-a |
marang ing tatamu-mami |
aja na agagalangan ||

25.
Jayèngrêsmi kawêkèn micarèng galih |
baya têmên uga |
kabèh tuture ing mami |
wus wisan dènnya dhadharan ||

26.
Wus linorod nyamikan lumintu prapti |
Ki Tuwa lingira |
marang anak putunèki |
miluwa tamiyan sira ||

27.
Tuduh dalan baliya simpangan bêcik |
yèn nora rinilan |
aja lênggana sakapti |
wus mangkata putuningwang ||

Jilid 11 - Kaca : 76

28.
Praptèng mangsa sampun walang-galih malih |
panggih kang sinêdya |
Jayèngasmara wus pamit |
Jayèngraga tansèng wuntat ||

29.
Lampahira Jayèngraga Jayèngrêsmi |
titiga rowangnya |
lawan kang atuduh margi |
kang tinut margi simpangan ||

30.
Anut têpi-têpining pagagan asri |
taruntun banjaran |
dinulu tan pati têbih |
ing Ngardipala prênahnya ||

31.
Gigir wetan kongas masjide kaèksi |
lah uwis baliya |
ingsun alaju pribadi |
anut têpining srêngkara ||

654 Dhandhanggula

1.
Dyan warnanên dhukuhe kaèksi |
ing Ngardipala iku kawuryan |
katon amunggul masjide |
muncar mastakanipun |
rinumpaka linepa putih |
kasênênnan raditya |
alêp yèn dinuju |
wali kadhêp kapawanan |
kêdhap-kêdhap kadya ngawe ingkang prapti |
kadya kèn malêbuwa ||

2.
Enggar manahe Ki Jayèngrêsmi |
tumingal mangke tatandurannya |
kitri asangkêp rakite |
tinon asri anglangut |
pucang dênta lan pucang ranti |
samya ambabar mayang |
gandane sumrubut |
sawêdharing mayang mêkar |
kadya gêlunging dyah lukaring pulang sih |
sajroning papajangan ||

3.
Pala gumantung wohnya andadi |
manggis kapundhung jirak kokosan |
drêsana langsêp lan durèn |
woh ijo lawan sêntul |
lan abawang wunglon kêcapi |
wohnya aglar ing marga |
lêpasing amupu |
padha jajar-jinajaran |
wohira glar kang rondhon salak kadadi |
jambu wor ambaranang ||

4.
Alon-lonan dènnira lumaris |
Jayasmara marang arinira |
sampun prapta banjarane |
lêngêng arsa andulu |
upacaranira angrawit |
warnaning kang kusuma |
kawuryan alangut |
ajajar lawan amirah |
parijatha tinata jaga kasturi |
Jayasmara kacaryan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06) Kaca 55 - 69
  • (08) Kaca 77 - 84 >