Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08) Kaca 77 - 84

 

( Dhusun Ngardipala, padhepokanipun Sèh Malangkarsa )

11

3. Dhusun Ngardipala, padhepokanipun Sèh Malangkarsa, kinubêngan dhusun lèr kidul wetan kilèn, padhepokanipun para sêkabatipun. Jayèngrêsmi nyariyosakên wigatosing lampah ngupadi mbakyunipun.

Sèh Modang ing bang kidul nate nyumêrêpi lampahipun tiyang èstri kalih saking Wanamarta, wasta Selabrangta kadhèrèkakên Ni Cênthini. Sèh Malangkarsa mirêng, bilih Rubiyah ingkang kadhèrèkakên cèthi wau wontên ing Wanataka, wartosipun ipenipun Sèh Mangunarsa. Dumadakan katungka sowanipun Ki Monthèl utusan saking Wanataka, mbêkta sêratipun Sèh Amongraga katur Ki Bayi Panurta. Ki Monthèl nglajêngakên lampah dhatêng Wanamarta. Jayèngrêsmi Jayèngraga dhatêng Ngardisalah badhe sami amartapa, jinurungan dening Sèh Malangkarsa.


 

Kaca 77 – 84

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 77

654 Dhandhanggula

5.
Kêmbang abang ajajar lan putih |
kêmbang kuning jajar lawan nila |
tuturutan upamane |
tinon asri anglangut |
yèn winawang kang pendah tulis |
mangke upamakêna |
warnane dinulu |
yèn pasara pèngeberan |
yèn dododa ruruwitan upamèki |
rinêngga pinarêman ||

6.
Patani ika tinon angrawit |
atarab gambar abatur sela |
ukir-ukiran watonne |
ginalaran pring tutul |
apalisir jingga kasturi |
Ki Jayasmara mulat |
tulise kadulu |
sinurat gambar naraka |
kang sasisih tinulis swarga di luwih |
Jayèngraga karênan ||

7.
Lintang sukane Ki Jayèngrêsmi |
lawan sukane Ki Jayèngraga |
upacarane arame |
lampahnya mandhêg mangu |
Jayèngraga angling ing ati |
pangalême kalintang |
Jayasmara muwus |
bisane Ki Malangkarsa |
bagus anom pandhita asramèng budi |
tur putus ing aksara ||

8.
Masjid agung linepa angrawit |
tinundha tiga apayon sirap |
lawang ingukir tangkêbe |
kinikisan pring wulung |
gêgêlaran kasah kalimis |
wirancak-suji kêmbang |
rêsik nataripun |
katongan pujangga puspa |
kapurancak sakèhe kêmbang awangi |
munggèng têpining tirta ||

9.
Akèh kaume padha ngidêri |
rewange padha amangun tapa |
Sèk Pariminta kang bang lèr |
Sèk Modang kang bang kidul |
ingkang wetan Sèk Amongsari |
kilèn Sèk Trêsnaraga |
samya mangun ayu |
tan pêgat bêkti maring Hyang |
antya anèm-anèm sira samya bêkti |
tan akulinèng dunya ||

10.
Sèk Malangkarsa ta anèng masjid |
wikan lamun yèn sanake prapta |
susugun bungah manahe |
dènnya sung salam asru |
Malangkarsa ika nuruni |
sigra anjawat tangan |
arine dèn-rangkul |
asung bêkti Jayasmara |
asugata Sèk Malangkarsa lingnya ris |
bagya yayi dhatêngan ||

11.
Alama ingsun ora kapanggih |
saking panarkaningsun ing sira |
singgih wus palêstra mangke |
lami nora katêmu |
kaya ana tridasa warsi |
duk ana ing Pacira |
sring sun-ucap dalu |
kangên yayi sun mring sira |
anauri wacana Ki Jayèngrêsmi |
kakang kawula nêdha ||

Jilid 11 - Kaca : 78

12.
Dèn-lirik mangke Ki Jayèngragi |
punika yayi awasna paran |
Ki Jayasmara saure |
sanak manira dulur |
Malangkarsa amuwus aris |
yayi dèn-apracaya |
nora beda ingsun |
yayi dene sun sasanak |
Jayèngraga sumaur wacana aris |
kakang manira nêdha ||

13.
Dèn-bêkta mantuk Ki Jayèngrêsmi |
Ni Ulangan sanakira prapta |
kang sira ruruh lawase |
Ni Ulangan agupuh |
dènnya nyapa bageya yayi |
wus anggêlar kalasa |
rarene dèn-ruruh |
asasaos apucangan |
wus sumaji pucangan angancarani |
lah yayi amucanga ||

14.
Gupuh-gupuh arsa amêmuji |
Ni Ulangan arsa olah-olah |
nora nganti ing rowange |
maring pawon agupuh |
arsa ngambil sira kuwali |
dandang cinandhak sigar |
tugêl tumangipun |
kang rerewang taragalan |
kulit keyong ginêcêg singgih kêmiri |
kimpul dinalih barang ||

15.
Tatanggane padha ngudanèni |
yèn Kiyai mangkya katamuwan |
anom tur bagus warnane |
parawan sami rawuh |
lingsènira angrêrewangi |
sigra-sigra ing lampah |
Ni Wulanjar kidul |
ramane mangkya atanya |
Ni Wulanjar marang ngêndi sira nini |
Kiyai kadhatêngan ||

16.
Parawan ika pating kalêsik |
Ki Jayèngraga paranning tingal |
mambu-ati pangucape |
kang sawênèh amuwus |
baya ika anênontoni |
baya sira dèn-lamar |
lamun ni (m)bok iku |
sêdhêng yèn angguguyuwa |
amrih paran olèha kayèn-sun iki |
mudha Rara Kasiyan ||

17.
Bu-lah kang kaya sira puniki |
Rara Diryasa gênah sarupa |
parawan bangkit ing gawe |
sauripun asêndhu |
salah tunggal parawan singgih |
ingsun iki karuwan |
lamun mindha jugul |
kaya ora kaduk mudha |
kadadawan wuwuse asêmu runtik |
dadya ulêng-ulêngan ||

18.
Rara Kêmprèng tansah gorah-garih |
mêtu (n)jaba (n)dadak kowang-kowang |
kaya kapinjal polahe |
tan pêgat manjing mêtu |
Jayèngraga dèn-kalènjèn |
polahe atênaga |
lingsême angangsu |
mêtu (n)jaba ragan-ragan |
buyung waluh dèn-kêmbang dèn-patut suling |
têmbange Jagamangsa ||

Jilid 11 - Kaca : 79

19.
Olah-olahan matêng sumaji |
Ni Ulangan wusing olah-olah |
angutusi ing rowange |
kinèn sasaji sêkul |
Ni Ulangan asaji warih |
nulya alêkas dhahar |
wusa imbuh sêkul |
mangkana Sèh Malangkarsa |
tatamune anulya dèn-ancarani |
lah yayi atêdhaka ||

20.
Ki Malangkarsa alon ngecani |
salaminira amangun tapa |
angilangi kanêpsone |
tuhu amangun ayu |
anging lamun ana tatami |
ingkang ngecani sarak |
lir adhahar sêkul |
bisa ningitakên lampah |
riya kibir sumêngah kang dèn-singgahi |
asri asih Hyang Sukma ||

21.
Ki Jayasmara ngundikèng galih |
si kakang bisa anukmèng lampah |
dèn-singitakên lampahe |
netya katarèng sêmu |
sumêngahe kang dèn-singgahi |
lir nuhoni tan wikan |
kadya nukmèng laku |
tan ayun kabayan jara |
kang sawênèh lampahe karaga rai |
sampun dènnira dhahar ||

22.
Suruping Arka gumantyèng wêngi |
Ki Malangkarsa ika sêmbahyang |
wêktu Mahêrib wayahe |
Ki Jayasmara tumut |
wusnya bakda linggih surambi |
lawan Ki Jayasmara |
Malangkarsa muwus |
yayi paran jujugira |
Jayasmara sumaur wacana aris |
kakang jujug-manira ||

23.
Dèningsun (n)jujug kakang mariki |
angulati kakang sanakingwang |
èstri tan wikan paranne |
linggar kalaning dalu |
cèthinipun ika satunggil |
ika rewange lunga |
wus manira ruruh |
kèdêran lurah Jênggala |
ing Kadhiri ika kang wus sun-ulati |
miwah ing Lêmbuasta ||

24.
Parandene kakang tan kapanggih |
karan manira dhatêng kapara |
manawi parêng wartine |
ing wong adol atuku |
Malangkarsa wacana aris |
mêngko ingsun popoyan |
iya sun angrungu |
Rubiyah ingkang lêlana |
karo cèthi awasta Ni Selabranta |
sambate Wanamarta ||

Jilid 11 - Kaca : 80

25.
Ing Wanantaka ênggonne yayi |
Sèh Mangunarsa sanake ika |
nênggih kaakên ipene |
kang awarta maringsun |
Ki Sèh Modang wastanirèki |
mêngko uga pan têka |
wus kongkonan ingsun |
awarta yèn na dhatêngan |
Jayèngraga wuwuse anggêgêrèhi |
lah kakang pinaranan ||

26.
Sèh Malangkarsa anyuwalani |
benjang-enjang yayi pinaranan |
manira turut andhèrèk |
arsa wruha katèngsun |
ing wartane kang sun-yêktèni |
nênggih lakine prapta |
Rubiyah puniku |
awasta Sèh Amongraga |
nênggih kokum linabuh nora wigati |
duk anèng Ngaksiganda ||

27.
Anging tan kêna tirunên yayi |
ing polah iku yèn wus dumduman |
tan gingsir ing kadadènne |
mapaning laku iku |
alayaran sagara agni |
amêgata sawangan |
angêkêp majêngku |
yayi mangsa kapanggiha |
Jayasmara sumaur saha tur bêkti |
kakang manira nêdha ||

28.
Yèn tan alayar sagara isih |
ing lampah yayi mangsa panggiha |
kang aran aliru rêke |
ewuh ingsun angrungu |
kang ingaran aliru yayi |
lir lalandhêping pêdhang |
nugrahaning kawruh |
pan kang aran kanugrahan |
iku yayi anampani sihing jati |
kang tinampan nugraha ||

29.
Apan nugraha puniku yayi |
dudu arannira kang awêyah |
loba-a karsaning ngakèh |
kanugrahan puniku |
nênggih rêke walêsaning sih |
kaliye kang nugraha |
ing pralambenipun |
lir angilo ing paesan |
wawayangan kanugrahan sêmunèki |
kang angilo nugraha ||

30.
Apan sêmune angilo iki |
amung wikan ing kaananira |
anjatèni ing kasiye |
sêmu angilo iku |
sinung tingal marang Hyang Widdhi |
dadya ngèstokkên sira |
ing pangakênipun |
yèn tunggal purwa wisesa |
iya iku sêmune walêsan yayi |
iku sira dèn-awas ||

31.
Patêmon iku aranne yayi |
kadyanggane toya sin lan tawa |
apupul iku karone |
sira pupule iku |
nora kêna ngaran jaladri |
miwah ingaran tawa |
anta arannipun |
anta iku kanugrahan |
amintuhu arine anggunggung wêdi |
kakang manira nêdha ||

Jilid 11 - Kaca : 81

32.
Yèn wus sirna tawaning toya sin |
kawimbuhan ananing sagara |
antya sirna kajatène |
asining sagarèku |
kang jumênêng puniku yayi |
anging ingkang sagara |
kang sêdya purbèku |
iku yayi panarima |
kang ingaran sagara kang tanpa têpi |
iku sira dèn-nyata ||

33.
Mangkana malih sirnaning cêrmin |
rupa jro iku paesan sirna |
pantês rupane dhèwèke |
kang siniyan kalimput |
dadya jêngkar rupa pribadi |
liwung tan nana wikan |
kadya duking dangu |
sêdya wruh pribadinira |
Jayasmara sumungkêm ing padanèki |
lawan Ki Jayèngraga ||

34.
Kalangan dening Ki Modang prapti |
wacananira Sèh Malangkarsa |
prapta kabèh sakaume |
Sèh Pariminta rawuh |
miwah sira Sèh Amongsari |
wikan yèn na dhatêngan |
ingancaran gupuh |
dènnira Sèh Malangkarsa |
prapta kabèh kaume samya sung bêkti |
Sèh Modang Pariminta ||

35.
Asuwe yayi sun anti-anti |
kakangira yayi kadhatêngan |
nênggih ngulati sanake |
kesah kalaning dalu |
ingkang lunga rêke puniki |
èstri datan karuwan |
lan titiyangipun |
darmane tan ana wikan |
titiyange wasta Ni wadon Cênthini |
wismane Wanamarta ||

36.
Sèh Modang mangkya amuwus aris |
manira kakang angrungu warta |
nênggih Wanamarta rêke |
wontên Rubiyah rawuh |
wastanipun Ni Selabranti |
ayu anom lumampah |
lan titiyangipun |
sami rêke nandhang bawa |
titiyange awasta Ni (m)bok Cênthini |
sambate Wanamarta ||

37.
Ki Jayasmara ika nauri |
punika kakang mangsa dedeya |
sambada lawan sambate |
nanging prabedanipun |
Tambangraras wastane yayi |
manawi silih aran |
Selabranta iku |
amuwus Ki Jayèngraga |
sabdanya sru kakangira dèn-jak gipih |
lah kakang pinaranan ||

Jilid 11 - Kaca : 82

38.
Sèh Modang ika amuwus aris |
baya lami manira miyarsa |
wontên kalih dina kiye |
kang awarta maringsun |
Santri Monthèl wastanirèki |
nênggih ingakên siswa |
dene ipenipun |
awasta Sèh Mangunarsa |
awawarah nênggih kinèn awèh tulis |
dhatêng ing Wanamarta ||

39.
Sèh Malangkarsa amuwus aris |
lah ta yayi mangke nêdha milang |
sitangsu lagya angayom |
Jayasmara amuwus |
lah ta nêdha kakang sun-iring |
arsa tumut sadaya |
wau kaumipun |
wus adan Ki Malangkarsa |
angimami ing salatira Subêkti |
paragat asasalaman ||

40.
Wusing dhikir luwaran anuli |
samya tata nèng surambi lênggah |
sumaos pasunggatane |
dhahar sèmèkanipun |
ingancaran sami wawanting |
akêmbul parêng nadhah |
tan taha anutug |
luwarira cinarikan |
nulya rawuh Ki Monthèl amawi tulis |
yata auluk-salam ||

41.
Sigra anjawat tangan alinggih |
ing ngarsanira Ki Jayasmara |
Ki Monthèl alon wuwuse |
punika salamipun |
dhatêng tuwan rêke dèn-sami |
sungana rahmat Tuwan |
ring panêdhanipun |
awasta Sèh Amongraga |
jalma ina kasiyan asih ing Widdhi |
tuwan anêdhakêna ||

42.
Sampun sinauran salamnèki |
dènnira mangu Sèh Malangkarsa |
amicarèng jro driyane |
punapa sêmunipun |
Amongraga kaya puniki |
dene akirim salam |
pan ingsun durung wruh |
ragane iki wus wikan |
Jayasmara Jayèngraga anèng ngriki |
pantês wus kinawruhan ||

43.
Sèh Pariminta dèn-bisiki |
iki sing tandhane wong kawasa |
dèn-alingi kawasane |
lantip pasêmonipun |
pan manira yayi amanggih |
rêke ing wong kawasa |
tan kandhêg ing ngriku |
tan arsa wiwal ing Sukma |
ing karamat kabotan angriribêdi |
pan salah tur kabotan ||

Jilid 11 - Kaca : 83

44.
Sèh Malangkarsa amuwus malih |
lah bageya rêke kang utusan |
punapa kinon ing gawe |
santri Monthèl lon muwus |
pan kinèngkèn manira iki |
dhatêng ing Wanamarta |
ngêmban suratipun |
kang wasta Sèh Amongraga |
asung warta ing wong sanak yayah bibi |
yèn anèng Wanantaka ||

45.
Lawan kinèn mampira ing ngriki |
asung salam donga dhatêng tuwan |
ingkang sinung panêdhane |
tuwan-kujana kasub |
lawan tuwan amangun singgih |
putus ing wicaksana |
Malangkarsa muwus |
ayun wruh tanduking layang |
sampun sinung nawala dipun-tampèni |
dening Ki Malangkarsa ||

46.
Gya winaca mring Jayèngragèki |
nawalanira Sèh Amongraga |
kaayut ing manah tanduke |
punika layangipun |
putra tuwan katur ing bibi |
miwah katur ing rama |
kawula asung wruh |
yèn putra tuwan sih gêsang |
Tambangraras Amongraga ika prapti |
wontên ing Wanantaka ||

47.
Miwah mring ariku Jayèngrêsmi |
lawan riningsun Ki Jayèngraga |
dèn-agung pangapurane |
duk lunga tan asung wruh |
kakangira kabyukan branti |
trêsna ing ipenira |
marmane anglangut |
ing dalu tansah supêna |
Jayasmara yèn sira arsa atuwi |
maranga Wanantaka ||

48.
Ki Jayasmara angrês ing ati |
amiyarsa tanduking nawala |
tambuh duk mijil waspane |
wiyose manah sêgul |
miwah rêke Ki Jayèngragi |
wuwus tan kêna mêdal |
adrês awêtu luh |
wuwuse Ni Tambangraras |
layang tiba ing siti datan udani |
kantu Ki Jayèngraga ||

49.
Sèh Malangkarsa ngandikèng galih |
iki si ewuhing wong lumampah |
kèwuhan dening trêsnane |
karane apa kondur |
Ki Sèh Modang dèn-kujiwati |
iki mungsuh digdaya |
Sèh Modang anuwun |
amuwus Ki Malangkarsa |
kang tinêdha sih pitulunging Hyang Widdhi |
muga tulusa kêna ||

Jilid 11 - Kaca : 84

50.
Mangkana malih Ki Jayèngrêsmi |
kaputungan manah tanpa ngucap |
tumingal dening arine |
anglilir dènnya kantu |
Jayèngraga ika alinggih |
lawan Ki Jayasmara |
kalih sami sêgul |
arsa sira nandhang hawa |
amartapa sisilih Ki Amongrêsmi |
lawan Ki Amongkarsa ||

51.
Wus sinambrama Ki Monthèl amit |
Ki Jayasmara ika angucap |
ingsun wawêkas Si Monthèl |
manira kirim atur |
aturêna ing yayah bibi |
yèn sun nèng Ardipala |
sampun walangayun |
wus amit anjawat tangan |
santri Monthèl saksana mangkat tumuli |
ninggal Sèh pra nonoman ||

655 Sinom

1.
Wus lêpas ing lampahira |
Ki Monthèl sigêg kang kari |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
amit ing gurunirèki |
linggar arsa martapi |
mring Ngardisalah jinujug |
yata Sèh Malangkarsa |
wus jumurung angidèni |
wus linilan gya mentar saking ing ngarsa ||

2.
Ingatêr kalih mitranya |
Sèh Modang lan Trêsnaragi |
tan cinatur lampahira |
praptèng sasana amupit |
kang ngatêr wus amulih |
gantya malih kang cinatur |
kang kèri nèng karajan |
Wanamarta garwanèki |
Jayèngrêsmi lan garwane Jayèngraga ||

3.
Ni Turida wastanira |
kalawan Kèn Rarasati |
wus supe ing dhahar nendra |
tansah anahên rudatin |
angga sawang laywaning |
apsari saya anglayung |
lir kèntara kanginan |
sarira asalin warni |
Ni Turida tan pêgat agung karuna ||

4.
Lara-lara bratanira |
raina wêngi anangis |
lawan wadon Rarasdriya |
satilare lakinèki |
tansah sinambat tangis |
Jayèngraga lakiningsun |
ingsun singgih tulusa |
anggènnipun asih ing mami |
baya têmên (ng)gènnira asih maringwang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07) Kaca 70 - 76
  • (09) Kaca 85 - 98 >