Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10) Kaca 99 - 111

 

( Ki Bayi Panurta kagubêl dening

garwanipun Ni Malarsih )

11

IV. Ki Bayi Panurta kagubêl dening garwanipun Ni Malarsih ngajak ngupadosi para putra lan mantunipun. Ki Monthèl sowan ngaturakên sêrat saking Sèh Amongraga ing Wanataka. Ki Bayi sakalihan lajêng kesah tumuju Wanataka kanthi namur lampah. Ki Bayi gantos nama Ki Arundaya, Ni Malarsih mawi nama Ni Malarêsmi. Dumugi ing Ngardimuncar kapanggih Ki Ardimuncar lan adhinipun, Arundarsa. Dalunipun rêrêmbagan bab ngèlmu agami. Enjingipun têrus dhatêng rêdi Bustam kapanggih mitra lami Cariksutra lan Carikmudha. Ki Bayi mêjang bab tokid tuwin iman. Enjingipun nglajêngakên lampah. Cariksutra lan Carikmudha sami ndhèrèk.

1. Salolosipun Ni Turida tuwin Ni Rarasati ngupadosi lakinipun, Ni Malarsih ngajak Ki Bayi Panurta madosi putra lan mantunipun. Santri Luci kautus ngupadosi, ing margi kapanggih Ki Monthèl lajêng kasowanakên ngaturakên sêratipun Sèh Amongraga saking Wanataka. Ki Bayi lan semahipun lajêng sami mangkat kanthi nylamur, mangangge sarwi luwas sarta gantos nami: Ki Arundaya lan Ni Malarêsmi. Lampahipun tumuju dhatêng Ngardimuncar, kapanggih mitra lami Sèh Ardimuncar tuwin adhinipun Ki Arundarsa. Dalunipun sami rêraosan bab kasampurnaning iman, miturut ngèlmu makripat dumugi babaring kalêpasan. Ki Arundaya ngandikakakên wigatosing lampah, ngupadosi putra ingkang wontên dhukuh Wanataka. Sèh Ardimuncar ngaturakên bilih nate kampiran Ki Monthèl mbêkta sêrat katur Ki Bayi Panurta ing Wanamarta ingkang tundonipun inggih Ki Arundaya punika. Enjingipun sami nglajêngakên lampah dhatêng rêdi Bustam.


 

Kaca 99 - 111

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 99

660 Mijil

5.

Balikan sira dèn-wruh nampèni |
sêmuning Hyang Manon |
ja katungkul wong urip ta kiye |
tingalira dèn-madhêp Hyang Widdhi |
aywa salah kardi |
aja wèt kalurung ||

6.

Balik dèn-wruh kang agawe langit |
lan awakira wong |
andhap asor dèn-akèh bêktine |
malar kasatmata-a sirèki |
dèn-sukur ing Widdhi |
asiyèng Hyang Agung ||

7.

Lawan sira asiha ing Nabi |
panutan Hyang Manon |
dèn-asung sira ala bêcike |
iya kabèh ta manungsa iki |
sinung karna dening |
Sang Amaha Luhur ||

8.

Iya pirsakna pitutur mami |
mring sira mêngkono |
pituturing Rasul iku rêke |
sing sapa datan idhêp ing warti |
jinanjèkkên dadi |
sining yamani ku ||

9.

Iya anèng jroning narakèki |
salawasirèng wong |
têkèng jajal nirnakkên tuminge |
maksih rêke kang siya-siyèki |
nirnakkên ragèki |
inggih marmanipun ||

10.

Yèn ing manungsa tan anut singgih |
maring ing Hyang Manon |
agung siksane puniku têmbe |
tumpa-tumpa ponang siksa yayi |
kubur lan yamani |
ping kalih siksèku ||

11.

Angrês sambate Nikèn Malarsih |
myarsa kang mangkono |
wuwuse kang raka sadangune |
datan ngucap tan sêgu tan osik |
alon anguculi |
ing gêlunge sampun ||

12.

Padanira ingusapan wèni |
marêbêl mêtu loh |
tan angucap sadangu-dangune |
yèn angucap aririh mlas-asih |
sira Ni Malarsih |
nut karsane kakung ||

13.

Nênggih rêke yayi ing wong ngarif |
kala ika kang wong |
kinarya darman wuwuh sêngkêle |
lah punika amarmane ugi |
nênggih para Wali |
sunat tandhanipun ||

14.

Tandha sunat larangan ta nini |
têgêse kang uwong |
datan tungkul ing rênêse bae |
yèn katungkul pan dadya ling-aling |
dadya tingalnèki |
prana wastanipun ||

Jilid 11 - Kaca : 100

15.

Ana-dene sunate wong mukmin |
yèn sinung Hyang Manon |
sinung antara ing Pangerane |
nora apopoyan iku ugi |
iya animpèni |
sadintên sadalu ||

16.

Liwat pangganjarira Hyang Widdhi |
maring sira kang wong |
wipala gung martakkên martane |
ingaran wawaduling Hyang Widdhi |
tan kêna nujoni |
ing Hyang Maha Luhur ||

17.

Anênggih rêke sunating Nabi |
ajrih iku ing jro |
ing sêngite sinimpên jro siye |
ewuh ujar puniku ta-yayi |
dèn-kêna marinci |
iku dèn-katêmu ||

18.

Ni Malarsih tumungkul awêdi |
kewran èsmu kepon |
ngundang marang Ki Luci Santrine |
Santri Luci mareneya aglis |
ingsun (n)jaluk kardi |
lattana nakingsun ||

19.

Yèn katêmu sira Jayèngrêsmi |
mardika sira wong |
Ki Luci anuhun sigra lèngsèr |
sapraptane ing njawi anangis |
pangucap mlas-asih |
anèng (n)di katèngsun ||

20.

Andarung lampahira Ki Santri |
sarwi awêtu loh |
praptèng awan kawuri desane |
anut gêgêr sabin iring-iring |
praptèng wukir-wukir |
dènnira lumaku ||

21.

Kapanggih Ki Santri Monthèl nanging |
lirang-liring loyop |
alinggih ing sela lèndhèhane |
sela tumêngèng lirang awingit |
alon Santri Luci |
dènnira andulu ||

22.

Kapanggih pitêkur sarya muji |
nanêdhèng Hyang Manon |
sarwi sèndhèn ing soka asrine |
abra ingkang sêkar sari-sari |
sarya nêngèng langit |
nanêdha Hyang Agung ||

23.

Sapraptaning Luci dèn-takèni |
lah bapa sun-takon |
ing Wanamarta pundi prênahe |
Ki Luci alon dènnya nauri |
puniku ing ngarsi |
sakêdhap gya rawuh ||

24.

Santri Monthèl atatanya malih |
malih ingsun takon |
Ki Panurta ing pundi wismane |
Santri Luci wacananira ris |
kang wasta Kiyai |
Panurta kyaingsun ||

Jilid 11 - Kaca : 101

25.

Suka manahe Ki Monthèl angling |
iya yèn mangkono |
duduhêna sun iki kinèngkèn |
angêmban timbalan (m)bêkta tulis |
Tambangraras inggih |
lawan kakungipun ||

26.

Ingkang wasta Ki Sèh Amongragi |
sun-ulati karo |
yèn ana ing Wanantaka bae |
bungah manahe Ki Santri Luci |
ingsun tanya malih |
ya marang sirèku ||

27.

Wontên malih pawongane èstri |
nênggih sanakingong |
Ni (m)bok wadon Cênthini aranne |
ing mangke punapa taksih urip |
tan uninga mami |
gêsang lampusipun ||

28.

Binêkta mantuk Ki Monthèl aglis |
arsa matur gupoh |
marang gusti Ki Panurta mangke |
sami ènggar manahipun kalih |
Ki Panurta myarsi |
yèn Ki Luci rawuh ||

29.

Sarwi (m)bêkta tulis Santri Luci |
Ki Panurta alon |
tanya layang apa sira kuwe |
Santri Luci ature agipih |
putra tuwan gusti |
kang (m)bêkta sratipun ||

30.

Wastanipun Santri Monthèl gusti |
nèng (n)jawi wot-sinom |
Ki Panurta wuwuse ge-age |
lah undangên Ki Santri dèn-aglis |
saksana tumuli |
ingancaran mlêbu ||

31.

Santri Monthèl sinambrama aglis |
Monthèl sira lunggoh |
tinupiksa tumuli surate |
nawalanira Sèh Amongragi |
suka ing jro galih |
sêmbah-ulun katur ||

32.

Ing sampeyan ing (n)jêng Panurtèki |
lawan ibuningong |
tur uninga panduka wiyose |
Tambangraras ing mangkya sih urip |
Amongraga prapti |
nèng Wanantaka wus ||

33.

Kalayan ari Ki Jayèngrêsmi |
miwah ariningong |
Jayèngraga sakaro-karone |
samya dènnya gung pangapurèki |
lungane lêstari |
datan angsung-warah ||

34.

Kakungira kabyatan ing kingkin |
brangti kakung-ingong |
dadya nglangut puniku marmane |
ing dalu yayah supênanèki |
Ki Jayasmarèki |
nèng Wanantakèku ||

35.

Santri Monthèl alon matur aris |
punika wontên wong |
asung wêkas ing kawula rêke |
Jayèngraga lawan Jayèngrêsmi |
atur sêmbahnèki |
dene botên mantuk ||

Jilid 11 - Kaca : 102

36.

Sakalangkung anuwun aksami |
putra (n)dika karo |
mila minta apura wiyose |
manawi têmbenipun ngêmasi |
sampun dados galih |
pan arsa anglangut ||

37.

Ki Panurta agya muwus aris |
mring Ki Monthèl alon |
pundi (ng)gonnira têmu lawase |
Ki Monthèl alon ature singgih |
duk amangkat mami |
nênggih wontên dhukuh ||

38.

Asipêngan kula wontên margi |
Ngardipala dhukoh |
Amongkarsa kang dhudhukuh ranne |
kawula asung nyipêng sa-ratri |
putra tuwan gusti |
wawarta sadalu ||

39.

Bungah susugun Ki Panurtèki |
mring Monthèl susugoh |
wus sumaji sumaos ngarsane |
sêkul wangi apindhang kêbiri |
pêcêl wadêr pitik |
abêkakak wêdhus ||

40.

Tutulannira kang pêtis asin |
aglar suguh awor |
lawak kecap kang apindhang tawès |
kathah dhaharan kang anèng ngarsi |
carubuk lan mimi |
sadaya nèng ngayun ||

41.

Suka ing tyas Kyai Panurtèki |
Ni Malarsih (n)dongong |
kadya agring têkèng ing warase |
Ni Sumbaling ingutus sira glis |
ngambil kampuh nuli |
ing pêthi (ng)gyannipun ||

42.

Lan sruwale agya sira ambil |
mangko dènnya gupoh |
lawan ikêt pêthak cuwênine |
lawan kulambi sêrban sultani |
kopyah moga asri |
gya ingambil gupuh ||

43.

Sapraptane sinungakên nuli |
Ki Monthèl agupoh |
ananggapi Malarsih asihe |
kang sinungan nulya asung bêkti |
kalangkung kapundhi |
sihira maringsun ||

44.

Wusnya asung bêkti nulya amit |
Santri Monthèl gupoh |
mantuk marang ing Wanantakane |
Ni Malarsih kantun pyuhing galih |
myarsa ing tuturing |
utusan kang rawuh ||

45.

Wuwuh supênuh sira Malarsih |
ngur aja kapêngkok |
ing utusan mangkana wuwuse |
nora wuwuha rasaning ati |
malah sêdhih kingkin |
angur aja ngrungu ||

46.

Ki Panurta pangucapira ris |
gya ginugu uwong |
ngong ingutus mangkana têmbunge |
pinêdhaningsun marang Hyang Widdhi |
sokur taksih urip |
nakingsun sadarum ||

Jilid 11 - Kaca : 103

47.

Ni Malarsih lingirasmu tangis |
Kiyai wakingong |
mangkeneya salawas-lawase |
tan wande kawula angêmasi |
sun-lipur tan mari |
Ni Tambang nak-ingsun ||

48.

Lawan anak-ingsun Jayèngrêsmi |
dadi atiningong |
Ni Malarsih mlas-asih wuwusê |
lir bramara amarwasèng sari |
sira Ni Malarsih |
kang wèni sumawur ||

661 Sinom

1.

Yata Kiyai Panurta |
kalawan Nyai Malarsih |
lir jaka kalawan prawan |
polahe mardi pawèstri |
tansah ingarih-arih |
Ni Malarsih dèn-lilipur |
karsane Ki Panurta |
aywa na kang dadi galih |
lah mênênga aja (n)darung trêsnanira ||

2.

Malarsih sira kariya |
ingsun lunga angulati |
iya marang anakira |
sira ta si Jayèngragi |
malar ta yèn pinanggih |
anakta Jayèngrêsmiku |
sokur Ni Tambangraras |
anak-ingsun kabèh sami |
muga-muga rinêksa-a ing Pangeran ||

3.

Ki Panurta arsa kesah |
amanting raganirèki |
ngulati atmajanira |
tan bêtah ingsun akari |
baya nak-ingsun katri |
tan nana wêkasanipun |
anggung dènnya nglalana |
kangêningsun rina wêngi |
wus kariya ingsun ingkang ngulatana ||

4.

Ki Panurtarsa lumampah |
Ni Malarsih anggendholi |
pan kawula tumut kesah |
angulati anak-mami |
nangis anjrit kêpati |
tan purun kantuna ingsun |
dhuh ingsun tumut linggar |
ingsun datan sagêd kèri |
pêjah gêsang kawula tumut ing tuwan ||

5.

Panurta ngrês manahira |
miyarsa wuwusing rabi |
sakêdhap amêsu waspa |
Ki Panurta anabda ris |
lah uwis sira nyai |
adandana dèn-agupuh |
sun-gawa anglalana |
ana kang sun dunung ugi |
duk larèngsun ngaji pisah gunung Bustam ||

6.

Gya mentar Kyai Panurta |
kalawan Nyai Malarsih |
ngangge busana kanisthan |
Panurta lan Ni Malarsih |
lir namur lampahnèki |
harja nyampingira wulung |
angangge tasbèh kinyang |
amawi romale wilis |
ikêtira ubêt tiga tuhu pelag ||

Jilid 11 - Kaca : 104

7.

Tan amawi dhudhuwungan |
kaskul lan jungkat cinangking |
sampun angrasuk busana |
awasta sêrban sultani |
amrik gandanya minging |
praptèng (n)jawi lampahipun |
Ki Panurta alon ngucap |
lah dhingina sira yayi |
alon-alon ingsun ingkang ngiringêna ||

8.

Wus kapungkur wismanira |
sêdya maring Ngardirawit |
Ki Panurta alon ngucap |
marang garwa Ni Malarsih |
[---] |
angalih aran ta ingsun |
aran Ki Arundaya |
dene sira Ni Malarsih |
angaliha aran Malarêsmi sira ||

9.

Sêdyaningsun iki marang |
ing ngarga lamun dumugi |
ingaranan Arga Muncar |
iku kang sun-jujug ugi |
ana wong sanak mami |
sanak kêkalih sun-jujug |
kala ingsun mulana |
adarbe sanak kêkalih |
kang asêpuh awasta Ki Adimuncar ||

10.

Wastane ingkang taruna |
Arundarsa ranne ugi |
kalaningsun padha bocah |
sih-siniyan lawan mami |
karone manthèlangi |
anèng gunung Bustam iku |
malih sun duwe kadang |
wastanipun Arsèngbudi |
sanakingsun kala sun laku durjana ||

11.

Ardi Muncar Arundarsa |
de sanakingsun kang dhingin |
duk ingsun lunga angêntal |
punika margine yayi |
dene wastane mangkin |
Carik-sutra arannipun |
pan rabine sakawan |
samya nut karsaning laki |
kang satunggal awasta Ki Carik-mudha ||

12.

Pan sami pratamèng sastra |
warnane samya apêkik |
kang mantu Kiyai Batang |
rabine têtêping bêkti |
roro samya nastiti |
ing gunung Bastum puniku |
ing mangke adhêdhêkah |
ing Ngardi Muncar tulyasri |
pan kaprênah ingkang kilène punika ||

13.

Ki Malarêsmi angucap |
sumawi kakang dèn-aglis |
sampun dangu wirandhungan |
sêlak kêjawahan mangkin |
gêrah mandra ing wulan |
ricik-ricik sampun dangu |
gêtêr patêr kakilat |
lir akèn rèrèn ing margi |
kang jalada ngêndanu riris kang niba ||

Jilid 11 - Kaca : 105

14.

Kilat thathit abarungan |
pêtêng (n)dhêdhêt anglimputi |
lir guntur asri swaranya |
gumêbyar kang kilat thathit |
mamor ampuhan prapti |
ngin gora pracandha lesus |
mojar Ki Arundaya |
wuwuse awor lan tangis |
lah dèn-enggal ing pundi unggyanning rarywan ||

15.

Pundi yayi (ng)gonne rarywan |
tan nana dhukuh kaèksi |
gogodhongan woh katingal |
kidul kulon wetan têbih |
suwawi rèrèn ngriki |
Ni Rêsmi lupa tyasipun |
ana punganing sela |
tangan cape suku ogik |
rema kumêl kasaput dening pawana ||

16.

Gumêr gumêrot kang wrêksa |
agathuk rame kang thathit |
tan antara gêlap ngampar |
lir tutunon swaranya tri |
wrêksa gung agung sami |
akèh rêbah kabarubuh |
wênèh sêmpal kaprapal |
Ki Arundaya lingnya ris |
sarya ngrangkul rabine ingaras-aras ||

17.

Sun wêlas têmên mring sira |
tan wurung mati nèng ngriki |
kakang ta sun-kapakêna |
sadasa pêjah nèng ngriki |
Arundaya sira glis |
amêngkul ing rabinipun |
yayi suwawi enggal |
alunga têka ing ngriki |
lon lumampah tumingal dhukuh atêbah ||

18.

Katingalan lamat-lamat |
Arundaya muwus aris |
lah ta yayi ingampiran |
araryan sipêng sawêngi |
angecakakên ragi |
sakêdhap agya lumaku |
sarwi anganthi asta |
dhukuhe pan maksih têbih |
dangu saking dadalan pan jurang-jurang ||

19.

Awêrit kang ponang marga |
sonya tan nana wong siji |
anut pinggir jurang-jurang |
akèh swara kang kapyarsi |
têrang kang riris aris |
lampahe minggah tumurun |
têngange wayahira |
tumurun sing gêgêr lapis |
Arundaya wirandhungan lampahira ||

20.

Anut iring-iring ngarga |
pan anjog sitine miring |
pan lunyu-lunyu kèdêkan |
marga langkung wingit wêrit |
alon dènnya lumaris |
Arundaya ngandika rum |
yayi padha araryan |
wus andungkap sabinèki |
padhukuhan pan ika asri kawuryan ||

21.

Sapraptane ing banjaran |
andarung lampahe nuli |
ningali sabin ajêmbar |
awilis dinulu asri |
pinggir jarak kacipir |
kang kacang parikan ulur |
tirta jinala-tundha |
tuhu asri anglangkungi |
anujoni santrinya ana ing gaga ||

Jilid 11 - Kaca : 106

22.

Angambil kang jajanganan |
terong kalawan kacipir |
gudhe lan kacang dhung-dhungan |
sawusnya anuli mulih |
praptaning wisma nuli |
ningali ana wong rawuh |
ki santri gya tatanya |
wong pundi (n)dika puniki |
pan têmbene ijêngandika kawuryan ||

23.

Ki Arundaya ris mojar |
manira iki wong kampir |
puniki pundi wastanya |
padhukuhan tulya asri |
ki santri saurnya ris |
Ngargamuncar wastanipun |
mawi (n)dika lajênga |
punika kyai nèng masjid |
sigra laju praptèng natar uluk salam ||

24.

Sinauran Sèh Adimuncar |
sawusnya atata linggih |
abage-binage samya |
sasalaman sadayèki |
Sèh Adimuncar ngling aris |
prayogi salim alungguh |
sumangga maring wisma |
Rundaya nauri inggih |
pan sumangga kawula anut sakarsa ||

25.

Santri wus mudhun bubaran |
Sèh Adimuncar tuwin |
Arundaya Arundarsa |
Malarêsmi Purnaningsih |
kundur maring wismaki |
nèng pundhapa tata lungguh |
Sèh Adimuncar nabda |
mring garwa hèh Purnaningsih |
paran uwus (ng)gonnira tata sugata ||

26.

Yèn wus age ladèkêna |
kang garwa mundur anuding |
mring santri pawong mitranya |
naoskên sugatèng tami |
tan dangu praptèng ngarsi |
gupuh Purnaningsih wau |
ngladosakên bucunya |
jangan mênir pêcêl pitik |
padhamara lodhèh gula brongkos pindhang ||

27.

Dhèndhèng age susujènan |
opor bèbèk basngèk pitik |
gêpukan dhèndhèng gorèngan |
lombok kêncêng lawan pêtis |
sêrundèng (m)pal (m)puk ragi |
jêrowan lan abon rêmus |
krupuk lalab-lalaban |
Sèh Adimuncar ngling aris |
lah suwawi kakang kêmbulan anadhah ||

28.

Nulya sami wiwijikan |
Adimuncar ngling mring rabi |
lah payo sira pisan |
kewala padha abukti |
(n)dan lêkas sarêng sami |
dènnira nadhah pikantuk |
dangu antaranira |
luwaran dènnira bukti |
Ki Sa-murca anyarik rampadanira ||

29.

Wus linorod sadayanya |
nyamikan lumadyèng ngarsi |
Sèh Adimuncar wuwusnya |
lamine kula rasanni |
wontên kasupèn mami |
sakêdhik mungguhing ngèlmu |
bab sampurnaning iman |
Arundaya mituturi |
inggih rêhe mungguh sampurnaning iman ||

Jilid 11 - Kaca : 107

30.

Yèn wus sirna pangandêlnya |
mungguhing tokidirèki |
yèn wus purnanira tunggal |
loro-loroning ngatunggil |
tunggal-tunggaling kalih |
nging sawiji suhulipun |
pan têtêp tinêtêpan |
purbane tarik-tinarik |
tan nana ran wujuding gusti kawula ||

31.

Kang amolah kang pinolah |
namung kalawan pribadi |
datan lalawan lantaran |
pupuling ro maring siji |
Allah Mukamad jati |
campur tan kalawan Rasul |
nungap pribadinira |
mring sira Pangeran mungkin |
tan kaanan kodrat lan kadiranira ||

32.

Mangkana mungguh makripat |
yèn wus sirna ing pangèksi |
lawan paningal kang awas |
sirnakna aja na misih |
yèn maksih wêruh sirik |
tan sampurna tingalipun |
maksih kaliru tingal |
tingal kang nyata puniki |
apan aling-aling sajatining tingal ||

33.

Apan wong kang mangaripat |
durung têkèng kupur-kapir |
kang katingal mangaripat |
yèn wus sirna tingal jati |
pan nora aningali |
ing dalêm sawiji wujud |
nir datan ana tingal |
wontên andika kang Nabi |
lan sing sapa wêruh rêke ing salira ||

34.

Sasat wruh sirèng Pangeran |
kang dulu-dinulu sami |
kang tan kalawan satmata |
puniku ingkang wus jati |
ujar pra Ambiyayi |
lir puspa kalawan madu |
rinoncoh rinenceman |
linêbon madu sajati |
madu sirna puspa ingkang kawistara ||

35.

Sirna wujud roro ika |
têmune wong ahli tokit |
ana seje kang patêman |
lir êmas kalawan carmin |
linêbokkên jro gêni |
carmin pan ilang kang wujud |
mung êmas kang kaèksa |
carmin ilang tan na kari |
lamun yayi yun wikan maring salira ||

36.

Sirnakna paningalira |
tingal lair lawan batin |
aywa misih katingalan |
iku pamanggiyèng Wali |
sarya lila tyas suci |
suka sudibya ing kalbu |
cahya gumilang-gilang |
lir suryakantha kadêling |
Hyang Aruna lah êndi suruping surya ||

Jilid 11 - Kaca : 108

37.

Adimuncar rêna tyasnya |
winêdhar ingkang kalêmpit |
kakang kawula tatanya |
pundi kang ingaran tulis |
sastra ingkang sajati |
muni dhèwèke puniku |
lawan kang muni salah |
puniku kadipunêndi |
Arundaya alon wijiling wacana ||

38.

Punika yayi dèn-nyata |
mênggah sajatining tulis |
mungguh Datsira Pangeran |
mutêlak kalawan Gusti |
takdir kalawan tokit |
akusud dènnira suhul |
babaring kalêpasan |
ênggèh kang punika yayi |
kadi bayi lan pikun upamanèka ||

39.

Apan tunggal sangkan paran |
tunggal jatine rannèki |
(ng)gih punika yayi rasa |
surasane ngèlmu supi |
nanging ta kita niki |
tan pati tèyèng ing kayun |
wus wrin kewran kawêran |
ing warana aling-aling |
kang ngalingi tungkuling karana dunya ||

40.

Andhêku Ki Adimuncar |
kaluhuran sabda wingit |
sira Ki Sèh Arundarsa |
sumambung wacana aris |
kula tanya sayêkti |
kang pundi sajatosipun |
winastan Dalillolah |
lawan Kadis kang sajati |
lah ta kadipundi kakang Arundaya ||

41.

Kang tinanyan ris saurnya |
ujar kang punika yayi |
Dalil puniku idayat |
idayat pangandikaning |
Allah kang Maha Suci |
lantar dhawuh kang malakul |
malekat kang kaparak |
kinon ngudanèni salir |
kadi iku andikane Rasullolah ||

42.

Martakkên sakèhing umat |
kang sami agama suci |
lantaran wong tuwa kadya |
iman mumuruk ing ngèlmi |
sarat ingkang linuwih |
kang puguh kusus ing ngèlmu |
kang patut lan sarengat |
dening bab sêjatinèki |
basa Dalil graita ingkang nugraha ||

43.

Lirnya graita nugraha |
kang abrangta mring kadadin |
kata lawan musawarat |
ngudi kalawan pribadi |
muhung marang Hyang Widdhi |
(n)dungkaping purnaning kalbu |
liring Kadis kasucyan |
nucèkkên jiwa kitèki |
kang lir kapuk cadhang tètèsing dahana ||

44.

Sakamantyan kalihira |
Adimuncar anoragi |
Arundarsa langkung dènnya |
tumungkul rêna ing kapti |
dènnya ling ngasih-asih |
dhuh kakang Kiyai guru |
anglêjarakên driya |
sung padhang pêtênging galih |
langkung dening kawula kapiyutangan ||

Jilid 11 - Kaca : 109

45.

Rahmat gung wuwulang tuwan |
sun-têtêdha ing dunya kir |
kang muga tulus manjinga |
sadulur sinarawèdi |
Malarêsmi duk mèksi |
kang rayi kalih sumungku |
angrês karasèng nala |
èngêt mring putra Mongragi |
amumuruk kang winêjang angrêrêpa ||

46.

Tambuh duk mijil waspanya |
kagagas putranirèki |
kang samya nis andon paran |
ingupaya wana wukir |
kawistara ing laki |
Rundaya tanggap ing kalbu |
milya angêmbêng waspa |
Dimuncar Rundarsa ngliring |
mring kang raka kaliye angêmbêng waspa ||

47.

Sèh Adimuncar lingira |
marmanta kakang Kiyai |
paran kang dadya woting tyas |
awaspa ingong tingali |
Rundaya ngandika ris |
sarwi angasat ingkang luh |
punika raka (n)dika |
ngong dulu kapêsan budi |
karaosing suta kang dadi wod driya ||

48.

Marma samya andon paran |
ngalaya amurang margi |
umahas wana wulusan |
wiyose ngulati siwi |
nênêm siki jalwêstri |
Tambangraras kang pambayun |
sumusul lakènira |
Amongraga nis ing ratri |
tiganipun Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

49.

Mèmpêr tumutur kakanya |
nulya rabinipun kalih |
Rarasati lan Turida |
milya angikis ing ratri |
sadaya tan na kari |
sutanta kalawan mantu |
samya tanpa tuduhan |
nging wontên talêring warti |
mêncar (ng)gwannèng Ngardipala Wanantaka ||

50.

Kang kalih mantu wanodya |
tambuh paranning lumaris |
puniku yayi marmèngwang |
angendra praptèng ing ngriki |
yayi kalih manawi |
kasrawunganing pitutur |
kang kabar bêbaratan |
(ng)gyanning pun sutanta mami |
supayantuk (n)dêling tan dados raos tyas ||

51.

Lan kang punêndi prênahnya |
Wanantakardipalèki |
sira Ki Sèh Adimuncar |
Rundarsa ngungun miyarsi |
wasana matur aris |
adhuh kakang wong tuwaku |
kalingane mangkana |
rudatin kelangan siwi |
kapibrangta ngrurah putra kang umentar ||

Jilid 11 - Kaca : 110

52.

Inggih kakang Arundaya |
wontên tur-kula sakêdhik |
kados sambung babing ngada |
sadasa dalu puniki |
ngong kasipêngan santri |
anèng ngriki mung sadalu |
sabating Wanantaka |
kinèn mring Wanamartèki |
asung surat marang Ki Bayi Panurta ||

53.

Kang duta Sèh Amongraga |
mukmin kas bangsa Utadi |
kulinèng pulo Langgatan |
ing Jurang Jangkung ngasrami |
Monthèl wastaning santri |
kawula tanggap sadalu |
akathah papajarnya |
kula tan patos nyêrêpi |
inggih lir kang paduka pajar punika ||

54.

Jroning dhusun Wanamarta |
sapa sintên kang sujanmi |
kang wasta Bayi Panurta |
manawa sambunging warti |
Rundaya ngling ngêgèti |
uh adhi kang dera wuwus |
punika ênggèh reyang |
ingkang sami amastani |
aran Bayi Panurta ing Wanamarta ||

55.

Ki Adimuncar turira |
(ng)gih sokur kakang Kiyai |
paparab Bayi Panurta |
tunggil sambunging pawarti |
santri Monthèl saratri |
nuntên enjangipun mantuk |
maring ing Wanantaka |
Ki Arundaya ngling aris |
inggih kadhatêngan dutane Mongraga ||

56.

Santri Monthèl wastanira |
têka kinèn awèh tulis |
asung wruh ing sasamanya |
nèng Wanantaka desaki |
panggih kang dèn-ulati |
kadange ro èstri jalu |
sarta kalane mangkya |
wus kumpul lan rabinèki |
Jayèngrêsmi Jèngraga nèng Ngardipala ||

57.

Kang puniku ngong tatanya |
ing pundi prênahirèki |
Wanantaka Ngardipala |
yayi tudingên sing ngriki |
Adimuncar turnya ris |
inggih sawêg wartosipun |
kidul-kilèn prênahnya |
tanah Gêlang Maospati |
saking ngriki lêlampahan tigang dina ||

58.

Liripun ing Ngardipala |
kalih dalu saking ngriki |
puniku kang wus lumampah |
kang dèrènga tan dumugi |
Ki Rundaya ngling malih |
yayi yèn wus bakda Subuh |
manira laju lumampah |
ketang nut talêring margi |
marang Ngardipala lan mring Wanantaka ||

59.

Adimuncar Arundarsa |
ngrarêpa aturira ris |
kalangkung cuwaning manah |
(ng)gyan-kawula apêpanggih |
mugi wontêna saking |
laminya sadasa dalu |
narèhakên sarira |
wontên rêrême sakêdhik |
pan dumugi kakang mumulang ing kula ||

Jilid 11 - Kaca : 111

60.

Rundaya nauri sabda |
yayi puniku agampil |
sok ugi lujêng ing lampah |
yèn sagêd manira kampir |
inggih kapanggih wingking |
arêbat parluning laku |
mangkana wancinira |
wus anggagad bangun enjing |
pan sadalu saking tan antuk anendra ||

61.

Adimuncar ngling ing garwa |
lah Purnaningsih sirèki |
gaweya sêga angêtan |
sa-adune sarap-enjing |
kang garwa lèngsèr ngarsi |
marang pawong angungukus |
wêktu pajar gidiban |
samya mudhun saking masjid |
mèt toyastu santri adan agêlikan ||

62.

Jalwèstri wus sami kadas |
Arundaya angimami |
ing asalat wus utama |
praptèng tahyatira akir |
bakda Subuh pupuji |
pragad sadayanira wus |
kang raka ingaturan |
Rundaya akarsa pamit |
Adimuncar gupuh-gupuh ing rabinya ||

63.

Yèn wus lèhira lah-olah |
ladèkna ing kene nuli |
kang garwa ika agêpah |
naoskên sugatanèki |
wus tata anèng ngarsi |
sangkêp lam-ulamipun |
cinaran kêmbul nadhah |
sadaya sarêng awijik |
(n)dan alêkas bukti nutug dènnya nadhah ||

64.

Antara nulya luwaran |
Ki Samurca anyariki |
wus linorod sadayanya |
nyamikan lumadyèng ngarsi |
angling kakang puniki |
inggih mamangsêganipun |
nulya samya angalap |
wusira dhahar nyênyamik |
Arundaya wau aris wuwusira ||

65.

Hèh antên Sèk Adimuncar |
Arundarsa Purnaningsih |
reyang riki papamitan |
kang muga para-lilani |
nutuggên lampah-mami |
samya sun-donga rahayu |
pan sarwi angsung salam |
Ki Sèk Adimuncar gipih |
nêmbah sarwi sasalaman aturira ||

66.

Kawula atur waluya |
ing saparan tuwan ugi |
kapanggiha kang kasêdya |
luwar ing brangta gung kingkin |
ngling Alkamdulilahi |
nglukar patêkêmanipun |
Ki Arundarsa nêmbah |
salaman atur basuki |
Purnaningsih ngabêkti mring Arundaya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09) Kaca 85 - 98
  • (11) Kaca 112 - 125 >