Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 85 - 98

 

( Ni Turida lan Rarasati kontrang-kantringan katilar lakinipun )

11

III. Ni Turida lan Rarasati kontrang-kantringan jalaran katilar lakinipun, wêkasan lajêng kesah nglampus. Ing têngah wana kapanggih danawa kadadosanipun Bathara Kala, paring pitêdah margi dhatêng Ngardisalah, papaning lakinipun. Katambahan pitêdah cêtha dening Ni mBok Rarasati ingkang martapa ing guwa. Wêkasan kêkalihipun kapanggih lakinipun, Jayèngrêsmi Jayèngraga ingkang martapa ing Ngardisalah.

Ni Turida semahipun Jayèngrêsmi tuwin Ni Rarasati semahipun Jayèngraga ingkang katilar lakinipun, sami kontrang-kantringan têtangisan, wêkasan sami nêmpuh byat kesah botên kantênan ingkang sinêdya.

Wontên têngah wana kapêrgok danawa ingkang angajrih-ajrihi. Samusnaning danawa katingal Bathara Kala, paring pitêdah margi dhatêng Ngardisalah, papan partapanipun Jayèngrêsmi lan Jayèngraga. Lampahipun dumugi ing dhusun Pringgabaya, papan pasantrèn, têtunggulipun nama Ki Paranjèn. Sang Kyai bingah rumaos angsal kabêgjan, kadhatêngan wanita kalih badhe kapêndhêt semah, nanging Ni Turida kipa-kipa. Wêkasan adamêl sual, manawi Ki Paranjèn sagêd ambatang, Ni Turida purun dados nyainipun. Sualipun: sadurunge ana bumi langit, ingsun lawan sira, paman uga durung ana, ing ngêndi pêrnahira? Jawabipun Ki Paranjèn kaanggêp botên lêrês, lajêng katilar kesah nglajêngakên lampah. Ing samargi-margi tansah sêsambat saengga kapirêng dening wanita Ni mbok Rarasati ingkang martapa ing guwa nanging botên katingal. Sarêng ngatingal, asung pitêdah supados sami lumampah ngidul-ngetan dumugi ing Ngardisalah. Ni Turida lan Ni Rarasati sagêd kapanggih lakinipun ingkang sami martapa, kêkalihipun sami tumut têtèki.


 

Kaca 85 - 98

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 85

655 Sinom

5.
Lênglêng mangu Ni Turida |
mêtu (n)jaba (n)jrit anangis |
kaya-kaya apanggiha |
ing wau sadalu kèpi |
katon sajro sarêsmi |
wacanane amlasayun |
lir sumandhing jro tilam |
sadalu tan pêgat kèpi |
anglir pêjah alênggah sanglilirira ||

6.
Kongsi orêk ingkang swara |
panangise siyang ratri |
sasambat angaru-ara |
tangise kadya sundari |
tan emut raganèki |
lakine dèn-uwuh-uwuh |
Jayèngraga ta sira |
sun-singgih nora nyidrani |
lakiningwang padha lan Dalêm Panurta ||

7.
Anake pan lagi prapta |
anulya kinongkon malih |
mêgatakên wong akrama |
tan nganggo paring udani |
Ki Dalêm Panurtèki |
nganiaya raganingsun |
ingsun mèlu saparan |
têka nora wartèng kami |
lanang wadon si gêrang nora wèh wikan ||

8.
Katon bêcike maringwang |
wong tuwa tan wrin ing bêcik |
ala têmên Dalêm Tuwa |
mêgatkên wong laki-rabi |
tan kaya awak-mami |
Jayèngraga gustiningsun |
ingsun mèlu saparan |
têka nora wartèng kami |
baya mati ingsun mèlu marang sira ||

9.
Lamun mati Jayèngraga |
lah gawanên ingsun iki |
sampun age kakang pêjah |
antènana ingsun dhingin |
ing wau dalu kèpi |
katon angrewangi turu |
dhuh pêjah ingsun kakang |
datan bêtah ingsun kèri |
Jayèngraga têka bisa gawe trêsna ||

10.
Dhuh angur matiya ingwang |
tan ana wêkasing urip |
lêhêng kakang nêdha kesah |
anglalana andêrpati |
wadon Turida angling |
wus sun-arah tinggal dhukuh |
tinggal dunya katrêsnan |
arsa lunga andêrpati |
Nikèn Rarasdriya manahe mangkana ||

11.
Sarêng suruping Hyang Arka |
wawangunan samya sêpi |
ing wayah sambêr lalawa |
natarira padha muni |
pan wus angèsthi pati |
kalawan sang Rarasing-rum |
samya amara desa |
wus amêngakakên kori |
Ni Turida karsane angèsthi pêjah ||

12.
Kalawan Nikèn Angraras |
alon dènnira lumaris |
Ni Turida lan arinya |
aglis prapta ing wanadri |
anuju marga rungsit |
madya ratri wayahipun |
saya kalunta-lunta |
lampahe katuping angin |
kang dèn-ambah katuju marga durgama ||

Jilid 11 - Kaca : 86

656 Durma

1.
Brahalane pating jalêrit swaranya |
adhuh mati sirèki |
lara patinira |
bisa amèt jalaran |
krama nora beda tèki |
tan suwe prapta |
mêmêdi padha angling ||

2.
Anglilintrih adhuh mati têmên sira |
baya enak kang gêtih |
daya ingsun daya |
lah ana maring girya |
ayu anom wong kakalih |
wanodya ika |
tan wande ingsun-bukti ||

3.
Samangsane mangan ora na nyukarta |
mendah warêg mami |
têkan babalungnya |
sarwi angrik papêtak |
jatha rambute dèn-ingis |
netranira bang |
lir surya lagya mijil ||

4.
Barêng mudhun saking gumapêtak-pêtak |
cawêt polèng ngajrihi |
mati mêngko sira |
lah babo Ni Turida |
lumayuwa dèn-agêlis |
mati dening-wang |
tan wurung ingsun bukti ||

5.
Pan gagêcok nantang liwat kaya sira |
baya bosênna urip |
manèh mangan sêga |
gumêtêr Ni Turida |
mênêng datan bisa angling |
lah babo ingwang |
panganên ingsun kalih ||

6.
Nikèn Raras gumêtêr sariranira |
ilang sumêngêrnèki |
kakêtêk kewala |
tan wikan rayatira |
sampun angèsthi yèn mati |
sarwi dèn-gêtak |
salumbung gêngirèki ||

7.
Warnanipun rêke sasigar salewah |
tuhu warnanira brit |
pantês yèn enaka |
gandanira mrik sumyar |
lah payo sêdhêng binukti |
têkan balungnya |
ingsun bature siji ||

8.
Angling wadon Turida mangke tinêkan |
têkèng lara lan pati |
baya ngur matiya |
aglis panganên ingwang |
aja suwe amatèni |
(ng)gonmu amangan |
pan ingsun tan gumingsir ||

9.
Yata sura-danawa wêkasan ngucap |
tega patinirèki |
age lumayuwa |
lah sira Ni Turida |
Nikèn Turida nauri |
lah tulusêna |
karsanira matèni ||

10.
Sokur bage yèn ingsun têkèng pralaya |
sura-danawa angling |
ora babo ingwang |
amatèni ing sira |
aja maras sira nini |
pan ingsun wêlas |
maring ing sira kalih ||

11.
Pan kaliwat wêlasingsun marang sira |
nini ingsun ningali |
babo anakingwang |
Ni Turida angucap |
tambêt paman ingsun iki |
asih maringwang |
sang drubiksa lingnya ris ||

Jilid 11 - Kaca : 87

12.
Iya ingsun kang aran Bathara Kala |
kang nganglang jagad iki |
kapan sun tumêdhak |
anuruni ing sira |
dupèh sira kawlasasih |
dhuh anakingwang |
dènnira andêrpati ||

13.
Anglampahi lara pati tan kaetang |
Ni Turida mangkya ngling |
manira atanya |
karane tinurunan |
prandene awèta urip |
nêsêgi jagad |
anglalarangi bumi ||

14.
Yèn sun-rasa manira angur matiya |
paran dènipun urip |
tan pêgat tan dêrman |
tan sami lan wong kathah |
Bathara Kala nauri |
aja nakingwang |
ingsun myarsa ing mangkin ||

15.
Kang akarya lalakone awakira |
sarta angrêrewangi |
têka lakonana |
ta babo anakingwang |
Ni Turida anauri |
dening sutrêsna |
laki kang gula silir ||

657 Dhandhanggula

1.
Baya trêsna têmên maring laki |
Ni Turida babo anakingwang |
arêp kapanggiha mangke |
Ni Turida amuwus |
wite ayun rêke kapanggih |
sang Kala lon angucap |
dèn-sabar rumuhun |
anging têka kalakona |
aja kundur ing lara kalawan pati |
ingsun rumêksèng sira ||

2.
Anging ta ingsun papajar nini |
babo patine dèn-lakonana |
aja maras ing patine |
ingsun ingkang andulur |
sêdyanira ayun apanggih |
lakinira atapa |
karane tan mantuk |
sangêt brangtane Hyang Suksma |
apratapa nèng Ngarasalah anêpi |
lah babo paranana ||

3.
Ni Turida mangkya muwus aris |
dhuh ing pundi rêke Ngargasalah |
ayun wikanna margane |
sang Kala mangke muwus |
kidul kilèn saking ing ngriki |
puniku rada pucak |
langkung saking dhuwur |
karane atilar trêsna |
lakinira tatapa andon asêpi |
tapane datan mona ||

Jilid 11 - Kaca : 88

4.
Taha sira dèn-tinggala nini |
kewala rêke ambantêr tapa |
angarah ing kasidane |
Ni Turida amuwus |
yèn mangkono manira amit |
anut ing warta tuwan |
Hyang Kala amuwus |
lah babo sira miyanga |
nulya mumbul Hyang Kala (m)dêdêl pratiwi |
mulih marang ngawiyat ||

5.
Ni Turida gêgêtun tan sipi |
kalawan rêke wadon Angraras |
tansah anèng ing wurine |
sarya (ng)gèmèlli pinjung |
gègèndholan anèng ing wuri |
angling wadon Turida |
babo ariningsun |
wus lunga sura-danawa |
Nikèn Raras gumêtêr tan kêna angling |
mau ika ta apa ||

6.
Nênggih drubiksa aranne yayi |
anggigila anyoba mring sira |
yèn têtêp lawan orane |
dènnira (n)don anglangut |
amatèkkên raga puniki |
karane dèn-gigila |
polahira ika |
lah ta mèntar mupung enjang |
Nikèn Raras lampahira niba tangi |
dhuh tingalana kakang ||

7.
Mèh raina sêmu bang Hyang Rawi |
mega abang malang sumamburat |
sumorot padhang cahyane |
mega abang sumêmbur |
kalamukan ing mega riris |
mijil abang sumirat |
tatas pajaripun |
wimbanya saking ngaldaka |
surya mijil cahyanira anêlahi |
Ni Turida lumampah ||

8.
Alon-alon lampahira aris |
kalawan rêke wadon Araras |
anuju panggonan gêdhe |
rare angèn pan agung |
pakumpulan ing kanan kering |
kêbo sapi gumêlar |
banyak bèbèk wêdhus |
Ni Turida lampahira |
lampahira anarajang ing rarya lit |
kagèt padha tumingal ||

9.
Bocah-bocah wong ngêndi puniki |
ayu-ayu mêtu saking wana |
amung wong roro rewange |
pantêse wong anglangut |
lunga rangkat pantêse ugi |
sêmayan nèng dêdalan |
lawan lakinipun |
lah payo padha pinaran |
pinêgatan ing ngarsa wong wadon iki |
lah padha tinakonan ||

10.
Ana wus balèg rarene siji |
(m)bok pangantèn ingsun atatanya |
wong ing ngêndi sira yuwe |
marang ngêndi wong ayu |
aja lunga ta sira gusti |
aja sira idhêpan |
ujaripun iku |
balikan sira muliha |
Ni Turida mangkya sira anauri |
dhuh edan têmên sira ||

Jilid 11 - Kaca : 89

11.
Aja kono bocah sira iki |
suminggaha lah ingsun aliwat |
aja anjajawat bae |
rare angon tan asung |
aja liwat ta sira yayi |
balik sira muliha |
maring wismaningsun |
ing benjang ngong nanggap wayang |
awangsula ingsun tuku limar pathi |
mèsêm wadon Turida ||

12.
Edan têmên rare angon iki |
aja juwêt sira anjajawat |
lah padha mireya kabèh |
rare angon gumuyu |
edan têmên rare puniki |
rabine antun wuntat |
ana kang sumaur |
ing ngêndi dalaning pasar |
anèng wuri amindha kalawan rabi |
padha gumuyu suka ||

13.
Sampun lêpas lampahe lumaris |
Ni Turida lawan Nikèn Raras |
tan kandhêg rêke lampahe |
rarywa-ngon akèh wangsul |
kang sawênèh ana tutwuri |
kêbo sapine ilang |
banyak miwah wêdhus |
rarya-ngon sarya srang-srangan |
kêbo sapi wêdhuse tan na tinolih |
wêkasan padha nulak ||

14.
Padha ilang tur pating kulinting |
padha nangis wêdi bapakira |
tambuh-tambuh ing polahe |
ana ngalor angidul |
Ni Turida eca lumaris |
prapta ing Pringgabaya |
anuju wanagung |
mangkya ana padhukuhan |
asri tinon pawisman rata aradin |
têgal alurah-lurah ||

15.
Kang adarbe dhukuh padha dhangir |
tatandurane asri kawuryan |
bakatêl sêmangka akèh |
lombok kacang lan timun |
kabilungka miwah kêrai |
rame wong anèng têgal |
padha dhangir timun |
Ki Parajèn duk tumingal |
padha cêngêng aningali ingkang prapti |
èstri roro lumampah ||

16.
Kae santri atatanya aris |
lagi anyar wong iki kawuryan |
Ki Lêbar ika wastane |
lagi tumon katèngsun |
dhadhayohe sapa puniki |
sêmune maring wisma |
Santri Kombang muwus |
dhadhayohe sapa ika |
Santri Kumprung sêmune anggêgêrèhi |
lah payo inguliyan ||

Jilid 11 - Kaca : 90

17.
Lah bageya rêke kang tatami |
ing pundi mangke ingkang sinêdya |
kalawan pundi wismane |
lintang panujuningsun |
pantês têmên dadiya nyai |
Ni Turida amuwus |
wong ngidêran ingsun |
kang sinêdya Ngardisalah |
arsa kampir karan sun-takon margi |
kang maring Ngargasalah ||

18.
Sèh Parajèn alon anauri |
aja lunga nini ariningwang |
lah sun-aku gusti dhewe |
yèn sira arsa mring sun |
alah sira kaèsi-èsi |
yèn sira tulus arsa |
dadi nyainingsun |
lah karo padha sun-ningkah |
alungguha ing mangke dadiya nyai |
santrinira anggêlar ||

19.
Eman-eman raganira yayi |
anglalana sira kawlasarsa |
angur lakinya ing kene |
antuka mara ingsun |
alinggiha jumênêng nyai |
sandhang pangan tan kirang |
nyawa ariningsun |
lah karo padha adusa |
boborèha asalina sinjang cangkring |
akêmbêna sarasah ||

20.
Ni Turida angling jroning galih |
katuwone rêke awakingwang |
sakalangkung tan dêrmane |
baya angura lampus |
waspa mijil tan dèn-usapi |
trêsnanira kang ketang |
dhuh katuwon ingsun |
saênggon malih bancana |
anggur baya matiya duk jabang bayi |
angling Nikèn Angraras ||

21.
Sèh Parajèn alon dènnira ngling |
lah mênênga cili mirahingwang |
lah ta muliya dèn-age |
Ni Turida lon muwus |
iya ranne sun-angecani |
sun-anuruti manah |
wite pama tèngsun |
kapengin ingsun lakiya |
baya ngipi alaki jemênêng nyai |
Sèh Parajèn asuka ||

22.
Ki Janggarang gumuyu kêpati |
cukakakan padha giyak-giyak |
Santri Bubursakatine |
Santri Kêle angidung |
Santri Lêpar ika nauri |
ana-a tungbrang-tungbrang |
ana kêplok pupu |
ing benjang lunga aningkah |
thung-thung-brung kêthung kênung akênang-kêning |
kalenang byang gurèmbyang ||

Jilid 11 - Kaca : 91

23.
Ni Turida alon muwus aris |
lah jawabên papal suallingwang |
yèn sirarsa panggih mangke |
arabiya maringsun |
yèn kajawaba sual-mami |
raga sakarsanira |
Parajèn amuwus |
lah (m)bok nyai wêdalêna |
sokur bage yèn sira micarèng ngèlmi |
lah nini maskumambang ||

658 Maskumambang

1.
Iya sadurunge ana bumi langit |
ingsun lawan sira |
paman durung ana ugi |
puniku pundi prênahnya ||

2.
Lamun mati pundi prênahe sirèki |
paman ucapêna |
Ki Parajèn aris muwus |
sun singgih nora luwiha ||

3.
Manthuk-manthuk santrine padha tinari |
mênêng tan na wikan |
Santri Lêbar muwus aris |
ewoh sual kang mangkana ||

4.
Sèh Parajèn ngucap têmbe ngrungu mami |
masalah mangkana |
sun-badhene iku ugi |
Ni Nyai ingsun miyarsa ||

5.
Iya sadurunge ana bumi langit |
ingsun lawan sira |
iku durung ana yayi |
dununge anane cahya ||

6.
De yèn mati ingsun lawan sira Nyai |
mulih arannira |
iya maring bumi langit |
iku pamiyarsaningwang ||

7.
Ni Turida amangsuli muwus aris |
durung kabênêran |
panjawabira Kiyai |
nalimpang lan têgêsira ||

8.
Nora linyok iku ujaringsun ugi |
Sèh Parajèn sira |
(n)dupara yèn wong sajati |
bedane saya (n)daluya ||

9.
Lah kariya ingsun alunga Kiyai |
Sèh Parajèn mojar |
aja lunga têka ngriki |
anginêpa dèn-alawas ||

10.
Pan kalangkung ing cuwane manah-mami |
Ki Sèh Parajèna |
santrine dèn-uring-uring |
santri tambuh gawenira ||

11.
Ni Turida pan sampun eca lumaris |
ing sapraptanira |
satêngah-têngah wanadri |
tambuh kidul lor lan wetan ||

12.
Pan anglangut tan ana durgama kèsthi |
apadhang wudhingan |
kalawan arinirèki |
lampahe tansah karuna ||

Jilid 11 - Kaca : 92

13.
Ni Turida lakine kaciptèng galih |
dhuh ngêndi (ng)gonnira |
sarwi (n)dheprok soring ringin |
Turida lan arinira ||

14.
Lara-lara karuna amêlasasih |
sira Ni Turida |
tangise kadya sundari |
anglir pulung kapipitan ||

15.
Jayèngraga anèng ngêndi sira gusti |
atawa yèn pêjah |
ing ngêndi prênahe ugi |
tega têmên Jayèngraga ||

16.
Lara pati nusul ngalas sun-lakoni |
nora etang pêjah |
angulati ing sirèki |
ketang nrêjang jurang-jurang ||

17.
Dêlap urip kakang kaya awak-mami |
ya Ki Jayasmara |
alaki mring sira ugi |
angur ingsun palastra-a ||

18.
Yèn tan sudi marang ing sarira mami |
sokur dèn-wadeya |
lumuh kantun ingsun gusti |
lara pati tan suminggah ||

19.
Nikèn Raras tangise anjêrit-jêrit |
kakang lakiningwang |
tega marang awak-mami |
lumuh kantun nut saparan ||

20.
Nikèn Raras lakine dèn-èsthi-èsthi |
rabinira kakang |
tan wande mati nèng ngriki |
dhuh kakang gusti-manira ||

21.
Baya sampun tan ana ingkang awarti |
tan nganggo supêna |
mati têmên awak-mami |
sasambate amlasarsa ||

22.
Saya lêpas swarane agalik-galik |
kagyat kang nèng guwa |
ênggone mbok Rarasati |
kang anggung bantêr sarira ||

23.
Pitung taun tan arèrèn dènnya nêpi |
kagyat mijil enggal |
saking guwa aningali |
swarane sambat karuan ||

24.
Ngudikèng tyas swaraning apa puniki |
anulya tumingal |
wong kalih nèng sor waringin |
gupuh-gupuh pinaranan ||

25.
Remanira panjang pan kinarya tapih |
Ni mbok Endhang Raras |
warna yu anom rêspati |
sapraptanira ing ngarsa ||

26.
Ni Turida praptanira tan udani |
tuwin Nikèn Raras |
Ni Endhang amuwus aris |
kagèt Ni Endhang Turida ||

27.
Pan miyarsa ing swara kadi pinêtik |
tan na katingalan |
Ni Turida muwus aris |
sapa ingkang asung swara ||

Jilid 11 - Kaca : 93

28.
Ni mbok Endhang alon dènnya nambung aris |
babo ingsun iya |
wêlas têmên mring sirèki |
tumingal marang ing sira ||

29.
Tyas-ingsun Ni mbok Endhang Rarasati |
kagèt wadon Raras |
Ni Turida mawas aris |
lamun tulus asih mring wang ||

30.
Ayun wikan ing warnanira sathithik |
mara rupanira |
Ni Endhang nulya kaèksi |
Ni Raras kagyat tumingal ||

31.
Mring warnane Ni mbok Endhang Rarasati |
Ni Turida mojar |
paran karya maring ngriki |
Ni Endhang alon angucap ||

32.
Apa krananira dene padha nangis |
anèng soring gurda |
lah apa karyanirèki |
sasambate amlasarsa ||

33.
Yèn sun-rungu kaya sinêndhal kang ati |
lah age tutura |
Ni Turida muwus aris |
ing mêngko bibi sun-pajar ||

34.
Mila awakingsun bibi anèng ngriki |
sru ngulati priya |
anukma kalane ratri |
awisma ing Wanamarta ||

35.
Duk ing kina rowangingsun lara pati |
Endhang Raras ngucap |
karane ingong puniki |
nora ketang lara pêjah ||

36.
Yèn atinggal bale omahing sirèki |
kaya kurang mana |
sira mring wong kakung ugi |
apa baya bagus mana ||

37.
Wêlas têmên maring sira ingsun ugi |
Ni Turida ngucap |
lah bibi kadi punapi |
apa sirarsa panggiha ||

38.
Endhang Raras alon dènnya muwus aris |
iya Ni Turida |
lakinira (n)don nênêpi |
iya anèng Ngardisalah ||

39.
Ni Turida alon dènnya muwus malih |
bibi yèn mangkana |
nêdha prênahipun bibi |
Ni Endhang alon angucap ||

40.
Kang dumunung kidul-wetan pêrnahnèki |
dhukuh lan ing ngarga |
babo anakingsun nini |
nanging ingsun apopoyan ||

41.
Bêncanane anakingsun kari siji |
babo lakonana |
wus karsane bathara di |
manise angguladrawa ||

659 Dhandhanggula

1.
Yèn mangkono bibi manira mit |
anglampahi sapitutur tuwan |
Ni Endhang alon wuwuse |
dèn-yatna anak-ingsun |
lakinira amitambuhi |
tapane datan mana |
dèn-bisa puniku |
angapusi tapanira |
lah têdhanên ing Suksma kang luwih adi |
lah ta babo miyanga ||

Jilid 11 - Kaca : 94

2.
Sigra kesah lon-lonan lumaris |
Ni (m)bok Endhang ika sampun ilang |
wus alinggih ing bature |
Ni Turida lêstantun |
sampun prapta ing Ngardi-wingit |
sarêng prapta sumiyak |
kadi wong anguwuh |
wuluh wongwang kapawanan |
sumaruwung kadya anguwuh kang prapti |
kadya kèn-lumakuwa ||

3.
Prapta ing marga jurang awingit |
tan pantara ampuhan gya prapta |
jurang ajro ing têrjunge |
siluking parang-parung |
katêmpuh ing pracandha ngrêngih |
ugra agagênturan |
wrêksa gung kèh rubuh |
prahara awor drubikan |
udan riris sakèh prahara nglimputi |
kagyat wadon Turida ||

4.
Ni Turida alon muwus aris |
yayi Raras sira dèn-ayitna |
elinga bancana bae |
udan kadya pinusus |
kadi sêmpal kadi nibani |
panggroning gurda tumpang |
kapyarsa gumuruh |
jurang agrong gumarawang |
pêtêng riwut amun-amun anglimputi |
lir anggrêng ingkang arga ||

5.
Nikèn Raras gumêtêr kapati |
uwang salit datan bisa mana |
niba-tangi tênagane |
ana ngalor angidul |
kalintingan tan wruh ing margi |
têka aburangkangan |
adhuh mati tèngsun |
tangginas wadon Turida |
dipun-candhak arinira dèn-gujêngi |
dhuh nyawa ariningwang ||

6.
Ni Turida sarya muwus aris |
dipun-eling babo ariningwang |
Kèn Raras lupa awake |
mangkene ya rining-sun |
nora wurung raga puniki |
nora wurung antaka |
katuwone tèngsun |
angur matiya ing wara |
anakingwang mangsa tulusa basuki |
angur baya matiya ||

Jilid 11 - Kaca : 95

7.
Lagi ana sirnaning ngin riris |
bêncanane rêke Ni Turida |
lawan Nikèn Raras mangke |
tejanipun sumawur |
silir-silir rarase kari |
pêthak teja sumilak |
ririsnya malêtuk |
Ni Turida sampun mangkat |
Nikèn Raras tinuntun kadya rarywa lit |
lunyu kang pringgabaya ||

8.
Anut pupundhung lampahnya sami |
Ni Turida lawan Nikèn Raras |
alon tan kandhêg lampahe |
prapta ing (n)jawinipun |
Ni Turida mangkya ningali |
dhukuh pucaking arga |
sangsaya andulu |
bature ababanjaran |
saya lêpas tumingal banjaran asri |
angling wadon Turida ||

9.
Iki yayi padhukuhan asri |
lah ta mampir yayi atatanya |
manawa wikan prênahe |
ing Ngargasalah iku |
Nikèn Raras dipun-wangsiti |
lah yayi adandana |
polahira iku |
yèn tinon kadya wong edan |
mundur mèsêm ingsun yayi aningali |
lah age sadhiya-a ||

10.
Sampun adandan Ni Raras angling |
sira si kakang dene lêlewa |
mèsêm kang tumingal kabèh |
nulya acucul gêlung |
wastra lungsur wus dèn-waoni |
sinjang pêthak araras |
kêkêmbêne gadhung |
srinata mijil mardapa |
wong akuning sasolahira mantêsi |
alon sami lumampah ||

11.
Ki Sèh Raras sampun nguningani |
yèn rabinira rêke kang prapta |
sênêng mèsêm ing kalbune |
dèn-èsthi patinipun |
tingal kang lyan kang dèn-alapi |
dèn-larut sukmanira |
amusthi andulu |
alinggih sela gumilang |
Ki Sèh Laras alinggih ing sela kêlir |
kadi sukma adharat ||

12.
Kalih siki pandhita kinawi |
sami-dene wijiling kusuma |
digdaya wani surane |
bagus pratamèng sêmu |
sabar lila lêgawèng pati |
santi kaparêking Hyang |
tan gingsir ing laku |
waspada mawas ing Sukma |
mahabara kawasa angèsthi pati |
angadêg patinira ||

13.
Sami amanting sariranèki |
Ni Turida lawan Nikèn Raras |
gupuh dèn-rangkul padane |
anjrit panangisipun |
nora nyana manira iki |
Nikèn Raras karuna |
lakine dèn-rangkul |
adhuh kakang gustiningsun |
nora nyana manira bisa kapanggih |
lan kadi wong supêna ||

Jilid 11 - Kaca : 96

14.
Saya awas (ng)gyannira ningali |
Nikèn Raras yèn lakine pêjah |
saya anjrit sru tangise |
lakinira rinangkul |
pa-geneya kakang sirèki |
sun singgih nora pêjah |
katuwone tèngsun |
anglalana (n)jajah desa |
nora ketang ing lara kalawan pati |
trêsnaningsun ing sira ||

15.
Têka andika kapanggih mati |
lah ta êndi kakang ujarira |
asih maringsun yêktine |
ingsun iki anusul |
mangke têka kapanggih mati |
Ni Rara wuwusira |
marang kakangipun |
(m)bok kakang kadi punapa |
Ni Turida sumaur awor lan tangis |
wus mati kakangira ||

16.
Pa-gene kakang ta sira iki |
sun-ulati anjalak paningal |
tan ketang wadon ta mangke |
tan kongang ingsun ketung |
lara pati ingsun-lakoni |
trêsnaningsun ing sira |
adhuh gustiningsun |
anglilira ingsun prapta |
ngandika-a sakêcap sun-sasangènni |
dhuh kakang lakiningwang ||

17.
Tangisira barêng wong kakalih |
kadya barung muni pararêngan |
apatut lan sasambate |
dhuh kakang gustiningsun |
tega têmên tilar ing dasih |
lêhêng gawanên pêjah |
ora bisa kantun |
anandhang lara turida |
tanpa sana sapa bisa anglakoni |
dadi randha taruna ||

18.
Paran polahingsun among kingkin |
Jayasmara lah gawanên ingwang |
aja lawas anèng kene |
Nikèn Raras amuwus |
sun-watara nora ngêmasi |
anglêpasakên cipta |
ing panduganingsun |
kakêtêk masih sumirat |
Ni Turida lakine dinulu malih |
lah kakang ngandika-a ||

19.
Iya bênêr ujarira yayi |
iki lagi ngêningakên cipta |
katara teja praptane |
eling-ingsun duk dalu |
wawêkase marang ing mami |
kang asih ing manira |
Ni Turida muwus |
sun-bancanga sira kakang |
Ni Turida lakine dipun-jiwiti |
dhuh kakang angucapa ||

20.
Ki Sèh Raras lawan Ki Sèh Rêsmi |
ênting wêlase dènnya tumingal |
ing sapolahe rabine |
karsanira amuwus |
Ki Sèh Raras dèn-kujiwati |
dening arsa ngucapa |
wêlas manahipun |
Ki Sèh Raras wus atampa |
ing sêmune kang raka angujiwati |
kakang parênga ngucap ||

Jilid 11 - Kaca : 97

21.
Yata sarêng sami ngucap kalih |
Ki Sèh Rêsmi lawan Ki Sèh Raras |
pan sami kagêt rabine |
aglis samya susuguh |
tiningalan lakine eling |
alon angunggar rema |
anguculi gêlung |
gupuh angusapi pada |
Ni Turida lakine dipun-sungkêmi |
angling asmu karuna ||

22.
Ki Sèh Raras angrangkul ing rabi |
mirahingsun sang lir ing puspita |
nora angimpi sun anggèr |
rabinira rinangkul |
adhuh jiwaningsun maskwari |
dèn êmban rinarêpa |
binêkta sang ayu |
maring kêbon papungkuran |
Ni Turida lakine dipun-ciwêli |
têmên asih maringwang ||

23.
Têka ing kêbon parêng alinggih |
Ki Sèh Rêsmi lawan rabinira |
Ni Turida suka tyase |
tansah ujungan sêmu |
Ni Turida wuwusira ris |
lakine ingojaran |
paran dosaningsun |
lungane tan tolih wuntat |
apa baya paran ta kang ingsun sisip |
asangêt datan ngrasa ||

24.
Ki Sèh Rêsmi alon anauri |
wacanane rêke rabinira |
tansah angibur atine |
polahe lir susugun |
tanpa nyipta ingsun dyah ari |
apapanggih lan sira |
dene sun anglampus |
asangêt apêgat trêsna |
amatèkkên raga sadurunge mati |
ing têmbe aja samar ||

25.
Ni Turida alon anauri |
wacanane rêke lakinira |
tur sarwi (ng)gintêl wêntise |
kadi basane iku |
ing wacana tan têkèng pati |
lah ta apopoyana |
dènnira anglangut |
atinggal maring kawula |
nora suka ingsun tinilara guling |
lakine binabana ||

26.
Wulangun-ingsun ing sira iki |
Ni Turida tur sarwi karuna |
karasa ing nguni tyase |
tan ketang patiningsun |
anglalana atilar panti |
dening trêsna ing sira |
mèh mati katèngsun |
anusup angayam-ayam |
angulati sira kakang andêrpati |
sun mèh mati nèng wana ||

27.
Ki Sèh Rêsmi tyasnya lir jinait |
asih têmên rêke ing manira |
sira iki kalingane |
Ni Turida amuwus |
alah ujar dene sayêkti |
andama ing wong lanang |
dêlap kaya ingsun |
tan kêna sudèning priya |
Ki Sèh Rêsmi rabine dipun-sungkêmi |
tur sarwi dèn-rêrêpa ||

Jilid 11 - Kaca : 98

28.
Ki Sèh Rêsmi ngarih-arih rabi |
sarwi ngaras ing panêpi kiwa |
asta amêngkul padane |
Ki Sèh Raras amuwus |
lakinira tansah tinagih |
ingaranan maleca |
tan sêdya ing wuwus |
dene tan ana wong têka |
têka minggu nora angaruh-aruhi |
ingsun kasasar-sasar ||

29.
Ki Sèh Raras aris anauri |
wacanane rêke rabinira |
sarwi dèn-rangkul madyane |
tan anyana katèngsun |
lamun sira yayi nututi |
Nikèn Raras tumingal |
tansah asung sêmu |
wong lanang nora awirang |
duwe rabi lumampah anglaya bumi |
nusup angayam alas ||

30.
Ênêngêna wau kang ginupit |
Ki Sèh Rêsmi lawan Ki Sèh Raras |
kang sami among rabine |
gantiya kang winuwus |
ing karajan Wanamartèki |
Kyai Bayi Panurta |
sakula-wangsèku |
kang tansah nandhang sungkawa |
sakesahe pra putra jalu lan èstri |
gung amijilkên waspa ||

660 Mijil

1.
Tansah udrasa sa-ari-ari |
tyas agung wirangrong |
Kyai Bayi supe madhah sare |
saking gêng kabyantaning kungkin |
tinilar ing siwi |
èstri miwah jalu ||

2.
Warnanên wau Nyai Malarsih |
sêdhih tyasnya kepon |
dèn-tutuh-tutuh maring lakine |
nênggih ing siyang kalawan ratri |
tan angsal abukti |
yèn ratri tan turu ||

3.
Dening lungane Ki Jayèngrêsmi |
kaduwung acêlong |
Ni Malarsih solah lir kapatèn |
Ki Panurta mituturing rabi |
apa ingkang dadi |
sêdhihira iku ||

4.
Tambangraras wus karuwan mati |
mung ta ingkang katon |
Jayasmara kalawan arine |
amung iku kang sira-tingali |
Tambangraras mangkin |
dugaku wus lampus ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 77 - 84
  • (10) Kaca 99 - 111 >