Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 175 - 188

 

( Ki Modang lan Ki Trêsnaraga mangkat lumêbêt ing wana wêrit )

11

2. Ki Modang lan Ki Trêsnaraga mangkat lumêbêt ing wana wêrit. Ing satêngahing wana kenging godha rêncana kapapagakên danawa seluman engga dados pancakara. Wêkasan danawa badhar dados Ajar Sangularas, ngirid sakalihipun dhatêng Ngardisalah. Dumadakan Ajar Sangularas ical saking pandulu, lajêng santun sêsawangan. Sèh Raras inggih Jayèngrêsmi ingkang sampun araga-sukma katingal lênggah jajar ing sela gilang kalihan Ajar Sangularas lan Sèh Rêsmi (Jayèngraga). Ni Turida lan Ni Rarasati ugi wontên, sinawang sakalangkung endahing warni. Sèh Raras suka katrangan, botên badhe kapanggih rama-ibu, jalaran

ing têmbenipun sadaya badhe sami kapanggih wontên ing Wanataka. Para utusan pamit wangsul nanging botên sumêrêp marginipun. Sèh Rêsmi asung pitulungan anggancangakên lampah. Sanalika Ki Modang lan Ki Trêsnaraga kabuncanging angin kumbul ing gêgana, wêkasanipun dumugi ing Ngardipala. Bakda Mahrib Ki Modang lan Trêsnaraga ngaturakên rèhing dinuta.

Enjangipun Ki Arundaya sakalihan lumampah dhatêng Wanataka kadhèrèkakên Sèh Malangkarsa lan sakabatipun kalih. Ki Cariksutra, Ki Carikmudha lan santrinipun mantuk, nyarêngi lampah, nyimpang ing têngah margi.


 

Kaca 175 – 191

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 175

668 Durma

1.
Tan cinatur wau ingkang lulungguhan |
kocapa kang lumaris |
Ki Sèk Trêsnaraga |
lawan Kae Sèk Modang |
lagis wong ro tanpa kanthi |
alalancaran |
maring ing Salahwukir ||

2.
Asarigak Trêsnaraga mingkis jubah |
udhênge polèng kênthing |
sarwa popolèngan |
sabuk lan nyampingira |
miwah kulambinirèki |
sauyun samya |
têkên waja galigin ||

3.
Dhasar gêdhe babalung dhuwur sêmbada |
wang malang mupu gangsir |
godhèg palawangan |
brêngos kokop ing capang |
simbar dhadha ngumbala bris |
andik netra bang |
dregang-dregang ngajrihi ||

4.
Irêng tungtung anguwangwung sarirannya |
agarap lamun angling |
asêndhu nayanya |
kau kadi kadeyan |
sira Kalayuda pati |
datan wigihan |
tumandang angawaki ||

5.
Ki Sèk Modang pamulunira ajênar |
rurus sarira wiwing |
ngrangkung dêdêgira |
awingit pasêmonnya |
ulate lêngunting èsthi |
gulu mênjangan |
rema mêmak awilis ||

6.
Brêngos lêmêt mêmbat pinatut pingitan |
lir walêring panuli |
wastra mamasêman |
udhêng gadhung walaka |
rasukan paningsêt nyamping |
sami lurik bang |
kadya Wirun apêkik ||

7.
Yata lêpas ngidul-ngilèn lampahira |
ngêncêng tan etung margi |
ngambah wanawasa |
jurang sêngkan linakyan |
tan ketang durgamèng margi |
raryan ajamak |
takdim Luhurirèki ||

8.
Bakda salat (n)dan umangkat manrang baya |
mahas ing wana wêrit |
ginêlak lampahnya |
gya prapta kang pinarah |
ing Cimame wukir nênggih |
raryan pantogan |
anèng Camara ringgit ||

9.
Lingsir surya wancinira rare ngumbar |
anèng sandhaping ardi |
luhur pakucuran |
Kae Sèk Trêsnaraga |
lan Sèk Modang angling aris |
paran ta kakang |
kabêbêgan ing margi ||

10.
Pan kaliru marganya ingkang kaambah |
pan dede lir duk nguni |
panêngêran mara |
(n)dan watu kumalasa |
lawan wrêksa gung katangi |
puniku datan |
wontên panêngran mami ||

Jilid 11 - Kaca : 176

11.
Datan anèng ing ngriki duk lampahira |
Jayasmara praptèki |
Trêsnaraga mojar |
abênêr wuwus (n)dika |
paran polah rèyang riki |
tan santun marga |
tan anon kang malarih ||

12.
Las wus payo tinênggêl sadhengah marga |
iki kewala pinrih |
mangsa tan tutuga |
ing pucak Ardisalah |
pan wus adate yèn ardi |
kèh pênyokongnya |
lah payo yayi aglis ||

13.
Nulya ngajat nênggêl kèndêl Ardipasar |
rêkasa anganjati |
pan ing Ngargapasar |
kalangkung angkêrira |
tan pae ing Salahwukir |
tan kêna kambah |
ing janma kèh kasirik ||

14.
Saking angèl tan na margane kang gampang |
gawat kaliwat wingit |
pan ing Ngargapasar |
apan pratapanira |
Ajar Sangularas nênggih |
wus ngraga-sukma |
nèng pagênturan wukir ||

15.
Wusnya aso Trêsnaraga lan Sèk Modang |
karsa mangkat nganjati |
pan datan antara |
ampuhan ingkang prapta |
pêtêng (n)dhêdhêt kang wiyati |
sora swaranya |
prahara awor riris ||

16.
Gora-godha haru-hara ambêncana |
horêg gêdhor kang bumi |
jurang munya sunyak |
wrêksa gêng asiyutan |
kadya rubuh tumpang tindhih |
lwir suraking prang |
gumrêdêg swarèng angin ||

17.
Nêngna kang nyiluman amindha danawa |
ngrik mijil sing wrêksèki |
ingisis siyungnya |
ngajrihi anggigila |
cawête polang mathinthing |
apêtak-pêtak |
hèh mati (ng)ko wong iki ||

18.
Warnanira sasigar awak salewah |
dadu kalawan langking |
rambut jatha-gimbal |
ngumpal-umpal sinarag |
swara-rahang ngêrak-ngêrik |
mêngko sun-cacah |
sun-kala-mangsa mati ||

19.
Nora wurung wong ro iku karo pisan |
alêbur tanpa dadi |
ajur-mumur rênyak |
akir mangsa dadiya |
Ki Trêsnaraga mangkya ngling |
sêndhu anêntak |
hèh drubiksa pipidhir ||

20.
Lah ya mara manira sira mangsa-a |
ywa susah wong kakalih |
awaksun priyangga |
untalên ayonnana |
sarya nyampinge winingkis |
ngikal sadaknya |
anawêt netranyandik ||

Jilid 11 - Kaca : 177

21.
Gagah rowa berawa lir Antasena |
babrêngose pinuntir |
tangane kang kiwa |
kinêpêl ing (m)bat-êmbat |
kang têngên mandhi kumitir |
têtêkênira |
ingkang suligi wêsi ||

22.
Pan asêndhu wuwuse Ki Trêsnaraga |
hèh brêkasakan bêlis |
payo lah dèn-agya |
anaut angganingwang |
ra-orane sun-oncati |
Ki Modang mulat |
gumêtêr awaknèki ||

23.
Kagawokan mulat rupa salah endah |
cêcêngkronge tinarik |
kumitir nèng asta |
kang kiwa ngrangkul marang |
ing lambunge Trêsnaragi |
Kae Sèk Modang |
tigapar wanti-wanti ||

24.
Sarwi muwus marang Ki Sèk Trêsnaraga |
kakang ywa pisah ugi |
lawan angganingwang |
nadyan mati uripa |
lêbur luluh barêng mati |
kakang lan ingwang |
ywa mulih salah siji ||

25.
Payo padha sinau mati nèng wana |
barêng kalawan mami |
dênawa angucap |
maras têmên ta sira |
lah wus aja dadi ati |
tan têmên ingwang |
sun-coba sira kaki ||

26.
Dene padha angambah marga kayangan |
liwat dènyambêg pati |
iya kaya sira |
nèng kene kongsi prapta |
yèn ing liyan sira kaki |
mundur ring warta |
wus ta elinga kaki ||

27.
Sarungêna jêbèng gamanira uga |
aja amêmêdèni |
Ki Modang angucap |
payo kakang mundura |
kalih wruh cobaning Widdhi |
ingkang rasêksa |
wus salin warnanèki ||

28.
Arupa wong arum manis têtêmbungnya |
kagyat Trêsnaragèki |
aglis mundurira |
Ki Modang maring ngarsa |
agupuh dènnira linggih |
yata Ki Ajar |
wacananira aris ||

29.
Lah dèn-parêk marene alêlungguhan |
Modang Trêsnaragèki |
samya lon anabda |
sayêktine manira |
nêdha pangapura ugi |
rèh tan uninga |
datan anyana mami ||

30.
Lamun inggih ing mangke kadya punika |
dening non sonya sêpi |
Sangularas mojar |
bêjane kang uninga |
kang wêruh ing bale-mami |
pan kamayangan |
salamêt yèn kapanggih ||

Jilid 11 - Kaca : 178

31.
Lawan rèyang lah payo asêsalaman |
agupuh Ki Sèk kalih |
samya jawab-tangan |
panambramèng waluya |
Sèk Modang kartikèng galih |
pantês Ki Ajar |
ana kawasanèki ||

32.
Pan katarèng sêmu cahyane anrawang |
Ke Sangularas angling |
kang muga wêruha |
prênahe batur rèyang |
sanalikaning pangèksi |
asalin jaman |
dhukuh kawuryan asri ||

33.
Babanjaran endah babaturing praba |
dhêdhêg upacarèki |
lalanggêning taman |
puspa (n)jrah rum ing ganda |
tirtanjog saking pucaking |
ngancala langwan |
ruk we ring parangwèsthi ||

34.
Kadya nêmbur-nêmbur mantul sumamburat |
myang toya jinantrèki |
botrawi pinatra |
tinatrap sela rimbag |
miwah we pinêcuk munggwing |
anjala-tundha |
anrang ing parang tawing ||

35.
Anggapiti ênu tur mawi wijilan |
tumundha gapura di |
bale pakêncuran |
gapura supit-urang |
sakitrèn tumaruna sri |
ababanjêngan |
wrana pilaring kêlir ||

36.
Ki Sèk Modang Trêsnaraga cêngêng mulat |
mangucah ing ngalêwih |
pan kèlokaning Hyang |
sih sinungging mukmin kas |
tingale nora kaèksi |
tinggal warana |
jênênge salat jati ||

37.
Trêsnaraga asasmita mring Sèk Modang |
kêdangon anèng ngriki |
bêcik apamitan |
sarta tanya (ng)gyannira |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
ing Ngargasalah |
kang êndi wukirnèki ||

38.
Ki Sèk Modang aris dènnya atatanya |
kang pundi prênahnèki |
margine ing Ngarga |
-salah kang kula sêdya |
Ajar Sangularas angling |
yèn sun wus wikan |
ing sakarsanirèki ||

39.
Enggèh mangke rèyange kang nguntapêna |
lamun sira pribadi |
mangsa ta tutuga |
marang ing Ngargasalah |
lêt jurang kalangkung trêbis |
lah payo mara |
mring Ngargasalah nênggih ||

40.
(n)Dan umangkat Kae Ajar Sangularas |
Sèk Modang Trêsnaragi |
marang Ngargasalah |
kapungkur Ardipasar |
sirna tulyaning pangaksi |
Ki Sèk kalihnya |
tut wuri anèng wingking ||

Jilid 11 - Kaca : 179

41.
Tan rêkasa ngambah jurang palunguran |
sakêdhap nulya prapti |
(ng)granning Ngargasalah |
Ki Ajar Sangularas |
anulya datan kaèksi |
musna nèng ngarsa |
Sèk Modang Trêsnaragi ||

42.
Samya ngrêngan Ki Modang alon wacana |
lah paran polah iki |
sapa nuduhêna |
prênahe Jayasmara |
iki wus pucaking wukir |
tan ana janma |
satata anèng ngriki ||

43.
Yata kang asrama anèng Ngargasalah |
Sèk Raras lan Sèk Rêsmi |
apan sampun wikan |
yèn wong sanake prapta |
Ajar Sangularas nênggih |
wus panggih lawan |
Sèk Raras lan Sèk Rêsmi ||

44.
Lèlèjêman lukita sasmitèng basa |
samya karsa manggihi |
mring Sèk kang dinuta |
kang parêk ing gigilang |
nulya pinaranan ririh |
lênggah ing sela |
gigilang kang rinuwit ||

45.
Ki Sèk Modang anèng têngah kawêdhêngan |
tan wikan parannèki |
mojar Trêsnaraga |
bêbêg ati-manira |
Wukirsalah iya iki |
dene tan ana |
Jayasmara Jèngragi ||

46.
Ki Modang ngling sapuluh mung pira-bara |
ana pitulung Widdhi |
nênêdha Hyang Suksma |
muga pinanggihêna |
lan Jayasmara Jèngragi |
yata samana |
Sèh Raras lan Sèh Rêsmi ||

47.
Angatingal sarya ngling auluk-salam |
Sèk Modang Trêsnaragi |
kagyat dènnya mulat |
marang Ki Jayasmara |
kalawan Ki Jayèngragi |
Ke Sangularas |
nèng sela gilang langking ||

48.
Kang Sèk karo nauri ngalekum salam |
agupuh malayoni |
gya anjawat-tangan |
warata gantya-gantya |
tumungkul kang duta kalih |
tan wawa mulat |
saking cahya dumêling ||

49.
Ki Sèk Raras Rêsmi nglairkên mangunah |
walikaning pangèksi |
kaelokaning Hyang |
jamaning kaendahan |
Sèk Raras ngandika aris |
kakang ro kita |
bageya kang basuki ||

50.
Anauri tangi saking patungkulan |
anor panuwunèki |
sarya myat banjaran |
praba gung kinaturan |
ing sela kosok ingukir |
patra pakisan |
tinimang lan cêndhani ||

Jilid 11 - Kaca : 180

51.
Palatare agasik wêdhi malela |
asunar (m)balêrêngi |
nganthênging kêliran |
prakirna tumaruna |
samyandhap wohnya andadi |
tan ana mangsa |
asinang matêng ing wit ||

52.
Kanan wukir pamandêngan sri tinaman |
taman sinari-sari |
kang tirta wurukan |
muncar apupuntiran |
mancurat marapat wukir |
malêngkung kadya |
kukuwung ngaluwêngi ||

53.
Anrang tibèng laleyan warih winarah |
kikirih pinaripih |
kalampih linurah |
ing ruji sinaroja |
ingringing kadya caluring |
anèng bêbêngan |
botrawi pinarigi ||

54.
Lèh praba-di malige auparêngga |
babatur kumawilis |
umpaking sasaka |
sela ujwala seta |
lir gêdhah sinarawèdi |
tinatur rêngga |
sasaka linung pakis ||

55.
Tumpangsari sunduk kili pamidhangan |
sisingup dhadha-pêksi |
santên sangga-uwang |
usuk takir balandar |
myang molo dudur rinujit |
samya pipilan |
sela gêdhah nêlahi ||

56.
Madyèng praba sinungan pandam gantungan |
rinawis-rawis adi |
rêsmining puspita |
sinulam asalangan |
ing muteara bang kuning |
myang dadu pita |
lèn kapuranta wilis ||

57.
Angujwala ngunguwung amarakata |
narawung marêrêngi |
lepaning jarambah |
gêdhah sinadur rasa |
kumilah-kilah nêlahi |
sira Sèk Modang |
kalawan Trêsnaragi ||

58.
Kagawokan micara sajroning nala |
eloke ing pangaksi |
langkung kinawasa |
têtêse ing kasidan |
pinurbèng sihing Hyang Widdhi |
tuhu sujanma |
linuhung ing kadadin ||

59.
Kang wus mukik mustakik mungguhing Allah |
bisa karya pandêling |
nyata wus nujêmba |
jamak-jamak walikan |
prasasat wus sipat Gusti |
sira Pangeran |
asinung murah asih ||

60.
Baya iku makluk makaling Hyang Suksma |
têkèng daim sajati |
langgêng ing kaanan |
-nirèng Suksma wisesa |
suhun jisim Suksma latip |
tunggal pinangka |
kang datan minangkani ||

Jilid 11 - Kaca : 181

61.
Duta kalih adangu pangungunira |
mitênggêng tanpa angling |
Sèk Raras wêcana |
kakang kita wêca-a |
marang ke-paranning tuding |
ulun yun wikan |
duta ro matur aris ||

62.
Inggih mangsa-borong tuwan kang wus wikan |
sadèrèng sampun uning |
Sèk Raras lingira |
abênêr ujarira |
ulun pan wus ngudanèni |
salakunira |
anging cêgah ing lair ||

63.
Wong tinanya yêkti sumaur pasaja |
tan takabur ing ngèlmi |
Sèk Modang turira |
inggih lampah kawula |
dinutèng kakangirèki |
Sèk Malangkarsa |
wiyose sung udani ||

64.
Yèn ing mangke ramanta lan ibu tuwan |
praptèng Ardipalèki |
langkung kawlasarsa |
miminta yun papanggya |
dahat wulangunnya kalih |
paduka tuwan |
ngaturan ing sudarmi ||

65.
Cipta datan adangu sakêdhap netra |
luwara tyasing kang gring |
brangta maring tuwan |
wusing kadya punika |
kang salam pondonganèki |
rama ibunta |
myang Sèh Malangkarsèki ||

66.
Mugi kaatura ring paduka tuwan |
Sèh Raras lingira ris |
lah kakang Sèk Modang |
lan kakang Trêsnaraga |
rika matura rèh tuding |
ing ibu rama |
ulun tan ayun panggih ||

67.
Lan (n)jêng bapa ibu anèng Ngardipala |
benjang ulun yun panggih |
anèng Wanantaka |
rêke tan nanggung ngaras |
sayêkti sadaya panggih |
tan na kang ninang |
pupul siwi jalwèstri ||

68.
Anèng Jurang Jangkung pulo Palanggatan |
ing ngriku yun apanggih |
Sèk Modang turira |
yèn ta kadya punika |
kawula tumuntên amit |
rèhning dinuta |
Sèh Raras ngandika ris ||

69.
Kakang karo rika ngantiya sadhela |
bêcik asarap bukti |
nulya sinasmitan |
garwa ri samya prapta |
Turida lan Rarasati |
endah warnanya |
lir pendah widadari ||

70.
Ki Sèk Modang tyas luluh tan bisa mulat |
kaendahaning warni |
pan nora waspada |
ing cacah pamulunya |
Ni Turida Rarasati |
kae Sèh Raras |
cipta kewala kapti ||

Jilid 11 - Kaca : 182

71.
Kinèn asung sugata samêktèng tadhah |
gya lèngsèr Nikèn kalih |
tan dangu wangsulnya |
anampa kang sugata |
sinungkên kang tamu kalih |
sampun sumadya |
kêndhi gêdhah rinukmi ||

72.
Ki Sèh Raras arum wijiling wacana |
kakang kita wawanting |
lan punika rinta |
rabi-ulun Turida |
sawijinira Rasati |
rêke rabinya |
rinta Kae Sèh Rêsmi ||

73.
Ulun ingkang sisilih têngran Sèh Raras |
wus kakang rika bukti |
lawan garwaningwang |
kang liningan nor jiwa |
arahab kalihnya bukti |
akanikmatan |
surasaning rijêki ||

74.
Wus kalihe nutug dènnira anadhah |
ambêng nulya cinarik |
gantya nyanyamikan |
lawan lancang pawohan |
parêkannya èstri adi |
tarap angayap |
miwah kang nglaladèni ||

75.
Wus mangkana Sèh Modang lan Trêsnaraga |
angling sami minta mit |
Sèh Raras rih nabda |
ring ngêndi marga kita |
kang prayoga gampangnèki |
pakolèh rikat |
matur sumanggêm kapti ||

76.
Winacana mangkya ulun kang nguntapna |
linilan dènnira mit |
nulya sasalaman |
mring katri gantya-gantya |
nulya lèngsèr saking ngarsi |
saungkurira |
musna tan nana kèksi ||

77.
Kang banjaran laleyan ingkang kawuryan |
mulih sèsining ngardi |
lir duk praptanira |
duta ro èmêng ing tyas |
dene tan nana kaèksi |
ingkang winulat |
lir tingaling pangimpin ||

78.
Saking dening kèwuhan ingkang kamargan |
kulon wetanirèki |
miwah lèr kidulnya |
tan bisa tumuruna |
samyosik sajroning ati |
mau sanggupnya |
anguntap marga-mami ||

79.
Dene iki nora nana katingalan |
mangkana siking ati |
tan dangu saksana |
[---] |
barat agêng (m)buncang maring |
duta kalihnya |
kabêlabak ing angin ||

669 Balabak

1.
Ki Sèk karo kombul kagawa ing angin |
ragane |
kadya mabur ngawang-awang kuwathèyan |
sikile |
jêlih-jêlih atinira |
marase ||

Jilid 11 - Kaca : 183

2.
Mulat ngisor kumêsar angawang-awang |
(ng)langute |
nguwuh-uwuh Sèk Modang lan Trêsnaraga |
sambate |
kaniaya karane wong dèn-apusi |
jawane ||

3.
Yata saya mumbul marang ngawiyati |
dhuwure |
lamat-lamat awor lawan mega putih |
pêdhute |
samya ngucap iki mêngko marang ngêndi |
paranne ||

4.
Dene silêm dharatan lir manuk dara |
bêblêse |
baya iki mari tinitah manusa |
patute |
dadi titihing manuk awakku iki |
kirane ||

5.
Lamun nora mêngkono dadi dhêdhêmit |
mêngkone |
lah kêpriye awak rèyang jêbul ngêndi |
tibane |
wong kêkalih kukuh cêkêl-cinêkêlan |
tangane ||

6.
Ki Sèk Modang asru dènnira anangis |
sambate |
rabinira sakawan ingkang kaetang |
angêne |
lah kariya yayi ywa kari kelangan |
sira (ng)gèr ||

7.
Tambuh ingong nêmu pati lawan urip |
mêngkone |
yèn sun mati sira aja laki-laki |
(m)bok bojo |
lamun laki yèn tan olih kaya rèyang |
têkonne ||

8.
Wong kakalih kombul alayang-layangan |
muluke |
ilang tyase samya mêrêm tan amulat |
anggane |
lêpas rikat lir kapuk katut ing barat |
lampahe ||

9.
Ki Sèh Raras sami mèsêm jroning ati |
ciptane |
non sanaknya kang kontal ing angin asru |
kombule |
apupungun dènnira angèsthi cipta |
kalane ||

10.
Pan akarya (n)jantur pawong sanakira |
mubênge |
Sèh Raras sru patobatirèng Hyang Suksma |
suhule |
anêlangsa rumangsa asalah karya |
angglathe ||

11.
Pinalêkah angikis jatining apa |
antêpe |
yata wong kang kakalih cinatur malih |
kèndhange |
pan sasangat dangunya dènnya katiyup |
bablase ||

12.
Wancinira rare anggiring pangonan |
(n)dulure |
surya angalarap mèh titih ancala |
ayome |
Ki Sèk Modang alon pinarnah ing angin |
tibane ||

Jilid 11 - Kaca : 184

13.
Saking tawang lêr-lêr udhune kapenak |
sar-sêre |
tibèng pataran Sèh Raras panjanturnya |
asroge |
anglir dinokakên ing pangkon kang alon |
padhane ||

14.
Ciptanira Sèh Raras panjanturira |
pinurèh |
tumiba-a ing wisma (n)jawining lawang |
desane |
Ki Sèk Modang kalihnya wus anèng lêsta |
alinggèh ||

15.
Lênguk-lênguk samya datan bisa angling |
marmane |
apan misih sumaput ing panonira |
sênêbe |
dupi èngêt lêng-lêng ngungun gêgêtunnya |
driyane ||

16.
Datan nyana kalamun wus ana siti |
awake |
wus kagagas jroning tyas masih kagugu |
sêktine |
Ki Sèh Raras langkung aèdi linuwih |
sabdane ||

17.
Ki Sèk Modang wacana mèsêm dènnya ngling |
rasane |
baya kakang puniki ing Ngardipala |
gajêge |
Trêsnaraga anauri lah ya iki |
bênêre ||

18.
Wismanira dhewe pan iku katara |
pagêre |
lah wus payo banjur kewala umatur |
bêcike |
Ki Sèk Modang nauri ênggèh prayogi |
banjure ||

19.
Nulya samya minggah pangundhak satundha |
karone |
yata sira Sèh Malangkarsa duk anèng |
masjide |
pan sadina durung arsa maring wisma |
dangune ||

20.
Maksih lungguh nèng masjid lan tamunira |
karone |
myang mitrane Ki Pariminta Mongsari |
rowange |
lagya gunêm masalahing ngèlmu rasa |
murade ||

21.
Ki Rundaya alon dènnira tatanya |
ki jêbèng |
sampurnaning panêmbah kadipunêndi |
têgêse |
Ki Sèh Malangkarsa anor matur aris |
têmbunge ||

22.
Inggih amung kang rila tigang prakara |
yêktine |
kang rumiyin arila marang ing takdir |
sucine |
kaping kalih rila maring ing dhikire |
êninge ||

23.
Kaping tiga arila maring nganasir |
andêle |
Rundaya ngling lah kadipundi liripun |
ki jêbèng |
matur de kang arila marang ing takdir |
sucine ||

Jilid 11 - Kaca : 185

24.
Iklas têkèng ikram mikrad munajad ku |
-badile |
wondene kang arila marang ing dhikir |
êninge |
kang waspada suhuling kawula Gusti |
jumbuhe ||

25.
Napi isbat kang tumêka makhalkalèk |
têlênge |
dene ingkang arila marang nganasir |
andêle |
sangkan paran asal-usuling pinangka |
waune ||

26.
Mangka mangkin tumêka dina kang kari |
jatine |
sadurunge dadi duk dadi wus dadi |
ghaibe |
kang wus junun tigang prakawis puniku |
dununge ||

27.
Wus sampurna ing sêmbah kalawan puji |
jatine |
dadya datan angloro sira Pangeran |
tingale |
Ki Rundaya kalangkung padhang tyasira |
jinarwe ||

28.
Pariminta Amongsari wus anyathêt |
driyane |
lagya eca agunêm apan kasaru |
praptane |
Ki Sèk Modang kalawan Ki Trêsnaraga |
sarênge ||

29.
Samya kagyat kang lênggah mulat ing Modang |
dhatênge |
Ki Sèh Malangkarsa agupuh lingira |
angawe |
lah yayi Sèk Modang kakang Trêsnaraga |
dèn age ||

30.
Kang ingundang praptèng ngarsa gya anjawab |
tangane |
wrata dènnya sasalaman gantya-gantya |
binage |
Malangkarsa aris dènnya angandika |
ngungune ||

31.
Dene aglis prapta (ng)gyannira lumampah |
karone |
paran datan dumugi wangsul ing margi |
mênèke |
Ki Sèk Modang Trêsnaraga misih lêsu |
sêmune ||

32.
Malangkarsa mulat kasompoking wêktu |
Mahribe |
awêcana wus yayi mêngko kewala |
bêcike |
yèn wus bakda Ngisa nora kêtanggungan |
wajahe ||

33.
Payo padha arêbut wêktuning salat |
parlune |
nulya samya agupuh maring pahèran |
sucine |
pra santri wus samya wulu jalu èstri |
kabèhe ||

Jilid 11 - Kaca : 186

34.
Sami salat Mahrib makmuming gurunya |
wêktune |
bakda Mahrib lajêng Ngisa salatnèki |
sawuse |
bakda Ngisa paragat sakèhing sunat |
purbane ||

35.
Abubaran Malangkarsa ngancarani |
kondure |
maring wisma gupuh kang samya liningan |
udhune |
Arundaya Malarêsmi anèng ngarsa |
lampahe ||

36.
Malangkarsa Cariksutra Carikmudha |
wurine |
Pariminta Modang Trêsnaraga Among |
-sarine |
ing made wus rinukti gêlaranira |
waune ||

37.
Myang pawohan wedang dhadharan sumaji |
ngarsane |
Malangkarsa ngling mring garwa Malangrêsmi |
wuwuse |
lah saosa bubucu ingkang prayoga |
lawuhe ||

38.
Kang liningan sigra nuduh pawongira |
ge-age |
tan adangu rampadan prapta ing ngarsa |
sangkêpe |
nulya ingancaran awiwijikan |
kabèhe ||

39.
Samya nadhah kêmbul lawan jalu èstri |
royome |
pan pakantuk anutug dènnira nadhah |
tuwuke |
aluwaran ambêng rampadan cinarik |
undure ||

40.
Nyanyamikan lah-olahan lan wowohan |
sumajyèng |
ingancaran ngalap dhadharan nyamikan |
mangsêge |
sami ngambil sasênêngira angalap |
nyamike ||

41.
Ki Sèk Modang nor mingsêr angapurancang |
mlêpêse |
sarta alon turira rèhing dinuta |
têlètèh |
(ng)gèh wus prapta kawula paduka tuding |
angodhèg ||

42.
Maring Ngargasalah pangguh lan arinta |
kaliye |
pan wus matur sadaya pitungkas tuwan |
liring rèh |
amangsuli akêcap lamun tan arsa |
kapanggèh ||

43.
Lan ramanta ibunta nèng Ngardipala |
ujare |
benjang rêke kewala nèng Wanantaka |
sanggême |
anèng Jurang Jangkung pulo Palanggatan |
panggiye ||

44.
Mring sudarma myang kadang kupu nèng ngriku |
têmone |
lamun adrêng (n)jêng bapa ibu yun pangguh |
marang Ke |
tuwas apa tan kapanggya lawan ulun |
yêktine ||

Jilid 11 - Kaca : 187

45.
Wus mangkana kawula mit ing rayinta |
tan awèh |
kinèn nadhah kang garwa sami ngladèkna |
kramate |
kaelokaning pangèksan tanpa timbang |
endahe ||

46.
Wusnya sinugata kawula tinundhung |
mantuke |
pan kawula sinumpingan salam sêmbah |
kature |
mring ramèbu paduka sarta tur uning |
ing mangke ||

47.
Jayasmara paparab Sèh Adiraras |
wondene |
Jayèngraga sisilih Sèh Adirêsmi |
wastane |
wus malekah anatal mangunahira |
kramate ||

48.
Gya kawula umangkat tinut ing barat |
agênge |
pan kabuncang wong roro layang-layangan |
mumbule |
panujune wong kalih tan kêna ginggang |
tangane ||

49.
Kongsi bêblês ing langit silêm dharatan |
musnane |
tan anyana lamun sagêd tibèng siti |
nèng kene |
saking sabda manggunahipun Sèh Raras |
Rêsmine ||

50.
Têlas aturira wau Ki Sèh Modang |
karone |
Malangkarsa umatur marang kang rama |
kalihe |
botên linyok batang kawula kang wau |
yêktine ||

51.
Kang puniku sumangga mungguhing karsa |
ing mangke |
Ki Rundaya anjêjêr tan kêna angling |
ngungune |
Malarêsmi mingsêg-mingsêg karuna ris |
ririhe ||

52.
Ketang dènnya kang putra kandhêg ing warta |
tan panggoh |
lon umatur mring laki sarwi anangis |
magêpe |
dhuh Kiyai paran ing polah puniki |
rêmbuge ||

53.
Mangkenipun tan wande makotên malih |
wartine |
Ki Sèh Malangkarsa anor angrêrêpa |
wuwuse |
adhuh êmbok sampun kang kadya punika |
angêne ||

54.
Tan paedah ngubungi apêsing budi |
tan sae |
malah mandar tyas kang sukur anarima |
sarèhe |
Ki Rundaya alon dènnira ngandika |
têmbunge ||

55.
Lah wus jêbèng rèyang iki papamitan |
samangke |
Ki Sèh Malangkarsa alon aturira |
anore |
inggih mangke amba umatur ing paman |
lampahe ||

Jilid 11 - Kaca : 188

56.
Kang rama ngling lan ênggèh Alkamdulillah |
kajate |
Ki Sèh Malangkarsa ngling mring mitranira |
karone |
lah kakang Sèh Pariminta Amongsari |
kalihe ||

57.
Mara rika tumutur mring Wanantaka |
gagêntèn |
yayi Modang lan kakang Sèh Trêsnaraga |
pênêde |
lah kantuna kewala atêngga wisma |
karone ||

58.
Kang liningan samya umatur sandika |
saguhe |
Malangkarsa ris nabda marang kang garwa |
wuwuse |
lah kariya yayi ngong tumutur lawan |
lampahe ||

59.
Malangrêsmi umatur inggih sumangga |
karsane |
wus mangkana lêga tyasira Rundaya |
kalihe |
driyanira lir êmas timbul ing toya |
sukane ||

670 Maskumambang

1.
Tan winarna dalu praptanira enjing |
bakdanira salat |
Subuh sami sarap bukti |
lêbar nutug cinarikan ||

2.
Wus siyaga sagung kang arsa lumaris |
sangunirèng marga |
binakta kang para santri |
kang arsa umiring lampah ||

3.
Kae Malangkarsa aturira aris |
lah sumangga paman |
umangkat mumpung aènjing |
kang ingaturan sukèng tyas ||

4.
Cariksutra sumambung wacana aris |
Kae jêbèng rèyang |
tan tumutur lampahnèki |
maring dhukuh Wanantaka ||

5.
Reyang badhe sumimpang mangke nèng margi |
Ki Sèh Malangkarsa |
ngling rêke paman Kiyai |
punapa parênging karsa ||

6.
Nulya sami sasalaman mring kang kari |
wusing pamitira |
dyan umangkata lêstari |
Rundaya lan garwanira ||

7.
Pajar sidik rêpêt rêmêng saput-siti |
kitri kalamukan |
ing pêpêdhut angrêmêngi |
lir dyah kasingêb ing wastra ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 158 - 174
  • (15a) Kaca 189 - 218 >