Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15a) Kaca 189 - 218

 

( Ki Bayi sapandhèrèk kapanggih Sèh Mangunarsa )

11

VI. Ing Wanataka, Ki Bayi sapandhèrèk kapanggih Sèh Mangunarsa ingkang ngaturakên bilih sagêdipun kapanggih Sèh Amongraga wontên ing Jurang Jangkung, mila Ki Bayi sakalihan lajêng mangkat daya-daya badhe kapanggih putra lan mantunipun. Pêpanggihan sawatawis, Sèh Amongraga matur bilih botên sagêd wangsul dhatêng Wanamarta. Namung Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ingkang sagêd wangsul, nanging taksih sami sêmados badhe nutugakên anggènipun nyêpi rumiyin.

1. Ki Bayi Panurta sapandhèrèk nglajêngakên lampah dhatêng Wanataka. Lampahipun nglangkungi sêndhang Kalampeyan pangangsonipun tiyang kathah lan papan pêpanggihanipun Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang kalihan Sèh Amongraga. Sèh Mangunarsa sampun angsal dhawuhipun Sèh Amongraga bilih Ki Bayi Panurta sakalihan badhe rawuh ing Wanataka. Sèh Mangunarsa nimbali Sèh Anggungrimang dalah semahipun, Ni Rancangkapti. Ki Monthèl lan Cênthini rêramban ing patêgalan, dumadakan sami sumêrap rawuhipun Ki Bayi Panurta sakalihan, lajêng mapagakên kanthi têtangisan.

Sèh Mangunarsa atur uninga bilih para putra tuwin mantu badhe manggihi Ki Bayi Panurta sakalihan wontên ing Jurang Jangkung. Bakda Ngisa, sasampunipun ubarampe sêsaji tuwin padupan karakit dening Cênthini, lajêng sami bidhal dhatêng Jurang Jangkung. Sasampunipun Ki Bayi sakalihan tirakat tigang dalu, Sèh Amongraga sarta garwa lan adhi-adhinipun sarimbit sami ngatingal. Para mantu lan putra sami ngabêkti. Ki Bayi lajêng dipun aturi kundur rumiyin, benjing yêkti kapanggih malih wontên ing sêndhang Kalampeyan. Sampun lêjar panggalihipun Ki Bayi sakalihan.


 

Kaca 192 – 206

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 189

8.
Mawèng tundha pangundhakanirèng margi |
kang kidul parah lwah |
pakirian maring sabin |
sabin tulak kabêbêngan ||

9.
Pêksi banyon putiyan mèt mangsèng warih |
manyar baranjangan |
munyèng tawang angêjêri |
cabak cucuwiyung umyang ||

10.
Sirat wetan ima pulas dinulya-sri |
sungging ing akasa |
linut ing sunar Hyang Rawi |
jaladara tuturutan ||

11.
Dadu pita seta rêta paul langking |
angling lulungsiran |
ima malang amalêngki |
lêngkaning mega jodhogan ||

12.
Surat-surat lir cawining ngawiyati |
katejaning surya |
anrangi sèsining bumi |
hèr bun kang tumawèng patra ||

13.
Lir sasotya sinuluh angujwalani |
kang mawaning marga |
nut tikung galênging sabin |
(n)jog marga gung sinarambah ||

14.
Cariksutra ngandhêgi wacana aris |
kakang Arundaya |
lamun punika kang mugi |
maklum sarta angapura ||

15.
Rèhning rêke kawula datan umiring |
marang Wanantaka |
kewala kawula mulih |
maring dhukuh Ngardisêkar ||

16.
Arundaya nauri wacana manis |
ya Alkamdulillah |
kewala andum basuki |
rêbat samya pakantuknya ||

17.
Sarwi jawab-tangan sasalaman gipih |
Kae Cariksutra |
sarya nor dènnira angling |
lah kakang Kaè Rundaya ||

18.
Mugi-mugi wontêna sihing Hyang Widdhi |
pangguhing sinêdya |
kang sarta raharjèng margi |
dinohna ing panukarta ||

19.
Winangsulan waluyaning sih pupuji |
Kyai Carikmudha |
tur bêkti salamira mit |
warata pasalamira ||

20.
Wusnya dènnya samya pupuji-pinuji |
pêpèrangan marga |
kang laju lawan kang mulih |
Cariksutra Carikmudha ||

21.
Lan santrinya Sêtradrêma Sêtragati |
kang mahawèng paran |
Rundaya Ni Malarêsmi |
katri Ki Sèh Malangkarsa ||

22.
Mitra kalih Pariminta lan Mongsari |
tan ambêkta rencang |
dadi mung kalima èstri |
adulur dènnya lumampah ||

Jilid 11 - Kaca : 190

23.
Rundaya ngling sintên kang garma ing margi |
Malangkarsa nabda |
lah kakang Sèh Amongsari |
prayoga para nèng ngarsa ||

24.
Kang ingatag glis mangarsa anglancangi |
Mongsari kang dadya |
juru tinuduh ing margi |
simpange mring Wanantaka ||

25.
Pasabinan talun patêgilan gagi |
pan wus kalintangan |
malapat desa paminggir |
taratab kang pagrumbulan ||

26.
Lêpas napak ing pakêtêban wanadri |
anggaliyak lampah |
lumintu tan raryan margi |
sêmada sinrang lampahnya ||

27.
Mudhun jurang munggah palunguran dhikil |
pagênêngan wana |
grêng kaywa gêng aningubi |
tan bêntar ingkang lumampah ||

28.
Kèh swaranya buron sato ing wanadri |
bêngohing andaka |
pauling kidang lan kancil |
bêngoring jawi mênjangan ||

29.
Cêkrohing wa-uwa warangutan atri |
lutung agogokan |
sinrang ing singa anggroni |
samya wingwrin asar-saran ||

30.
Myang swaraning pêksi tawang amêlingi |
lan kang andon wohan |
nocor woh karasula prih |
wurahan anèng kakaywan ||

31.
Pêksi bubut bintit gêtêran sru muni |
yèn janma-a ngucap |
ya ta-lah rêke Ki Bayi |
Panurta lan rabinira ||

32.
Tega tilar sasana ngamalirèki |
parah ngendra paran |
bobote wong asêsiwi |
nandhang kapêdhotan trêsna ||

33.
Lir nauri pêksi bintit (m)bibisani |
ya bênêr sing sapa |
bisa nawêkalkên budi |
yèn lagi wêktuning mangsa ||

34.
Kang mangkono iku kang mungguhing ngèlmi |
Ki Bayi Panurta |
brangta ring siwinirèki |
thithik rada kakandhangan ||

35.
Angowahkên tyas kang sukur ing Hyang Widdhi |
angloro Pangeran |
sih tan lyan kang anduwèni |
amung Hyang kang murbèng jagad ||

36.
Pêksi bubut nauri bênêr sirèki |
nging ika kajaba |
waliyolah kang linuwih |
tan gimilir ujarira ||

Jilid 11 - Kaca : 191

37.
Yèn ta misih lagi mukmin bae pasthi |
tan bisa tawêkal |
ilange nak putu rabi |
kang wus lumrah kasusahan ||

38.
Lir mangkana kang pêksi isthanirèki |
yata kang lumampah |
duk enjang tumêkèng lingsir |
rumêksa wêktuning salat ||

39.
Anon ranu ing margi samya ngandhêgi |
ngambil toya kadas |
mimilih kang simpar aking |
anèng sela kumalasa ||

40.
Anumama pabêktinirèng Hyang Widdhi |
damak takdimira |
Luhur lan Ngasarirèki |
akir ginendhong ing awal ||

41.
Bakda salat kewala laju lumaris |
nusup ngayam-alas |
tan ketang rêkasèng margi |
(n)dungkap bana panipisan ||

42.
Arang-agal myat dhukuh tan arsa kampir |
linaju kewala |
tatas pagrêngan wanadri |
ing wanci wus rare ngumbar ||

43.
Nampak banar patêgêran (ng)gênêng magir |
anjog palunguran |
ra-ara rata aradin |
kalangit ing Wanantaka ||

44.
(n)Dungkap patugaran patalunan gagi |
kang samya lumampah |
arêndhon lampahira ris |
mulat têgal pasabinan ||

45.
Miwah anon padhukuhan kang kaèksi |
pan ing Wanantaka |
myang dhukuh ing Wanasari |
sakiwa têngêne ana ||

46.
Dhukuh Magêr-sari pitung grumbul alit |
wilis pakitrènnya |
karajan kawuryan asri |
masjide katon angangrang ||

47.
Pan anglela angungkang jurang kapering |
wrêksa rahu tuwa |
nuntung kalangkung gêng inggil |
minangka tugu panêngran ||

48.
Soring wrêksa dadya paninisanèki |
jalwèstri sadaya |
pamomonganing rarywa lit |
myang plegunganing maesa ||

49.
Kanan paudhunan mring jurang kang margi |
marang pasêndhangan |
pêngangson wong sadesèki |
mariku ing Kalampeyan ||

50.
Pan winacaksuji tinaman ing sari |
patramanggala myang |
andong-bang lan kayu puring |
kayu-mas lan mandhatuwa ||

51.
Sisikatan nagasari lan kumuning |
bakung puspanyidra |
ragaina pacarwarih |
katongkèng taluki dangan ||

 

Jilid 11 - Kaca : 207

671 Dhandhanggula

89.
Malangkarsa anauri aris |
yèn kadyèka yayi Mangunarsa |
manira tan ayun mulèh |
lamun ta dèrèng sinung |
ing pangiksa ing Sang Khakiki |
sun sumêdya iktikab |
nunungku ing dalu |
kewala nèng Wanantaka |
Ki Sèh Mangunarsa anauri aris |
sukur Alkamdulillah ||

90.
Paduka jênêk wontên ing ngriki |
yèn antuk sihira ing Pangeran |
kadhatêngan ing kajate |
Malangkarsa nor muwus |
yayi bab masalahing ngèlmi |
sampurnaning kasidan |
roroning asatu |
rimbag makluk lan Kalèknya |
kadipundi yayi paliringanèki |
makluk makal Kalèknya ||

91.
Ki Sèh Mangunarsa ngandika ris |
kakang Malangkarsa kang punika |
ing basa langkung rungsite |
angèl lêlèjêmipun |
yèn kaprèncèt aniniwasi |
murungakên kadadyan |
kadadèning wuwus |
tan waskitha ing wêkasan |
sêbabipun basa punika tan kenging |
ginalak ginagampang ||

92.
Malangkarsa nor dènnira linggih |
Sèk Mongsari lan Sèk Pariminta |
andhêku ngapurancange |
Anggungrimang tumungkul |
Rancangkapti angangsêg linggih |
mèpèt keringing raka |
Sèh Mangunarsèku |
myang sakulawangsanira |
Ki Piturun Martaduta Palakarti |
Saloka lan Salodha ||

93.
Ki Prakosa lan Darmadanèki |
sumungkêm lir konjêm ing pratala |
tan akêcap sadayane |
samya angalap wuwus |
surasane ngilmu ginati |
tan na-wèwèng ing nala |
anunggèng pangrungu |
Ki Malangkarsa ris nabda |
kae jêbèng mênggah palimpinganèki |
ing kajatèanira ||

94.
Ki Sèh Mangunarsa lingira ris |
inggih kakang Kae Malangkarsa |
andika tampa-a rêke |
prèjènganing ngalêmbut |
langkung tanggapirèng pangèsthi |
ing ngilmu kang minulya |
ginraitèng kalbu |
mungguh makluk makalira |
têkèng Kalèk kongsi nir makalirèki |
Kalèk pribadinira ||

Jilid 11 - Kaca : 208

95.
Kadya parusi tinunwèng agni |
parusi nir kênthêling rurupa |
têmbaga sari dadine |
pinurba ing mas tatur |
rambah tunu winor ing kowi |
linawus ing ngarrêngan |
ginênèn agni gung |
luluh roroning atunggal |
dadya Kalèk tan ana wujud kêkalih |
purba-pinurbasesa ||

96.
Makluk aranning kawula yêkti |
makal ênggon tilaming atunggal |
Kalèk Hyang Widdhi têgêse |
yèn wus kadya puniku |
makluk kang wus abadan Gusti |
tan wor (ng)gwanning sarupa |
pribadi (ng)gyannipun |
tan kengang yan ginagampang |
mung dhèwèke kewala kang anjumbuhi |
tunggal sira Pangeran ||

97.
Wus suwasa tan aran kakalih |
rukmi têmbaga tan winicara |
ro dadya sawiji nungge |
nir sangkan parannipun |
bakal rukmi tan dadi rukmi |
bakal têmbaga datan |
dadya têmbagèku |
tan na ran-aranning bakal |
kadya rahsaning lanang rahsaning èstri |
cawuh jatining rasa ||

98.
Dadya martabat nurbuwah latif |
insaniyah la takyun pinurwa |
tumêkèng insan kamile |
nèng makaling alimut |
ran mukamadiyah ginaib |
wus sinung kuwasèng Hyang |
mijil aran makluk |
rambah arannya kaping pat |
datan liyan kang wujud dhirinirèki |
pan misih mula juga ||

99.
Tinggal bakal awal rannirèki |
tan ran rasaning èstri lan priya |
makotên saupamine |
liring angèl puniku |
luput tanggap panganggêpnèki |
badan kita punika |
anggêpe sinêngguh |
mangeran kang Maha Mulya |
budi kita puniki rêke dinalih |
makluk aran karijah ||

100.
Pan punika ingkang niniwasi |
nganggêp basa kasusu ing warta |
kewala dèrèng nyatane |
kaprècèt dadya lacut |
pêcat ciptanira kang titis |
lir sawung matarangan |
antigannya uwuk |
tan ana nêtês sajuga |
sabab dening êndhoge tan dèn-angrêmi |
pêcah abilarungan ||

101.
Pêngrasane antiganirèki |
bisa nêtês tan lawan ngangrêman |
saking luput pandaliye |
apan sampun saèstu |
ayam sagêd nêtês kèh kêdhik |
makatên malih jalma |
sagêd nguwus ngilmu |
anging amuwus kewala |
pangangrême ing tokit tan dèn kawruhi |
têmah wigar anggagar ||

Jilid 11 - Kaca : 209

102.
Sêdhêng samantên kewala lining |
langkung dhaup ing graitanig tyas |
pan lagya rarasan bae |
tan têmu ing tumuwuh |
rèhning samya tabakul ngilmi |
sira Ki Malangkarsa |
suka sru gumuyu |
wruhing lêlèjêming basa |
mangsa Karo winijil mangsa Dhêsthèki |
asangkrib ing kêkêran ||

103.
Tan kêna pinêthit ing kayêktin |
lyan kang samya cathêt ing wardaya |
Malangkarsa Gungrimange |
sadaya samya kadung |
kadung tanggapira ing ati |
mêmête kang upama |
kelangan pangrungu |
tyasnya tampa uga ora |
Rancangkapti lantip barkating pawèstri |
kadung dungkapira ||

104.
Pan wus ahlinira janma lêwih |
tan amêdhar jatining kêkêran |
amung pinarlambang bae |
ing lêlèjêming sêmu |
lir amilis mina jro warih |
ewuh sananing kêdhap |
tan kêna dinunung |
liyane janma kang wus man |
tan kasêlan surup kalêmpiting kapti |
sutêsna brangtanira ||

105.
Têngah dalu wayahe kang wêngi |
Ki Sèh Mangunarsa lon wacana |
punapa mangke karsane |
sêdhêng lalêswan dalu |
nuduh pawongira pawèstri |
Darêman kinèn sigra |
ngambil kêlasa lus |
lan singêp kajang sirah bang |
kang liningan Darêman tan dangu prapti |
naoskên pasareyan ||

106.
Wus pinarnah gêgêlarannèki |
Ki Sèh Mangunarsa aris nabda |
kakang Sèh Malangkarsane |
kula turi anjunjung |
anèng masjid kularsa maring |
natar nimpar asunat |
sakêdhap ing dalu |
sira Monthèl rumêksa-a |
lamun ana karsane sira dèn aglis |
aywa kuciwèng karsa ||

107.
Matur sandika ingkang sinung ngling |
Sèh Anggungrimang alon wacana |
lah kakang Malangkarsane |
kawula amit mantuk |
jêngandika kantunna guling |
kewala benjang-enjang |
kula-turi rawuh |
marang pawisma kawula |
Kae Malangkarsa anauri aris |
insa Allah kewala ||

108.
Nulya aluwaran kang alinggih |
samya sasalaman gantya-gantya |
Sèh Mangunarsa nulya ge |
nimpar mring Jurang Jangkung |
waktu saur wancinirèki |
nèng sêndhang Kalampeyan |
pamidikanipun |
wau Ki Sèh Anggungrimang |
angling marang kulawangsanira sami |
lah kakang Drêmadana ||

Jilid 11 - Kaca : 210

109.
Lawan Martaduta Palakarti |
Prakosa lan Piturun kariya |
wong lima anènga kene |
Saloka Salodhèku |
kang amilu mulih ing mami |
kang liningan sandika |
wong lilima kantun |
rumêksa Sèh Malangkarsa |
Anggungrimang pamit tur salamirèki |
miwah Ni Rancangkaptya ||

110.
Wusnya salaman katrinirèki |
nulya sami lèngsèr palungguhan |
miwah Ni Rancangkaptine |
mudhun sing masjid agung |
mulih ngidul mring Wanasari |
ingiring pawongira |
obor anèng ngayun |
Jurang Jangkung kalintangan |
pan wus têkèng brang kidul ing Wanasari |
praptèng pawismanira ||

111.
Tan winuwus ing ratrinirèki |
pan cinatur Ki Sèh Malangkarsa |
anèng ing Wanantakane |
apan tinamu-tamu |
kurmatira raina wêngi |
anèng lèr tan kuciwa |
pasugatanipun |
tansah rasan ngèlmi rasa |
atêtêlon Kae Sèh Mangunarsèki |
Malangkarsa Gungrimang ||

112.
Lamun nèng kidul nèng Wanasari |
sinuba-suba ing pasugata |
kalangkung rahab kalihe |
yata ingkang cinatur |
wau sira Kiyai Bayi |
kalawan garwanira |
anèng Jurang Jangkung |
ing pulo Sela Langgatan |
lan Cênthini sabên sawayahing bukti |
kinirim rarampadan ||

113.
Anging Kiyai Nikèn Malarsih |
datan arsa kinirim anadhah |
pakirim winangsulake |
myang nyamikan tan ayun |
amung mucung ciptaning ati |
dènnira ngarsa-arsa |
rawuhe kang sunu |
panggihe anèng Langgatan |
wus andungkap tri dina tri dalu mangkin |
tan mijil katingalan ||

672 Mijil

1.
Kawarna-a kang ahli ngawingit |
kang wus man minanon |
Sèh Adi nênggih Amongragane |
anèng jaman nikmat sihing Widdhi |
oliya apan wis |
makam badan alus ||

Jilid 11 - Kaca : 211

2.
Lêsning tan rêkasa lirning kapti |
prapta tan linakon |
mung kalawan kewala niyate |
datan kadya sawênyahing janmi |
barang kang kinapti |
lawan suku-bau ||

3.
Sang Sèh Adi Mongraga kalaning |
dènnira karongron |
ajiyarah mring guwa Sigronge |
tuwin marang Ngargasonya wingit |
wana wulusaning |
têlênging asamun ||

4.
Miwah ring iktikap maring pasir |
pasuron parang rong |
karang kang karadan samodrane |
atataman kawuryanira sri |
pindha mirah akik |
biru dadu wungu ||

5.
Seta pita rêta krêsna wilis |
ngujwala sumorot |
karang abang miwah karang jae |
karang tunjung lan karang mêlathi |
krang bukur myang gori |
lèn karang kacubung ||

6.
Sangkêp salirning dharatan sami |
malah luwih onjo |
saking puspita ngalêsta kabèh |
rumput lan rumput saminirèki |
tan nana bedaning |
pasutapanipun ||

7.
Luwih sampurnaning samodra di |
sèsining kalangon |
muwah ujwala kasunarane |
ring Hyang Kalandarigni ngulati |
amarakata sri |
angrênyêp ngunguwung ||

8.
Kathah kalêwihaning pangèksi |
ing samodra kaot |
kèndah pandulon kaendahane |
karênaning janma kang linuwih |
kadrêsan umèksi |
wawalikanipun ||

9.
Datan samar mamaring pandêling |
kang elok kang ewoh |
wus kawruhan tanpa karanane |
pangendahaning kang aib-aib |
sinung ing Hyang Widdhi |
trus paningalipun ||

10.
Tan kalêmpit nir tang mutawatir |
rèhning wus waspaos |
dadya ondhe ruwiyèng Kadise |
carita di kang sinung swarga-di |
ing akerat benjing |
lwih saking pandulu ||

11.
Nikmat rahmat tan kêna tinêpsir |
ondhening pandulon |
jaman dunya langon saanane |
pira-pira kamulyan dunyaki |
tan mèmba panduming |
para tusanipun ||

12.
Maksih luwih kaendahan ngakir |
kikmah tan kêna pot |
mung tingale aoliya rêke |
kang sinungan kaswargan dunya kir |
endahing pangèksi |
aibe dunyèki ||

Jilid 11 - Kaca : 212

13.
Liring aibing dunya puniki |
wêdharing pandulon |
ing ngasêpa-sêpi mamring dene |
sinung wikan ing dalêm pribadi |
pangèksan kang luwih |
kaendhahanipun ||

14.
Sêpi ing minajading pra janmi |
pandulon kang elok |
di-adine jaman walikane |
wus tan amput-amput lan donyèki |
kang ingalap janmi |
sinandhang tinuwuh ||

15.
Marma oliya tan na ngromèsi |
donya kang (m)bêgogok |
sabên uwus lêwih paningale |
dunya kang nèng jatining pangèksi |
mijil kalawan sih |
-ira kang Maha Gung ||

16.
Yeka mèmpêr dunya ing swarga kir |
ing sapara-piton |
janat nuksmèng karamat tan pae |
lir anyulik pratandhèng swarga kir |
pan tan liyan saking |
oliya kang sinung ||

17.
Lawan dènnira langên jaladri |
rênaning pandulon |
Sèh Mongraga kurên lan garwane |
Tambangraras ing asmaraningsih |
nèng patundhan akik |
tilam mirah mancur ||

18.
Wus tan kèngang tinimbang ing lair |
kikmah kang mangkono |
wus saèstu jamaning kamuktèn |
danguning (ng)gyan ing pangrasa aglis |
beda nèng yomani |
glis pangrasa dangu ||

19.
Nahên ta sira Sèh Amongragi |
angandika alon |
mring kang garwa Kèn Tambangrarase |
piyarsakna yayi kang adêling |
(n)Jêng bapa Kiyai |
Bayi Panurtèku ||

20.
Lawan ibu dènnira nanangis |
marang ing Hyang Manon |
ngudi-udi kusuke ngasike |
cipta minta têtêmu ing siwi |
sinuwun ing Widdhi |
lan sruning tafakur ||

21.
Datan mèngèng pangudiyèng kapti |
tan liyan pandulon |
muhung maring sira Pangerane |
kadi-kadi tinarimèng Widdhi |
wus tri latri mangkin |
anèng Jurang Jangkung ||

22.
Tambangraras nêmbah aniniling |
wus sinung pangrungon |
panêdhaning sudarma kaliye |
nêmbah tumungkul matur ing laki |
pan inggih kapyarsi |
pudyaning ramèbu ||

23.
Barkah tuwan amba sinung myarsi |
mring sudarma karo |
sèstu singgih kapyarsa nèng kene |
datan ninang salir tuwan angling |
sumangga sakapti |
yêkti kawula nut ||

Jilid 11 - Kaca : 213

24.
Sang Sèh Adi Mongraga nglingnya ris |
yayi karsaning ngong |
rinta karo pinaranan (ng)gyanne |
anèng Ngargasalah dènnya mupit |
winartan cinangking |
maring Jurang Jangkung ||

25.
Tambangraras tan lêngganèng kapti |
dak lumaksana lon |
linggar saking Parangkusumane |
solah-bawanira ing ngaluwih |
lir rasèng pangimpin |
sakêdhap gya rawuh ||

26.
Pangrasamanirèng rinya kalih |
Ngargasalah kang (ng)gon |
panggya lawan kang rayi kalihe |
angsung salam kang rayi ngabêkti |
miwah garwa sami |
nêmbah ngaras suku ||

27.
Rinta kalih sagarwanirèki |
samya sukurnya non |
nir subrantanira pangrimange |
wus kaonêng kapurba sih Widdhi |
purna surasaning |
wulanguning kalbu ||

28.
Pan mangkana sujanma linuwih |
dènnya sapatêmon |
apan tanpa warana sanane |
apagut lawan badan pribadi |
banjaran wismèki |
rêke tan kacatur ||

29.
Dharat palêsta kang bumi langit |
pon tanpa pandulon |
kewala amung padha dhirine |
tan kawulat lyan samya priyanggi |
wus nir surasaning |
tingaling aturu ||

30.
Sèh Mongraga angandika aris |
yayi sira karo |
ulun asung sojar ing dhèwèke |
karsaning Hyang Kang Amaha Suci |
anarima maring |
jêng ramanta ibu ||

31.
Sumundhuling pudya ring Hyang Widdhi |
saking tyas umangsoh |
minta sira lawan ulun rêke |
ubayèng driya sumêdyèng mèksi |
mring kang para siwi |
kang dadya byatning kung ||

32.
Utama tinêman kang supadi |
luwar dènnya wiro |
wus kasungku jroning pamudyane |
minta panggyatmaja sadayèki |
kang rayi tur bêkti |
samya sumanggèng hyun ||

33.
Wusnya abipraya ing pandêling |
gya nisira ring (ng)gon |
maring Jurang Jangkung Palanggate |
yata ingkang anèng Jurang Miling |
sira Kae Bayi |
wanci waktu sakur ||

34.
Langkung dènnya ngarsa-arsa dening |
putra lanang wadon |
kang asrama Pulo Palanggate |
Ni Cênthini andadèkkên api |
padupanira wis |
angwongwa kang latu ||

Jilid 11 - Kaca : 214

35.
Pasang kutug rabuk ratus minging |
mênyan madu ngobong |
pan kumêluk andêdêl kukuse |
Kae Bayi lan Nikèn Malarsih |
dènnira amupit |
kalangkung sumungku ||

36.
Kusukira ngasiki Hyang Widdhi |
tyas mansoh tuwajoh |
tan nalimpang anrap pituduhe |
pamêlinging kadi surasaning |
pangidhaming kapti |
ing sawiji kayun ||

37.
Tan ana lyan cipta kang kaèsthi |
dènnirarsa panggoh |
marang sutanira sadayane |
alantaran dhikir kang asuci |
trap tanajul karti |
panjing wêktunipun ||

38.
Junun suhulira ing Hyang Widdhi |
minta sihing Manon |
ngasih maring sira Pangerane |
pan angoko pangunandirèki |
kêcap jroning ati |
Gusti Sang Maha Gung ||

39.
Panggihêna lan sutamba mangkin |
lawan kang sayêktos |
Allah ingkang asipat murahe |
ingkang kuwasa kang ngudanèni |
miwah angadili |
sakèhing tumuwuh ||

40.
Tan nana lyan ingkang nêmbadani |
nêkakkên kang elok |
Hyang Maha Gung kang anucèkake |
kang mangkana ciptanirèng galih |
tinarimèng Widdhi |
ing pandonganipun ||

41.
Kalle asru-asru dènnira mrih |
ayun minta tumon |
mring pra sutanira jalwèstrine |
têmên-têmên Suksma nêmbadani |
mangkana Kiyai |
lawan garwanipun ||

42.
Pan pana'ul sanalikanèki |
tashuding pandulon |
layap (n)dungkap jaman walikane |
palaling Hyang Suksma mratandhani |
kang kinaptèng kapti |
wulangan ing sunu ||

43.
Ing nalikanira sihing Widdhi |
kang sung sapatêmon |
mangke Kae Bayi Panurtane |
madya têlênging tyasing amupit |
ing ngriku kapanggih |
sasurasaning hyun ||

44.
Tingal kasuciyaning pandêling |
wau sang kinaot |
mijilakên kêdah mangunahe |
ingkang kaendahaning pangèksi |
amêdhar jatining |
ing padhirènipun ||

45.
Nèng paligèn akik pingul asri |
sarwa kik kinaot |
babanjaran asri kawuryane |
markata bra kasêsêning sasi |
papuspitan asri |
ganda marbuk arum ||

Jilid 11 - Kaca : 215

46.
Wus tan ana kèndahan anirip |
wau kang patêmon |
tanapa pinangka ing paningale |
ing pandulon tan ngagèt-agèti |
kang patut pangèksi |
sung pasalamipun ||

47.
Sèh Mongraga pupujwèng Hyang Widdhi |
sukuring patêmon |
Nikèn Tambangraras tur bêktine |
miwah Jayèngrêsmi Jayèngragi |
Trida Rarasati |
mantu ro angujung ||

48.
Samya sukur panrimanirèki |
tan na walangatos |
rêrêm marêm tan na raos wode |
lir duk sabên nèng Wanamartèki |
panggih siyang ratri |
raose kang kalbu ||

49.
Lir wulangunira tan na brangti |
mring putra duk anon |
tan sêmbada lan wingi-wingine |
tan kawawa nambak luhirèki |
mangkya tan amawi |
kusung ngênthu-ênthu ||

50.
Kadya tuwuk lir sabên papanggih |
putra lanang wadon |
miwah tumingal kaendahane |
babanjaran ingkang luwih adi |
pataron duryani |
wismanggung linuhung ||

51.
Sakèh kaluwihaning pangèksi |
tan kèraman tumon |
amung sukur wawêlakan bae |
têka mangkana tyasnya Ki Bayi |
myang Nikèn Malarsih |
tan pae kadyèku ||

52.
Wus ahlinya tingale wong ngasik |
agawok pandulon |
lir sukarêna tanpa nandhange |
kadya tuwuk ingkang tanpa bukti |
datanpa ngulati |
panarimanipun ||

53.
Mênêng tanpa ngên-angêning kingkin |
ingkang ting salèmpor |
nèng jaman tingal kajatmikane |
yata sang Sèh Adi Amongragi |
angandika aris |
mring kang marasêpuh ||

54.
Langkung sukur ulun ing Hyang Widdhi |
sinung sapatêmon |
(n)Jêng Kiyai lawan ulun rêke |
lantar saking katrimaning puji |
-nipun (n)Jêng Kiyai |
ring Hyang Kang Maha Gung ||

55.
Sung kawasa makalling pandêling |
kang dadya tyas panggoh |
anèng makal jamaning kasêpèn |
pintên-pintên samya sih sinung sih |
ing Hyang Maha Suci |
nêmbadani ring hyun ||

56.
Mangkya kadya punapa karsèki |
paduka myang êmbok |
Kae Bayi Panurta dêlinge |
ênggèh tuwan yèn pinujwèng kapti |
bibinta lan mami |
yêktyarsa umatur ||

Jilid 11 - Kaca : 216

57.
Tan na manggung arasing atuding |
winruhkên ing raos |
akufuwa dunya akerate |
lêstariya jênêk ing pangèksi |
ywa kongsi atêbih |
utawa andulu ||

58.
Kang makatên tan rêna tyas mami |
lamun (ng)gyan samya doh |
sih tyasing kados pundi malèh |
yan nêdya-a bêngganging sisiwi |
myang ing gurunadi |
saparan tumutur ||

59.
Sang Sèh Adi Mongraga ngling aris |
singgih (n)Jêng rama (m)bok |
langkung kasinggihan sakalihe |
saking (ng)gènnya trêsna asisiwi |
ananging sakêdhik |
benjang kula matur ||

60.
Rambah panggya ing sapisan malih |
ulun apatêmon |
kewala nèng Kalampeyan rêke |
majêmukan lan putranta singgih |
Mangunarsa tuwin |
Gungrimang lan tamu ||

61.
Malangkarsa kalangkung yun panggih |
lan ulun patêmon |
sarta Mangunarsa Gungrimange |
Rancangkapti samya yun papanggih |
maring Jayèngrêsmi |
Jayèngraganipun ||

62.
Kang punika paduka (n)Jêng Kyai |
wangsula lan êmbok |
maring ing dhukuh Wanantakane |
putranta sadayanya anganti |
kundure (n)Jêng Kyai |
mring ibu mring dhukuh ||

63.
Kae Bayi liningan ing siwi |
tan lêngganèng pakon |
nulya sasalaman pasukure |
sanalikanira wus papanggih |
gya nis sing pangèksi |
bakda ing ngasuhul ||

64.
Kae Bayi lan Nikèn Malarsih |
sarêng dènnya anon |
wantahing paningal lir sabêne |
myang Cênthini tan pae kadyèki |
sapaningalnèki |
tan na bedanipun ||

65.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
paraning kang katon |
yèn beda lan pandêlêngku rêke |
ingkang garwa aturira aris |
pan inggih Kiyai |
wau kang kadulu ||

66.
Wus dinulu solah-bawanèki |
paguting pandulon |
sakêdhap tan ninang pangèksine |
Ni Cênthini tinanya turnèki |
inggih sami ugi |
lir paduka wuwus ||

Jilid 11 - Kaca : 217

67.
Kae Bayi lan garwanirèki |
tyasira cumêplong |
ngling mring garwa ya wus nora pae |
tingalira lan pandulu mami |
tan gèthèng samênir |
kabèh lir tuturmu ||

68.
Wong têtêlu tan na nêlayani |
tunggal sapandulon |
sira Kae Bayi Panurtane |
langkung sukarênanirèng galih |
miwah Ni Malarsih |
lipur dènnya wuyung ||

69.
Anging thithik samya sih prihatin |
kala dukira non |
dene maksih ana sêmayane |
tan wruh babare ngubayanèki |
ing nalika malih |
saguh atêtêmu ||

70.
Angandika malih Kyai Bayi |
paranta sirèko |
apa baya ana kene bae |
paran maring dhukuh apêpanggih |
lan Mangunarsèki |
pratelaning laku ||

71.
Matur sumangga karsa Kiyai |
amba nut kemawon |
anauri iya ing bêcike |
atêtêmu lan Mangunarsèki |
dapak lamun misih |
ana rêmbugipun ||

72.
Nambung atur alon Ni Cênthini |
prayogi papanggoh |
lan putranta Sèh Mangunarsane |
apitantun ing rèh kadipundi |
wasananing mangkin |
yèn wontên turipun ||

73.
Duk miyarsa turira Cênthini |
nalarira bolong |
cipta samya karsa mring dhukuhe |
yata wanci gagat-bangun enjing |
samyarsa susuci |
mring pahèranipun ||

74.
Ing pakiriyan ilining kali |
sawusnya wuwulon |
wangsul unggyannira pawidhige |
adan sunat nulya angabêkti |
kamat ngangkat aglis |
pêrlu waktu Subuh ||

75.
Wus anjênêngakên salatnèki |
niyat wus tuwajoh |
lapal Allah pinarêng takbire |
-ikramira lir pandam pinatin |
tan na labêtnèki |
tilase umurub ||

76.
Tan na kang katingalan malih |
sawiji pandulon |
layaping jaman kacêngêngane |
datan limut datan aningali |
pangantêngannèki |
tan suwung tan wujud ||

77.
Sanalikanya ing dalêm takbir |
cêngêng tanpa anon |
wusing takbir prapta iptitahe |
tanajul mijil mukaratnatti |
Patekah sinidik |
kalawan lid kalbu ||

Jilid 11 - Kaca : 218

78.
Wusing Patekah suratirèki |
Inna-anjalna lon |
wusing Patekah surat akire |
kang winaca pan surat Watini |
dêge dèn-Kunuti |
lungguh tahyatipun ||

79.
Salam bakda dènnira ngabêkti |
pupujiyan lagon |
dhikir andonga limang wêktune |
pragat salirira sunatnya wis |
pajar sidik nganti |
wijiling suryèsuk ||

80.
Wusnya (n)dhadhar Hyang Surya nêlahi |
lir netrangga rapoh |
ngatirah kadya kaluwan suwe |
amuparêng anrang ngujwalani |
sèsining rat sami |
kawuryan sawêgung ||

81.
Sira Kae Bayi Panurtèki |
angandika alon |
lah wus payo linggar saking kene |
mulih mring dhukuh Wanantakèki |
narèhakên pikir |
manawa saèstu ||

82.
Tinêmu ing kawêkasanèki |
luwaring wirangrong |
lir kang pitungkas nakira anggèr |
sang Sèh Adi Mongraga kalaning |
nèng jroning pangèksi |
pan awantu-wantu ||

83.
Nikèn Malarsih umatur ris |
sumanggèng Hyang rêko |
kawula nut sakarsa andhèrèk |
nulya samya (n)dan lumaksana ris |
tumurun lêngkaning |
kali Jurang Jangkung ||

84.
Palêngkèyan nêtêr ing palêstrin |
lampahira alon |
sarèmpangan labêting kalungsèn |
tri ari tri latri tan abukti |
tan lilih kalantik |
angganya marlêsu ||

85.
Mênggah rasa-sara-a lumaris |
tindak anêmpoyong |
wigih-wigih nut pagalêngane |
anglintangi patalunan sabin |
gantya kang winarni |
Sèh Mangunarsèku ||

86.
Anèng dhukuh kidul Wanasari |
amanggihi dhayoh |
sira Kae Sèh Malangkarsane |
Pariminta lan Sèh Amongsari |
sakalangkung dening |
sinubya-subyèng hyun ||

87.
Anggungrimang Nikèn Rancangkapti |
kalangkung rumêngkoh |
bisa among rahab mring tamune |
sasajènira pan siyang ratri |
nyamikan di-adi |
lalawuhanipun ||

88.
Palungguhanira kanêm èstri |
gunêm ngèlmi raos |
Sèh Malangkarsa lon andikane |
yayi jêbèng Mangunarsa singgih |
ngong tatanya yayi |
bab mungguhing ngilmu ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 175 - 188
  • (15b) Kaca 219 - 220 >