Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17) Kaca 247 - 251

 

( Wêjanganipun Sèh Amongraga bab jumbuhipun kawula Gusti )

11

3. Enjingipun, sadèrèngipun Sèh Malangkarsa mantuk, taksih angsal wêjanganipun Sèh Amongraga bab jumbuhipun kawula Gusti. Sasampunipun sarapan Sèh Malangkarsa dalah pandhèrèkipun Ki Pariminta lan Ki Amongsari sami mantuk dhatêng Ngardipala.


Kaca 247 – 251

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 247

675 Sinom

34.
Yèku layaping wong wus man |
pasênêtan jiwa dhiri |
anèng makalling kanêngan |
yêkti tilaming Hyang Widdhi |
tan nana lyan sanèki |
arah saking ing ngajunun |
adaim ring Hyang Suksma |
pupuling ro ing sawiji |
anèng jaman junun daim kandilulah ||

35.
Rêke kandil kandêlana |
kalawan tashuding kapti |
kang kapita kapi-brangta |
marang ing dalêm sawiji |
-wiji kang tan kawijil |
pangantênganing ngaluyut |
pagute pajumbuhan |
carêming sih kang wigati |
nir kang walêr sangkêr rèh tan linarangan ||

36.
Purna roroning atunggal |
tan na kula lawan Gusti |
pagut ikraming paningal |
rêke kalawan pribadi |
tan na ingkang mastani |
ing lyan amung dhèwèkipun |
mujud tan maujuda |
ya uga wujuding Gusti |
iya kula pan uga sira Pangeran ||

37.
Marma ingkang para sêdya |
mahalul (n)dungkap ngalêwih |
alambar kalawan brangta |
tan wèngwèng pangrambatnèki |
muhung maring kajatin |
kajatmikaning sakayun |
ibadah tan katimpah |
ing panggawe kang tan mingsil |
usul gêcul nunungkul kalbu kang tama ||

38.
Yèku yayi ingkang mawa |
wuking tyas kang têkèng jati |
kajatèning kajahatan |
cipta kang sêrik-sinêrik |
tan turak ing saksêrik |
lumêkêt sihing ngaluput |
parêk panggawe coba |
rêncana murung kadadin |
yèku yayi aywa (n)dhèpè ing pepeka ||

39.
Dèn-waspada maring titah |
-ing Hyang wus binagi-bagi |
ywa ngarah ahlining janma |
sacukuling tyas pribadi |
yayi wong ngenggar buddhi |
ngakèhkên lalahan catur |
atutur kabungahan |
cucudan paguywan angling |
anênangi kibir jubriya sumêngah ||

40.
Anggunggung karana dunya |
cêgahe wong ahli supi |
dudu madahabing khawas |
waskitha kasuding ngèlmi |
dalil akerat jati |
kang muslim makam ngaluhung |
karana ing ngagêsang |
parlu waspada ing pati |
patitising sêdya kang maring kasidan ||

Jilid 11 - Kaca : 248

41.
Wiwinih mring kawaspadan |
kalawan ingkuping budi |
tawakup pupusing driya |
tan lèmèr ing krama lair |
kang ngêgar-êgar budi |
kabuburanning têkabur |
tan kobêr anêlangsa |
maring Hyang Kang Maha Luwih |
saking dening kandhih bidêngahing manah ||

42.
Tan cukup sukuring nala |
mumulad tyas ingkang muslim |
wigar kajatiyanira |
tan bisa tumêkèng mufti |
sababing kadyèki |
tan cawuh madahabipun |
ahli dunya akerat |
wus bagi-bagi pribadi |
kang punika yayi rêke Malangkarsa ||

43.
Ywa korup ing pasurupan |
ing Dalil kalih prakawis |
ahli dunya lan akerat |
kinarsèng Widdhi pribadi |
tan kengang sêlan-sêlan |
ing panganggêp ngaku-aku |
kang kulêm ing kanêngan |
kêdah nungge anuhoni |
punapi kang dadya santosaning karsa ||

44.
Ke Malangkarsa nor-raga |
kagunturan sabda gati |
palimpinganing utama |
kataman tyasnya mawêrdi |
cumêplong lir tinangi |
tanggap tatrapirèng kalbu |
kabuka kabuling tyas |
naratas raosing galih |
tan sumêlang apadhang tan kumalêndhang ||

45.
Miwah kang samya miyarsa |
sadaya cathêt ing kapti |
langkung suka-rênanira |
pasang surupira wêning |
Jèngrêsmi Jayèngragi |
myarsa dêlinge pamuwus |
kagagas tyasnya kadya |
tan rêna pupuling janmi |
wus karênan jênêk anèng kasamunan ||

46.
Yèn sampurna tan kinarsan |
ing raka Sèh Amongragi |
kalangkung lêganing driya |
kajijèn srawungan janmi |
ciptanira ing galih |
tan arsa tumulya mantuk |
maring ing Wanamarta |
narèhkên karsanirèki |
rêke mufit kewala nèng Wanantaka ||

47.
Tan bastu ing laminira |
mangkana osiking galih |
yata malih angandika |
sang Kae Sèh Amongragi |
lah yayi Rancangkapti |
sira sasajiya gupuh |
bubucu kang samêkta |
Nikèn Rancangkapti aglis |
lèngsèr ngarsa Cênthini lawan Darêman ||

48.
Mundhut rampadan mring wisma |
tan adangu nulya prapti |
tinata nèng ngarsa aglar |
Mangunarsa ngancarani |
ngaturan awawanting |
nulya sadaya tuturuh |
nulya sarêng anadhah |
jalwèstri kêmbulan bukti |
Jayèngrêsmi kalihe kinèn kang rama ||

Jilid 11 - Kaca : 249

49.
Samya bukti sawatara |
sira Ki Sèh Amongragi |
lawan Nikèn Tambangraras |
mucang kewala tan bukti |
antara dangunèki |
kang samya anadhah kêmbul |
nutug nulya luwaran |
ambêng rampadan cinari |
sinungakên ing pawingking kulawangsa ||

50.
Miwah pamong ingkang ana |
watara jalu lan èstri |
Ni Rancang nuduh Darêman |
kalawan wadon Cênthini |
kinèn naoskên ngarsi |
dhadharan nyamikanipun |
agupuh kang liningan |
dhadharan ngajokkên ngarsi |
wus cinaran angalap sasênêngira ||

51.
Sèh Mongraga ris ngandika |
mring kang rama lan kang bibi |
paduka kantun jênêkan |
ulun amadal palinggih |
mring asramèng asêpi |
lamun paduka saèstu |
mantuk mring Wanamarta |
lan putra yayi kakalih |
mugi samya anglanggêngna ing pandonga ||

52.
Sakarsanta narèhêna |
kukulèn lawan pra siwi |
anèng dhukuh Wanantaka |
lulungsèn mimilih ari |
sangate kang prayogi |
kang panuju dintênipun |
manawi ulun datan |
kiksaning paduka singgih |
sampun kongsi paduka amangun brangta ||

676 Asmaradana

1.
Kae Bayi Panurtèki |
sinambramaning kang putra |
anor nauri sojare |
lah inggih sumanggèng karsa |
anggèr linggaring (ng)gyanta |
anging tur kawula wau |
lamun wulangun ibunta ||

2.
Ing têmbenipun dumugi |
yèn pun bapa ngarsa-arsa |
sabên antaraning têmbe |
mugyanggèr dhanganing karsa |
papangguhing pun bapa |
lan ibunta benjangipun |
nèng karajan Wanamarta ||

3.
Sèh Mongraga ngandika ris |
(ng)gih mugi kalampahan |
kajad paduka ing mangke |
panggya wulangun ing suta |
mring Nikèn Tambangraras |
ing benjing samangsanipun |
onêng anèng kaênêngan ||

4.
Nulya tur salam Mongragi |
ring rama Bayi Panurta |
gupuh anjawat tangane |
saha pupuji maring Hyang |
lukar kang patêkêman |
Tambangraras awotsantun |
ing sudarma kalihira ||

Jilid 11 - Kaca : 250

5.
Gantya sung salamirèki |
mring Kae Sèh Malangkarsa |
gupuh ngabêkti salame |
pupuji sukuring Suksma |
anulya sadayanya |
nêmbah atur salamipun |
rinahab ngulungkên asta ||

6.
Sawusira samyastuti |
nulya sang Sèh Amongraga |
dak lumaksana saking (ng)gon |
sarya dènnya uluk-salam |
sinauran ing kathah |
ngalaekum-musalamu |
samya anutakên lampah ||

7.
Mijil wiwaraning masjid |
nulya ris tan katingalan |
mulyèng ing kasamunane |
kang kurmat wangsul (ng)gyannira |
kang Kae Sèh Mangunarsa |
alon dènnira amuwus |
mring Kae Bayi Panurta ||

8.
Paduka kawula turi |
akundur anèng ing wisma |
lan putranta yayi karo |
sareyan nèng patilaman |
wau kang ingaturan |
tan lênggana nut sakayun |
Kè Bayi kundur mring wisma ||

9.
Lan garwa miwah pra siwi |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
Turida Rarasatine |
Anggungrimang lan rabinya |
sakulawangsanira |
samya mulih mring brang kidul |
de Kae Sèh Mangunarsa ||

10.
Lan Ki Sèh Malangkarsèki |
Amongsari Pariminta |
kang kantun nèng masjid gêdhe |
ing dalu datan winarna |
wusing bakda Subuh-nya |
samya maring masjid agung |
tata dènnira lungguhan ||

11.
Kae Bayi Panurtèki |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
Ngunarsa Malangkarsane |
miwah Ki Sèh Anggungrimang |
myang mitra kulawangsa |
pra garwa Cênthini bikut |
saos tadhah sasarapan ||

12.
Bubucu angêt sumaji |
miwah lalawuhanira |
ladha gule bobor loncom |
pindhang barongkos balendrang |
abon age sujènan |
dhèndhèng gêpuk (m)pal (m)puk duduh |
limpa ati lan sêrêgan ||

13.
Sarundèng karupuk pêtis |
basêngèk pitik lan wagal |
pêncok rêmpah gêcok gadhon |
myang janganan gugudhangan |
sambêl lalab-lalaban |
sangkêp sawarnining lawuh |
andhèr tinata ing ngarsa ||

14.
Mangunarsa ngancarani |
ing sadaya turuh asta |
ingkang ingancaran age |
gupuh samya wiwijikan |
(n)dan samya lêkas nadhah |
jalwèstri royom akêmbul |
pikantuk dènnira nadhah ||

Jilid 11 - Kaca : 251

15.
Ing sawataraning bukti |
rèh wus ahli tan anadhah |
kasêngkutan ing angête |
angindhaki catunira |
kalawan saban-saban |
antaranira wus runtug |
luwaran tuturuh asta ||

16.
Ambêng rampadan cinarik |
sinungkêm ing kulawarga |
myang santri jalu èstrine |
watara tuwuk sadaya |
tan têlas linorodan |
Cênthini Darêman gupuh |
naoskên dhadharan agya ||

17.
Juwadah jênang surabi |
wingka-pudhak kêtan-salak |
gêmblong lèmpèng ulèn-ulèn |
carabikang puthu mayang |
garêndul jênang caca |
sinang pisang raja suluh |
wi gêmbili lan katela ||

18.
Sangkêp dhadharan aenjing |
Mangunarsa anambrama |
nyarakkên nyanyamikane |
nulya ngalap sasênêngnya |
andimik nyanyamikan |
Kae sèh Malangkarsèku |
alon wijiling wacana ||

19.
Lah yayi Mangunarsèki |
manira apapamitan |
madal pasilan ngong rêke |
mantuk marang Ngardipala |
maruput mupung enjing |
mapan wus antuk sih sinung |
pituwa rèh kasampurnan ||

20.
Sasat idayat adêling |
(ng)gyan manira atirakat |
nèng dhukuh Wanantakane |
lamun sami karaharjan |
lami enggalaneya |
sayêkti manira wangsul |
kadi tan antara lama ||

21.
Mangunarsa anauri |
sumanggèng karsanta kakang |
sokur yèn juwêt marang ke |
puruita ing asrama |
acadhang sih wuwulang |
ri sang Adi Amongluhung |
kang langgat nèng kawingitan ||

22.
Wus rinojong dènnya amit |
nulya gupuh sasalaman |
mring Ki Bayi Panurtane |
pupuji sukuring Suksma |
warata gantya-gantya |
myang pra mitra tur salam wus |
linilan madal pasilan ||

23.
(n)Dan umangkat saking masjid |
sira Ki Sèh Malangkarsa |
Pariminta Mongsarine |
sarwi anguluki salam |
sarêng nauri nabda |
ngalaekum-musalamu |
kang mentar laju lampahnya ||

24.
Lêpas lampahing wong katri |
datan cinatur ing marga |
yata kang kari alunggoh |
nèng masjid Ki Mangunarsa |
Kae Bayi Panurta |
Jèngrêsmi Jayèngragèku |
lan Sèh Kae Anggungrimang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16b) Kaca 234 - 246
  • (18) Kaca 252 - 257 >