Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16b) Kaca 234 - 246

 

( Ing Sêndhang Kalampeyan Ki Bayi sami tirakat )

11

2. Ing Sêndhang Kalampeyan Ki Bayi sakalihan lan pandhèrèk sami tirakat sadintên sadalu kanthi padupan kumêlun. Sadaya sami dhikir lan ngêningakên panuwun. Kabuling panuwun katingal wêwèntèhan Sèh Amongraga sakalihan, Sèh Raras lan Sèh Rêsmi sasemahipun sami ngatingal. Sadaya lajêng ngabêkti rama-ibu tuwin salaman kalihan para kulawangsa. Ki Bayi ngasih-asih supados para putra lan mantu sadaya wangsul dhatêng Wanamarta. Sèh Amongraga botên sagêd minangkani karsanipun Ki Bayi, jêr sampun karsaning Allah pisah kawontênanipun. Namung putra kakung kêkalih dalah semahipun badhe sagêd wangsul ing Wanamarta. Sèh Amongraga asung pitêdah paugêraning agêsang kinarilana ing Hyang Widhi sarana sabar tawakal. Ni Cênthini ngirid rampadan dhadharan dhatêng Kalampeyan. Sadaya sami nêdha kajawi Sèh Amongraga sakalihan. Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga kadhawuhan nêdha dening Sèh Amongraga supados wangsul kasujanmanipun, tilar alam kaalusan.

Bakda Ngasar sami dhatêng Jurang Jangkung ningali paguwan panêpènipun Sèh Amongraga.

Sabibaripun salat Mahrib lan Ngisa, sami dhikir, lajêng dipun dongani dening Ki Bayi Panurta binarunging lêlagon dening Ki Piturun ingkang ing nguni wasta Nurwitri pandhèrèkipun Sèh Anggungrimang, ing nguni wasta Mas Cêbolang. Sakalihipun swantênipun arum, undha-usuk kalihan swantênipun Jayèngraga.


Kaca 234 – 246

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 234

673 Wirangrong

4.
Tumungkul Ki Jayèngrêsmi |
miwah Ki Jayèngraga nor |
anging wus ngartika ing pitutur |
-rira Sèh Mongragi |
kang pinajar ing kuna |
kadang ingkang ingulatan ||

5.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
marang Sèh Mangunarsa lon |
manira punika yèn parêng hyun |
andika lilani |
arsa madal pasilan |
mantuk marang Ngardipala ||

6.
Sèh Mangunarsa nauri |
prayogi mangkya kemawon |
bakdaning Jumungah sukur lamun |
kongsi benjing-enjing |
dumugi rèh papanggya |
dadya tan cuwa kuciwa ||

7.
Rèrèh tyas Malangkarsèki |
dènnya pamit dadya kadho |
Ki Sèh Mangunarsa lon amuwus |
yayi Rancangkapti |
sira asasaosa |
nyanyamikan kang prayoga ||

8.
Nikèn Rancangkapti aglis |
Monthèl Cênthini agupoh |
samya maring wisma anunuduh |
maring wong sawiji |
asigra kang liningan |
anampa dhulang rampadan ||

9.
Ni Rancangkapti nèng ngarsi |
praptèng ngarsa tinata lon |
wus samêktèng ngarsa rubiyah wus |
sinaos pribadi |
tan amor ing pra lanang |
dhadharan samya angalap ||

10.
Ingkang liningan nulya glis |
angalap ingkang pasugoh |
Kae Malangkarsa ris amuwus |
lah ki jêbèng singgih |
masalah babing keblat |
mungguh ing sajatinira ||

11.
Keblat mualat puniku |
kang pundi yêktinya mangko |
Ki Sèh Mangunarsa naur wuwus |
kawula miyarsi |
ingkang keblat mualat |
adhêping karsa kang nyata ||

12.
Nungge ing dalêm sawiji |
kidul lor wetan kulon |
tan ing ngandhap miwah tan ing luhur |
nèng tatêlênging sih |
nalika sapatêmwan |
kalawan sira Pangeran ||

13.
Tan tartamtu (ng)gyan kapanggih |
murbèng sih kang tan kapindho |
wimbuh kawimbuhaning ajumbuh |
pribadinirèki |
inggih keblat mualat |
punika pan pasungapan ||

14.
Gêntusing hawa toya sin |
apan tan kêna tinanggoh |
ing galih kang ganal sihing Hyang Agung |
muhung ing pribadi |
kang tan lawan tuduhan |
wahyu priyangga ing mangsa ||

Jilid 11 - Kaca : 235

15.
Purwaning ngilmu inangling |
sayêkti kêdah linakon |
marma ingkang wus man tan akudu |
angunèn-unèni |
lamun dadya lalakyan |
watir rèh parêk babaya ||

16.
Saking ganal kasusu ngling |
nirkên kusuk ring Hyang Manon |
Ki Sèh Malangkarsa sru gumuyu |
winor dènnira ngling |
ki jêbèng yèn karya jar |
asangkêp tan na kuciwa ||

17.
Lèjême wong ahli sufi |
akunci liring wicara |
lah ênggèh manira pan tumutur |
kêwala ing yayi |
rèh wus samya kasaman |
tanggap rimbaging surasa ||

18.
Sadaya mèsêm ing liring |
samya suka rêna anon |
Ki Sèh Mangunarsa lon umatur |
marang Kae Bayi |
(n)Jêng Kyai karajannya |
ing Wanamarta punika ||

19.
Wartanipun saking ngriki |
sakalangkung gêmah ing wong |
akathah dhukuhnya kang puniku |
pintên cacahnèki |
miwah ingkang lampahan |
inggih dhatêng Wanantaka ||

20.
Kae Bayi anauri |
yèn ing Wanamarta rêko |
pan yasaning êmbah duk ing dangu |
garumbul sasiki |
ing akal binakalan |
cicikal nèng Wanamarta ||

21.
Mantuke bau sasiki |
tumêrah mangke maring ngong |
angluluri êmbah wau-wau |
pinutihkên dening |
Dipati Wirasaba |
kinèn têngga patilasan ||

22.
Ing Têgal Pucangan singgih |
kabuyutan kang winongwong |
barkat pagênêngan bumi minggu |
tan kenging ing kardi |
tinut nak-putu kathah |
dhêdhêkah siti babangkan ||

23.
Sarta barkahing agami |
akathah minangkaning wong |
samya ngupajiwa anèng ngriku |
ing Wanamartèki |
sêdhêng-sêdhêng kewala |
gêmahe ing Wanamarta ||

24.
Têbihipun saking ngriki |
wolung dintên yèn linakon |
tan randhat tan rikat dawêgipun |
lêlampahan janmi |
Sèh Mangunarsa nabda |
lamun raharja ing benjang ||

25.
Kawula ayun udani |
marang Wanamarta dhukoh |
yyan sinung kawasa ing Hyang Agung |
kawula tutuwi |
nawuh lan kulawangsa |
miwah pra kadang paduka ||

Jilid 11 - Kaca : 236

26.
Ki Bayi suka ngling aris |
sukur kalamun sayêktos |
mugi kalampaha kajadipun |
mring Wanamartèki |
lintang aplalunira |
jêbèng karsa maulana ||

27.
Wau sira Ni Malarsih |
lan putrèstri tan kêna adoh |
Rancangkapti miwah putra mantu |
apantha pribadi |
nèng salore mimbar |
dènnya lungguh dhadhêkêtan ||

28.
Ni Malarsih lingira ris |
adhuh sutaningong karo |
tanpa nyana sira lamun pangguh |
lan lakinta sami |
nèng ngêndi sananira |
sun-ulati ngandra paran ||

29.
Kongsi anjalak pangaksi |
samarga tan wun tatakon |
tan pantuk tuduhan ing mangkya wus |
kapangguh nèng ngriki |
pitulunging Hyang Suksma |
kupu anèng Wanantaka ||

30.
Kang putra kalih turnya ris |
singgih barkah panduka (m)bok |
salampah kawula anèng ênu |
amanggih basuki |
tan wontên kang nukarta |
têbih saking pancabaya ||

31.
Pangrêncananing sasami |
amba rinêksa Hyang Manon |
sarta pandonganta sawabipun |
rahayu ing margi |
têmah sagêd papanggya |
lan putranta anèng arga ||

32.
Jênêk ngasramèng asêpi |
tan wontên karaos-raos |
Malarsih kang putra dèn-lus-êlus |
sarwi ngandika ris |
ya ta lah têmên sira |
kalintang sêtya mring priya ||

33.
Ngong tan duwe suta kalih |
mung sira nakingsun wadon |
ya kang muga sira tyasira yu |
angumala manik |
Rarasati Turida |
umatur barkah paduka ||

34.
Wus siyang wancining ari |
para santri lanang wadon |
samya bar Jumungah wong ing dhukuh |
-dhukuh kèh kang prapti |
pan samya myarsa warta |
yèn Kae Sèh Mangunarsa ||

35.
Tamuwan kadangirèki |
Tambangraras lanang wadon |
kakalih ngulama bagus-bagus |
miwah kang pawèstri |
langkung endah warnanya |
marma dènnya yun wêruha ||

36.
Wong desa ing kanan kering |
marlokkên bar Jumungah kang wong |
yata kang lungguhan pan andulu |
wong solat kèh prapti |
nulya samya agampar |
mring pahèrastuti khadas ||

Jilid 11 - Kaca : 237

37.
Nulya amapan mring masjid |
jajar ing ngarsa amanggon |
asunat tahyatal sunat wulu |
rong salam wus tartib |
jalwèstri samya prapta |
kang asalat bar Jumungah ||

38.
Rame swaraning wong ngaji |
gêdhe cilik tuwa anom |
umyung sri kapyarsa yata wau |
ingkang lagya prapti |
Kae Sèh Amongraga |
lan kang garwa Tambangraras ||

39.
Laju nunggil ing pawèstrin |
sira sang Sèh Adi-kaot |
nunggil Ki Panurta kang alungguh |
sami angingsêri |
mangkana wus antara |
surya nêngahi bêdhugan ||

40.
Dangu nulya dèn-salahi |
rêsêp tan na sabawèng wong |
nulya yat-ayatan gya adan sru |
bakda sunatnèki |
sigra Ki Malangkarsa |
kang angambuh mangasiral ||

674 Gambuh

1.
Ngalangkên êcisipun |
santak maca mangasiralipun |
swara lêmpêng cêtha kalimahanèki |
sêmbada sajakira sru |
lir undhang-undhang sakèh wong ||

2.
Têkèng lafal wasmangu |
wa-atingu rakimkumullahu |
wusnya mangasiral nulya Jayèngrêsmi |
anampani êcisipun |
minggah mimbaring karobong ||

3.
Uluk-salam ping têlu |
gya andonga Lingindil Islam sru |
ingaminan ing santri kathah ramya sri |
swaranya ambata rubuh |
wusnya gya kang anèng kobong ||

4.
Auluk-salamipun |
nulya Kae Jayèngrêsmi gupuh |
ngarsèng mimbar dènnira adan aririh |
sawusira adan wau |
kang kutbah wiwit amaos ||

5.
Kutbah mudat birillun |
sajak rênyah Ambiyolah femul |
ngêntul-êntul swaranira rum mamanis |
gêtas rênyah muluh tutus |
kang myarsa tyas lir binêthot ||

Jilid 11 - Kaca : 238

6.
Katêmbèn ing pangrungu |
tan ana duwe swara kadyèku |
sakèhing wong tuwa anom jalu èstri |
samya kaeraman ngrungu |
kir'at ngês wilêting ulon ||

7.
Tantara dangunipun |
dènnya kutbah têka ngakiripun |
santak pandonganira Tulak-bilai |
nulya kinamadan gupuh |
sarêng ngadêg sakèhing wong ||

8.
Kae Sèh Amongluhung |
ingaturan angimami ngayun |
nulya majêng sira Sèh Ki Amongragi |
ngimami wêktu linuhung |
andadèkkên salat mansoh ||

9.
Muhung giyat kang muhung |
jênênging usali traping kalbu |
takrul takyin pinurnèng sastrastha kèsthi |
pinusthi nyamlênging kalbu |
kang tan bakal ing pandulon ||

10.
Dinulu kang kadulu |
sarêng ing tingal tumibanipun |
maring takbiratul ikram linastari |
saking ing asma Allahu |
pêsatnya pangalihan (ng)gon ||

11.
Kadya tranggana ruru |
muksèng ngakasa sampurnaning kalbu |
myang lir pendah kang madu jinogan warih |
campuring kilang lan ranu |
tan kijab wrananing jumboh ||

12.
Tan na antaranipun |
saking makal wus Kalèk tan makluk |
tanshuding Alip mutakalimun wakin |
ing lam tabngil jaidahu |
sastra pat Asma Hyang Manon ||

13.
Cawuhing Alip tamsur |
khafkhabirah ehe hu akhadu |
rèraping ngul darajad jênênging takbir |
sastra pat kang bangsa makluk |
panjinge catur wiraos ||

14.
Ing ikram mikratipun |
munajatu tubadil kawêngku |
lirnya ikram cêngêng tan sawiji-wiji |
lir turu durung ngampêlu |
komplang lêsning tan kacambor ||

15.
Bangsa mikrat liripun |
mungguh jênênging salat puniku |
tan kaslusubing solah-tingkah salirning |
mung saungge Hyang Maha Gung |
unggahing luhur tan kayom ||

16.
Munajat ing liripun |
sapocapan lan Allah Kang Agung |
purbaning sih tan na sêlan liyaning ngling |
kasuciyaning pawuwus |
ingkang datan katêlangso ||

Jilid 11 - Kaca : 239

17.
Tubadil pan liripun |
wus kagêntèn wimbuhing Hyang Agung |
datan kêna ingaran pisah lan nunggil |
wus anèng pribadinipun |
datan sawiji tan roro ||

18.
Wusnya purnèng pandulu |
gya istihah saha wajahipun |
sarta lawan tumanihahira tartib |
maca Patekahira lus |
mat-kasare tan kaledhon ||

19.
Kalimah tan kasawur |
kinawruhan kang sakatah pitu |
wusing Patekah surate kang winuni |
apan surat Sujadahu |
anti dènnira angaos ||

20.
Surat Sujada dangu |
têkèng lapla yasjuda sujud |
amangsuli adêg rêkangate malih |
tamating surat arukuk |
sujud antara sujud ro ||

21.
Rêkangat akiripun |
sawusing Patekah suratipun |
surat Kasar angantuk pamaosnèki |
kang makmum myarsa kayungyun |
dening wawaos waspaos ||

22.
Tamat surat arukuk |
iktidal sarta tuminahipun |
pangadêge rêkangat dipun-Kunuti |
ingaminan sri abarung |
nulya sujud ro alunggoh ||

23.
Tahyat salam bakda wus |
pupujiyan lagon ngayud-ayud |
sri kapyarsa swaranya tan na sarênti |
gya dhikir samana barung |
rêmpêg swara tan na moncol ||

24.
Wusnya dhikir aplalu |
donga rahayuning limang wêktu |
Jayèngraga nangsib swaranya winijil |
lir kajiman swaranya rum |
kang myarsa tyase sumêdhot ||

25.
Kadi runtuh alêdhung |
gigal kapanggal ing swara kang nuntung |
ngalik-alik mêthit mêrit muluh rujit |
krêkêling ulon angêntul |
landhung lêga tumalawong ||

26.
Sakèhe kang angrungu |
pating daringak samya andulu |
marang ingkang nangsip Kae Jayèngragi |
parèstri cipta tyas wuyung |
lir lali-laliyèng bojo ||

Jilid 11 - Kaca : 240

27.
Nadyan samining kakung |
sama kasmaran mring swaranipun |
Jayèngraga angluwihi swaranèki |
angalêmbana sadarum |
tuwa anom lanang wadon ||

28.
Purna pandonganipun |
asalawat sasalaman gupuh |
kumarubut ngalap barkah agêng-alit |
aluhur mubêng lumaku |
arahab pasalaming wong ||

29.
Bakda Jumungahipun |
wusnya sunat gya kandhurinipun |
wolung ambêng agêng kinêpung pra santri |
wus pinaras (m)bêngipun |
pantha kupêng têpung lunggoh ||

30.
Anulya Ki Pangulu |
Li-muntaha andonga Majêmuk |
ingaminan gumêrah sakèhing santri |
wus nutug pandonganipun |
(n)dan lêkas nadhah karoyom ||

31.
Santri cilik arusuh |
nora na kantèn pamanganipun |
rêrèjèngan kapyukan sêrundèng ragi |
samya rêrêbutan lawuh |
tabokan dhodhog-dhinodhog ||

32.
Tambuh rowangnya caruk |
ting jalêrit acawuk-cinawuk |
santri tuwa murina anake nangis |
ingilonan seje udur |
salin babah padha dhaplok ||

33.
Gêdrah udrêg agêlut |
têndhang-tinêndhang jagur-jinagur |
dadya pipisahan sakathahing santri |
Ki Monthèl nudingi gêbug |
sru mojar hus-hus dudu wong ||

34.
Tanpa kèring si Cêblung |
ambakna wong nora anggah-ungguh |
duwe polah cêlangkrakan lir wong baring |
ana pra kiyai agung |
(n)dadak ora angon tinon ||

35.
Samya jrih mire mundur |
Kae Bayi Panurta andulu |
kagagas tyasira kèngêtan duk nguni |
duk gawene Sèh Mongluhung |
myat santri cilik arusoh ||

36.
Suka wêlas andulu |
maring santri wasana amuwus |
hèh gus santri Monthèl ywa sira srêngêni |
wus adate rare rusuh |
ngong biyèn ya lir mêngkono ||

37.
Mèsêm sadayanipun |
myarsa kang rama andikanipun |
wus luwaran kang samya nadhah kêndhuri |
pra santri bubaran mantuk |
wau kang samya alunggoh ||

Jilid 11 - Kaca : 241

38.
Ki Bayi Panurtèku |
lawan Kae Sèh Adi Mongluhung |
Sèh Mangunarsa lan Sèh Malangkarsèki |
lan Sèh Anggungrimang wau |
Jèngrêsmi Jèngraga anom ||

39.
Pariminta Mongsantun |
miwah kulawangsa Ki Piturun |
Darmadana Prakosa lan Palakarti |
Saloka Salodha nêngguh |
Martaduta lan pra wadon ||

40.
Ni Malarsih alungguh |
lawan Nikèn Tambangraras wau |
Rancangkapti Turida lan Rarasati |
Monthèl Cênthini abikut |
angrukti sasaji gupoh ||

41.
Rancangkapti agupuh |
tata dhadharan anèng ing ngayun |
kang wowohan olahan sangkêp mawarni |
wedang mamanisanipun |
nèng ngarsa sami sumaos ||

42.
Nulya ngancaran sampun |
sakèhing kang para tamunipun |
sami ngalap nyamikan sasênêngnèki |
Sèh Mongraga ngandika rum |
ing rama miwah maring (m)bok ||

43.
Ulun madal palungguh |
mring sasana ngasramèng asamun |
utami kang samya jênêkan alinggih |
sadaya anor jumurung |
ing karsa ingkang kinaot ||

44.
(n)Dan asung salamipun |
sadaya ngrahabi salam gupuh |
gantya-gantya mangalap ing barkahnèki |
gya linggar lan garwanipun |
lir kundur mring wisma tinon ||

45.
Wau ta kang alungguh |
ngaturan kundur mring wismanipun |
Mangunarsa sadaya samya umiring |
nèng pandhapa tata lungguh |
malbèng wisma kang pra wadon ||

46.
Muwah sasajènipun |
kang samya lungguh nèng pandhapa gung |
sira Kae Malangkarsa angling aris |
yayi Sèh Mangunarsèku |
rèyang lagya têmbe tumon ||

47.
Ênggèh pamulunipun |
sang Sèh Adi Mongraga linuhung |
saèstu yèn wus janma tama Otadi |
amêdhar wantahing wujud |
karya kaèsaksan kang elok ||

48.
Wus pae warnanipun |
miwah cahyanira sru sumunu |
Mangunarsa nauri sarya norragi |
mangsa borong ing pandulu |
mapan wus sami waspaos ||

Jilid 11 - Kaca : 242

49.
Wanci akiring Luhur |
manjing ing Ngasar sami awêktu |
salat Ngasar maring masjid jalu èstri |
myang pra santri samya wêktu |
karênan myat tamu karo ||

50.
Ing bakda Ngasar-ipun |
samya kakaring mring Jurang Jangkung |
myat paguwan Pasimparan kang panêpin |
papan palanggatan (n)dulu |
tinamaning puring andong ||

51.
Ki Bayi Panurtèku |
ingkang tinut pungkuring pra sunu |
Mangunarsa Gungrimang Malangkarsèki |
Mongsari Parimintèku |
Jèngrêsmi Jayèngraga nom ||

52.
Santri Monthèl tan kantun |
miwah Malarsih wau tumutur |
Rancangkapti Turida lan Rarasati |
Cênthini Darêmanipun |
anon caryaning kalangon ||

53.
Tirah tikunganipun |
palindhukanirèng Jurang Jangkung |
ingkang samya sinêkar sataman asri |
kang ron sinrang ing surya lum |
sêkar pradapaning sinom ||

675 Sinom

1.
Ascarya wuryaning taman |
pulo Palanggatanèki |
sira Ki Sèh Amongraga |
nèng ngriku dènnya aningit |
pulo mênggêr amukir |
samadyaning Jurang Jangkung |
sangkêp kang pasêkaran |
sari anjrah rusmèng siti |
pudhak sili ngadhodha sêkar angambar ||

2.
Lir wêntis kèsisan sinjang |
argulo tongkèng taluki |
noja dangan puspanyidra |
sidawayah widasari |
saruni mandhakaki |
andong patramanggalandul |
kayu puring kayu mas |
pacar wè myang wora-wari |
wonga-rumpuk wongatali ragaina ||

3.
Sisikatan anggrèk wulan |
mangunêng lawan kumuning |
pucang rum ambabar mayang |
gandanya amrik awangi |
kèh brêmara mumurih |
madune puspita linut |
ambrêngêngêng lir pendah |
priya priyêmbadèng rabi |
kèngêling kumuda sinrêp ing sadpada ||

Jilid 11 - Kaca : 243

4.
Kadya dyah pinriyêmbada |
kinuswa-kuswa ngèndhani |
kacupan cêcêp-cêcêpan |
wus kisêp manis nulya nis |
(n)jarah nguswa lan sari |
sarinya wuwur aruru |
sadpada sah nèng sana |
ngingisêp ring sêkar kincip |
kèngêl gaganging kêmbang kabyatan kombang ||

5.
Wau ta ingkang mamara |
Kae Bayi Panurtèku |
lawan kang putra sadaya |
ninitik ingkang panêpin |
anèng pamêlênganing |
pamidikaning ngaluhung |
samya karênan mulat |
gandanya rum tan ngêndhati |
kadya ukuping tilam kang rinatusan ||

6.
Rasa-rasa luminggara |
nèng ngriku sêngsêming ati |
pasênêtaning utama |
mamangun wuryaning ngaksi |
tamat pamulatnèki |
antara suryarsa surup |
linggar saking langgatan |
Kae Bayi Panurtèki |
ingkang samya anitik ing patilasan ||

7.
Sadaya wus kawêratan |
pangrasaman Jurang Miling |
samyarsa mulih mring dhêkah |
nut margèng jurang pipinggir |
palêstrènira asri |
jajanganan mangsèng ngundhuh |
têkan sêndhang Klampeyan |
kewala laju mring masjid |
rêbat wêktu mring pahèran samya kadas ||

8.
Myang santri jalu èstrinya |
samya salat maring masjid |
ramya dènnya pupujiyan |
angantu imamirèki |
wus kinamadan nuli |
Ki Bayi ngimami ngayun |
wus (n)jênêngakên salat |
pangabêktinira Mahrib |
wus antara bakda Mahrib laju Ngisa ||

9.
Purna wêktuning asalat |
paragat salirning bêkti |
salawat asasalaman |
luwaran sakèhing santri |
ingkang kari alinggih |
Kae Bayi Panurtèku |
lawan kang para putra |
kewala anèng ing masjid |
Malarsih lan putrèstri mantuk mring wisma ||

10.
Kang rukti saosanira |
lah-olahan ingkang adi |
sêkul lalawuhanira |
tuwin nyanyamikanèki |
Malarsih Rancangkapti |
Turida Rasatènipun |
Cênthini myang Darêman |
bikut samya nglaladèni |
angungukus dhadharan ulam-ulaman ||

11.
Sawusnya rumat sadaya |
Darêman lawan Cênthini |
angirit pawong rencangnya |
asaos maring ing masjid |
tinata anèng ngarsi |
wedang papangananipun |
wowohan lah-olahan |
paudutan lan patsirih |
Mangunarsa nyarakkên dhadharanira ||

Jilid 11 - Kaca : 244

12.
Anulya samya angalap |
sasênêngira binukti |
Malangkarsa ris wacana |
lah yayi Mangunarsèki |
manira apêpanggih |
lan Sèh Adi Amongluhung |
manira linèjêman |
ing ngèlmu ingkang hakiki |
raosing tyas rèyang kari sadungkapan ||

13.
Paran (ng)gyaningsun têtanya |
purnaning marang kadadin |
kasampurnaning agêsang |
têkèng jamaning ngasuci |
yèn pinarêngna ugi |
kita sagêda papangguh |
kadi sampurnèng driya |
saking Sèh sang Amongragi |
sarta rasaning tyas wulangun yun panggya ||

14.
Sèh Mangunarsa lon nabda |
inggih kewala kang mugi |
wontêna sih pinanggihan |
ing sang Adi Amongwingit |
rèh andika yun malih |
maksih karêntêngan kalbu |
utami dèra arsa |
arsa ing saratri mangkin |
lah suwawi sami rahab raratiban ||

15.
Sadaya parêng ing driya |
sami tilawat rawatib |
sira Ki Bayi Panurta |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
Sèh Mangunarsa tuwin |
Gungrimang Malangkarsèku |
Mongsari Pariminta |
Piturun lan Palakarti |
Ki Salodha Saloka lan Drêmadana ||

16.
Prakosa lan Martaduta |
Ki santri Monthèl anyambi |
dupa pakutuganira |
aramya swaranya asri |
trap wiwit ing adikir |
ngasud kawiridanipun |
pangikaling salsiyah |
satariyah nakisbandi |
barjah jalallah kang tinajul tarkinya ||

17.
Ubêg guyêring kapala |
tibaning isbat tanapi |
myang manjing wêktuning napas |
ngênirkên cipta salirning |
muhung panggunggungnèki |
maring Hyang Kang Maha Luhur |
nora nana Pangeran |
anging Allah kang nganani |
ingkang Êsa (n)dadèkkên alam sadaya ||

18.
Wus antara (n)tuk salêksa |
bakda suhuling ngadikir |
Ki Bayi amaca donga |
Anggungrimang anangsibi |
barungan wong kakalih |
kalawan Kae Piturun |
dhasaring duk ing kuna |
dhalang singir anggronggèngi |
parèstri kèh kedanan rupa swaranya ||

Jilid 11 - Kaca : 245

19.
Sira Kae Anggungrimang |
duk anom jajakanèki |
anama Ki Mas Cabolang |
Ki Piturun ran Nurwitri |
katêlah dêlah mangkin |
swaranira misih punjul |
sabên lamun singiran |
parèstri maksih ting griming |
anjajawat mring Piturun Anggungrimang ||

20.
Angêlik swaranya santak |
lir suling dèn-panêrusi |
bêning gumrining araras |
gêtêr mêrit muluh rujit |
grêgêl ukêle sami |
tan sarênti êmbatipun |
mèsêm Ki Jayèngraga |
Malangkarsa suka mèksi |
Pariminta Amongsari ngalêmbana ||

21.
Wong nèng wisma kering kanan |
jalwèstri samya ngaruhi |
lo Kae Ki Anggungrimang |
lan Piturun barung nangsib |
lir sisindhènning ringgit |
pan katênta swaranipun |
auntas gêtas rênyah |
mandah duk sih bêgèr nguni |
têlung mono bayake ulah suwara ||

22.
Pan antuk kalih rambahan |
Anggungrimang dènnya nangsib |
nulya Kae Jayèngraga |
ing apti sumambung nangsib |
swara rum mèt ngêsnèki |
tan karirihên tan asru |
lêmpêng êmpuk angêmbat |
angêlik ngungkung abêning |
ngêntul-êntul grêgêle swara wilêtan ||

23.
Mègo raras Ambiyolah |
pèmulmanwèd Angarabi |
lêga alêp angumandhang |
lir gêndhing pinalu lirih |
ngêse ambêlèr ati |
gêtas untas manis arum |
luwês runtung gumuntang |
angrèndèng cangkiding rinding |
ngangkang kadya rêbat pakolih santênnya ||

24.
Sor swaraning kang barungan |
Anggungrimang tan nambungi |
mèsêm Kae Malangkarsa |
sasmitèng mitranya kalih |
Pariminta Mongsari |
nor tanggap saliring sêmu |
pra mitra kulawangsa |
kagawokan swara tandhing |
adu luwih swara tambuh kang kasorra ||

25.
Ciptaning nala sadaya |
Gungrimang kasor sathithik |
ing swarane Jayèngraga |
sadaya katêmbèn myarsi |
swara lir Jayèngragi |
swara rum anganyut kalbu |
Kae Bayi Panurta |
tamat dènnya (n)donga ratib |
nulya samya salawat asasalaman ||

26.
Waradin sakulawangsa |
Malangkarsa gumuywa ngling |
de kêpenak piniyarsa |
kiadhi kang padha nangsib |
rasaning swara lungit |
kang sawiji nyenggol kalbu |
swaraning kang barungan |
rasane ambêlèr ati |
singa unggul ewuh pinilih sajuga ||

Jilid 11 - Kaca : 246

27.
Gumuyu ingkang miyarsa |
sêmbada lan kang inangling |
tan na bisa amilaha |
ing swara salah sawiji |
jroning tyas yêkti milih |
ngalêm mring Jayèngragèku |
Mangunarsa ris nabda |
nyarakkên nyamikanèki |
nulya samya anggape kang dhadhaharan ||

28.
Wau ing dalu punika |
wanci wus kaluruk siji |
yata Ki Sèh Amongraga |
saking sasanèng awingit |
praptarsa amanggihi |
mring tamu kang dèrèng mantuk |
mêdhar kang amalela |
lawan kang garwa sarimbit |
uluk-salam kagyat kang samya tumingal ||

29.
Gupuh mingsêr kang lungguhan |
kurmat ring sang wau prapti |
wus kinèn tata alênggah |
sung salam ing sadayèki |
anjawab tangan gipih |
gantya-gantya warata wus |
samya nor jrih umulat |
mring Kae Sèh Amongragi |
marikêna tumungkul konjêm bantala ||

30.
Sèh Mangunarsa ris nabda |
lah Monthèl turana aglis |
ibu lawan ariningwang |
yèn kang putra wau prapti |
Ki Santri Monthèl aglis |
mring wisma nimbali gupuh |
Ni Malarsih agêpah |
miwah Nikèn Rancangkapti |
lan Turida Rarasati tansèng wuntat ||

31.
Tan dangu prapta ing ngarsa |
Sèh Mongraga angingsêti |
Cênthini lawan Darêman |
anata dhadharanèki |
santri Monthèl angrukti |
dupa pakutuganipun |
ratus dupa angambar |
nanduki sajroning masjid |
sang Sèh Adi Mongraga aris ngandika ||

32.
Yayi Kae Malangkarsa |
para sesuk ayun mulih |
umatur ingkang liningan |
pangèstunipun sang yogi |
sèstunipun kula mit |
barkah tuwan kang kasuwun |
Kae Sèh Amongraga |
angandika arum manis |
ênggèh sukur kewala Alkamdulillah ||

33.
Rêke yayi ing ngagêsang |
purnaning tyas ing kadadin |
sakêjêp liyêping tingal |
kalayapan ing pangèksi |
-èksi paesan jati |
dèn kaliling têkèng kalbu |
budi wahya jatmika |
makaming sarira latip |
Suksma jati pan minangka sasaning Hyang ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16a) Kaca 221 - 233
  • (17) Kaca 247 - 251 >