Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 38

Kontak Admin.

email-kidemang

 (19) Kaca 258 - 260

 

( Ki Bayi sakalihan sapandhèrèk kundur dhatêng Wanamarta )

11

VII. Ki Bayi sakalihan sapandhèrèk kundur dhatêng Wanamarta. Dhusun Wanamarta katingal sêpi lan nawung sungkawa salêbêtipun katilar Ki Bayi sakalihan. Miturut ahli petang Ki Sêmbagi kunduripun Ki Bayi sakalihan dèrèng sagêd katêmtokakên, nanging Ki Luwaran, putranipun Ki Sêmbagi, ngaturakên bilih Ki Bayi enggal badhe rawuh. Lampahipun Ki Bayi ing wanci Ngasar dumugi ing dhusun Pagutan, lêrêm ing griyanipun Ki Nuripin. Kêrsanipun badhe lumêbêt Wanamarta kanthi sêsidhêman. Dumugi ing dalêm, kapêrgok Ki Kulawirya ingkang badhe nyumêd damar ing mêsjid Mangu. Sadaya kulawarga sami bingah dumugi tiyang sadhusun, malah ugi têtiyang tanggi dhusun sami sowan atur kasugêngan.

1. Ki Bayi Panurta sakalihan pamit dhatêng Sèh Mangunarsa badhe kundur dhatêng Wanamarta. Ni Cênthini lan semahipun Ki Monthèl kadhawuhan ndhèrèk supados Cênthini sagêd mêndhêt barang-barangipun ingkang wontên ing Wanamarta. Ki Bayi sakalihan sakalangkung lêjaring panggalih dene sampun kapanggih wêwentehan kalihan para putra lan mantunipun, nanging kuciwa dene putra jalêr kêkalihipun dèrèng purun wangsul dhatêng Wanamarta.


Kaca 258 – 260

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 258

677 Girisa

2.
Mangunarsa Anggungrimang |
Rancangkapti anut-wuntat |
marang raka kalihira |
dènnira anguntap lampah |
tumêkèng (n)jawining dhadhah |
Ki Bayi Panurta mulat |
mring kang putra katrinira |
rinangkul Ki Mangunarsa ||

3.
Sarwi angling angrêrêpa |
dhuh ki jêbèng sutaningwang |
lah sampun ngriki kewala |
sêdhêng panguntaping lampah |
kang putra nor aturira |
pupujya raharjèng lampah |
wus samya tarimèng driya |
saksana nulya lumampah ||

4.
Kang umiring sadayanya |
Monthèl lan Cênthini miwah |
pra kulawangsa lilima |
Saloka lawan Salodha |
Prakosa lan Darmadana |
miwah ta Ki Martaduta |
kapitu wadon kathahnya |
sêsanga sadayanira ||

5.
Kang mawan sêdya mantuka |
mring karajan Wanamarta |
adulur nut pagalêngan |
ramening wong amakarya |
tan ana lêbaring mangsa |
kang maluku ngaba-aba |
hir bo o o kiya-kiya |
kang macul namping galêngan ||

6.
Kang nêbar ngurit gumundha |
lumêncut ngêmping mêrkatak |
wênèh ramening panènan |
gumrah rare gusah-gusah |
nèng gubug agêgêtakan |
saking lor kidul sauran |
anggonjèng sasawi sawah |
lintang srining patêgalan ||

7.
Amyang ambiyêt wohira |
pêksi pingulan anjêprah |
mamangsa pêncaring toya |
pêksi manyar bêranjangan |
angringing kêjêr nèng tawang |
gêlathik êmprit tatêban |
dêruk putêr gagantêran |
pêrkutut manggung timbangan ||

8.
Tanduknya hur kung ngrum raras |
abocor nora sandhungan |
sanggyaning paksya lit munya |
lir gamêlan kinênongan |
kang nêropong manggung ing pang |
panging wrêksa ngungkang jurang |
tumalawong angumandhang |
karya ancaryaning awan ||

Jilid 11 - Kaca : 259

9.
Sira Ki Bayi Panurta |
lan garwa raosing driya |
kagagas nèng krajanira |
mulat papan sri kawuryan |
sênêning karajan harja |
tan pae lan Wanamarta |
nglinging tyas èngêt ing putra |
ya layak yèn sutaningwang ||

10.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
anjênêk nèng Wanantaka |
papanne banar asimpar |
loh jinawi wukirannya |
nganorkên ing Wanamarta |
mangkana osiking driya |
rasa-rasarsa muliha |
saking kèh srining kawuryan ||

11.
Kasênêdaning oliya |
mukmin kas Sèh Amongraga |
amanon sênênging desa |
pêrkutut gêng ro amunya |
tan lyan (ng)gyan lir ingingonan |
nèng rahu lan nèng rêjasa |
taman pulo Palanggatan |
Ki Santri Monthèl umojar ||

12.
Ya ta lah pêrkutut ika |
lir kêmpul lan kênong munya |
ngong suluh-suluh tan kêna |
jare ana kang angarah |
sinuluh sring dadi ula |
jinontrot wong pira-pira |
pulut ilang plikêtira |
jotone sinambêr pêjah ||

13.
Kawêlèh sakèh misaya |
Ki Salodha nambung nabda |
yèn manuk kalih punika |
wus dadi dhanyanging desa |
angkêre kagila-gila |
wong têbih-têbih angarah |
sring tan eling nèng (ng)gwannira |
wus lumrah ujaring kathah ||

14.
Pêrkutut ing Wanantaka |
nora kêna ginagampang |
Ke Bayi Panurta nabda |
ya iku manuk utama |
dadi duwèkke wong kathah |
ajênêk tan ingingonan |
mendah Kae Jayasmara |
lan arine Jayèngraga ||

15.
Ngon-ingon kang kinarêman |
mung pêrkutut kang siniyan |
lawase reyang miyarsa |
pêrkutut nora kadyèka |
iku paran manuk anyar |
apa dhasar pêksi lama |
Ki Santri Monthèl turira |
sawêg sawarsa punika ||

16.
Marma kathah kang angangkah |
tita antara tan kêna |
kinèndêlakên kewala |
dene pêksi sampun manggyan |
anèng rahu kang sajuga |
satunggil anèng rêjasa |
ing Jurang Jangkung Langgatan |
wau Ki Bayi Panurta ||

Jilid 11 - Kaca : 260

17.
Wus anglintangi sabinan |
dènnya angrarandhat lampah |
napak wana têrataban |
(n)dungkap têpi pakêtêban |
wana gung pagrêngan tuwa |
Ki Bayi alon ngandika |
lah anak bagus kalima |
Saloka lan Ki Salodha ||

18.
Martaduta Darmadana |
kalima Bagus Prakosa |
kang samya anguntap lampah |
wangsulèng ngriki kewala |
wus sami reyang tarima |
kang laju laris nut reyang |
Monthèl Cênthini kewala |
milu marang Wanamarta ||

19.
Lah anak Ki Drêmadana |
yèn prapta rika matura |
mring nak jêbèng Mangunarsa |
miwah ing Ki Anggungrimang |
yèn Monthèl Cênthini mangkya |
kilayu mring Wanamarta |
ngambil duwèke nèng kana |
ginawa mring Wanantaka ||

20.
Sêdya jênêk nut lakinya |
kêrasan nèng Wanantaka |
dene kang atuduh marga |
Monthèl kewala wus grêma |
samya nor ingkang liningan |
saha tumutur sadaya |
yun tumêkèng Wanamarta |
Ki Bayi malih ngandika ||

21.
Ywa padha sumêdya prapta |
mring karajan Wanamarta |
rêke ing benjing kewala |
rika sampi mrêtamuwa |
ing mangke wus reyang sêdya |
lumaku dhapur tirakat |
dadya tan ngêlongi niyat |
wus padha para wangsula ||

22.
Wau kang samya liningan |
tan ana lêngganèng karsa |
sarêng dènnya papamitan |
linilan sadayanira |
angabêkti sasalaman |
pupuji raharjèng marga |
wusnya dan sarêng lumampah |
kang nulak lan kang umangkat ||

23.
Pra kulawangsa wong lima |
mulih maring Wanantaka |
yata Ki Bayi Panurta |
lumampah pan wong rong somah |
laju lêpas lampahira |
Ki Monthèl kang gêrma marga |
datan mangsuli dadalan |
kang kambah duk angkatira ||

24.
Napak wana grêng gêrotan |
anusup angayam-alas |
tumurun nèng jurang parang |
sumêngka ring palunguran |
tan ana tatasing wana |
dhukuh têbih onjotannya |
yèn dalu kampir ing desa |
yèn raina anrang lampah ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (18) Kaca 252 - 257
  • (20a) Kaca 261 - 275 >