Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20a) Kaca 261 - 275

 

( Ing Wanamarta, sadaya sami prihatos lan nyênyuwun )

11

2. Ing Wanamarta, sadaya sami prihatos lan nyênyuwun sagêda Ki Bayi sakalihan kapanggih para putra lan enggala kundur. Miturut Ki Sêmbagi ahli petang, kunduripun Ki Bayi taksih dangu, botên sagêd kaajêng-ajêng. Wontên pamanggih, punapa prayogi dipun-susul? Ki Luwaran, putranipun Ki Sêmbagi gadhah pamanggih bilih Ki Bayi sampun ndungkap rawuhipun. Pamanggih wau maibên petangipun Ki Sêmbagi, mila dados rame, nanging Ki Luwaran têtêp nêmtokakên sêdintên kalih dintên punika Ki Bayi mêsthi rawuh, jalaran saèstunipun Ki Luwaran sampun mirêng bilih Ki Bayi sampun wontên ing dhusun Saruni. Ki Bayi sapandhèrèkipun mila sampun nyêlaki Wanamarta, nanging lêrêm ing dhusun Pagutan, ing griyanipun Ki Nuripin. Badhe lumêbêt ing Wanamarta kanthi sêsidhêman. Wêkdal rêpêt-rêpêt Ki Bayi sakalihan kundur, kapêrgok Kulawirya ingkang badhe nyumêd damar ing mêsjid Mangu. Salajêngipun kulawarga jalêr èstri, tangga têpalih, sanak kadang dhusun-ngadhusun sami dhatêng gilir gumantos tuwi kasugênganipun Ki Bayi Panurta tuwin Ni Malarsih. Sasampunipun sawatawis dintên, Ni Cênthini lan Ki Monthèl pamit wangsul dhatêng Wanataka, kaêtêrakên Ki Nuripin lan Ki Jayuda. Bêktanipun kathah jalaran para sadhèrèk lan mitranipun sami nyumbang barang mawarni-warni.


Kaca 261 – 275

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 261

677 Girisa

25.
Raryan kalamun asalat |
randhat lampah anèng marga |
sabab arowang rubiyah |
dadya lumampah satitah |
wus têbih dènnya nrah paran |
wus tatas kang wana-wasa |
antuk nêm dina nèng marga |
wus tan ngambah wana pringga ||

26.
Malapan desa kewala |
kadhang karsa amampira |
kalanira yun anadhah |
mangkana dènnya lumampah |
kantun lampahan sasiyang |
kalawan sapanginêpan |
karsanira Ki Panurta |
sinêrang pindha sarkara ||

678 Dhandhanggula

1.
Tan cinatur lampahirèng margi |
Bayi Panurta lan garwanira |
kapat lan Cênthini Monthèl |
gantya ingkang winuwus |
ing karajan Wanamartèki |
lamanira tinilar |
marang Kae guru |
lan saputra èstri priya |
pasêmone desa gung samun asêpi |
ilang kênyêping desa ||

2.
Pala-pala tan nana ngêmohi |
roning kitri sêmu bang angarang |
tan na pradapa rumêmbe |
pan wus sasasi langkung |
pitung ari lan pitung ratri |
pra kadang kulawangsa |
kabèh wong sadhusun |
tan pakantuk nambut karya |
pijêr susah amikir kang sami ngikis |
dene tan ana prapta ||

3.
Tansah sidhêkah ing siyang ratri |
kajad sami cipta glis muliha |
kang padha andon paranne |
sadaya ngayun-ayun |
warna-warna kèhning kêndhuri |
tumpêng janganan jênang |
abang miwah sungsum |
kang panganan warnan pasar |
miwah banyu kêmbang tuwin opak-angin |
supaya glis praptanya ||

4.
Wong sadesa tan nana ngêpoti |
tuwin yèn nuju dina Jumungah |
mawarna kèh kêndhurine |
miwah ingkang atunggu |
ing wismanya Kiyai Bayi |
pinatah gigiliran |
siyang lawan dalu |
wong sapuluh tan na kurang |
myang kang anèng wismane Ki Jayèngrêsmi |
wismane Jayèngraga ||

5.
Siyang dalu wontên kang nunggoni |
miwah wismane Ni Tambangraras |
tan pae siyang dalune |
wau kalanirèku |
para kadang ing sabên ari |
samya apakumpulan |
anèng pandhapa gung |
pandhapane Ki Panurta |
Ki Suwarja Wiradhustha lan Panuksmi |
Panamar Kulawirya ||

Jilid 11 - Kaca : 262

6.
Miwah Ki Pêngulu Basarodin |
Ki Sêmbagi Jumpêna Jêmpina |
Lawatan lan Malangbonge |
Luwaran Jagasatru |
nalikanya sami alinggih |
myang pra santri kang tuwa |
anèng pandhapa gung |
Ki Suwarja lon lingira |
lah wus pirang dina lawase ing mangkin |
Kyai dènnya tirakat ||

7.
Wiradhustha anambungi aris |
inggih sampun sawulan laminya |
wikan langkung lan kirange |
ana mastani langkung |
wontên kirang dènnya mastani |
Ki Kulawirya nabda |
lah uwa ing ngriku |
pun uwa ingkang kèngêtan |
Ki Sêmbagi nauri wacana aris |
sarwi anocoh kinang ||

8.
Èngêt-kula duk kesah (n)Jêng Kyai |
kala ing dintên Tumpak Paing-nya |
nuju Kulawu wukune |
Endra paningronipun |
Kerangan pan ingetang mangkin |
êmèh salapan dina |
kirang kalih dalu |
pêndhak Tumpak Paing-ira |
lagya dintên Kêmis Kaliwon puniki |
sawulan lwih tri dina ||

9.
Puniki ta apan wuku Wukir |
Ki Suwarja anambungi sabda |
dospundi uwa ing mangke |
mênggah ing lampahipun |
inggih putra-(n)dika (n)Jêng Kyai |
paran laju amendra |
nglangut anrang purug |
pambatangipun pun uwa |
putra-(n)dika Ki Bayi Panurta mulih |
mangke tan nana prapta ||

10.
Ki Sêmbagi anauri aris |
inggih makatên petanganira |
enggal lamine pan mulèh |
tan tumut angêlangut |
malah witne dintên puniki |
Wukir Kêmis Kliwon-nya |
Guru Tungle Tulus |
sangsaya utamanira |
wong rarasan kang ala datan sayêkti |
kang rasan bêcik nyata ||

11.
Kulawirya nambung mèsêm angling |
kados lêrês pun uwa sojarnya |
kados tan (n)darung karsane |
Ki Wiradhustha muwus |
kadipundi pênêdirèki |
rêmbuge sanak kathah |
punapa sinusul |
yèn agung kinèndêlêna |
kados ina têmên kinadangkên sami |
sadulur padha lanang ||

Jilid 11 - Kaca : 263

12.
Sanadyan wus tan linilan nguni |
dadi gawe kadang kulawangsa |
kinèn ananambut gawe |
datan karsa sinusul |
saking maklumira (n)Jêng Kyai |
marang sadayanira |
rêkasaning laku |
yèn kongsiya dadi lampah |
anging mungguhing budi kita pribadi |
kapriye yèn tega-a ||

13.
Sêtun têmên katon tanpa kardi |
kadi sukur pisah lawan kadang |
de tan ana iktiyare |
sakèh kang myarsa wuwus |
tatrap tyasnya kadi tinari |
sapêkêt aturira |
andadèkkên rêmbug |
samya sêdya sumusula |
para kadang miwah pra kulawangsèki |
tan nana lênggana-a ||

14.
Akêkangsèn ing angkatirèki |
sira Ki Wuragil Kulawirya |
alon matur ing rakane |
mênggah rêmbug puniku |
botên amamaoni angling |
sawêg kula piyambak |
kang kêpanggih kalbu |
tan rêmbug yèn sinusula |
nadyan kapanggiha rakanta (n)Jêng Kyai |
kadya tan tinarima ||

15.
Pan wus dadya karsanipun nguni |
datan arsa yèn kaupaya-a |
lagya samantên karsane |
lan kaping kalihipun |
ngrêbat sunat atilar wajib |
lamun saèstu samya |
sumusul ing purug |
anêbar pra kulawangsa |
datan wande sêpên ing Wanamartèki |
sintên ingkang rumêksa ||

16.
Ing kagunganira (n)Jêng Kiyai |
mutawatir darbèk tan rinêksa |
mangsa wandeya ing mangke |
dèn thi-ithi ing pandung |
sa(ng)gèn (ng)gène pating jalêgir |
siyang-siyang tumandang |
tan ngêntosi dalu |
yèn kalampahan tiwas |
sintên ingkang tinutuh tiwasing budi |
lyaning pra kadang-kadang ||

17.
Lamun tan rumaos mutawatir |
inggih sumangga karsanta kakang |
rèhning kula tiyang ênèm |
kumaki kêdah matur |
Ki Suwarja nambungi aris |
abênêr Wiradhustha |
rêmbuge adhimu |
si Wuragil Kulawirya |
wurungêna rêmbugirarsa ngulati |
rêke bêcik rumêksa ||

18.
Amituhu wêkas kang nèng tulis |
prayoga gugon-tuhoning ujar |
tan ana sambekalane |
rèh anikêl ing tuduh |
kadipundi uwa Sêmbagi |
kang liningan ris nabda |
sami lêrêsipun |
mung kaot mawi faedah |
rêmbagipun rayinta anak Wuragil |
amituhu rumêksa ||

Jilid 11 - Kaca : 264

19.
Kathah kewala pakantuknèki |
wus mupakat rêmbag tan ngupaya |
Ki Kulawirya ngling manèh |
dingarèn kang Pêngulu |
mênêng bae datan ngudhoni |
lah iku lagi apa |
kaya wong gêgêtun |
kang Pêngulu Basar mojar |
wong pun pênêt kang dèn-udhoni punapi |
kula montên wong bawang ||

20.
Kulawirya mèsêm anauri |
wong nglêmbêrêg ngono jare bawang |
tuduh wong ingan ing gawe |
panyanaku kang Ngulu |
(n)jaluk gawe kudu ngulati |
asaguh tanpa rowang |
Ki Basar ambêkus |
dene gêcok nantang lalab |
kêbo kuru lumaku dipun pasangi |
kêrêp kêmrosa-rosa ||

21.
Kulawirya gumuyu nudingi |
i i kang Basar dede sêmoa |
kongsi (m)buh-êmbuh wangune |
sadaya gêr gumuyu |
tumingal mring Ki Basarodin |
wanci têngange surya |
ramut kang angukus |
Ni nDaya praptèng pandhapa |
mila angling rina bêngi Basarodin |
tansah dadi paguywan ||

22.
Pêngulu ngling ngong nganti asêdhih |
sabên katêmu tan na bosênnya |
wong sok dèn-poyoki bae |
Ki Kulawirya muwus |
lah-lèh botên moyok bibi |
wong sok sêlang-surupan |
anggung blubak-blubuk |
dudu têmbunge tinêmbang |
Nyai Daya gumuyu sarwi anuding |
mring Ni Sumbaling sigra ||

23.
Kinèn naoskên bubucu aglis |
Ni Sumbaling gya nampa rampadan |
sarta lan nyanyamikane |
tinata anèng ngayun |
nulya asasaos kêndhuri |
tumpêng janganan jênang |
miwah sêkul wuduk |
Ki Luci naoskên ngarsa |
Ki Suwarja ngling lah iya kono Luci |
sira tatanên pisan ||

24.
Sapa kang kajad asung kêndhuri |
apa ujube Luci turira |
kang punika kêndhurine |
sanak pamagêrsantun |
kajad nglujêngakên (n)Jêng Kyai |
anulya dinonganan |
marang Ki Pêngulu |
pan sami lêkas anadhah |
apikantuk wau kang sami abukti |
lagya satêngah mangan ||

25.
Nuripin prapta ngirit kêndhuri |
Ki Pangulu santak dènnya mojar |
e lah dene ana manèh |
Kulawirya gumuyu |
andêlêna Ki Basarodin |
yèn ana ambêng prapta |
sidik ing pandulu |
wus luput ing kakilapan |
lah andawêg kang Pêngulu nèh (n)dongani |
sampun tanggunga sisan ||

Jilid 11 - Kaca : 265

26.
Ki Pangulu Basar anauri |
(ng)gih mangke kewala dinonganan |
sawêg satêngah kêndhurèn |
kêtanggêlan amuluk |
(n)dadak lèrèn andonga amin |
gawe kadhone mangan |
Ki Wirya amuwus |
(n)dika dongani kewala |
sampun kudu susah nganggo amin-amin |
dimèn maksih amangan ||

27.
(n)Dika dhewe ngriku andongani |
Ki Basar andhêkêm kokoh jangan |
dènêmbat-êmbat puluke |
Kulawirya gumuyu |
lah ta apa Ki Basarodin |
malah kokoh anekad |
mundhak cêngkang puluk |
dènetung têmên tunanya |
Ki Basar ngling (m)bok-bèn (n)dongani pribadi |
wong padha bisa (n)donga ||

28.
Samya gumuyu kang aningali |
wus antara nutug dènnya nadhah |
aluwaran sadayane |
kêndhurinira dinum |
myang kang anyar sami binagi |
dinongan kajadira |
rahayuning purug |
warata sadayanira |
Ni Sumbaling ngajokkên dhadharanèki |
wedang pakinangannya ||

29.
Kae Kulawirya angling aris |
saking panduginipun pun uwa |
mênggah (n)Jêng Kyai lampahe |
paran enggala mantuk |
tuwin taksih tangèh tan mulih |
wawi coba nèh (m)batang |
enggal laminipun |
Ki Sêmbagi lon amojar |
sarwi udud kalobot gêng dènnya nglinting |
têmbako uwur mênyan ||

30.
Satêropong bêndhol pucuknèki |
wus sêptane udud klobot mênyan |
dèn-êmpakakên anjêbèr |
anglandêng kukusipun |
anggalayêm nauri aris |
yèn ujaring kang dina |
Kêmis Kliwonipun |
apênêt sawukonira |
Wukir Dewa Guru Tungle Tulus nênggih |
salamêt tur karêgan ||

31.
Anging pancasudanya tan bêcik |
Kaliwon wolu Kêmis lilima |
tiba Bumi-kapêtake |
pinèt ing Kêmis wolu |
Kliwon wolu apan pinanggih |
nêmbêlas yèn ingetang |
sêkawan puniku |
Ki Pêngantèn lunga sanja |
-sinanjanan nora nana dhawahnèki |
pan wadhah nora nana ||

Jilid 11 - Kaca : 266

32.
Lamun dipun-petang dina sasi |
taun windu pan windu tibanya |
kados sih lami praptane |
enggalipun sataun |
puniku yèn arsa umulih |
yèn tan karsa mantuka |
windon tamtunipun |
pan dèrèng kenging kinira |
nulya sutanira dhewe Ki Sêmbagi |
Luwaran wastanira ||

33.
Nyêmpaluki mring bapanirèki |
dèrèng têlas pamikir sampeyan |
petangan lyan ing ramale |
lamun sampeyan etung |
etung papat arêrês ugi |
pinèt tanggal punika |
tanggal ping nêmlikur |
winastanan dina Mayang |
langkung pênêt slamêt wong lungan glis prapti |
yèn dagang kauntungan ||

34.
Lan palintanganipun Muhtari |
kêdah rikat ing lampah glis prapta |
yèn dene ta tanggal rêke |
Sri Kitri Gana Liyu |
Pokah ing nêmbêlas-dhawah Sri |
inggih pangraos-kula |
têntu enggal mantuk |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
ing sadintên rong dintên punika prapti |
sumangga bêbatangan ||

35.
Ki Sêmbagi sèlèh ududnèki |
wurung dènnira anocoh kinang |
mojar mring putra ambêkos |
ih ambakna wong muwus |
bocah calak anyêmpaluki |
amawal ing wong tuwa |
bangêt kumênthusmu |
amêthèk prapta wong lunga |
amalêmbung kaya ya iya-a masthi |
yèn luput priye sira ||

36.
Ki Luwaran mathênthêng ngêncêngi |
mêngkuhi inggih wulang sampeyan |
punapa tuwan kasupèn |
Ki Sêmbagi asêndhu |
sapuluh wus petangan mami |
tumiba nora nana |
watêke ya suwung |
pêngalape nora têka |
Ki Luwaran kumrêjêg dènnya madoni |
marang ing bapakira ||

37.
Kulawirya mèsêm anyêthèki |
gumuywa ngling êndi kang kasoran |
sapa kang bênêr pêthèke |
de gèsèh pêthèkipun |
kang Luwaran lan Wa Sêmbagi |
singa kang ora nyata |
tan kandêl kang kantun |
sabab tan nyata pêthèknya |
Ki Luwaran manthènthèng lir angêcosi |
(n)Jêng Kyai praptanira ||

38.
Lêpatipun mangke benjing-enjing |
Kae Bayi pan amêsthi prapta |
kula yèn sampun amêthèk |
mangsa gothang sarambut |
Ki Sêmbagi sêrêng dènnya ngling |
alangan têmên sira |
bocah nora patut |
kumaki mangsa bènjosa |
ngênas-ênas gêgabêre tanpa kering |
cêlathu lan wong tuwa ||

Jilid 11 - Kaca : 267

39.
Ki Luwaran tumungkul ngèsêmi |
batinira wus olèh pawarta |
tuture kaponakane |
lunga ètèr sing kidul |
wus padha ring Kiyai Bayi |
Panurta lan kang garwa |
Cênthini tan kantun |
lawan santrine satunggal |
kala dalu nginêp desa ing Saruni |
ananggung panginêpan ||

40.
Dinuga dina niki aprapta |
marma kêncêng tan wigih pêthèknya |
Luwaran tan nglairake |
wusnya dènnya angrawus |
Ki Sêmbagi mring sutanèki |
Ki Suwarja ris nabda |
uwa pênêtipun |
wus lingsir sami bubaran |
rêbat wêktu Lohor sêdhênge umanjing |
rêke sami (n)dodonga ||

41.
Mugi sayêktinya enggal prapti |
yèn pinarêng dèrèng mangsa prapta |
kewala mung basukine |
nulya bubaran mantuk |
sosowangan sadayanèki |
sarwi anggawa bêrkat |
wau tan kinuwus |
yata Ki Bayi Panurta |
angrêrêmbên ing lampah karsanirèki |
praptaning Wanamarta ||

42.
Aywa kongsi wontên kang udani |
pinrih satêngahing waktu Ngisa |
yata wau ing lampahe |
parêk padhukuhipun |
dènnya wêktu Asar nèng margi |
maksih tanggêling lampah |
kasiyangên wau |
kampir ing dhukuh Pagutan |
wismanira bubundhêl santri Nuripin |
nèng palanggaranira ||

43.
Ki Nuripin kagyat aningali |
marang ing Kae Bayi Panurta |
lan garwa myang Cênthinine |
satunggil santrinipun |
gupuh dênnya amêlayoni |
anêmbah tur pambagya |
sarwi angêmu luh |
Ki Bayi nauri nabda |
iya bangêt tarima-reyang Nuripin |
rika padha waluya ||

44.
Myang rabine nêmbah tur pambagi |
pinojaran kaslamêtan sira |
Nuripin ngling mring rabine |
lah saosa dèn gupuh |
dhadhaharan saananèki |
lan sira (m)bêbêthaka |
sadhela dèn-gupuh |
sapakone ana bocah |
lah mènèka dawêgan karambil wilis |
ya cangkingên kewala ||

45.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
aywa susah sira anugata |
manira tumuli mulèh |
reyang tanyèng sirèku |
paran kabèh padha basuki |
kadang myang kulawangsa |
kabèh wong sadhusun |
Ki Nuripin aturira |
inggih lujêng pandonga-dalêm kang mawi |
tan wontên kara-kara ||

Jilid 11 - Kaca : 268

46.
Kula lagya prapta sapuniki |
inggih sakenjang wontên karajan |
bakda Ngasar amba mulèh |
sabênipun tan mantuk |
kongsi kalih ari tri ari |
ngrukti karya ambêngan |
anglujêngkên wau |
salampah-lampah paduka |
tuwin pra kadang santana magêrsari |
limrah tiyang sadesa ||

47.
Datan wontên kêndhate sa-ari |
malah siyang dalu asidhêkah |
sami kewala kajate |
anglujêngkên sadarum |
ing salampah-dalêm (n)Jêng Kyai |
ambêng sadintênira |
bancang pitu wolu |
tumpêng jajanganan jênang |
warnan pasar myang sêkar tanapi warih |
supaya srêping lampah ||

48.
Kae Bayi Panurta duk myarsi |
aturnya Ki Nuripin mangkana |
angondhok-ondhok driyane |
ketang wêlas ing kalbu |
marang kulawangsanirèki |
kumêmbêng locananya |
muwus anggarathul |
Nuripin yah iya ta lah |
anak putu wong sadesa trêsnèng kami |
asru panrimèng reyang ||

49.
Muga lèha pamalêsing Widdhi |
tinitahna cukup sandhang pangan |
sarta lawan ngibadahe |
wanci surya sumurup |
Kae Bayi ngandika malih |
lah wus Ripin kariya |
reyang yun umantuk |
Nuripin matur sumangga |
pan kawula umiring kundur Kiyai |
paran ta wêktu salat ||

50.
Rèhning sampun (n)dungkap wêktu Mahrib |
salat ngriki kewala ing langgar |
Ki Bayi lon andikane |
nora Ripin sun laju |
mêngko bae wêktu ring kali |
sêdhêng wong tan uninga |
kewala mung parlu |
mêngko Angisa mring wisma |
(n)dan umangkat saking Pagutan (n)Jêng Kyai |
Nuripin anèng ngarsa ||

51.
Agêgancangan lampahirèki |
praptèng kali kèndêl sami salat |
rêbat parlu ing Mahrib-e |
sawusing bakda wêktu |
puji dhikir andonga Sukril |
purna saliring sunat |
(n)dan mangkat lumaku |
tan ana janma uninga |
pan kumênyut myat papane Pasar Paing |
Ke Bayi lan kang garwa ||

Jilid 11 - Kaca : 269

52.
Uluk salam mring kang mara bumi |
cipta kadi-kadi sinauran |
Ki Bayi suka driyane |
manjing sajroning dhusun |
mèh andungkap saya-trang (n)jawi |
yata Ki Kulawirya |
pan arsa lumêbu |
mring masjid Mangu asalat |
pan kapagut ing raka Kiyai Bayi |
rêmêng datan waspada ||

53.
Ki Kulawirya anapa aglis |
sapa iku lumaku pêtêngan |
arsa malêbu paranne |
Kè Bayi mèsêm muwus |
iku sapa tanya ring mami |
gajêg si Kulawirya |
iya apa dudu |
Ki Kulawirya tan samar |
yèn kang raka Kae Bayi Panurtèki |
gupuh nêmbah tur salam ||

54.
Nyakup jêngku turnya saha nangis |
adhuh (n)Jêng Kyai datanpa nyana |
paduka prapta ing mangke |
tur pambagya rahayu |
Kae Bayi nauri aris |
mawaspa (ng)garap sabda |
dhuh riningong bagus |
pambagya-para ring reyang |
sira yayi paran ta padha basuki |
matur bêrkah paduka ||

55.
Nulya tur sêmbah salamirèki |
mring Nikèn Malarsih pambagyanya |
winangsulan waluyane |
alon malih umatur |
pra putranta paran umiring |
kang raka ris ngandika |
ya mêngko ngong tutur |
nulya laju lampahira |
Kulawirya pamit sakêdhap umulih |
ngambil sorog nèng wisma ||

56.
Ingantyan nèng paregolanèki |
Kulawirya praptèng wismanira |
rabine têlu winêrtèn |
kinèn aglis lumêbu |
sarta kinèn ngrukti sasaji |
sêkul ulam panganan |
sasêgêranipun |
kalayan pateyanira |
sinandikan nulya wangsulira aglis |
prapta ing paregolan ||

57.
Tumama ring palatarirèki |
laju kewala marang ing wisma |
Ki Kulawirya ge-age |
anyorog korinipun |
jroning wisma wus dèn-pandami |
Sumbaling lan Ni-nDaya |
nèng pagandhokipun |
wetan bakda dènnya salat |
Ngisa mojar sapa kang ngêngakkên kori |
apa Ki Kulawirya ||

58.
Anauri (ng)gih kawula bibi |
yun mariksa yèn wontên kang ewah |
miwah rêgêd jêrambahe |
nauri inggih sukur |
lamun tiyang sanès mariki |
mojar mangsa puruna |
wong liya lumêbu |
sarwi anggêlar kalasa |
Kae Bayi Panurta sarêng alinggih |
nèng pajrambahanira ||

Jilid 11 - Kaca : 270

59.
Kulawirya Monthèl lan Cênthini |
Nuripin samya marêk ing ngarsa |
Ki Bayi ririh wuwuse |
rada kanyaran (n)dulu |
maring wisma dadi martami |
Kulawirya turira |
saking laminipun |
kawula inggih kadyèka |
duk tumutur ing putranta Jayèngrêsmi |
maring ing Lêmbuasta ||

60.
Kongsi kalih wulan pitung ari |
praptèng wisma inggih lir paduka |
kadi wus kalimrahane |
makatên dulunipun |
Nyai (n)Daya lawan Sumbaling |
miyarsa wuwusira |
Ki Bayi kang rawuh |
gupuh Sumbaling Ni-nDaya |
mring wisma tur sasalam sarwi nangis |
wong loro abarungan ||

61.
Kae Bayi lan Nikèn Malarsih |
samya kumêmbêng aris wuwusnya |
bibi (n)Daya Sumbalinge |
aywa kadarus ing luh |
wus mèndêla dera anangis |
mapan wus amiyarsa |
salamêting laku |
kang têka lan kang nèng wisma |
wus mênêng tyasnya asuka aningali |
mring Ki Bayi praptanya ||

62.
Wong ro samya salam mring Cênthini |
rêrangkulan katri yêl-uyêlan |
binagyan ing pakangêne |
sami suka ing kalbu |
tan adangu wau kang prapti |
rabine Kulawirya |
têlu pisan rawuh |
samya (m)bêkta rarampadan |
sêkul ulam nyanyamikan srêbat manis |
tinata anèng ngarsa ||

63.
Kinumpulkên sajinya pribadi |
angrong dhulang rarampadanira |
tinampa dening rowange |
wusnya naoskên ngayun |
samya atur bêkti agênti |
miwah mring rabinira |
Ki Bayi amuwus |
ya ta lah nora kaya-a |
pra ipeku têlu iki suguh mami |
atur sêga panganan ||

64.
Kapanane olah padha bêkti |
dene rikat arumat asampat |
wong mono apa panute |
randhat rikat pan tinut |
Kulawirya watake bangkit |
bangsèt kabèh rabinya |
dalah baturipun |
tumungkul Ki Kulawirya |
wanci bakda Ngisa wau santri Luci |
sing masjid Pananggungan ||

65.
Malêbèng (n)jro kagyat aningali |
padhanging pandam sajroning wisma |
mrêpêki awas dulune |
yèn Ki Bayi wus rawuh |
sigra wangsul mêdal sing (n)jawi |
yun matur ring pra kadang |
maring masjid Mangu |
wus mudhun sadayanira |
ingkang kari sawiji Wiradhusthèki |
lagya mudhun sing lawang ||

Jilid 11 - Kaca : 271

66.
Santri Luci gugup dènnya angling |
Kenthol raka-(n)dika wisma padhang |
kula mêndhêt godhong songkèt |
Wiradhustha gumuyu |
dene clewa-clèwo sirèki |
tutura ana apa |
gugup cêlathumu |
tuturên ingkang acêtha |
santri Luci nuwun matur maklum uni |
susar-susur wong tuwa ||

67.
Raka-(n)dika (n)Jêng Kiyai Bayi |
prapta wus kapangguh anèng wisma |
wikan duk kala praptane |
tan wuningèng katèngsun |
uning ngong wus kapanggih linggih |
kawula enggal nulak |
angaturi rawuh |
marang pra ari sadaya |
Wiradhustha ngling lah ya lajuwa aglis |
kabèh wawrêtanana ||

68.
Manira laju lumêbu Luci |
nulya kur-ungkuran sèwang paran |
Wiradhustha lan Lucine |
ngèndhangi pra rènipun |
Wiradhustha gya praptèng ngarsi |
ngabêkti atur salam |
sarywa nguswa jêngku |
mawi nêmbah salamira |
marang ingkang (m)bakayu Nikèn Malarsih |
saha atur waluya ||

69.
Winangsulan sukuring basuki |
Wiradhustha ngling mring Kulawirya |
kapan (n)Jêng Kyai praptane |
kang rayi lon umatur |
kala wau ing bakda Mahrib |
kularsa salat Ngisa |
marang masjid Mangu |
kapêthuk (n)Jêng Kyai prapta |
inggih anèng palataran kori (n)jawi |
Wiradhustha lingira ||

70.
Bêja dene bênêran sirèki |
kadèkne (m)bok ipe glis samêkta |
padha nênaosi kabèh |
yata ing lampahipun |
santri Luci dènnya ngayêngi |
pra kadang wus winartan |
miwah Ki Pangulu |
myang sêntana para tuwa |
samya gupuh dènnira ayun udani |
dhatêng kang lagi prapta ||

71.
Ki Suwarja lan Panukma tuwin |
Ki Panamar Ki Pangulu Basar |
Ki Sêmbagi Jumênane |
Ki Jêmpina tan kantun |
Lawatan lan Malangbong tuwin |
Luwaran ingkang samya |
prapta anèng ngayun |
samya nêmbah ngaras pada |
gantya-gantya samya saatur basuki |
winangsulan raharja ||

Jilid 11 - Kaca : 272

72.
Ki Jumêna Jêmpina Sêmbagi |
samya gantya dènnya sasalaman |
pupuji sukur pambage |
ngaturan tata lungguh |
wus warata sadayanèki |
Ki Bayi praptanira |
pra sunu tan tumut |
mulih marang Wanamarta |
mung Cênthini lawan Ki Santri sawiji |
Monthèl kang mèlu prapta ||

73.
Nulya santri Luci angèrèni |
angabêkti sarwi parêmbeyan |
tur pambagya wilujênge |
winangsulan sabda yu |
tuwin marang Nikèn Malarsih |
sinojar padha-padha |
gya mundur sing ngayun |
Cênthini nambrama |
lah bageya kaslamêtan kakang Luci |
lawas tan wruh ing rupa ||

74.
Sarêng mulat gupuh santri Luci |
Cênthini rinangkul tinangisan |
dadya anangis karone |
sami trêsnèng sadulur |
wusnya mênêng Cênthini angling |
iku adhimu kakang |
Ki Monthèl tut pungkur |
Ki Luci nolih ing kanan |
santri Monthèl gya rinangkul mring Ki Luci |
gêlutan sami lênggah ||

75.
Ki Kulawirya gumuyu angling |
Luci tumrapa wong mêmacanan |
rada maro pêmangane |
nubruk maring sadulur |
nubruk marang ipe kang prapti |
bungahe bêranahan |
tan kêna ingetung |
Luci matur kasinggihan |
dadya ngêrti sadaya lamun Cêthini |
santri Monthèl lakinya ||

76.
Ki Suwarja angling maring Luci |
konên rikat adhimu ing ngomah |
iya saanane bae |
Wiradhustha amuwus |
Ki Panukma Panamar angling |
kakang Luci wasisan |
dhimu konên gupuh |
Ki Luci sigra umentar |
ngenggalakên para rubiyahirèki |
tan dangu sami prapta ||

77.
Samya (m)bêkta rampadanirèki |
sêkul ulam nyanyamikanira |
binêktèng rowang èstrine |
laju tinatèng ngayun |
anêpungi kang wus sumaji |
wusnya lajêng anêmbah |
tur salam pangujung |
pra rubiyah gantya-gantya |
apupuji pambagya atur basuki |
sinabda karaharjan ||

78.
Nyai (n)Daya lan wadon Sumbaling |
samya ngukus akêdhik dadakan |
liwêt Sokanandi wangèn |
lawuhe sêptanipun |
sambêl wose bubuk têngari |
dhèndhèng gêpuk lan jangan |
klènthanging lêmbayung |
kinêla asêm pêdhêsan |
Ki Bayi Panurta lan Nikèn Malarsih |
marang pahèranira ||

Jilid 11 - Kaca : 273

79.
Samya wak-awak siram sasuci |
Santri Luci lan Nuripin gêpah |
angladèni pangangsune |
Nyai (n)Daya agupuh |
ngambil wastra pasatanèki |
pasalin sêmbahyangan |
jubah lawan rukuh |
kalihnya wus anrap sinjang |
laju salat Ngisa marang masjid alit |
tajug palanggarira ||

80.
Ingkang sami lungguh ing wismèki |
Ki Suwarja aris wuwusira |
paran lilinggihan kiye |
apa prayoga mêtu |
mring pandhapa tan sompok linggih |
yun ana ingkang têka |
para anak putu |
siji roro tan kuciwa |
anèng dalêm nadyan jêmbar tan prayogi |
apênêt nèng pandhapa ||

81.
Yata anak putu kang miyarsi |
magêrsari santri kasêntanan |
samya lumêbu yun panggoh |
samya nèng pandhapa gung |
Ki Suwarja mulat kang prapta |
(n)dhêdhêg anèng pandhapa |
jalwèstri lumêbu |
nulya angatag mring (n)jaba |
samya mêdal sadaya marang pandhapi |
tinata gêlarannya ||

82.
Kinèn têpung dènnira alinggih |
wontên malih nak putu kang prapta |
laju kalawan èstrine |
saos rampadanipun |
sêkul miwah dhadharan manis |
wowohan sasêgêran |
nèng dhulang pinanggul |
rubiyahing para tuwa |
samya kusung-kusung dènnya yun papanggih |
praptanya Ki Panurta ||

83.
Wênèh kêndhuri kajatirèki |
anglujêngkên (n)Jêng Kyai Panurta |
kang durung didongakake |
laju binêktèng ngriku |
linujêngkên anèng pandhapi |
yata Kae Panurta |
dènnya sêmbahyang wus |
kundur malêbèng ing wisma |
angandika lho apa padha angalih |
mêtu maring pandhapa ||

84.
Nyai (n)Daya anauri inggih |
Kyai Bayi nulya mèlu mêdal |
Luci (ng)gêlar klasa luse |
lênggah lan nyainipun |
ingkang sami prapta mangarsi |
nêmbah matur pambagya |
winangsul sabda yu |
Ki Bayi ngandika marang |
santri Luci lan Nuripin kinèn ngambil |
saosan kang nèng wisma ||

85.
Gya rubiyahing pra kadang sami |
angambil sajine priyangga |
sarampade dhewe-dhewe |
ramut sadaya uwus |
pan binanjêng kang anyar prapti |
andèr anèng ing ngarsa |
rarampadan agung |
salong sih ana kang prapta |
Nyai (n)Daya lan Sumbaling dènnya ngrukti |
wus mungguh ing pambêngan ||

Jilid 11 - Kaca : 274

86.
Winêdalkên sinaoskên ngarsi |
angandika Ki Bayi Panurta |
lah mara ing kono age |
majuwa kang atêpung |
lan sapa kang duwe kêndhuri |
matur tiyang sasanga |
sasarênganipun |
magêrsarèn kasêntanan |
lawan randha ambêng kajadipun sami |
anglujêngkên paduka ||

87.
Ki Bayya-ngling Alkamdulillahi |
lah wus Basarodin donganana |
ambêng kêndhuri kajade |
nyalamêti maringsun |
kabênêran kajade asih |
kang dèn-slamêti prapta |
nastijabing kalbu |
katrima padha kahana |
wus marata donganana Basarodin |
nulya Pangulu Basar ||

88.
Angdonga salamêt Pil-ngumuri |
ingaminan tan asuwe purna |
Ki Bayya-lon andikane |
payo padha awisuh |
kêmbul bae jalu lan èstri |
agêpah kang liningan |
sadaya atêpung |
(n)dan lêkas sami anadhah |
Kae Bayi dènnya bukti mêratani |
mundhut sakêdhik sewang ||

89.
Sêkul ulam ambêng sadayaki |
sawarnane kang saji punjungan |
ngling lah Wirya tulung kuwe |
pèkna sêga lan lawuh |
dèn warata saking sakêdhik |
kajate iku padha |
sung bukti maringsun |
kusung-kusung tumêka-a |
marang reyang pupunjung piasung bukti |
supaya sun-dhahara ||

90.
Kulawirya gupuh angladèni |
mundhut winiratan sadayanya |
sinaosakên ngarsane |
pan pinuluk sadarum |
pamunjunge nak putunèki |
nulya samya anadhah |
kêmbul apikantuk |
wus antara dangunira |
aluwaran dènnira sami abukti |
ambêng wus cinarikan ||

91.
Nyai (n)Daya Sumbaling Cênthini |
lawan Monthèl Nuripin asigra |
ngundurakên rampadane |
dinum barêkatipun |
wus warata sadayanèki |
nulya nyênyamikannya |
lumadi ing ngayun |
Ki Bayi alon ngandika |
payo kono nyênyamikane dinumik |
tamba mis mamangsêgan ||

92.
Kang liningan sigra angalapi |
sasênêngira ngambil dhadharan |
Ki Sêmbagi lon wuwuse |
lampah paduka wau |
kongsi prapta ing purug pundi |
putra dalêm sadaya |
punapèstu pangguh |
tuwin datan kapêdhaka |
Kae Bayi Panurta nauri aris |
uwa tanya maringwang ||

Jilid 11 - Kaca : 275

93.
Pacuthêlan pamandrèng ngong margi |
singgah têkèng dhukuh Wanantaka |
kathah pangampir ngong rêke |
mitrèngsun duking dangu |
kang wus tan kapadhaning ngaksi |
mangkya samya kapanggya |
nèng padhukuhipun |
amawat samya mumulang |
dene wayah andika Ki Jayèngrêsmi |
Jèngraga sarabinya ||

94.
Tuwin Tambangraras Amongragi |
sampun kukuwu nèng Wanantaka |
tanah ing Maospatine |
têlêng gêlang kêdhatun |
wus alanggat asramèng sêpi |
Pulo pamêlêngannya |
madyèng Jurang Jangkung |
kuwangsèng Sang Maha Mulya |
ingkang angudanèni saliring puji |
-nirèng kula sumêdya ||

95.
Nêmbadani sinung apapanggih |
mring suta kang wus nis ing sasana |
jalu èstri sadayane |
uwa ingkang puniku |
kathah sulangipun inangling |
maklumipun pun uwa |
reyang raos rawuh |
para ri samya turira |
kasinggihan luhung sinarèhkên guling |
angginda-ginda pada ||

96.
Yata muni têngaraning ratri |
ing masjid gung bêdhuge tinabah |
Ki Baywa lon andikane |
mung kewala ing besuk |
tinutugên rarasan malih |
bêdhug sêdhêng bibaran |
ngong narèhkên suku |
sadaya matur sumangga |
nulya aluwaran kang samya alinggih |
mulih asowang-sowang ||

97.
Tan cinatur wancinirèng ratri |
yata bakda Subuh Ki Panurta |
lênggah anèng pandhapane |
myang garwa keringipun |
Nyai (n)Daya lawan Sumbaling |
anaoskên dhadharan |
pawedanganipun |
nyamikan enjing-enjingan |
gêmblong lèmpèng ulèn-ulèn lan surabi |
puthu juwadah jênang ||

98.
Dhèndhèng balur dhèndhèng gêpuk garing |
bakaran pisang gumanda-rasa |
kupat lawan balendrange |
garêndul kalong sagu |
pisang raja satangkêp kuning |
Kae Bayi Panurta |
ngunjuk wedang bubuk |
lagya antuk sacêcêpan |
ingkang rayi Ki Kulawirya gya prapti |
rabinya têlu pisan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (19) Kaca 258 - 260
  • (20b) Kaca 276 - 288 >