Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 18

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21a) Kaca 289 - 303

 

( Sèh Amongraga dhawuh yasa padhepokan ing Wanatawang )

11

VIII. Sèh Amongraga dhawuh dhatêng Jayèngrêsmi Jayèngraga supados yasa padhepokan ing Wanatawang lan Wanasonya. Sèh Amongraga lajêng lêlana ing alam alimut sarta nyipta Kutha Waja utawi Pulo Wêsi isi mas picis rajabrana. Kathah tiyang sami dhatêng, kêparêng mêndhêt barang-barang sasênêngipun. Pandhita ing Bangkaulu Ki Dhatuk Ragarunting badhe nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, dhatêng ing Kutha Waja kadhèrèkakên muridipun wolungdasa, wasana botên sagêd mapaki Sèh Amongraga lan kawirangan. Sèh Amongraga midêr-midêr ing pulo Jawi dumugi ing Guwa Langse, kapanggih Ki Darmèngbudi, nyuwun puruita, kawêjang, wasana sakala mlêsat dumugi Palembang adamêl sirêp pagêblug ing ngrika. Sèh Amongraga sakalihan kapanggih Ki Ragarêsmi nyuwun puruita, kawêjang dening Nikèn Tambangraras lan dados muridipun, lajêng ndhèrèk dhatêng Wanataka. Ing Wanataka Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga, karawuhan Sèh Amongraga sakalihan lan kadhawuhan mantuk dhatêng Wanamarta, jalaran Ki Bayi Panurta nandhang gêrah.

1. Wanci bakda Ngasar ing Wanataka Sèh Mangunarsa lêlênggahan kalihan Sèh Anggungrimang, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga dalah para semahipun. Sèh Mangunarsa dhawuh supados Jayèngrêsmi lan Jayèngraga yasa padunungan ing sakiwa têngênipun Jurang Jangkung, i.p. ing Wanatawang lan Wanasonya, dumadakan Sèh Amongraga sakalihan rawuh. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga badhe ndhèrèk botên dipun parêngakên. Sèh Amongraga sakalihan lajêng lêlana ngidêri tanah Jawi, wêkasan nyipta Kutha Waja utawi Pulo Wêsi ing Watingkup, muaranipun bumi Bantên. Pulo wau kados rakiting praja, rêrêngganipun sarwa gumêbyar, kathah mas picis rajabrana, sutra, sêmbagi sarta barang-barang endah lan anèh-anèh. Tiyang-tiyang saking Acèh, Banjar, Riyo, Lampung, Kangeyan lss. ingkang dhatêng ing ngriku kenging mêndhêt sasênêngipun. Kabar waradin lan kapirêng dening Ki Dhatuk Ragarunting ing Bangkaulu, lajêng numpak prau dhatêng Pulo Wêsi kadhèrèkakên muridipun tiyang wolungdasa. Niyatipun badhe nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, wasana kawêlèh-wêlèh. Sasampunipun kapanggih, kajawi mêndhêt barang sasênêngipun, malah nêdha Nikèn Tambangraras, ugi kaparingakên. Ing têngah margi Nikèn Tambangraras musna, praunipun Ki Dhatuk kabuncang ing angin, ngantos sadaya barang-barang ical, Ki Dhatuk kawirangan.


Kaca 289 – 303

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 289

679 Pangkur

6.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
lintang dènnya suka rênaning galih |
sukur maring ing Hyang Agung |
tan siwah ing panyipta |
duk jiyarah antuk patitikanipun |
singgih kang liningkên uga |
ingkang dadya cuping ati ||

7.
Lagya madyane ngasojar |
yata wau Kae Sèh Amongragi |
lan Tambangraras kadulu |
para ari agêpah |
samya mudhun mijil saking masjid agung |
ngandika Sèh Amongraga |
aywa na susah ngudhuni ||

8.
Payo padha lulungguhan |
yayi kalih suwawi sami linggih |
ingkang liningan agupuh |
samya tur bêktinira |
Sèh Mongraga aris pangandikanipun |
yayi kalih ing samangkya |
paranning kang karsa yayi ||

9.
Punapi murih sasana |
dhukuh pajênêkan (ng)gyanning ngabêkti |
patarukaning panungku |
amêncar Pasimparan |
Jayèngrêsmi Jayèngraga lon umatur |
mugyantuka idin tuwan |
ing kajad-kawula mufid ||

10.
Rinta Ki Sèh Mangunarsa |
suka tuding prênah unggyan panêpin |
ing Wanatawang dènnya sung |
kidul têpining wana |
rinta yayi Ki Jayèngraga dinunung |
patêgêran Wanasonya |
kang kinèn anarukani ||

11.
(m)Bing lèr-wetan tarap wana |
Sèh Mongraga ngling sukur yayi kalih |
kang tashud maring Hyang Agung |
mulyèng tas patitisnya |
aywa kendran ing panyiptanirèng kalbu |
kabuka lafaling Sukma |
ing pangantênganirèki ||

12.
Kang rayi nêmbah kalihnya |
nor tumungkul kadya konjêm ing siti |
Sèh Mongraga ngandika rum |
mring yayi sadayanya |
ingsun iki mring sira yayi sung wêruh |
manira sun-ajiyarah |
mring ngasrama Wanawukir ||

13.
Myang tasik parang paguwan |
lêlêngkaning purwa pracima tuwin |
utara duksinanipun |
kakanta yun mèndraksa |
ing ngawingit gêganalaning ngalêmbut |
kang rayi samya anêmbah |
kewala sumanggèng kapti ||

14.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
nêmbah matur alon mring Amongragi |
kalamun parênging kayun |
kula yun anut pada |
ring saparan paduka mèndra anglangut |
amba tumutur ing tuwan |
Sèh Mongraga ngandika ris ||

Jilid 11 - Kaca : 290

15.
Punika yayi karsanta |
yun tumutur manira tan suwawi |
utami yayi akantun |
truka yasa sasana |
anèng Wanatawang Wanasonyanipun |
parlu karya pamidikan |
lamun dhauping pangudi ||

16.
Ingkang rayi kalihira |
kaluhuran ing sabda raka singgih |
atur sumangga nrah kayun |
kumambèng karsèng raka |
wusnya mojar sang sèh Adi Amongluhung |
nulya sung pasalamira |
mring kang rayi jalu èstri ||

17.
Apupuji sukur ing Hyang |
gantya-gantya para ri atur bêkti |
samya angèstu jumurung |
nulya Sèh Amongraga |
lan kang garwa Nikèn Tambangrarasipun |
amadal sing palungguhan |
para ri samya ngudhuni ||

18.
Kèksan têkèng Kalampeyan |
tan antara umulat ing ngawingit |
mulya ring jaman asamun |
tan nèng padoning netra |
nèng têlênging tingal pangatêring kalbu |
pupuji sukur ring Suksma |
piningit de ing pangikis ||

19.
Yata Ki sèh Amongraga |
lan kang garwa lêstari dènnya nis |
ngayêngi ngasrama samun |
nêlatah pa-angkêran |
wana (ng)graning wukir Pakarêmanipun |
têtêlênging kabuyutan |
kang tan kapidak ing janmi ||

20.
Patumang sangaring kisma |
pa-aèngan tutulahing ngawingit |
palayapaning ngawuyung |
grênging wana guwarga |
paluyutan dadya pangrasamanipun |
sanggyan-gyan tinawan tapa |
tan nana malang-sangkêri ||

21.
Kèdran salêngkaning Jawa |
ujung kulon lan ujung wetan nênggih |
ujung lor lan ujung kidul |
tan ana kalintangan |
samya linampahan tan rêkasèng laku |
kewala jlêg sanalika |
lir pendah rasèng pangimpin ||

22.
Tan kajawuh kapanasan |
myang rasaning kasandhung tan ana mawi |
alêstari ring sakayun |
tan angèl ing pangkalan |
tan na rasa rêkasa marlupa lêsu |
kewala kalawan miyat |
prapta saciptanirèki ||

Jilid 11 - Kaca : 291

23.
Sang Sèh Adi Amongraga |
lan kang garwa mendra tansah sarimbit |
langkung sih-siniyanipun |
saking sihirèng Suksma |
ring sujanma kang wus mansoh among luhung |
sinung kikmah tingal dunya |
saèmba myat swarga akir ||

24.
Kèni-ènining ruwiya |
sinung pinta tingal akerat nênggih |
kêlakon kang adi-luhung |
kêdah kang kaendahan |
ingkang mijil saking karamating kalbu |
susungut swarga akerat |
kikmah kadaring pangaksi ||

25.
Wus kèngang uga kaèmba |
èmba yêkti kayaktyaning kajatin |
jatining tingal kang ngantuk |
sih nugrahaning Suksma |
tan prabeda lir nyawuk toya ing laut |
wèka pinggir lan têlêngnya |
rupa lan asine sami ||

26.
Pandulwan dunya akerat |
pamlêkahe karamat anyêkapi |
gêgantunganing ngaluhung |
kêkèksining pangiksan |
miwah rasa surasa karasèng kalbu |
nikmat karamatanira |
tan saking banyu rijêki ||

27.
Tuwuk saking sihing Suksma |
suka saking kamurahaning Widdhi |
sukur falaling Hyang Agung |
narimèng kadaring Hyang |
yata wau sang Sèh Adi Amongluhung |
mendra langêning Tunjungbang |
mangulon anurut tasik ||

28.
Ton wêwênganing samodra |
timpahing tingalan kalaban warih |
doh ing rat samodra agung |
sri wuryaning karangan |
pindha kitri mawarna-warna kadulu |
tan pae kadya dharatan |
rurumputan sari-sari ||

29.
Samya ngunguwung ngujwala |
anglir mirah kang karang-karang curi |
myang kadya kik dadu wungu |
kang seta pita rêta |
jujurangan lulunguran wana gunung |
we kang kari palêbakan |
lir têlaga sêndhang bêlik ||

30.
Laju pangayênganira |
nut lalêngkan patikunganing têpi |
sih rat kang sagara kidul |
alun tan têkèng cacap |
pamikising samodra antaranipun |
lakon sadina dohira |
suruding ranu jaladri ||

31.
Kathah pendah kantha kutha |
babanjaran akojor adi luwih |
pra kirna sangkêp kang tuwuh |
tan pae kang ngalêsta |
sarwa ana wrêksa pikitrèn lit tanggung |
dukut durèn sasêkaran |
tan siwah pindhaning sari ||

Jilid 11 - Kaca : 292

32.
Samya karang marakata |
kasunaring surya ambalêrêngi |
abanjêng salajêngipun |
kadya bantala rêtna |
yata wau sèh Mongraga lampahipun |
têkèng bubungasing nuswa |
bumi Bantên muarèki ||

33.
Ing Wantingkup wastanira |
sakiduling pulo Kalapan nênggih |
Mongraga kèndêl ing ngriku |
lan garwa Tambangraras |
sangsaya sri sèsining samodra luhung |
lwir wintang wor ing dharatan |
angumala manik-manik ||

34.
Kyèh kadya rakiting pura |
ginapura pupulasan nêlahi |
lan pinatra rêngganipun |
tuturutaning warna |
mawa jwala karang mêncorong ngunguwung |
kanan keringing gapura |
krang gajah anjrum anguling ||

35.
Myang endah sajroning pura |
tanpa sesa praba myang tilam adi |
lêlangse angayu-ayu |
samya karang ateja |
sêsaka lan bale lir mutyara mancur |
karangulu pagulingan |
kasur babud prang-wêdani ||

36.
Lalèyan asri tinanam |
jinêmbangan kang pendah sari-sari |
pala kasimpar gumantung |
sami karang sadaya |
Sèh Mongraga jênêk muryani tilam rum |
lam-lam Nikèn Tambangraras |
arêsmi cumbana wingit ||

37.
Tan ganal (n)don asmaranya |
pangumaraning tyas lir jro pangimpin |
cipta rarasing pulangyun |
karagan-ragan uga |
saking dening kapurba sihning Hyang Agung |
wau sang Sèh Amongraga |
dènnira nèng pura curi ||

38.
Anraskên rarasing driya |
yun mijilkên karamating Utadi |
anèng muara Watingkup |
nikmat mangunah kawas |
suhuling Hyang kajating wali linuhung |
nunuhun anyipta nusa |
pulo Wêsi Purasani ||

Jilid 11 - Kaca : 293

39.
Kalanggataning Hyang Suksma |
waliolah saciptanira dadi |
sanalikanya kadulu |
kang nusa pulo Waja |
kupêng winatara lampahan sabêdhug |
rakitnya kadya ngalêsta |
wrêksa kirna pala-kitri ||

40.
Pêndhêm gumantung kasimpar |
dukut sulanjana gandapura mrik |
sangkêp sasêkaran arum |
têngah pulo anyipta |
wisma langkung murwèndah sarwa di luhung |
kumêndhung patilamannya |
langse linungsir wastra di ||

41.
Sasaka guru myang rawa |
sadayanya pan samya waja wêsi |
anglir sinangling sinangub |
mancorong angumala |
pagêr pakêliran kanan keringipun |
waja sangling wuwutuhan |
myang (n)jawi pinancaksuji ||

42.
Ing galigèn wêsi waja |
miwah tajugira lit purasani |
batur panataring tajug |
jobin waja ujwala |
balumbang sri binotrawi ing balitung |
taru-taru tumaruna |
puyuh dênta lawan wilis ||

43.
Dhukuh kamulyan punika |
luwih saking jaman ngalamdonyèki |
ingkang kaendahanipun |
ana tirta inirat |
sing têlaga muncar mancurat mra-satus |
sasikine kiniriyan |
mawa gandanya mrik wangi ||

44.
Saking sor wrêksa wijilnya |
wit kancana êpange sarwa rukmi |
ron sutradiwangga wungu |
kang wilis dadu rêta |
asêlaka suwasa sêkar mirah byur |
pan awoh intên myang mirah |
sênênning jwala nêlahi ||

45.
Pawêdhènira mutyara |
abra murub markata angrênyêpi |
andiwangkara sawêgung |
sarwa kang kaendahan |
lan pendahing kitri karang samodra gung |
mênuhi awarna-warna |
tanpa sèmba ing pangaksi ||

46.
Sèlasmara cêngêng mulat |
kang sarwèndah kamantyanirèng kapti |
sangsaya was tyas mabangun |
(ng)gagas sutrêsnanira |
maring laki hebat kaluwihanipun |
cihnaning paworing Suksma |
sinuksma Allah sêjati ||

47.
Abadan roh nyawa Suksma |
ingkang sinung jinurung sakarsanèki |
dening Hyang Kang Maha Agung |
mangkana ciptèng driya |
wus satuhu saèstu Pangeranipun |
nêlangsa panrimanira |
ring laki wrananing Widdhi ||

Jilid 11 - Kaca : 294

48.
Sung mulya donya akerat |
kaelokan walikaning pangèksi |
dungkaping tingal kang luhung |
tuwin kamuktyanira |
tanpa mangsa rasaning pangan wus korup |
tumêkèng nikmating angga |
tansah amanggih sasaji ||

49.
Enir tangsayaning driya |
saking dening kapurba sihing laki |
pira-pira kikmatipun |
sinung wruhing kamulyan |
kajurungan lakine sasêdyanipun |
sang Sèh Adi Amongraga |
lan garwa nèng pulo Wêsi ||

50.
Tumangkêp samodra pasang |
têkèng cacap robing kang jalanidhi |
pulih pambyukaning alun |
anglir duk waunira |
watak gora kocake sagara kidul |
tan kêna kambah ing palwa |
saking sru lèmbaking tasik ||

51.
Mangkana antaranira |
Sèh Mongraga anèng ing pulo Wêsi |
angglarkên karamatipun |
adana donya brana |
mring wong dagang alayar malimi laut |
nujwana palwa sajuga |
kasasar mring pulo Wêsi ||

52.
Pangguh lan Sèh Amongraga |
tinakonan paranne kang pinipik |
umatur sawontênipun |
tuwin daganganira |
kang dinolan ingaturan warninipun |
Sèh Mongraga angandika |
ywa susah darbèkirèki ||

53.
Rika dolla tanah liya |
kang sirapti kewala ingsun-wèhi |
apa sakarêpirèku |
rêtna rukmi myang wastra |
sakêlare pamoting palwanirèku |
nora amangêni ingwang |
sasukanta angusungi ||

54.
Nangkodèka nêmbah-nêmbah |
nuwun-nuwun tur gya anggusti-gusti |
ngirit pawong rewangipun |
angusungi barana |
sakarêpe kang kinira dinol untung |
wastra rukmi lan sasotya |
kang anèh-anèh ingambil ||

55.
Wus dinuga moting palwa |
samya pamit nangkoda atur bêkti |
sungsun-sungsun sêmbahipun |
kalangkung bungahira |
tarik jangkar babar layar mêsat mamprung |
lêstari tan pancabaya |
kang alun gêng angêndhani ||

56.
Mangkana nulya kawêntar |
ing sasaminira malim jêladri |
kèh palwa layar mariku |
marang ing pulo Waja |
pan wus gampang ingambah sagara kidul |
tan pae pambilanira |
angamèt tan anukoni ||

Jilid 11 - Kaca : 295

57.
Amung nunuwun kewala |
marang ingkang palinggih Amongragi |
sinêngaja kabèhipun |
tan nana winangênan |
marma sêlup layar kèh prapta ing ngriku |
mintir angusungi brana |
baita agêng lan alit ||

58.
Kathah pinangkaning janma |
pra nangkoda saking Johor lan Ngacih |
ing Banjar Riyo ing Lampung |
Kangeyan ing Sêmbawa |
ing Trênate Makasar miwah ing Wangsul |
samya alayar mrih prapta |
mring Watingkup pulo Wêsi ||

59.
Jong sêlup jungkung rêmbaya |
asêluran tan lowong siyang ratri |
layar ing samodra kidul |
samya kêtêmbèn ngambah |
sabêne tan kêna tinêrak pêrau |
ing mangkya paran kang mawa |
sagara kidul agampil ||

60.
Ingambah dening jong-layar |
samya nêrka yèn janma pulo Wêsi |
anggampangakên ing laku |
kang dana donya brana |
yata palwa liwêran kadya susulung |
pan anggili lunga têka |
palwa kothong mulih isi ||

61.
Tinub ing jong tan petungan |
jalu èstri suka sakèhing janmi |
prapta nêmbah anunuwun |
barana inganthukan |
kumarubut angambil donya brana gung |
bilik-bilik apêpanthan |
(ng)gyanning donya pai-pai ||

62.
Kinancap lir ranu toya |
datan angèl ngamèke kang pinilih |
ana amèk toya arum |
winadhah gugucènan |
sarta ngalap barêkah pangadinipun |
ywa tuna ing kauntungan |
sêlamêt lampah jaladri ||

63.
Kang rukmi gragal lir padhas |
pawêdhènan mas ore myang sotyadi |
minangka karikilipun |
kang wus dadya dandanan |
anèng gêdhong wêsi kori tan tinutup |
winêngakakên kewala |
gêdhong-gêdhong sadayèki ||

64.
Punapa saisinira |
nungge datan caruban sawarnèki |
aneka-neka di luhung |
kang pupus mapupusan |
sutra trênwe sêtin mantol-tol bêludru |
murle jagrim ginirènda |
myang wastra kêling-makêling ||

Jilid 11 - Kaca : 296

65.
Sêmbagi klèmat-maklèmat |
anèh-anèh corake adi-adi |
angluwihi sadayèku |
tanah ing kana-kana |
datan kadi kang saking pulo Balitung |
nutug sasukane ngalap |
samya narima pupuji ||

66.
Mulyanya kang asung dana |
wau ta sang Sèh Adi Amongragi |
eca dènnira alungguh |
pandhapa made kêmbang |
Nikèn Selabrangta ciptanirèng kalbu |
wus kadya nèng dalêm swarga |
pan wus lali ing donyèki ||

67.
Jênêk karamatan kikmah |
datan èngêt ing yayah renanèki |
miwah kadaring donyèku |
tyas wus nora pêpeka |
mung sukur ing laki wakiling Hyang Agung |
tansah rêsmining layapan |
kèjêping asmara jati ||

68.
Nêngna kang andon nugraha |
nawur brana nèng pulo Purasani |
yata gantya kang winuwus |
rêke wontên pandhita |
saking tanah ing Sumatra Bangkaulu |
tunggil antero Palembang |
pandhita kasub sinêkti ||

69.
Midêr angêlaya nusa |
apêparab Ke Datuk Ragagunting |
sabatira wolungpuluh |
kyèh pinangkaning janma |
sing kadohan kumuk pandhita linuhung |
ing mangkya padhangkanira |
apan anèng pulo Rakit ||

70.
Pan maksih laut Sumatra |
kilèn Bangkaulu ing pulo Rakit |
yata wau Kae Datuk |
Ragagunting samana |
pan alungguh anèng pakampunganipun |
tinarap pra sabatira |
wong wolungpuluh nèng ngarsi ||

71.
Ki Ragagunting lingira |
marang sabatira ran Wagajuni |
Ragajuma Ragajulus |
kapate Ragajulah |
Ragajungkung kalima sabat pêngayun |
hèh kêpala sabatingwang |
paran sira ngrungu warti ||

72.
Pandhita adana donya |
mring wong dagang barang panjaluknèki |
kèh kêdhik sayêkti sinung |
tan ana kang baliya |
laut kidul wetan kene prênahipun |
kiduling pulo Kalapa |
muara Watingkup nênggih ||

Jilid 11 - Kaca : 297

73.
Ujung Bantên nungsa Jawa |
tanah anyar ingaran pulo Wêsi |
tan nana kang mau-mau |
lagyèki cukul nungsa |
anèng kono ênggone pandhita iku |
sabat kalima turira |
inggih kawula miyarsi ||

74.
Kadi kang paduka pajar |
pandhita kang anèng ing pulo Wêsi |
kalangkung kuwasanipun |
tutruka tanpa rowang |
mung pawèstri sajuga pangèndhangipun |
lampahe adana brana |
mring wong dagang layar sami ||

75.
Tan wontên kang winangênan |
kang angêmis brana ngambil pribadi |
winot ing baitanipun |
sakêbaking baita |
ingkang prapta sami kothong palwanipun |
mantuk sarat ini brana |
tan nampik sangakaning janmi ||

76.
Sumawana ingkang pêdhak |
tiyang Bantên kang parêk lan pasisir |
kidul pan sami mariku |
ing Cikarang Cirongkang |
Cikuraka Cimandri lawan Cianjur |
Cibaron miwah Cidhamar |
Cilarung Cibun ningkassi ||

77.
Ragarunting alon mojar |
lah ya kabèh sira padha sun-tari |
kapriye karêpirèku |
apa ya pinaranan |
Ragajuni Ragajuma Ragajulus |
Ragajungkung Ragajulah |
matur ring kyainirèki ||

78.
Lamun sarêng karsa-tuwan |
langkung saking prayogi dèn-dhatêngi |
marang ing pulo Balitung |
milya amupu donya |
dipun-yêktosakên ujaring wartèku |
dora lawan yakimira |
pandhita ing pulo Wêsi ||

79.
Momod brana ing baita |
lon dènnya-jar Ke Datuk Ragarunting |
digawe apa amupu |
kamalaning sasama |
tan prayoga kabèh brahala puniku |
aja sira mupu donya |
dèn-titipi sira iki ||

80.
Atuwas sira kabotan |
besuk anèng kanane sira sisik |
siksa bot kang sira panggul |
wong kêdanan kamalan |
yèn kang mungguh arahku iku ing besuk |
kapanggiha lan kang dana |
sun-jawab rabine benjing ||

Jilid 11 - Kaca : 298

81.
Yèn awèh manira alap |
yêktinya-a yèn pandhita pratoin |
lamun tan awèh ngong-jaluk |
pandhita grèg-ogrègan |
durung nyata iku mêksih (ng)gênthong umus |
pandhita mêrak cinancang |
pandhita anglalêr wilis ||

82.
Tan pindha wrêksa candhana |
tinêgora pan misih angsung wangi |
mangkono pandhita luhung |
wa sêmono dinadar |
sun cacake bojone manira-jaluk |
awèh orane karuwan |
nèng kono pratandhanèki ||

83.
Kang pra sabat samya suka |
angrungokkên ombake gurunèki |
Ragarunting malih muwus |
lah wis payo umangkat |
maring pulo Wêsi apa warnanipun |
pandhita kang dana brana |
dene ta kaluwih-luwih ||

84.
Dandana samêktèng paran |
kitabira kabèh aja na kari |
padha wotna ing pêrau |
lan sadandananira |
lah mèluwa kabèh sabat wolungpuluh |
sarta padha samêkta-a |
gêgaman sikêping jurit ||

85.
Enggar sabat wolungdasa |
(n)dan umangkat numpak palwa miranti |
gya andhaut jangkaripun |
andhayung babar layar |
pan kumitir layare motha kumêndhung |
sandhang angin palayaran |
palwa lêpas lir jêmparing ||

86.
Nêmbiring mring nungsa Jawa |
laut kidul ujunging Bantên nênggih |
pan muara ing Watingkup |
layaran kalih dina |
kalih dalu têkèng muara Watingkup |
têpining pulo Kalapa |
pulo Wêsi wus kaèksi ||

87.
Sèh Mongraga wus waskitha |
lamun ana pandhita sabrang prapti |
tan rahayu sêdyanipun |
ngartika jroning nala |
nora suci atine pandhita iku |
ala-alane priyangga |
apa sasêdyanirèki ||

88.
Kang ala anêmu ala |
kang bêcik sayêkti nêmu bêcik |
mangsa lyanna kang amangguh |
yêkti pribadinira |
yata ingkang lagya mara anèng laut |
kasabêt ing pancabaya |
angin putêran (n)dhatêngi ||

Jilid 11 - Kaca : 299

89.
Samodra rob ambêlabar |
alun pasang gumulung kadi wukir |
mawalikan sru gumuntur |
bêntur kumbak goraya |
mawrês adrês udan angin mawa lesus |
kêngkang kumbul ngambal-ambal |
lir kinêbur kang jaladri ||

90.
Palwa mibêr lir kitiran |
pêcah ambyuk sumyur kadya sinuwir |
dadya tatal ambalêdug |
wong wolungdasa lima |
ting kurambang gulagêpan anèng laut |
layar kêmudhine ilang |
Ragarunting kawlasasih ||

91.
Andharidhit sêbutira |
sabate tan pisah anèng jaladri |
muwêr kèdêr lir pinusus |
komêt ubêng-ubêngan |
ting barêngok sambat mati amimisuh |
Ki Ragarunting miyarsa |
nauri sarwi ngririntih ||

92.
Aja na mimisuh sira |
malah mandar padha dhikira sami |
nora ilok wong mimisuh |
lagi cobaning Suksma |
salawase durung cobaning Hyang Agung |
tyasmu padha nêlangsa-a |
sabate sami prihatin ||

93.
Ragarunting wus rumangsa |
tyasnya salah yèn kadudonirèki |
ananêdha ing Hyang Agung |
ing kaluputanira |
sru tobate cipta nuliya kêpangguh |
lan pandhita kang kuwasa |
ingkang anèng pulo Wêsi ||

94.
Langkung pênalangsanira |
Ragarunting lawan sabatirèki |
anut salèmbaking alun |
mêndha robing sagara |
pan wus kadya sabên ombaknya kang alun |
samya nangis sadayanya |
kèh-akèh sambatirèki ||

95.
Yata na juragan prapta |
mulat ana janma kèh curnèng tasik |
juragan awas andulu |
anulya pinarêkan |
Ragarunting lan sabate wolungpuluh |
pating caraèk sasambat |
minta tulunging aurip ||

96.
Agupuh Kae juragan |
nuduh rowang kinèn nguncali tali |
ingkang tinuduh agupuh |
samya (m)buncangkên tambang |
sigra nyandhak kabèh sabat wolungpuluh |
sinarudhah ing baita |
kabèh wuda lir cicindhil ||

97.
Ki juragan wirang mulat |
sigra sinungan sinjang sadayèki |
salirang wong loro têlu |
sarwi alon tatanya |
lah ki sanak ing pundi (n)dika puniku |
bilai anèng sagara |
kongsi wuda sadayèki ||

Jilid 11 - Kaca : 300

98.
Lan pundi kang (n)dika-sêdya |
anauri alon Ki Ragarunting |
manira ing Bangkaulu |
pandhita kang kuncara |
ngupaya-a mangsa ana-a têtêlu |
ing saluwak nungsa-nungsa |
kadi Datuk Ragarunting ||

99.
Dene kang manira sêdya |
yun papangguh pandhita pulo Wêsi |
de kasub langkung linuhung |
marma manira arsa |
têkèng kene kabancana palwa rêmuk |
kitab ngong sapirang-pirang |
sirna sadaya tan kari ||

100.
Manira kapiutangan |
mring nak-bagus tutulung marang mami |
ki juragan lon amuwus |
(ng)gih Kyai padha-padha |
bêja-(n)dika pribadi kang mêksih untung |
dèrèng (n)dungkap ing pasthinya |
dumadak wontên nulungi ||

101.
Utama kang (n)dika-sêdya |
yun kapanggya pandhita pulo Wêsi |
sayêkti lamun linuhung |
mêsthi mangke andika |
nêmu mulya wuda mantuk nandhang luhung |
lan pinaring rajabrana |
sakarêp-(n)dika dèn-sungi ||

102.
Busana myang rajabrana |
marma kathah baita ingkang prapti |
sabêne sagara kidul |
datan kêna ingambah |
mangkya kenging inggih saking sawabipun |
pra nangkuda samya tuman |
anggambuh mring pulo Wêsi ||

680 Gambuh

1.
Sabat wong wolungpuluh |
samya bingar myarsa tuturipun |
cipta olih sêmbulih luwar prihatin |
wau ta Kiyai Datuk |
Ragarunting mojar alon ||

2.
Yèn sêmbada nak bagus |
aywa tanggung untapna katèngsun |
sadungkapan praptane ing pulo Wêsi |
juragan nauri saguh |
sigra nglayarakên gupoh ||

Jilid 11 - Kaca : 301

3.
Prapta ing ujungipun |
labuh jangkar pakandhasanipun |
pan wus ana palwa pasrudhahan janmi |
ki juragan ris amuwus |
lah (n)dawêg (n)dika-marono ||

4.
Mêntasèng lêsta ngriku |
numpak palwa pasrudhahanipun |
Ragarunting mulat mring sabatirèki |
kèh lara mutah ampêru |
kami kêkêsên (n)dharodhog ||

5.
Ragarunting wlas (n)dulu |
mring sabate kang kèh lara murus |
ki juragan aris dènnya mituturi |
asambada (n)jaluk tulung |
mring sang panthita kinaot ||

6.
Yèn antuk sawabipun |
nulya sadaya osiking kalbu |
aprasambat nuwun mulya ing sang yogi |
kang nora bisa cêlathu |
kewala sajroning batos ||

7.
Pra sabat wolungpuluh |
samya mulya tan ana kang angluh |
pra juragan ingkang lunga têka sami |
angsung sinjang sadaya wus |
kabèh waras amêrabot ||

8.
Ki juragan gumuyu |
tênta lamun wontên sawabipun |
jêr pranyata punika janma linuwih |
mangke yèn (n)dika katêmu |
ingkang ragi ngatos-atos ||

9.
Kalangkung wingitipun |
janma kang alul-dana puniku |
datan kêna sumambrana lair batin |
sing sayêktine pan sampun |
angraga-sukma minanon ||

10.
Wusnya dènnya pitutur |
Ki Ragarunting nauri wuwus |
(ng)gih nak-bagus apan wus kasêdyèng ati |
atêmu kang apalungguh |
wus padha kalawan ingong ||

11.
Ki Ragarunting gupuh |
mudhun saking pasrudhahan prau |
pan ingiring ing sabat sadaya sami |
Kae Ragarunting Datuk |
dènnira anganggo-anggo ||

12.
Srêban sultani patut |
jubahira pêthak galar konus |
sêbe wulung sarung kapuranta Bugis |
atêkên pênjalin wulung |
canela suku kinaot ||

Jilid 11 - Kaca : 302

13.
Saking pawèwèhipun |
juragan wau ingkang tutulung |
wus tumêkèng ing ngalêsta pulo Wêsi |
pasang rakit patutipun |
tuhu kalamun kinaot ||

14.
Undhak-undhakanipun |
gilang waja sanglingang sinangub |
angunguwung têlêng ngujwala awilis |
undhakan tundha rongatus |
sapênginggil amêncorong ||

15.
Pulo inggil anggunung |
myang asrining banjaran linuhung |
sangkêp sawarnining kitri adi-adi |
sasamining taru-taru |
lan kang lumrah yêkti kaot ||

16.
Kawuryan adi luhung |
anglir pendah kaswargan anurun |
sawarnining kitri-kitri tuwin rukmi |
godhong myang sêkar-mas luru |
isining woh-woh sayêktos ||

17.
Myang kang wit karang-watu |
pulas-pulas tuturutan nguwung |
gilap nuluh angrênyêp pating parêlik |
abra markata umancur |
kaendahaning pandulon ||

18.
Tan nana èmbanipun |
sajroning donya ingkang kadulu |
apan amung sasiki ing pulo Wêsi |
tanêmaning jalma luhung |
karamatirèng wali-hos ||

19.
Yata ingkang lumaku |
Ki Ragarunting lan sabatipun |
wolungpuluh lima samyèram ningali |
bunga-bungah jroning kalbu |
bakal olèh donya kaot ||

20.
Ragarunting ngling kalbu |
ya ta lah acukul pulo luhung |
pan bêjane kang nutugakên ing benjing |
pantês para ratu-ratu |
kang darbe iku santero ||

21.
Layak bae kadyèku |
duwe laku loma mumah-mumuh |
paradhah bèr dana dunya kèhe janmi |
tan ngrasa kelangan untung |
wong cukul dhewe mêngkono ||

22.
Wau ta lampahipun |
Ragarunting wus prapta ing pintu |
sabat wolungpuluh agawok ningali |
maring wong ngambil donyèku |
tuwa anom lanang wadon ||

23.
Lunga têka asêlur |
jêjêl uyêl mèt sasênêngipun |
ingkang malih wastra kêling mori-mori |
kang tan lumrah alusipun |
myang ngambil rêtna sotya byor ||

Jilid 11 - Kaca : 303

24.
Sabate wolungpuluh |
mulat donya-brana ngundhung-undhung |
Ragarunting karênan mulat donyèki |
tan nyana karamatipun |
sang Sèh Adi Amongkaot ||

25.
Mèksi gêdhong tan tutup |
mara ngambil busana di luhung |
amêmatut panganggo Ki Ragarunting |
kulambi budhidhar tatur |
anyamping kêling talêpok ||

26.
Srêban sultani mungguh |
nulya sabatira wolungpuluh |
payo batur padha mupu donya singgih |
samya salin sinjangipun |
ambyuk ngambil kumaroyok ||

27.
Milih sasênêngipun |
katutugan ing sakarêpipun |
bungah-bungah ana kang ngibing mênyanyi |
sami ngalumpukkên wau |
donya brana kang di-kaot ||

28.
Arah ginawa mantuk |
sotya rukmi wastra saliripun |
Ragarunting kèlu ring sabatirèki |
pan kalindhih imanipun |
karêm ing barana katon ||

29.
Arahira ing wau |
Ki Runting ahlinira ing ngèlmu |
ing pangarah ing akerat asli muslim |
ing mangkya tyasira kurut |
prantandha tan têkèng batos ||

30.
Awon sasêdyanipun |
sampun kinawruh angliring kalbu |
Sèh Mongraga alinggih kalawan rabi |
wau ta ing karsanipun |
cipta nênêdhèng Hyang Manon ||

31.
Aningit ing pandulu |
tinarimèng Hyang saciptanipun |
pratandha wus ngalap kajumbuhan tunggil |
wus tan malat ing pandulu |
yata kang sêdya mradhayoh ||

32.
Prapta ing pandhapa gung |
kang darbe wisma datan kadulu |
Ragarunting angling mring sabatirèki |
dene ki kapanggih suwung |
kang duwe wisma tan katon ||

33.
Rêke kewala samun |
wisma di wus sirna tejanipun |
sabatira lima aturira ririh |
yèn pandhita kang palungguh |
kados wus angraga Manon ||

34.
Langkung sinêktinipun |
Ki Ragarunting malih amuwus |
payo padha golèkana dèn-kapanggih |
sabat kang liningan gupuh |
angulati tan kapanggoh ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20b) Kaca 276 - 288
  • (21b) Kaca 304 - 316 >