Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 39

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21b) Kaca 304 - 316

 

( Sèh Amongraga dhawuh yasa padhepokan

ing Wanatawang )

11

VIII. Sèh Amongraga dhawuh dhatêng Jayèngrêsmi Jayèngraga supados yasa padhepokan ing Wanatawang lan Wanasonya. Sèh Amongraga lajêng lêlana ing alam alimut sarta nyipta Kutha Waja utawi Pulo Wêsi isi mas picis rajabrana. Kathah tiyang sami dhatêng, kêparêng mêndhêt barang-barang sasênêngipun. Pandhita ing Bangkaulu Ki Dhatuk Ragarunting badhe nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, dhatêng ing Kutha Waja kadhèrèkakên muridipun wolungdasa, wasana botên sagêd mapaki Sèh Amongraga lan kawirangan. Sèh Amongraga midêr-midêr ing pulo Jawi dumugi ing Guwa Langse, kapanggih Ki Darmèngbudi, nyuwun puruita, kawêjang, wasana sakala mlêsat dumugi Palembang adamêl sirêp pagêblug ing ngrika. Sèh Amongraga sakalihan kapanggih Ki Ragarêsmi nyuwun puruita, kawêjang dening Nikèn Tambangraras lan dados muridipun, lajêng ndhèrèk dhatêng Wanataka. Ing Wanataka Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga, karawuhan Sèh Amongraga sakalihan lan kadhawuhan mantuk dhatêng Wanamarta, jalaran Ki Bayi Panurta nandhang gêrah.

1. Wanci bakda Ngasar ing Wanataka Sèh Mangunarsa lêlênggahan kalihan Sèh Anggungrimang, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga dalah para semahipun. Sèh Mangunarsa dhawuh supados Jayèngrêsmi lan Jayèngraga yasa padunungan ing sakiwa têngênipun Jurang Jangkung, i.p. ing Wanatawang lan Wanasonya, dumadakan Sèh Amongraga sakalihan rawuh. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga badhe ndhèrèk botên dipun parêngakên. Sèh Amongraga sakalihan lajêng lêlana ngidêri tanah Jawi, wêkasan nyipta Kutha Waja utawi Pulo Wêsi ing Watingkup, muaranipun bumi Bantên. Pulo wau kados rakiting praja, rêrêngganipun sarwa gumêbyar, kathah mas picis rajabrana, sutra, sêmbagi sarta barang-barang endah lan anèh-anèh. Tiyang-tiyang saking Acèh, Banjar, Riyo, Lampung, Kangeyan lss. ingkang dhatêng ing ngriku kenging mêndhêt sasênêngipun. Kabar waradin lan kapirêng dening Ki Dhatuk Ragarunting ing Bangkaulu, lajêng numpak prau dhatêng Pulo Wêsi kadhèrèkakên muridipun tiyang wolungdasa. Niyatipun badhe nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, wasana kawêlèh-wêlèh. Sasampunipun kapanggih, kajawi mêndhêt barang sasênêngipun, malah nêdha Nikèn Tambangraras, ugi kaparingakên. Ing têngah margi Nikèn Tambangraras musna, praunipun Ki Dhatuk kabuncang ing angin, ngantos sadaya barang-barang ical, Ki Dhatuk kawirangan.


Kaca 304 – 316

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 304

680 Gambuh

35.
Ki Dhatuk cêlak-cêluk |
lah ta êndi kang duwe wismèku |
babo dene nora nana anêmoni |
jarene suka ing tamu |
nora nampik sakèhing wong ||

36.
Mongraga eca lungguh |
nèng paningrat lawan garwanipun |
myat ring tamu têka mèsêm jroning galih |
Ki Runting anginguk-inguk |
watuk dhaham-dhaham atos ||

37.
Dènnya mrih amumungu |
pinurih gya tumuliya mantuk |
suka bungah Ki Runting sajroning ati |
dening wuryaning wisma gung |
upamakna ing pandulon ||

38.
Baya swarga tumurun |
kaendahan donya tan kadyèku |
adiaèng mêngkene cukul pribadi |
mêngkana ciptaning kalbu |
dhaham suprih kaparungon ||

39.
Sang tapa mèsêm (n)dulu |
marang tamu kang sêdya papangguh |
dadya sang Sèh Adi Mongraga nabda ris |
bageya kang lagya rawuh |
lah (n)dawêg andika lunggoh ||

40.
Yèn sudi ngambil kawruh |
lan manira têtêpungan ngilmu |
eman-eman wong sêdya têmu tan panggih |
Ki Ragarunting anjumbul |
pundirangan amalèngok ||

41.
Kumêsar manahipun |
kakêtêgira arêbut dhucung |
Dhatuk Ragarunting wus angrasa ajrih |
nêbut astapirolahu |
nguwuh mring sabat wong-uwong ||

42.
Padha mreneya gupuh |
iki apa swara kang karungu |
têka gawe mêmêdèni marang mami |
Sèh Mongraga malih muwus |
ki sanak jwa salah sênggoh ||

43.
Ngriku dèn-enak lungguh |
rèyang nèng ngriki ênggih alungguh |
dèn-abêcik aywa salah tampi yayi |
rèh rika pandhita jêglug |
mangsa amblabak kakaol ||

681 Balabak

1.
Kae Dhatuk Ragarunting manahira |
ajèngkèl |
ngling mring sabat lah ta êndi swara iki |
prênahe |
lah ya sabat kabèh padha gagapana |
ênggonne ||

Jilid 11 - Kaca : 305

2.
Yèn tan nana sayêkti kumara bae |
abane |
sabat wolungpuluh sigra anggagapi |
prênahe |
(ng)gonning swara dèn-mèk-mèki nora nana |
êmêge ||

3.
Samya mojar lho ing kene lho ing kene |
banène |
para sabat solahe lir gogo iwak |
tangane |
kabèh padha mèk-mèkan pating karêmèk |
(n)jêbèbèh ||

4.
Ting cêlulu miwah Kae Dhatuk Raga |
-runtinge |
ayak-yakan lir lare samya sèruban |
polahe |
(ng)gagap lir wong padha (n)jogèd Pêtung-wulung |
(n)jêgègèh ||

5.
Grayah-grayah andhodhok bokong anyênthing |
andêngkèk |
sang Sèh Adi Mongraga mèsêm tumingal |
polahe |
mring wong akèh kang samya kinèn (ng)golèki |
tingkahe ||

6.
Ting jarêngkit bokonge pating kaluyur |
lakune |
winêratan pandhapa pênirat wisma |
kabèhe |
ing jêrambah pagêdhongan tan tinêmu |
titine ||

7.
Sakabèhe kang sami kinèn (ng)golèki |
kawêlèh |
nora pijêr (ng)golèki katungkul mulat |
endahe |
jroning wisma kumêndhung-kêndhung lir swarga |
adalèh ||

8.
Sajêg-jêge samya tan tumon tan wêruh |
katêmbèn |
wruhing adi luwih kaendahanira |
lawase |
amêlongok matane kumêdhèp têsmak |
gawoke ||

9.
Wus antara dangu dènnira ngulati |
wong akèh |
Sèh Mongraga aris dènnira wacana |
wuwuse |
lah ki sanak kapati (ng)gonning ngulati |
marang ke ||

10.
Rika lir wong tanpa netra dene rèyang |
nèng kene |
sira Kae Dhatuk Ragarunting alon |
wuwuse |
manirèki tan rêna lamun tan uning |
yêktine ||

11.
Apêkewuh ing lungguh tan kalawanan |
panggihe |
mangkya rêna manira yèn pakênira |
angèdhèng |
sang Sèh Adi Mongraga aris ngandika |
dêlinge ||

12.
Yèn sira yun wêruh muga wruha marang |
sun kiye |
nulya mêdhar amênyahakên sarira |
iksane |
Kae Dhatuk Ragarunting kagyat ngucap |
lah kuwe ||

Jilid 11 - Kaca : 306

13.
Cahya wênês sumunu kadya sasangka |
bangune |
nulya samya lênggah anèng pandhapèka |
dhêpêke |
wus miranti gêgêlaran kasah rukmi |
ginèpèng ||

14.
Sèh Mongraga alênggah lan garwanira |
nèng lante |
sabat wolungpuluh andongong anjomblong |
(n)dulune |
tan kuwasa mulat sanginggiling tênggak |
kabèhe ||

15.
Kae Dhatuk Ragarunting jawat tangan |
ge-age |
Sèh Mongraga tan arsa sarya ngandika |
wadine |
dene lir wong mukmin watak jawat tangan |
salame ||

16.
Grago rangu tyase Dhatuk Ragarunting |
kadhone |
Sèh Mongraga ris tanya mring Ragarunting |
têmbunge |
rikèng pundi wismèng wingking sapa sintên |
parabe ||

17.
Ragarunting nauri tan pati krama |
ujare |
ketang dènnya jawat tangan tan linawan |
sêrike |
para tanya sasana mara ing wuri |
asline ||

18.
Bangkaulu antero pulo Sumatra |
jung kilèn |
de panêngran Dhatuk Ragarunting ingsun |
ngong kiye |
sarwi ombak bandha sumitra anggunggung |
awake ||

19.
Manira kang dinatuk-datuk pra raja |
sabrange |
myang wong gêdhe-gêdhe kèh padha ambapa |
anggêpe |
wus kawêntar manira liyan nagara |
kontape ||

20.
Miwah janma liyan wus akèh kang prapta |
mring dhèwèk |
samya sêm-sumungkêm (ng)guguru maringwang |
sênênge |
samangke ki ngong ngijak ing pulo Rakit |
pan angrèh ||

21.
Sakèhing pra pandhita kang agung-agung |
kalindhèh |
sarwi mêncar tingal mring Ni Tambangraras |
ulate |
langkung dènnya kagêbang brangta ing nala |
nêmênne ||

22.
Saujare sapolahe dèn-kagawe |
aèdhèg |
Nikèn Tambangraras tan kadêrêng mulat |
tingale |
Dhatuk Ragarunting tanya mring Mongraga |
ujare ||

Jilid 11 - Kaca : 307

23.
Para rêke paran kang linakokake |
ngèlmune |
sapa sintên kang sinambat lan ing ngêndi |
asline |
Sèh Mongraga wacana rèyang puniki |
tan angrèh ||

24.
Sakarêpta (ng)gonnira ngaranni basa |
jênênge |
sun-tarima sakadarira kewala |
kêsdune |
asliningsun anèng pangarêpanira |
nèng kene ||

25.
Sidhêp ujar jana kaluluning basa |
nyatane |
sarwi nolèh mring garwa kinèn angrukti |
suguhe |
rèhning lagya dhatêngan murih satata |
-kramane ||

26.
Garwa bisik tan darbe samukawisnya |
sasêpèn |
Sèh Mongraga mèsêm nanêdha Hyang Suksma |
murahe |
nyipta suguh sakadar nulya tinêkan |
tan suwe ||

27.
Dudu kang sêmono iku kaking Allah |
yêktine |
titahing Hyang kang donya cukup pribadi |
nèng kene |
susah paran dènupaya wus katingal |
blêgêre ||

28.
Apan dede makatên kang kula driya |
êbabe |
paran sabab para tan purun salaman |
marmane |
lah puniku ngèlmu kang panggih punapa |
kukume ||

29.
Apan tataning sarengat tan dèn-(ng)gonni |
dhèwèke |
tan pakolèh kang para alul agama |
yêktine |
sang Sèh Adi Mongraga mèsêm nauri |
têmbunge ||

30.
Rika iku uga ingujar dèrèng wruh |
jatine |
yèku lampahing wong ngalulkên surambi |
patrape |
rêke dudu lampahe wong alul iman |
tekade ||

31.
Wong anjawat tangan iku lah punapa |
têgêse |
yèn tan wruha tuwan wungkuk nora dadi |
sêlame |
sasalaman paran kang riki cêkêli |
apane ||

32.
Lan punapi kang katon ing sapatêmon |
karone |
yèn ta lamun ki sanak datan wêruha |
jatine |
wêdhus kêndhit saba rawa tanpa gawe |
sabane ||

Jilid 11 - Kaca : 308

33.
Ragan-ragan sirahe ambijig watu |
gêgodrès |
pati-pati tumbuk bêntus tuwas apa |
atètèr |
gampang wong kang jawat tangan yèn wêruha |
artine ||

34.
Kang sun-dêlêng sapapadhane agama |
Islame |
jênênge (n)Jêng Nabi duta wus tan katon |
samangke |
nênggih mawa ganjaran barkah sarengat |
Rasule ||

35.
Mongraga ngling yèku misih bangsa lair |
sunate |
aywa tungkul angitung sawab bênêran |
barkate |
masih anut basane papan lan tulis |
anggêpe ||

36.
Dluwang mangsi apan gagaweyaning wong |
maune |
tanpa kusur sasar-susur anut tutur |
ngèlmune |
sastra iku aling-aling angalingi |
têmahe ||

37.
Masih gebang-gebange kêrana donya |
gingsire |
dadya luput panggayuhe lalawora |
êngame |
tangèh lamun tumêkane kawruh jati |
amgênne ||

38.
Karanane warana ingkang ngalingi |
kajatèn |
ywa katungkul ngêkul-êkul lir wong gêcul |
ucule |
Ragarunting alêgêg tan kêna angling |
mrêngute ||

39.
Pan kèwuhan dènnyarsa ambêbantasi |
ujare |
Sèh Mongraga karya prèjènging kajatèn |
wuwuse |
pan tinêmbing ing kawruh Ki Ragarunting |
ngèlmune ||

40.
Lah jawabên ki sanak ingkang patitis |
samangke |
ingsun iki apa tuwa lan apa nom |
yêktine |
mojar para tatakon nom tuwanira |
mring dhèwèk ||

41.
Nom tuwanta sayêkti anèng manira |
ênggonne |
de nom tuwanira iku anèng sira |
ênggonne |
nora nana bisa ngaranni pribadi |
dhèwèke ||

42.
Mongraga ngling yèku durung rêna mami |
jawabe |
apan iku basa ujar bakal bae |
boronge |
paran têgêse tuwa kalawan anom |
ta rêke ||

Jilid 11 - Kaca : 309

43.
Ragarunting angling de kang aran tuwa |
lan nomme |
ranning tuwa ya kang tuduh mulih marang |
jatène |
maring ênom tuwane amalih rupa |
baguse ||

44.
Mung puniku kawruh-para gêgêthêkan |
ethoke |
Sèh Mongraga mèsêm anauri aris |
têmbunge |
misih tangèh (n)dungkaping marang kajatin |
yêktine ||

45.
Kalakuwan lan laku kalawan ngèlmu |
jatine |
Ragarunting nauri mungguhing laku |
kawruhe |
nênggih ngèlmu kang bênêr nora sulaya |
tekade ||

46.
Ingkang aran tuwa ya satuwanira |
têmênne |
ingkang ênom lah iya ênomme dhewe |
tan wanèh |
Mongraga ngling sun tan rêna lah kêpriye |
undhake ||

47.
Runting angling wong tuwa kang sampun nyata |
êkake |
tuwa kang wus tumêka marang Hyang Widdhi |
dhèwèke |
sang Sèh tanya paran rupane Hyang Widdhi |
wujude ||

48.
Anèng ngêndi ananing Hyang ingkang pasthi |
wujude |
Ragarunting mojar e lah nora kêna |
ginawe |
apan ora kantha wêrna ambu rasa |
tan kênèng ||

49.
Winujudkên kalawan akal tan kêna |
angèdhèng |
Mongraga ngling wus têtela rika iku |
apèndhèk |
luwih sasar ingaranan wong duraka |
padhane ||

50.
Ragarunting nauri sêngak asêngol |
wuwuse |
yèn mêngkono para iku ingong buru |
têmêne |
lah kêpriye karêp-para anganèhi |
ewuhi ||

51.
Sang Sèh Adi Mongraga nauri aris |
têmbunge |
kaya apa karêp-para na-a ujar |
mêngkene |
êndi Allah anane padha samêngko |
nyatane ||

52.
Lah ucapna ki sanak yèn rika wus wruh |
jatine |
Ragarunting ambêkès brangas apanas |
atine |
para iku paksa iya ngluluwihi |
ambêke ||

53.
Tanya jatining Allah tan warna rupa |
aibe |
wus katutup linarangan ing agama |
Rasule |
sing sapa kang tatanya nyatakkên Allah |
wujude ||

Jilid 11 - Kaca : 310

54.
Pasthi kukum patut kinisas ing pati |
dosane |
wênang lamun rinuwat padha samêngko |
yèn matèk |
Sèh Mongraga gumuyu sarya wacana |
saure ||

55.
Nyata têmên ujarira yèn wong alul |
kukume |
yèku lungguhing wong kang alul sarengat |
lumrahe |
wong yèn alul kajatèn mangsa ajriha |
pinatèn ||

56.
Tan dêrana Ragarunting sigra ngatag |
santrine |
kinèn samya anyêkêl Sèh Amongraga |
sabate |
lah êbyukên ing wong akèh iku sami |
dèn-age ||

57.
Yèku wong kang kêna kukum dosa gêdhe |
yêktine |
lah labuhên ing sagara dimèn sirna |
anggane |
ing wong murang sarak patut dèn-pupurak |
kukume ||

58.
Kang ingatag kabèh sigra arsa nubruk |
wanine |
apan lagya anjangkah kalumah |
tibane |
kang kajungkêl krungkêp kongsêp anggulinting |
kabèhe ||

59.
Apralina pra samya kêna ing walat |
-sarike |
Ragarunting anggulinting kalosodan |
lempohe |
paringisan pelo tan cêtha calathu |
amèwèk ||

60.
Sèh Mongraga umèsêm lan garwanira |
kalihe |
dening padha mati kabèh datan urip |
anglèsèt |
Ragarunting-paringisan mèlèt-mèlèt |
lambene ||

61.
Sêdyanira sasambat ilate alot |
amele |
sambat batin kewala langkung ngrêrêpa |
tobate |
ah-uh ah-uh agêduwul sêdyanira |
atine ||

62.
Asru dènnya nalangsa minta apura |
batinne |
mring Mongraga malah lali Pangerane |
suhude |
Sèh Mongraga jroning driya wus udani |
sosike ||

63.
Ragarunting asru-asru dènnya minta |
mulyane |
nulya (n)donga waluyane Ragarunting |
pinorèh |
supayane ing mêngko bisa anjuru |
-dêmunge ||

Jilid 11 - Kaca : 311

682 Jurudêmung

1.
Nastijab pandonganira |
sakala dènnya mrih ayu |
alon pangandikanipun |
lah sanak kang sêdya harja |
paran sakarêpirèku |
sêdyanira minta mulya |
muga mulya-a sirèku ||

2.
Ragarunting tan antara |
wus mulya lir waunipun |
patobatira kalangkung |
tan purun malih-maliya |
anging ingkang kula suwun |
uripna santri kawula |
kawlasarsa sami lampus ||

3.
Sintên kang rencang kawula |
yèn awèt kiyanatipun |
Sèh Mongraga lingira rum |
lah iya sakarêpira |
waras lan pribadinipun |
sakala santri kabèhnya |
mulya urip sadaya wus ||

4.
Pungun-pungun pangrasanya |
lir nêmbe atangi turu |
Ki Ragarunting andulu |
langkung bungah manahira |
santrinya urip sadarum |
sru sokurirèng Hyang Suksma |
lali panêlangsanipun ||

5.
Angot èngêt sru kasmaran |
mring Tambangraras dènnya kung |
Ragarunting wuwusipun |
tan amawi subasita |
hèh Mongraga ngong minta yun |
lah sun-jaluk rabinira |
manira sênêng kalangkung ||

6.
Dèn alila manahira |
sun tan-(n)jaluk donya luhung |
mung (n)jaluk pawèstri iku |
sun-rabèni bojonira |
Sèh Mongraga lon amuwus |
iku tan anèng manira |
yêkti nèng pribadinipun ||

7.
Lêwih kang aduwe jiwa |
Ragarunting mèsêm muwus |
dados lila ingkang kalbu |
anjurung sakarêpingwang |
yèn makatên lungna gupuh |
rabinta manira-gawa |
Sèh Mongraga ngandika rum ||

8.
Marang Nikèn Tambangraras |
lah paran yayi sirèku |
jinaluk mring pandhitèku |
pan kinarya rabinira |
Ni Selabrangta aminggu |
kèwuhan sajroning nala |
cipta cobaning Hyang Agung ||

9.
Dèn ningkên raosing driya |
jrih wangkot karsaning kakung |
kumambèng wisesanipun |
mopo jrih durakèng priya |
Nikèn alon aturipun |
punapa ing karsa tuwan |
darmi anglampahi tuduh ||

Jilid 11 - Kaca : 312

10.
Witne mugi ywa kadyèka |
bênggang anèng pada ulun |
dèn kongsi lêbur aluluh |
pyasah sandhaping padanta |
Sèh Mongraga ngandika rum |
iki tan arsa ing sira |
Ki Runting nauri wuwus ||

11.
Ika pan wisesa-para |
darma punapèstri wau |
tulusna dananirèku |
Sèh Mongraga angandika |
nora sêdya dana ingsun |
(n)danakkên nèng rabi-rèyang |
mung dana donya brana gung ||

12.
Apan ya sakarêpira |
lèhira ngambil brana gung |
wus sokur lila katèngsun |
pan ingsun tan milih janma |
Ki Runting ngangsêg amuwus |
êndi yêktine jarira |
adana lila ing kalbu ||

13.
Sakèhing padana-para |
Sèh Mongraga amuwus |
lah ta yayi sira iku |
idhêpên pituturingwang |
ywa nikêlkên ing atuduh |
lagya ganjaraning Suksma |
sira miluwa jinaluk ||

14.
Marang pandhita ginawa |
mring sabrang kamulanipun |
Tambangraras amuwus |
sang ayu mijilkên waspa |
kumocor lantaran bau |
ajrih lamun lênggana-a |
bênduning Hyang kang kaetung ||

15.
Wasana angrês turira |
sumanggèng karsa sakayun |
sanadyan tumêkèng lampus |
tan nêdya lêngganèng nala |
Sèh Mongraga ngrês andulu |
aris pangandikanira |
tingalana sih Hyang Agung ||

16.
Yayi sira (n)jênêngêna |
ing tapanira kang mujud |
sihing Hyang Ingkang Maha Gung |
pira-bara ingapura |
lantar panrimaning kalbu |
wus miluwa yayi sira |
mring pandhita kang dahat hyun ||

17.
Aywa wot yayi tyasira |
lakinta pandhita luhung |
idhêpên pituturingsun |
sira Nikèn Tambangraras |
tur sêmbah anguswa suku |
lumèngsèr sarta udrasa |
tansah andulu mring kakung ||

18.
Nolih-nolih lampahira |
Sèh Mongraga sung pandulu |
mring rabi sinuksmèng kalbu |
tumintak tinut ing tingal |
samya sih pangiksanipun |
Ragarunting sigra mentar |
Ni Tambangraras nèng ngayun ||

Jilid 11 - Kaca : 313

19.
Ki Dhatuk nèng wurinira |
pan ingiring santrinipun |
sadaya wong wolungpuluh |
gumêrah abingah-bingah |
gurune olèh dyah ayu |
samya anggunggung digdaya |
ambahak somahan purun ||

20.
Bojone tan anukarta |
lila lêgawa pinundhut |
mangkana ing lampahipun |
yata Ki Sèh Amongraga |
angatêr lampah nèng pungkur |
sarwi bibisik pra janma |
kang samya mèt brana agung ||

21.
Ki sanak kang mupu brana |
lah tuturana sadarum |
yèn uwis pangambilipun |
nutug sarasaning karsa |
kewala dèn-barêng mantuk |
aywa na kèri sajuga |
lèhira momot pêrau ||

22.
Kang liningan tur sandika |
tinuturan sadaya wus |
yata lampahe Ki Dhatuk |
praptèng têpining samodra |
kèndêl tan ana pêrau |
kabèh kang para juragan |
kang momot donya brana gung ||

23.
Sarêngan panumpakira |
ing palwa layar sadarum |
bêrsih tan nana pêrahu |
kabèh kang para juragan |
Ragarunting lan santrinya |
kang kari tan duwe prahu |
Ki Ragarunting angucap |
hèh sabat lima sirèku ||

24.
Ragajuni Ragajuma |
Ragagaluh Ragajungkung |
Ragajulus ingong tuduh |
kêcapa marang pandhita |
manira (n)jaluk pêrahu |
sun (ng)go layar marang sabrang |
aywa tanggung (ng)gyan tutulung ||

25.
Sabat lima wangsul sigra |
Mongraga mapaggên laku |
kang panca sabat wus pangguh |
lan Mongraga duta mojar |
kawula rêke tinuduh |
mundhut palwa ing panduka |
binêkta layar umantuk ||

26.
Mring Bangkaulu Sumatra |
ing pitulung aywa tanggung |
Sèh Mongraga ngandika rum |
ya wus sira aywa susah |
ing kana wus ana prahu |
nulya nulak kang dinuta |
santri kèh wong wolungpuluh ||

Jilid 11 - Kaca : 314

27.
Samya ngalap rajabrana |
wastra di rukmi sotya gung |
samya winot ing pêrahu |
samêkta sadayanira |
asuka-suka kalangkung |
daut jangkar babar layar |
kundur mring pulo Balitung ||

683 Durma

1.
Dyan kabajra palwa mawan ing samodra |
lumêpas lir jêmparing |
kêmudhi ngrèh parah |
ngarah ngirat maruta |
pinarastha ngiras laris |
sèrèng sisiran |
rèrèh panjoring riris ||

2.
Amêr-amêr sahawan pidaking pada |
Ki Dhatuk Ragarunting |
wus rèrèh palwanya |
suka-suka bujana |
lan santrinya sadayèki |
pan abubungah |
de kauntungan sami ||

3.
Samya (ng)gunggung pra santri mring gurunira |
miwah kang amênyanyi |
sinambi nyamikan |
manah lir punagiya |
aramyan-ramyan samargi |
ngetung kontungan |
antuk donyèstri adi ||

4.
Yata ingkang kantun Ki Sèh Amongraga |
amusthi ing pangaksi |
anyipta tan ana |
sirnaning pandêlêngan |
ngulihkên kamulanèki |
wus kalanggatan |
sasêdyanira dadi ||

5.
Janma tama panuksma kajatènira |
tanpa antara nênggih |
nungsa pulo Jawa |
sirna tan kawistara |
dhukuh banjaran musna nis |
tanpa tuduhan |
mulih dadi jaladri ||

6.
Mulung maring rabènira wus binêkta |
ing ngasrama awingit |
jaman kanyênyêtan |
yata ingkang kocapa |
Kyai Dhatuk Ragarunting |
dènnya alayar |
anèng madyèng jêladri ||

7.
Kagyat mulat Ni Tambangraras tan ana |
gupuh kinèn ngulati |
sajêrone palwa |
longkanging pasênthongan |
paslêmbon sadaya sêpi |
narka wus ilang |
Ki Dhatuk Ragarunting ||

8.
Samya gègèr pra santri sajroning palwa |
tan ngarti ring pakarti |
yata sanalika |
dènnira alêlayar |
katêmpuh angin gung prapti |
amawa gora |
rob pasanging jaladri ||

9.
Gumaludhug angin ombak mawalikan |
kombul mawukir-wukir |
toyaning sagara |
kapêcuting panjara |
pancawara angayuti |
têdhuh ruara |
gêtêr-patêr rawati ||

Jilid 11 - Kaca : 315

10.
Lir kinêbur jumêgur angambak-ambak |
bakal ambêbayani |
pan kabina-bina |
gumuntur magênturan |
Kyai Dhatuk Ragarunting |
sarowangira |
tan nana duwe budi ||

11.
Lir anggane ing pati têkèng sakarat |
tan ana lyan pinikir |
myang lyan kang winulat |
mung marganing pralaya |
angadhêp keblating pati |
palwa putêran |
mungsêr kadya kabikir ||

12.
Mubêng kèngêr komêt mêdêd tan panon rat |
katiyup dening angin |
sruning bayu bajra |
palwa mêsat ing tawang |
wutah kabuncang wiyati |
baita musna |
mulih ajaling wingit ||

13.
Kamulane cipta wus tan na karana |
kang kapususing angin |
Kyai Dhatuk Raga |
-runting sarowangira |
wong wolungpuluh anênggih |
samya pralena |
singunên tan na urip ||

14.
Kabur samya ginimêr undur-unduran |
munyêt anèng wiyati |
wus pinusthèng cipta |
maring Sèh Amongraga |
linêpas akalawan angin |
supayanira |
tibèng dhangkanirèki ||

15.
Bangkaulu antero tanah Sumatra |
muara sabrangnèki |
pakampunganira |
anèng pulo Cilinan |
patrukaning pulo Rakit |
yata pra samya |
ngalêntang sing wiyati ||

16.
Kadya buah rontog saking uwitira |
tiba tan nana eling |
lamak panonira |
sumaput anèng tawang |
dangu antaranirèki |
pangliririra |
lêngêr-lêngêr tan eling ||

17.
Tan kèlingan duk wau katubing barat |
prabawaning awingit |
toyaning samodra |
saputing bayu bajra |
gurnita sru ruara (n)jrit |
kaelokannya |
Kyai Sèh Amongragi ||

18.
Darajate oliya janma utama |
jinurung ing Hyang Widdhi |
mêtokkên wêwêlak |
milalati karamat |
lir Ki Dhatuk Ragarunting |
akarya cacah |
-cucahing janma luwih ||

19.
Têmah olih kêparat kêna musibat |
katulah ing sasakit |
malarat kasrakat |
lan pawong santrènira |
lir duk katubing jaladri |
samya têlanjang |
tan nana nandhang jarik ||

20.
Ragarunting kalangkung pangungunira |
mulat angganirèki |
myang miyat rowangnya |
kabèh samya wuwuda |
rumangsa sisipirèki |
asalah karya |
mring kawulaning Widdhi ||

Jilid 11 - Kaca : 316

21.
Nulya Ragarunting lan santrine samya |
mulih pating calili |
maring wismanira |
priyangga sami sinjang |
pan guyu-ginuyu angling |
lah iya ta lah |
katanggor ing bilai ||

22.
Ragarunting lungguh pakampunganira |
tinanggap mring pra santri |
Kyai Dhatuk Raga |
-runting alon wuwusnya |
kabèh santri-santri mami |
padha myarsakna |
tutur-ngong mring sirèki ||

23.
Aja susah kêna ingkang pancabaya |
pupusên ingkang bêcik |
padha narima-a |
lagi cobaning Suksma |
(ng)gyaningong nyatakkên iki |
ingkang kaucap |
ngulama kang linuwih ||

24.
Nyata yèn wus sasolahe waliyolah |
karya loking pangaksi |
kang mangkana ika |
tan kêna tiniruwa |
wus tan mikir bangsa lair |
ananging bisa |
akarya krana lair ||

25.
Dene mungguh ing ngèlmu pan nora beda |
lawan ingong sirèki |
iya padha uga |
pamèting ngèlmu rasa |
dadine marang kajatin |
ing dalêm êkak |
woring kawula Gusti ||

26.
Nora liyan ya kaya pamburinira |
anging bedanirèki |
anggêpe ing tekad |
tan ngopèni sarengat |
ing pangupa-jiwa lair |
wus nora sêdya |
misiling sandhang bukti ||

27.
Amung muhung usulira mring Hyang Suksma |
atilar tadhah guling |
kang mangkono ika |
tan kêna yèn tinuta |
wis sinung palal pribadi |
lambar santosa |
anuragèng kajatin ||

28.
Nora sêdhêng inganggo sawiyah janma |
kang aral owah gingsir |
bêcik sira padha |
nêtêpana sarengat |
ing kukum saraking Nabi |
ing upajiwa |
untunging sandhang bukti ||

29.
Santrinira andhêku myarsa lingira |
Ki Dhatuk Ragarunting |
yata kang kocapa |
sira Kae Mongraga |
lan kang garwa Selabrangti |
sêdya lalana |
kinanthi maring laki ||

684 Kinanthi

1.
Lir ngambara lampahipun |
sang Sèh Adi Amongragi |
napak madyèng ngawang-awang |
kadya rasaning pangimpin |
apan dulur dènêngawan |
lir Hyang Wisnu lan Dèwi Sri ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21a) Kaca 289 - 303
  • (22) Kaca 317 - 321 >