Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434703
Hari ini     :Hari ini :103
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :169
Bulan ini   :Bulan ini :3332
s/d hari ini   :s/d hari ini :434703
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 338 - 355

 

( Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga mantuk dhatêng Wanamarta )

11

IX. Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga sasemahipun mantuk dhatêng Wanamarta

Ing Wanataka, anggènipun bêbadra Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sampun wujud dhusun kalih, lèr lan kidul kinêmbar. Têtanêmanipun palakirna lan tiris sampun mancung, ngamalipun sampun kathah. Sanak sadhèrèkipun saking Wanamarta sampun kathah ingkang tuwi. Putra Wanamarta kêkalih wau sami kangên rama ibu ingkang miturut pawartos sami nandhang gêrah. Sèh Amongraga sakalihan rawuh kadhèrèkakên Ki Ragarêm paring dhawuh supados Jayèngrêsmi lan Jayèngraga mantuk dhatêng Wanamarta, kaêtêrakên dening Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang. Ni Rancangkapti kêlayu, kaparêngakên dhèrèk. Sadaya bidhal dhatêng Wanamarta. Lampahipun dumugi sêndhang Balara kapanggih Basariman, pangulu ing Ngardipala, lajêng kairid sowan Ki Malangkarsa, kapanggih sami suka rêna manahipun.


Kaca 338 – 357

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 338

687 Mêgatruh

9.
Pan rinakit pataman tanêmanipun |
sangkêp pra-kirna myang kitri |
akarya toya tinutus |
saking sela tuk kumriwik |
anglaleyan ing lêlangon ||

10.
Tirta irat mijil ing mangunahipun |
sira Kae Jayèngrêsmi |
nèng wana sana dinunung |
muslin tyasira sinukci |
ngulama trang ing pandulon ||

11.
Masjidira tan pati agêng amunggul |
kaiksan saking atêbih |
kalangkung asrinirèku |
pala-pala amarnani |
tan na lêbar mangsaning woh ||

12.
Salatira tan akèh amung tatêlu |
Iman-sêca Iman-suci |
Iman-bakin katrinipun |
kang samya wisma tutwuri |
ingkang angglidhigi dhukoh ||

13.
Datan arsa tinut wong kathah dhêdhukuh |
manawa angraramèni |
sakadar sumêdya namun |
nêtêpi dènnya nênêpi |
angêningakên pandulon ||

14.
Tan prabeda Jayèngraga dènnya dhukuh |
nèng Wanatawang amêncil |
sabatira namung têlu |
Jati-jiwa Jati-sêmi |
Jati-ngarang katrining wong ||

15.
Pasang rakiting dhukuh sakaliripun |
tan pae rêrekanèki |
kirihing toya pinêcut |
sawiyah-wiyah ing kitri |
kang beda padha sri tinon ||

16.
Lir kinêmbar warnane dhukuhanipun |
tur têbih antaranèki |
brang lèr kalawan brang kidul |
samya têpining wanadri |
lêt Jujurang Jangkung rêko ||

17.
Salaminya dènnira sami dhudhukuh |
nèng tanah Wanantakèki |
pra kulawangsanirèki |
saanak myang magêrsari |
ing Wanamarta kèh tinjo ||

18.
Sumawana para paman-pamanipun |
Suwarjo Wiradhusthèki |
Panukma lawan Panamur |
miwah Ki Kulawiryèki |
Luwaran lawan Malangbong ||

Jilid 11 - Kaca : 339

19.
Atanapi para kaponakanipun |
miwah kalangênanèki |
duk anèng Wanamartèku |
Sinung Surat duk ing nguni |
kang cinara ronggèng wadon ||

20.
Ingkang samya sêdya prapta sadayèku |
tan lami gya kinèn mulih |
kang sadalu kalih dalu |
tri dalu laminirèki |
tan patya tuwuk papanggoh ||

21.
Kang pra paman marang putra kalihipun |
samya angaturi mulih |
anging kang putra tan ayun |
sumados kewala benjing |
ing tyasira sêdhêng bombong ||

22.
Yata Jayèngraga lan rubiyahipun |
lawan sabate sawiji |
Jati-ngarang kang tut-pungkur |
mangalèr mring Wanasêpi |
dènnyarsa Jumungah mêngko ||

23.
Marang ing Wanantaka kampir dhukuh |
dhukuhe Ki Jayèngrêsmi |
Wanasonya yata wau |
nalikanira alinggih |
lan garwanira nèng suro ||

24.
Jayèngrêsmi mangkana wau andulu |
kang rayi prapta sarimbit |
ingawe majêng sing ngayun |
kang rayi kalih agipih |
rumèpèh lampahira lon ||

25.
Atur sêmbah salamira kang alungguh |
Turida lan Rarasati |
wus anunggil anèng pungkur |
Jayèngrêsmi ngandika ris |
wus pira lawase mêngko ||

26.
Anèng kene (ng)gyannira padha dhudhukuh |
kang rayi umatur aris |
kadi sampun gangsal usum |
sisidik dhukuh ing ngriki |
de sampun sarwa andados ||

27.
Jayèngrêsmi aris pangandikanipun |
paman kang wus padha mulih |
Suwarja Wiradhusthèku |
Panukma Panamar tuwin |
Kulawirya lan Malangbong ||

28.
Paran uwus prapta Wanamarta dhukuh |
matur kadya sampun prapti |
ing krajan Wanamartèku |
lamun kêncêng ing lumaris |
anjawi ing lampah rèndhon ||

29.
Sawêg sapêkên dènnya sami mantuk |
yèn rêmbên anèng ing margi |
kados dèrèng sagêd rawuh |
yèn botên (m)bènnipun prapti |
lamun kabêtah nèng jawoh ||

Jilid 11 - Kaca : 340

30.
Jayèngrêsmi alon dènnira amuwus |
patut ujarira iki |
yèn durung prapta ing dhukuh |
ewuh-ayaning lumaris |
kudu mrih ecaning lakon ||

31.
Pitêmbunge paman-paman sadayèku |
manira lawan sirèki |
padha tinimbalan mantuk |
marang (n)Jêng bapa Kiyai |
ana gêrahe ing mêngko ||

32.
Jayèngraga matur inggih marmanipun |
paman ta sangêt turnèki |
paduka ngaturan kundur |
saking gêrahe (n)Jêng Kyai |
mung pra putra kang dadya wot ||

33.
Ingkang asring-asring tinakèkkên wau |
myang ibu kalangkung kingkin |
myat (n)Jêng Kyai gêrahipun |
tan miyat sawiji-wiji |
Jayèngrêsmi ngandika lon ||

34.
Paran mungguh yayi ing prayoginipun |
kang rayi matur manawi |
parênging karsa umantuk |
marang ing Wanamartèki |
ingkang punika supados ||

35.
Manggih sênggang (n)Jêng Kyai ing gêrahipun |
tumingal ing para siwi |
yèn paduka dèrèng ayun |
priksa paduka tutuwi |
Jayèngrêsmi lingira lon ||

36.
Pan manira durung kabuka ing kalbu |
ciptaning tyas yun papanggih |
lan kakang Sèh Amongluhung |
gumantung tyas ngarsi-arsi |
gampang yèn sun wus kapanggoh ||

37.
Lawan kakangira sang Adi Mongluhung |
karya manira akapti |
mulih mring Wanamartèku |
lamun durung ngong papanggih |
ngong durung darbe sasagoh ||

38.
Jayèngraga tumungkul sumanggèng kayun |
Jayèngrêsmi angling malih |
payo padha mring masjid gung |
bar-Jumungah mupung enjing |
kang rayi sandika karo ||

39.
Nulya maring Wanantaka kalihipun |
rubiyah samya tan kari |
ingari santrinya têlu |
lumampah dulur nèng margi |
antarèng lampahnya rawoh ||

Jilid 11 - Kaca : 341

40.
Jajar lawan Anggungrimang wurènipun |
nulya sasalaman sami |
lan Sèh Mangunarsa gupuh |
myang kang cêlak-cêlak linggih |
samya tur salam kumroyok ||

41.
Ni Turida lan Rarasati wus kumpul |
anunggil sami pawèstri |
wus samya sunat tahyatul |
wului tuwin masjidi |
pra santri lajêng gumuroh ||

42.
Langkung kathah kang salat ing masjid agung |
santri pujiyan myang ngaji |
tuwa nom akèh amuhung |
kang maksih prapta anggili |
lir ana wong awon-awon ||

43.
Datan sêsêg janma manjing masjid agung |
kang (ng)graita anarkani |
lir kudu sabaènipun |
bayak-bayake saiki |
kang sami salat walios ||

44.
Wanci surya têngah bêdhug tinabuh |
yata sang Sèh Amongragi |
kalawan rubiyahipun |
Ni waela Selabrangti |
katri siswanta tan adoh ||

45.
Praptanira masjid janma tan nana wruh |
yèn Kae Sèh Amongragi |
dènnya bar-Jumungah makmum |
kabèh tan ana nyanani |
lamun yèn Sèh Mongraga rawoh ||

46.
Anèng salèring mimbar wêkasanipun |
lan siswa Ki Ragarêsmi |
kang parêk tan nana wêruh |
de waela Selabrangti |
wor wadon tan nana kang wroh ||

47.
Bêdhugira nulya sinalahan suwuk |
rêrêp kabèh tan ana ngling |
nulya pra kulawangsèku |
adan yat-ayatan sami |
abarung sru tumalawong ||

48.
Wusing adan sunat sadaya ta uwus |
jalwèstri tan nana kèri |
anulya Kae Piturun |
mangasiran angalang-cis |
swara rum bêning sumrowong ||

49.
Têkèng ansi wa asmangu wa atingu |
arakimi kusulahi |
Ki Sèh Anggungrimang gupuh |
minggah kutbah slawat ping tri |
gya ngidêl Islamu gupoh ||

50.
Ingaminan ing santri kathah gumuruh |
wusnya gya kang kutbah wiwit |
kutbah mudabiril landhung |
swaranira rum amanis |
karya lam-laming rurungon ||

Jilid 11 - Kaca : 342

51.
Wus antara kutbah têkèng akiripun |
gya (n)donga Tulak-bilai |
amine ambata-rubuh |
sigra kinamatan nuli |
samya ngadêg sakèhing wong ||

52.
Ki Sèh Mangunarsa ngamini nèng ngayun |
trap anjênêngkên sawiji |
sêmbah bar-Jumungahipun |
angêlus niyat tubadil |
kramikrat munajat maksoh ||

53.
Purna êning takbiratul ikramipun |
lir glap anambêng ngênani |
istilah wajahira lus |
wus Patekah kang dan-amil |
Inna anjalna winaos ||

54.
Rêkangat akhir wusing Patekahipun |
apan kang surat Watini |
satanginira arukuk |
adêge dipun-Kunuti |
sujud antara sujud ro ||

55.
Tahyat akir têkèng bakda salamipun |
angrahabakên pupuji |
dikir maca donganipun |
santri gantya anasibi |
kang ngamin barung gumuroh ||

56.
Wus paragat maca salawat sadarum |
ngadêg sasalaman sami |
midêr warata tan kantun |
Amongraga angarèni |
wus mudhun sakèh pra wong-wong ||

57.
Sèh Mongraga amênyahakên pandulu |
mêdhar sarira angaksi |
santri wus samya umantuk |
tuwa anom jalu èstri |
para ri sarkara anon ||

688 Dhandhanggula

1.
Sèh Mangunarsa kagyat ningali |
Anggungrimang miwah Jayasmara |
Jayèngraga lan rabine |
samya katêmbèn (n)dulu |
mring kang lagya arsa papanggih |
Kae Sèh Mangunarsa |
nulya marêk ngayun |
anêmbah angaras pada |
tuwin maring Ni waela Selabrangti |
samya asêsalaman ||

Jilid 11 - Kaca : 343

2.
Gantya Anggungrimang angabêkti |
ngaras pada miwah mring rubiyah |
ngabêkti atur salame |
Jayasmara mangayun |
atur bêkti ngaras padèki |
miwah mring Tambangraras |
nêmbah ngaras suku |
Rancangkapti lan Turida |
Rarasati gantya samya atur bêkti |
lan maring Tambangraras ||

3.
Saha atur pêmbagya pra sami |
winangsulan rahayuning sabda |
samya nor palungguhane |
Sèh Mongraga nglingnya rum |
iki yayi wruhanirèki |
pan iya mitraningwang |
tan pae ing kalbu |
wus kupu kalawan sira |
bangsa nujba Ragasmara rannirèki |
trêsna ing subrangtanya ||

4.
Ingsun angsung kadang ing sirèki |
aywa sêla asih ing kasihan |
sêdya nut mara marang ke |
têtêmu lan sirèku |
tan aninangkên ingannèki |
siswanta Ni waela |
Selabrangta iku |
marma jor datan salaya |
ing satudingira Nikèn Selabrangti |
siswane kakangira ||

5.
Ingkang samya liningan agipih |
rahab gantya-gantya sasalaman |
marang Ragasmara rêke |
sarta pambagyanipun |
amangsuli sabda basuki |
wus tan taha-tinaha |
akupu samya lul |
Ki Anggungrimang acipta |
mring kang garwa kinèn angrukti sasaji |
Rancangkapti atampa ||

6.
Nuding mring Santri Monthèl Cênthini |
gupuh mring wisma nampa rampadan |
laju tinata ngarsane |
Mangunarsa ris muwus |
lah suwawi ing ngriku yayi |
angalapa sunggata |
sumapalanipun |
Ki Ragasmara nor-raga |
sarya nabda inggih sakalangkung dening |
kasuhun sih paduka ||

7.
Sèh Mongraga angandika aris |
yayi Jayèngrêsmi Jayèngraga |
sêdhêng nèng ngriki lamine |
kirna tiris wus mancung |
pala-pala nuwak-nuwuki |
utawi ngamal driya |
ngamalakên ngèlmu |
kang salèh agama sarak |
wus tan mutawatir babaring kajatin |
kasidaning wêkasan ||

8.
Prayogi yayi mantuka sami |
mring dhukuh karajan Wanamarta |
dadya pangarêp-arêpe |
(n)Jêng Kyai gêng wulangun |
lawan dènnya trêsna mring siwi |
sun têrka Kyai mangkya |
wontên gêrahipun |
bobot tan witta myat putra |
marmanipun yayi mantuka tumuli |
kurmate wong atuwa ||

Jilid 11 - Kaca : 344

9.
Jayèngrêsmi aturira aris |
inggih kasinggihan sabda tuwan |
kala pamanta marang ke |
Swarja Wiradhusthèku |
Panuksma myang Panamar tuwin |
wuragil Kulawirya |
sami têmbungipun |
kawula kinèn mantuka |
yèn ing mangke wontên gêrahe (n)Jêng Kyai |
anggung atanya putra ||

10.
Amba taksih lênggana tan apti |
yèn ta dèrèng panggih lan paduka |
ing tyas pan amung (n)dhêdhèrèk |
tuduh tuwan pukulun |
kumambang rèh drêmi (ng)lampahi |
tan nêdya wawan karsa |
nut parahing tuduh |
sang Sèh Adi Amongraga |
angandika langkung sukur yayi kalih |
rumahab rèh utama ||

11.
Lamun parêng dhanganing tyas yayi |
rêke kewala ing benjang-enjang |
umangkat rêbat rikate |
Jayèngrêsmi umatur |
inggih dhatêng sumangga ugi |
punapa rèh paduka |
tan lêngganèng kayun |
Sèh Mangunarsa ris nabda |
kang punika yèn sambada yayi kalih |
kula yun tumutura ||

12.
Marang dhukuh ing Wanamartèki |
yun uninga tanah pangareyan |
tuwin parlu yun papanggèh |
mênggah ing gêrahipun |
ramanta (n)Jêng Kiyai Bayi |
manira wus ubaya |
Kyai duk ing dangu |
sun marang ing Wanamarta |
atirakat lamun pinuju ing kapti |
yèn ing ingkasing marga ||

13.
Sèh Anggungrimang nambung nglingnya ris |
yayi Jayasmara hèh manira |
ayun tumutur lampahe |
marang Wanamartèku |
tuwi ring ramanta (n)Jêng Kyai |
panuju paparêngan |
mangsa-kalanipun |
Ni Rancangkapti milya jar |
maring lakènira Anggungrimang ririh |
sun mèlu lumaksana ||

14.
Yêkti lumuh yèn kawula kèri |
langkung dening kawula yun panggya |
mring ibu wulangun rêke |
Ki Anggungrimang muwus |
lah ya payo yèn milu yayi |
Monthèl Cênthini mojar |
kawula (ng)gih tumut |
saparan mring Wanamarta |
langkung arsa panggih lan Nyai Malarsih |
sarta mring kulawangsa ||

Jilid 11 - Kaca : 345

15.
Sèh Mongraga angandika aris |
iku bêcik padha sabipraya |
mupung ana jalarane |
(n)Jêng Kyai gêrahipun |
kadya dadi tambaning agring |
karya mulyaning lara |
pra putra kadulu |
manira lan kakangira |
Ni waela Selabrangti iya ugi |
marang ing Wanamarta ||

16.
Langkung sokur langkung rêna sami |
antara dangu dènnya arasan |
sinambi nyanyamikane |
manjinging Asar wêktu |
Sèh Mongraga angandika aris |
sêdhêng padha sêmbahyang |
Ngasar manjing wêktu |
arahap ingkang liningan |
samya mudhun mring pahèran naastuti |
sami asalat Ngasar ||

17.
Sèh Mongraga wau kang ngimami |
wus andadèkakên ing asalat |
purna tan na kuciwane |
mungguh utamanipun |
kajateyanira ngênèni |
wus tan bangsa kawula |
wimbuhing Hyang Agung |
salate wujuding Suksma |
saking dening santosa ekram tubadil |
mikrat munajatira ||

18.
Mulyaning salat wujuding Widdhi |
wus antara ing kawan rêkangat |
paragat bakda salate |
puji dikir donga wus |
asêlawat salaman sami |
wangsul (ng)gyanning lênggahan |
Sèh Mongraga muwus |
tutugna (ng)gyanning lungguhan |
manirarsa marang Palanggatan mami |
Jurang Jangkung ngasrama ||

19.
Samya tumungkul ingkang sinung ngling |
nulya tumurun Sèh Amongraga |
lan garwa saking masjide |
siswanira tan kantun |
kang pra ari sami ngudhuni |
têkèng ing Kalampeyan |
dènnira tumutur |
wus kinèn wangsul mring wisma |
Sèh Mongraga ngênêr mring Palanggatnèki |
pulo Jurang Jangkungan ||

20.
Yata kang mulih marang wismèki |
Ki Sèh Mangunarsa Anggungrimang |
Jèngrêsmi Jayèngragane |
lan pra rubiyahipun |
nèng paningrat sami alinggih |
Anggungrimang ris nabda |
kang puniku wau |
janma pinajar siswanya |
rakanta sang de waela Selabrangti |
bêgja antuk nugraha ||

21.
Reyang pundi kawijilanèki |
Sèh Mangunarsa nauri sabda |
si adhi apindho gawe |
mijil saking anggêntur |
brangtanira maring Hyang Widdhi |
tokiting kanyatahan |
ahli kak sinungku |
suhule wus tan pepeka |
amung sokur suka rênanira ngaksi |
ing wujude Hyang Suksma ||

Jilid 11 - Kaca : 346

22.
Yèn ta janma ambabar kajatin |
wus tan mumèh yogyaning asudra |
nistha papa pinangkane |
wus kawuri soripun |
ingkang wus man kinarsèng Widdhi |
pangkat bangsa nugraha |
kaidayat wahyu |
tan kêna cinatur sèhnya |
Anggungrimang umatur inggih o inggih |
sabdanta kasinggihan ||

23.
Jayèngrêsmi awacana aris |
lah kakang Kae Sèh Mangunarsa |
lamun sêmbada karsane |
ing bakda Ngisanipun |
pênêt sami miminta manggih |
mring raka Sèh Mongraga |
anèng Jurang Jangkung |
Sèh Mangunarsa lingira |
singgih yayi ing mangkya samya nênêpi |
nèng pulo Palanggatan ||

24.
Prayogi kewala sapuniki |
maring Jurang Jangkung Palanggatan |
awêktu ing ngrika rêke |
kasinggihan ing rêmbug |
nulya samya kapat lumaris |
mring pulo Palanggatan |
madyèng Jurang Jangkung |
kalima Santri Monthèlnya |
wanci Hyang Karaba nitih tirah wukir |
andulur kang lumampah ||

25.
Praptèng Palanggatan Jurang Miling |
tumurun nabrang mèrastukadas |
samya ing wêktu Mahribe |
nèng soring rêjasa gung |
sêdyèng sela gigilang langking |
Kae Sèh Mangunarsa |
angimami wêktu |
ing Mahrib wus têkèng Ngisa |
wus paragat sunat puji dikirnèki |
bakda asêsalaman ||

26.
Samya tata dènnira alinggih |
Sèh Mongraga wus kapanggih lênggah |
nèng sela sumayanane |
kang garwa tansèng pungkur |
lan siswanya Ki Ragarêsmi |
sêdhêng wulan purnama |
trang sênên sumunu |
kênyare kadya raina |
kang para ri tumungkul samya jrih mèksi |
Sèh Mongraga ris nabda ||

27.
Yayi wuwusingsun ing sirèki |
ingkang samya sokur ing satitah |
ywa mèri maro titahe |
panggrantêsirèng kalbu |
yèku yayi ambêbakali |
wiwale tekad tama |
kang uwus kawêngku |
pan sêsandhanganing têkad |
ing ngagêsang saking silih salah kapti |
kurang waspadèng driya ||

Jilid 11 - Kaca : 347

28.
Utamakna ingkang wus awajib |
wajib iku ahline agama |
mêngku agung paedahe |
yayi utama iku |
ngibadah wus dipun-lampahi |
sayogya tinekadna |
kasucyaning laku |
dadya pangajab karamat |
pan ngibadah sasat wujuding Hyang Widdhi |
tan kêna apepeka ||

29.
Sujanma kang wus man ing Hyang Widdhi |
angêgungkên panarimanya |
sarta brangta ing ahline |
paran kang dadya ahlul |
dèn-utamakakên sung brangti |
tan lèmèr ing ahli lyan |
sungku sokuripun |
mring ahlinira priyangga |
kang puniku yayi têtêsing kadadin |
bangsa amangaripat ||

30.
Ingkang amurugakên kadadin |
saking sak-sêrik panggrantêsing tyas |
mêngani duka ciptane |
ya dyan ngèlmu wus luhung |
apil kitab Kur'an angaji |
sêmbahyang dèn kongsiya |
bênjut bathukipun |
tan wontên kadadyanira |
dènnya ngaji sêmbahyang duk masih alit |
tumêkèng tuwa bangka ||

31.
Datan ana babaring kajatin |
sabab ngêrèhakên sak-sêriknya |
suka mêtu têkabure |
laranganing ngaluhung |
datan kengang ngambah sak-sêrik |
bidêngah cipta rusak |
yèn tan kêna iku |
karana iku minangka |
patukoning sajatinirèng kadadin |
kalis ing sak-sêriknya ||

32.
Miwah têkabur tan anglabêti |
mungkur saking bidêngah sumêngah |
mung Hyang Suksma tinon rêke |
pangolahirèng kalbu |
angêmpakkên kang bangsa ati |
angêkêr bangsa lèsan |
badan kewala nut |
pangrèhing kalbu lan lèsan |
datan mèngèng ing ari kalawan ratri |
pinardi osikira ||

33.
Kang ingaran kas kita puniki |
apan badan manut kalbunira |
mulyaning kalbu êngane |
kêni saosikipun |
suhulira Hyang Suksma jati |
sêjatining panunggal |
kahananing wujud |
wujude jasad Hyang Suksma |
kang kinêkêr pampit rungsit bangsa gaib |
tan kêna kawanguran ||

Jilid 11 - Kaca : 348

34.
Tadhah nendra rajah tamah kunci |
cêgah ngêkèh-kèhkên ing wicara |
tan sokur mingsil donyane |
dening mulyaning wuwus |
antêng darus-dêrês sinangling |
sring micara lêlahan |
winor guyu-guyu |
paguywan nacad sasama |
tyas katungkul ing suka tan wruh ing jati |
kaprana ing prênèsan ||

35.
Apatitis micara mrih sisib |
maring sami-samining tumitah |
rêbut misil donya rêke |
puniku êngamipun |
tan andungkap maring kajatin |
pama wijining kacang |
ginosong ing tunu |
amokal thukuling wêka |
yêkti pae lan wiji katanêm siti |
asrêp mawur kawogan ||

36.
Marma yayi dèn waspadèng kapti |
aja ninang sidiking wicara |
sarta lawan panrimane |
wuse ahlulirèku |
mring sarengat saraking Nabi |
tyas dèn musthi maring kak |
kajateyanipun |
angrêksa sucining niyat |
ingkang mukik mustakik marang Hyang Widdhi |
ywa sinang ing konêngan ||

37.
Samya tumungkul konjêm ing siti |
kaluhuran sabdaning kang raka |
tanggap wah tata driyane |
samya lon aturipun |
maring raka saha wotsari |
singgih bêrkah paduka |
kang mugi saèstu |
babaring sih sabda tuwan |
Sèh Mongraga pangandikanira aris |
atut ujar raharja ||

38.
Wus antara dangu dènnira ngling |
wanci mratêlu ratri bangunnya |
Sèh Mongraga ris wuwuse |
sêdhêng sarapan turu |
enjang yayi mangkat lumaris |
salam taklim manira |
atur nèng ramèbu |
ngumume salammanira |
maring kulawangsa ing Wanamartèki |
tuwa nom samadaya ||

39.
Matur sandika Ki Jayèngrêsmi |
wanudya waela Selabrangta |
lon ngandika mring arine |
yayi kalih sirèku |
sêmbah rêke kewala mami |
atur nèng ibu rama |
sarta salamingsun |
[---] |
Jayèngrêsmi Jayèngraga sinung angling |
sandika kalihira ||

40.
Sèh Mongraga angandika aris |
lah wus payo yayi aluwaran |
para ri sandika ture |
nulya lèngsèr sing ngayun |
atur sêmbah salamirèki |
Mangunarsa Gungrimang |
myang Jayasmarèku |
kalawan Ki Jayèngraga |
miwah Monthèl tumurun marang lyah kali |
mulih mring Wanantaka ||

Jilid 11 - Kaca : 349

41.
Kandhêg nèng Kalampeyan panêpin |
wanci pajar gidib samya kadas |
ring sêndhang Kalampeyane |
samya asalat Subuh |
wus antara bakdanirèki |
laju mring wismanira |
Sèh Mangunarsèku |
tata lênggah ing paningrat |
waela tri Turida lan Larasati |
miwah Ni Rancangkaptya ||

42.
Pan wus samya angrukti sasaji |
sêkul angêt lalawuhanira |
sarta lan nyênyamikane |
Mangunarsa ris muwus |
sapa kabèh ingkang tut-wuri |
padha sira dandana |
dèn-samêkta gupuh |
Ki Anggungrimang ris nabda |
marang kulawangsa kang pinatah kari |
ana ingkang ginawa ||

43.
Kakang Martaduta Palakêrti |
Ki Piturun lawan Darmadana |
Prakosa mèluwa mangke |
de kang ngong tuduh kantun |
Kang Saloka kewala kalih |
Salodha ingong-patah |
atungguwèng pungkur |
ya mangsa bodhowa kakang |
karêksane bar-Jumungah angimami |
miwah kêndhurinipun ||

44.
Manira tan anggawa pra santri |
pan amung wong lilima sun-gawa |
kanêm kalawan si Monthèl |
tan nana liyanipun |
kang nandhangi karya ing margi |
kang liningan sandika |
tan lêngganèng tuduh |
Sèh Mangunarsa ris nabda |
payo padha sêsèmèkan mupung enjing |
gêpah ingkang liningan ||

45.
Jalu èstri samya kêmbul bukti |
wus antara dangu dènnya nadhah |
luwaran linorodake |
marang pamburinipun |
kulawangsa Monthèl Cênthini |
tuwuk sadayanira |
samya samêkta wus |
gagawane alêlungan |
tan na kurang samêktanira ring margi |
kapucung ing wardaya ||

689 Pocung

1.
Yata wau kang samya arsa lumaku |
Sèh Mangunarsojar |
paran wus samêkta sami |
samya matur pan inggih sampun samêkta ||

Jilid 11 - Kaca : 350

2.
Alon muwus Jèngrêsmi mring Monthèl wau |
kakang Monthèl rika |
ênggonana dhukuh mami |
ya ing Wanasunya ngong-wènèhkên sira ||

3.
Kang anguwuh wonge santri anak putu |
sira gêmahêna |
dhukuh wus wajibirèki |
pan manira darma babakal kewala ||

4.
Lah ta iku tutugna gêmahing dhusun |
Santri Monthèl turnya |
andhêku (n)dêkung nuwun sih |
sakalangkung-anuwun inggih sandika ||

5.
Sira wau Ki Jayèngraga amuwus |
lah andika kakang |
Piturun ingong pasrahi |
patilasan manira ing Wanatawang ||

6.
Manira wus datan (n)darbèni dhêdhukuh |
mangkya pakênira |
sayogya ingkang (n)duwèni |
Ki Piturun ature nuwun sandika ||

7.
Kang puniku kawula darmi tatunggu |
anyapu kaliyang |
rêsike adhari kitri |
sung rijêki mring janma salaminira ||

8.
Mèsêm (n)dulu Sèh Mangunarsa lingnya rum |
puniku utama |
jariyah ngamaling kitri |
sung rijêki mring janma salaminira ||

9.
Malih muwus Mangunarsa mring rinipun |
suwawi Bismillah |
sami mangkat mupung enjing |
Martaduta kang anggrêmanana marga ||

10.
Kang tinuduh apan sandika turipun |
(n)dan samya lumampah |
Kae Sèh Mangunarsèki |
Anggungrimang Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

11.
Èstri catur kang para rubiyahipun |
Nikèn Rancangkaptya |
Turida lan Rarasati |
Ni Cênthini lawan Monthèl kulawangsa ||

12.
Ki Piturun Darmadana Prakosèku |
Palakêrti samya |
wong papat kang anèng wuri |
Mrêtaduta nèng ngayun grêmaning lampah ||

13.
Kang lumaku wus mijil sing dhadhahipun |
napak pasabinan |
wanci Hyang Aruna mijil |
nipat wawayangan odode wus panjang ||

14.
Ruruntung duluring pagalênganipun |
kèh wong pitakènan |
ramya kang janma makardi |
samya kèndêl sadaya tan nyandhak karya ||

Jilid 11 - Kaca : 351

15.
Amilalu andudulu kang lumaku |
kabèh ciptèng driya |
Kae Sèh Mangunarsèki |
dene kabèh rine padha milu lunga ||

16.
Parannipun marang ngêndi kang tinangguh |
apa ta lawasa |
apa ya anuli mulih |
kang wus ngrungu warta angling mring rowangnya ||

17.
Kang pinurug marang ing Wanamartèku |
miyang wismanira |
Kae Bayi Panurtèki |
pan bapakne Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

18.
Manthuk-manthuk kang tinuturan angungun |
wênèh kang kapapag |
parlu angaruh-aruhi |
badhe karsa ing pundi ingkang pinarah ||

19.
Naur wuwus tirakat kono ing ngayun |
tan wrin lumajuwa |
parêke kalawan têbih |
matur (n)dhèrèkakên basukining lampah ||

20.
Lon sumaur lah iya andum rahayu |
laju lampahira |
adulur anèng ing margi |
sri swarane paksi manyar munèng tawang ||

21.
Myang drêkuku anèng pang brêkutut manggung |
kadhasih prit jowan |
yèn jalma samya ngaruhi |
Kae Mangunarsa mênyang ngêndi baya ||

22.
Yêkti suwung ing dhukuh Wanatakèku |
tan na Mangunarsa |
sapa ingkang angimami |
bar-jumangah tan patut ing Mangunarsa ||

23.
Lir kadyèku kang pêksi ing aturipun |
yata lampahira |
anglintangi têgil sabin |
napak pinggir kêtêp wana tarataban ||

24.
Lampahipun ngalèr ngetan anut lungur |
pra rubiyah ngarsa |
Mrêtaduta anggrêmani |
milih marga kang gampang datan kasurang ||

25.
Anut lurung tumurun jurang aparung |
nganjat panètèran |
wana kalar têlêngnèki |
langkung pêtêng wana gêng-agêng kayoman ||

26.
Kèh karungu swaraning pêksi wana gung |
bubut buntit podhang |
kukuwong lawan barênggi |
lir nambrama astuti atur waluya ||

27.
Lampahipun malumi rubiyahipun |
ngonjot-onjot lampah |
raryan sadhela lumaris |
nalikanya ing wêktu Lohor asalat ||

Jilid 11 - Kaca : 352

28.
Bakda Lohor raryan ing sela trênggulu |
samya mumucangan |
Sèh Mangunarsa nglingnya ris |
Mrêtaduta êndi kang marga simpangan ||

29.
Ingkang laju maring Ngardipala dhukuh |
yun kampira ingwang |
pangguh lan Malangkarsèki |
narèhakên tiba ing sapanginêpan ||

30.
Alon matur pan inggih mangke ing ngayun |
ing sela pangulan |
tilas patunon wanadri |
pan ing ngriku margi ngêrat mara-tiga ||

31.
Simpangipun kang mangilèn purugipun |
anjog Ngardipala |
simpangan kang ngetan nênggih |
mring Magiri miwah mring Kalangbrèt rawa ||

32.
Manggènipun kang ngalèr ngetan puniku |
maring Pagêrwaja |
anjog ing Wirasabèki |
Jayèngrêsmi alon umatur ring raka ||

33.
Panduka yun kampir ing Ngardipalèku |
panggya lan rakanta |
Kae Sèh Malangkarsèki |
duk rumiyin kawula inggih winêkas ||

34.
Lamun mantuk saking pangumbaran ulun |
kinèn umampira |
mring dhukuh Ngardipalèki |
kasinggihan paduka karsa kampira ||

35.
Langkung sokur Sèh Mangunarsa amuwus |
inggih paparêngan |
samya sumêdya akampir |
ing wismane Malangkarsa Ngardipala ||

36.
Malih muwus lah payo padha lumaku |
sêmana anêrang |
lamun katanggungan margi |
ya sadaya-daya prapta-a ing paran ||

37.
Nulya pangguh dyan umangkat lampahipun |
amalapat karang |
padesan tan karsa kampir |
napak wana pangrêngan myang pagrumbulan ||

38.
Pan andarung wus lêpas dènnya lumaku |
anrang parah paran |
raryan tan dangu lumaris |
têkèng kang tinutur margèng sisimpangan ||

39.
Kang nèng ngayun Martaduta ingkang tinut |
sumimpang ing marga |
mangalèr-ngilèn lumaris |
tumuntur ring jurang nètèr palunguran ||

Jilid 11 - Kaca : 353

40.
Lampahipun tatas katap ing wana gung |
mangkas pagrumbulan |
wanci wêktu Asar akir |
raryan têpining sêndhang samya asalat ||

41.
Bakda wêktu umangkat anut lulungur |
napak têrataban |
patunon tugaran têgil |
katon munggul dhukuhe ing Ngardipala ||

42.
Sri dinulu gaga pasabinanipun |
toyanya angliran |
roking tulakan kumriwik |
kabarangun kalurak lawan talucak ||

43.
Sranging ranu dhawah gêndhing lir pinalu |
ana-njor ing wangan |
jrihing wè ing parang-curi |
amalêtuk kadya sotya pasuluhan ||

44.
Pêksi pingul anjoprah saba ing ranu |
lir mênur sumêbar |
mèt mangsa wêca ing warih |
pêksi êmprit gulathik pêking atêban ||

45.
Niyup kabur ginusah angalor ngidul |
ramya akukukan |
anggonjèng tali sasawi |
sarya (n)jojor lire (n)jojor têlurungan ||

46.
Mamrih manuk jinojorkên aji kukuk |
dadya lêlawuhan |
samya kèh kang ngolah pêksi |
suka-suka anjojor jurudêmungan ||

690 Jurudêmung

1.
Yata kang samya lumampah |
suka dènnira andulu |
wong wadon kang (n)jojor manuk |
andingkik turut galêngan |
parigêl sasolahipun |
yèn nuju êmprit anêba |
binarêng lan jojoripun ||

2.
Jayèngraga ris ngandika |
wong yèn wus kabisanipun |
sasolahe nora kidhung |
nalorong êmprit anêba |
ya ta lah kèlinganingsun |
unine layang wawacan |
inggih paribasanipun ||

3.
Gêlare Dipati Tuban |
pan (m)prit-nêba pasangipun |
apane dèn-èmpêr iku |
dene kang ayang-uyungan |
dèn-pamèkkên baris agung |
dospundi kakang Gungrimang |
basa (m)pritnêba puniku ||

4.
Sèh Gungrimang ris wacana |
mangsa borong yayi ngriku |
(ng)gyannipun murati wuwus |
pangraos kula priyangga |
pan inggih mung kumpulipun |
kadosta pêksi atusan |
botên bênjar pilah purug ||

Jilid 11 - Kaca : 354

5.
Angidul ngetan ngilènna |
rêmpêg ibêr sabiyantu |
èsroge lan kaburipun |
sadaya sarêng kewala |
inggih manawi puniku |
pinèt glaring pabarisan |
wa-punika sumanggèng yun ||

6.
Jayèngraga ris wacana |
inggih kados yèn kadyèku |
kang pinêndhêt mung (m)byukipun |
kang rarasan turut marga |
wanci suryandhap tumundhuk |
ri tuntung arga lumarap |
anapak anèng marga gung ||

7.
Kathah papangan ing janma |
kang lampah ngalèr angidul |
kang lagya mangkat lumaku |
saking parèrènanipun |
ing sêndhang Balara ngriku |
myang janma kang patanènan |
mêntas ing patalonipun ||

8.
Kukuk mulih sowang-sowang |
marang padhukuhanipun |
urut galêngan andulur |
saking lor kidul mangetan |
wong kang mêntas undhuh-undhuh |
pala-kasimpar mring têgal |
myang pala-pêndhêm dhinudhuk ||

9.
Miwah mêntas adêrêpan |
ginendhong miwah pinikul |
kathah wong mandhêg andulu |
marang kang samya lumampah |
wênèh padha ciptèng kalbu |
angèmpêr-èmpêr kèlingan |
dhadhayohira rumuhun ||

10.
Ran Jèngrêsmi Jayèngraga |
kang bagus narêbang bêsus |
swarane ngruntuhkên kalbu |
sasolahe gawe rimang |
wênèh ana bisik wuwus |
jêge kae biyèn ika |
dhayohe Malangkarsèku ||

11.
Kinedanan pra wanodya |
Jayèngraga kang angrangkung |
rowange nauri wuwus |
ya iya ingong kèlingan |
Jèngraga ingkang kaumuk |
baguse nora kajamak |
nanging saiki akuru ||

12.
Kabèh mèsêm-mèsêm mulat |
wau kang samya lumaku |
raryan soring rêjasa gung |
têpining sêndhang Balara |
sêdya wêktu anèng ngriku |
lênggah nèng sela rimbagan |
maksih kèh wong kang lumaku ||

13.
Pan samya mire sumimpang |
jalwèstri kang samya ngangsu |
ana wulanjar ngindhit jun |
abêsus pangindhitira |
êjunne maglik nèng lambung |
andêngkèng nyênthing cêthiknya |
dhadhane mungal amunyung ||

Jilid 11 - Kaca : 355

14.
Anglèngèk ngodod gulunya |
kêmbên kabêthêng ing êjun |
(m)lorot sisih kêmbênipun |
manthêlèt melot mênthiknya |
gathuk pipit wunganipun |
kèngis rong nyari ajênar |
lir pupus binêthot pingul ||

15.
Dhasar sêmana mêjana |
wulanjar boboting dhusun |
ing Wuluhsari rumuhun |
duk adus anèng ing sêndhang |
pagut liringan pandulu |
kalawan Ki Jayèngraga |
ing mangkya parêng panuju ||

16.
Kapanggih malih nèng sêndhang |
Ni Lanjar amathêt laku |
tindake amagêr timun |
randhat nora pati kêbat |
liringe pasang dol ayu |
gêlung sah saking lungsènnya |
tan lukar maksih nyêkênuk ||

17.
Binênakkên asta kanan |
mêngkap cêcangklakanipun |
poking payudaranira |
mênthêk maya kawistara |
ambêngkle kengis dinulu |
Jayèngraga mèsêm mulat |
Rarasati wruh ing sêmu ||

18.
Guting èsêming raka |
kang raka anamun-namun |
kaliringaning angarum |
Jèngraga micarèng nala |
mendah wruha waunipun |
si bojo mêsthi anjothak |
sapasar tan aruh-aruh ||

19.
Wau ta ingkang araryan |
Sèh Mangunarsa lingnya rum |
yayi suwawi awêktu |
pra ari matur sandika |
nulya samya mahèrastu |
kados sawusnya sosotya |
wangsul (ng)gyan samya awêktu ||

20.
Ambabar sêbe musala |
nèng sela sumayana lus |
wusnya (n)dan gya sunatipun |
angamal puji-pujiyan |
yata Basariman wau |
Pangulu ing Ngardipala |
angrungu wartaning tutur ||

21.
Yèn ana janma lumampah |
dinugarsa amratamu |
mring Kae Malangkarsèku |
ing mangkya raryan ing sêndhang |
anulya Kae Pangulu |
mudhun mring sêndhang Balara |
yun wêruh kang dadya tutur ||

22.
Tan dangu anulya prapta |
Ki Basariman andulu |
marang kang samya awêktu |
lagya kewala asunat |
pan dèrèng angangkat parlu |
nging wus tan arsa ngandika |
binatalakên amuwus ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23)Kaca 322 - 337
  • (25) Kaca 356 - 357 >