Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 38

Kontak Admin.

email-kidemang

 (23)Kaca 322 - 337

 

( Ki Ragarêsmi lêlana ngudi sampurnaning pêjah )

11

3. Ulama ahli lampah wasta Ki Ragarêsmi lêlana ngudi sampurnaning pêjah, kapanggih Sèh Amongraga sakalihan, lajêng anggêguru. Winêjang dening Nikèn Tambangraras bab sajatining Allah lan sih panguwaosipun ingkang tanpa timbang dumugi ngèlmu kasampurnan. Sasampunipun kawêjang lan dados muridipun, lajêng ndhèrèk tindakipun Sèh Amongraga sakalihan dhatêng Wanataka.


Kaca 322 – 337

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 322

684 Kinanthi

54.
Têgêse lakune lampus |
andêlajah ing asêpi |
tan ketang durgamèng marga |
sura lêgawa ing pati |
asêtya tuhu ing lampah |
tan kandhêg ing papan tulis ||

55.
Langkung dènnya namur laku |
lumuh ing panggawe sirik |
sawênèh wong alul lampah |
cêgah mangan ngênor dhiri |
dèn-èbèrkên lakonira |
mrih kuncara ing sasami ||

56.
Abungah lamun ginunggung |
kabire angobar-abir |
sêmune angungal-ungal |
lho aku iki wong adi |
sumur lumaku tinimba |
ana pindhaning yèn wêning ||

57.
Wè (m)bladhêr mlaku dèn-inum |
bolu lumaku pinêthik |
mêngkono kaprahing kathah |
malarat angaku sugih |
dume kumudu katona |
dimèn dèn-èram-èrami ||

58.
Akèh kang kapêksa punjul |
ngungaskên ngèlmunirèki |
anganggo tambal-tinambal |
kulambi mayit dèn-irip |
tan wêruh lamun duraka |
aling-alinge sumuci ||

59.
Tan kaya wong ahli luhung |
sakadar lumuh kaèksi |
tan sokur ginunggung ing lyan |
anyuda tangating Widdhi |
yata Kae Ragasmara |
ing wanci surya tumiling ||

60.
Lumampah kaparan ing hyun |
mangidul arahira ris |
sêdya marang Pamantingan |
wana ing Gambirawati |
ing Guwa Langse Tunjungbang |
pagêbyuganing jaladri ||

61.
Sêdya sumungku ing ngriku |
ing Guwa Langse mimidik |
kadya na kang asung cipta |
anrang mahas ing wanadri |
tan watak kampir ing desa |
kapapag sumimpang têbih ||

62.
Mawèng tawinging lulungur |
tumurun ing jurang trêbis |
raina wêngi lumampah |
kèndêl yèn wêktu ngabêkti |
rosa sunating ngatangat |
lumaku lawan adhikir ||

63.
Yata wau kang cinatur |
kang malanèng guwa wingit |
sira Ki Sèh Amongraga |
lan garwa Ki Selabrangti |
kang bangsa lus nuksma nusa |
wadhage sampun kawuri ||

Jilid 11 - Kaca : 323

64.
Nir tang siwuhirèng kalbu |
kabul kaciptaning dadi |
tar mamang mring samar-samar |
marma sang Sèh Amongragi |
alukan sanggya waèla |
nis praya têgêsirèki ||

65.
Amêge kamuksan luhur |
tan pisah lan rabinnèki |
rèh wus tinunggil jatinya |
ro katungge ing Hyang Widdhi |
widagda ing cipta marga |
mayèng winayang Suksma di ||

66.
Mangkana sang Amongluhung |
ngandika marang ing rabi |
payo yayi anrah paran |
salêngkaning wana wukir |
mendra rèh rêkasèng angga |
rasèng papa ing ngapipin ||

67.
Kang garwa tan lêngganèng hyun |
tumuntur karsaning laki |
(n)dan mara mijil sing Guwa |
Langse nut têpining tasik |
manjat gênêng sela-cala |
arga ing Gambirawati ||

68.
Anguntara lampahipun |
nganjor jurang nètèr ardi |
mahas ing wana wulusan |
tar wang-wang sinrang ing rawi |
mrêgil dhidhikil wanarga |
asahên soring sulastri ||

69.
Non janma ngênêr ing ênu |
tanpa kanthi kawlasasih |
kêdhap-kêdhap kawistara |
Ragasmara dènnya laris |
parêk sananing saênan |
Ragasmara kagyat mèksi ||

70.
Gingsiring surya mèh surup |
anon teja anêlahi |
murub sacakrèng-gilingan |
Ragasmara ciptèng kapti |
anarka dede manungsa |
mijile teja rêspati ||

685 Mijil

1.
Yata awas dènnira ningali |
prênahe teja non |
ana janma roro pandulune |
yata kang lagya mangantya linggih |
Kae Sèh Mongragi |
alon lingira rum ||

2.
Sira maherastutiya yayi |
ana janma anom |
kang satata agêntyan bêcike |
ywa ngênêgi winulat ing janmi |
supaya ngrêsêpi |
kiswa ywa maruwun ||

3.
Tambangraras sinajatèng laki |
tan lêngganèng pakon |
lèngsèr sing ngarsa mring pakucure |
asosotya tapwastra ngowahi |
kasêmêkanèki |
amaoni pinjung ||

Jilid 11 - Kaca : 324

4.
Ukêl kiswa mèt lungsèn tinitih |
silih puspita non |
prayojana usana sayanggè |
têgêsira mahayun susumping |
jalamprang kinitir |
ron tutuping gêlung ||

5.
Sèngêh pangayun wijang awiwing |
tuhu yèn kinaot |
wusnya dènnira karasikane |
dyan umarêk sakèringing laki |
rumêksa ing kapti |
manawa têkabur ||

6.
Tambangraras sayêkti janma di |
winong ing Hyang Manon |
saking lakinira pangêntase |
(n)dungkapira maring ing kajatin |
purnaning kadadin |
wali wanudya nung ||

7.
Yata kang sêdya mahayun panggih |
wau sapandulon |
Ragasmara cêngêng pandulune |
têka ngartika sajroning galih |
baya sapa iki |
jalma kang alungguh ||

8.
Mawa teja sajêg durung mèksi |
prabawa mangkono |
saya kawangwang ingkang agawe |
Ragaasmara amuwus aris |
lah tuwan ing pundi |
ngayun miwah pungkur ||

9.
Sapa sintên tuwan kang pinuji |
saking têmbe tumon |
Sèh Mongraga alon andikane |
lamun para katambêtan mèksi |
rèyang tan papanti |
ngiwung tan nut lurung ||

10.
Sakayun mara ngalaya bumi |
tan wrin parêk adoh |
para tanya marang reyang rêke |
Amongraga yèn ana ngaranni |
akèh kang nambuhi |
tan kondhang ing tuwuh ||

11.
Balik para paran kang dêrapi |
angênêr patêmon |
sapa sintên ta pasambatane |
de marang Ke angliru pandêling |
têsawuring budi |
dudu kang dera yun ||

12.
Mring duksina parahirèng ati |
ing Tunjungbang langon |
apan datan wontên punapine |
para wus lawas tan cawuh jalmi |
owêling pangaksi |
mira kasaliru ||

13.
Kagyat tyasira Ki Ragarêsmi |
kajatan ing batos |
saosike kacupan tan wênèh |
anglocipta sajronirèng kapti |
baya ki kang dadi |
pageyonganingsun ||

Jilid 11 - Kaca : 325

14.
Amêkasi saraosing kapti |
bêkjaningong maksoh |
sira Pangeran kang asung ing rèh |
sêmune wong iki wus linuwih |
angragasukma di |
aoliya luhung ||

15.
Sun sumêdya anguguru yêkti |
maring sang Kinaot |
Sèh Mongraga mèsêm andikane |
mara iku de mênêng tan angling |
cêgahing apanggih |
tan awawan wuwus ||

16.
Yêkti abot wong (ng)guguru yayi |
tan kêna ingangkoh |
lamun durung waspada tingale |
tiwase guru badan tan kari |
sa(ng)gonne kacangking |
karam katut ing hyun ||

17.
Cêgahing wong angguguru yayi |
yèn durung sayêktos |
kang ginunggung lan kang (ng)gunggung rêke |
lamun tan jati salah sawiji |
yèku ngumpêt yayi |
panggawe rahayu ||

18.
Ragaasmara sangsaya dêling |
tyasnya kapanujon |
datan kumalasar samêndhange |
cipta labuh jiwangga toh pati |
wasana turnya ris |
tan sagêd umatur ||

19.
Sampun kacupan raosing galih |
tan wontên kinaot |
mangsa borong amba paduka rèh |
Sèh Mongraga angandika aris |
kang mangkono yayi |
agampang rinêngkuh ||

20.
Lamun para iya bisa angling |
luwih ora ewoh |
Ragaasmara panggraitane |
baya pinrih aku pinarsa ngling |
bêcik sun-lakoni |
lèjême pamuwus ||

21.
Ragasmara mèsêm anyêlori |
aturira alon |
adêg-sura winor paguyyane |
lah Kae sang Alus tapa-tapi |
sun tatanya singgih |
kadipundinipun ||

22.
Pawèstri kang mêsês anèng wuri |
mêsês dènnya timpoh |
asta sarya sêduwèng wêntise |
sumping jalamprang kinitir ron tri |
sêmune awadi |
sura sabdèng ngilmu ||

23.
Sèh Mongraga mèsêm anauri |
sira atatakon |
wong wadon kang nèng kanan ngong rêke |
rabi-mara rowang kawlasasih |
ambêntar myang atis |
saparan tan kantun ||

24.
Samarga-marga ngong uring-uring |
tansah angêrêmpong |
mara-bêkta lêlana lawase |
pilang-pilang têgên atut-wuri |
tan wangwang ing rungsit |
ing marga kang ewuh ||

Jilid 11 - Kaca : 326

25.
(n)Jajah mendra pasir wana wukir |
ing guwa ingkang grong |
apan mundhak dadi bandha bae |
marmanya tansah sun uring-uring |
Ragasmara angling |
kawula angrungu ||

26.
Papantêse rêke wong lumaris |
parêk mutawatos |
lamun kondhang pawèstri mitrane |
apan kalih prakawis winarni |
wontên ingkang dadi |
narik duraka gung ||

27.
Pilih pawèstri kang dadya swargi |
kèh kunduring lakon |
saking dening èstri panarike |
ambatalkên rèh karana suci |
ambuburêng êning |
-ira ing Hyang Agung ||

28.
Nyatane nraka jahnam donyèki |
badaning wong wadon |
têbih saking Hyang Suksma langgate |
maring janma kang kulinèng èstri |
tiwasing dumadi |
jor kapirannipun ||

29.
Trusing basa kang kalih prakawis |
pênêt lawan wadon |
sayêktine jalu lan èstrine |
pan minangka swarga narakèki |
mung sugih myang miskin |
sami dunungipun ||

30.
Mukmin lanang kang tinitah sugih |
mlarat mukmin wadon |
lamun kèrup salah sawijine |
yèn malarat nuksma ing asugih |
tan labêt yumani |
kaluluhan luhung ||

31.
Lamun sugih sumurup ing miskin |
nir utamaning (n)don |
têmah nistha papa saèsthine |
kadi-kadi lir paduka singgih |
wèh sumêlang ati |
kadhoning pandulu ||

32.
Mungguh ing ngèlmu datan anapi |
tekat kang mêngkono |
elok pangilonirèng kajatèn |
Amongraga mèsêm anauri |
atiksna dèra ngling |
kuciwa andungul ||

33.
Utamine wong rarasan ngèlmi |
ana ingkang kinon |
angadhêpi sarta lan agnine |
paujudan pawohan lan panti |
Ragarêsmi angling |
anjawi ing dhukuh ||

34.
Ingkang janma ingkang ahli bukti |
paran kang tinakon |
sarwa wontên kewala pinurèh |
kawula tan patyahli desèki |
sumanggèng karsèki |
Mongraga gumuyu ||

35.
Karsa (ng)glarakên mangunahnèki |
winong ing Hyang Manon |
kaduluran karsa sakadare |
aoliya saciptane dadi |
tan pantaranèki |
sanalikanipun ||

Jilid 11 - Kaca : 327

36.
Wontên babanjaran kang wisma di |
endah ing pandulon |
kang kinarsan-wau wontên rêke |
nèng madyane pandhapa sumaji |
padudan lan agni |
pakinanganipun ||

37.
Wiwijikan tanpa sangkanèki |
ana kang tinakon |
woh-wohan myang olah-olahane |
Ragasmara mangu dènnya mèksi |
èsmu angebati |
ing netya sinipun ||

38.
Pan kaliling purbaning Hyang Widdhi |
susah kang mêngkono |
baya janma iku wus kinacèk |
nyata yèn wus abadan-sukmèki |
Mongraga ngling aris |
payo padha lungguh ||

39.
Awon tingale nèng latar yayi |
prayoga kang manggon |
anèng pandhapa wus pinarantèn |
Ragasmara anjêngêr tan angling |
sakêdhap lir ngimpi |
angganya marlêsu ||

40.
Yata wus tata dènnira linggih |
Amongraga alon |
angsung salam paran yayi kiye |
arannana dèn-pratela singgih |
ing kawruhirèki |
aywa sêlang-surup ||

41.
Ragasmara aturira aris |
paran winiraos |
Sèh Mongraga alon andikane |
iya paran kang anèng pandhapi |
lah dene ta iki |
ana kang kadulu ||

42.
Samakawis kabèh anyêkapi |
rêke paran raos |
Ragasmara mangsuli dêlinge |
pangaksama tuwan yèn asisip |
paran ta puniki |
kodrating Hyang Agung ||

43.
Pratandhane sih nugrahèng Widdhi |
kang gumantung ing wong |
alul iman kang tumêka rêke |
kasucian waspada ing dhiri |
-nira kang pribadi |
ing pasuhulipun ||

44.
Kadipundi karsanta punapi |
dèrèng kapanujon |
Mongraga ngling atut sojar lire |
lan ing ngêndi (ng)gonne Asma-jati |
Allah iku êndi |
wujude satuhu ||

45.
Lah jawabên iku kang patitis |
aywa salah sênggoh |
Ragasmara angapti ature |
(ng)gyanning Allah nèng gêdhong rêtna di |
rêtna jatinèki |
tri prakara nêngguh ||

Jilid 11 - Kaca : 328

46.
Pan kadyèka ing pamyarsa-mami |
Mongraga nabda lon |
êndi kang aran gêdhong rêtnane |
pantogêna banjuring sabda ngling |
kang tri prakarèki |
Ragasmara matur ||

47.
Sun miyarsa ing pitutur nguni |
lir katiga rêke |
pan ênggonne pan sisimpênane |
karsaning Hyang Kang Amaha Sukci |
minangka mêmanik |
ing bumi sawêgung ||

48.
Pan punika kalbine kang suci |
gêdhong rêtna rêko |
pan ênggonne papan simpênane |
karsaning Hyang Kang Kang Amaha Sukci |
minangka mêmanik |
ing bumi sawêgung ||

49.
Ingaranan sosotya di luwih |
kinarsèng Hyang Manon |
kinarya kêkêmbang jagad kabèh |
wênang tinunggil badan Hyang Widdhi |
ing dalêm pribadi |
ka-alusanipun ||

50.
Sèh Mongraga langkung sukèng kapti |
ing tyas kasarêjon |
kapêthukan ing sapajawabe |
ngling puniku pan lalarangan-mami |
dalan laku iki |
pilih ingkang wêruh ||

51.
Sira padha lanang lawan mami |
êndi kang tuwa nom |
paran para apa mara rêke |
lah ucapna ingkang apatitis |
myang jinisirèki |
lawan tartipipun ||

52.
Ragaasmara umatur aris |
patanyanta rêko |
paduka lan kawula tan pae |
nèm sêpuhe apan sami ugi |
duk purnane dadi |
manungsa puniku ||

53.
Anandhang martabat sapta singgih |
tan na bedaning wong |
lanang wadon ratu lan kèkèrè |
kadadyaning manungsa puniki |
kang tinitah urip |
lir tirta lan ranu ||

54.
Bedanipun ing dalêm ngaurip |
duryat sih Hyang Manon |
bêgja cilaka kathah kêdhike |
panjang cêlak lali lawan eling |
untung ala bêcik |
saking duryatipun ||

55.
Takdir kirang sêdhêng lawan luwih |
luhur lawan asor |
wijiling karsa Hyang Agung rêke |
lantaran wiwinih duryat nênggih |
paduka lan mami |
sami jatènipun ||

56.
Lamun pinèt ing lair rahsèki |
sayêkti yèn kaot |
wus muayan ing dalêm wênyahe |
sêpuh paduka kalawan mami |
dede timbangnèki |
kathah kaotipun ||

Jilid 11 - Kaca : 329

57.
Mongraga ngling patut ujar iki |
wontên malih kaol |
mungguh ngèlmu lan kawruh bedane |
Ragasmara aturira ririh |
ngèlmu jatinèki |
wrananing Hyang Agung ||

58.
Sasat ugi wujuding Hyang Widdhi |
wênang silih sênggoh |
Hyang kang bijaksana kèh juluke |
istingarah pinèt ing anasir |
yêkti angakoni |
tuhuning jujuluk ||

59.
Kawruh iku pan kalbining mukmin |
tingal kas dan pêdhot |
mring Hyang Agung maha sukcèkake |
sajatining kawruh apan ngèlmi |
sajatining ngèlmi |
wujuding Hyang Agung ||

60.
Pralambènipun jatining ngèlmi |
upami bêsaos |
sêkul kang pinangan sadinane |
kawruh kang (n)duwèni pangan nênggih |
sayêkti tan kenging |
sah sasananipun ||

61.
Amongraga kacundhuking kapti |
langkung sihira non |
angling atut ujarira rêke |
wus utama kawruhira yayi |
kuciwa sathithik |
kèngêr keblatipun ||

62.
Ragasmara kêlangkung sung brangti |
mring sang lêlanèng (n)don |
tur pranata sarta prasêtyane |
sêdya (ng)lêbur tapak risang yogi |
cipta tan kêna wis |
tumuntur tan kantun ||

63.
Sèh Mongraga rèh wus ngudanèni |
angandika alon |
para paran sayêkti kajate |
angguguru tan ulap pandêling |
sira apa wani |
lumêbèng agni gung ||

64.
Lamun sira wani anglêboni |
agni murup marang |
yêkti tuhu sojarira rêke |
lamun tan wani tanpa gunèki |
sira Ragarêsmi |
sandika turipun ||

65.
Gya Sèh Mongraga musus kaywa king |
ngagar nulya dados |
samya linggar saking (ng)gyan katrine |
musna banjaran datan kaèksi |
mulih wahananing |
wana duking dangu ||

66.
Agni agaran ngobar wanadri |
(m)branang alas kobong |
kabaranang wrêksa gêng alite |
murub ngarab-arab anglangkungi |
kadya wukir agni |
swara sru gumrubug ||

67.
Mulat-mulat pawaka ngajrihi |
katêmpuh ing bajro |
tanpa sesa sining alas kabèh |
balêdhosan kadya ruging wukir |
angebat-ebati |
kang wana tinunu ||

Jilid 11 - Kaca : 330

68.
Tampêging kukus ngayuh wiyati |
lir mêndhung mageyong |
Sèh Mongraga alon andikane |
paran sèstu sura sira yayi |
malêbu ing agni |
murub gêng puniku ||

69.
Ragasmara anon punang agni |
tar wawang tumonton |
datan mawi umatur nulya ge |
malbèng agni murub tan awigih |
tumamèng (n)jro api |
sing sabdaning guru ||

70.
Rasaning panas datan kalingling |
amblês ing tutunon |
Ragaasmara duk nalikane |
anèng sajroning dahana basmi |
luyuting pandêling |
kadêlahanipun ||

71.
Nimpah pangiksanirèng kajatin |
kaananira non |
datan mulat kataring batine |
ana kawistara maligya-di |
lèn banjaran sari |
sariranya dunung ||

72.
Anèng wangun têpas kang linuwih |
kaêning pandulon |
tanpa sesa kikmah kang tinungge |
anèng jaman nikmat sihing Widdhi |
nir sukêr sak-sêrik |
suka rêna sokur ||

73.
Kadya wus lawas salamènèki |
dènnira amanggon |
sasanèng jagad wawalikane |
kang katêmbèn mèksi kang di-adi |
tan rumangsa yèn ing |
lagya wêktunipun ||

74.
Mangka sang Sèh Adi Amongragi |
kalanira anon |
marang Ragasmara wus antuk rèh |
(n)dungkaping paningal têkèng jati |
ingawe kaping tri |
Ragasmara gupuh ||

75.
Marêk ing ngarsane gurunèki |
nêmbah makidhupoh |
Sèh Mongraga aris andikane |
wus luwara yayi Ragarêsmi |
antuk sihing Widdhi |
sampurnaning wuyung ||

76.
Sira wus tan beda lawan mami |
kupu ing (n)dalêm (n)don |
Ragasmara ngabêkti ature |
sakalangkung sih tuwan kapundhi |
lami ngendra pati |
amba angêlangut ||

77.
Dèrèng manggih lir tuwan puniki |
kawula sêdya toh |
-jiwa ngèstupada dêlamake |
datan darbe pangkiksan lyan saking |
paduka sang yogi |
amba atut pungkur ||

78.
Ywa kêna sah sanalika mami |
tumutur têkèng (n)don |
dipun-kongsi têkèng dêlahane |
Sèh Mongraga angandika aris |
paran sasêdyaki |
pan muga jinurung ||

Jilid 11 - Kaca : 331

79.
Pan kuciwa yayahing alinggih |
sira lawan ingong |
ulihêna lir wau têpase |
lawan manira ayun abukti |
akarya-a yayi |
sasaji kang luhung ||

80.
Rèhning samya muji ring Hyang Widdhi |
abuktiya rêko |
sarating agêsang lan panganne |
dimèn kuwat pangibadahnèki |
sêpatute wajib |
lawan mangan turu ||

81.
Ragasmara matur angabêkti |
pundi janma kaot |
(ng)gonning aoliya samangkene |
langkung dahat kawula yun bukti |
Mongraga ngling aris |
iya sira iku ||

82.
Ragasmara matur tan kuwawi |
botên ketang ingong |
cipta dèrèng tumêkèng aluwe |
Amongraga mèsêm ngandika ris |
lah kaya-a yayi |
dadaring aluhung ||

83.
Wus tan pae sira lawan mami |
aywa walangatos |
angucapa kadarira rêke |
murwèng kayun langgat sihing Widdhi |
Ragasmara tampi |
sih idining guru ||

84.
Ngucap subkanalah nasran ngajij |
kang muga Hyang Manon |
aparinga sih kamurahane |
janma langip minta ayun bukti |
ana-a saiki |
sisinoming ngayun ||

686 Sinom

1.
Yata sanalikanira |
mijil mangunahirèki |
saciptanira katêkan |
minta têpas sèsinèki |
jinurung ing Hyang Widdhi |
kalawan idining guru |
jlêg ana kang sasana |
wangun bêbanjaran sari |
lir sawarga-di mulya sru kaindahan ||

2.
Apan ta tanpa pinangka |
purwane ana inaksi |
lunggyèng madya made panjang |
dhadharan sangkêp sumaji |
ingajang piring rukmi |
miwah sêkul munggèng sumbul |
lam-ulaman mawarna |
Sèh Mongraga ngandika ris |
lah wus yayi payo padha kêmbul nadhah ||

3.
Kamurahaning Pangeran |
sung pangan bêcik binukti |
dudu pawèwèhing janma |
rijêki Allah marêngi |
aywa awigih yayi |
rêke kewala akêmbul |
ingkang liningan nulya |
akêmbul nadhah wong katri |
langkung nikmat kadi datanpa tuwuka ||

Jilid 11 - Kaca : 332

4.
Têmbe surasaning pangan |
durung-durung anutugi |
mangkya wus walya talatap |
lirnya panadhahing latip |
dudu pangan sayêkti |
pangan rasaning alêmbut |
amung rahmat kewala |
anglir rasaning pangimpin |
wus antara luwaran dènnira nadhah ||

5.
Sira Nikèn Selabrangta |
mirèkkên ambêng ing ngarsi |
gantya dhadharan sinajya |
kang pinire isi malih |
tan ewuh kadi nguni |
sêkul lam-ulamanipun |
kêndhi pratola rêtna |
tan awèh kêbêking warih |
wus samyeca kang jaman nèng karahmatan ||

6.
Sèh Mongraga ris ngandika |
yayi pasêmoning Widdhi |
aja sira kajahatan |
ing solah muna lan muni |
ywa kongsi kasaliring |
rupaning jagad sawêgung |
tan kêna winilanga |
rupa-rupaning dumadi |
apan padha kewala sadayanira ||

7.
Tan liyan sawiji rupa |
anging ing Hyang Maha Sukci |
praseje lawan karijah |
dabah myang sakèhing jirim |
miwah jêrmi kang mukmin |
kang mojud kabèh ran makluk |
karijiyah ing karsa |
kinarya lawan pribadi |
tak kasêlan sang nala dadining ana ||

8.
Sakala donya pan anyar |
mung Asya kang dèn èmpêri |
tan kêna ingaran anyar |
kadim sajatinirèki |
karana Asya iki |
kang wus man marang Hyang Agung |
kinarya gantya rêtna |
wawadhah kang luwih adi |
mot purwane ngèlmune sira Pangeran ||

9.
Kadi purbaning Hyang Suksma |
sujanma kang mrasèjèni |
pan kinarya kanyatahan |
saliring karsa Hyang Widdhi |
kadas kang nêmbadani |
budi kang maring Hyang Agung |
linanggat ing nurbuwah |
tinunggal anungge ciri |
upamane lir banyu kalawan toya ||

10.
Sira Kae Ragasmara |
tyasira dèn-palimpingi |
tatap panggraitanira |
umatur saha wotsari |
lah ta tuwan kang pundi |
Allah ing prasèjènipun |
lawan kang bangsa anyar |
mugi tuwan sung pandêling |
lawan Asya kang wus man marang Hyang Suksma ||

Jilid 11 - Kaca : 333

11.
Sèh Mongraga lon ngandika |
marang rubiyahirèki |
yayi Nikèn Selabrangta |
sira saurana yayi |
patanyan kang sêdya mrih |
têkèng kajatèyanipun |
ywa sira sêlan tampa |
krana Lah dipun patitis |
jatènana iku yayi arinira ||

12.
Wau Nikèn Selabrangta |
dinuking tingal mring laki |
pasaja tyas tan lênggana |
nauri patanyanèki |
yayi prasèjènèki |
Hyang Suksma Ingkang Maha Gung |
prasèjè lan kang anyar |
Dating Hyang Kang Maha Sukci |
pasthi kêna tan kêna kinarya apa ||

13.
Kahananing angling Asma |
tan warna rupaning Widdhi |
tan kantha myang ambu rasa |
tan arah ênggoning Widdhi |
pasthi ananirèki |
tan kadulu ing pandulu |
nyana tan ginraita |
glèthèkan pinêthik dening |
kira-kira karana tanpa tuduhan ||

14.
Marma Hyang Kang Maha Mulya |
aêlit kalih prakawis |
ngumum ngèlmune Pangeran |
ginusthi ing para mukmin |
lit ing kalih prakawis |
napi lan isbat puniku |
liring napi tan ana |
suwung tan kêni winarni |
wuwus karam kapir kang aran (n)di ana ||

15.
Liring isbat iku ana |
pasthi ananing Hyang Widdhi |
lawan bala kasat mata |
tan kasèpa ing supami |
ana-ananing urip |
[---] |
langgêng tan beda |
kang napi ananing pati |
urip iki kapurba solahing pêjah ||

16.
Iku jatining larangan |
tan kêna cap ing wong mukmin |
rèh tan kêna ginagampang |
lakuning urip mring pati |
sapa wonge sawiji |
mati jroning uripipun |
jatining kanyatahan |
rip lèjêm wujuding pati |
dungkapêna yayi roroning atunggal ||

17.
Sasolahe wong wus Suksma |
wali ananing Hyang Widdhi |
datan kêna karusakan |
kang wus apana ing pati |
Ragarêsmi turnya ris |
kakang (m)bok dènnya sung tuduh |
amba kalangkung rahmat |
kaidayat ing pandêling |
kakang êmbok kawula malih têtanya ||

18.
Atur kawula ing kakang |
prêlu punika kang pundi |
lèjême ingkang sajatya |
sang waela Selabrangti |
aris dènnya nauri |
manira darma amuwus |
saking sabdèng (n)Jêng Tuwan |
karane sarengat iki |
pinangeran santosa kalawan salat ||

Jilid 11 - Kaca : 334

19.
Lampah kang samar punika |
agung paedahirèki |
kang têka ing têgêsira |
yèku wite lampah yayi |
marma na ganjaran sih |
wusing têkèng têgêsipun |
laku jatining salat |
sadurunge nêtês yayi |
lampah iki nora nana hukum sawab ||

20.
De kang parlu têgêsira |
marga kalanggêngan yayi |
ananira iku iya |
yèn wus têkèng paran singgih |
ing laku kang utami |
tandhantuk sawab sih agung |
sinung trang kawaspadan |
jatining lampah donya kir |
turnya kasinggihan kang (m)bok sojarira ||

21.
Apadhang raosing driya |
kawula malih sinung ling |
kang parlu kalawan sunat |
punapa kêniya tunggil |
tuwin botên manawi |
Selabrangta aris muwus |
dening apa yèn uga |
yayi kang sampun sêjati |
sayêktine pasthi kêna tunggalêna ||

22.
Yèn sampun nêlaskên lampah |
lampahing wong sampun luwih |
datan aetang wêktunya |
tansah tinunggil Hyang Widdhi |
nèng pangayunan nênggih |
tan etang ing sunat parlu |
kawruhe tan pèpèka |
tan kandhêg daluwang mangsi |
dene wêktu punika rêke wus nunggal ||

23.
Tansah karon papasihan |
Ragasmara muwus aris |
de ayu têmên si kakang |
Sèh Mongraga gumuyu ngling |
dening adaya yayi |
(m)bakayunta dera-(ng)gunggung |
lah yayi Ragasmara |
tutugêna aprang ngèlmi |
dèn arêbut aywa yayi taha-taha ||

24.
Dèn suala ing surasa |
ywa kêna kurang salirning |
Ni waela Selabrangta |
linilan awawan angling |
wasana ngandika ris |
yayi paran karsanipun |
ana kêcap mangkana |
sapa arannira yayi |
lah jawabên dèn-patitis Ragaasmara ||

25.
Ki Ragarêsmi turira |
kakang kawula miyarsi |
kanugrahan araningwang |
Selabrangta anauri |
paran liripun yayi |
kanugrahanirèki |
matur marma punika |
kanugrahan sing Widdhi |
sajatine wawayanganing Hyang Suksma ||

26.
Wayangan puniku Asma |
kanyatahaning Hyang Widdhi |
lah paran karsanta kakang |
Nikèn Selabrangta angling |
pamane tandha yayi |
pan maksih kurang sauntu |
(n)dungkape ing kayaktyan |
dènnira tatakèn malih |
sajatining wadon sajatining lanang ||

Jilid 11 - Kaca : 335

27.
Jroning wadon ana lanang |
jroning lanang ana èstri |
yayi ucapna kang nyata |
Ragarêsmi matur aris |
inggih pamyarsa mami |
jatining lanang puniku |
ananing roh kang murba |
misesa jisim puniki |
roh ilapi puniku pan roh wanudya ||

28.
Andhêdhêr sajroning lanang |
dene sajatining èstri |
apan karsaning Pangeran |
ananing roh kudus nênggih |
dene arannirèki |
punika apan roh kudus |
tumanêm ing wanudya |
marma lanang tyasirapti |
mring wanudya-wanudya kayunning priya ||

29.
Wanudya paworing priya |
sajatine sami èstri |
kang satuhu ingaranan |
lanang ananing Hyang Widdhi |
de tan anamur budi |
maring Hyang Kang Maha Luhur |
lan paran karsa kakang |
Ni waela Selabrangti |
angling atut têmên yayi ujarira ||

30.
Nging maksih sarwa kuciwa |
kurang sadungkapan yayi |
Ragasmara aturira |
kang mugi kakang sun dêling |
anjatèkkên ing angling |
mênggah ing sampurnanipun |
Selabrangta ris nabda |
pan kaya durung (n)dungkapi |
ing wêktuning rasa surasaning sabda ||

31.
Manawi sasangat dina |
Ragasmara matur aris |
dhuh dene angêmu rasa |
wadining ngèlmu asangkrip |
kawula matur singgih |
tatanya ingkang satuhu |
lah sapa sintên kakang |
Pangeran-(n)dika sajati |
ucapêna jawabe ingkang pratela ||

32.
Padha samêngko kewala |
ywa mawi tètèbèng nyai |
Ni waela Selabrangta |
nauri patanya gati |
lah iya ingsun iki |
Pangeran sajatinipun |
sun sira tan prabeda |
jatine nora kakalih |
iya sira iya ingsun iki Suksma ||

33.
Karam ngucapna kawula |
kawula sampun kawuri |
Ki Ragasmara nor jiwa |
ing tyas wus tan mindho kardi |
lêsu sarira kadi |
dèn-lolosi tulangipun |
Sèh Adi Amongraga |
suka têmên ingsun iki |
anênonton prangira padha jayanya ||

Jilid 11 - Kaca : 336

34.
Lah yayi bêdhaggên pisan |
arinira Ragarêsmi |
dimèn lir wong sisinggahan |
alatah Ki Ragarêsmi |
mèsêm Ni Selabrangti |
Sèh Mongraga sru gumuyu |
sarya ris angandika |
wus yayi padha basuki |
paran mara wus nunggal padha salaya ||

35.
Nugraha jatining tampa |
wus man ing dalêm kajatin |
kabèh iki pan Pangeran |
yèn tan langgênga kadyèki |
akayun ing kadadin |
tingkahe andadar laku |
pasthi atêmah sasar |
kewala kengang puniki |
kaluputan saking juwêting pandadar ||

36.
Kasiku ing pribadinya |
mungguhing Hyang Maha Suci |
tan kengang winêyah karsa |
batal kawaleyanèki |
[---] |
dèn akunci pamintèng hyun |
rèhning wus kanyatahan |
kang liningan narimèng ngling |
Sèh Mongraga karsa anampi ing driya ||

37.
Yata kabèh ing pangiksan |
suh sirna tan ana kèksi |
mulih kamulaning wana |
tan na ing Gambirawati |
Sèh Mongraga ngling aris |
marang ing pamitranipun |
lah yayi Ragasmara |
sira wus antuk sih Widdhi |
luwar saking papa (n)dungkap ing kasidan ||

38.
Ywa walangati ing cipta |
mring rakanta Selabrangti |
sung wuwus ing kauwusan |
jalar ngêningkên pandêling |
Ragasmara ngabêkti |
anguswa pada ing guru |
miwah mring Tambangraras |
ngabêkti umatur aris |
dhuh sang Adiluhung kang sipat Pangeran ||

39.
Kawula datan kumêdhap |
ing sakarsa anut kapti |
ywa sah sanalika tuwan |
tan sêdya mangsuli angling |
Mongraga ngandika ris |
aywa susah dera wuwus |
cêgah anglairêna |
sun wus rêna tyasirèki |
yèn sêmbada payo yayi lumaksana ||

40.
Marang dhukuh Wanantaka |
titinjo kakangirèki |
kang padha kukuwèng desa |
jênêk nèng palanggatnèki |
payo pinarah yayi |
sêdya mring rasaning laku |
lawan janma wèntèyan |
ngalam (ng)ganning limang bêkti |
kudu angibadah tan kêna pot salat ||

Jilid 11 - Kaca : 337

41.
Mangkana Ki Ragasmara |
nir tan walang ciptèng ati |
marang guru kalihira |
sang waela Selabrangti |
suhudira anggusti |
ambêg wus ambapa-biyung |
mangkana dènnirarsa |
umangkat saking (ng)gyannèki |
sêdya ngalèr ngetan pan anduduk lampah ||

687 Mêgatruh

1.
Tandya mawan linggar sing sasananipun |
lunguring Gambirawati |
kalawan rubiyahipun |
tri sang siswa Ragarêsmi |
anganjor ing jurang ajro ||

2.
Pajar sidik sumirat Hyang Arunèsuk |
angênani wana wukir |
kalamukan dening pêdhut |
marêmêng mandakarani |
sunaring surya ya silo ||

3.
Asrang swaraning rês-rês wrêjit wana gung |
jongkang jangkrik bring ngangrangi |
barung sabawaning manuk |
tilêm pang nama mêlingi |
akitêran samyandon woh ||

4.
Sêmpyoking pang siyutan ro kang katiyup |
ing angin pan aninipis |
bêntar baskara narawung |
mangkana dènnira laris |
parah tirahning (ng)gyan sigrong ||

5.
Nganjat panètèran lêlêngkaning gunung |
ngandhap lampahira dening |
kang garwa dènnya lumaku |
Ni waela Selabrangti |
samarga-marga rèrèndhon ||

6.
Amapalat ing dhusun pan datan ayun |
lamun kampirèng desèki |
kewala laju andarung |
raryan kalamun ngabêkti |
tansèng wana yèn kadalon ||

7.
Nêngna wau kang sêdya andon lumaku |
gantya kang kocapa malih |
nênggih Wanantaka dhusun |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
acikal-bakal nèng kono ||

8.
Dènnya samya ambubak babakan samun |
sêdhêng tumrunaning kitri |
cinatur ing laminipun |
pan sampun panca warsèki |
akêtêl wilis sri tinon ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (22) Kaca 317 - 321
  • (24) Kaca 338 - 355 >