Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01a) Kaca 01 – 12

 

( Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka )

12

I. Lampahipun Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka dhatêng Wanamarta ginarubyug para mitra kulawangsa, mampir-mampir ing dalêmipun para Kyai mitranipun Ki Bayi Panurta, nyipêng lajêng nêrusakên lampah. Para Kyai sami tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta saengga rombonganipun tambah-tambah ngantos dados tiyang salangkung.

1. Dumugi ing Ngardipala ing dalêmipun Sèh Malangkarsa rombongan kinurmatan lan sinugata. Dalunipun sasampuning dhahar kêmbul, lajêng têrbangan, singiran, emprak, ojrat, dipundhulêngi para èstri. Ni Pêlangi bojonipun Sèh Modang wasis andhulêng, gandrung dhatêng Jayèngraga. Rarasati, rabinipun Sèh Amongraga, mangêrtos lan tansah ngulatakên. Sèh Amongraga lan Ni Selangbrangti rawuh kadhèrèkakên Ragarêsmi, ngimami salat, tumut narêbang lan paring piwulang sawatawis. Sèh Amongraga sapandhèrèk musna. Bakda Subuh rombongan nglajêngakên lampah. Sèh Malangkarsa kalayu badhe sowan Ki Bayi Panurta.

Kaca 01 - 12.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 1

SÊRAT CÊNTHINI XII

691 Asmaradana

1.
Kae Sèh Malangkarsèki |
mijil paregolanira |
pangguh lan para tamune |
gupuh dènnya uluk-salam |
pan samya sinauran |
ngalaèkumu salamu |
laju ngancaran kewala ||

2.
Sadaya samya umiring |
kerit marang wismanira |
ngaturan lunggyèng salune |
atata dènnira lênggah |
anèng paningratira |
sira Sèh Malangkarsèku |
gupuh dènnya jawat-tangan ||

3.
Kae Sèh Mangunarsèki |
gêpah rahab sasalaman |
gantya-gantya sadayane |
myang para rubiyahira |
samya aturkên salam |
kang kulawangsa tan kantun |
samya ngabêkti tur salam ||

4.
Binagya wau kang prapta |
alon mangsuli wacana |
raharjèng palakramane |
Sèh Malangkarsa anabda |
mring pawong èstrinira |
sira timbalana gupuh |
nyainira maring ngarsa ||

5.
Kang liningan mentar nuli |
tan adangu nulya prapta |
Malangrêsmi ing ngarsane |
ngling sira sasalamana |
lan para arinira |
iku kang asring sun-tutur |
Sèh Mangunarsa Wanantaka ||

6.
Sèh Gungrimang kang taruni |
kalawan rubiyahira |
Jèngraga Jayèngrêsmine |
kang kinèn anulya gêpah |
dènnira sasalaman |
sarya panêmbramanipun |
pambagya mring tamunira ||

7.
Agupuh tur salam sami |
mangsuli kramaning sabda |
katêmbyan rèh basukine |
Nikèn Malangrêsmi mulat |
marang para rubiyah |
jinawab kumpula lungguh |
waela tri rinakêtan ||

8.
Langkung sih siniyanèki |
Nikèn lan para waela |
saking tyas samya katêmbèn |
Malangrêsmi anambrama |
yayi katêlu pisan |
sami kantuna alungguh |
sakêdhap ingong babêthak ||

9.
Mariksani kang sasaji |
waela tri tur sumangga |
saryarsa nut mring pa-awon |
samya datan sinung lunga |
Malarêsmi gya mentar |
anjênêngi kang angukus |
angrukti karya sugata ||

Jilid 12 - Kaca : 2

10.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
yayi saking Wanantaka |
wanci punapa angkate |
punapi nananggêl lampah |
tuwin maruput enjang |
Sèh Mangunarsa nor wuwus |
inggih awalipun enjang ||

11.
Radi karêmbênên dening |
rewang pidak lan rubiyah |
ing lampah sapakantuke |
jalwèstri samya sumêdya |
panggya paduka kakang |
ngiras nguntap lampahipun |
Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

12.
Kalihnya samya amulih |
mring karajan Wanamarta |
wus antara ing lamine |
kapisah ing yayah-rena |
dungkaping têkèng mangsa |
saking têbih parêkipun |
sangating nis panca warsa ||

13.
Malangkarsa mèsêm angling |
e yayi Alhamdulillah |
andhatêngakên pamule |
pamitra têkèng sudarma |
yayi yèn makatêna |
manira mèlu tumutur |
singgih marang Wanamarta ||

14.
Yun papanggya (n)Jêng Kiyai |
guru Ke Bayi Panurta |
wulangun manira rêke |
sadaya suka nor-raga |
myarsa ing wuwusira |
Kae Sèh Malangkarsèku |
tumutur inguntap lampah ||

15.
Tan dangu wau kang prapti |
para mitranira papat |
Pariminta Mongsarine |
Trêsnaraga lan Sèh Modang |
tan srênti dènnya prapta |
sarta mêngakakên pintu |
sarêngan dènnya luk-salam ||

16.
Gupuh kang sinungan angling |
nauri panjawabira |
samya angingsêr linggihe |
anèng ing bale watangan |
têgêse bale dawa |
amèpèt dènnira lungguh |
Sèh Malangkarsa ris nabda ||

17.
Kang samya rahab tur taklim |
ing tatamu jalma tama |
kang sabên sun-pajarake |
kang sinung ujar agêpah |
dènnya anjawat-tangan |
marang Sèh Mangunarsèku |
miwah Ki Sèh Anggungrimang ||

18.
Tuwin maring Jayèngrêsmi |
kalawan Ki Jayèngraga |
saha bagya wulangune |
winangsulan karaharjan |
wus tata lungguhira |
myang para rubiyahipun |
Sèh Pariminta Sèh Modang ||

19.
Anunggil lênggah samyèstri |
pan samya salam-salaman |
kupu samya waelane |
kalangkung rakêtanira |
katêmbyan rèh papanggya |
arahab rarasan ngèlmu |
padha wadon liliriyan ||

20.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
mring pangulu Basariman |
priksanên nyaimu kae |
yèn wus samya asasajwa |
kon-naoskên ing ngarsa |
kang liningan mentar gupuh |
matur mring Malangrêsmi ka ||

Jilid 12 - Kaca : 3

21.
Kinèn sasaji ing ngarsi |
Ni Malangrêsmi agêpah |
anuduh mring pawongane |
Ulangan sigra angatak |
mring rowang nampa dhulang |
wus samya kerit mangayun |
prapta rampadan tinata ||

22.
Bucu mêgana kêbuli |
pulên wuduk liwêt tambra |
sêmoa lam-ulamane |
opor bèbèk pindhang banyak |
agya ti susujènan |
yêm mênjangan lan bêtutu |
bêlbêt surung basngèk ayam ||

23.
Lombok kêncêng lawan pêtis |
dhèndhèng nganjèn lan masrènan |
myang palimpuk duduh koyor |
abon êmpal kisi lidhah |
rambak sayadan rêmpah |
bon rêmus karupuk têrung |
tim dara gêcok-gênêman ||

24.
Gorèngan kathik gulathik |
sangkêp saliring lawuhan |
sambêl lan lalabane |
wusnya dènnira atata |
Kae Sèh Malangkarsa |
aris pangancaranipun |
wawi samya wawantingan ||

25.
Sumapala cadhang bukti |
karana Allah kewala |
ing sawontênipun rêke |
agêpah ingkang liningan |
angrabbi ing pasojar |
sadaya sarêng tuturuh |
(n)dan lêkas samya anadhah ||

26.
Akêmbul jalu lan èstri |
kapang nèng salu paningrat |
sami ambêng dhewe-dhewe |
miwah lêlawuhanira |
pan rinampad priyangga |
pra waela sadayèku |
pikantuk dènnira nadhah ||

27.
Pra priya samya tan pati |
ngathahakên ing anadhah |
wus lantèh pariyalate |
mangkana dènnira nadhah |
antara dangunira |
luwaran samya tuturuh |
ambêng nuli cinarikan ||

28.
Ulangan lawan Cênthini |
anglorodakên rampadan |
sinungkên kulawangsane |
samya tinadhah akapang |
warata pawongira |
jalu èstri samya nutuk |
tuwuk tan ana kang kurang ||

29.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
nyarakkên dhaharanira |
sumangga sami ginape |
pangusaping amisan |
punapa kang kinarsan |
gêpah ingkang sinung wuwus |
angalap sasênêngira ||

Jilid 12 - Kaca : 4

30.
Nyamikan kang manis-manis |
pamangsêg sasênêngira |
pra waela suka tyase |
rahab dènnya rarakêtan |
apan tawa-tinawa |
samya gantya asung sinung |
rubiyahira Sèh Modang ||

31.
Kang nom sira (m)bok Pêlangi |
sadangunira lungguhan |
paliringira pan wèngwèng |
mung mêndir mring Jayèngraga |
iriban lan kang lanang |
liringe tan pati pagut |
Pêlangi ciptaning driya ||

32.
Dingarènne wong asigid |
tan ngugêr pancêring tingal |
êman bae wong abancèr |
angowahi paliringan |
anyuda prayèng naya |
smakèyan kang wuwuh bagus |
awiwing kaya arjuna ||

33.
Cahyane ambusanani |
liringe gawe wigêna |
paran baya darunane |
nora kaya biyèn ika |
akarya lara branta |
sasolahe awèh wuyung |
kae bagus Jayèngraga ||

34.
Mêngko iki angoncati |
asangkrib pangèksinira |
tan karsa ningali mring ngong |
ya ta lah nora kaya-a |
baguse Jayèngraga |
cinadhang lèlèjêmipun |
tan pisan anglawanana ||

35.
Solahe nimbok Pêlangi |
dènnya anênancang tingal |
mring Jayèngraga ulate |
lêlewane kawistara |
angambil nyanyamikan |
kumlawe mlaku kadulu |
marang Kae Jayèngraga ||

36.
Sing anyamikan dèn-ambil |
pan ginigit uga ora |
mung pijêr amandêng bae |
Jayèngraga ciptèng driya |
dene nora kaya-a |
iku setan (ng)ggawa dhadung |
ngudha-udha dhêdhèwèkan ||

37.
Mêncêngis bêlis maringis |
anggonjak bèdruning driya |
iku wong tan na sêbute |
Rarasati wruhing cipta |
kalamun ingkang raka |
kinandhang dening pandulu |
sasmita asêmu prana ||

38.
Mring Turida dènnya angling |
netra kang datan kumêdhap |
botên walang-walang bae |
sanadyan êpring lan ula |
tuwin ulam êlohan |
nadyan jalma kadhangipun |
wontên tan bisa kumêdhap ||

39.
Mlolo kewala mucicil |
Turida nauri sabda |
ngêndi ana wong tan kêdhèp |
Rarasati mèsêm mojar |
ririh anjawil pada |
puniku tiyang andulu |
mring arinta Jayèngraga ||

Jilid 12 - Kaca : 5

40.
Turida mulat ngrêngoni |
supaya aywa kadawa |
Pêlangi sumêdhot tyase |
kawangun liringira |
apucêt netyanira |
ketang wirang jroning kalbu |
mring waela Rarasatya ||

41.
Susumèh aminta kapti |
rumakêt anor wicara |
amanohara wuwuse |
wus kasaman rahabira |
tan mantra ing sanitya |
kapundhuhan rakêtipun |
tan dangu rênguning driya ||

42.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
jêbèng Kae Mangunarsa |
mênggah ing rarasan rêke |
kang lapal kulu sae-an |
aliunna wajitah |
kadipunêndi puniku |
mahadabipun kang purna ||

43.
(n)Dungkapipun ing kajatin |
yayi yogya madhangêna |
rungsiting ngèlmu ijmahe |
kiniyas lawan ngain-nya |
kususing kanyata-an |
Sèh Mangunarsa nor wuwus |
singgih kakang Malangkarsa ||

44.
Kang lapal kulusae-in |
aliun wahjatah punika |
kang ingucap sawijine |
samadaya kengang rusak |
makluk sagala donya |
sejirim mungkin mabau |
wus pinasthi gantung rusak ||

45.
Dening Hyang Kang Maha Sukci |
amung sawijining kila |
kawulaning Hyang Kang Mansoh |
suhul anèng pangayunan |
ngupamakkên punika |
mukanipun Hyang Maha Gung |
saèstu tan kenging rusak ||

46.
Sujalma kang wus sinung sih |
marang ing sira Pangeran |
dinoh saking pasiksane |
bab ingkang puniku kakang |
tan kenging ginagampang |
kang sinung upami wau |
minangka mukaning Sukma ||

47.
Punika jatining jalmi |
wus man ing dalêm ngagêsang |
kang sampun sagêd anungge |
subranta maring Pangeran |
tan ana lyan kaèksan |
kalawan pribadinipun |
sumangga (n)dungkaping cipta ||

48.
Sadaya mèsêm miyarsi |
rèh sampun sami kaduga |
tan ana waon-winaon |
rèh sampun atunggal tingal |
tan pae pangartinya |
kasaman kupu ing kalbu |
angranggoni lèjêmira ||

Jilid 12 - Kaca : 6

49.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
yayi puputing rarasan |
pênêde sunat sêsambèn |
wawi sami tarêbangan |
salawat pujining Hyang |
yayi ing riki wus têmtu |
adate ing Ngardipala ||

50.
Kang dados pangatêr dikir |
ing ngriki mung kakêntrungan |
lawêding ngèlmu-rasane |
alambar suluk Panamar |
sêmuning rasa jatya |
bungkaking kanênganipun |
pangojratira Hyang Sukma ||

51.
Sèh Mangunarsa ngling aris |
inggih utawi kinarsan |
jalar palaling Hyang rêke |
mèsêm Ki Sèh Malangkarsa |
angling marang Sèh Modang |
lah konên ngambil kêntrungku |
Bin-uwah kalawan têrbang ||

52.
Wasisan tarêbang mami |
Basariman dèn a-enggal |
yèn ana tarêbang manèh |
têka ro êngkas kewala |
agupuh ingkang liningan |
angambil tarêbangipun |
tan dangu prapta ing ngarsa ||

53.
Katur ing Malangkarsèki |
tinampan nulya sinêntak |
Sèh Modang nêntak têrbange |
si Sontri sampun ginêmbrang |
Mongsari kêntrungira |
Tisnaraga nêrbang wau |
miwah Ki Sèh Pariminta ||

54.
Kae Sèh Malangkarsèki |
tarêbange si Kumandhang |
wong lima mangku têrbange |
Sèh Malangkarsa ris mojar |
lah payo pra wadonan |
myang yayi sadayanipun |
prayogi sunat salawat ||

55.
Sumangga turira sami |
Sèh Modang lan Pariminta |
katêlu Amongsarine |
kang abawa singirira |
(n)dan lêkas asalawat |
la ilaha ilolahu |
Mukamadun Rasullolah ||

56.
Gya sadaya naurani |
èstri priya barung swara |
arampak arum swarane |
kalangkung asri kapyarsa |
agobyog panêrbangnya |
abêbanggèn pong-trung-pong-trung |
thung-plêg thung-plêg dhêng thung-thung brang ||

57.
Kathah lêlambanirèki |
ukur bêbanggèn kewala |
narêbang bêsus-bêsuse |
tutuk sèlèhing sauran |
tinampan singirira |
anglik singir tan kantu |
swara têtêlon araras ||

Jilid 12 - Kaca : 7

58.
Sajak saukêle sami |
cengkoke nora sulaya |
apan wus kakancuhane |
sèlèh singir sinauran |
jalu èstri araras |
ramya sru swara karungu |
tangga parêpating desa ||

59.
Gumriwis akèh kang prapti |
dhasar têrang padhang bulan |
tuwa anom lanang wadon |
samya marang Ngardipala |
suka nonton tarêbang |
saking lor kidul adulur |
sami prapta ing pandhapa ||

60.
Kang uwus duwe pangarti |
Ke Malangkarsa tamuwan |
wong bagus ro biyèn kae |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
ing mêngko malih prapta |
ngong-tutukne wor pandulu |
bêngi yèn branta maring wang ||

61.
Samya mangkana ciptèki |
rara randha nom walanjar |
angayu-ayu abraèn |
sabisane wong adesa |
rêrêsik matut sandhang |
amamangi nginang arum |
myang sêkar gajah-olingan ||

62.
Mangkana dènnira singir |
dènnya talu sarambahan |
suwuk maca salawate |
Ke Malangkarsa ris mojar |
mring kaum Basariman |
lan Ulangan pawongipun |
kinèn nyaoskên sugata ||

63.
Kang liningan sandika glis |
Ni Ulangan Basariman |
anuduh pawong mitrane |
yata wau ingkang prapta |
Sèh Adi Amongraga |
lagya nèng palataripun |
santri Monthèl tinimbalan ||

64.
Praptèng ngayun angabêkti |
nulya kinèn sung uninga |
tur sandika santri Monthèl |
matur mring Sèh Malangkarsa |
lamun Sèh Amongraga |
nèng palatar têmbe rawuh |
agupuh sadayanira ||

65.
Ngudhuni kang wau prapti |
sigra Ki Sèh Malangkarsa |
tur salam atur sêmbahe |
miwah pra ari mitranya |
tur bêkti samadaya |
nulya ingaturan laju |
anèng sajroning kang wisma ||

66.
Anging Mongraga tan apti |
akarsa anèng pandhapa |
gya tinata gêlarane |
nulya samya parêng lênggah |
lan garwane keringira |
Cênthini marêk ing pungkur |
lan Monthèl tan kêna têbah ||

Jilid 12 - Kaca : 8

67.
Sadaya ingkang ningali |
mring Sèh Adi Amongraga |
langkung sumunu cahyane |
kabèh tan kawawa mulat |
sanginggil patênggêkan |
samya amêpês tumungkul |
langkung jrih pagutan netra ||

68.
Sèh Malangkarsa ngling aris |
maring ing rubiyahira |
sira babêktiya age |
marang sang Sèh Adimulya |
tuwin marang sang Waela |
ingkang tinuduh ing kakung |
Malangrêsmi gya mangarsa ||

69.
Tur bêkti marang sang yogi |
sumêmbah angaras pada |
nulya ngabêkti mring Nikèn |
saha panêmbramanira |
pambagya karaharjan |
winangsulan sabda ayu |
gantya pra ari rubiyah ||

70.
Sira Nikèn Rancangkapti |
Turida lan Rarasatya |
miwah pra rubiyah kabèh |
kumarubut tur pranata |
warata sadayanya |
lungguh pra èstri akumpul |
tata dènnya lulungguhan ||

71.
Sèh Mongraga ngandika ris |
yayi Kae Malangkarsa |
lagya punapi kayune |
tingale asusunatan |
matur Sèh Malangkarsa |
singgih mawi awon nganggur |
samya sunat kêkêntrungan ||

72.
Sèh Amongraga nauri |
lah yayi mara tutugna |
sunat dadi pamujine |
samya kakêntrungan ojrat |
utama dhinulêngan |
anjujunun ing Hyang Agung |
apupuji linagonan ||

73.
Kae Sèh Malangkarsèki |
mèsêm dènnira wacana |
yayi Sèh Modang ing kono |
kinarsan kinèn angojrat |
sapa kang andhulênga |
Sèh Modang mèsêm umatur |
anjawi rayi paduka ||

74.
Apan inggih pun Pêlangi |
kang dhulêng singir aojrat |
tan wontên liyane manèh |
kang sagêd andhulêng ojrat |
swaranipun prayoga |
pawèstri sawawratipun |
sarwa pikantuk kewala ||

75.
Swara sulukipun wasis |
pandhulênge awiraga |
Malangkarsa mèsêm linge |
lah ya ta mara Bismillah |
prandene wus kalilan |
nulya Sèh Modang anuduh |
marang ing rubiyahira ||

76.
Anulya Nimbok Pêlangi |
sumandhing ing priyanira |
nulya alêkas bawane |
lagon Sêkar Gadhung mêmbat |
la ilah haillah |
Mukamadun kabibbuhu |
padakammad salalaha ||

Jilid 12 - Kaca : 9

77.
Tinampan kèh naurani |
swara jalwèstri araras |
arêmpêg tan na sarêntèn |
kêntrung tarêbang barungan |
gumêr ramya kapyarsa |
pong-brung pong-pêg pong-brung |
thung-plêg thung-plêg dhung pungpung brang ||

78.
Sang Kae Sèh Amongraga |
amundhut kêntrung tinabah |
animbangi tanduk rêke |
sajake akêtipungan |
lêlamban lêliriyan |
dadya sadaya asêngkut |
dèna abarung silawat ||

79.
Sèlèhing sauranèki |
Ni Pêlangi (n)dan amênyat |
andhulêngi mong kêmbêne |
sarwi nglik swara lantas |
amêrit wuluh irat |
gêtas rênyah manis arum |
sêmbada parikanira ||

80.
Wontên wanita sinung-sih |
ing priya pandhitotama |
purwa duksina dêlinge |
wadon wajib (ng)guguruwa |
mring priya kang utama |
lah takokna dèn-aparlu |
masalah wolung prakarsa ||

81.
Ingkang dhingin bab maskawin |
Allah kalawan Mukamad |
ping ro Ngaras lan Kursine |
kaping tri maskawinnira |
dalu kalawan siyang |
ping pat lintang lawan ngèlmu |
ping lima èstri lan priya ||

82.
Ping nêm surya lawan sasi |
miwah bantala akasa |
swarga nraka maskawine |
aywa katungkul nèng donya |
sayogya gurokêna |
ywa pijêr ulah cacênthung |
ujare kang asung cipta ||

83.
Maskawin kawula Gusti |
pan patêmoning nurrollah |
kalawan uripe rêke |
maskawin Ngaras Kursinya |
sapatêmoning rasa |
lan wahya kajatènipun |
maskawin èstri lan priya ||

84.
Têmuning roh lan jasmani |
maskawin ngèlmu lan lintang |
aib mustahar têgêse |
têmuning atingal cipta |
sanyata osikira |
anèng jinêming jajantung |
maskawin kasa bantala ||

85.
Têmuning murah lan asih |
nyatèng utêk lan sirrolah |
maskawin siyang ratrine |
têmuning arip lan netra |
rasaning kanugrahan |
tan ana karasèng kalbu |
turu dununging supêna ||

86.
Wêkasane kang maskawin |
kang swarga lawan naraka |
patêmoning nêpsu rêke |
singgih lawan budinira |
panunggaling dhirinya |
nyatèng ala bêcikipun |
kang wruh pisah kumpulira ||

Jilid 12 - Kaca : 10

87.
Puniku dipun kaèksi |
sakèh maujud sadaya |
[.
.
.
] |
ingkang bangsa ati puat |
mungguh sira Pangeran |
nyata tinggal jiwa wujud |
maujuding dhawakira ||

88.
Samya karênan kang mèksi |
mring kang andhulêng aojrat |
yèn wus têkèng sèlèhane |
tinampan bawa sauran |
ngalêtêr akalangan |
abêsus saengga gambyung |
sisirig munyêt tingtingan ||

89.
Kadya tinutus kang liring |
kapara pat-mara lima |
dununge branta wirage |
dhat marang Sèh Amongraga |
liringe tan-tumama |
[.
.
.
] |
mring Jèngraga tan kapadhan ||

90.
Mring Gungrimang nabêt liring |
liringe kadhang linawan |
myang mring Piturun kasamèn |
Gungrimang mèsêm ing nala |
ya ta lah tan kaya-a |
yèn ta kadiya rumuhun |
lir tan kongsi sapênginang ||

91.
Miwah maratani liring |
mring wong lanang kang nêningal |
hoyêg samya mèsêm bae |
sêmune kèh kang kedanan |
nging wêdi mring kang lanang |
ana kang cipta marucul |
katungkula bae kêna ||

92.
Ni Pêlangi lamun wêngi |
bedhang-bedhangane gampang |
kêtara ing polatane |
ulate ulat gêlêman |
sakèhing pra lanangan |
samya ngincim-incim wuyung |
yang-uyung winèyan ulat ||

93.
Wong wadon kang aningali |
uyêg ngangsêg rêbut ngarsa |
mrih parêk Jayèngragane |
samya ngugêr-ugêr tingal |
mring Kae Jayèngraga |
samya mrih-amrih kadulu |
lêlewa suprih katara ||

94.
Yèn nuju kacèkoh wuri |
wong kang ngadhang-adhang tingal |
pating kalêsêt polahe |
ambênakkên kêmbênira |
ngatokkên kêmbang kinang |
kang kirab ngewahi gêlung |
mêmasang paguting tingal ||

95.
Jèngraga micarèng ati |
dubilah dene anjirab |
para ulat ting dêlèrèng |
thèthèkan setan bênthètan |
amanjêr cadhang tingal |
nora kêna wong aidu |
dèn-dalih andhêmênana ||

96.
Dèn-kongsi pècè mucicil |
angênthêr kêri maring wang |
biyèn-biyèn mêngko-mêngko |
Jayèngraga ajatmika |
ing solah tan amunya |
yata ingkang dhulêng kêntrung |
anampani singirira ||

Jilid 12 - Kaca : 11

97.
Anglêg bêning kumalinthing |
suluk adat kang kinarya |
lir pendah suling sasêlèn |
amlas-asih piniyarsa |
cêtha kalimahira |
mangkana parikanipun |
adate wong doyan nendra ||

98.
Sungkanan tur tan saririh |
sarta doh daulatira |
adate wong mumah-mumoh |
doyan mangan tan watara |
tan duwe pangupaya |
ing têlung prakara têmtu |
yèn uwong doyan amangan ||

99.
Linyok kêbluking akardi |
angêsèt nora andêlan |
anggadêbus dhêmên goroh |
juwèh ngrècèh angrurucah |
marang padhaning janma |
doh budine kang rahayu |
saujare ngayawara ||

100.
Ginawe ngidung rêrêpi |
wong doyan turu lan mangan |
kêthul tyas lalèn lan wangkot |
tan kaya janma kang karsa |
ngurangi nadhah nendra |
tan pati nendra yèn dalu |
tan pati nadhah yèn siyang ||

101.
Adate wong kurang guling |
wong angungurangi mangan |
sinung padhang jroning tyase |
abêning panyiptanira |
gampang sakèhing sêdya |
sinung akal kang rahayu |
dening Hyang Kang Maha Mulya ||

102.
Kabuka paningal sidik |
winêngan aibing ilham |
pan wus jangjining Hyang Manon |
sing sapa acêgah mangan |
lan sarta cêgah nendra |
sinung kamulyaning kalbu |
gampang kang sinêdya prapta ||

103.
Sarta amanggih kamuktin |
sinung warêg tanpa mangan |
winèh bungah tan manganggo |
sayêkti Kang Maha Mulya |
marêkakên walêsan |
yèn wong suka manggih bêndu |
yèn wong duka manggih suka ||

104.
Saking adiling Hyang Widdhi |
siji winalês sadasa |
sadina ing rialate |
winalês sadasa dina |
sing sapa prihatinan |
winalês suka rahayu |
angêt-angêting agêsang ||

105.
Duk cilik tumêkèng kaki |
tan ana prihatinira |
dadya malarat sajêge |
datan sinung pangawikan |
tan kadya wong nastapa |
trus tingal sidiking wuwus |
sabab kirang turu mangan ||

Jilid 12 - Kaca : 12

106.
Anrawang kalbunirèki |
waspada ing kira-kira |
lambar saking nêstapane |
angungun sakèh kang myarsa |
kajaiting wardaya |
sasurasanirèng suluk |
mituhyèng tyas anastapa ||

107.
Antara dangunirèki |
Ni Palangi dènnya ojrat |
wus têkèng sauranane |
anêsêg trêbang barungan |
ngandhêlong sinalahan |
amaca salawat suwuk |
bêng bêng bêng bêng sèlèh trêbang ||

108.
Samya ngaso ngaring-aring |
gya kaum Ki Basariman |
naoskên pasugatane |
pêpanganan wedang kinang |
sangkêp awarna-warna |
pan pininta sadaya wus |
Cênthini lawan Ulangan ||

109.
Anglaladèni ing ngarsi |
mring sang Sèh Adi Mongraga |
miwah mring para arine |
myang marang para waela |
wus samya sinakmêtan |
Sèh Mongraga ngandika rum |
wus payo akêndhurènan ||

110.
Agumuh ingkang sinung ngling |
(n)dan samya ngalap nyamikan |
sasênêngira anggape |
wusira aso dhadharan |
Kae Sèh Amongraga |
ngandika mring arinipun |
miwah marang siswanira ||

111.
Yayi Kae Jayèngrêsmi |
kalawan Ki Jayèngraga |
Gungrimang Ragasmarane |
lan Piturun wong lilima |
padha sira nrêbanga |
abarung sasingiripun |
Mangunarsa angrawiya ||

112.
Nulya Ki Mangunarsèki |
ambukak nuskah Ruwiya |
anggalêndêm suwarane |
ulêm tan pati rêkasa |
apelag sajak Arab |
swara ngalêp manis arum |
wus tamat pamacanira ||

113.
Salawat barung kaping tri |
Jayèngraga (n)dan abawa |
sajak Arab lêlagone |
angêlik kang swara raras |
laila lailalah |
Mukamad Rasulullolahu |
Mukamadun kabibolah ||

114.
Tinampèn Sèh sauraning |
sarta tarêbang gênturan |
samya bêsus panrêbange |
[...] |
pong-pyêg pong-têg tung pung brang |
pêg-pêg bah-bah-bah bur-bah-bur |
tong-ting-tong brung plak-blang plak-blang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (00) Isi Jilid 12
  • (01b) Kaca 13 – 24 >