Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (01b) Kaca 13 – 24

 

( Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka )

12

I. Lampahipun Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka dhatêng Wanamarta ginarubyug para mitra kulawangsa, mampir-mampir ing dalêmipun para Kyai mitranipun Ki Bayi Panurta, nyipêng lajêng nêrusakên lampah. Para Kyai sami tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta saengga rombonganipun tambah-tambah ngantos dados tiyang salangkung.

1. Dumugi ing Ngardipala ing dalêmipun Sèh Malangkarsa rombongan kinurmatan lan sinugata. Dalunipun sasampuning dhahar kêmbul, lajêng têrbangan, singiran, emprak, ojrat, dipundhulêngi para èstri. Ni Pêlangi bojonipun Sèh Modang wasis andhulêng, gandrung dhatêng Jayèngraga. Rarasati, rabinipun Sèh Amongraga, mangêrtos lan tansah ngulatakên. Sèh Amongraga lan Ni Selangbrangti rawuh kadhèrèkakên Ragarêsmi, ngimami salat, tumut narêbang lan paring piwulang sawatawis. Sèh Amongraga sapandhèrèk musna. Bakda Subuh rombongan nglajêngakên lampah. Sèh Malangkarsa kalayu badhe sowan Ki Bayi Panurta.


Kaca 13 - 24.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 13

691 Asmaradana

115.
Gumuruh swaranira tri |
jalwèstri angantêp swara |
miwah kang para santri kèh |
tan etang èrak gondhangnya |
sru saking rahapira |
sèlèhing sauranipun |
kang singir ngêlik barungan ||

116.
Ragasmara Jayèngragi |
atarung loro kewala |
lir pathêt nyamlêng ênême |
swaranya santak tan sumbang |
êmbat ukêle padha |
tan salaya wilêtipun |
akancuh ilon-ilonnya ||

117.
Anyamlêng kênyaming singir |
tan na kal tubias sêla |
bi arbabe saodate |
kadasamsu pil ibira |
jihatat tanakala |
sarya panrêbange bêsus |
ngapipir kêpyuh ngapinjal ||

118.
Bêbanggèn imbal nyêlani |
amagak gêdhug bêm sêbah |
kokosèkan rara-ciblon |
bisa mèt swaraning trêbang |
dhasar trêbang si Sontrang |
arum lir gêndhing pinalu |
kêntrunge akêtipungan ||

119.
Sèlèhe saurannèki |
gantya ingkang singir bawa |
Kae Sèh Anggungrimange |
Ki Piturun kalihira |
dhasar kancuhe lama |
duk misih jajakanipun |
mêlantrang ambarang trêbang ||

120.
Dadya pilalan ing nguni |
duk misih ran Mas Cêbolang |
Piturun ran Nurwitrine |
andhulêng gambyong ronggèngan |
komuk talèdhèk lanang |
tau-tate tate-tau |
dadya gêndhot kalihira ||

121.
Tau kinedanan èstri |
tate kinedanan priya |
kalangkung dening pêpayon |
mangkana wau dènnira |
Gungrimang singir bawa |
abarung lawan Piturun |
swara manis arum raras ||

122.
Mêrit mêthit muluh rujit |
kadya rêbab sinulingan |
mèt paran pêcalang ngêse |
apèrang têmu irama |
tan siliring kang swara |
apupunton têpung arum |
lês wilêt ukêle padha ||

123.
Gêtêr krêkêle tan srênti |
mêmbat nganyut-anyut driya |
dhasar sêmada digawe |
anolih Ki Jayèngraga |
mèsêm mong liringira |
dhat krasa maksiyatipun |
èngêt duk masih bêgeran ||

124.
Pan wus kakarêmannèki |
Jayèngraga siyèn mila |
karêm rarasing agêndhèng |
kathah kaèngêtanira |
langêne duk waunya |
ronggèng lanang Surat Sênu |
èsême Ki Jayèngraga ||

Jilid 12 - Kaca : 14

125.
Tyas sêmada sênak-sênik |
mulat marang Anggungrimang |
yèn mungguh maksiya anom |
jajakan bocahanira |
bisa olah gêndhèngan |
kaya tan wurung kinrêmus |
wungkuk-sangkuk ginendhongan ||

126.
Nulya gantya kang asingir |
sira Kae Jayèngraga |
ngapti dènnya singir dhewe |
angantêp bêsusing swara |
mèt sêdhêng sru ririhnya |
anglik ngalêp ngêntul-êntul |
kadya ngalapêna jiwa ||

127.
Akarya sêkaring ati |
prèstri samya kedanan |
sanadyan sami priyane |
kanyut maring Jayèngraga |
saking rum-ruming swara |
pra wadon mêjên angrungu |
kumênyut samya kasmaran ||

128.
Anggungrimang ciptèng ati |
myang Piturun rasèng driya |
kadya wong wadon angênne |
myarsa ngês wilêting swara |
kadi ngènèl-ngènèla |
myang pra èstri kang kayungyun |
samya mês nyunyunganira ||

129.
Yang-uyangan dènnya linggih |
ngungal-ungal mrih katingal |
agorèh linggih ngalih (ng)gon |
sami cacadhangan cipta |
liringe Jayèngraga |
wênèh ana ririh wuwus |
baguse ingkang narêbang ||

130.
Suwe ora awèh liring |
mring wong lêgana ing manah |
nolèha sadhela bae |
yèn ta malèmbaring (n)jaba |
tak-gèndènge mring wisma |
nora sun-wènèhi mêtu |
ngong kungkung kon-dadah-dadah ||

131.
Rowange ananauri |
e lah ta ora-ora-a |
ambêdhog têtanggonning wong |
dhèwèkan sun mau mula |
dèn-têmu pèk dadalan |
têka ora ana wong buncur |
anjêngèk kang sinauran ||

132.
Awawan winawan angling |
gumrêjêg têmah atukar |
gègèr pinisah wong akèh |
para sêmbèr antuk dalan |
mundhak olèh (ng)gon ngarsa |
anjêngglèng samya dol ayu |
tan ngromèsi kang tukaran ||

133.
Nutug kang salawat singir |
Jayèngraga lan Gungrimang |
dangune dènnya gagêntèn |
sinalahan mèt irama |
suwuk sèlèh tarêbang |
Sèh Mongraga ngandika rum |
yayi Kae Malangkarsa ||

Jilid 12 - Kaca : 15

134.
Mungguh ngagêsang puniki |
palal wus binagyèng Suksma |
ing takdir lan pribadine |
taksir panduming ganjaran |
lawan sarwi kamulyan |
kang sinung mulya ing kalbu |
kang sinung mulya ing donya ||

135.
Miwah mulyaning rupèki |
kalawan mulyaning asta |
lan mulyaning swara rêke |
liripun ingkang kamulyan |
wondene yayi ingkang |
mulyaning kalbu puniku |
kang bisa ahli ing sastra ||

136.
Akèh ngèlmuning kang aji |
musakab saliring kitab |
tan kalêmpit surasane |
mulyaning asta kang sarwa |
bisa agêgaweyan |
mulyaning donya kang cukup |
sandhang kalawaning pangan ||

137.
Mulyaning rupa yèn rêsmi |
rêspati suwarnanira |
mulyaning swara bêcike |
alêp rum awèh wigêna |
karya rarasing driya |
lir swaranya rinta iku |
Jayèngraga Anggungrimang ||

138.
Piturun Ragasmarèki |
swara wus samya kawilang |
akarya lamlaming akèh |
sakèh kang ngucap mulya |
suwarna kalbu asta |
dunya swara kang puniku |
nunungkuli kajateyan ||

139.
Tan suhul maring Hyang Widdhi |
katungkul karêm kamulyan |
têkabur (ng)gunggung dhirine |
pambukaking lawang suka |
suka bungah sumêngah |
malah mrih pêkah kêpatuh |
tan na yan tarekahira ||

140.
Kalulun mring kang dèn-sêmmi |
singa kang dadi karêmnya |
mring papa ngaling-alinga |
apan ênggonning pratandha |
mukmin ngam lan kas ika |
lamun bisa tunggal wuyung |
mulyaning kang kinarêman ||

141.
Anyapih pasiyanèki |
kang nirikakên mrih wingwal |
amuhung maring Hyang Manon |
yèku ingkang olèh tandha |
kang wus man ing Pangeran |
linuwihkên ing Hyang Agung |
mukmin kas bangsa nujêmba ||

142.
Dene mukmining kas nênggih |
jalma kang tan nêdya singsal |
saking pangamêng-amênga |
mulyaning kang pinangeran |
abidêngah ing donya |
sadaya kang myarsa wuwus |
tumungkul anganor jiwa ||

Jilid 12 - Kaca : 16

143.
Sinambi ngalap nyênyamik |
wus aso satoranira |
kang samya karênan tyase |
tanggaping graita pasang |
linèjêming sasmita |
lêjar wus tan sêlan surup |
sasare wus kinawruhan ||

144.
Sèh Mongraga ngandika ris |
yayi Kae Malangkarsa |
prayogi tinutugake |
dènnyarsa sami singiran |
kewala sajak Jawa |
Ke Malangkarsa agupuh |
angling marang Jayèngraga ||

145.
Suwawi ing ngriku yayi |
ing mangkya lagya kinarsan |
sajak cara Jawa rêke |
punapi lagon sumangga |
pênêde dhinulêngan |
sintên ingkang ngamprak sumbu |
Sèh Mongraga ris ngandika ||

146.
Bêcike ingkang ngèmpraki |
si Monthèl lan Ragasmara |
Ki Jayèngraga agupoh |
mèsêm sarya nyandhak têrbang |
pinangka ginalewang |
anglik lagu Sêkar Gadhung |
ya lailaha haillalah ||

147.
Mukamad Rasullohi |
tinampèn kèhning barungan |
jalwèstri tan na sarêntèn |
lir pendah sundari sasra |
sru asri kapawanan |
trêbange ramya tinabuh |
agagênturan brang-brungan ||

148.
Pong-prung pong-pêg tong-ting tong-gring |
tung-plêg tung-plêk bêm-pyung-pyung brang |
tarêbang barung kêntrunge |
Ki Monthèl èmprak gêntènan |
kalawan Basariman |
èmprake ajumbul-jumbul |
ngêmut sumbu bêbrongotan ||

149.
Têlèrongan pasêr gêni |
abêbakaran priyangga |
tênggok cêcongklakan cingklok |
langkung suka kang tumingal |
èmprake Monthèl Basar |
gagêntyan kang (n)dhulêng wau |
Piturun lan Ragasmara ||

150.
Rowang imbal samya singir |
Jayèngraga Anggungrimang |
kancuwanira gagêntèn |
Piturun lan Ragasmara |
timbange gagêntènan |
lan Jèngraga kaitipun |
lan Gungrimang tan na èmprak ||

151.
Singirira Jayèngragi |
kang suluk Koja-kasiyan |
mêmêsu raga abênne |
dèn papati dhirinira |
dahat dènnya nanêrang |
tansah sarira marlêsu |
ngênirkên kang pancadriya ||

Jilid 12 - Kaca : 17

152.
Yèn tan wruh titining urip |
kalawan paranning branta |
tan uwis dèn-uwusake |
wawasi kalawan ajar |
brahmana myang pandhita |
pujangga ngulama nêngguh |
sami arêbat kasidan ||

153.
Ajar atotor ing wukir |
angurangi turu pangan |
toya pinangeran mangka |
wawasi sutapanira |
midêring kasamunan |
paksan norraga ginunggung |
pujangga aulah sastra ||

154.
Cipta kawi karya gupit |
dadi anêmbah ing nyana |
ngulama amardi raos |
mangeran ing basa swara |
brêmana manoara |
ukara kang pinujèku |
rat mêtu cênung dèn-ambah ||

155.
Eling-eling dèn a-eling |
rungsiting Hyang Maha Mulya |
tan anèng kana myang kene |
ênggonne tanpa tutuhan |
tan kajro tan kajaba |
adoh tanpa wangênipun |
aparêk tanpa gêpokan ||

156.
Kang myarsakkên ingkang singir |
kang dungkap graitanira |
tan sêlan salah surupe |
kadya wos ginalêpungan |
anglêmbut ciptaning tyas |
kang tan wruh surasèng suluk |
kènyut myarsa swaranira ||

157.
Miwah kang para pawèstri |
cipta tan kuwawa-a |
amyarsakkên ing swaranya |
ngungun tyasira lir gigal |
balêdhug angluh nala |
nalikanira ing ngriku |
tan cipta lyan Jayèngraga ||

158.
Tan mikir êmèling singir |
kasongar dening suwara |
nora mikir kalimahe |
mung ngês wilêting kang swara |
tumanêm anèng karna |
gantya-gantya singir wau |
Anggungrimang kang abawa ||

159.
Anglik mêrit muluh rujit |
samyantap-untapan swara |
Malangsumirang suluke |
amurangniti nrangbaya |
dènnira among gita |
raryanom tan wruh ing dudu |
angêlar ujar kang sasar ||

160.
Nrangbaya tan wrin ing wèsthi |
angucap tan wruh ing tatrap |
lala-luya pangucape |
datan kêna winikalpa |
citho tan wruh ing sastra |
amulang dalan kalurung |
ambawur tutur angawar ||

161.
Pan angucap tanpa kering |
tan na bayane wong wikan |
ing kajatène awake |
kang sinimpên kinêkêran |
sajatining sarira |
apan ta roro katêlu |
kadyangganing riringgitan ||

Jilid 12 - Kaca : 18

162.
Duk lungane sang Apanji |
ngumbara maring nagara |
nèng Gêlang lampah ringgite |
andhalang sisilih aran |
karan dhalang Jaruman |
mêndhêm kula namurlaku |
tan ana ingkang wêruha ||

163.
Yèn sang Panji kang ngaringgit |
pan bêlolokên ing rupa |
tan wruh ing dhalang yêktine |
yèn iku putra Jênggala |
ingkang mindha dhadhalang |
lir Krêsna kalawan Wisnu |
tan Wisnu Krêsna kang ana ||

164.
Kèh wong karêp ing kajatin |
ciptaning wong puruita |
dèn-pisah-pisah jatine |
dèn-sêngguh sanès wujudnya |
raga kalawan Sukma |
jatining sarira iku |
kang obah mosik ya Sukma ||

165.
Kawangwanging siyang ratri |
raga tan ana nyana |
lamun Sukma sajatine |
angèdhèng dadya dhadhalang |
kawayang cipta rasa |
budi angên-angên iku |
akêlir jagad walikan ||

166.
Katon ring paèsan jati |
lêlakone Kae Dhalang |
prang lan banyol karêsmine |
anèng sajroning wênginya |
nyatèng wahya jatimika |
ngaurip kalakonipun |
yêkti nang jroning yuswanta ||

167.
Mangkana ingkang pinêthik |
suluke Sèh Anggungrimang |
kang tanggap panggraitane |
cumêplong tyas lir binilas |
asukur suka rêna |
ingkang balilu kalulun |
ring swara rêmên tyasira ||

168.
Miris kadya dènris-iris |
kadrêsan rarasing swara |
parèstri tambuh driyane |
acipta salaminira |
Gungrimang tan kedyeka |
modot kabagusanipun |
lir jajaka awiraga ||

169.
Pawèstri kèh samya branti |
lepya maring Jayèngraga |
mring Anggungrimang wuyunge |
angungudang jroning nala |
samya angalêmbana |
Ki Anggungrimang abagus |
abêsus bisa wèh branta ||

170.
Sèlèhing saurannèki |
gantya singir Ragasmara |
anglêg kang Sêkar Gadhunge |
suluk Purbajati ika |
kinidung singirira |
gyuh siwuh sasolahipun |
lir rêtna anèng raraga ||

Jilid 12 - Kaca : 19

171.
Kewala rêke anyilih |
tan wande angulihêna |
tan langgêng angga angangge |
lir tingaling patopèngan |
tan tipsan ing paningal |
kalingan ing pandulu |
tèpèngmu lêlêng tan mulat ||

172.
Panglènging Hyang Purbajati |
muksa nir tan katingalan |
karêm kandhêg pandulune |
paran margane panggiha |
ngulati (ng)granning arga |
Sukma nêdhèng dhirinipun |
aliwung ing wuyungira ||

173.
Kadyangganing sêkar kentir |
nir anggananing kusuma |
dening kaijaban wimboh |
rêke adoh yèn dinohna |
parêk pinarêkêna |
têtêmu nora kêpangguh |
sirna tansah kawistara ||

174.
Wus awor datan anunggil |
kapisah tan kêna bênggang |
kahana tan na nyatane |
pralambang sandi pralena |
lir tibaning asmara |
campuh ika iki iku |
sampurnane sawatgata ||

175.
Swarane Ki Ragarêsmi |
cumêngkling lir gambang gangsa |
manis arum karya lamong |
lan-lam wiwilêtanira |
lêse araras driya |
kumêsar sakèh kang ngrungu |
akale kaya kapinjal ||

176.
Randha wulanjar kang branti |
myang para parawan tuwa |
kang samya dêlèwèr sêmbèr |
kababar kabara-bara |
angrurah manah inah |
wiwinih dènnya mêmanuh |
kang gênah kang dadi manah ||

177.
Lali maring Jayèngragi |
lali marang Anggungrimang |
mung mring Ragasmara bae |
kang ingugêr-ugêr tingal |
katêmbèn wruh ing warna |
kêlayu angguyu-guyu |
mring Ragasmara kasmaran ||

178.
Nulya gantya ingkang singir |
Ki Piturun anglik raras |
kadya wulung kapipite |
ngalêp-alêp angumandhang |
gêtêr gêtas arênyah |
tyasing wong kadya tinutus |
rêmus tan urus kadrawas ||

179.
Wus kadya sinuwir-suwir |
ngawar-awar ngayawara |
srêrèyongan atine |
maro mêrtêlu mêrapat |
tambuh kang dèn-piliha |
tyas anglut mring Ki Piturun |
karêntêke brantanira ||

180.
Suluk kang kinarya singir |
pan suluk Jatipralena |
carmining roh tokit rêke |
wêwayangan rupa tunggal |
tan kêna palih kayan |
kayun wisesa puniku |
Maha Sukcining Hyang Sukma ||

Jilid 12 - Kaca : 20

181.
Mulya wisesa sajati |
kang rupa wisesa kayan |
molahkên rohira rêke |
marang rupa samadi ka |
mêpêki uripingrat |
uriping kahar puniku |
atmalul ngèlmu tokitnya ||

182.
Kang tokit kijabing gaip |
kang dumadi kawruhana |
sahadat tri prakarane |
kang dhingin mutanakirah |
lawan mutawasitah |
mutawilah puniku |
lide kang mutanakirah ||

183.
Angucap kalimah kalih |
asêksi mukmin mupakat |
sahadade mukmin rêke |
lide kang mutawasitah |
ngabdah lasarikalah |
malekat kang mukarakun |
kang kaèksi ing nujêmba ||

184.
Allah ngawruhi pribadi |
lide kang muta-awilah |
anaksèni ing dhèwèke |
sinangala-an punika |
gaib tan kawanguran |
Nabi Kabib badalluhu |
kang sinung muta-awilah ||

185.
Ing nguni datan kakalih |
kale langgêng mung satunggal |
lir wawadhah upamane |
akêtêk gung isènira |
yèku mutanakirah |
minangka wawadhahipun |
ing mutasita-awilah ||

186.
Ana papan tanpa tulis |
puniku mutawasitah |
de tulis tanpa papanne |
pan sadat muta-awilah |
kamoting mutakirah |
dèn-raosna kang satuhu |
têgês lan pasêmonira ||

187.
Sahadat kalih puniki |
kawadhah ing mutakirah |
dadya kang mukmin kalbune |
jujuluk idayatolah |
papan mawa tulisnya |
kang tulis kodratolahu |
papan iradating Sukma ||

188.
Dadya sêmbah lawan puji |
kalbune mukmin nugraha |
Mukamadiyah rubuke |
lan Mukamad karijiyah |
wawadhah ngèlmu Allah |
lir gatha-rêtna sumunu |
isi madu pinasthika ||

189.
Pinèt kang madu sajati |
sah saking sasananira |
madu mutak sing rasane |
sub ring habganing Hyang Sukma |
suhul tan manjing mêdal |
kêmbul jiwa nora wujud |
kalawan wêkasing tingal ||

190.
Dadya tan ana nganani |
ton-tinon tunggal dhirinya |
Maha Sukci ing jênênge |
tasbèhing Hyang Kang Wisesa |
anêsbèh ing sagala |
ngèsthi jiwa dhawakipun |
lêstari jiwangganira ||

Jilid 12 - Kaca : 21

191.
Kadya muksa tan aningit |
anglaut tanpa banyunya |
sampurna napi isbate |
purna langgêng jênênigra |
tan nir kidam baka-nya |
wus tam dènnya singir suluk |
Ki Tokitjati Pralena ||

192.
Têkèng sauranirèki |
suwuk amaca salawat |
ngaring-aring dènnya aso |
èstri kang samya niningal |
samya korag-karegan |
bingung paranning awuyung |
kapiran kang kinèdanan ||

193.
Siji tan ana pinilih |
padha kewala brantanya |
dadya arêp mring kabèhe |
batinne kapara-para |
blero ura ngalampra |
tan wus ucapên kang (n)dulu |
Sèh Malangkarsa ngandika ||

194.
Lah ta Sariman dèn-aglis |
ruktinên kandhurinira |
ingkang liningan nulya ge |
atata-tata ambêngan |
miwah ingkang rampadan |
Cênthini naoskên ngayun |
ambêng mring bêndaranira ||

195.
Sèh Mongraga ngandika ris |
yayi Kae Malangkarsa |
mungguh mukmin Jawa kiye |
tanggaping pangêrtining tyas |
dhangan sacaranira |
priyangga rasaning suluk |
andungkap panggayuhiya ||

196.
Prabeda pasahing kalbi |
ingkang saking kitab Kur'an |
kêdah kathah rubedane |
adangu suruping driya |
tan têkèng rasa sabda |
kêdah nèng lambang kikiung |
lêlagon têmbang macapat ||

197.
Tumungkul kang sinung angling |
ajrih tan purun matura |
saking kasinggihanane |
Sèh Mongraga ris ngandika |
suwawi samya nadhah |
kandhurèn kewala kêmbul |
pênêd sami karananlah ||

198.
Anulya sami awanting |
alêkas bukti kêmbulan |
jalu kalawan èstrine |
wus samya ambêng priyangga |
pakantuk dènnya nadhah |
waradin sadayanipun |
myang wong nonton kawaratan ||

199.
Wus tutug dènnira bukti |
luwaran gya cinarikan |
samya dinum barêkate |
linorod rumpadannira |
pan sampun aluwaran |
ing wanci wus gagad bangun |
bubaran dènnya singiran ||

Jilid 12 - Kaca : 22

200.
Wong kang nonton sami mulih |
ana kang banjur anatas |
datan mulih omah adoh |
angasag liring manawa |
sapa kang asung tingal |
pan samya kaku amêtu |
atine randha wulanjar ||

201.
Sèh Mongraga ngandika ris |
Kae yayi Malangkarsa |
ing mangkya bakda Subuhe |
kewala samya umangkat |
sami lampah tirakat |
marang Wanamarta dhukuh |
arinta sadayanira ||

202.
Sèh Malangkarsa turnya ris |
kawula inggih akajat |
tumutur ing rinta rêke |
kawularsa yun apanggya |
marang rama paduka |
singgih (n)Jêng Kiyai Guru |
Panurta ing Wanamarta ||

203.
Sèh Mongraga mèsêm angling |
hèh yayi Alkamdullillah |
andhatêngakên kajate |
suwawi yayi sêmbahyang |
waktu utama awal |
kang samya liningan gupuh |
mring masjid mèt rastu kadas ||

204.
Sèh Mongraga angimami |
swaranira rum araras |
surat wusing Patekahe |
surat Sujadah winaca |
adêge sinujudan |
adangu pamaosipun |
kang makdum rahab miyarsa ||

205.
Rêkangatipun kang akir |
sawusing Patekahira |
Surat Kasah wawatone |
antara rêkangatira |
adêge Kinunutan |
tahyat bakda salat sampun |
angamal puji-pujian ||

206.
Dikir donga dèn-nasibbi |
salawat asasalaman |
jalwèstri makmum ngumume |
paragat wêktuning salat |
dadya samya alênggah |
pra santri kèh samya mêdhun |
sang Sèh Adi Amongraga ||

207.
Pangandikanira aris |
lah yayi Ke Malangkarsa |
kantuna basuki rêke |
kawula yun mring panisan |
sasanèng pasamunan |
sung salam pra arinipun |
gupuh nêmbah jawat-tangan ||

208.
Nulya lumaksana aris |
lan kang garwa Ni waela |
Selabranta lan siswane |
Ragasmara tansèng wuntat |
umiring dwijanira |
mijil salêngkaning pintu |
muksa tan wis kawistara ||

209.
Mulya sasanèng awingit |
kang samya anguntap kurmat |
ring Sèh Mongraga kundure |
samya wangsul lajwèng wisma |
tata dènnira lênggah |
Kae Sèh Malangkarsèku |
aris dènnira ngandika ||

Jilid 12 - Kaca : 23

210.
Mitrèngsun Sèh Amongsari |
kalawan Kae Sèh Modang |
kang sun-gawa mentar mangka |
katêlu si Basariman |
dadya grêmaning marga |
dene kang kari ing pungkur |
kakang Kae Pariminta ||

211.
Lan Trêsnaraga wong kalih |
padha rumêksa ing wisma |
miwah bar-jumuwah rêke |
ywa kongsi wêktu muadah |
kang liningan sandika |
ngling malih mring garwanipun |
lah Malangrêsmi ta sira ||

212.
Lah sira kariyèng wuri |
sangganing ambêng Jumungah |
aywa owah lan sabênne |
manawa wus kalawasan |
anèng ing Pamintaran |
mangsa bodhowa sirèku |
karêksane Jumungahan ||

213.
Sira Nikèn Malangrêsmi |
ingujaran lawan garwa |
datan lênggana ature |
miwah Mongsari Sèh Modang |
bêbeja mring rabinya |
sadaya sami jumurung |
nging rubiyahe Sèh Modang ||

214.
Bibisik marang ing laki |
kawula tumutur mentar |
tan bisa sah saparanne |
tan bisa lamun tinilar |
yêkti kula lênggana |
Ki Modang mèsêm gumuyu |
lah sira iya mèluwa ||

215.
Lêga tyasnya Nyi Pêlangi |
linilan milya umentar |
batinne seje arahe |
saking tan bêtah sah mulat |
marang Ki Jayèngraga |
yèn ing mangke-mangkenipun |
manawa kêna ingarah ||

216.
Sisinglon tambaning branti |
karasa yun wruhing rasa |
kang kinayu alakake |
mêjên lir mati-matiya |
tansah dèn ênêbing tyas |
saking lintang brantanipun |
angayun hyun jroning driya ||

217.
Sèh Malangkarsa mèsêm ling |
paran kang samya liningan |
bibisikan rubiyahe |
matur punika rayinta |
Palangi anut mentar |
mring Wanamarta tumutur |
nauri ênggèh prayoga ||

218.
Sèh Mangunarsa ngling aris |
mring kang rayi Anggungrimang |
kulawangsanira kuwe |
prayoga padha wangsula |
mulih mring Wanantaka |
anêtêpana ing wêktu |
yèn ing dina bar-jumungah ||

219.
Aywa akèh kang umiring |
pêrlu rumêksèng agama |
yèn muadah Jumungahe |
gupuh Kae Anggungrimang |
ngling marang kulawangsa |
kakang Martaduta iku |
Prakosa lan Dêrmadana ||

220.
Miwah kakang Palakarti |
kinarsan kinèn wangsula |
mantuk mring Wanantakane |
tan karilan tumutura |
lamun mring Wanamarta |
kewala mung Ki Piturun |
êmas Sêca Jatingarang ||

Jilid 12 - Kaca : 24

221.
Tan lênggana kang sinung ling |
pra samya matur sandika |
kumambang rèhing karsane |
nulya pamit atur salam |
watara wus linilan |
mentar kulawangsa catur |
mulih maring Wanantaka ||

222.
Kae Sèh Malangkarsèki |
angling paran wus samêkta |
kang rinukti gagawane |
wus matur samya samêkta |
jal-wèstri samadaya |
wong pitulas kang lumaku |
pra kanthinira nèng marga ||

692 Kinanthi

1.
Marahbang mèh rainesuk |
sumirat ring ngawiyati |
wimbaning ima-pracima |
jwala lir lungsir akuning |
pendah tinrahing pradèndah |
rêgêding niricarambi ||

2.
Sasmita krêsna tinuntung |
dènnira dada ngrênuki |
lir wastra pulas turutan |
wraning jalada muryani |
kasuluh karabang mambang |
singip nèng ngudayèng wukir ||

3.
Wèh kêrtyaningrat sawêgung |
sunaring Hyang bangun enjing |
petang pradata kadipan |
sawining patra maèksi |
lir sasmita kèn tumulya |
mring kang myarsa mara aris ||

4.
Malangkarsa aris muwus |
marang Sèh Mangunarsèki |
manawi sampun samapta |
suwawi mumpung a-enjing |
parang timbuling Aruna |
maruput naput ing siti ||

5.
Sèh Mangunarsa umatur |
sumanggèng karsa umiring |
samya nulya lumaksana |
mijil sing pawismanèki |
pra waela anèng ngarsa |
tumurun dhingkiling dèsi ||

6.
Aturut toya pinêcut |
ngapit kanan kering margi |
guntinging toya cinakra |
ginêntha gathit angringing |
kumriwis sinrang srang-srangan |
kumringsing sampyoh kalinthing ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (01a) Kaca 01 – 12
  • (02a) Kaca 25 - 42 >