Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434705
Hari ini     :Hari ini :105
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :171
Bulan ini   :Bulan ini :3334
s/d hari ini   :s/d hari ini :434705
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05a) Kaca 118 - 135

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 118 - 137.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 118

694 Dhandhanggula

5.
Santri Putih Imansêca |
Jatingarang sadaya kang lumaris |
dadya salawe puniku |
sri swaraning ngenjingan |
paksi baranjangan manyar munya luhur |
cingcingguling cuwiyunan |
dhèdhècu lawan srigunting ||

6.
Cacangak gagak lan êngkak |
bango-buthak cabak lan tuhu kolik |
pêrkutut putêr drêkuku |
pêtuking sawatara |
jagigèran munggèng sawining patalun |
sringing jangkrik-bêring jongkang |
mrak manguwuh nyangungongi ||

7.
Lir tatanya parannira |
baya marang ngêndi ingkang pinurih |
kêlayu mring dhayohipun |
iku kang padha mentar |
asih têmên mring mitrane Kae Guru |
lir tunggil sayayahrena |
gêmak wêlung lir nauri ||

8.
Lah ya iku wruhanira |
marang Wanamarta Wirasabèki |
saking drêngira wulangun |
brata subratèng mitra |
lawan Kae Guru Bayi Panurtèku |
tumuturing sutanira |
Jayèngrêsmi Jayèngragi ||

9.
Kang mêntas andon lalana |
matiraga anrang sucining kapti |
lawase mung limang ungsum |
midik nèng Wanantaka |
mangkya samya lan rabinira yun mantuk |
mring karajan Wanamarta |
wulanguning sudarmèki ||

10.
Marma iku pra ngulama |
samya tumut saking gêng trêsnanèki |
blêg-tupuk lir nambung wuwus |
lah yan-yanane uga |
yèn lawasa dènnya tinjo iya patut |
saking sih siniyanira |
lan Ke Bayi Panurtèki ||

11.
Kadya mangkana isthanya |
yata ingkang samya mahawèng margi |
napak pagalênganipun |
lumintang pasabinan |
nganjat ara-ara palunguranipun |
wijiling Hyang Andakara |
muryani sèsining bumi ||

12.
Wus lêpas ing lampahira |
manjing wana tumuruning jurang trêbis |
parang rong curi aparung |
sumêngkèng pagênêngan |
pakêtêban ing wrêksa gung wana sêpuh |
têpung têpang pagêrotan |
ambêngak sru swaranyanjrit ||

Jilid 12 - Kaca : 119

13.
Barung sumraking cêmara |
myang kriciking wuluh mring ori anggrit |
ingan wuwang angalurung |
grêng gênging wanawasa |
ron kapusus ing braja sru kumarutuk |
pang sêmpal kaprapal singsal |
sakol-êkol tibèng siti ||

14.
Kumrutuk lir tinutuhan |
kwèh sabawanira jroning wanadri |
sato kewan kèh kadulu |
jajawi singandaka |
kidang kancil manjangan maesandanu |
uwa-uwa warangutan |
ana mong malayu wingwrin ||

15.
Madal pang rêbut tuntungan |
nêbas milar ngalih panggonan mêncit |
wau ta ingkang lumaku |
sakenjing anrang lampah |
lingsir surya wus pidak-ro wancinipun |
anon tirta ing lwah jurang |
lumirap kadulu wêning ||

16.
Kasongan lêmpènging jurang |
kinayoman karoya lan sulastri |
miwah wrêksa rêjasa gung |
alon asri kawuryan |
kadya amêmengin raryyan kang lumaku |
supadi mari katoran |
rêrêp ulah pangabêkti ||

17.
Kapadhan sasmitanira |
kang lumampah sumêdya raryyan sami |
parlu dènnya amrih waktu |
angampiri talaga |
pinujune pitulung amanggih ranu |
samya tumurun ing lêbak |
prapta amahèr-astuti ||

18.
Mimilih (ng)gyan kang malatar |
anèng sela kumalasa miranti |
wusira mèt toya wulu |
nulya ngangkat sêmbahyang |
pra waela ambabar mukênanipun |
amakmum marang ing priya |
Mangunarsa angimami ||

19.
Wus antara dènnya salat |
bakda Luhur paragat dènnya bêkti |
sasalaman sadayèku |
ngasokkên angganira |
santri ngudhar-udhar pagendhonganipun |
sêkul ulam nyanyamikan |
sinaosakên nèng ngarsi ||

20.
Pra priya lan pra waela |
ingancaran samya akêmbul bukti |
toyèng kalkun wus nèng ngayun |
sarêng dènnira dhahar |
wus antara nutug tan pati pakantuk |
luwaran gya cinarikan |
sinungakên ing pamburi ||

Jilid 12 - Kaca : 120

21.
Warata tan ana kurang |
nutug tuwuk pra santri dènnya bukti |
ênting sadayanira wus |
miwah nyamikanira |
samya ngalap jalwèstri sasênêngipun |
rêrêm dènnira araryyan |
Ki Adimuncar ngling aris ||

22.
Inggih yayi Arsèngdriya |
ngaralipun kawulaning Hyang Widdhi |
wong malbèng jroning wana gung |
prabeda wong nèng wisma |
apan dudu kaote tikêl sapuluh |
nèng wana nir kawanènnya |
nang wisma tan mutawatir ||

23.
Punapi ingkang amawa |
de tan beda siyang ratri sayêkti |
miwah padhang pêtêngipun |
mêlèk netra pan sama |
mung gêrah lan atis tan na bedanipun |
puniku kadi punapa |
Ki Arsèngbudi ngling aris ||

24.
Wadhaganipun kewala |
dènnira jrih nèng sajroning wanadri |
sabab pisah jinisipun |
lamun ta pribadiya |
ing saênggonnipun tyasira tan purun |
beda kang parêk lan rowang |
tyas suka tan mutawatir ||

25.
Punapinggih wus mukayan |
nakmas Kae jêbèng Mangunarsèki |
paran (ng)gih makatênipun |
Mangunarsa ris nabda |
kadi-kadi lêrês ngling paduka ngumum |
nging ngumuming wong jaman ngam |
yèn tan rinaosing ngèlmi ||

26.
Kang jaman jalma utama |
datan ayun parêk maring sasami |
tyasira langkung tan sukur |
cipta jrih myating kathah |
lamun kawistarèng janma datan kudu |
kang dadya pirênanira |
mimisah ngungsèkkên dhiri ||

27.
Datan amiliya papan |
ing saênggon-ênggonnira pribadi |
suka sukuring asamun |
sunaring pribadinya |
ngudi-udi mring lawan piyambakipun |
muhung ing sira Pangeran |
subrangta amati-ragi ||

28.
Mati sajroning agêsang |
apan lumuh kasaksèn ing sasami |
singgih janma kang puniku |
susunguting oliya |
sênêt anèng kaelokan jatinipun |
kang winusman ing Hyang Sukma |
wiji pinijiyèng Widdhi ||

Jilid 12 - Kaca : 121

29.
Bènèh luwèh kèhing titah |
kang puniku sêmune wong kang siji |
mumuji priyangganipun |
mangeran ing dhawaknya |
tan angloro Pangeran pandêlêngipun |
makatên lêlèjêmira |
pangandikane (n)Jêng Kyai ||

30.
Gumuyu Ki Adimuncar |
nora majas sumurupaning angling |
nak jêbèng Mangunarsèku |
wus winahyu ing sabda |
ing sasmita tan inang pasêmonipun |
bisa wèh waluyaning tyas |
tan mumucung ing sasami ||

704 Pocung

1.
Ingkang sinung wuwus Sèh Mangunarsèku |
tumungkul nor sabda |
botên makatên kiyai |
amung rèhning nambung samya raraosan ||

2.
Yêktosipun cêgah makatên anggunggung |
nangèkkên bêdêngah |
takabur anggêmpur yêkti |
datan misil anggêgêmpalkên tyas tama ||

3.
Pan gumuyu Kyadimuncar sarya muwus |
jêbèng kasinggihan |
kang kadya dera ingangling |
manira sring katêgor kanoran driya ||

4.
Sakalangkung sukur manira ing kalbu |
malih angandika |
suwawi sami lumaris |
sampun sêdhêng raryyan ngasokakên lampah ||

5.
Sadaya wus rumojong ing karsanipun |
(n)dan sami umangkat |
waela ngawirya santri |
manjat nètèr iringe calangap jurang ||

6.
Lon lumaku têkèng irahing lulungur |
marwèng palêngkèhan |
munggah tumurun linaris |
lêbak pundhung sinrang myang marga kang lêmpar ||

Jilid 12 - Kaca : 122

7.
Lampahipun anusup galagah rayung |
pangalang-alangan |
lêpas dènnira lumaris |
tan arsa so andarung onjotanira ||

8.
Wancinipun kang surya wus pidak pitu |
(n)dungkap waktu Ngasar |
anitik tan ana bêlik |
samya ngulat-ulat toya turut marga ||

9.
Maksih laju têrkadhang dènnya lumaku |
kèh papagannira |
ing wong dagang lan priyayi |
wong ngèbèr myang Kalang-odhèg gêgilingan ||

10.
Cènangipun tinabuh pating carênung |
gêndhinge Kêcomang |
kalange lanang nyindhèni |
mêlang-mêlung aba marong aku lena ||

11.
Mèsêm dulu Jayèngraga duk andulu |
kalang kang cènangan |
anèng nginggilinganèki |
asasmita marang Kae Cariksutra ||

12.
Tampèng sêmu Ki Cariksutra gumuyu |
ngling sarwi lumampah |
nimpangi kalang anggili |
(ng)gih punika adate Kalang-odhègan ||

13.
Bonange mung papat wong ro kang anabuh |
sawontêne nêmbang |
kang anèng ngriku anggiling |
kathah kêdhik sadayanya dhudhan-dhudhan ||

14.
Bojonipun pan tinilar anèng dhusun |
anênggani gaga |
têgal pasabinannèki |
dènnya panèn anêbas siti irêngan ||

15.
Kang saungsum kalih ungsum tigang ungsum |
sêmangsaning jênar |
pantune dipun-purugi |
apapanèn ngiras marang bojonira ||

16.
Yèn na payu nguyangakên parinipun |
bojone tinilar |
wênèyan kewala pari |
lamun anak-anak amêdali lanang ||

17.
Lamun sampun agêng bobocahanipun |
binêkta bapaknya |
odhèg marang pundi-pundi |
sadarbèknya sinimpên anèng odhègan ||

Jilid 12 - Kaca : 123

18.
Lamun sunu pawèstri tan pinilalu |
sinungkên byangira |
bapake tan andarbèni |
èstri mèlu biyung lanang mèlu bapa ||

19.
Pan wus ungkur-ungkuran ingkang lumaku |
mangkana dangunya |
dènnirojar turut margi |
Jayèngraga inggih-inggih aturira ||

20.
Lampahipun sarwi ngulat-ulat ranu |
nulya manggih toya |
kalya lit ilinya wêning |
kali Garêswangkit têlêng wana Kamal ||

21.
Gya tumurun nabrang kali watês dhêngkul |
raryyan patètèran |
kang simpar kumlasa radin |
dènnya samya mrih sêmbahyang waktu Ngasar ||

22.
Mèt toyastu kadas wus sadayanipun |
amimilih papan |
pasimparan kang asuci |
wusnya manggya nulya samya salat Ngasar ||

23.
Ngangkat parlu andadèkkên niyatipun |
purnaning panêmbah |
Ke Adimuncar ngimami |
wus antara tartib tumaninahira ||

24.
Akiripun tahyat asalam bakda wus |
sampurna salirnya |
pupuji myang donga dhikir |
nulya samya sêsalaman sadayanya ||

25.
Èstri julu ngasokkên angganya rupuh |
kang para waela |
pêpêtêk pada pribadi |
ingkang lagya udud miwah amumucang ||

26.
Alon muwus Ki Adimuncar tannya rum |
marang santrinira |
hèh Samurca alas iki |
apa iya siwêre têlênge Kamal ||

27.
Santrinipun umatur inggih puniku |
pan ing wana Kamal |
watêse lèpèn punika |
sapangalèr sapangetan wana Kamal ||

28.
Têlêngipun pan inggih ngajêng punika |
wasta wana Kakas |
mila ing lampah puniki |
kêdhik ragi kalajêng mring pangalapan ||

29.
Lêrêsipun animpang ing ngriku wau |
wrêksa sol ngrêbatang |
nimpang ngetan (n)jog Panjaring |
nadyan gênêng botên acakêt padesan ||

30.
Lamun wangsul sampun têbih kang kêbanjur |
Kyadimuncar mojar |
kang ora-ora dèra-ngling |
lah ora wus ya marga kiye kewala ||

Jilid 12 - Kaca : 124

31.
Puluh-puluh thithik katanggungan laku |
kadalon nèng wana |
tan ana dhukuh kaèksi |
wus bêgjane kudu kadalon nèng wana ||

32.
Malih muwus mring para ri putranipun |
yayi Arsèngdriya |
kadi-punêndi puniki |
rèhning wanci surya wus ngakiring Ngasar ||

33.
Paran laju punapa kèndêla dalu |
nèng ngriki kewala |
kang masthi amanggih warih |
yèn lajuwa manawa tan ana toya ||

34.
Karya wulu yèn pot Mahrib Ngisanipun |
Arsèngbudi turnya |
lêrês karsanta kiyai |
wa-samantên ing ngriku rêmbaging kathah ||

35.
Nambung wuwus sira Ki Cariksutrèku |
kula nut sumangga |
laju nadyan kèndêl ngriki |
Kae Malangkarsa nambungi wacana ||

36.
Lêrêsipun kang dadya ing karsanipun |
Ki Sèh Mangunarsa |
sinasmitan angling aris |
lamun parêng ing karsa laju lumampah ||

37.
Prandenipun maksih siyang wancinipun |
lamun wontên papan |
ingkang amênggêr sakêdhik |
ngaulatan yèn ta amanggiha toya ||

38.
Duk myarsa tur Ki Adimuncar lingnya rum |
rumojonging putra |
lah ênggèh têka priyogi |
lah suwawi sapakantuking lumampah ||

39.
Nulya laju manjat papèrènganipun |
pagrênganing wana |
ing Kamal ingkang awingit |
Selakakas tatêlênge wana Kamal ||

40.
Anut lungur ngancas pamênggêranipun |
wrêksa yom angayang |
trênggulung jambon kusambi |
pilang laban maromangir katimaha ||

41.
Waru sênu sengon plasa walikukun |
pagrumbulan wana |
pakêtêban langkung wêrit |
wrêksa gung grêng tan mobah dening maruta ||

42.
Lampahipun têkèng patêlênganipun |
wana Salakakas |
angkêre amartandhani |
mawa ganda langkung rum amrik angambar ||

Jilid 12 - Kaca : 125

43.
Yata wau lampahe amanggih ranu |
lir arga patapan |
sangkêp lir sinari-sari |
kayu uni andong-bang patramênggala ||

44.
Cêpaka-ndul argulo mêlathi mênur |
bakung puspanyidra |
kumuning lan nagasari |
anggrèk-wulan sikatan pacar-we noja ||

45.
Kalak gadhung kang suka angsana tanjung |
pakucuran tirta |
bêbêngane binotrawi |
dening sela rimbag kosok pan pinrada ||

46.
Lining ranu lumawan mring sor sumêmbur |
nranging pandhan rangkang |
andhodhèng pudhak sisili |
ngèngêl kêngêl kadya dyah kèsisan sinjang ||

47.
Kang maênu laju tumama ing ngriku |
Kamal Calakakas |
puniku sajatinèki |
pangrasa-manira Dwija Kiliraja ||

48.
Kadang sêpuh-ira Prabu Kêlatbau |
sang Pandhita-rara |
nèng Wanantaka mimidik |
ing mangkya wus nèluman tan kawistara ||

49.
Kang atunggu tilas panambutanipun |
patarukan dadya |
pakêkêsaning mong sami |
ing satêlêng kêndhênge tan kambah janma ||

50.
Kang mahahyun prapta titirah ing Pandhung |
non sela lirang bang |
raryyan samya tata linggih |
wanci suryandhap tumuntung ing purwarga ||

51.
Samya ngungun mulat parèrèyanipun |
langkung sri kawuryan |
sari sarya-njrah ing siti |
amrikira raras rinêsmèn maruta ||

52.
Linging kalbu Ki Adimuncar angungun |
dènnya myat pataman |
anèng madyaning wanadri |
mangsa ra-a iya jêbèng Mangunarsa ||

53.
Wijilipun mangunah kèlokanipun |
karya pangrasaman |
tustha papaning ngabêkti |
ingkang sela gilang sumayana rêta ||

54.
Sri dinulu babanjaran sarwa santun |
pranyata wus bisa |
ngatokkên pangunahnèki |
lêlewane janma tama kang minulya ||

Jilid 12 - Kaca : 126

55.
Yata wau ing wanci Hyang Surya surup |
anggraning ngancala |
layunging arka nirati |
ing akasa asilak ujwala jênar ||

56.
Tan adangu wontên jalma prapti ngriku |
jalwèstri akathah |
limangpuluh winitawis |
tan (ng)gagawa kabèh alêgèh kewala ||

57.
Samya matur marang ingkang samya rawuh |
kawula punika |
andhèrèk sipêng ing ngriki |
lan sadaya inggih sabatèh kewala ||

58.
Amlas-ayun tumut nukêri sadalu |
Kae Adimuncar |
nauri manira iki |
wong anamar wontên ing satêngah wana ||

59.
Sira kudu mèlu anginêp (ng)gyaningsun |
wong padha nèng wana |
aywa gawe mutawatir |
ngalumpuka sabatèhira priyangga ||

60.
Alon matur ngangkah punapa sadalu |
Monthèl nambung ujar |
sampun (n)dika ngudi-udi |
tan prayoga momor-sambu anèng têba ||

61.
Yèn ngrikayun nginêp (ng)gih kewala ngriku |
sadhengah ajêmbar |
aywa wor saênggèn ngriki |
Ki Sèh Mangunarsa alon angandika ||

62.
Aywa sêndhu sira Monthèl mring wong kudu |
awor panginêpan |
wong padha sêdya basuki |
lagi sihe padha krana Lah kewala ||

63.
Samya sukur sadaya tan walang-kalbu |
jatine kang prapta |
samya gadhungan wanadri |
sima mulih marang pakêkêsannira ||

64.
Sira wau Ki Adimuncar amuwus |
lah suwawi marang |
pahèran mèt toyastuti |
sêdhêng waktu Mahrib utama kang awal ||

65.
Sadaya wus maring patirtan awulu |
myang para waela |
wusira samya susuci |
amimilih papan kang sami asimpar ||

66.
Anèng watu wangsul sadayanira wus |
mring (ng)gyan kumalasa |
samya mrih waktu Mahêrib |
trap makêna ambabar sêbe musêla ||

67.
Ngangkat waktu sunat sadayanira wus |
Ki Sèh Mangunarsa |
cinaran majêng ngimami |
tan lênggana tamat ngangkat parlunira ||

Jilid 12 - Kaca : 127

68.
Kasdu takrul takyin wus kamot ing kalbu |
anjênêngkên niyat |
ikram mikrat munajati |
tubadile gumanti jênênging salat ||

69.
Ucapipun wus munggah jênênging kalbu |
plênging padungkapan |
lapal Allahu mring takbir |
lir sêblaking pat-upating pècutira ||

70.
Tan kadulu duk munya jêthoting pêcut |
wawangsulanira |
tanajul marang ing tarki |
tan pinangka tanpa (ng)gyan purnaning niyat ||

71.
Mung mulya gung kewala kanênganipun |
ing dalêm antara |
wajah ittitahirèki |
wawacane sawuse Patekahira ||

72.
Kulya-ayu ing rakangat awalipun |
akiring rêkangat |
sawusiing Patekahnèki |
surat Idaja-a nasrul kang winaca ||

73.
Apan uwus tahyat awal akiripun |
tartib tumaminah |
asalam bakda pupuji |
dikir mansud têlung tasbèh maca donga ||

74.
Wusnya ngumum Surat Bakdiyatanipun |
laju Wabinira |
nêm rêkangat tri salami |
wus paragat wêktu Mahrib têkèng Ngisa ||

75.
Ajujunun-nakên ing salsilahipun |
purna liring sunat |
salawat salaman sami |
warata wus samya tata palungguhan ||

76.
Lingira rum Ngi Muncar mring santrinipun |
lah akono padha |
angagar gaweya gêni |
kang liningan gupuh agawe padhiyan ||

77.
Urub-urub myang kang ngipil-ipil kayu |
karya patotoran |
padhange gêni andadi |
Monthèl angling owêl nora ambêbakar ||

78.
Yata gugup jalma kang amomor wau |
jalwèstri mangarsa |
ngaturkên nyamikan sami |
wohing pala-gumantung pêndhêm kasimpar ||

79.
Pisang suluh nangka lan katela jagung |
myang timun sêmangka |
talês kimpul wi gêmbili |
bêndha dhuwêt kêtos katès manggis duryan ||

Jilid 12 - Kaca : 128

80.
Aturipun kawula naoskên punjung |
nyanyamikan wana |
sawontênipun supadi |
rêrêmipun mêntas katoran lumampah ||

81.
Nèng wana gung tan sagêd naoskên sêkul |
tuwin lam-ulaman |
paduka tan manggih bukti |
aming lothung-lothung pala sumapala ||

82.
Mèsêm (n)dulu Ki Adimuncar angungun |
jalma ingkang samya |
ngaturkên nyamikanèki |
asasmita samya pagut sukèng nala ||

83.
Linging kalbu yèn tan nyana wong puniku |
abisa sidhêkah |
nyamikan kathah di-adi |
giri-lusi janma tan kêna ingina ||

84.
Alon muwus ênggèh kisanak kalangkung |
apanrimaningwang |
miwah sadayanya sami |
kabèh sanak sung sidhêkah nyanyamikan ||

85.
Matur nuwun ingkang liningan sadarum |
malih angandika |
mring santri kinèn nampani |
gya tinampan sinaoskên nèng ngarsa ||

86.
Sadaya wus ingajangan godhong sêmpu |
kang nangka binukak |
myang duryan dipun-jujuring |
kang kapala-pêndhêm samya binênêman ||

87.
Pisang suluh kang matêng-wit anèng ngayun |
miwah gêgawannya |
pribadi kang salong misih |
juwadah lan dhèndhèng gêpuk babakaran ||

88.
Jênang gêndul gêmblong ginodhong nèng ayun |
Kae Adimuncar |
nyarakkên nyamikannêki |
lah suwawi krana Lah rijêki Allah ||

89.
Pawèhipun kisanak kang wowor-sambu |
gupuh kang liningan |
angalap sasênêngnèki |
pra waela miwah kang para ngawirya ||

90.
Sakalangkung pikantuk panadhahipun |
amirasèng rasa |
wusira anutug bukti |
sinungakên warata pra santrinira ||

Jilid 12 - Kaca : 129

91.
Atuturuh tuwin nginum we ing kalkun |
Kae Adimuncar |
pangandikanira aris |
pênêdipun kanthi pupuji ing Sukma ||

705      Kinanthi

1.
Ing wanci wus têngah dalu |
samyarsa rahab raratib |
makam sahsilah sabaryah |
guyêr barjah nakisbandi |
suhul jalalah karijah |
tubamah kèbri ripangi ||

2.
Anjununakên pandulu |
wirit mujarating dikir |
sira Ki Sèh Mangunarsa |
kang angimami rawatib |
makmum kang para pituwa |
tuwin pra waela sami ||

3.
Santri murid tan na kantun |
makmuming gurunirèki |
wus ratib masmangal kusna |
nulya trap salsilah dikir |
nanjihkên mutanakirah |
kang sanad kalimah kalih ||

4.
Nêbut asmaning Hyang Agung |
lailaha ilalahi |
kalawan panarikira |
ubêding isbat tanapi |
nganjating mutawasitah |
wahdah lan sarikallahi ||

5.
(n)Dan ilalah ilalahu |
kalawan tanajul tarki |
nungkapi muka-awiyah |
sahidna ngala anpusik |
tuhu-tuhu suhulira |
guyêr Alah Alah tuwin ||

6.
Huallah lawan Allahu |
la la la la i i i i |
haha huhu i i a a |
u u i a lulu lili |
kalimah sahadat insan |
latiping salat sajati ||

7.
Taspundi kanênganipun |
wus tahaim ismungalim |
ngalamat kang manjing mêdal |
kêsoting napasirèki |
panukmaning munasika |
anungge ing Sukma jati ||

8.
Lahêng paguting pandulu |
lawan panukmaning uni |
woring sih junun istijla |
pajumbuhaning kajatin |
kajatmikaning panunggal |
lêsning kapurbaning Widdhi ||

9.
Sanalikanira wau |
dènnira awirit dhikir |
sang Kae Sèh Mangunarsa |
Adimuncar Arsèngbudi |
Cariksutra Malangkarsa |
Anggungrimang Jayèngrêsmi ||

Jilid 12 - Kaca : 130

10.
Kalawan Jayèngragèku |
Ni waela Rancangkapti |
Turida lan Rarassatya |
sawêlas wadon Cênthini |
pyuhing tyas panakul-pana |
anggulinting lir kayya king ||

11.
Akantu saujuripun |
ingkang amumupit wirit |
datan ana amastara |
samya sumungku pribadi |
pra santri lan kulawarga |
lalaju lajon aguling ||

12.
Saking pasungkêmanipun |
wênèh kang banjur angagir |
sarwi angorok sênggoran |
nutupi aripirèki |
ngawirya lan pra waela |
kang panaoling Hyang Widdhi ||

13.
Antaranya tigang-èwu |
lêpas layaping pangèksi |
wus jumblah padikalira |
daim kang umanjing mijil |
napas pan datan kêposan |
sambunge wangsulanèki ||

14.
Maring kawèntèhanipun |
luwar pananing pandêling |
sih nungku ing pasungkêman |
samya tapakur ing Widdhi |
angirigakên pangiksan |
-nira kang wèng-wèng ing kapti ||

15.
Santri sadaya wus turu |
sênggoran pangoroknèki |
nutug dangu antaranya |
Ki Santri Monthèl ngalilir |
dhadhêsêkan lawan macan |
nèng wurine adu gigir ||

16.
Kasorot bêdheyan murub |
katon lorènge mêdèni |
dinêlêng sadayanira |
(ng)gyanning wong momor duk wingi |
sayêkti jalma gadhungan |
nèng pakêkêsanirèki ||

17.
Ting glêgêr pangorokipun |
Ki Monthèl kalangkung ajrih |
lon gugah-gugah mring rewang |
Ki Basariman atangi |
lan Samurca Sêtradrêma |
kagyat wong têlu anjêlih ||

18.
Dadya wong papat angrajuk |
anêbut ngudubilahi |
lir wong nglindur kagum gila |
(n)dhêrodhog angruntuh wêdi |
hihu haha hihu hapa |
howèng howèng hèhè hihih ||

19.
Macannya kagyat lumayu |
sadaya tan ana kari |
sup ring pangalang-alangan |
dadya pra samya atangi |
ya ana prakara apa |
dene anggêmbor kapati ||

20.
(ng)Guguyu kang samya kagum |
Ki Sêtradrêma ngêtipris |
jawane wong wêngi ika |
dudu wong sebaènèki |
manus gadhungan alasan |
nêmbung nginêp momor guling ||

Jilid 12 - Kaca : 131

21.
Tujune nora ngalêthuk |
ngêrêg githok wong aguling |
yèn aja sêlak konangan |
pasthi yèn arêp ngakali |
miji loro kang pinangan |
êmbuh lanang wadonnèki ||

22.
Sadaya sami gumuyu |
Ki Monthèl tumut (ng)guyoni |
kang lagya tapakuring tyas |
kawasing dalêm adikir |
tan pèpèka ing paningal |
tan ngopèni ing sakalir ||

23.
Wanci wus anggagat bangun |
palilahing pajar gidib |
bêkti pajununanira |
takarub marang Hyang Widdhi |
tangi saking pasujudan |
purna sasalaman sami ||

24.
Atata dènnira lungguh |
Ki Adimuncar ngling aris |
sanak kang padha nunggal (ng)gyan |
sadayanya anèng ngêndi |
Monthèl matur kutawèlan |
de tiyang punika wingi ||

25.
Kang anêmbung wowor dalu |
mêksa tan kenging pinênging |
yêktose dede manungsa |
gadhungan sima wanadri |
mèh kirang kêdhik kewala |
anglêthuk githoking santri ||

26.
Kasêlak sami anjêpluk |
kagum santri tri atangi |
sarêng kagète lan sima |
simane sadaya (ng)gêndring |
mring grumbul pangalang-alang |
marma tan wontên kaèksi ||

27.
Mulih jal kamulanipun |
pra ngawirya mèsêm myarsi |
Ki Adimuncar ris nabda |
tujune samya basuki |
tan ana kang anukarta |
sumêdya rumêksa sami ||

28.
Pan sukur samya rahayu |
Kyai Muncar angling aris |
suwawi sami akadas |
sêdhêng wêktuning ngabêkti |
wancining ratri wus pajar |
dhangan kang samya sinung ling ||

29.
Marang ing pahèranipun |
jalmèstri mèt toyastuti |
wusnya wangsul mring pasèlan |
nêkani wêktu ngabêkti |
wus anjênêngakèn salat |
Sèh Mangunarsa ngimami ||

30.
Andadèkkên niyatipun |
mulya wus tan amindhoni |
wawacan wusing Patekah |
Surat Sujadah inapti |
dêg rêkangat sinujudan |
wawacan rêkangat akir ||

Jilid 12 - Kaca : 132

31.
Sawusing Patekahipun |
Surat Kasar kang ingambil |
adêge wus Kinunutan |
tumêkèng tahyat kang akir |
salam bakda pupujiyan |
dikir donga lima bêkti ||

32.
Wusnya gya asujud takrul |
ngakênni salating urip |
rumangsa lamun kinarya |
kinawulakakên dening |
Hyang Kang Murba Amisesa |
saliring jagad dumadi ||

33.
Wus purna panlangsanipun |
bêrsih-bêrsihira sukci |
alon anjunjung mastaka |
angipat takyubanèki |
miwah kang para waela |
luwar pajununannèki ||

34.
Nalikanya bakda Subuh |
Ke Adimuncar ngling aris |
suwawi sami umangkat |
sêdhênge mupung aenjing |
dèrèng kambang ing aruna |
amaruput saput-siti ||

35.
Kang liningan aturipun |
inggih sumangga prayogi |
gupuh kang para waela |
ngrukti pagendhonganèki |
wusnya (n)dan sami umangkat |
linggar sing sasananèki ||

36.
Nuting panguluranipun |
nganjor lampahira ririh |
marga sela kumalasa |
kalumutan anglunyoni |
kawalêd ing wiwilisan |
kuswarèng ron angêbêsi ||

37.
Ring pada nangsayèng pinjung |
nampu wastra kang kawingkis |
lon-lonan kang mawèng marga |
kasilir maruta mirir |
kêkêsing driya wiyoga |
kapanduk gandaning sari ||

38.
Taru sumêkar mawèh rum |
campur ulênging wawangi |
kadya raras jroning tilam |
sêkar (n)jrah nèng kasur-sari |
asri sabawèng enjingan |
dhawang jongkang jangkrik-bêring ||

39.
Myang pêksi barênggi bubut |
cabok kukuwèng kêdhasih |
cagigèring satawana |
mrak nyangungong mamêlingi |
barung bêngohing andaka |
myang kidang manjangan kancil ||

Jilid 12 - Kaca : 133

40.
Lir kadya tuduh dalanggung |
kang sambêt kambah ing jalmi |
rèhning maksih karêmêngan |
manawa sasar ing margi |
Hyang Karaba kang mahyuna |
mring pracima anirati ||

41.
Sumirat ujwalanipun |
tirahing ima malêngki |
wijiling Hyang Andakara |
tumirah anggraning wukir |
andipani sèsining rat |
karya rêsmining sakalir ||

42.
Yata wau lampahipun |
ing Selakakas kawingking |
mulya pangrêngganing wana |
siluman wus tan kaèksi |
pulih ajal kamulanya |
pakêkêsan mong wanadri ||

43.
Garumbul galagah rayung |
pangêbêsan jurang aring |
lêstari kang mawèng marga |
wong salawe jalu èstri |
mahasèng wana wulusan |
munggah tumurun arumpil ||

44.
Anrang lampahe andarung |
nut marga gung kang pinurih |
animpang marga têrusan |
ngalor-ngetan kang linaris |
wus lintanging wana Kamal |
rambah wana Malang wingit ||

45.
Tan patya raryyan ing ngênu |
raryyan yèn wêktu ngabêkti |
Luhur atanapi Ngasar |
yèn dalu tansèng wanadri |
tan karsampir ing desa |
satutugira miranti ||

46.
Ginêrba caturing laku |
linampahan pitung ari |
pamancale saking wana |
malang pasipênganèki |
(n)jog wana ing Bumisara |
wana kalangkung writ wingit ||

47.
Kèh dulon kang salah dulu |
(n)dungkap sadintêne malih |
tambah wana Tunggarana |
rawi canthèl têlêngnèki |
pakayanganing siluman |
garumbul bondhot panjalin ||

48.
Kang lumampah têkèng ngriku |
pangridhu wontên kaèksi |
kang ulam-loh akèh mijrah |
mring dharat nyêmplung ing kali |
manculat akulèpèkan |
gêng-agêng anurut margi ||

49.
Andhèr lele lawan kutuk |
samya milar rêbut dhingin |
para santri kagyat mulat |
iwak-loh mêntas ing warih |
Ki santri Monthèl agahan |
ngambil kutuk gêng satunggil ||

50.
Kalangkung dening atutut |
Ki Samurca anaruhi |
ih lo êmpun salah-karya |
nèng Ngrawicanthèl awingit |
gluwah-gluwèh amèk iwak |
ginanggu kang marabumi ||

Jilid 12 - Kaca : 134

51.
Lah wus rika culna gupuh |
tan wurung (ng)gawa bilai |
tan ngêmungkên wong satunggal |
Ki Monthèl kalangkung ajrih |
anulya cinulkên sigra |
linge manawa sayêkti ||

52.
Yata dènnira lumaku |
ing sadintênipun malih |
kapungkuring Tunggarana |
kênthêng sawêring wanadri |
ngambah ing wana Pandhêgan |
têlêng wana Mènjèng nênggih ||

53.
Godha angkêr ing wana gung |
kèh kidang mênjangan kancil |
tuhu lwir sato ingonan |
kasenggol mring kang lumaris |
sadaya wus winangsitan |
aywa na asalah kardi ||

54.
Kang winangsit wus mituhu |
tan ana purun ngaruhi |
lêstari ing lampahira |
kêdalon sipêng wanadri |
antuk lalakon nêm dina |
angambah ing wana kracil ||

55.
Kang dadya pangridhunipun |
tatêlênge jati lingir |
kathah andaka katingal |
gêng-agêng tan ana kêsit |
tutut lir sato anjilma |
ngalegung ayêm (ng)gayêmi ||

56.
Lir mèlu-mèlu tinuntun |
wus winalêran ing wangsit |
sadaya datan sumêdya |
nukarta asalah kardi |
raharja salampahira |
andarung dènnya lumaris ||

57.
Mung raryyan kewala wêktu |
yèn manggih toyèng wanadri |
tuwin kadalon ing marga |
tansah nèng wana nênêpi |
enjang (n)dan samya umangkat |
wus lêpas lampahirèki ||

58.
Ngambah pa-angkêranipun |
tatêlênging wana Rimbi |
panggodhaning wong lumampah |
miyarsa bêrkutut muni |
umanggung nèng êpang andhap |
cumlêngkung lir bêndhe muni ||

59.
Tandukipun ukung nglangut |
panjang aurira mêrit |
lêpas alêp angêmandhang |
aêmpuk mêmbat abêning |
ajêg tan mawi sandhungan |
lêstari arum amanis ||

60.
Sumèntêg anyenggol kalbu |
anggunge ngalap ngajap-sih |
sauran kulon lan wetan |
lor kidul munya aganti |
gênging uni tap-untapan |
samya pakolèh kapyarsi ||

Jilid 12 - Kaca : 135

61.
Wau kang mahawèng ênu |
laju lampahira aris |
uni tanbancanèng marga |
lêmpar marganira radin |
wus tan napak padhikilan |
nrang babangkan wana nipis ||

62.
Patutunon wana Pikun |
tandha wus parêking dèsi |
tèdhèngan bangkan tinugar |
gogolan ginula-guli |
gagalêng unjung-unjungan |
katon grumbuling adèsi ||

63.
Anggênggêng kitri nyarêmbyung |
kèh dhukuh parêpatnèki |
dhusune Kêmplêng wastannya |
tumurun ing nabrang kali |
raryyan samya salat Ngasar |
tan arsa kampir ing dèsi ||

64.
Wus bakda dènnira wêktu |
maksih nèng panggiring kali |
sabrangan jamban padusan |
kèh pawèstri dus ing kali |
kang awuwung asibukan |
ramya ciciblon raryya lit ||

65.
Andulur kang samya ngangsu |
ngindhit jun pating carênthing |
ana pawèstri sajuga |
mêntas adus dandan tapih |
wasta (m)Bok-ngantèn Watiyah |
paparap Êndhuk ing nguni ||

66.
Duk maksih parawanipun |
durung mangsane birai |
kinêrsan mring Jayèngraga |
tan kongsi wêdharing sari |
sabab sih tangèhing mangsa |
kyat nungkuli sari kincip ||

67.
Dadya datan bisa dukul |
samana Ki Jayèngragi |
kalawan Ki Jayasmara |
Ki Kulawirya Nuripin |
duk lungane angupaya |
Amongraga duk kariyin ||

68.
Ing mangkya (m)Bokrara Êndhuk |
wus laki susuta kalih |
kang mêntas dandan tapiyan |
abêbêngkung minthi-minthi |
kakêmbên ngiras salendhang |
rumimong ing baunèki ||

69.
Asèngêh pangayunnipun |
mênthêg gêmuh ambêngkêri |
mêndul kaênjoting lampah |
tindak magêr-timun ririh |
lèmbèhan korogan kontal |
asta kanan nyangking sêking ||

70.
Ngore rema têkèng jêngku |
asinggulan cundhuk suri |
dhasar kuning cilik mula |
dhasar ayu ambêsusi |
kawulat mring kang araryan |
sêmada parêking margi ||

71.
Lakune srimpang-sarimpung |
èstu isin pinaliring |
Jayèngrêsmi mèsêm mulat |
mring kang rayi Jayèngragi |
sasmita kasamandriya |
Jayèngraga mèsêm ningit ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04b) Kaca 107 - 117
  • (05b) Kaca 136 - 151 >