Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04b) Kaca 107 - 117

 

( Nyabrang lèpèn Lumut, narajang pêdhut amun-amun )

12

4. Rombongan sampun dados tiyang kalihdasa. Lampahipun nyabrang lèpèn Lumut, narajang pêdhut amun-amun. Samargi-margi sêsawangan langkung nêngsêmakên, kalêbêt tingkah-polahipun kewan-kewan ing wana. Lèrèn salat Luhur ing pinggiring bêlik, lajêng dhahar sêsarêngan. Saking katêbihan katingal dhusun Ardimuncar, lajêng sami kampir ing dalêmipun Sèh Adimuncar tuwin Arundarsa. Bakda Mahrib sami kasugata, kasambêt têrbangan, singiran kanthi Suluk Bathik Rara Sukci, parlambanging ngèlmi raos cundhukipun kalihan agami Islam. Enjingipun bakda Subuh sami bidhalan. Sèh Adimuncar tuwin Arundarsa sami tumut dhatêng Wanamarta.


Kaca 109 - 117.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 107

36.
Lamun binadhe wangsalannèki |
bêras punapa kang sira êdang |
sukanandi gung bungahe |
kuntul lan paksi pingul |
sambèng pangundanging putrèstri |
campa kang kalingsêman |
utri suta prabu |
mênthik tan gêlêm dinuta |
wajar angling mariyi waluya agring |
manggar kêmbang tirisan ||

37.
Rasaning kayu wujuding urip |
urip makluk araling kawula |
awis wah gingsir darbèke |
rip purbaning Hyang Agung |
srah sumèndhè wisasèng Widdhi |
kayu kayun Hyang Suksma |
rip tan kênèng lampus |
rasaning bakaling jangan |
kukuliban lalaban talining urip |
kalawan rasa Suksma ||

38.
Napas tannapas anpas nusupi |
urip kita lawan pinanjingan |
roh rokani jalaranne |
bisa mrih ala ayu |
sinung bisa ngalap sirèki |
kita kumambang kadya |
sarah anèng ranu |
nut sakarsaning Hyang Suksma |
lawan rahsaning banyu kita puniki |
lawan roh rabaniyah ||

39.
Pinanjingan rip kalawan gêtih |
marma kita kinarya bisobah |
ihtiyar lawan rosane |
kalawan angkat junjung |
pangambilan kalawan dening |
kuwasaning Pangeran |
kamurahanipun |
ginantungan agring waras |
kuwat apêsing kawula anyinggahi |
rasahing bras binêthak ||

40.
Bêras badan kita roh jasmani |
minangka kandil saliring rasa |
kang minulyakakên dene |
akarêp lawan lumuh |
gêmah rusak luluh sirnaning |
tajalining bantala |
sampurna ing ngriku |
rasaning gêni marmanta |
kita kapanjingan rêke roh ilapi |
nur-cahya kang minulya ||

41.
Kang murbani miwiti mêkasi |
tanggap diungkap ing sira Pangeran |
kang sawiji ing lorone |
urubing nugraha gung |
ingaminan dadining puji |
dandang adêging iman |
tan kêna takiyur |
kukusan sanggabuwana |
bras paworing tataning sêmbah lan puji |
panyatoning tawêkal ||

Jilid 12 - Kaca : 108

42.
Gunung sungsang panawunganèki |
sumyang wantuning êdad naraka |
kêkêp maswintan panyanthèl |
ngaru guguring napsu |
sat sumêne ingkang sak-sêrik |
anamung karon eklas |
tinokitan ngèlmu |
sumube cêngênging driya |
ikram mikrat munajat tubadil singgih |
tanakke tumaminah ||

43.
Numplak tangajul sangkaning trêki |
gunung sungsang sing jagad walikan |
sumungsang bênêr lungguhe |
wus matêng rasa luhung |
pan kumutuk ambêging puji |
nèng yan jagad gumêlar |
tan roro têtêlu |
maujud sakêdhap netra |
guntur sumarambah ngêbêki pratiwi |
ènthèng budi ihtiyar ||

44.
Ilirira salsilahing dikir |
niyup andaut angin wilayat |
mèt atise panas rêke |
nir sumuking bêbêndu |
luwar saking rubedanèki |
kêkês suhuling Sukma |
ginolong wus junun |
sampurna ngibadahira |
winadhahan ing sumbul kêcana-rukmi |
katur sumanggèng Sukma ||

45.
Wus antara danguning asingir |
nulya asuwuk maca salawat |
ngaring-aring sadayane |
Adimuncar lingnya rum |
nora jamak ipeku iki |
kasuwèn babakannya |
Wilapa kawlas-hyun |
riwene kadi turasan |
dènnirarsa raryyan kasusu tan kongsi |
tatan ambruk kewala ||

46.
Angling lan rowang lah santri Putih |
wêtonana wedang lan panganan |
kang kurang nyanyamikane |
sayah olah swara sru |
kang liningan sigra angrukti |
kang wedang pa-panganan |
kang kalong winantu |
samya ngalap nyanyamikan |
wus antara ngaso dènnya ngaring-aring |
Kyai Muncar ris nabda ||

47.
Sapa ingkang anhulêngi malih |
ngêntrung ripangi salawat ojrat |
Ki Cariksutra ature |
manawi pinarêng hyun |
rabine Sèh Modang (m)bok Plangi |
pan rahab ahli ojrat |
singgih sabênipun |
Kyai Muncar mèsêm nabda |
lah nakbagus Sèh Modang rabinirèki |
pênêd kinèn aojrat ||

 

Jilid 12 - Kaca : 109

701 Dhandhanggula

48.
Ki Sèh Modang anolih ing rabi |
sarwi muwus lah rubiyah sira |
kinèn andhulêng ojrate |
marang (n)Jêng Kyai Sêpuh |
Ni Palangi matur ing laki |
kawula pan sumangga |
tan lêngganèng tuduh |
Ki Adimuncar lingira |
lah nakbagus Sèh Modang sira kêntrungi |
ing ngriku pra nom-noman ||

702 Sinom

1.
Kae Sèh Modang agêpah |
nampèni trêbangirèki |
pinangkyèng dhêngkul ginêmbyang |
laju lêkas bawa singir |
angêlik swara manis |
laila hal-balalahu |
Mukamad Rasulloloh |
tinampan sakèhing santri |
jalu èstri arêmpêg sajake padha ||

2.
Sarta trêbange gênturan |
bêbanggèn lan kêntrungnèki |
tung-pyêg tung-pyêg dhung-dhung dhung-brang |
pong-pêg pong-pêg tong-ting tong-gring |
sèlèh sauran nuli |
Nimbok Pêlangi agupuh |
ngadêg andhulêng ojrat |
anglik swara rum amanis |
rêgas rênyah sêmbada lan singirira ||

3.
Agampang wong asêmbahyang |
nora angèl wong angaji |
pakewuhe wong agêsang |
angadu sukma lan jisim |
tumpang susuping urip |
akèh wong bisa calathu |
jatine nora nana |
lir wong dagang madu gêndhis |
(ng)gih punika lampahe wong sarengatan ||

4.
Lampahe wong tarekatan |
atapa pucuking wukir |
yèn lintang Sukma parênga |
amati sajroning urip |
dadya nganyutkên ragi |
liwung tan ana kadulu |
mulane amartapa |
punjula samining jalmi |
pan linêkas sêdyane ingkang manungsa ||

5.
Lakune wong kakekatan |
sabar lila ing donyèki |
saksêrik datan kaetang |
wus mêlok-mêlok kaèksi |
raras ta dadi jati |
ingkang jati dadi suwung |
suh sirna dadya ilang |
jalma mulya dadya jati |
pan wus pathi ing têmbe manggih raharja ||

Jilid 12 - Kaca : 110

6.
Iku sukmanên ing driya |
atasêna jroning ati |
kang aran Ni Simalalah |
iku sira aja lali |
aja pêgat ningali |
maring Hyang Kang Mahaluhur |
lir tinulis ing êmas |
lan kiyal ciptaning ati |
kang pinanthêng ing tingal isim talalah ||

7.
Yèn wus têtêp jroning driya |
awasêna dèn-kaliling |
aja kaliru ing tampa |
isim malalah puniku |
ya ati sanubari |
kalairing tulis iku |
aja liyannya dhawak |
ing sapangat aywa lali |
ngadêg lungguh yèn taturon tingalana ||

8.
Yèn dalu kalawan siyang |
ngrasa-a jisimirèki |
angrasa-a lawan Sukma |
dèn-èngêt sajroning ati |
aywa lali Hyang Widdhi |
ing siyang kalawan dalu |
aja anyipta dhawak |
dhingin mangke tan pribadi |
donya kerat pasthi kalawan Hyang Sukma ||

9.
Dèn-sami angawruhana |
bisa wirasaning tulis |
sampun katungkul pralambang |
dèn-sami wruhira maning |
tulis ingkang agupit |
kang bangsa Pangeran Agung |
kang nama ing manungsa |
olèh jênêng wali mukmin |
ingaranan wong mukmin ingkang sampurna ||

10.
Wontên ingkang kawarna-a |
kang ngèlmu kawan prakawis |
kang kinarya ing kidungan |
sarengat ingkang rumiyin |
tarekat kaping kalih |
kakekat ping tiganipun |
kaping pate makripat |
lohate dèn-sisindhèni |
Lonthang-lonthang Ni Lonthang sulur kambangan ||

11.
Wira-wiri wong sarengat |
ngulari Sukma kang jati |
kaping kalih Lonthang-lonthang |
sulure babon upami |
wong tarekat nalitik |
ngulari Sukma kang luhung |
ana Lonthang ping tiga |
si Lonthang suluring kambing |
lêmpe-lêmpe ngulari Sukma kang mulya ||

12.
Iku lampahe tarekat |
ana Lonthang-lonthang malih |
si Lonthang suluring banyak |
wus jangkêp kawan prakawis |
wong makripat upami |
apan niyat lêngur-lêngur |
marma ingkang makripat |
tansah lêngur-lêngur nênggih |
wus kapanggih kalawan jatining Sukma ||

Jilid 12 - Kaca : 111

13.
Wus dangu antaranira |
Pêlangi dènnira singir |
sinêsêg iramanira |
gumuruh trêbang swara tri |
ngandhêlong dèn-salahi |
suwuk salawat ping têlu |
bung-bung-bung sèlèh trêbang |
aso samya ngaring-aring |
sarwi kinèn ngalap nyanyamikanira ||

14.
Sira Kae Adimuncar |
pangandikanira aris |
mêdhar rasaning wirayat |
nokiling Dalil lan Kadis |
mring Kae Arsèngbudi |
singgih yayi wontên kawruh |
turunning pamanggiyan |
satuhu-tahune yayi |
ing agêsang rasa wajib kinawruhan ||

15.
Babipun kang nêm prakara |
kang dhingin cahya kang mijil |
ingkang saking awakira |
lir pendah êbun warnèki |
jroning (m)bun malèkati |
kadya mega paminipun |
anèng jroning malèkat |
puniku ujaring wardi |
wontên malih cahya mêdal saking lanang ||

16.
Langkung kabagusanira |
kadya kikilat ingèksi |
nèng sajroning kajatmikan |
praptanira angêgèti |
lir gêlap swaranèki |
lesannira mijil latu |
kalawan netranira |
aywa pagêpokan yayi |
rêncanane pati yayi dèn-prayitna ||

17.
Ping tri malih cahya mêdal |
ingkang wilis saking dhiri |
ana paksi kadya naga |
amibêr warnanya putih |
lir kuda lampahnèki |
yèn burak pangakunipun |
aywa yayi pracaya |
sami rêncananing pati |
kang kaèksan marga ingkang luwih sasar ||

18.
Kaping pat kang katingalan |
jalma asigid awingit |
lir andaru mawa jwala |
pan sarwa luwih sinakti |
ywa pagêpokan yayi |
tunggal rêncananing lampus |
ping lima kang katingal |
pêpêtêng lwih anglimputi |
jroning pêtêng ana sarambut salêmbar ||

19.
Wajib kang tyas sinuciyan |
kaping nêm cahya kang mijil |
kadi kayu anyêkakah |
kang nèng sorring oyot singgih |
sastra mualak yayi |
papasthèn dungkap ing ngriku |
yèku anaksèkêna |
lawan mubaraming Widdhi |
yèn wus pagut tuwin mualak mubaram ||

Jilid 12 - Kaca : 112

20.
Yèku wajibing paningal |
wus sidik amanat tablig |
doh gidib kiyanat kikmat |
muslimi ênggon sawiji |
sampurnaning kadadin |
pratandha cihnaning ngriku |
wontên malih rinasa |
paran gyantaraga iki |
kang supadi pasrah ing raga sampurna ||

21.
Masjid kang samar punika |
pajimataning pra wali |
pangucap kita sarengat |
tarekat pamyarsa-mami |
hakekat tingal-mami |
makripat pangambu-ningsun |
yayi lamun tan wruha |
ing pati kalawan urip |
pêrlu wruhing gêsang wajib wruh ing pêjah ||

22.
Kang winusmaning Hyang Sukma |
pon Sukma dhawakirèki |
pundi sajatining Sukma |
kang ingupamakkên singgih |
kula kalawan Gusti |
ujare puniku jumbuh |
kula ingaran Sukma |
Suksma ingaran kulèki |
kadipundi yayi kajatèyanira ||

23.
Ingkang tan lawan upama |
kang pasthi muntalèknèki |
Ki Cariksutra turira |
sumangga kakang Kiyai |
kewala ngong umiring |
mangsa lyanna kang pamangguh |
rêke kang padungkapan |
tan kenging rinêbat ing ngling |
bokmanawa lir caritaning dhadhalang ||

24.
Yaksa nujuming alêngka |
duk paduta wre Maruti |
nginginte mring gêdhong taman |
papaumaning rasêksi |
lagya gunêm satra-di |
palêpasanirèng kawruh |
ing pati manggih swarga |
wus bipraya pra winêgig |
wontên ingkang salaya asalah sabda ||

25.
Adhadhag saking jalaran |
pradondi arêbut yêkti |
samya wawan-wawan ujar |
ngugêm pakême pribadi |
kabangan liru pikir |
ditya bramantya toh martyu |
purwakanira gama |
rarasan gama mulya-di |
ngadu gama wêkasan ngadu gagaman ||

26.
Têmah dadya pipisahan |
tuju wontên kang ngrarapih |
gumuyu Ki Adimuncar |
mangsa makatêna yayi |
sêtun benjang sakêdhik |
pedah ngancak budinipun |
(n)dadèkakkên graita |
muwuhi lêpasing kapti |
prayogi kang salaya mindhak utama ||

Jilid 12 - Kaca : 113

27.
Kadi-punêndi anakmas |
Ke jêlèng Mangunarsèki |
mungguh lêlawêdanira |
ngèlmu rasa kang sajati |
patitising kadadin |
ing urip tumêkèng maut |
ingkang tanpa karana |
ibarat kewala mati |
kang sajati wus tan na ngaranni pêjah ||

28.
Kewala ngalih panggènan |
basa kang punika singgih |
lêlèjême kajatèyan |
sira ngagêsang puniki |
Ki Sèh Mangunarsèki |
alono dènnira matur |
mangsa borong sumangga |
ing paduka amalimping |
rèhning ngèlmi rungsit tan kenging ginanal ||

29.
Sasêngkêraning oliya |
rarasan roroning tunggil |
upami kasa bantala |
bumi ingaranan langit |
langit ngaranan bumi |
dene sangêt salang sêngguh |
wa-punika sumangga |
waspadèng wangsulaniki |
sajatine bumi punika akasa ||

30.
Jatining langit pan kisma |
samanya kadi-punêndi |
lêlèjêming rasa sabda |
kang sinumpan ing Otadi |
kula kalawan Gusti |
botên wontên bèntênipun |
tan pae pinèkannya |
kajumbuhaning kajatin |
punika kang rinêmpit para nujêmba ||

31.
Inginte dalu lan siyang |
pagute kawula Gusti |
rahipun Gusti tan kula |
tuwin tan kula Gusti |
yèn parêng andungkapi |
singgih kajumbuhanipun |
luluh kalihe purna |
brastha wus tan maujudi |
kula Gusti Jumnèng wus tan kawistara ||

32.
Sinênêt anèng ing driya |
winangwang sajroning cêrmin |
paesan cahya jatmika |
ing makamilèn sajati |
kasucyaning sajati |
ahyan-sabitah ing ngriku |
lan ahyan karijiyah |
makatên sênêting urip |
lawan sasênêtaning pati punika ||

33.
Ingkang ingupamakêna |
ngagêsang kalawan pati |
jumbuhing Gusti kawula |
kang urip sawiji pati |
pati sawiji urip |
urip kawruh patinipun |
pati kang manggih gêsang |
dadya tan kula tan Gusti |
inggih Gusti ya kula dhawakira ||

Jilid 12 - Kaca : 114

34.
Waktu ing dina nalika |
jumaating para wali |
anèng ing jaman kanêngan |
amati sajroning urip |
uripe wujud pati |
pati patitising kalbu |
kabule kablotama |
karamat sihirèng Widdhi |
kang tan cambor kalawan ngamdi kawula ||

35.
Wiji-wijining priyangga |
ring sira Pangeran jati |
kajatmikaning sanetya |
sasuta sasipta yêkti |
anging cêgah inangling |
anyatur wuwus kang uwus |
wiraos tanpa karya |
malah mandar antuk sêrik |
sabab bakal angèl datan kinawruhan ||

36.
Wontên tambanging wirayat |
lid raosing Dalil Kadis |
Ywang Agung akarya swarga |
walmanna tupil pirdosi |
bil-jabul minannari |
pil willulli dalikaksu |
wa minannar welulla |
bil jabul janat pirdosi |
cinarita jroning swarga wontên swarga ||

37.
Ananing swaga punika |
ing kijannara kajakim |
nênggih sajroning naraka |
pan wontên naraka malih |
singgih makotên ugi |
naraka kijab swarga kung |
tanasube kang swarga |
nèng jatining narakèki |
kang naraka anèng jatining sawarga ||

38.
Wong kang sinung ahli swarga |
tawêkal sukur lêstari |
ngambah tirahing naraka |
ngêningkên tyas kang sak-sêrik |
têmah manjing swarga di |
makatên malih kang sinung |
kêkêl anèng naraka |
swarga katingal rumiyin |
bungah-bungah ngambah sumêngah bidêngah ||

39.
Katêmbèn myat kaendahan |
mimilih ingkang dèn-(ng)gonni |
kaya-kaya tumuliya |
anèng sawarga kang adi |
de sampun dèn-lintangi |
têmah tibèng naraka gung |
samantên malih tekad |
tan wruh (m)bok angèling urip |
ing têkaburi pakewuh ginagampang ||

40.
Mêmpêng mampang mumpung dira |
bahyane tan dèn-kawruhi |
marma kang para wus tama |
wrat angèl kang dipun-budi |
beda badan-kitèki |
kur kewala mara kalbu |
niyate tan tumêka |
marang marganing kadadin |
dadya datan nganjat padungkapanira ||

Jilid 12 - Kaca : 115

41.
Naraka ingkang minangka |
cobaning Hyang Maha Sukci |
sintên sawijining kula |
tawêkal nangga prihatin |
papanasing kang dadi |
sor panasing agni murub |
tinumama ing manah |
manuh-munah anggêsêngi |
sukasukur mrih mati sajroning gêsang ||

42.
Tan rasa wrating sarakat |
sudra papa ing ngapapin |
sakèhing panca-bancana |
tampêking panas tan pêrih |
lir pendah wonging dami |
dadya wos gya ginalêpung |
kèh babaring kadadyan |
tan mèmpêr warnaning nguni |
wus binedakakên ing Hyang Maha Mulya ||

43.
Sabab wus têkèng kasidan |
(n)dungkap babaring kajatin |
tumêka ingkang sinêdya |
sacipta tan kaping kalih |
winusman ing Hyang Widdhi |
tan na tyas sak-sêrikipun |
wahyu bangsa oliya |
wiwinih asih ing Widdhi |
sakalangkung asru subrataning Sukma ||

44.
Lagyèng tadhah rajah tamah |
ngênirkên salir donyèki |
tan ana kang winikalpa |
singsal pingiling kal mingsil |
ingkang makatên ugi |
abangsa gomulralimun(?) |
wus man ing jalmotama |
papa cipta rahmat-jati |
tan kacambor lyan ing Hyang Kang Maha Mulya ||

45.
Sira Ki Sèh Adimuncar |
myarsa sabda rasa rêmpit |
winêdhar ring kajatèyan |
-nira kang ngèlmu ginaib |
sasurasaning ngèlmi |
sadaya tanggaping kalbu |
asukur suka rêna |
marang Sèh Mangunarsèki |
Adimuncar ngrasa kasoran ing driya ||

46.
Pupuji angalêmbana |
kawruh wus ambêg Otadi |
taruna ing ambêk-tuwa |
datan mangang ing pandalih |
wau wancining ratri |
sêdhêng wus anggagat bangun |
Kae Sèh Adimuncar |
alon ngandika mring rabi |
lah wus sira rubiyah ngukus-ngukusa ||

47.
Karya nadhah sèsèmèkan |
mupung sih awaling enjing |
kang garwa matur sandika |
bêbêthak karya sasaji |
anganor angling malih |
maring Sèh Mangunarsèku |
Kae jêbèng sumangga |
sami awêktu mring masjid |
mupung maksih awal utama sêmbahyang ||

Jilid 12 - Kaca : 116

48.
Dhangan ingkang ingancaran |
kang pra tamu jalu èstri |
samya mijil mring pahèran |
wusnya dènnira susuci |
malbèng masjid gêng sami |
ing wêktu salat Subuh |
Mangunarsa ngancaran |
majêng kinèn angimami |
Mangunarsa mangarsa ngimami salat ||

49.
Aniyat usalinira |
eklas tyas tibaning takbir |
nyamlêng pangagêngannira |
pendah gong tinabuh muni |
jênggunge tan sarênti |
parêng lan panabuhipun |
unine tan katingal |
srining uni tan kakalih |
panglêpasing munya sru panglamat sirna ||

50.
Wus andadèkkên niyat |
kasdu takrulira takyin |
patitis tibaning ikram |
mirit munajat tubadil |
ing ênêngira êning |
munggah kajatèyanipun |
angucap tanpa lesan |
gumanti tanpa milihi |
tarki wus tanajul wajah lan istitah ||

51.
Langkung pasèkat kir'atnya |
sawusing Patekahnèki |
wacan Surat Idaja-a |
dêg rêkangat ingkang akir |
[---] |
sawusing Patekahipun |
wawacan surat Kasar |
adêge wus dèn-Kunuti |
têkèng tahyat akir salam nulya bakda ||

52.
Laju pupujiyanira |
adikir suhuling Widdhi |
anumpa donga utama |
amine dipun-nasibi |
purna bakda anuli |
sasalaman sadaya wus |
santri mudhun bubaran |
saking masjid jalu èstri |
Kae Adimuncar ngling mring santrinira ||

53.
Hèh Samurca amundhuta |
sugata sarapan enjing |
iya maring nyainira |
kang liningan mentar aglis |
mundhut sêkul sasaji |
Nikèn rubiyah agupuh |
anuduh pawongira |
kerit rampadan mangarsi |
wus tinata sangkêp ulame mawarna ||

54.
Ki Adimuncar ris nabda |
suwawi ngriku awijik |
sasarap mumpung aenjang |
ingkang ngacaranan gipih |
(n)dan lêkas samya bukti |
panadhahira pakantuk |
antara dangunira |
anutug kang samya bukti |
aluwaran ambêngira cinarikan ||

Jilid 12 - Kaca : 117

55.
Sinungkên pamburinira |
pinarucah wus waradin |
sadaya tan ana kurang |
gêng alit jalu lan èstri |
wusnya dènnira bukti |
Ki Adimuncar amuwus |
marang ing garwanira |
sira dèn-abêcik kari |
ngong tan kêna binastu enggal lawasnya ||

56.
Aywowah kêndhurinira |
Jumuwahane mring masjid |
santri myang magêrsarinya |
pardinên salat mring masjid |
ing waktu aywa kongsi |
muadah Jumungahipun |
garwa matur sandika |
Adimuncar angling malih |
yayi Arundarsa lah sira mèluwa ||

57.
Iya ing salakuningwang |
maring ing Wanamartèki |
titinjo kang Arundaya |
Kae Bayi Panurtèki |
ngong tan anggawa santri |
amung si Samurca iku |
kang rayi aturira |
inggih tan lênggana kami |
Kae Adimuncar malih angandika ||

58.
Lah Ke yayi Arsèngdriya |
sêdhênge mupung sih ratri |
umangkat mahawèng marga |
sadaya umatur aris |
singgih langkung utami |
ing karsa tumuntênipun |
sukur Alkamdulilah |
paduka karsa lumaris |
samadaya suka nut sukuring lampah ||

703 Pangkur

1.
Yata Kae Adimuncar |
angandika lah ya wus payo yayi |
umangkat mupung êsuk |
amrih ayêming lampah |
(n)dan umangkat saking pêlungguhanipun |
maksih rêm-rêm saput lêmah |
bakda Subuh dènnya laris ||

2.
Tumurun nut padhadhahan |
mijil saking padhukuhanirèki |
gumrah swaraning kang sawung |
wancining mudhun sata |
anjog palêmparan sasabinahipun |
nabrang lèpèn Pajambanan |
nètèr iringing palêstrin ||

3.
Sira Kae Adimuncar |
Arundarsa lawan Ki Arsèngbudi |
miwah Ki Cariklsutrèku |
Kae Sèh Malangkarsa |
Ki Sèh Mangunarsa Anggungrimangipun |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
Piturun Parimintèki ||

4.
Sèh Modang myang pra waela |
Ni Turida lan Nikèn Rarasati |
Rancangkapti malihipun |
Palangi lan Wilapa |
Ni Cênthini miwah para santrinipun |
Ki Monthèl lan Basariman |
Samurca Sêtradrêmèki ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04a) Kaca 90 - 106
  • (05a) Kaca 118 - 135 >