Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05c) Kaca 152 - 167

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 156 - 174

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 152

29.
Mêngko manira anduta maring |
wismannira ngaturi kang samya |
sumêdya asih marang Ke |
ingkang liningan gupuh |
santri Monthèl lawan Nuripin |
nêmbah lèngsèr sing ngarsa |
karo gupuh-gupuh |
Ke Bayi alon ngandika |
yèn mangkono lah Kulawirya wong kuning |
sira andhinginana ||

30.
Mring Pagutan wismane Nuripin |
aturana para mitranira |
lan kapriye prayogane |
mangsa bodhoa iku |
ing patute pakurmat-mami |
sarèhning kadhatêngan |
ngulama linuhung |
tur mitra saeka-kaptya |
lan manira iku samya (n)dhatêngkên sih |
-siniyaning agêsang ||

31.
Samya umatur kang para ari |
inggih sumangga karsa paduka |
mrayogèkkên mring tamine |
paran kang dadya kayun |
kawula kang samya angrukti |
Wuragil Kulawirya |
alon nambung atur |
kawula matur lumancang |
lamun parêng ingkang karsa (n)Jêng Kiyai |
papêthukan punika ||

32.
Kawula kinèn mêthuk kariyin |
mring Pagutan pinanggih sandika |
rinta kakang sadayane |
samya mêthukèng riku |
nèng pêkên sarèrèyannèki |
dèntên pra kalawangsa |
amêthuka iku |
anèng lèpèn lan pra lurah |
santri-santri sadaya mêthuka sami |
paduka aywa têbah ||

33.
Lawan para sêpuh sadayèki |
kewala nèng kori peregolan |
Ki Bayi lon andikane |
ya wus prayoga iku |
rêmbugira mêthuk tatami |
lah wus sira mangkata |
mring Pagutan gupuh |
nulya Kae Kulawirya |
lèngsèr saking ngarsa sigra dènnya nuding |
marang rèrèyanira ||

34.
Angandika Kae Kyai Bayi |
hèh Aluci sira nêmbêlèha |
gudèl myang bèbèk ayame |
pêdhèt tanapi wêdhus |
sata biri kathik gulathik |
aywa na kang kuciwa |
sugataning tamu |
santri Luci tur sandika |
wau lampahira Ki Kulawiryèki |
angirit pawongira ||

35.
Myang rèrèyannira Jayèngrêsmi |
wong sudagar miwah rèrèyannya |
Jayèngraga wong cêngkunge |
myang wong kang bagoripun |
samya ngiring mring Ki Wuragil |
apan tigang rèrèyan |
samyènggar kalangkung |
umarêk lulurahira |
ingkang lagya raryyan nèng Pagutan dèsi |
wau ta lampahira ||

Jilid 12 - Kaca : 153

36.
Santri Monthèl kalawan Nuripin |
prapta ngarsanira Adimuncar |
pra ngawirya sadayane |
santri Monthèl umatur |
amba sampun paduka tuding |
mring krajan tur uninga |
ing ramanta nêngguh |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
yèn paduka ing mangke wus karsa mulih |
kèndêl anèng Pagutan ||

37.
Tuwin angaturkên salamnèki |
sadayanipun para ngawirya |
winangsulan pasalame |
ramanta sakalangkung |
suka sukurira Hyang Widdhi |
karsa nuduh pra kadang |
myang kulawangsèku |
tinata kang mêthuk lampah |
kadi mangka wontên dutane (n)Jêng Kyai |
ngaturi sadayanya ||

38.
Wusnya umatur Monthèl Nuripin |
tan adangu wau praptanira |
Ki Ragil Kulawiryane |
sadaya mingsêr lungguh |
(n)jujug (ng)gyannya Ki Jayèngrêsmi |
agupuh jawat-tangan |
kang putra rinangkul |
ingaras lungayanira |
sinambrama sarwi binagyasmu tangis |
kalihe ngêmu waspa ||

39.
Winangsulan ing sabda basuki |
nulya sung salam mring Jayèngraga |
tan pae ararakêtane |
wusnya kabantu lungguh |
Jayèngrêsmi umatur aris |
marang Ke Adimuncar |
kang punika nêngguh |
kadangipun (n)Jêng rakanta |
gangsal kang nèm piyambak amuragili |
pun paman Kulawirya ||

40.
Samya mangarti sadayanèki |
Ki Kulawirya gupuh tur salam |
sarta lawan pambagyane |
winangsulan kramayu |
langkung rahabira ing galih |
luwaring patêkêman |
malih salamipun |
marang Kae Arsèngdriya |
gantya salamira Ki Cariksutrèki |
miwah mring Arundarsa ||

41.
Myang salam mring Sèh Malangkarsèki |
salam kalawan Sèh Mangunarsa |
tuwin Sèh Anggungrimange |
myang ming kulawangsèku |
Ki Piturun lan Palakarti |
miwah Sèh Pariminta |
mring Sèh Modang wau |
sung bagya mring pra waela |
Ni Turida Rarasati angsung bêkti |
ring paman Kulawirya ||

Jilid 12 - Kaca : 154

42.
Ingancaran pasugatèng enjing |
Ki Wuragil angalap nyamikan |
wedang myang papanganane |
sarwi mèsêm amuwus |
marang ingkang putra kakalih |
wusira antaranya |
manira tan wêruh |
marang karone anakmas |
yèn tumrapa lagi pasanakan mèksi |
kaya pangling tumingal ||

43.
Kongsi gong-gong anggane mikuni |
jawane saking lamyandon-paran |
Ki Jayèngrêsmi ature |
apan inggih saèstu |
lami paman datan udani |
(n)dawêg kewala kadya |
wontên gangsal taun |
mèh sakêdhik pêndhak mangsa |
Ki Wirya ngling malah ya wus pêndhak warsi |
iba ing laminira ||

44.
Ramanira kakang (n)Jêng Kiyai |
kalangkung wulanguning driya |
dhasar wus rong sasi kiye |
kongsi tan bisa lungguh |
lagi rada andhèngèk thithik |
lagi sênggang rong dina |
nuli sira rawuh |
anduta atur uninga |
ambêngênggèng lir jajaka (n)Jêng Kiyai |
mulya (n)dadak sakala ||

45.
Kaya banjur sênggang (n)Jêng Kiyai |
jalaran mulya saka ing sira |
kadyantuk usada grahe |
marma laju anuduh |
mring manira laku ngong iki |
dalah rèrèyannira |
sarèrèyanamu |
tyas samya lir punagiya |
nora kongsi salin sabuk lan kulambi |
lumayu dharakalan ||

46.
Padha karêpe yun wruh sirèki |
bêcik bêthèkên wong padha trêsna |
Ki Jayèngrêsmi ature |
miwah Jayèngragèku |
apan inggih (ng)gihipun ugi |
nulya ingawe samya |
sadaya mangayun |
rèrèyan wong sudagaran |
samya nêmbah tur salam mring Jayèngrêsmi |
miwah mring Jayèngraga ||

47.
Miwah rèrèyanira pribadi |
wong balantik panêgar lan dhalang |
bagor badhur niyagane |
samya akusung-kusung |
dènnya yun wruh bandaranèki |
samya lir punagiya |
dènnira wulangan |
marang Kae Jayèngraga |
para cêngkung myang kalulutira nguni |
gagambyong ronggèng lanang ||

48.
Samya nêmbah tur salamirèki |
wus warata tan na kalintangan |
antara dangu nulya ge |
Kulawirya umatur |
marang Kae Dimuncar aris |
lampah kula punika |
dhapur dipun-utus |
ing Kyai Bayi Panurta |
wiyosipun kawula kinèn ngaturi |
paduka mring karajan ||

Jilid 12 - Kaca : 155

49.
Wanamarta sadayanirèki |
sarênga ing salampah-kawula |
rakanta sru pangtyan-tyane |
ka-antu anèng pintu |
saking dènnya amagut ing sih |
wau Ki Adimuncar |
alon dènnya muwus |
singgih yayi Kulawirya |
reyang tinimbalan ing kakang Kiyai |
lan sagung pra ri putra ||

50.
Singgih sumangga reyang umiring |
lah suwawi yayi Arsèngdriya |
lan yayi Cariksutrane |
lan Sèh Malangkarsèku |
Mangunarsa Gungrimang tuwin |
ingkang para waela |
tinimbalan laju |
sadaya matur sumangga |
sigra budhal lampahe kathah kang ngiring |
mring krajan Wanamarta ||

51.
Gumarêdêg lir ngarak pangantin |
balabar nèng marga pasabinan |
wong samya ingkang magawe |
jalwèstri kang dèrèng wruh |
apatakèn-tinakèn sami |
sapa kae ta baya |
dèn-iring gumrudug |
apa wong ngarak pangantyan |
ana ingkang nauri iku kang prapti |
Kae Sèh Amongraga ||

52.
Lan kang garwa Tambangraras tuwin |
Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga |
sagarwa myang Cênthinine |
kang samya ndon ngalangut |
maring pangumbaran wanadri |
wus lawas mangkya prapta |
pinapag ing laku |
mangkana kang samya mojar |
wong manca doh nuju papagan nèng margi |
sumimpang ing dadalan ||

53.
Gêgêdaban angêbêgi margi |
praptèng Kali Jamban pasabrangan |
kang nèng pinggir lor kaline |
wong kasêntanan mêthuk |
myang pra lurah-lurahing santri |
miwah wong kang niningal |
jalu èstri agung |
nèng gisik kali anjirab |
samya sêdya tumingal kang lagya prapti |
wau ta kang lumampah ||

54.
Saking kidul akathah kang ngiring |
nabrang kali gumrah karubyakan |
lir gêrah kambah ing kèh |
têkèng sabrang lèripun |
kapêthuk tur salamirèki |
ngabêkti gantya-gantya |
mring kang lagya rawuh |
warata sadayanira |
pra ngawirya dangu dènnya ananggapi |
salame wong akathah ||

 

Jilid 12 - Kaca : 156

708 Dhandhanggula

55.
Sawusira santri atur bêkti |
nulya laju wau lampahira |
pra santri umiring kabèh |
sêlur marga supênuh |
lubèr ambèr maring ing sabin |
padamèn sinasakan |
ka-abyaging laku |
(m)bêlasah dhadhahing sawah |
lampahira praptèng anèng Pasar Paing |
pra kadang kang nèng pasar ||

56.
Ki Suwarja lan Wiradhusthèki |
Ki Panukma lawan Ki Panamar |
lan pra putranira kabèh |
Gus Monot lan Gus Dawud |
Bagus Kanji lan Gus Ngajuji |
Gus Janawi Gus Imram |
lan misananipun |
Ki Malangbong lan Lawatan |
Ki Ulangan Jagasatru Jagawèsthi |
myang para rèrèyannya ||

57.
Kae Jayèngrêsmi matur aris |
punika pra kadange rakanta |
sakawan myang pra putrane |
gya Dimuncar lingnya rum |
singgih Alkamdulilahi |
anulya Ki Suwarja |
sakadangirèku |
ramya gantya asung salam |
anambrama winangsulan sabda yuning |
sung salam mring kang putra ||

58.
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
pinêngkul-pêngkul mring kang para paman |
èsmu waspa sadayane |
saking dènnya wulangun |
asih maring pulunannèki |
wus kadya (ng)gènnya yoga |
gantilaning kalbu |
binagya putra ro nêmbah |
miwah garwa Turida lan Rarasati |
ngabêkti mring pra paman ||

59.
Gantya pra putra misananèki |
samya tur sêmbah mring pra pandhita |
wus warata sadane |
gya laju lampahipun |
praptèng padhadhahanirèki |
masuk ing pakarangan |
jibêg wong (n)dudulu |
aturun têpining dhadhah |
nut tikunge magêr dabag glamit mirit |
sabên lawang keringnya ||

60.
Reka-reka pan sami pinipil |
samya sinung bale parèrènan |
sarta lawan padasane |
lawan paguponipun |
lumrah sabên kang lawang kori |
sami ukir-ukiran |
jor-jinoran patut |
mangkana ingkang lumampah |
sampun parêk kapisan ing kori jawi |
Kae Bayi Panurta ||

Jilid 12 - Kaca : 157

61.
Dangu lênggah nèng pantining kori |
lawan kang para sanak pituwa |
Ki Sêmbagi Jumênane |
Jêmpina lan Ki Sampur |
Ki Balongsong Gonjongcêlari |
Sêmangko Onggadhuwa |
Ki Dhawuk Ki Lêngkur |
lawan Ki Kêrtisêdana |
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurta duk mèksi |
samya wawasan tingal ||

62.
Kae Adimuncar Arsèngbudi |
Cariksutra lawan Arundarsa |
lawan Sèh Malangkarsane |
lah Sèh Mangunarsèku |
Anggungrimang myang sadayèki |
parêng nguluki salam |
Ki Bayi agupuh |
kalawan kang para tuwa |
angabuli ngalaekumu-salami |
laju kering lampahnya ||

63.
Kae Bayi Panurta nèng ngarsi |
ngirit kang para tatamunira |
têkèng tritis pandhapane |
Ke Bayi lingira rum |
lah Bismilah lajua linggih |
gupuh kang ingancaran |
sadaya alungguh |
tata atap ing pandhapa |
adu dhêngkul para tamunira sami |
tinêpungan pra kadang ||

64.
Miwah para pituwa nambungi |
kulawangsa lurah santri kapang |
nulya Adimuncar age |
nêmbah tur salamipun |
rinahaban basa basuki |
pênêt ing patêkêman |
nor sungku-sinungku |
luwar sasalamanira |
gantya Arsèngbudi sung salam basuki |
tan pinae rahabnya ||

65.
Wusnya nulya Ki Cariksutraki |
Arundarsa Ki Sèh Malangkarsa |
Sèh Mangunarsa sawuse |
Sèh Anggungrimangipun |
Ki Piturun lan Palakarti |
Sèh Modang Pariminta |
sawuse pra tamu |
nulya kang putra mangarsa |
Jayèngrêsmi sarêng lan Ki Jayèngragi |
nêmbah anguswa pada ||

66.
Pajêngkuwanira kanan kering |
kang putra rinangkul kalih pisan |
Ki Bayèsmu-tangis linge |
dhuh kulup sutaningsun |
nora nyana sira ya mulih |
bapakmu mèh pralaya |
angantu sirèku |
mêngko wus sinung mastara(?) |
marang sira nadyan ana karsèng Widdhi |
tyas-sun wus tan sumêlang ||

Jilid 12 - Kaca : 158

67.
Ingkang samya myarsa ngrês ing galih |
bela waspa tyas sami rumangsa |
têpa-têpa sarirane |
agung sutrêsna sunu |
lir tan pae kadi Ki Bayi |
kang putra kalihira |
angaran kang êmbun |
wus kulup padha lungguha |
nulya ingkang putra kalih samya linggih |
gantya kang pra waela ||

68.
Nikèn Wilapa lan Rancangkapti |
Nikèn Turida lan Rarasatya |
Pêlangi lan Cênthinine |
samya tur sêmbahipun |
Kae Rayi Panurta mèksi |
kalangkung asihira |
marang putra mantu |
ingaras lungayanira |
sarwi ngêmbêng waspa magêp dènnira ngling |
dhuh babo sutaningwang ||

69.
Asih têmên sira karo nini |
trêsna bêkti laki toh jiwangga |
anokitkên ing lakine |
Kamdulilah sirèku |
tulus asih marang ing laki |
wus nini alinggiha |
wus padha rahayu |
kang putra mundur sih waspa |
Kae Bayi Panurta ngandika malih |
mring santri Luci sigra ||

70.
Luci undangên nyainirèki |
maring ngarsa iya nêmonana |
dhayohe lawan sutane |
ingkang liningan gupuh |
lèngsèr saking ngarsa (n)Jêng Kyai |
malbèng wisma kapanggya |
Malarsih alungguh |
sadangunira angantya |
tyas kadya drêng dènyarsa panggih lan siwi |
mênggah ajrih ing raka ||

71.
Anisani karsane ing laki |
datan watak lumancang mancangah |
kumambang rèhing lakine |
ketang durakanipun |
yèn anikêl nimpang ing tuding |
tyas tan nêdya tumindak |
lamun tan tinuduh |
santri Luci aturira |
nyai (n)dika tinimbalan ing (n)Jêng Kyai |
manggihi tamu putra ||

72.
Nulya lumaksana Nyi Malarsih |
ingiring Ni Sumbaling Ni (n)Daya |
tan dangu praptèng ngarsane |
Ki Bayi ngandika rum |
salamana lan rinirèki |
gupuh Ki Adimuncar |
atur salamipun |
sadaya magantya-gantya |
pra waela tur sêmbah salamirèki |
kantun putra kalihnya ||

73.
Nulya ingkang putra Jayèngrêsmi |
Jayèngraga samya atur sêmbah |
Malarsih angrangkul age |
pan sarwi karuna sru |
barung Nyai (n)Daya Sumbaling |
Rarasati Turida |
samya udrasa sru |
Cênthini milya karuna |
myang sadaya pra wadon mèlu anangis |
dadya samya gumêrah ||

Jilid 12 - Kaca : 159

74.
Kae Bayi Panurta srêt angling |
lah ta uwis aywa na karuna |
sumêlang lir wong kapatèn |
anangis barung umyung |
datan etang ana tatami |
Arsèngbudya Dimuncar |
samya lon umatur |
saking gung sutrêsnanira |
asusuta lir pêjah amanggih urip |
lami datan tumingal ||

75.
Wangwanging tamu lir tiyang pundi |
lamun èstri pan sampun mupakat |
trêsnane anèng tangise |
sampun mênggahing sunu |
nadyan liyan lamun dadyapti |
sih ya lantaran waspa |
tandha sih kalangkung |
Nikèn Malarsih tyasira |
arapuh tan aring pangrêsirèng ati |
kèndêl dènnira karuna ||

76.
Magêp-magêp binagyan kang siwi |
samya uamtur raharjèng titah |
(n)Jêng ramèbu barêkahe |
kang ibu lon amuwus |
sokur Alkamdudilah kaki |
rinêksa ing Hyang Sukma |
kaywanan sakayun |
wus ginggang ing pasungkêman |
sung salam ring kang Nini nDaya Sumbaling |
pupuji ing kaharjan ||

77.
Nulya ingkang putra mantu kalih |
Turida Rarasati tur sêmbah |
angujung nguswa padane |
kang putra ro rinangkul |
samya asru karunanèki |
winor pasambatira |
dhuh sutèngngong mantu |
ayu têmên loro sira |
ing sih bêkti sêtya tuhu maring laki |
toh jiwa anrang baya ||

78.
Angandhêmi lanja andêrpati |
datan ana nini kaya sira |
sokur bage sèwu dene |
muga sira winahyu |
santosèng tyas palaling Widdhi |
wus lêjar marmèng suta |
langkung sukèng kalbu |
Ki Bayi aris ngandika |
lah wus Nikèn Malarsih sira dèn-aglis |
angruktiya sugata ||

79.
Saanane ingkang sarwa suci |
ngarah apa krana Lah kewala |
samya mring kupune dhewe |
ingkang garwa agupuh |
lèngsèr saking ngarsa anuding |
marang pawongannira |
jalwèstri gupuh |
samakta tata sugata |
santri Luci Nuripin lan Jalalodin |
nuduh pawong santrinya ||

Jilid 12 - Kaca : 160

80.
Myang dhulang kang pinanggul ing èstri |
kerit mring Ni Malarsih mangarsa |
sasaji ring Kiyaine |
tinata anèng ngayun |
myang panatanira Ki Luci |
pininta sa-ambêngnya |
pakêmbulanipun |
kang ponang tumpêng mêgana |
sêkul golong liwêt pulên lan kabuli |
angêt wuduk lan punar ||

81.
Lalawuhan sangkêp amarnani |
jangan mênir cupang kalamuncang |
asêm bobor asêm bênce |
bècèk tim ladha bubus |
padhamara pindhang bang-putih |
dhakohan plêpah kuwah |
dhublêg gile manggul |
bêlothok brongkos kareyan |
lam-ulaman dhèndhèng panjèn êmpal ragi |
dhèndhèng age sujènan ||

82.
Age tawon age lidhah ati |
age umbut age tum-bêkakak |
age ayam mêmonthoke |
srêgan kalêpon kapur |
ginjêl lawan babat limpèki |
buntut paru lan utak |
êmpal kisi pênthul |
sate abon rêmus wayang |
pal-puk duduh koyoran dhèndhèng karipik |
gadhon gêcok-gênêman ||

83.
Êtum mangut rêmpah srundèng gêbing |
(n)dhog bêkamal pindhang cêmplok dadar |
cêrubuk krupuk-têrunge |
pèspèsan tambra palung |
opor bèbèk basêngèk pitik |
lawan balêbêd banyak |
suwab binatutu |
kang pêtis lombok gulingan |
ayêm tambra gorengan kathik gulathik |
gangsir ampal andhungan ||

84.
Sambêl-gorèng kacang dhêle wijin |
sambêl kêmiri pêcêl tarancam |
lalaban kacang kaceme |
kacambah cipir timun |
pête jengkol kara kêrai |
gudhe kumalandhingan |
ranti kêmangipun |
terong glathik kukuluban |
kathokolan kangkung lêmbuyung sêmanggi |
pintên myang gagan-gagan ||

85.
Gundha kêmbang turi adhêm mati |
luntas papasan kapas rêmpêlas |
pêtis kakas kêsru sambèng |
pare godha rêmakjun |
kudhu gondhong combrang sêmpirit |
katu katumbar aha |
rajun kimpol paung |
rang-urangan raranggitan |
sangkêp salirira lalawuhan bukti |
aglar sumadyèng ngarsa ||

Jilid 12 - Kaca : 161

86.
Nulya para wong amagêrsari |
prapta ambêkta kandhurinira |
panjang layah myang ancake |
sadaya pan nêmlikur |
pinasrah ring Ki Santri Luci |
wontên malih ambêngan |
papanganan munjung |
rongpuluh ambêng kèhira |
sidhêkahe pawong kulawangsa sami |
ngalujêngkên kang prapta ||

87.
Kae Bayi angandika aris |
Dene ana nak-putu kang padha |
akajad sidêkah akèh |
mara ta kono gupuh |
sambungêna dadi sawiji |
padha kêpungên dhawak |
sing padha akêpung |
enak kêmbul aroyoman |
santri Luci authi tata kêndhuri |
tuding-tuding miminta ||

88.
Wus cucukupan sakupênganèki |
Kae Bayi Panurta ngandika |
lah Basarodin dèn-age |
donganana Majêmuk |
ngalujêngkên ring wong sadèsi |
salamête kang prapta |
wus manggih rahayu |
rinêksa dening Hyang Suksma |
gya pangulu Basarodin angadêgi |
andongani ambêngan ||

89.
Majêmuk Rajuk Tulak-bilai |
Tawil-ngumur lan Salamêt mulya |
Turun sih Sri Sêdanane |
ingaminan gumrumung |
asru barung kang amin sami |
rambah ambata-rêbah |
wus antara dangu |
paragat pandonganira |
Kae Bayi Panurta ris ngancarani |
marang tatamunira ||

90.
Lah suwawi awijikan sami |
ing sawontênipun sumapala |
krana Lah kewala rêke |
lan pra waela ngriku |
samya kêmbul bae kang bêcik |
ingkang liningan sigra |
samya atuturuh |
(n)dan lêkas sarêng anadhah |
apikantuk dènnira sami abukti |
sira Nikèn Wilapa ||

91.
Mênggah-mênggah dènnira abukti |
ngonjot-onjot sêrêt ing êlêtan |
Ki Bayi ngling andikane |
e ya ta lah ipeku |
akangèlan dènnya abukti |
Malarsih apa sira |
kalalèn ipemu |
lalagèhane anadhah |
kudu nora pisah-pisah lawan warih |
kalêmuk nèng ngiringan ||

92.
Biyèn kae duk sira-paranni |
dene wus nunggal nadhah sa-ajang |
mokal yèn laliya kowe |
Ni Malarsih angungun |
matur inggih kasupèn mami |
gupuh nuduh pawongan |
amundhut kalêmuk |
tan dangu katur ing ngarsa |
punika bok-adhi pangunjukanèki |
raka-(n)dika priyangga ||

Jilid 12 - Kaca : 162

93.
Maklumipun kewala bok-adhi |
saking kirang kêrahaban-kula |
Nikèn Wilapa ature |
kang botên-botênipun |
dene kados tiyang ing pundi |
kawula datan cipta |
riringa ing kalbu |
inggih angangkah punapa |
tiyang sampun wontên janganipun mênir |
tan susah nginum toya ||

94.
Sajatinya samadèsmu isin |
mring ngakathah tan mêdhar prasaja |
Ki Cariksutra wuwuse |
lah ora-a sirèku |
bakayune amirantèni |
de sira kakurangan |
animbangi tanduk |
marmanya sira sinungan |
wus kuningan adate sira yèn bukti |
tan kêna pisah toya ||

95.
Ni Wilapa sinambramèng laki |
rumangsa yèn kaluputannira |
nulya tanduk lir sabêne |
kokoh jangan nèng tuwung |
lam-ulaman amêratani |
cinaruh rab-uraban |
sapulukanipun |
rong pulukan linut toya |
Kae Bayi Panurta ngandika aris |
manira yèn tumingal ||

96.
Dènnira nadhah ya ipe-mami |
bok Wilapa sawarêganeya |
mèlu akèh panadhahe |
ngapenginakên kalbu |
mèlu enak manira bukti |
drêku bok-ipe aywa |
êngah dèn-anutug |
wong wus wismane priyangga |
Ni Wilapa mèsêm aturira aris |
kados botên yèn êngah ||

97.
Angandika malih Kyai Bayi |
ênggèh ta lah yayi Cariksutra |
bok aja ipeku kuwe |
ingajak anut pungkur |
adoh-adoh praptèng mariki |
wus tan kengang lulungan |
maningan puniku |
awak lir tan kengang gawa |
mandahane duk lumampah anèng margi |
iba rêkasanira ||

98.
Bok liyane bae salah siji |
apan ipeku sapirang-pirang |
dadak sing gêdhe awake |
Cariksutra turipun |
pan kumêdah-kêdah papanggya |
[---] |
ing paduka nêngguh |
Ke Bayi mèsêm ngandika |
ênggèh yayi kalangkung panrima-mami |
dènnya sutrêsnèng kadang ||

99.
Sadayanira ingkang mangarti |
Nikèn Wilapa rubiyahira |
sira Ki Cariksutrane |
samya gawok andulu |
ing gêdhene awakirèki |
sêmbada panadhahnya |
cèkoh manganipun |
akèh amicarèng nala |
iya ta lah rabine Cariksutrèki |
nglêmbarah nora lumrah ||

Jilid 12 - Kaca : 163

100.
Kae Bayi tanpyantuk bukti |
sabab lagya nêmbene asênggang |
dèrèng rumangsa ecane |
miwah pra ngawiryèku |
Adimuncar Ke Arsèngbudi |
Kae Sèh Malangkarsa |
Sèh Mangunarsèku |
Cariksutra Arundarsa |
Anggungrimang Jayèngwèsthi Jayèngragi |
Turida Rarasatya ||

101.
Samya wus rèpèh tan pati bukti |
Kae Bayi Panurta lingira |
wawi yayi sadayane |
(m)bok kang samya pakantuk |
rèyang dimèn eca abukti |
akêmbul babancakan |
lawan anak-putu |
ingkang liningan turira |
(ng)gih sumangga sasêlotipun abukti |
dhatèng (n)dhèrèk kewala ||

102.
Para kadang myang pituwa sami |
amêmêne dènnira anadhah |
angli ring tatakramane |
ingkang para linangkung |
datan pati sura abukti |
dadya untap-untapan |
kacicikanipun |
pakantuk rasaning driya |
kikmahing tyas dènnira sabar ing bukti |
sor rasaning atadhah ||

103.
Sira Ki Pangulu Basarodin |
dènnira mangan sadangunira |
ambungkik-bungkik puluke |
Ki Kulawiryandulu |
dènnya nadhah Ki Basorudin |
bibisik dènnya mojar |
mèsêm èsmu guyu |
kalawan Kyai Lawatan |
lo puniku tênagane Basarodin |
angaya-aya pangan ||

104.
Ki Lawatan lawan Ki Sêmbagi |
samya gumuyu sinamun nadhah |
mulat mring Basarodine |
Ki Kulawirya sêgu |
sêgu watuk andhêdhèhèmi |
winoring paliringan |
paman dhawuh wau |
adêrês gêng têlthokira |
kados banjir jawah tan ngarang-ngarangi |
punapi mot lèpènnya ||

105.
Ki Lawatan Sêmbagi nganthuki |
Ki Basar ngling ririh garundêlan |
andêlna Gus Wirya kuwe |
anggêgarap wong tan wus |
(n)dadak nganggo nyêman-nyêmoni |
wong dhasar kêmba uwang |
yèn tan angguguyu |
Ki Kulawirya alatah |
suwe lamun têtamuwan pra utami |
Ki Bayi mèsêm tanya ||

106.
Paran kang sira guguyu Ragil |
matur punika pun kakang Basar |
amangan dadi wong bithèn |
tanganipun abikut |
datan kenging dipun-sêlani |
kiwa têngên maragang |
tan wontên gopipun |
lir ngampêr bata ing linggan |
Ki Baywa-ngling wong wus tandange abukti |
maningan biyèn mula ||

Jilid 12 - Kaca : 164

107.
Para tamu samya mèsêm mèksi |
marang sêsambèn kang pêpoyokan |
Ki Jayèngraga wuwuse |
pantês têmên Ki Ngulu |
maksih kadi adate nguni |
sabên panggya lan paman |
anggung dèn-wawangun |
Ki Basar nauri sabda |
(ng)gih puniku tan wontên luwasing gêtih |
pamandika Ki Wirya ||

108.
Kajawi padha mantun moyoki |
yèn maksih sami gêsang mêsungsang |
mangsa mariya medane |
kang myat samya gumuyu |
Ki Wuragil Kulawiryèki |
alatah sarwi mojar |
wakane Pangulu |
kongsi jamurên maningan |
nora uwis dadi poyokan Ki Rodin |
pilang-pilang tan gêrang ||

109.
Jêr wangune patut dèn-poyoki |
badan sakojur tan kabênêran |
(n)jêlèhi wajarane |
busana nora patut |
mung yèn wuda anggigilani |
ginuyu ing akathah |
Ki Basar amuwus |
non iku Ki Kulawirya |
saknèh-nèhe ngaranni wong kaya jongkit |
kathik nganggo wajaran ||

110.
Saya ginaguyu rewange linggih |
wus antara dangunira nadhah |
luwaran tuturuh kabèh |
Ki Santri Luci gupuh |
Jalalodin Nuripin aglis |
nuduh pawong rowangnya |
nyarik ambêngipun |
sinungkên pamburinira |
kandhurine dinum barêkatirèki |
warata sadayanya ||

111.
Gantya dhadharan lumadyèng ngarsi |
sasaosanira Ki Panurta |
pasugata ring tamune |
kathah nyamikanipun |
lah-olahan wowohan asri |
sangkêp kang juwadahan |
jênang dodol kênul |
kolèh grêndul candhil caca |
kalong sagu cinantèn brêm tumpu criping |
kêpêl pang-limpung kupa ||

112.
Manco cucur jalabiya rangin |
mamêniran bantalan sêmpora |
lèn-ulèn gêmblong lèmpènge |
wug-awug apêm pasung |
kocak kicak kanyut lan kèci |
srikaya pipis tuban |
rondhakèli mêndud |
cêlorot gêthuk jumunak |
sêmar-mêndêm garubi pêrnama utri |
wajik tape walangan ||

Jilid 12 - Kaca : 165

113.
Sagon wayangan ledre surati |
miwah pala-gumantung kasimpar |
nangka pêlêm kuwènine |
manggis duryan lan dhuku |
pisang suluh salak kêcapi |
balimbing lan talêbak |
jambu lan kapundhung |
kêrai timun sêmangka |
talês kimpul katela uwi gêmbili |
muncar munggèng rampadan ||

114.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
singgih sumangga yayi punika |
mamangsêgan tamba mise |
awon kèndêl ing ngriku |
sumapala ana misrani |
karana Lah kewala |
ing sawontênipun |
ingkang liningan agêpah |
samya ngalap nyamikan sasênêngnèki |
wedang pangananira ||

115.
Kae Bayi angandika malih |
ingkang garwa lah Malarsih sira |
dhayohmu pra waelane |
iya sadayanipun |
aturana maring wismèki |
dimèn lêlêswan samya |
Ni Malarsih muwus |
sumangga yayi Wilapa |
lan Palangi Turida lan Rarasati |
Rancangkapti mring wisma ||

116.
Nikèn Wilapa umatur aris |
singgih sasêlotipun kewala |
rêke agampil ing mangke |
sawêg rêrêm alungguh |
Ni Malarsih ngecani kapti |
anulya ingkang prapta |
wong Wanamartèku |
pamagêrsari sudagar |
jalwèstri sarta lan kandhurinèki |
liya punjungannira ||

117.
Sêkul ulam dhaharaniyadi |
kang wus kapanggya lan Jayasmara |
pan samya mundur gagêntèn |
kang samya yun papangguh |
tur pupunjung miwah kêndhuri |
sarya tur salam sêmbah |
mring kang lagya rawuh |
kêndhuri laju dinongan |
kajatira ngalujêngakên kang prapti |
punjungannya tinampan ||

118.
Nyai-nDaya lan wadon Sumbaling |
juru anampani pupunjungan |
wong Wanamarta kajate |
kang wus kapangguh wau |
ulihira karya kêndhuri |
sapunjungannira |
wangsul atur-atur |
ingkang nampani ambêngan |
santri Luci Nuripin lan Jalallodin |
kinêpung nèng pandhapa ||

119.
Kae Adimuncar Arsèngbudi |
Arundarsa lawan Cariksutra |
Carikmudha lan Kae Sèh |
Malangkarsa puniku |
Ki Sèh Modang Parimintèki |
Kae Sèh Mangunarsa |
lan Gungrimang nêngguh |
sadaya pra tamunira |
mulat banjar wismane Kiyai Bayi |
Panurta Wanamarta ||

Jilid 12 - Kaca : 166

120.
Wus saengga pomahan bupati |
datan ana wisma mangkana-a |
gunge myang pasang rakite |
ing patanêmanipun |
tiris kitrinira mêpêki |
papagêr pakêliran |
gêbyognya klimis alus |
mawi natar pananggungan |
masjid Mangu agênge sèbêt acèkli |
gasik toya tumumpang ||

121.
Samya micorèng sajroning ati |
para tamunira samadaya |
sukur pangalêmbanane |
dene sarwa pinunjul |
baya saking mangunahnèki |
banjar pawismanira |
kadi-kadi dudu |
pasang anggoning ngulama |
pantên ênggon dalêming pra wirya mukti |
wibawa ahli donya ||

122.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
Kae Adimuncar Arsèngdriya |
tuwin jêbèng sadayane |
punika warninipun |
garumbuling Wanamartèki |
tinut nak-putu kathah |
samya nut dudunung |
nèng ngriki kêdah karasan |
rêke kathah kewala pakantuknèki |
samya jênêg gagriya ||

123.
Dene wisma manira puniki |
sagêd samantên agênging griya |
manira darmi angangge |
saking ing karsanipun |
para anak ingkang bupati |
urunan yasa wisma |
sinungkên maring-sun |
kinèn jênêg anganggeya |
saput ingkang piranti yayasan sami |
reyang kantun manggiha ||

124.
Samya-ndhêku sadaya miyarsi |
para tamu ing wau wuwusnya |
(n)Jêng Kiyai Panurtane |
samya sukuring kalbu |
èsmu ngungun sajroning galih |
mangkana Cariksutra |
aris wuwusipun |
dhuh kakang Bayi Panurta |
wus sanyata antuk nugrahaning Widdhi |
dadya pangayomannya ||

125.
Sagung santri ing wetan pasisir |
baya datan ana tumimbanga |
ing tata miwah harjane |
myang rakit-rakitipun |
kadya praja datan na bêkti |
lamun dhukuh ngasrama |
wit katon gêngipun |
tan ana ingkang kuciwa |
datan ana ing bang kilèn kang nimbangi |
kalawan Wanamarta ||

Jilid 12 - Kaca : 167

126.
Kyai Bayi myarsa angling aris |
mung sadarmi kawula ing titah |
Allah makatên karsane |
inggih harkahing napsu |
mutmainah reyang antêpi |
sumarah karsèng Sukma |
ingidhêp ing kalbu |
makatên salaminira |
lampah reyang amung ngantêpi sawiji |
mutmainah ing tekat ||

127.
Cariksutra mèsêm aturnya ris |
kadipundi kakang pandumira |
kang napsu catur warnane |
wus lami ulun-ngrungu |
mung kèwêdan dènnira amrih |
tataning linampahan |
ing sadintênipun |
yèn rina sajroning nala |
kadi-kadi darbe gêsangira sami |
arêbut lampahira ||

128.
Kyai Bayi angandika aris |
(ng)gih manawa katuju ing karsa |
kang napsu patang warnane |
mutmainah rumuhun |
dadya jêjêr anggung mamardi |
sakèh tyas kang mrih harja |
bêkti myang sumungku |
narima sarèh ing driya |
satitahe ing karsa datan angudi |
harda angangsa-angsa ||

129.
Nanging anggung lir tinêmpuh jurit |
dening napsu kang titiganira |
sadina-dina arame |
anèng jroning tyasipun |
napsu katri kang langkung sakti |
luamah lan amarah |
supiyah trinipun |
ari ratri lir ayuda |
jroning nala kadya arêbut tatandhing |
masesa driyanira ||

130.
Kasaktène luamah abukti |
ngangsa-ngangsa kadi ambebasna |
mangan kèh sanalikane |
lumuh kantuwa dangu |
mumah mumuh turu abukti |
pamirihira supaya |
kèh sumêngahipun |
ngapêspês mring mutmainah |
de amarah kasaktènnira mrih juti |
nginggit harda druhaka ||

131.
Rêngu-rêngu pan anguring-uring |
riwut ngawut kadi anglêburna |
kalawan rinêmêk bae |
ngêngungakên têkabur |
sumbar ngina-ina sakalir |
dènnira mrih pralaya |
mutmainahipun |
supiyah kasaktènnira |
papenginan marang kang tan patut wajib |
mamêksa papenginan ||

132.
Tan cipta wrat angèl wêrit rungsit |
kaya-kaya gampanga ingalap |
mangsa wurunga kadarbe |
kusung-kusung milalu |
mring kang datan layak binudi |
kudu nuli-nuliya |
kang tan kêna luput |
anruwêng jubriyannira |
amrih akêkêsa mutmainahnèki |
sajuga binut tiga ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05b) Kaca 136 - 151
  • (05d) Kaca 168 - 185 >