Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 36

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05d) Kaca 168 - 185

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 175 - 195

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 168

133.
Singgih pintên banggi dèn-ayunni |
tangèh kita lamun sumêla-a |
saking babagan ngarale |
kadi punêndinipun |
yèku yayi Ki Arsèngbudi |
binudi ingkang dadya |
kalirahanipun |
wiwinih rubêd rubeda |
saking pundi mutmainah kasirèki |
katutup ing tri hawa ||

134.
Anauri aris Arsèngbudi |
yèn pamanggih manira priyangga |
rubeda puniku èmèng |
pangangge paminipun |
bathik lurik wulung lan putih |
singa kang dèn-anggeya |
yêkti datan wurung |
yèn ngangge seta (ng)gih seta |
myang ngangge bathik lurik wulung bang kuning |
singgih makatên uga ||

135.
Sabab samantên kita puniki |
lamun angilo paesan duryat |
marga bab insan kamile |
ngriku panglilingipun |
saking akatdiyat wadati |
wakidiyat lan arwah |
ajasam puniku |
alammis alam insan |
kamil pan wus purna dadining adadi |
titah kita punika ||

136.
Saking alam arwah kang nêngahi |
pan akadiyat wujuding Êdat |
wahdat wujud sipat rêke |
wakidiyat asmèku |
alam arwah apêngal nênggih |
martabat tri kang awal |
pan gaibul-guyub |
akadiyat lawan wahdat |
wakidiyat kang bangsa latakyun latib |
martabat tri akirnya ||

137.
Alam jasam misan insan kamil |
takyun sani nalirah kawijah |
tri wiwinih hawa rêke |
napsu luamah nêngguh |
lan amarah supiyahnèki |
dening ingkang kaucap |
ing ngajêng puniku |
tri wiwinih mutmainah |
alam arwah wiwinih ihtiyar singgih |
pamilihing apêngal ||

138.
Pamilihe ing kalih prakawis |
mring babagan budi klawan ala |
kewala sami wênange |
mungguh Hyang Kang Mahagung |
datan nuduh datan pêpênging |
mring sawijining titah |
sakayuning mahluk |
bênêr luput nèng ihtiyar |
marma kita kumêdah angati-ati |
ywa korup maring hawa ||

Jilid 12 - Kaca : 169

139.
Murka nadhah guling murka wêngis |
murka papenginan mring rajah tamah |
punika pan sisingkêle |
narik cipta tan tuhu |
ngungas-ungas ngangas-angasi |
tan kenging botên uga |
pan duryat kadyèku |
kadi-punêndi ing karsa |
yayi Cariksutra ing ngriku tinuding |
sami muwasaratan ||

140.
Ki Cariksutra lingira aris |
kasinggihan sabdanta tetela |
pan sampun makotên jume |
ing agêsang puniku |
datan wagêd kita puniki |
angirigakên hawa |
bangsa ngam angumum |
tumindak kalawan hawa |
amung amimirit saking sidhang-siring |
sarwa sakêdhik sewang ||

141.
Purun maha kêdhik ênggah kêdhik |
alam ahli swarga sumapala |
ngalap naraka sêpèlèng |
ènthèng-ènthèng sinangkul |
swarga nraka narima kêdhik |
ngangkat ingkang rêkasa |
yèn tan lawan wahyu |
sayêkti datan kaduga |
kang lir caritane ki dhalang ngaringgit |
lalakon srat Wiwaha ||

142.
Dananjaya duk amangun-tèki |
anèng (ng)graning Ancalendrakila |
sang Dwija Mintaragane |
angga tuhu lir tugu |
manik datan sêdya bah osik |
mamati jroning gêsang |
anggêgêsêng kalbu |
kang tan kêna winikalpa |
alpaning tyas angilangakên sak-sêrik |
sêrik lamun runtika ||

143.
Anirakên suba-sukèng galih |
cêngêng lêngêng ngêningkên nêngira |
mung amasang lulungide |
ing dalêm kalih pandum |
angga malat gêgamannèki |
Pasopati grannira |
pyuh graning pandulu |
lumancar anggroning grana |
kang pinusthi papasthèn èsthining kapti |
kapati bratèng laga ||

144.
Amaladi si sêmadi êning |
nêngèng karsa nêgêr karsaning Hyang |
maksude pancadriyane |
pinêlêng ing pandulu |
dalaning kang sandining sêpi |
titis grana gusika |
pusakaning kayun |
kayungyun kahyanganing Hyang |
lêpasing tyas mêrana ngulati pati |
patitis kang tan tiwas ||

145.
Nalika wus kêncêng cêngêngnèki |
tiwas pamawasing kawaspadan |
kalawan pucuk bèdhore |
sumungku-a sidêku |
dêging jêmpol jari jêmparing |
sêrêng lênging lêngira |
paguting pandulu |
dulu datan kadaliyan |
lila lalu malulu lir socaning pring |
nir pringganing wardaya ||

Jilid 12 - Kaca : 170

146.
Yèn mungguh-a agamaning Nabi |
êtrap ingkang makatên punika |
kenging winastan wus kusne |
khawasuning asuhul |
bisa mêsat hawa tri juti |
yèn tyas wus kadyèka |
pintên bangganipun |
kita punika (ng)dungkapa |
anirnakkên hawa kang angrêregoni |
muslim mring kajatmikan ||

147.
Samya suka mèsêm aningali |
mring Ki Cariksutra dènnirojar |
angondhèkkên pudyarsine |
Ki Adimuncar muwus |
Kae jêbèng Mangunarsèki |
kadya paran karsanta |
purnaning awuwus |
supados dadosa palal |
ing tyas kadung padungkapanirèng ngèlmi |
kèndêling pandêlingan ||

148.
Ki Sèh Mangunarsa angling malih |
singgih rêke sampun kasinggihan |
(ng)gyannipun ngibaratake |
saèstu yèn kadyèku |
kulaning Hyang mukmin kang muslim |
sadaya kang ingujar |
tan na lêpatipun |
pan sami ugi kewala |
amung kaot sakêdhik jalarannèki |
undha-usuk kang karsa ||

149.
Ingkang sampun sinung bisa mèksi |
ing kasidan sup nèng kagayuhan |
hawa kang catur sikine |
dados dadosanipun |
nêpsu hawa kawan prakawis |
luamah lan amarah |
supiyah katêlu |
pat kalawan mutmainah |
dadya panguntaping tokit mring kadadin |
saking kalawan hawa ||

150.
Mokal bodho karsaning Hyang Widdhi |
karya asor luhuring kawula |
kalawan napsu hawane |
yèn tan kalawan napsu |
yakti titah datanpa kardi |
sabarang rèh kitarsa |
dadi lawan napsu |
amarah murka atingal |
tadhah guling rosa pangêlihirèki |
suka bukti sapala ||

151.
Amarah napsu awênga wêngis |
krodha nênggala jrih mring niaya |
dèn têkèng narima sarèh |
rèrèh tan ngadhul-adhul |
sikaranya akait juti |
rinosan sinêmbadan |
lan tawêkalipun |
tinawêkaling amarah |
dèn-tumêkèng hawa dadi wahyu budi |
kabudayèng wardaya ||

Jilid 12 - Kaca : 171

152.
Napsu hawa supiyah papengin |
kapengina marang kautaman |
ingkang sipat linuhunge |
tan pengin loba mumuh |
krana dènnya nalikanèki |
myang tadhah rajah tamah |
pon datan kalulun |
sirnane hawa tri loba |
apan luluh anukma dadi sasiki |
tri mutmainah uga ||

153.
Datan paê panunggalanèki |
mutmainah marang ing tri hawa |
tri hawa mutmainahe |
anèng ing dalêm kasdu |
dènnya pagut atampa titih |
aluamah amarah |
lan supiyahipun |
mangsud dadya mutmainah |
kang makatên (n)dungkap kadadeyannèki |
kang wus amintaraga ||

154.
Lamun mutmainah mangsud maring |
luamah lan amarah supiyah |
dadya kèh loba kibire |
agung têkaburipun |
tan kabuka daliling ngèlmi |
kang maring kamuksanan |
dene jalaripun |
kang wus sidik rasa sabda |
ngujubriya têkabur sumêngah kibir |
kang wukakên kadadyan ||

155.
Wa-makatên kawulaning Widdhi |
samya tinakdir pribadinira |
ing dalêm ngagêsang rêke |
datan ketang kinayun |
kaya apa kayunning jalmi |
pan wus samya kinarsan |
dening Hyang Kang Agung |
kalawan priyangganira |
asor luhur wus dadya kaladuk nguni |
sadèrèngipun bakal ||

156.
Kae Bayi Panurta duk myarsi |
sabdanira Ki Sèh Mangunarsa |
kadya kinuras driyane |
ana karasèng kalbu |
mring putranya Sèh Amongragi |
sasolah bawanira |
lèlèjêming wuwus |
wingiting pasêmonira |
miwah rimbag ing warna datan nêbihi |
saujunging sarira ||

157.
Ciptaning tyas tan na paenèki |
mring Sèh Mongraga myang Mangunarsa |
kadya kinarya lirune |
miwah sadayanipun |
ingkang kadang kulawangsèki |
samya mulung tyas trêsna |
mring Mangunarsèku |
mangkana ing wancinira |
lingsir dungkap waktu Luhur kapara kir |
kaecan ararasan ||

Jilid 12 - Kaca : 172

158.
Saking dènnya rêna aniniling |
ing murade Ki Sèh Mangunarsa |
tan amapali jarwane |
nadyan anom rinêngkuh |
sasêpuhing mukmin khakiki |
kang pangra tuwèng wayah |
kang anom sumungku |
mring Kae Sèh Mangunarsa |
ingêgungkên tinamu-tamu utami |
golonganing ngulama ||

159.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
nakmas jêbèng Kae Mangunarsa |
suwawi awêktu age |
Lohor mring masjid Agung |
miwah yayi sadayanèki |
dhangan ingkang liningan |
ingkang para tamu |
mudhun saking palungguhan |
maring masjid Mangu ngambil toyastuti |
apan samya sêmbahyang ||

160.
Kewala cukup tamunirèki |
pra waela salat anèng langgar |
pra kadang kulawangsane |
salat nèng masjid Agung |
ana ingkang banjur amulih |
pra tamu ingkang salat |
anèng masjid Mangu |
Sèh Mangunarsa ngancaran |
kinèn angimami wêkuning ngabêkti |
nulya Sèh Mangunarsa ||

161.
Tan lênggana majêng angimami |
wus antara danguning asalat |
tartib tumêkèng bakdane |
paragad sadaya wus |
asalawat salaman sami |
Kae Bayi Panurta |
lon andikanipun |
prayogi wangsul ing wisma |
Kae Adimuncar aturira aris |
pênêd akaliyêgan ||

162.
Mring masjid Gêng kawula yun uning |
Kae Bayi Panurta ris mojar |
ênggèh langkung prayogine |
nulya sami amudhun |
pra tamunya kang sadayèki |
maring masjid Gêng prapta |
midêr andudulu |
pasang rakiting patirtan |
binotrawi toyanya kalangkung wêning |
ngingonan ulam kathah ||

163.
Bêbêngane balumbang ngubêngi |
binêngawan têpining tinaman |
sangkêp saliring sarine |
myang patirisanipun |
pala kitri gumantung asri |
samya nêdhêng wohira |
putya dênta sinung |
pucang ranti rinambonan |
tanjung sawo asinang wohira (n)dadi |
tinumpak sinaciwah ||

164.
Kae Adimuncar Arsèngbudi |
Arundarsa Kae Cariksutra |
kalawan pra tarunane |
lan Sèh Malangkarsèku |
Mangunarsa Gungrimang tuwin |
Sèh Modang Pariminta |
miwah Ki Piturun |
Palakarti pra santrinya |
lawan Jayèngrêsmi Jayèngraga tuwin |
Wuragil Kulawirya ||

Jilid 12 - Kaca : 173

165.
Kang wus bakda salat anèng masjid |
para kadang Swarja Wiradhustha |
Panukma lan Panamare |
miwah kang para sêpuh |
Ki Pangulu lan Ki Sêmbagi |
Ki Jumêna Jêmpina |
Lawatan Malanggung |
Luwaran Kardisêdana |
samya mudhun sing masjid samya umiring |
mring kang samya niningal ||

166.
Kang pra tamu amicarèng ati |
nora jamak Ki Bayi Panurta |
mêtu têmên mangunahe |
dudu prajaning dhukuh |
lir karajananing bupati |
kêtêbe wong mah-omah |
kèh bêcik gung agung |
kaya wong rongèwu ana |
kathah wong kang kuwat-kuwat kang rijêki |
malah asor wong kutha ||

167.
Ngalim wus mijil mangunahnèki |
samya pupuji sukuring driya |
mring Ki Bayi Panurtane |
nutug dènnya (n)dudulu |
têpunggêlang ngubêngi masjid |
ing wanci waktu Ngasar |
samya mèt toyastu |
kadas sami salat Ngasar |
nèng masjid Gung sabakdanira ngabêkti |
kondur maring ing wisma ||

168.
Para kadang kulawangsa sami |
umiring maring pawismannira |
atata palungguhane |
anèng pandhapanipun |
sasajinya sampun miranti |
wedang myang nyanyamikan |
wus andhèr nèng ayun |
miwah kang para waela |
Ni Malarsih Turida lan Rarasati |
tamu Nikèn Wilapa ||

169.
Ni Palangi lan wadon Cênthini |
Nyai-nDaya Sumbaling tan têbah |
Kiyai lon andikane |
sumanggèng karsanipun |
nyamikane ginape sami |
kang liningan norraga |
anginggihi wuwus |
angalap sasênêngira |
dene para magêrsari ingkang prapti |
sarta lan kandhurinira ||

170.
Pupunjunganira tinup saji |
mring Ki Jayèngrêsmi Jayèngraga |
samya tur salam sêmbahe |
Ki Bayi lon amuwus |
marang santri Luci Nuripin |
lah iku kandhurinya |
nak putu kang kolur |
padha kêpungên priyangga |
lan wong akèh aja susah maring mami |
ing kono kumpulêna ||

Jilid 12 - Kaca : 174

171.
Dèn-akapang angêpung kêndhuri |
si Basarodin andonganana |
kang kajat nyalamêtake |
mêngko yèn ana kantun |
ambêngane kumpulna dhingin |
yèn wus sadasambêngan |
donganana gupuh |
lah ta wus kono Bismilah |
Basarodin ngalih acêdhak kandhuri |
anèng wetan kadohan ||

172.
Mangulona ywa tambuh sirèki |
nulya Ki Pangulu Basar sigra |
ngalih mangulon ênggonne |
Kulawirya gumuyu |
kang Pangulu lèh impèn bêcik |
kèh bêrkate angayang |
layak payon wayuh |
wolu kasanga lanangan |
Ki Pangulu ngacêmut mèsêm anolih |
dene kaya kambangan ||

173.
Samya gumuyu ingkang miyarsi |
para tamu mulat para kadang |
rêsêp asih pandulune |
rumêksa wong sadulur |
maring kadang tuwa langkung jrih |
sumungku kamawula |
anggêp angguguru |
kang samya kajat sidêkah |
dinonganan mring Pangulu Basarodin |
nadhah gya pinarucah ||

174.
Ki Wuragil Kulawirya angling |
kang Pangulu Basar dènnya mangan |
tumrapa pring ros bangkote |
kêrêp têmên amuluk |
kongsi lali olèh ngitungi |
pipirane amangan |
tan kaduga ngetung |
abênêr jarwa sutanya |
ran pangulu tukang angulu sayêkti |
suka sakèh miyarsa ||

175.
Kae Bayi angandika aris |
Swarja Wiradhustha lan Panukma |
Panamar Kulawiryane |
ring masjid Mangu iku |
tarubana kang sarwa sri |
sungana patilaman |
kang samêkta mungguh |
sarwa sukci ywa kuciwa |
(ng)gyannya kadangira ingkang samya prapti |
para ri tur sandika ||

176.
Samya mangsuli turira aris |
lamun parêng ing karsa paduka |
kawula nunuwun rêke |
rinta sasikinipun |
amba nuwun nèng wisma mami |
pun adhi sadayanya |
inggih anunuwun |
mugi pinarênging karsa |
pan kawula ingkang rumêksa supadi |
ing tyas datan sumêlang ||

177.
Ke Bayi mèsêm nauri angling |
iya prayoga iku turira |
samya amamanuhake |
atêpung sih sadulur |
mupung padha sinung papanggih |
singgih yayi Dimuncar |
myang sadayanipun |
pênêd samya kukupuhan |
têmbe ngalap kadang sih-siniyan sami |
utami rarakêtan ||

 

Jilid 12 - Kaca : 175

708 Dhandhanggula

178.
Andhaupkên sarasaning kapti |
kang liningan samya nor turira |
langkung samya pirênane |
singgih sadèrèngipun |
paduka ngling kawula kapti |
nukêri pra arinta |
ing sasikinipun |
pan sampun kasêdyèng driya |
langkung sukur suka pirênaning kapti |
dumunung ing pra kadang ||

179.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
e yayi sukur Alkamdulilah |
sumêdya sih ring kadange |
Ke Bayi malih muwus |
lah Suwarja muliha dhingin |
ruktinên wismanira |
yèn mêngko kinayun |
ring kakanta Adimuncar |
ing karsanya dumunung wismanirèki |
kang rayi tur sumangga ||

180.
Angandika lah Wiradhusthèki |
iya muliha dhingin ngruktiya |
ing wismanira dèn-age |
mêngko kakangirèku |
Arsèngbudi yun awowori |
rèrèh nèng wismanira |
sanalikanipun |
kang rayi matur sandika |
ngling malih lah Panukma muliha dhingin |
rumatana wismanta ||

181.
Yayi Cariksutra kang ayun sih |
wismanira mêngko dinunungan |
Panukma sandika ture |
lan Panamar sirèku |
iya age muliha dhingin |
rêsikana wismanta |
ing mêngko kinayun |
mring rakanta Arundarsa |
dene sira Wuragil muliha dhingin |
tata-tata-a wisma ||

182.
Kakangira Ki Carikmudhèki |
lan Sèh Modang ingkang nèng wismanta |
kang rayi sandika ture |
de Pangulu sirèku |
angruktiya wismanirèki |
rinta Sèh Parinminta |
dimèn nèng sirèku |
Ki Basar matur sumangga |
nulya lèngsèr sadaya ingkang tinuding |
mulih asowang-sowang ||

183.
Angling malih maring santri Luci |
lah ya Luci lan Nuripin sira |
miwah pra lurah santrine |
umiringa sirèku |
mring riningsun ingkang sêdyapti |
dumunung anèng wisma |
-nira pra-kadèngsun |
santri Luci tur sandika |
kang pra tamu ingacaran mring Ki Bayi |
amurih pajênêkan ||

Jilid 12 - Kaca : 176

184.
Kae Adimuncar Arsèngbudi |
Cariksutra Ki Sèh Arundarsa |
Carikmudha tanapi Sèh |
Modang Parimintèku |
samya atur salam ngabêkti |
wusing anjawat-tangan |
nulya lèngsèr mundur |
mring wismane para kadang |
Kae Bayi Panurta maksih alinggih |
lan Ki Sèh Malangkarsa ||

185.
Lawan Ki Sèh Mangunarsa tuwin |
Ki Sèh Anggungrimang lawan sira |
Jèngrêsmi Jayèngragane |
Palakarti Piturun |
pra waela sadaya misih |
Kae Bayi Panurta |
angandika arum |
lah Ke jêbèng Mangunarsa |
yèn sêmbada ing karsa wontên ing ngriki |
masjid Mangu kewala ||

186.
Sampun kêtêbihên lawan mami |
Sèh Mangunarsa matur norraga |
sumanggèng karsanta rêke |
Ke Bayi malih muwus |
lah anakmas Malangkarsèki |
prayoga arêrêba |
anèng wismanipun |
arinta Ki Jayasmara |
nak Sèh Anggungrimang padunungannèki |
wismane Jayèngraga ||

187.
Samya umatur sandika sami |
nulya lumèngsèr kang ingancaran |
mijil maring pawismane |
sasantrinya tut-pungkur |
sira Ki Sèh Mangunarsèki |
lumèngsèr saking ngarsa |
maring masjid Mangu |
kang kantun para waela |
ingancaran anèng dalêm wetan singgih |
dalême Tambangraras ||

188.
Pangandikanira Kyai Bayi |
marang para waela sadaya |
de sutaningsun katrine |
sira kumpulèng ngriku |
wismanipun Nikèn ing nguni |
lamun arsa papanggya |
lan kakungirèku |
iya pangguha sadhela |
krana padha rumêksa tamunirèki |
kalawan ibunira ||

189.
Ni Malarsih nambung wacana ris |
pituhunèn linge bapanira |
lawan sun iki katêmbèn |
langkung wulanguningsun |
lawan sira miwah (m)bok-yayi |
mupung padha sinungan |
bisa-a papangguh |
gêlise satêngah wulan |
sasêdhênge ana-a saka tri sasi |
sukur salaminira ||

190.
Apan paguywan sami pawèstri |
nulya aluwaran alungguhan |
kundur marang ing dalême |
santri Luci aibut |
lan Nuripin wadon Sumbaling |
angundur kang rampadan |
sadayanira wus |
gêdrahan wus kinêsudan |
Kyai Bayi tulus mulyaning asakit |
dening praptaning putra ||

Jilid 12 - Kaca : 177

191.
Tan cinatur ing waktu Mahêrib |
bakda Ngisa Ki Bayi Panurta |
karsa anadar mumule |
kataman Kur'an agung |
santri Luci amandhegani |
pragatan bèbèk ayam |
menda gudèl lêmbu |
angrèh wong magêrsarinya |
lanang wadon Ni-Daya lawan Sumbaling |
ngratêngi lah-olahan ||

192.
Karya asahan ambêng kêndhuri |
wau sira Ki Bayi Panurta |
lênggah anèng pandhapane |
wis rinumat sadarum |
gagêlaran kalasa lampit |
kang badhe palinggihan |
-nira santri agung |
wau Ki Sèh Mangunarsa |
ingaturan tan dangu anulya prapti |
lênggah assalaman ||

193.
Nulya Ki Sèh Malangkarsa prapti |
lawan Jayèngrêsmi sarêngira |
ingirit dening santrine |
lênggah tur salamipun |
gya Sèh Anggungrimang kang prapti |
lawan Ki Jayèngraga |
tur salam alungguh |
kalawan kulawangsanya |
Ki Piturun Palakarti anèng wuri |
kinèn lungguh pra kula ||

194.
Tan adangu ingkang samya prapti |
Kae Adimuncar Ke Suwarja |
Arsèngtyas Wiradhusthane |
miwah Cariksutrèku |
lan Panukma sarêngannèki |
Rundarsa Ki Panamar |
lan sasantrinipun |
Ki Carikmudha Sèh Modang |
sarêng lan Ki Wuragil Kulawiryèki |
ingiring santrinira ||

195.
Pariminta lan Ki Basarodin |
sasantrinira wong Pakauman |
ingkang prapta sadayane |
samya tur salamipun |
tata kêpungira alinggih |
anulya ingkang prapta |
pra kulawangsèku |
Ki Sêmbagi lan Jumêna |
Ki Jêmpina Lawatan Malangbong tuwin |
Luwaran Jalipura ||

196.
Kardisadana lan Jagapati |
Singabarong Bêlongsong Ki Mandra |
pra tuwa kulawangsane |
pra kaponakanipun |
Bagus Kanjir lan Gus Ngujajir |
Gus Mèkèt Gus Sarakal |
Gus Bahri Gus Dawud |
myang pra lurah santrinira |
samya kêpung akupêng jajar alinggih |
supênuh ing pandhapa ||

Jilid 12 - Kaca : 178

197.
Pra sudagar miwah magêrsari |
kang samya pênêd angaji Kur'an |
pan wus pêpak sadayane |
Ke Bayi ngandika rum |
paran uwis katog kang prapti |
kang sêmada wus kêna |
wawasanirèku |
Ki Kulawirya turira |
(ng)gih punika ingkang sring rahab angaji |
Kur'an siyang dalunya ||

198.
Iya sapa ingkang angimami |
rawatib iki kataman Kur'an |
kang miwiti prayogane |
pra ari samya matur |
anjawi paduka (n)Jêng Kyai |
ingkang ambawanana |
Ke Bayi amuwus |
bênêr (ng)gyanta anduduga |
nanging ora yèn mungguh ingong pribadi |
Ke jêbèng Mangunarsa ||

199.
Kang pra kadang sarêng turirèki |
kasinggihan langkung utaminya |
mapangat ngalap barkahe |
Ke Bayi lingira rum |
Kae jêbèng Mangunarsèki |
pun bapa amiminta |
karana Lah-ipun |
jêbèng mugi andhangana |
amba wani nadar kawula rawatib |
kataman mukadaman ||

200.
Ki Sèh Mangunarsa turira ris |
amba maksih kuciwa taruna |
utami kang sêpuh rêke |
Ke Bayi lingira rum |
nadyan anèm sampun utami |
pan wus kapudyèng driya |
angluwari wuwus |
manadar sukuring Sukma |
ing mangkin pun bapa sinungan pamanggih |
lan jêbèng samadaya ||

201.
Sarta rinta kalih sami prapti |
kang pra tamunira anambrama |
marang Sèh Mangunarsane |
samya anjurung sukur |
kang ngancaran tan nikêl tuding |
Kae sèh gya amaca |
Têkabal-lalahu |
mikum sinauran kathah |
sadaya sru minna waminkum ya karim |
nulya Sèh Mangunarsa ||

202.
Amiwiti maca Bismilahi |
kawiting juj surating saminga |
langkung pasèkat kir'ate |
lagu Ambyola pemut |
tunmènawèt sajak Klawirsin |
lir tuwan wêton Ngarab |
sadaya angungun |
santri tuwa nom sadaya |
cipta datan kadugi ngaji kadyèki |
lir Ke Sèh Mangunarsa ||

Jilid 12 - Kaca : 179

203.
Swara gêtas rênyah rum amanis |
êmpuk mêmbat gêtêr muluh rêmak |
karya kêsar tyasing akèh |
antara akiripun |
nuju têkèng apalirèki |
ngalaika kibbulah |
ala innalahu |
umul muslikun anulya |
binarungan sadayanira pra santri |
tamat maca Takabal ||

204.
Nulya Kae Dimuncar gumanti |
surat Kasar amaca Bismilah |
ilhar kewala kir'ate |
antara dangunipun |
pan wus têkèng ayat kang akir |
tamat maca Takabal |
sinauran asru |
tinampan Ki Arsèngdriya |
Kur'anira wit winaca Bismilahi |
apan surat Muskinah(?) ||

205.
Sêdhêng kewala kir'atirèki |
kadung kaduk ilhar wawacannya |
mung mèt titis kalimahe |
pan têkèng akiripun |
tamat macaTêkabalnèki |
nulya Ki Cariksutra |
gumantya andarus |
apan kang Surat Jukinah(?) |
wus antara tamat Takabal anuli |
sira Ki Carikmudha ||

206.
Apan Surat Mustakim dèn-aji |
wusnya tamat amaca Takabal |
gya Ke Arundarsa rêke |
tamat samwacanipun |
nulya Ke Sèh Malangkarsèki |
apan Surat Jumungah |
tamat Takabal wus |
nulya Ki Sèh Anggungrimang |
apan Surat Munapèk ingkang ingaji |
tamat maca Takabal ||

207.
Nulya sèrèn mring Ki Jayèngrêsmi |
Surat Takabun ingkang winaca |
gantya Ki Jayèngragane |
Surat Talak dinarus |
nulya Ki Piturun angaji |
Surat Takrim atamat |
tumêkèng ing êjus |
maca Pasankurusnawa(?) |
akulu lakum paos wilu amri |
ilalah innalaha ||

208.
Basirun ngiban barungan santri |
lan pra santri kathah langkung ramya |
gya Ki Bayi Panurtane |
mundhut mukadamipun |
wangsul katur marang Ke Bayi |
Panurta gya amaca |
miwiti Surat juj |
anuju Surat Mubarak |
Kae Bayi nulya maca Bismilahi |
apan ilhar kewala ||

Jilid 12 - Kaca : 180

209.
Anging cêtha kalimahanèki |
datan pati rikat nanging mapan |
kewala kampil dulune |
antara dangunipun |
tamat maca Takabal nuli |
sinauran ing kathah |
nulya Ki Pangulu |
Basarodin maca Surat |
Surat Êsun ilhar wawacanirèki |
rindhik rikuh kangèlan ||

210.
Tan pati cêtha kalimahnèki |
tinuntun sahipun ing kalimah |
marang ing kiwa têngêne |
Ki Wuragil gumuyu |
lan rowange linggih ngling ririh |
ta lah kang Ngulu Basar |
(n)darus |
sêmada kapanca-baya |
krêp kasandhung ing klimah tan na lêstari |
kaya morod-moroda ||

211.
Nora pati janji yèn angaji |
pan namung (n)dongani kang ambêngan |
ingkung kang dèn-jangjèkake |
jawane kang Pangulu |
saking krêpe andodongani |
ambêngan dalu siyang |
mring Kur'an tan wanuh |
nèk ngaji kae jêg rikat |
krêp ambiyak kêbètane ngong tan uning |
yèn dèn-grêmêng kewala ||

212.
Samya gumuyu ingkang miyarsi |
Ki Pangulu dènnya maca Surat |
langkung sangêt talèndhone |
tan talatèn kang nuntun |
sinêlak Ki Pangulu isin |
tamat maca Takabal |
nulya kang sumambung |
kang andarus Ki Suwarja |
Surat Kakah arikat dènnira ngaji |
pan ilhar kir'atira ||

213.
Gya Wiradhustha Surat Mangarid |
antara tamat maca Takabal |
anulya Ki Panukmane |
kang winaca Surat Nuh |
tamat gya Ki Panamar ngaji |
Surat Tin kang winaca |
tamat Takabul wus |
anulya Ki Kulawirya |
kang gumantya amaca Surat Mujamil |
tamat nulya Sèh Modang ||

Jilid 12 - Kaca : 181

214.
Kang winaca pan Surat Munamir |
tamat nulya Ki Sèh Pariminta |
apan Surat Kiyamah-e |
tamat ingkang sumambung |
[---] |
Ki Sêmbagi Suratnya |
Mursalat-ing gupuh |
maca pamadat kupunya |
wa akulu lakup paop wiluamri |
ilalah innalaha ||

215.
Basirun bil ngiban barung santri |
kathah langkung gumuruh swaranya |
Ke Bayi pangandikane |
padha aso kuruhun |
kari sajus ngaringkên dhingin |
lah Luci dèn-arikat |
pupuluranipun |
wedang lawan nyanyamikan |
wêtokêna lan kêmbang borèh dèn-aglis |
gupuh ingkang liningan ||

216.
Nuding para kasinoman santri |
kinèn mêdalakên pupuluran |
rampadan papanganane |
wedang pawohonipun |
sêkar konyohira tan kari |
samya lumadyèng ngarsa |
wrata sadayèku |
Ke Bayi aris ngandika |
ngancarani marang tamunira sami |
miwah mring kulawangsa ||

217.
Gupuh ingkang ngancaran anuli |
pan samya ngalap sasênêngira |
wedang myang nyanyamikane |
ingkang nginang audud |
boborèhan sami susumping |
antara dangunira |
dènnya kukurpulur |
santri kèh pating kucapah |
nutug dènnya sasambèn sami nyanyamik |
tuwuk sadayanira ||

218.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
paran wus nak-putu sadayannya |
dènnya padha anggêgape |
yèn wus padha anutug |
lah Bismilah padha awiwit |
sapa bênêre maca |
pra kadang umatur |
inggih pun paman Jumêna |
Kae Bayi Panurta Têkabal nuli |
sinauran ing kathah ||

Jilid 12 - Kaca : 182

219.
Wit juj Surat Ngama Suratnèki |
gantya Ki Jêmpina ingkang tampa |
apan Wanaji Surate |
tamat ingkang sumambung |
Ki Lawatan ingkang angaji |
apan Surat Ngabangsa |
tamat takabal wus |
Ki Malangbong kang gumantya |
Surat Ida-samsu kuwirat anênggih |
tamat gya kang gumantya ||

220.
Para kapenakan Bagus Kanjir |
Surat Ida patakun patapak |
tamat gya Gus Ngajujire |
apan Surat Waèlul |
mutapipin tamat anuli |
Gus Monot Surat Ida |
Samangun sakat wus |
tamat nulya kang atampa |
Bagus Bahri Surat Wassama ki natin |
buruji nulya tamat ||

221.
Gus Sarakal Surat Sasamai |
Patariki Gus Dawud atampa |
apan Sabikin Surate |
Ki Luwaran sumambung |
Surat Alhataka anuli |
Ki Jalapura tampa |
Surat Alpajli ku |
nulya Ki Kartisadana |
Surat Lakuk Ki Balongsong Suratnèki |
Wasamsi walukaha ||

222.
Ki Singabarong Surat Walèlli |
Kyai Canthu pan Surat Waluka |
barung tinakbiran ngakèh |
anulya Kyai Sampur |
Surat Alam nasrah ingaji |
gantya Ki Jagapatya |
surat Watini wus |
Ki Genjong pan Sura Ikrak |
gantya magêrsari Pak Rajiyah ngaji |
Surat Inna Anjalna ||

Jilid 12 - Kaca : 183

223.
Pak Juminah Surat Lam yakunil |
Pak Basiyah Idajul Suratnya |
Pak Radiyan pan Surate |
Walngadiyadi nêngguh |
Pak Burerah gantya angaji |
Pan Surat Alkapiyah |
nulya kang sumambung |
Lurah santri Gus Munada |
Surat Alhakumut Gus Yasim Wal ngasri |
anulya Bagus Ilyas ||

224.
Surat Wolul nulya Gus Jamjani |
Surat Lam-tara nulya Swaka |
Surat li-ila arèrèn |
Kyai Muhkamat Yunus |
Surat Araital anali |
Ki Amat Mangawiyah |
dènnira andarus |
pan Surat Ina aktèna |
Ki Matngali Surat Kulya-ayu singgih |
nulyua Ki Amatdiman ||

225.
Apan Surat Idaja-a nuli |
Ki Monthèl wêkasan Surat Tabat |
tinêbiran sru barung kèh |
anulya Surat Kulhu |
barungan sakathahing santri |
winaca kapling tiga |
Surat Kulhu-nipun |
nulya Surat Palakinas |
lan Patekah wus tamat laju waratib |
[---] ||

Jilid 12 - Kaca : 184

226.
Asmangil Kusni dipun-singiri |
Sèh Mangunarsa Sèh Anggungrimang |
amênyêt driya sajake |
wong nonton èstri jalu |
yêg-uyêgan têpung pandhapi |
samya ngayun-hyun mulat |
mring kang lagya rawuh |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
miwah marang pra pandhita kang pra tami |
tumêkèng Wanamarta ||

227.
Mangkya samya uning warnanèki |
takon-tinakon lan rowangira |
aranne siji-sijine |
ana kang wus kèh tutur |
angarani durung patitis |
namane kang pandhita |
misih salang sêngguh |
sawiji kang wus tetela |
mung Sèh Mangunarsa kang dèn-uningani |
kabèh sapanontonan ||

228.
Langkung pangalêmbananirèki |
marang sira Ki Sèh Mangunarsa |
rimbage paprèjèngane |
satu pasêmonipun |
lawan sang Sèh Adi Mongragi |
wênèh ngaranni uga |
yêkti lamun iku |
lakine Ni Tambangraras |
Sèh Mongraga dènnya lêlana wus prapti |
sagarwa kadangira ||

229.
Kang wus cêtha anjawil nuturi |
wruhanamu iku mono uga |
apan iya sapungkure |
Sèh Mongraga kang nglangut |
wasta Ki Sèh Mangunarsèki |
kang tinuturan dhamang |
sarwi manthuk-manthuk |
sakèhe ingkang tumingal |
jalu èstri pra santri gawok ningali |
mring Ki Sèh Mangunarsa ||

230.
Kadang kulawargane Ki Bayi |
miwah para sadaya pandhita |
samya jrih asih driyane |
mring Sèh Mangunarsèku |
rumangsa yèn kasoran budi |
tan ana lumawanna |
sakêdaling wuwus |
majêmukaning akathah |
pan katongton kasingitanira ngindhaki ||

Jilid 12 - Kaca : 185

231.
Ciptanya Ki Bayi Panurtèki |
miwah pra kyai ing Wanamarta |
mulat Sèh Mangunarsane |
mangsup samya (ng)guguru |
geyonganing kawruh sajati |
tan pae mring Mongraga |
nadyan-tuk liliru |
lir datan kèlingan trêsna |
suka sukur maring Sèh Mangunarsèki |
tan wus kang ngalêmbana ||

232.
Dènnya ratib Asmaul Kusna-ni |
(n)dungkap dhikirian lan agonan |
ngayun-yun pampêg swarane |
asru langkung gumuruh |
ramya rahab dèn-sisingiri |
anganjat wiwiridan |
tarki tinangajul |
kang kalawan nafi isbat |
wus antara dikir antuk kawan tasbih |
bakda ing pajungkungan ||

233.
Atawapul kusuk ing Hyang Widdhi |
tratib rikat winaca ing kathah |
sami kewala rahabe |
tamat dènnya asawub |
laju maca salawat Nabi |
atasing kulawarga |
kêrasa sadarum |
wusnya nulya maca donga |
Ki Sèh Mangunarsa andongani Kamil |
Aplal kataman Kur'an ||

234.
Jayèngraga ingkang anasibi |
imbal kalawan Sèh Anggungrimang |
swara ro tambuh pinilèh |
swara samya rumipun |
kadya barung dèn-panêrusi |
aminnira arambah |
ambabata-rubuh |
sakèhe wong Wanamarta |
myarsa swaranira Kae Jayèngragi |
lir agring antuk tamba ||

235.
Nirnakakên rasaning kang sakit |
saking dènnira asuka bungah |
tan na winalang-atine |
tamat pandonganipun |
atakabul salawat Nabi |
anulya sasalaman |
angadêgi gupuh |
makmum maring santri kathah |
dêr-idêran dènnya tur salamirèki |
mring Ki Sèh Mangunarsa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05c) Kaca 152 - 167
  • (05e) Kaca 203 - 214 >