Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang

(05f) Kaca 215 - 231

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 215 - 233

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 215

708 Dhandhanggula

418.
Purbaning Dat purbaning Sipati |
purbaning Asma purbaning Apngal |
Dat ana tan ana rêke |
Sipat rupa kang bêstu |
tanpa rupa Asma namèki |
tan anduwèni aran |
Apngal panggaweku |
kang tanpa panggawenira |
apan purba-wasesa kan catur siki |
alanggêng ananira ||

419.
Nyata ingèski hirabbi Datti |
wus tan wênang wênyah kanyatahan |
ayun wruha ing anane |
anèng ing dhawakipun |
tanpa karya kita puniku |
datanpa wujud kita |
ananing Dat tuhu |
Sipat tanpa rupa kita |
Asma tanpa aran kita Apngal singgih |
tanpa panggawe kita ||

420.
Suhul tunggal jatinipun pasthi |
batin sanyata ing lahirira |
masuk ing lair batine |
batin Dat Kang Maha Gung |
tan sawênyah ingkang ngawruhi |
tan lyan sang Maha-karsa |
-nira dhawakipun |
kakalih karsanirèng Dat |
kaelokan ing batin karsanirèki |
Dat ngèsthi Nur Mukamat ||

421.
Jinatèning Hyang Kang Maha Sukci |
kajatèyanira kinon nêmbah |
rahsa jati suhul Date |
pan jatining pangutus |
nyata tunggal sêmbah lan puji |
sira duk jatining Dat |
sanalikanpun |
tan gênti kula Pangeran |
pamujining Sukmaning Dat kang Ma-Suci |
puji jatining wus man ||

422.
Pan makatên ing sêmbah lan puji |
lir pêksi pêrkutut amêrdangga |
dêrkuku munya asèngsèng |
asênggani munya gung |
tan prabeda nêngira singgih |
sosiknya datan liyan |
pujinya anguyu |
apan pujining kawula |
kang pinangka lantaraning jomblah ngèsthi |
ing wawalêsaning Hyang ||

423.
Pan punika kawula sarèhning |
kapiyambak yèn dèrèng muayan |
ing ngakathah mutamate |
ing raos kususipun |
ngriku yayi Cariksutrèki |
sami (ng)gih minuradan |
suraosing wuwus |
Ke Bayi nambungi sabda |
inggih yayi Cariksutra ingkang mugi |
sami musawaratan ||

Jilid 12 - Kaca : 216

424.
Kae Cariksutra turirèki |
bab sêmbah puji kita punika |
pintên banggi katrimane |
ing kasampurnanipun |
ing atitah ngakên punapi |
dene ta bara-bara |
katrimèng Hyang Agung |
angaku dede pantêsnya |
sêtun namung tèlat dhadhalang ngaringgit |
inggih ingkang ingucap ||

425.
Kilap dora lan yaktose sami |
miwah lêrês lêpate punika |
tuwin kirang lan langkunge |
yêktos lan botênipun |
pan wus anèng caritanèki |
amung ngalap sambada |
-nipun ingkang mungguh |
carita sakèh nagara |
tanah sabrang ing prang sor ungguling jurit |
kang dadya lalampahan ||

426.
Cinaritakakên Dhalang ngênting |
tur ta Ki Dhalang durung lêledhang |
mring kang cinaritakake |
mung lêrêsing panggayuh |
cêlak têbih kenging binudi |
lèn sèsining bantala |
winêngku kawêngku |
ginraita lan prayoga |
rarambatan wiwinih carita nguni |
pinèt sambunging kata ||

427.
Pinatut lawan sasêndhon gêndhing |
pangayuting tyas marang kadewan |
kinahanan ing wujude |
myang pakayanganipun |
pra jawata ing Suranadi |
kacupaning Ki Dhalang |
anggunggung sawêgung |
kang ganal rêmpit winêdhar |
purbaning tyas lan kang purbaning sakalir |
salir sêmbahing Dhalang ||

428.
Ajujuluk ing Dhalang-sajati |
siniliyan wênang sih-siniyan |
pon wus tan kêna pindhahe |
lan Sukma Kang Maha Gung |
karane bisa angringgit |
ingaranira dhawak |
Datira Hyang Agung |
agung kang misesèng jagad |
wayang kang wus wujud anyata kaèksi |
lalakon takdirolah ||

429.
Sang Dhalang Agung Sukma sajati |
murwa carita madya wusana |
andora tan na gorohe |
sisilihing Sukma gung |
karya lèjêm lakuning urip |
kabèh dadya sasmita |
titis tan ana wuk |
pratingkah lampahing sêmbah |
ing atuwa guru ratu ing Hyang Widdhi |
lantaring kaluhuran ||

430.
Tuwin kang tan wruh pmnganjali |
marang ing dunung catur panêmbah |
nistha papa ing uripe |
druhaka sor ing tuwuh |
pan gagêdhêg apês ing budi |
kabuncang tan kawilang |
ing Sang Maha Catur |
prakara dununging sêmbah |
marma parlu ngagêsang tata ngabêkti |
maring wau punika ||

Jilid 12 - Kaca : 217

431.
Ingkang anduwèni pangabêkti |
datan liyan ing catur prakara |
karya sidaning kadadèn |
karya wurunging tuwuh |
rêke bisa karya ngabêcik |
jalaring kawurungan |
saliring ngaluhur |
wajib utama bêktiya |
ing patuwanira guru ingkang muslim |
ing narendra kang nyata ||

432.
Kaping catur mring ratu kang luwih |
jêr punika badaling Pangeran |
sor rucah kauripane |
tan kanjating ngaluhur |
nisthip bae akêthip-kêthip |
sojare Kae Dhalang |
dènnya mèt sasêmu |
sing sapa tumumyèng sêmbah |
ginantungan ing kabêcikanirèki |
thikil wiji utama ||

433.
Mijil saking sêmbah lawan puji |
tatkalanipun ing elingira |
anêbut eling namane |
tatkalan paminipun |
nêbut ing piyambakirèki |
iman tokit makripat |
paranning panêbut |
sinungkên nugrahaning Hyang |
pan nugraha puniku sajatinèki |
ingkang aduwe aran ||

434.
Angaranni aranne pribadi |
ingkang aran sajatining jalma |
akathah tètèbèngane |
rinasa ing ngalangut |
paran sakecaning angalinggih |
paran ecaning pangan |
ecaning aturu |
paran ecaning lumampah |
paran ecanipun ngagêsang puniki |
paran ecaning pêjah ||

435.
Paran wuwus winuwus ing lathi |
paran wuwus winastarèng tingal |
paran wus pinirsakake |
paran uwus dinulu |
paran uwus dipun-ulati |
pinanggih tinambuhan |
pundi kang binastu |
wus pinacak ing lampahan |
pundi Dhalang kang sajati amumpuni |
sajatining nugraha ||

436.
Nugraha aranne kang sinung sih |
anugraha aranne kang ngaral |
pan ana dudu rupane |
ranne dudu rupèku |
karyane dudu rannerèki |
ana ran dudu rupa |
ran dudu karyèku |
iya aran iya rupa |
iya karya datanpa kaanannèki |
yèn nora na arannya ||

Jilid 12 - Kaca : 218

437.
Kang tanpa rupa tanpa karyèki |
tanpa aran tanpa karyanira |
dinalih awang-uwunge |
ana dinalih suwung |
dalih suwung ananirèki |
dadya sêmbahnya sasar |
sinoring pangridhu |
sêmbah kêdah kang waskitha |
pan dede maha sukci kita puniki |
pan pangayunaning Hyang ||

438.
Rêke dene urip kita singgih |
têgêsipun pakaryaning Sukma |
dede mulya kita rêke |
anane Sukma luhung |
naim kaim punika singgih |
wus karsaning wisesa |
katêtêpanipun |
têtêping kita ya sira |
iya iku ing sanyatanira iki |
dadi sira siniyan ||

439.
Wus siniyan kita aran mami |
ihtiyarira tuladhaning Hyang |
kang luwih anèng jagade |
Sukma ro tanpa tutur |
padha Sukma atunggal dhiri |
lirpendah madukara |
mamanisanipun |
amuji pinuji dhawak |
apan sêmbah sinêmbah pribadinèki |
tan pae pinaeya ||

440.
Kang punika ing pamanggih-mami |
sawêg samantên kapadungkapan |
sumangga lalawêdane |
nak Sèh Malangkarsèku |
tuwin jêbèng Mangunarsèki |
kula kumambang karsa |
kewala nêbaruk |
Ki Bayi Panurta nabda |
singgih nakmas Kae Sèh Mangunarsèki |
kadipundi rujuknya ||

441.
Ki Sèh Malangkarsa turira ris |
pan wus tan ana kang kêkirangan |
paripurna sadayane |
sami kewala rujuk |
sêtun pae pangambilnèki |
(n)dungkape tan prabeda |
surasaning ngèlmu |
alêrês Ke Cariksutra |
ing ngagêsang ngawruhi salir dumadi |
patitising panêmbah ||

442.
Patitising sêmbahyang dèn pasthi |
kang bênêr supaya kawêca-a |
ingandêla upamane |
maring kang karya tuwuh |
mulyèng titah lamun ngabêkti |
pan paugêrannira |
ngagêsang puniku |
wajib sami ngangkah-angkah |
patitising niyat patitising puji |
patitising ngèlmunya ||

443.
Patitising ngidhêp kang khakiki |
lan patitisipun ing kasidan |
patitise pati rêke |
kang pitung prakarèku |
yèn tan wruha patitisnèki |
kainaning ngagêsang |
kadya paksi pingul |
atilar patuting seta |
saba toya malêcit wêktu binukti |
tan wruh ing batal-karam ||

Jilid 12 - Kaca : 219

444.
Liring puji kang tan salah-kardi |
sumungkune sukuring panrima |
liring niyat kang anongge |
maring dalan rahayu |
aywa wèngwèng wêngkuning kapti |
liring ngèlmu dèn-panggya |
susurupanipun |
kang tan tumpangso ing sabda |
liring ngidhêp kang sanyata idhêpnèki |
kang datan kumalamar ||

445.
Liring kasidan angati-ati |
kang datan sêlaning pandaliyan |
liripun amati rêke |
kang sura surasèng hyun |
anglêgawakakên ing pati |
mamati jroning gêsang |
pajununannipun |
tan ana panyananira |
ing wiwilangane kang awarni-warni |
mêngakkên tutuping tyas ||

446.
Yèn sampun mênga tutuping ati |
(ng)gih punika kantiling nugraha |
punapi rinaosake |
wus kanyatahan tuhu |
kadya mangkya dipun-ulati |
tan wruh yèn sumandhinga |
kang dèn ayun-ayun |
anrang ngulati Hyang Sukma |
wruh ingaran tan wruhing rupanèki |
anggung angaya apa ||

447.
Kang wus buka ing dalêm sawiji |
sarwa sarwi ing pribadinira |
kayuwanan ing kayunne |
angêningakên wujud |
angênêrkên ingkang majaji |
dudu iku ing-iya |
iki jatinipun |
kang akantha iya kita |
tan sanepa ibarat ondhe upami |
wus pon pandhawakira ||

448.
Manawi ta kang makatên ugi |
sungapipun (n)dungkaping panêmbah |
wa-punika lamun dèrèng |
kawula kewala nut |
rèhning sami ngraoskên ngèlmi |
ing ngriku pan sumangga |
yayi kalihipun |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
anauri kawula dhatêng umiring |
rèh tan wontên kuciwa ||

449.
Ki Sèh Malangkarsa sasmita ring |
Ki Sèh Mangunarsa angandika |
rêke tan wontên pinae |
ulam upaminipun |
sakarsane dènnya ngolahi |
sampurnaning panêmbah |
tan kenging dinunung |
apan kahananing jalma |
anon-tinon marmanya tan aningali |
kalingan ing paningal ||

Jilid 12 - Kaca : 220

450.
Tidhêm kayun tidhêming ngabêdkti |
datan wontên ingkang katingalan |
pan amung anane dhewe |
wujud kang lêngêng lêngut |
tan mulat tan paja mugani |
monêng ing marga sonya |
nugrahaning ngèlmu |
ing sajati datan bakal |
sanalika pagut lan pribadinèki |
pan tan lawan kinarya ||

451.
Saking parêng tunggal sihing Widdhi |
kalawan ing piyambak priyangga |
nging mangsa tan kenging pinèt |
dene pamujinipun |
tatakrama lampahnya singgih |
sêmbahyang dèn-lumunta |
têtêping ngawêktu |
pangartinya ing kapurnan |
asasadu aling-aling ambodhoni |
datan liliyèng lampah ||

452.
Linampahan sandining utami |
sukur tapakur pana bêktinya |
tinungalkên ing kalihe |
tan wiyah ing pandulu |
pandalihe datan gumingsir |
muhung Hyang Maha Mulya |
singgih ananipun |
ingkang datan kawikanan |
yèn tan wikan maring ananing ngasêpi |
lan sêpining kaanan ||

453.
Mungguh lirnya aningali sêpi |
pangucap kang tan kalawan lesan |
Sumkma-jati pangintêne |
ing panunggalanipun |
ananira ing oranèki |
pan tan ora tan ana |
nalirahanipun |
lirnya sêpining kahana |
apan wujud kang sêpi datan kakalih |
kang tan kalawan badan ||

454.
Tunggal pangintêne Sukma-jati |
kajumbuhan ran kêna ran tunggal |
tan kêna ranne rorone |
pasthi sawijinipun |
sêpinira kahanannèki |
ya sêpiya kahana |
ya Hyang Kang Maha Gung |
kang katon lan kasatmata |
kang tan kèksi ingkang tansah kapandêling |
lawan pribadinira ||

455.
Sampurnane sêmbah lawan puji |
tan andulu anane sarira |
lêbur jati ing anane |
lêburing tulisipun |
kahanannya tan ana kari |
pan wus anèng Pangeran |
paran kang winuwus |
pan tan wontên paran-paran |
kula Gusti nyatèng pribadinirèki |
katingal kang sampurna ||

456.
Sampun ngantos klèntu anampèni |
wadinipun mubarang kahanan |
lan kang ati santa rêke |
norannpun puniku |
dening noranipun pribadi |
ananipun priyangga |
tan saèngan sêngguh |
purnaning ro maha juga |
wus kawêngan kalawan tutuping ati |
waluya jati Sukma ||

Jilid 12 - Kaca : 221

457.
Rèhning anèm sumangga ing kapti |
marmanya yyan karoban ing riya |
maklumipun sadayane |
lêstarinirèng wuwus |
manawi ta tumibèng sisip |
sarèh ing wirayatan |
punika rahayu |
singgih nut-tinut kewala |
aywa ngantya kang riyonan saliring ngling |
dipun mutabangatan ||

458.
Tan sinatmatan ing sabda liring |
samyang nor jiwa sadayanira |
Kae Bayi Panurtane |
langkung tyasira sukur |
alon dènnya wijiling kang ngling |
kalangkung karahmatan |
saraosing kalbu |
pun bapa langkung pirêna |
aprasasat antuk idayating Widdhi |
linging para ngulama ||

459.
Para kadangira Kae Bayi |
Ki Wuragil lawan Wiradhustha |
Panukma lan Panamare |
manut kahananipun |
marang para tamunirèki |
kang sami ararasan |
sarasaning ngèlmu |
Ki Wuragil Kulawirya |
mèsêm nabda sarya nor sasmita liring |
mring Kae Cariksutra ||

460.
Singgih ta lah Ki Cariksutrèki |
langkung sae saraosing sabda |
wau kang kawuwusake |
murad surasèng ngèlmu |
asenggolan janturan ringgit |
dadya ondhe upama |
lèjême tumuwuh |
yèn kados makatên kakang |
singgih kula sadaya punika sami |
kalêbèng wawayangan ||

461.
Kang lir wayang rêngon lawan sigid |
dudugangan dhagêlan lan buta |
wangunnya salalakone |
ketang pinèt ing ngriku |
baya kakang Cariksutrèki |
sun-duga yèn mungguha |
wawayanganipun |
pantês lir Krêsna micara |
kae Cariksutra anjola ngling aris |
dene botên kadosa ||

462.
Jêngandika Ki adhi Wuragil |
ngentha-entha ring kula Sri Krêsna |
ya têka dede sepane |
ing agêsang punika |
yêkti kadya ringgit nèng kêlir |
tumindak lan pangucap |
saking dhalangipun |
amolah lamun pinolah |
ugi sagêd kumèdhêp myarsa ningali |
iya kalawan dhalang ||

Jilid 12 - Kaca : 222

463.
Ngong puniki sêtun-sêtun kadi |
parampogan abyaganning kathah |
sarêmpah lumampah kabèh |
tan kawilang sadarum |
tan kacrita jênêngirèki |
payo-payo ing kathah |
abyung maju mundur |
Ki Kulawirya alatah |
samya suka sadaya kang aningali |
sabda tan tilar rasa ||

464.
Dangu dènnya ararasan ngèlmi |
wus antara wanci Hyang Karaba |
titih ing ancala sore |
Ke Bayi lon amuwus |
lah sumanga sami abêkti |
dhangan ingkang liningan |
samyarsa mrih wêktu |
nyamikannya cinarikan |
sinungkên mring santri pamburi waradin |
tuwuk tan ana kurang ||

465.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
Luci Nuripin lan Monthèl sira |
wong tri maringa panêpèn |
ngruktiya ratus rabuk |
pakutugan cawisna dadi |
kang ramut samadaya |
ywa kongsi kaliru |
sira nang kana kewala |
ing panêpèn sakathahing hari mami |
maranga palanggatan ||

466.
Wus kinumpul para kadang-sami |
miwah wau kang para waela |
kundur maring pawismane |
mriksa sasajinipun |
ingkang dèrèng pantês rinukti |
ing mangkya dènnya salat |
kewala ing tajug |
sira Ki Bayi Panurta |
anèng masjid Mangu lan pra tamunèki |
samya maring mahèran ||

467.
Sêdhêng wanci ing wêktu Mahêrib |
wusnya ngambil toyastuti kadas |
miwah santri sadayane |
kang dahat swaranya rum |
wusnya sunat ramya pupuji |
anulya kinamatan |
ngangkat waktu parlu |
Sèh Mangunarsa ngancaran |
angimami yun lênggana pinêksa glis |
gya angimami salat ||

468.
Ngangkat usalinira patitis |
anêkani kasdu takrullira |
yaktine niyat parênge |
nuju lapal Allahu |
pangikale tibaning takbir |
-ratulekram lir-pendah |
Sudama sumunu |
sapandulon lawan Arka |
nis tilême Sudama tan dadi Rawi |
kagêntyan tranging Surya ||

469.
Ikram munajat lawan tubadil |
ikram cêngêng tubadil kagantyan |
munajat sapocapane |
yêktinya kang Maha Gung |
angandika tan lawan lathi |
elok ananirèng Hyang |
muwus tanpa wuwus |
tubadil gantya tan panggya |
Allah saking aksara THA kang pinusthi |
wus dinaskithèng driya ||

Jilid 12 - Kaca : 223

470.
Kang Alip mutakalimun wakit |
Lam-tabêngil lawan Lam-jaidah |
He ukat Lip lan Tamsure |
Kap-kabirah Be-suhu |
biyah Re rapingul drajadi |
purna lawan sapisan |
pan kapindho ing hyun |
dumadi jênênging salat |
bar-jumungah wus tadaim ismu ngalim |
lawan mulyaning niyat ||

471.
Sadaya samya tumutur takbir |
wusnya ing kalbèng wajah iptitah |
gya amaca Patekahe |
pasêkhat kir'atipun |
tan ninang-mat lan karsanèki |
myang kandêl tipisira |
kalimahanipun |
sakathahe kinawruhan |
nuju lapal wallala landhung awasis |
lir pêksi birmadhala ||

472.
Wusing Patekah sunatirèi |
Kulya-ayu rêkangat kang awal |
rêkangat akir surate |
wusing Patekah wau |
nulya Surat Birabinnasi |
antaranira salat |
tumulya asujud |
gya maca Kamas-waeta |
nulya salam bakda laju apupuji |
barung lan santri kathah ||

473.
Alalegon pujiyan adhikir |
antara-ntuk catur tasbèh purna |
andonga limang waktune |
pragat sunatira wus |
laju salat kang sunat Wabin |
nêm rêkangat tri salam |
bakda gya tujunun |
kadi patatus anulya |
wêktu parlu panjinging Ngisa nulya gilis |
adan gya kinamatan ||

474.
Andadèkkên niyat kamulyaning |
lêngênging takbir sarêning niyat |
pyuhing karsa upamine |
lir (m)bun tumibèng ranu |
tan kengang ngisayèng pangèksi |
rêke kewala juga |
kajumbuhanipun |
tan bakal jênênging salat |
sida luluh tan-polih wujuding Widdhi |
Maha Kasucinira ||

475.
Wusnya tumaninahira tartib |
rêkangat awal wusing Patekah |
Surat Jumungah ayate |
rêkangat akiripun |
aran Surat Munapèk singgih |
têkèng patang rêkangat |
asalam bakda wus |
antaranira gya sunat |
wus parapat Minal-Witri Ngatal-Witri |
pra santri samya bubar ||

Jilid 12 - Kaca : 224

476.
Gya Ki Bayi lon panabdanèki |
samya ngaturan marang ing wisma |
nulya kerit sadayane |
malêbèng dalêmipun |
tata têpung dènnira linggih |
kadang myang pra waela |
tansah anèng ngayun |
sarwi naoskên pawohan |
Kae bayi Panurta ngandika aris |
yayi Kae Dumancar ||

477.
Paran mangke lan tumuntênèki |
marang pungkur langgar pasimparan |
Ke Adimuncar ature |
sumanggèng karsanipun |
aKae jêbèng Mangunarsèki |
yèn ta amba priyangga |
luhung nuntênipun |
Sèh Mangunarsa ris nabda |
lamun èstu ing karsanta (n)Jêng Kiyai |
mêmidik ing pasimpar ||

478.
Utami mupung awaling ratri |
Kae Bayi aris dènnirojar |
sukur sumanggèng karsane |
lah wis Wirya dèn-gupuh |
lumakuwa anèng ing ngarsi |
kan rayi tur sandika |
lan pra kadêngipun |
mring panêpèn mawa pandam |
nulya lumaksana sadayanirèki |
mring tajug pamidikan ||

479.
Para kadang apan datan kari |
korinya wus sinorog binuka |
samya malbèng panêpènne |
asri pangrêngganipun |
para tamu rêna ing galih |
panti prantining tilam |
tutuwuhan tarub |
suluhing pandam lir rina |
kêmbar mayan ngapit ing langse seta di |
dupa mrik rum angambar ||

480.
Langkung rêsêpira aningali |
para tamu mulat ing parênggan |
ing langgar reka-rekane |
samya micarèng kalbu |
sagêdira Kiyai Bayi |
karya wuryaning tilam |
pahyun-hyuning kalbu |
pratandha sih asusuta |
pakurmate kadya wus ana alinggih |
ingkang pininta prapta ||

481.
Kae Bayi Panurta ngling aris |
sumanggèng Ke jêbèng Mangunarsa |
ing pamudya prayogine |
prayogi kang saèstu |
rakanta sang Sèh Amongragi |
kang wus ahli nujêmba |
gongsul ngalamipun |
mugi karsa kamastara |
anêkani kahyun-hyuning kawlas-asih |
sung pangèdhènganira ||

Jilid 12 - Kaca : 225

482.
Ki Sèh Mangunarsa turira ris |
manawi parêng lawan bêgyanta |
kadhatêngan sakajate |
ingkang pinudya rawuh |
putranta sang maha-lul-wingit |
sahagra siswanira |
rinasan sing kayun |
lir pendah sêmi maruta |
aplalunya kaluwiyaning sakalir |
kinarsan Hyang Wisesa ||

483.
Kae Bayi anauri aris |
inggih sumangga borong ing karsa |
kewala andhèrèk rêke |
sasmita ring sadarum |
samya abipraya ing kapti |
wawi samya karsanta |
kewala jumurung |
ngrasèhkên condhonging karsa |
(n)dan trap dènnya ingamilakên rawati |
tan asru barung swara ||

484.
Sèh Mangunarsa ingkang ngimami |
pra waela makmuming apriya |
pinyyarsa asri swarane |
anganyut-anyut arum |
kadya suling dèn-panêrusi |
singir Aswanul-kusna |
sajak amlas-ayun |
tan sarênti alonnira |
wusnya ratib laju trap sasilah dhikir |
abengat kawiritan ||

485.
Makam satariyah nakisbandi |
barjah jalalah pangguyêrira |
anulis sastra ubêde |
anor jiwaragèku |
angakêni mupid muktadi |
lawan panarikira |
napi ibatipun |
sarta pangucap kalimah |
lailaha-ilalah tanajul tarki |
lawan pambukanira ||

486.
Ingkang lawang-ati kang puat nênggih |
panganjate mring nakisbandiyah |
sipat jamal pangguyêre |
srah jiwaraganipun |
yèku murid kang mutawasik |
lawan panarikira |
napi jinisipun |
tan kêna kinaya-apa |
ngucap kalimah ilalah ilalahi |
anging Allah naminya ||

487.
Pambukaning lawang ati-siri |
panjawate mring wirit barêjah |
tulise rêke guyêre |
rumangsa raganipun |
angakêni yywan murid kamil |
lawan panarikira |
isbate Hyang Agung |
ananing Hyang tan karana |
pan angucap kalimah Allah Allahi |
lawan pambukanira ||

Jilid 12 - Kaca : 226

488.
Pan lawang-ati kang puat nênggih |
panganjate mring wirit jalalah |
tulise nêtu guyêre |
wruh ing jiwaragèku |
akên murid amil-muhamil |
lawan panarikira |
Dad wajibulwujud |
anane tanpa upama |
lawan kasdu ngucap hu hu hu hu tuwin |
Allahu lan Huallah ||

489.
Pambuka lawang ati-maknawi |
panganjatira ring ripangiyah |
tulise aib guyêre |
lêngêng jiwangganipun |
wus ta murid-minurid singgih |
lawan panarikira |
tan ana kasamun |
iya napi iya isbat |
lan amuni a a i i ih ih ih ih |
hoh hoh hi hi èh èh ha ||

490.
Pan kalawan pambukaning nênggih |
iya iku lawang-ati puat |
kalimputan ing anane |
tan wimbuh tan kawimbuh |
wus tan kengang dinugèng kapti |
pon jiwaraganira |
kusuk junun suhul |
(m)brastha pancadriyanira |
kusuk junun suhul Hyang Kang Maha Sukci |
tan kawêran warana ||

491.
Wau kang ngabèngrat wirid dhikir |
samya anyantêr pangguyêrira |
(n)dungkap panaul-banane |
antaranira kantu |
anggulinting pendah kaywa king |
winot sèwu kalimah |
ing sanapasipun |
lagya toh jiwangganira |
tanpa kasdu sanalikanira ningrat |
kang pra priya waela ||

492.
Enêngêna kang apana guling |
yata wau kang ingucapêna |
kang nèng jaman kanêngane |
sang mahatul bangsa lus |
wus nujêmba bongsul ngalami |
sênêt ring kasamunan |
-nirèng Jurang Jangkung |
Kae Sèh Adimongraga |
tansèng graha Ni waela Selabrangti |
ya Nikèn Tambangraras ||

493.
Tansah lawan siswanta sasiki |
pari-mitranira sang Nubaya |
pawitrèng deta tapake |
Ragasmara rannipun |
dera santya budya-mbêg suci |
priyastu animpuna |
tar liyan dinulu |
lan bangsa lul di nujêmba |
ahli kikmah lan sartane ahlul-ngakli |
tan adoh dening asya ||

Jilid 12 - Kaca : 227

494.
Adunung tanpa dunungannèki |
basluning karsanèng pribadinya |
sadaya dadya alame |
mangkana Sèh Mongluhung |
angandika arum mring rabi |
yayi Kèn Tambangraras |
wruhanta ing kalbu |
ana kawulaning Sukma |
subrangtèng tyas sumêdya minta ring kami |
saêstu lan angganta ||

495.
Amimidik anèng (ng)gyan kang sêpi |
pasimparan langgar pakadharan |
ramanta lan ibu rêke |
kèh rowange (m)biyantu |
rinta karo lan pra ngulami |
katrima pamudyanya |
maring Hyang Maha Gung |
utama padha tinêkan |
jalma luwih kang ahyun marang sirèki |
kalawan angganira ||

496.
Miwah manèh ta Ki Ragarêsmi |
payo yayi lumaksanèng pana |
nêkani pudya kang nunge |
maring Wanamartèku |
Tambangraras turira aris |
amba kumambèng karsa |
saking kang linuhung |
sung sih tyas kang sukarêna |
nadyan yèn tinuding supyèng jro yomani |
dasihta tan sumimpang ||

497.
Saha manganjalèng gurulaki |
katarimèng tyas nulya wisata |
tansèng siswa sasikine |
kunêng kanênganipun |
sanalikanira duk prapti |
nèng made pamidikan |
magut kang langgat hyun |
patêmyan nèng ka-alusan |
kang sinidhi widagda mêdhar pangaksi |
nèng sajroning kanêngan ||

498.
Paiksanira ing dalêm ngarip |
cipta riptamira samadaya |
pendah wantah pandalihe |
marang ing sang Maha Lul |
tan rasa ywa pandulyèng jêrnih |
asukur sukarêna |
pamulyaning kalbu |
rahab pasalamanira |
sadaya wus binagyan samya pupuji |
miwah para waela ||

499.
Bakda salamira nakisani(?) |
madyanirèng pajununannira |
kang para ngulama rêke |
tarkinira tanajul |
wangsuling sawênyahirèki |
pangikale salsilah |
uculing ngasuhul |
sambunging napas listara |
tan kêsotan miwah tingalnya lêstari |
tan sêlaning paningal ||

Jilid 12 - Kaca : 228

500.
Lan paningalira jroning arip |
anging saking pasuhullanira |
tan na owah pandulune |
maring kang lagya rawuh |
ing kahanan tan na ngêgèti |
saprênahing alênggah |
sira maksih tuhu |
sang Sèh Adi Amongraga |
graha siswa Tambangraras Ragarêsmi |
nèng madyaning papajang ||

501.
Mêdhar karamatirèng pangaksi |
ambuncang cipta surasèng driya |
kang gung brangta wulangune |
tyasing kang marang sunu |
mangka mangke mangkana panggih |
têkane pajununan |
têkèng bakda suhul |
tan pae paèksanira |
surasèng tyas kadi tan rumangsa ningit |
dene tanpa antara ||

502.
Miwah tuwukira mulat kadi |
wus satata kulina andina |
andoning (n)don lir sabêne |
tan suka datan wuyung |
amung panarimanirèki |
kang wantah kadya saban |
wus tan sangsayèng hyun |
luwar kung rimanging driya |
santri Monthèl Nuripin Cênthini Luci |
angrukti pakutugan ||

503.
Datan kêndhat kêluning dupa mrik |
mrik saji-saji samya binuka |
Cênthini marêk sang Nikèn |
acadhang sakarsèng hyun |
wau ingkang para ngulami |
sira Ke Adimuncar |
lawan Arsèngkalbu |
miwah Kae Cariksutra |
myang Rundarsa Carikmudha têmbe mèksi |
maring Sèh Amongraga ||

504.
Samya gawok dènnira ningali |
sênênning cahya gumilang-gilang |
pamulu jênar rumêmbe |
wingit pasêmonipun |
kèksi paenira ngaluwih |
samya tan na kawawa |
paguting pandulu |
sêmune lan waelannya |
cahyanira lir lintang parak ing sasi |
kèsisan ing jalada ||

505.
Tuwin para kadangira sami |
mulat marang pupulunanira |
Nikèn Tambangraras rêke |
kalangkung saenipun |
kaidayat marang ing laki |
ahotaning wanita |
lakine linuhung |
samya micara ing nala |
apandudu kaote lawan duk nguni |
ing mangkya wus minulya ||

506.
Ana sujalma pêdhêk sasiki |
baya apane têmbe tumingal |
angèmpêri pasêmone |
paran siswanirèku |
kulawangsa sami pra sami |
pawitra tansèng wuntat |
akukula tuhu |
marang sang adi-utama |
dulunira lir wus tan tinahèng kapti |
bêgyantuk paripurna ||

Jilid 12 - Kaca : 229

507.
Sang Kae Sèh Adi Amongragi |
arum wijiling pangandika |
mring garwa lah sira Nikèn |
ngabêktiya ramèbu |
Tambangraras nulya ngabêkti |
marang ing ibu rama |
ingaras kang êmbun |
pupuji sukur ring Sukma |
myating putra wus sampurna ing kajatin |
babare jalma tama ||

508.
Ke Dimuncar lawan Arsèngbudi |
Arundarsa Kae Cariksutra |
samya micorèng jro tyase |
sukur samya papangguh |
lan Kae Sèh Adi Mongragi |
palaling Hyang ring kita |
gegeyonganipun |
watês wêkasaning sabda |
padungkaping kasidan maring kadadin |
sampurnaning agêsang ||

509.
Sèh Mongraga angandika aris |
singgih utami apaparêkan |
kewala lalênggahane |
samya talabul ngèlmu |
parlu sarta wajibing urip |
arahab kang liningan |
samya ngaju lungguh |
miwah kang para waela |
Ni Wilapa Pêlangi gawok ningali |
maring sang maha prapta ||

510.
Sarira rum angambar kasturi |
cahyanira sumunu anawang |
tahu binagus warnane |
lawan rubiyahipun |
yu utama Ni Selabranti |
tunggal sênênning cahya |
anrang ing pandulu |
lir tan bisa-a-tumingal |
marang kalihira sang maha awingit |
kang misesèng kamuksan ||

511.
Ratri ing wanci kaluruk siji |
ingkang samya majêmuk animpar |
anèng sanggar panêpène |
sadaya kang nèng ngriku |
tridasa tri jalma jalwèstri |
lan Ki Bayi Panurta |
Jayèngrêsmi nêngguh |
kalawan Ki Jayèngraga |
lan pra kadang Suwarja Wiradhushèki |
Panukma lan Panamar ||

512.
Lawan Ki Sêndhi Kulawiryèki |
Ki Pangulu Basarodin miwah |
kang pra tamu sadayane |
Dimuncar Arsèngkalbu |
Cariksutra Carikmudhèki |
Arundarsa Sèh Modang |
Sèh Parimintèku |
Sèh Mangunarsa Gungrimang |
kulawangsa Piturun lan Palakarti |
lawan santri Monthèlnya ||

Jilid 12 - Kaca : 230

513.
Santri Luci kalawan Nuripin |
sang Kae Sèh Adi Amongraga |
siswa Ragasmara rêke |
kang pra waelanipun |
Tambangraras Nikèn Malarsih |
Rarasati Turida |
Ni Wilapa tamu |
Palangi Cênthini miwah |
Nyai-nDaya kalawan wadon Sumbaling |
dene kang dèrèng wikan ||

514.
Marang Kae Sèh Adi Mongragi |
ngulama lima lan ro rubiyah |
Dimuncar Arsèngbudine |
lan Ke Cariksutrèku |
Arundarsa Carikmudhèki |
Ni Palangi Wilapa |
dadya wong pipitu |
kang samya katêmbèn mulat |
wruh ing aran durung wruh warnanirèki |
ing mangkya amastara ||

515.
Langkung dènnya kayungyun ing brangti |
ningali sang Adi kang winus man |
pra ngulama kalimane |
lir pendah prawan kêncur |
sêdhêng mêpêkira birai |
paês paèksanira |
branta maring kakung |
tyasira widhak-widhikan |
angahyun-hyun karsane priya priyanggi |
anjatèni duhkita ||

516.
Adimuncar nêmbrama turnya ris |
dhuh sang Kae Sèh Adi Nujêmba |
pun bapa tuwèng wayahe |
rasèng noming pamuwus |
tyasing duwul awawaling ngling |
wicaling pakaolan |
kathah kang karungu |
mugi tuwan tuduhêna |
ing cipta-yu supadi angga kitèki |
wruhing tata dungkapan ||

517.
Sèh Mongraga angandika aris |
singih apêllal langkung utama |
ngagêsang punika rêke |
wau ta sadayèku |
samya bukuh (n)dêlingkên angling |
tanggaping tyas cacadhang |
tibaning pamuwus |
kang supaya kadriya-a |
pangalape bêrkah wiwinih ing jêrnih |
andhêdhêrring wardaya ||

518.
Pan tumungkul tumuhu ing kapti |
wau sang Aotadi Mongraga |
arum ing pangandikane |
singgih kang para lul |
ing ngatitah rêke puniki |
sèstuhèng priyangganta |
kang pinêlêng ing hyun |
tan kêna ginampangêna |
yêkti angèl yèn kinarya ngèl pribadi |
gampang angèl nèng kita ||

Jilid 12 - Kaca : 231

519.
Kadi ta rèh ngagêsang puniki |
angrasani Hyang Kang Maha Mulya |
amurba kajatèhane |
lawan pribadinipun |
akukula kang langgêng Gusti |
Maha Suci Wisesa |
rêke dhawakipun |
awimbuh tan kawimbuhan |
sasolahe lir nopèng tingal sajati |
dulu-dinulu juga ||

520.
Panglonging Hyang Sukma Purbajati |
muksèng ana nir tanpa tuduhan |
tan yuwana ing kayunne |
kandhêging tingal luhung |
paran marganipun pinanggih |
kraya-raya rêkasa |
saking pucuk gunung |
anrang kalêngkaning jurang |
sing lulungan kapati dènnya ngulati |
tan wruh yèn juga dhawak ||

521.
Kang ngulati mèlu angulari |
kandhêg laju parah saparannya |
marang ingkang nama rêke |
tan wruh ing kawruhipun |
yèn nutake kang dèn-ulati |
adat tan wruhing ngulat |
dadya angêlangut |
lir kikinjêng tanpa soca |
maksa nêmên mawas angiling-ilingi |
brantaning kawuyungan ||

522.
Kêdah wuyunge narik mring supi |
supinira pan kinon ing wahya |
jatmika liring-liringe |
aywa liring kalurung |
nêrak larangane pribadi |
têmah anir gaibnya |
pêsamudanipun |
kandhêg nèng pasinang kita |
kadyanggane kang sêkar kentir ing warih |
nir gandaning puspita ||

523.
Muwus linakon kalawan lair |
kalawan mandêng imaning driya |
pintên bangginipun têmbe |
pangguh kajatènipun |
Sukma datan adoh lan dhiri |
makuwoni kanêngan |
ramening ngasamun |
atêbih yèn tinêbihna |
singgih cêlak yèn cinêlakana ugi |
marma tan kaduluwan ||

524.
Kandhêg kasêlak wimbuh ing Widdhi |
pangadhang ngêrat kadaliyan |
tan wun doh tan na wangêne |
luwih parêk tan rangkul |
panggih sasat datan pinanggih |
nèng jro kadhaton mulya |
prana jêrnihipun |
kalingan dening suweda |
kita pendah pandung katungkul ingkang sir |
tinêkêk tan uninga ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05e) Kaca 203 - 214
  • (05g) Kaca 234 - 248 >